Back to Languages

Javanese - Chapter 21 - Al-Anbiya

Translation by Unknown — Permalink

Verse 1 — Surah Al-Anbiya 21:1

Saiki wis meh dina Qiyamat, anggone Allah nimbang ala beciking menungsa. Ewodene manungsa mau lali, padha mlengos saka ayatingsun

Verse 2 — Surah Al-Anbiya 21:2

Anggone ndawuhake pepeling marang para manungsa saka Pangeran (ora wutuh sa-kitab, nanging sathithik-sathithik) mulane wong kafir iya padha ngrungokake, nanging padha geguyu, dianggep dolanan

Verse 3 — Surah Al-Anbiya 21:3

Atine wong mau padha lali marang Allah. Dene wong - wong kafir mau pdha pating klesik ngrasani: Moro padha pikiren (Muhammad) iki apa dudu manungsa padha karo sira? apa becik sira ngundang juru sihir, dadi sira banjur sumurup (yen keelokane Muhammad iku sihir uga)

Verse 4 — Surah Al-Anbiya 21:4

(Muhammad) ngendikaa, "Allah Pangeraningsun nguningani pangucape wong kang celathu ana ing langit lan bumi (lirih utawa seru). Dene Allah iku Maha midhanget tur Maha Priksa

Verse 5 — Surah Al-Anbiya 21:5

Malah wong kafir mau padha ngucap, "Kang diucapake al-QUr'an iku satemene mung impen wae, (dikira wahyu saka Allah) malah iku gaweyane (Muhammad dhewe). Muhammad iku pancen pinter nganggit syi'ir. Ewadene menawa (Muhammad) ngaku temen, mara tekakna tandha yekti kebenerane, kaya para Rasul kang wis kepungkur

Verse 6 — Surah Al-Anbiya 21:6

(Pangandikane Allah), "Ahli - ahli Negara sadurunge wong - wong kafir mau iya padha nyuwun tandha yekti kaelokan. Bareng wis Ingsun paringi, isih tetep padha ora gelem percaya, wusana banjur padha Ingsun tumpes (rusak). Saiki menawa Ingsun paringi tandha yekti, wong - wong kafir mau apa iya banjur padha percaya

Verse 7 — Surah Al-Anbiya 21:7

Lan Ingsun ora ngutus sadurungira (Muhammad), kajaba wong lanang kang Ingsun paringi wahyu. Awit saka iku menawa sira padha ora sumurup (ora mangerti) becik padha pitakon marang wong kang padha mangerti (ahli kitab)

Verse 8 — Surah Al-Anbiya 21:8

Lan para utusan iku, ora Ingsun titahake jasad kang ora dhahar dhedaharan, sara para Utusan iku dudu kang tetep langgeng ana ing donya

Verse 9 — Surah Al-Anbiya 21:9

Ingsun banjur nuhoni janjiningsun marang para Rasul, sarta para wong Mukmin kang padha ta'at kang dadi keparenge kersaningsun, padha Ingsun paringi selamat. Lan Ingsun ngrusak wong - wong kang padha leluwihan

Verse 10 — Surah Al-Anbiya 21:10

(He para turune Quraesy) Yekti satemene Ingsun wis nurunake kitab marang sira kabeh mratelakake pengajaran. Ya gene sira padha ora mikir

Verse 11 — Surah Al-Anbiya 21:11

Wis pira bae kehe anggoningsun numpas (ngrusak) wong ing sawijining negara kang padha kafir, sapungkure banjur Ingsun iseni penduduk liyane

Verse 12 — Surah Al-Anbiya 21:12

Bareng wong - wong mau krasa bakal kapatrapan siksaningsun (kang bakal ngrusak marang dheweke) dumadakan padha melayu saka negarane

Verse 13 — Surah Al-Anbiya 21:13

Sira aja padha mlayu, padha baliya marang omahmu lan raja brana kesenanganmu lan raja omahmu, supaya sira bisa menehi wong kang padha njejaluk

Verse 14 — Surah Al-Anbiya 21:14

(Bareng wis rumangsa ora bisa ngoncati bebaya), banjur padha sesambat, "Adhuh cilaka temen, Aku iki wong kang nganiaya marang awake dhewe

Verse 15 — Surah Al-Anbiya 21:15

Sambate mengkono mau tanpa leren, nganti padha mati disiksa, sirna entek, kaya gaga kang dibabati mati

Verse 16 — Surah Al-Anbiya 21:16

Lan Ingsun ora nitahake langit lan bumi kabeh kang ana ing antarane minongka kanggo dolanan

Verse 17 — Surah Al-Anbiya 21:17

Upama Ingsun kersaha mundhut garwa utawa peputra, mesthi Ingsun mundhut garwa (widhodhari) putra (malaikat) kang padha ana ing ngarsaningsun. Nanging kang mengkono iku mau ora

Verse 18 — Surah Al-Anbiya 21:18

Ingsun ngempakake barang kang hak (yaiku Iman) kanggo nglawan barang kang luput (yaiku kafir), nganti mecahake endase mulane banjur sira larut. (He wong - wong kafir) sira bakal dipatrapi siksa kang abot, minongka piwalese anggonira padha ngarani (nyipati) menawa Allah iku kagungan putra

Verse 19 — Surah Al-Anbiya 21:19

Kabeh kang ana ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Sing sapa kaparak ing Allah (kayata para malaikat) iku ora ana kang gumedhe. Anggone padha ngabekti ing Allah, tanpa sayah sarta bosen

Verse 20 — Surah Al-Anbiya 21:20

Rina wengi padha memuji nyebut Maha Suci ing Allah tanpa leren

Verse 21 — Surah Al-Anbiya 21:21

Ya gene wong kafir teka padha Mangeran brahala isen - isening bumi, apa iku bisa nguripake wong mati?. (ora)

Verse 22 — Surah Al-Anbiya 21:22

(Dikirak - kirakake) saumpama ing langit lan bumi iku ana Pangeran saliyane Allah, wis mesthi langit lan bumi loro - lorone pisan mesthi padha rusak. Maha Suci Allah Pangerane 'Arasy saka kabeh kang disifatake kaya kang diuca[ake dening wong - wong kafir (musyrik) iku

Verse 23 — Surah Al-Anbiya 21:23

Kabeh barang kang ditindakake dening Allah, wong ora kena nyuwun pirsa, apa sebabe, nindakake kang mengkono? Nanging manungsa mesthi bakal didangu, sebab apa dheweke nindakake mengkono

Verse 24 — Surah Al-Anbiya 21:24

Ya gene wong - wong kafir padha mangeran saliyane Allah? (Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngarani brahala iku Pangeran. Endi tandha yektinira. Kitab al-Qur'an iki panutane para Ummatingsun, lan uga panutane para Ummat sadurungingsun". Nanging wong - wong kafir iku akeh kang padha ora weruh ing bener, bisane mung tetap mlengos saka ndherek marang Rasul

Verse 25 — Surah Al-Anbiya 21:25

Lan Ingsun ora ngutus sawijining Utusan sadurungira (Muhammad) kajaba Ingsun paringi wahyu marang dheweke mengkene, "Satemene ora ana sesembahan kang haq, kajaba mung Ingsun pribadi. Awit saka iku sira manembaha marang Ingsun

Verse 26 — Surah Al-Anbiya 21:26

Wong - wong kafir mau padha ngucap mengkene, "Pangerane Kang Maha Welas iku kagungan putra (putri)." (Yaiku Malaikat). Sumurupa ALlah iku Maha SUci, (adoh banget yen peputra). Dene para malaikat iku kabeh kawulane Allah kang dimulyakake

Verse 27 — Surah Al-Anbiya 21:27

Dheweke (para malaikat) mau ora ana kang wani nglancangi Allah klawan pengucap sarta nindakake semu barang kang didhawuhake Allah

Verse 28 — Surah Al-Anbiya 21:28

Panjenengan Allah nguningani kabeh barang kang wis lan bakal ditindakake dening para malaikat, sarta para malaikat mau padha ora wani munjuk ing Allah nyuwunake syafa'at, kejaba nyuwunake syafa'ate wong kang diridhani dening Allah (wong Islam). Dene para Malaikat mau padha konjem, jalaran saka wedine marang Allah

Verse 29 — Surah Al-Anbiya 21:29

Lan sing sapa saka antarane makhluq ana kang ngucap, "Satemene Ingsun iku Pangeran saliyane panjenengane Allah", yekti dheweke bakal Ingsun wales klawan neraka Jahanam. Kaya mengkono uga Ingsun bakal males wong - wong kang padha nganiaya

Verse 30 — Surah Al-Anbiya 21:30

Apa wong - wong kafir iku ora padha sumurup yen satemene langit lan bumi iku asale dhempet dadi siji nuli Ingsun pisahake? Lan Ingsun wis nitahake kabeh barang kang urip iku saka banyu. Apa dheweke ora gelem percaya

Verse 31 — Surah Al-Anbiya 21:31

Lan Ingsun wis ndokoki gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi, supaya bumi mau aja gonjang - ganjing, sara Ingsun dokoki dalan jembar pirang - pirang supaya wong kang lelungan padha sumurup (pikantuk pituduh) parane kang diseja

Verse 32 — Surah Al-Anbiya 21:32

Lan langit iku Ingsun anggo payoning bumi, rineksa ora bisa rubuh. Nanging wong - wong kafir padha mlengos, ora percaya marang tandha-yekti kang anaing langit (kayata srengenge, rembulan lan sapanunggalane)

Verse 33 — Surah Al-Anbiya 21:33

Lan Panjenengane kang wis nitahake wengi, rina, srengenge lan rembulan. Kabeh padha lumaku mider - mider rikat ana ing dalane (cakrawala)

Verse 34 — Surah Al-Anbiya 21:34

(Muhammad) Manungsa sadurungira ora ana kang Ingsun kersakake langgeng ana ing donya, ora kena ing pati. Ing tembe menawa sira wis lelayu (mati) manungsa liyane sira apa langgeng

Verse 35 — Surah Al-Anbiya 21:35

Sarupaning badan mesthi ngrasakake mati, lan Ingsun nyoba marang sira kabeh kanthi ala lan becik. Wusana ing tembe sira padha dibalekake sowan marang ngarsaningsun, tinimbang ala lan becike

Verse 36 — Surah Al-Anbiya 21:36

Menawa wong kafir iku ngeleng marang sira (Muhammad), ora ana maneh mung padha geguyu, pangucape marang kancane, "Apa iki wong kang nenacad marang Pangeranira?" Wong - wong kafir mau padha ngemohi marang anane Allah Kang Maha Welas

Verse 37 — Surah Al-Anbiya 21:37

Manungsa iku dititahake wewatak kesusu (ora srantan). (He manungsa) sira aja padha anggege tumempuhe siksaningsun, sadurunge mangsane. Ing tembe mangsa wurunga sira Ingsun weruhake siksaningsun

Verse 38 — Surah Al-Anbiya 21:38

Wong - wong kafir mau banjur padha ngucap, "(He wong Islam) lah mara besuk apa tekane siksa, menawa ucapanira iku temen

Verse 39 — Surah Al-Anbiya 21:39

(Allah ngendika), Upama wong - wong kafir iku sumurup, ing besuk nalika neraka nungkebi marang dheweke, saka ngarep lan saka ing buri, ora kena diolak utawa disingkiri, sarta ora ana kang bisa tetulung marang awake, mesthi ora ngucap mengkono

Verse 40 — Surah Al-Anbiya 21:40

Nangning tekane dina Qiyamat iku ngegetake, ndadekake bingung wong kafir. Rumangsa ora bisa nulak utawa nguncati siksane dina Qiyamat, lan ora kena semaya

Verse 41 — Surah Al-Anbiya 21:41

(Muhammad), Para Rasul sadurungira uga padha bae digeguyu dening para Ummate. Dene patrapane anggone nggeguyu mau, banjur nempuh marang kang padha nggeguyu

Verse 42 — Surah Al-Anbiya 21:42

(Muhammad) sira dhawuha, "Sapa kang ngreksa ing sira ana ing wayah wengi lan rina saka siksane Pangeran kang Maha Welas?", (Ora liya mung Allah pribadi). Nanging wong kafir padha mlengos saka pepelinge Pangeran (al-Qur'an)

Verse 43 — Surah Al-Anbiya 21:43

Apa wong - wong kafir padha duwe Pangeran liyane Ingsun, kang bisa nulak saka siksaningsnu? (mesthi ora). Brahala Pangereane iku nulungi awake dhewe bae ora bisa. Dadi ora ana kang bisa nyelametake wong kafir mau saka siksaningsun

Verse 44 — Surah Al-Anbiya 21:44

(Sumurupa) wong kafir lan para leluhure anggone padha sempulur (dawa umure) iku Ingsun kang maringi, nganti lawas uripe, tanpa ana sambekalane, tutug anggone duraka. Wong kafir mau apa ora padha weruh yen Ingsun kurangi bumine mau saka pinggir Apa wong - wong kafir bakal padha pikantuk kemenangan? (mesthi ora)

Verse 45 — Surah Al-Anbiya 21:45

(Muhammad) sria dhawuha, "Satemene Ingsun iku mung paring pepeling marang sira kanthi wahyu (al-Qur'an)". Lan won gkang pangajak, nalika wong - wong mau padha dielingake

Verse 46 — Surah Al-Anbiya 21:46

Lan satemene menawa wong kafir mau kambah sethithik wae saka siksaning Pangeranira, yakti padha ngucap, "Adhuh cilaka temen, satemene kabeh padha nganiaya marang awake dhewe

Verse 47 — Surah Al-Anbiya 21:47

Ing tembe Ingsun bakal nganakake traju timbangan kang ejjeg, kanggo nimbang ala lan becika (kanthi adil) kanggo wong - wong kang padha dikumpulake ing dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining badan kang dikaniaya sethithik - sethithika. Senajan ala utawa becik mau mung saboboting wiji sawi mesthi ingsun tekakake (ora bakal ilang). Dene kang waspada marang telitining panimbang iku cukup Ingsun pribadi

Verse 48 — Surah Al-Anbiya 21:48

Lan temen Ingsun wos maringi Kitab Taurat marang Musa lan Harun. Kitab mau misahake tindak kang bener lan kang luput. Lan kitab mau minangka dadi pepadhnag pepeling tumrap wong kang taqwa marang Allah

Verse 49 — Surah Al-Anbiya 21:49

Yaiku wong - wong kang konjem marang Pangerane klawan ghoib (ing pasepen), lan dheweke padha wedi lan was sumelang saka siksane dina Qiyamat

Verse 50 — Surah Al-Anbiya 21:50

Lan al-QUr'an iki pepeling tur akeh berkahe kang Ingsun turunake. Ya gene sira padha mungkir (maido) marang isine Qur'an

Verse 51 — Surah Al-Anbiya 21:51

Lan temen Ingsun wis paring pituduh (kapinteran) marang Ibrahim sadurunge Musa, sarta Ingsun nguningani menawa Ibrahim iku golongane won gkang pikantuk pituduh lan kenabiyan

Verse 52 — Surah Al-Anbiya 21:52

Nalika semana Ibrahim tankon marang ramane lan para kaume, "Reca - reca punika sebab punapa tansah panjenengan sembah - sembah

Verse 53 — Surah Al-Anbiya 21:53

Ramane serta para kaume padha mangsuli, "Kita kabeh wis padha nemu leluhur kita padha manembah marang reca - reca iki

Verse 54 — Surah Al-Anbiya 21:54

Ibrahim ngendika, "Menawi mekaten, panjenengan sarta para leluhur panjenengan tetela sami kesasar

Verse 55 — Surah Al-Anbiya 21:55

Keng ramane sarta kaume padha mangsuli, "He Ibrahim wangsulanmu mengkono iku temenan apa mung sembranan bae

Verse 56 — Surah Al-Anbiya 21:56

Ibrahim mangsuli, "Sayektos, sejatosipun pangeran panjenengan punika pangeraning langit lan bumi, ingkang sampun nitahake sadaya wau. Wicanten kula mekaten punika sayektos, kula sumerap terang sarta wongten tandha yektinipun

Verse 57 — Surah Al-Anbiya 21:57

Demi Allah, mangke sakpengker panjenengan saking mriki, brahala - brahala panjenengan puniksa sami kula pejahi

Verse 58 — Surah Al-Anbiya 21:58

Ibrahim nuli nggepuk brahala - brahala iku nganti remuk, kajaba brahala kang gedhe dewe, supaya wong - wong mau padha bali (takon) marang brahala kang gedhe dhewe iku, (Reca kang gedhe dhewe iku ora dikapak - kapak ake malah tangane dicekeli gegaman, kersane Ibrahim supaya wong akeh mau padha ambalika manut agamane Ibrahim)

Verse 59 — Surah Al-Anbiya 21:59

Wong - wong mau banjur upyek pitakone, "Sapa kang ganggu gawe marang pangeran kita mengkene iki? Dheweke tetep wong kang duraka lan nganiaya

Verse 60 — Surah Al-Anbiya 21:60

Saweneh ana kang ngucap, "Sak temene aku krungu bocah nom - noman kang nyebut pangeran - pangeran iku, arane Ibrahim

Verse 61 — Surah Al-Anbiya 21:61

Wong - wong mau padha ngucap, "Mara wong iku gawanen marang sak ngarepe wong akeh, supaya kabeh padha nyekseni

Verse 62 — Surah Al-Anbiya 21:62

Bareng Ibrahim wis teka wong - wong mau bajur padha pitakon, "Punapa panjenengan ingkang ganggu damel dhateng pangeran - pangeran ikita mekaten punika dhuh Ibrahim

Verse 63 — Surah Al-Anbiya 21:63

Ibrahim mangsuli, "Kinten kula ingkang ganggu damel inggih brahala ingkang ageng piyambak punika, jalaran piyambakipun ingkang nyepeng gegaman, cobi kula aturi nakeni menawi sanget wicanten

Verse 64 — Surah Al-Anbiya 21:64

Wong akeh mau saksiwe padha mikir - mikir, banjur padha nutuh arang awake dhewe, pangucape marang kancane, "Saktemene sira sing padha nganiaya marang awakmu dhewe yoiku padha manembah marang brahala

Verse 65 — Surah Al-Anbiya 21:65

Wong - wong mau nuli padha nungkulake sirahe (bali marang kekafirane sakwise ngakoni kedzalimane), yaiku padha ngucap, "Sakyektosipun panjenengan Ibrahim, sampun mangertos bilih brahala punika mboten saget wicanten, (kados pundi teka kula kapurih taken dhateng para brahala - brahala punika)

Verse 66 — Surah Al-Anbiya 21:66

Ibrahim banjur mangsuli dhuh para kaum, punopo sebabipun panjenengan sami manembah sanesipun Allah inggih punika brahala ingkang mboten saget manfaati tuwin mbiten saget mlarati punapa - punapa dhateng panjenengan

Verse 67 — Surah Al-Anbiya 21:67

Cilaka penjenengan sadaya lan punapa ingkang panjenengan sembah sanesipun ALlah punapa panjenengan mboten gadhah akal

Verse 68 — Surah Al-Anbiya 21:68

Wong - wong mau banjur padha ngucap (nalika sing dadi raja jenenge Namrud), "Obongen Ibrahim, lan sira padha nulungna marang pangeran - pangeran nira, menawa sira padha rep tumindak gawe

Verse 69 — Surah Al-Anbiya 21:69

Ing kono Ibrahim banjur diobong, ingsun Allah dhaweuh marang geni, "He genia sira dadia adem lan keslametan tetep marang Ibrahim

Verse 70 — Surah Al-Anbiya 21:70

Wong - wong mau karepe nedya maeka marang Ibrahim, nanging wong - wong iku Ingsun dadekake wong kang rugi (luput pangarep - arepe)

Verse 71 — Surah Al-Anbiya 21:71

Lan Ingsun wis nylametake marang Ibrahim lan Luth banjur padha ngalih marang bumi kang ingsun berkahi, loh-jinawi ngungkuli bumi sakjagat kabeh (yaiku bumi tanah Syam)

Verse 72 — Surah Al-Anbiya 21:72

Lan Ingsun wis paring putra marang Ibrahim yaiku Ishak kang banjur peputra Ya'kub dadi luwih saka panyuwune Ibrahim. Kabeh iu padha ingsun dadekake wong kang becik (sholeh)

Verse 73 — Surah Al-Anbiya 21:73

Lan Ingsun wis dadekake marang dheweke dhadhi pangarep (panutan), kang nuduhake para menungsa marang agamaningsun klawan dhawuhingsun, sarta dhawuhi penggawe becik, nglakoni shalat serta bayar zakat, lan kabeh mau padha manembah marang ingsun

Verse 74 — Surah Al-Anbiya 21:74

Lan Luth wis Ingsun paringi kawicaksanan lan kaweruh, sarta Ingsun paringi slamet saka penduduke negara kang tumindak ala mrang dheweke (negara sakdum) saktemene wong - wong iku kaum kang ala tur durhaka. (Kaume Nabi Luth iku padha cumbana padha wong lanang)

Verse 75 — Surah Al-Anbiya 21:75

Lan Ingsun wis nglebokake Luth dadi ewone wong kang oleh Rahmatingsun. (Slamet sangka ummate kang tumindak ala). Saktemene Luth iku golongane wong kang becik

Verse 76 — Surah Al-Anbiya 21:76

(Muhammad) nyirtakna sejarahe Nuh, sakdurunge Ibrahim, nalikane nyuwun tumpesing para ummate. Ingsun wis marengake panyuwune. Nuh lan kaume padha ingsun paringi slamet sangka kasusahan sing gedhe (banji tofan)

Verse 77 — Surah Al-Anbiya 21:77

Lan Ingsun wis paring pitulungan marang Nuh, slamet saka pialane para umate kang padha nggorohake ayatingsun. Saktemene wong - wong mau padha dadi wong kang ala awit saka iku banjur ingsun sirnakake, tumpes kabeh kerem ing banjir tofan

Verse 78 — Surah Al-Anbiya 21:78

(Muhammad) nyritakna sejarahe Dawud lan SUlaiman (kang wis kamulyakake kanthi kawicaksanan), yaiku nalikane dheweke padha mutusi perkara tanduraning kaum kang dirusak dening wedhuse golongan liyane. Lan Ingsun nyekseni hukum kang diputusake dening dheweke. (kang duwe tanduran ora trime, putusane Dawud, wedhus dadi dabeke wongkang duwe tanduran. Dene putusane Sulaiman wing kang duwe wedhus anandurana minangka kanggo gantine tanduran kang dirusak dening wedhusi nganti pulih kaya sak durunge dirusak. Dene pemetuni wedhus wujut poal lan sak panunggalane dadia darbeke wong kang duwe tanduran mau. Naning ing tembe tanduran mau wis pulih wedhus dalah pemetune bali marang kang duwe wedhus, Dawud manut kaya putusane Sulaiman mau. Ingsun nguningani putusane Dawud lan Sulaiman mau)

Verse 79 — Surah Al-Anbiya 21:79

Sulaiman ingsun paringi kawicaksanan weruh marang bebenering hukum (perkara). Dene Sulaiman lan Dawud Ingsun paringi kawicaksanan lan kapinteran. (Lan Ingsun junjung ing pangkat Nabi). Lan Ingsun anyungkemake sakehing gunung lan manuk, padha melu memuji lan maha sucekake ing Allah bebarengan karo Dawud. Ingsun nindakake kang mengkono iku

Verse 80 — Surah Al-Anbiya 21:80

Lan Ingsun wis mulan gmarang Dawud mau kawitane wong kang gawe klambi kere (klambi wesi), kanggo ngreksa (njaga) awakira saka bebayaning perang. Awit kang mengkono iku mau, apa sira padha syukur ing Allah

Verse 81 — Surah Al-Anbiya 21:81

Lan maneh Ingsun nyungkemake angin prahara marang Sulaiman, lumaku ngidid marang bumi ing Syam kang Ingsun berkahi saka prentahe Sulaiman. Ingsun iku nguningani kabeh barang

Verse 82 — Surah Al-Anbiya 21:82

(Lan Ingsun uga nyungkemake para syetan marang Sulaiman), Sawenehing syetan mau ana kang diprentah slulub ing segara, anjupuki mutiara pirang - pirang, lan ana kang diperintah nindakake penggaweyan liya - liyane. Lan Ingsun ngreksa marang para syetan mau, dadi padha ora bisa ambubrah garapane kang wis ditindakake

Verse 83 — Surah Al-Anbiya 21:83

(Muhammad, sira nyritakna sejarahe Ayyub) nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula punika nandha sesakit. Panjenengan punika langkung dening Asih, ngungkuli tiyang ingkang Asih

Verse 84 — Surah Al-Anbiya 21:84

Ingsun nuli nerangake penyuwune Ayyub mau. Mulane kabeh lelarane Ingsun paringi waras. Anak - anake kang wis mati pada Ingsun uripake (lan Ingsun balekake keluargane Ayub marang piyambake), lan Ingsun paringi tikel maneh. Iku tumanja sih (rahmat) saka ngarsaningsun lan dadiya pepeling tumrap wongkang kumawula marang Allah

Verse 85 — Surah Al-Anbiya 21:85

(Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Isma'il, Idris lan Dzul kifli. Kabeh mau kalebu golongane wong kang sabar (teguh) atine anggone padha ngabekti marang Allah

Verse 86 — Surah Al-Anbiya 21:86

Lan Ingsun wis nglebokake dadi golongae wong kang pikanthuk rahmatingsun (pangkat Nabi). Jalaran satemene dheweke iku golongane wong - wong kang padha becik

Verse 87 — Surah Al-Anbiya 21:87

(Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Yunus kang jejuluk Dzun-nun tegese duwe iwak Nun. (Mulane jejuluk mengkono, awit Yunus mau diuntal ing iwak Nun), Nalikane Yunus mutung, lolos anglungani para ummate, awit tansah dipaido. Panjenengane ora bakal Ingsun patrapi. (Lungane nunggang prahu ing segara, banjur diuntal iwak nun) Yunus munjuk ing ALlah (ana ing sajeroning wetengen iwak), "Dhuh Allah Pangeran kawula. Saestu boten wonten sesembahan klayan leres, kajawi namung Panjenengan. Panjenengan punika Maha Suci. Kawula punika nganiaya dhateng badan kula piyambak

Verse 88 — Surah Al-Anbiya 21:88

Panyuwune Yunus mau Ingsun parengake, dheweke banjur diwetokake dening iwak saka wetenge. Ing kono dheweke Ingsun luwarake saka bebaya gedhe. Mengkono uga para wong Mukmin, iya Ingsun luwari saka kesusahane

Verse 89 — Surah Al-Anbiya 21:89

(Muhammad), nyritakna sejarahe Zakariya, nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula mugi sampun panjenengan kendelaken kemawon, piyambakan tanpa anak, Panjenengan mesthi langgeng, dados waris kawula, ingkang prayogi sanget

Verse 90 — Surah Al-Anbiya 21:90

Nuli Ingsun mirengake panyuwune (Zakariya) mau, Ingsun paringi putra lanang, jeneng Yahya. Rabine kang maune gabug, Ingsun dandani rahine. Satemene para Nabi kang wis kasebut mau kabeh padha gegancangan anggone nglakoni penggawe becik, padha ngestokake prentah Ingsun kanthi rasa wedi lan asih, sarta padha andhap asor (konjem) marang Ingsun

Verse 91 — Surah Al-Anbiya 21:91

(Muhammad) sira nyritakna puteri (Maryam) kang tuhu ngati - ati anggone rumeksa marang kehormatane, mulane banjur Ingsun panjingi roh saka peparing Ingsun pribadi (dadhi ngandut 'Isa as). Dheweke lan putrane mau Ingsun anggo pangeram - eram, minangka tandha yekti wong sajagat, supaya padha sumurupa sampurnaning kuwasaningsun

Verse 92 — Surah Al-Anbiya 21:92

Satemene Agama (Islam) iki agamanira kang sawiji (kang wajib dikukuhi sarta kang sarujuk dadi Ummat sawiji). Lan Ingsun Pangeranira, awit saka iku sira padha manembaha marang Ingsun

Verse 93 — Surah Al-Anbiya 21:93

Lan dheweke wis padha padudon ana ing agamanae (dadi pirang - pirang golongan) nanging saben - saben golongan bakal bali sowan marang ngarsaningsun

Verse 94 — Surah Al-Anbiya 21:94

Sing sapa nindakake kabecikan sarta dheweke Iman, kabeh kabecikane ora bakal muspra. Satemene Ingsun nulisi kabeh 'amal, ora ana kang kecer

Verse 95 — Surah Al-Anbiya 21:95

Temenan ora bakal kelakon tumrap kaum (penduduk) sawijinig negara kang wis Ingsun rusak, dheweke iku bakal padha bali (tobat) marang Ingsun

Verse 96 — Surah Al-Anbiya 21:96

Sahingga menawa betenge Ya'juj lan Ma'juj wis dibukak, lan dheweke padha rerikatan metu saka saben - saben panggonan kang dhuwur

Verse 97 — Surah Al-Anbiya 21:97

Lan yekti wis cedhak tumibane janji kang bener (Qiyamat), dumadakan pendelenge wong - wong kafir padha mendelik sarta padha ngucap, "Dhuh cilaka yekti kita wis nglirwakake dina iki, malah padha nganiaya

Verse 98 — Surah Al-Anbiya 21:98

Satemene sira lan kabeh kang sira sembah saliyane Allah, padha dadi urub - urubing neraka jahannam. Sira kabeh bakal padha mlebu ana ing kono

Verse 99 — Surah Al-Anbiya 21:99

Saumpama brahala - brahala iku dadi Pangeran kang sejati, yekti dheweke (lan kang padha manembah) ora mblebu ing neraka jahanam, lan kabeh (kang disembah lan kang manembah) padha langgeng ana ing neraka kono

Verse 100 — Surah Al-Anbiya 21:100

Para wong kafir mau ana ing neraka padha sesambat ngaru - ara lan menggeh - menggeh, sarta ora krungu apa - apa, kajaba mung gumrubuging geni

Verse 101 — Surah Al-Anbiya 21:101

Satemene wong - wong kang luwih dhisik wis pikantuk putusan kabecikan saka ngarsaningsun, yekti dheweke iku padha didohake saka neraka

Verse 102 — Surah Al-Anbiya 21:102

Dheweke padha ora krungu gumrubuging suwarnaning neraka, sara dheweke padha langgen ana ing (ni'mat) kang disenengi dening nafsune

Verse 103 — Surah Al-Anbiya 21:103

Wong mukmin mau padha ora nemu kesusahan dening perkara gedhe kang memedeni, sarta nalika padha metu saka qubur, diacarani dening para malaikat, tembunge, "Sapunika mangsanipun keleksanan janjinipun Allah badhe ngganjar dhateng panjenengan

Verse 104 — Surah Al-Anbiya 21:104

Ing dina iku Ingsun anggulung langit kaya tetulisan (lembaran) kertas kang digulung. Kabeh wong padha Ingsun balekake kaya nalika ana ing guwa garbaning biyung. Kang mengkono iku wis dadi janjiningsun, ing dina iku Ingsun leksanani

Verse 105 — Surah Al-Anbiya 21:105

Lan yekti Ingsun wis nulis ana ing kitab Zabur, sakwise Ingsun tulisi (ana ing Lauhil Mahfudz), "Menawa kang duweni hak nampa waris pusakane bumi iki, mung kawulaningsun kang padha sholeh

Verse 106 — Surah Al-Anbiya 21:106

Saktemene apa kang disebutake ing dalem surat iki tumrap wong kang ngabekti wis cukup kanggo lantaran lakone sedyane

Verse 107 — Surah Al-Anbiya 21:107

(Muhammad) Ingsun ora ngutus marang sira kajaba dadi rahmad marang alam kabeh

Verse 108 — Surah Al-Anbiya 21:108

(Muhammad) sira dhawuha saktemene kang didhawuhake marang Ingsun yaiku, "Pangeranmu iku Pangeran kang tunggal, apa sira gelem sumarah marang panjenengane

Verse 109 — Surah Al-Anbiya 21:109

Menawa wong - wong mau mlengos (ora gelem Islam) (Muhammad) sira dhawuha, "Ingsun wis aweh weruh marang sira (ing barang kang wis didawuhake). Lan Ingsun ora mangerti apa wis cedak utawa isih adoh tumibane siksa sing dijanjekkake

Verse 110 — Surah Al-Anbiya 21:110

Saktemene panjenengane iku nguningani pangucap kang ngedeng lan nguningani kang sira umpetake

Verse 111 — Surah Al-Anbiya 21:111

Lan Ingsun ora mangerti, apa bab kuwi (anggone diakherake siksane) dadi tumrap sira utawa dadi kesenengan nganti tumeka titi mangsane

Verse 112 — Surah Al-Anbiya 21:112

(Muhammad) munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula! Mugi panjenengan ngadilana pasulayan kawula kalayan tiyang ingkang sami maiben kalayan sakleresipun". Allah pangeran kula ingkang maha welas, disuwuni pitulung ing ngatase perkara kang padha sira sifati