Verse 1 — Surah Al-Maun 107:1
Apa sira deleng wong kang maido agama
Verse 2 — Surah Al-Maun 107:2
Yaiku wong kang nolak penjaluke bocah yatim (santak)
Verse 3 — Surah Al-Maun 107:3
lan ora aweh pangan utawa akon aweh pangan wong miskin (wong sing mlarat ora kecukupan)
Verse 4 — Surah Al-Maun 107:4
Cilaka temen (wong munafik) kang padha shalat
Verse 5 — Surah Al-Maun 107:5
Kang padha ora tuhu - tuhu ing dalem shalate
Verse 6 — Surah Al-Maun 107:6
Kang padha murih ing pengaleming wong
Verse 7 — Surah Al-Maun 107:7
Lan padha ora gelem nyilihi pirantining omah marang wong kang nyilihi