Back to Languages

Javanese - Chapter 5 - Al-Maidah

Translation by Unknown — Permalink

Verse 1 — Surah Al-Maidah 5:1

E, para kang padha angestu! Padha nuhonana ing prajanjian. Rajakaya iku dikenakake tumrap ing sira, kajaba apa kang kawa- cakake marang sira, ora nerak larangan tumrap buron alas nalika sira lagi pinuju anglakoni haji; sayekti Allah iku anganggeri sabarang karsa-Ne

Verse 2 — Surah Al-Maidah 5:2

E, para kang padha angestu! Aja sira padha anerak tandha- tandha kang katetepake dening Allah, mangkono uga sasi suci, lan aja pisungsung, apa dene babanten kang linungsir- lungsir tuwin aja para kang arep menyang Pada- leman Suci angupaya lubering kadarman sarta pirena saka Pangerane; lan manawa sira wis padha luwar saka ing kawajiban- kawajibane anglakoni haji, lah padha ambuburua, lan aja nganti panggethinge sawijining golongan – dening anggone padha angalang- alangi sira lumebu ing Masjid suci – iku marakake sira padha ang- liwati wates, sarta padha tulung- tinulunga ing tindak utama sarta tindak bekti tuwin aja tulung- tinulung ing tindak dosa lan panerak; lan padha di bekti ing Allah, sayekti Allah iku abanget ing pamales

Verse 3 — Surah Al-Maidah 5:3

Dilarangi ingatase sira: ba- thang, lan getih, lan daging celeng sarta apa kang kala- wan anebut karana saliyane Allah, lan kang sarana dijiret, lan kang sarana dibandhem sarta kang jalaran kaglundhung, tuwin kang jalaran disundhang, apa dene kang dimangsa ing sato galak, kajaba kang katututan sira beleh, sarta apa kang dibeleh ing watu kinur- banake brahala lan apa kang sira bage sarana panah , iki sawijining panerak. Ing dina iki para kang padha kafir cabar pangajape marang agamanira, mulane aja padha wedi marang dheweke lan wedia marang Ingsun. Ing dina iki wus Ingsun sampur- nakake tumrape sira agamanira lan Ingsun ganepake ingatase sira nu- graha-Ningsun sarta Ingsun amilih- ake sira Islam minangka agama; ananging sapa sing kapeksa dening luwe, ora jaragan tumiyung marang dosa, lah sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih

Verse 4 — Surah Al-Maidah 5:4

Wong-wong padha takon ma- rang sira, apa kang dikenakake tumrap dheweke. Dhawuha: Di- kenakake tumrap sira barang kang angresepake, lan apa kang wis koajarake ing kewan galak lan manuk galak, kalawan dilalantih ambededhag – padha sira ajar apa pamulange Allah marang sira – lah padha sira pangana olehe nyekelake sira iku, sarta ingatase prakara iku anyebuta asmaning Allah; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku rikat ing pangetung

Verse 5 — Surah Al-Maidah 5:5

Ing dina iki dikenakake tumrap ing sira sabarang kang ngresepake, sarta pangane para kang padha kaparingan Kitab iku kena tumrap ing sira lan panganira kena tumrap dheweke; lan para wong wadon mukmin kang kerek- sa sarta para wong wadon kereksa golongane para kang padha kaparingan Kitab ing sadurung- ira , manawa sira bayar mas-kawine, asosomahan, dudu alaku bandrek sarta ora alaku bedhang dhedhe- likan; lan sapa sing angemohi iman, lah temen panggawene muspra, lan ana ing akhirat kagolong wong kang padha kapitunan

Verse 6 — Surah Al-Maidah 5:6

E, para kang padha angestu! Manawa sira padha ngadeg arep salat, padha angumbaha rai-rainira lan tangan-tanganira tumeka sikut lan angusapa sirah-sirahira sarta sikil-sikilira tumeka polok; lan manawa sira pinuju katetep wajib adus grujuga lah padha susucia; lan manawa sira pinuju lara utawa lulungan, utawa salah sawijinira mentas teka saka ing jumbleng, utawa sira mentas anggrayang wong wadon,b mangka sira padha ora bisa entuk banyu, lah padha anganggoa lebu kang suci, banjur iku padha usapna ing rai-rainira lan tangan-tanganira;c Allah ora ngar- sakake agawe kangelan tumrap marang sira, ananging angarsakake supaya sira padha sucia lan supaya ganep nugraha-Ne marang sira, supaya sira padha syukur

Verse 7 — Surah Al-Maidah 5:7

Lan padha diagem elinga nugrahaning Allah marang sira sarta padha prajanjian-E kang Diagem uger-ugerira, nalikane sira padha matur: Kawula sampun sami mireng saha kawula sami amba- ngun-turut; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku anguni- ngani saisining ati

Verse 8 — Surah Al-Maidah 5:8

E, para kang padha angestu! Di padha jejeg maring Allah, apasaksi kalawan tulus,d lan pang- gethinge sawijining golongan iku aja nganti anjalari sira padha atindak ora adil;e padha atindaka adil, iku luwih parek marang bekti; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni

Verse 9 — Surah Al-Maidah 5:9

Allah wis anyagahi para kang padha angestu sarta anglakoni panggawe becik, bakal padha oleh pangapura sarta ganjaran kang gedhe

Verse 10 — Surah Al-Maidah 5:10

Lan para kang padha kafir sarta anggorohake timbalan-timba- lan-Ingsun, iki padha mitraning geni murub

Verse 11 — Surah Al-Maidah 5:11

E, para kang padha angestu! Padha elinga nugrahaning Allah marang sira, nalikane sawijining golongan anetepake sedya anibak- ake tangane marang sira, tumuli Panjenengane angendhakake ta- ngane saka ing sira; lan padha di bekti ing Allah; mulane marang Allah kudune sumendhene para kang padha angestu

Verse 12 — Surah Al-Maidah 5:12

Lan sayekti temen Allah wus mundhut janjine para turun Israila lan ana rolas sing Ingsun degake dadi lulurah; lan Allah angan- dika: sayekti Ingsun anyartani sira; manawa sira padha anjumene- ngake salat sarta ambayar zakat tuwin padha angestu ing para utusan-Ingsun apa dene padha angrewangi dheweke, lan padha angunjukake ing Allah pisung- sung kang luhung,a sayekti temen Ingsun bakal angalingi ing sira saka panggawe-panggawenira kang ala, lan sayekti temen sira bakal padha Ingsun lebokake ing pata- manan kang ing jerone kali-kaline padha mili; lah sapa ing antaranira kang angafiri sawise mangkono iku, temen kasasar saka dalan kang bener

Verse 13 — Surah Al-Maidah 5:13

Ananging, amarga saka ang- gone padha anyidrani prajanjiane, padha Ingsun bendoni sarta ati- atine padha Ingsun dadekake atos; padha angowahi tembung-tembung saka ing panggonane,b lan padha anglirwakake saperangane kang dianggo angelingake dheweke; lan sira bakal tansah amanoni pala- cidrane, kajaba ana sathithik sing ora; mulane padha sira puwunga lan padha singkirana; sayekti Allah iku remen marang wong kang padha agawe becik

Verse 14 — Surah Al-Maidah 5:14

Lan marang para kang padha angucap: Aku iki Nasrani, Ingsun iya wus amundhut sasanggema- ne, ananging padha anglir- wakake saperangane kang dianggo angelingake dheweke; mulane Ingsun andadekake mumungsuhan lan gething-gethingan antarane dheweke tumeka dina kiyamat; lan Allah bakal aparing weruh apa kang wus padha dilakoni

Verse 15 — Surah Al-Maidah 5:15

E, para pandhereking Kitab! Temen wus tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangake marang sira sapirang-pirang prakara saka ing Kitab kang padha sira umpet- ake lan amuwung sapirang-pirang ; temen wis tumeka marang sira papadhang lan Kitab kang terang saka ing Allah

Verse 16 — Surah Al-Maidah 5:16

Iku diagem dening Allah anuntun sapa sing miturut pirena- Ne marang dadalaning karahayon, lan angedalake dheweke saka ing pepeteng marang papadhang ka- lawan kapareng-E, lan anuntun dheweke marang dadalan kang bener

Verse 17 — Surah Al-Maidah 5:17

Pancen, wong-wong sing ujar, "Allah iku Mesias, putrane Maria," banjur ora precaya. Ucapake, ProphetO Nabi, ˺ "Sapa sing kuwasa ngalang-alangi Allah yen dheweke milih nyirnakake Mesias, putra Maryam, ibune, lan kabeh wong ing jagad iki kabeh?" Allah kagungane Kratoning langit lan bumi lan kabeh sing ana ing antarane. Dheweke nggawe apa sing dikarsakake. Lan Allah iku Maha Kuwasa saka samubarang kabeh

Verse 18 — Surah Al-Maidah 5:18

Lan para Yahudi lan Nasrani padha calathu: Aku iki padha putraning Allah sarta kakasih-E. Dhawuha: Yagene Panjenengane aniksa ing kowe amarga saka kaluputanmu? Balik sira iku padha manusa, ewoning titah; Panjenenange iku angapura ma- rang sapa sing dadi karsa-Ne sarta aniksa sapa sing dadi karsa-Ne; lan kagungane Allah karatoning langit-langit lan bumi iku dalah apa kang ana ing saantarane, lan marang Panjenengane pantoging paran iku

Verse 19 — Surah Al-Maidah 5:19

E, para pandhereking Kitab! Temen wis tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangake marang sira ing sabubaring komplange para utusan, supaya sira ora bakal padha angucap: Ora ana juru-warta bubungah lan juru- pepeling kang tumeka marang aku kene. Mulane temen, wis tumeka marang sira juru-warta bubungah sarta juru-pepeling; lan Allah iku marang samubarang kawasa

Verse 20 — Surah Al-Maidah 5:20

Lan nalikane Musa calathu marang kaume: O, kaumku! Padha elinga nugrahaning Allah marang kowe, nalikane Panjenengane andadekake para nabi ana ing antaramu sarta andadekake para ratu marang kowe apa dene amaringi kowe barang kang ora kaparingake marang para bangsa siji-sijia

Verse 21 — Surah Al-Maidah 5:21

O, kaumku! Padha malebua Tanah Suci, kang wus tinamtu ing Allah dadi bageanira, sarta aja padha ambalik ing gegerira, mun- dhak sira padha dadi wong kapitunan

Verse 22 — Surah Al-Maidah 5:22

Dheweke padha calathu: O, Musa! saestu, ing nglebetipun wonten tiyangipun ingkang sami prakosa, lan saestu kula boten badhe sami malebet mriku, ngan- tos samedalipun saking ngriku, lah manawi piyambakipun medal sa- king ngriku, saestu kula tumunten sami malebet

Verse 23 — Surah Al-Maidah 5:23

Wong lanang loro golongane para kang padha wedi, kang sakarone wus kaparingan nugraha dening Allah, acalathu: Dheweke padha lebonana metu gapurane, mengko manawa kowe wis padha malebu mrono, lah sayekti kowe padha wong menang, lan marang Allah kudune sumendhemu ma- nawa kowe iku padha wong angestu

Verse 24 — Surah Al-Maidah 5:24

Dheweke padha calathu: O, Musa! saestu kula boten badhe malebet mriku salaminipun sa- mangsa piyambakipun taksih sami wonten ing ngriku; milanipun sam- peyan bidhal, sampeyan kaliyan Pangeran sampeyan, lajeng sam- peyan perang sakaliyan; saestu kula badhe kendel angentosi ing ngriki

Verse 25 — Surah Al-Maidah 5:25

Dheweke munjuk: Pangeran kawula! Saestu kawula boten anguwasani kajawi badan kawula piyambak sarta sadherek kawula; milanipun mugi Tuwan amisahaken kawula kaliyan golongan ingkang murang yekti

Verse 26 — Surah Al-Maidah 5:26

Panjenengane angandika: Mulane, sayekti iku dadi larangan ingatase dheweke patang puluh taun; dheweke bakal padha klambrangan ana ing bumi; mulane aja sira anggetuni marang golongan kang murang yekti

Verse 27 — Surah Al-Maidah 5:27

Lan nyaritakna marang dhe- weke caritane anake Adam loro kalawan sanyatane, nalikane saka- rone angurbanake kurban, ana- nging loro iku kang siji kina- bulake, sarta ora kinabulake sijine. Calathune: Kowe masthi bakal dakpateni. calathu: Allah iku mung angabuli para wong bekti

Verse 28 — Surah Al-Maidah 5:28

Manawa kowe anibakake ta- nganmu marang aku amrih patiku, ora bakal aku anibakake tanganku marang kowe amrih patimu; sa- yekti aku iki wedi ing Allah, Pangeraning ngalam kabeh

Verse 29 — Surah Al-Maidah 5:29

Sayekti aku duwe pangarep- arep, supaya kowe nyangga dosane panyerang marang aku lan dosa- mu, lah kowe bakal dadi ewone wong-wong kang ngenggoni geni, lan mangkene iki walese para kang atindak dudu

Verse 30 — Surah Al-Maidah 5:30

Ing kono atine anggadhang- ake dheweke mateni sadulure, dadi banjur kelakon mateni dheweke; mulane dheweke dadi ewone para wong kang kapitunan

Verse 31 — Surah Al-Maidah 5:31

Tumuli Allah angutus gagak, dhukir-dhukir ing le- mah, supaya meruhake dheweke kapriye pratikele anutupi wang- kene sadulure. Dheweke cala- thu: Cilaka aku iki! Apa aku iki apes, dene aku teka kaya gagak iki banjur anutupi wangkening sadu- lurku? Mulane dheweke dadi ewo- ne para wong kang padha getun

Verse 32 — Surah Al-Maidah 5:32

Amarga saka mangkono iku, Ingsun anamtokake ing angger ma- rang para turun Israil, sapa-sapa sing amateni jiwa ora jalaran jiwa utawa agawe wisuna ing bumi, lah iku kaya amateni manusa kabeh; lan sapa sing anguripi jiwa, lah iku kaya nguripi manusa kabeh lan sayekti temen wis tu- meka para utusan-Ingsun marang dheweke kalawan tandha-tandha yekti, ananging akeh-akehe, ana ing bumi padha keladuk tindake

Verse 33 — Surah Al-Maidah 5:33

Pidanane para kang padha amerangi Allah lan utusan-E sarta padha anindakake agawe wisuna ing bumi iku kang mesthi kudu padha dipateni utawa padha di- pentheng utawa dikethok tangane lan sikile aseling sisih, utawa dikunjara; mangkene iki mi- nangka pangina tumrap dheweke ana ing bumi, lan ana ing akhirat bakal oleh siksa kang gedhe

Verse 34 — Surah Al-Maidah 5:34

Kajaba para kang padha tobat ing sadurunge dheweke padha ana ing kuwasanira; mulane padha weruha, yen Allah iku Aparamarta, Mahaasih

Verse 35 — Surah Al-Maidah 5:35

E, para kang padha angestu! Padha di bekti ing Allah sarta angupayaa lantaran kang marekake marang Panjenengane tuwin padha nyrempenga ing dadalan-E, supaya sira padha begja

Verse 36 — Surah Al-Maidah 5:36

Sayekti para kang padha kafir, sanajan ta padha andar- benana sabarang kang ana ing bumi kabeh, sarta samono engkas, iku padha dienggoa nebusi siksa ing dina kiyamat: ora bakal padha kinabulake, lan bakal padha oleh siksa kang nglarani

Verse 37 — Surah Al-Maidah 5:37

Padha sumedya arep metu saka ing geni, lan ora pisan padha bisa metu saka ing kono, lan bakal padha oleh siksa kang awet

Verse 38 — Surah Al-Maidah 5:38

Lan maling lanang lan maling wadon, lah padha ke- thoken tangane, minangka pidana apa panggawene sakarone, siksa minangka pangilon saka ing Allah; lan Allah iku Minulya, Wicak- sana

Verse 39 — Surah Al-Maidah 5:39

Ananging sapa sing tobat ing sawise tindake dudu lan ambe- cikake kalakuane, lah sayekti Allah iku wangsul marang dheweke; sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih

Verse 40 — Surah Al-Maidah 5:40

Apa sira ora weruh, yen Allah iku Ingkang-kagungan karatoning langit-langit lan bumi; Panjene- ngane aniksa sapa sing dadi karsa- Ne lan angapura marang sapa sing dadi karsa-Ne; lan Allah iku ma- rang samubarang kawasa

Verse 41 — Surah Al-Maidah 5:41

E, Utusan! Aja nganti para kang padha babalapan marang ing kakafiran iku anusahake marang sira, yaiku panunggalane para kang cangkem-cangkeme padha muni: Kula punika sami angestu, ana- nging atine padha ora angestu, sar- ta panunggalane para kang padha Yahudi; dheweke padha tukang ngrungokake kanggo preluning doracara, tukang ngru- ngokake kanggo perluning wong- wong liya, kang ora tumeka marang sira; dheweke padha angowahi tembung ing sawise panggonane,a calathune: Yen iki diwenehake marang kowe, ya tampanana, lan manawa iku ora diwenehake marang kowe, lah dingati-ati; sapa sing dikarsakake dening Allah pinaringan coba, lah ora bisa sira nguwasani dheweke sathithik-thithika mungguhing Allah. Iki para kang Allah ora angarsakake anuceni ati-atine; ana ing donya bakal padha oleh asor, lan ana ing akhirat bakal padha oleh siksa kang gedhe

Verse 42 — Surah Al-Maidah 5:42

Dheweke padha tukang ngru- ngokake marang doracara, tukang mangan barang larangan; mulane manawa dheweke padha teka marang sira, lah sira benerana dheweke utawa sira emohana, lan manawa sira angemohi dheweke, dheweke ora bakal ambabayani apa-apa marang sira, lan manawa sira beneri, lah sira benerana dheweke kalawan adil; sayekti Allah iku remen marang wong kang padha nindakake adil

Verse 43 — Surah Al-Maidah 5:43

Lan kapriye dene dheweke padha andadekake sira juru- ambebeneri, lan dheweke padha nyekel Tauret, isi putusaning Allah? Ewadene sawise mangkono banjur malengos, lan dheweke iku dudu wong kang padha angestu

Verse 44 — Surah Al-Maidah 5:44

Sayekti Ingsun wus andha- wuhake Tauret, isi tuntunan lan papadhang; nganggo iki para nabi kang padha sumarah anggone ambebeneri ma- rang para kang padha Yahudi, mangkono uga para pandhitane lan para winasise, amarga iki kudune padha rumeksa Kitabing Allah, sarta dheweke iku padha saksi ingatase prakara iku; mulane aja wedi manusa lan wedia Ingsun, lan aja padha anampani pangaji sathithik lirune timbalan-timbalan-Ingsun; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhake dening Allah, lah iki para wong kafir

Verse 45 — Surah Al-Maidah 5:45

Ana ing sajrone, Ingsun wus anamtokake angger ingatase dhe- weke, nyawa nyaur nyawa, lan mripat kalawan mripat lan irung kalawan irung sarta untu kalawan untu, sarta rajatatu ana wawa- lese; ananging sapa sing ang- rilakake iku, iya bakal oleh lili- ru; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhake dening Allaha lah iki para kang atindak dudu

Verse 46 — Surah Al-Maidah 5:46

Banjur ing lakune para nabi, Ingsun ngutus Yesus, putra Maryam, negesake Toret sing wis kaandharake sadurunge dheweke. Lan Aku menehi Injil sing ngemot pandhuan lan pepadhang lan negesake apa sing dicethakake ana ing Toret - pandhuan lan piwulang tumrap wong sing wedi karo Gusti Allah

Verse 47 — Surah Al-Maidah 5:47

Lan para pandhereking Injil dimen padha ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhake dening Allah ana ing jerone; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhake dening Allah, lah iki para kang murang yekti

Verse 48 — Surah Al-Maidah 5:48

Lan Ingsun wus andha- wuhake Kitab marang sira kalawan yekti, minangka ambenerake apa kang ana ing ngarepe, yaiku Kitab,a sarta minangka kang anjaga marang iku, mulane sira ambebenerana dheweke kalawan apa kang kadhawuhake dening Allah, lan aja manut pepenginane kang asor saka barang yekti kang wus tume- ka marang sira; tumrap sira kabeh, siji-sijine, Ingsun wus anetepake angger-angger lan dadalan, lan saupama Allah angarsakake, amas- thi sira kabeh kadadekake umat sawiji, ananging Panjenengane kapareng anyoba ing sira ing dalem barang kang wus kapa- ringake marang sira, mulane padha sira babalapana marang panggawe-panggawe becik; ma- rang Allah enggon balinira kabeh, banjur Panjenengane bakal ama- ringi weruh apa kang padha sira pasulayakake iku

Verse 49 — Surah Al-Maidah 5:49

Lan supaya sira ambebene- rana dheweke kalawan apa kang kadhawuhake dening Allah, lan aja manut pepenginane kang asor, sarta sira diprayitna marang dhe- weke, manawa padha amaeka ing sira saka saperangane apa kang kadha- wuhake dening Allah marang sira; ananging manawa dheweke padha mlengos, lah weruha sira, manawa Allah karsa angenani patrapan dhe- weke, amarga saka sawenehing kaluputane; lan sayekti, keh- kehaning manusa iku padha murang yekti

Verse 50 — Surah Al-Maidah 5:50

Lah apa ta bebenerane kabodhoan kang padha dikarepake? Lan sapa ta juru- ambeneri kang luwih becik tinimbang Allah, tumrape wong kang padha yakin

Verse 51 — Surah Al-Maidah 5:51

E, para kang padha angestu, aja sira padha angalap mitra para Yahudi lan para Nasrani;a kang saweneh iku mitrane sawenehe, lan sapa sira sing amimitran karo dheweke, lah sayekti iya golo- ngane; sayekti Allah iku ora anuntun para wong kang padha atindak dudu

Verse 52 — Surah Al-Maidah 5:52

Mulane sira weruh para kang ing jeroning ati-atine padha isi lalara, padha gagancangan ang- golong dheweke, calathune: Aku padha kuwatir yen babaya angenani aku kabeh; ananging manawa-manawa Allah bakal ama- ringake kamenangan utawa pidana saka ing ngarsa-Ne, satemah dheweke bakal padha kaduwung, amarga saka anggone padha an- dhelikake barang ana ing jiwane

Verse 53 — Surah Al-Maidah 5:53

Lan para kang padha angestu bakal padha calathu: Apa iki para kang padha supata kanthi Allah kalawan man- thenging supatane, yen dheweke sayekti temen-temen rewangira? Muspra sakeh panggawene, mula- ne padha dadi wong kang padha kapitunan

Verse 54 — Surah Al-Maidah 5:54

E, para kang padha angestu! sapa sira yen ana kang ambalik saka agamane, iku Allah bakal anekakake wong-wong kang padha Ditresnani sarta padha tresna ing Panjenengane, andhap-asor ma- rang para angestu, minulya atas para kafir; bakal padha nyrempeng ing dadalaning Allah lan ora padha wedi marang panacade wong kang nacad; iki lubere kadarmaning Allah, kaparingake sapa kang dadi kapareng-E; lan Allah iku Jembar- paparinge, Ngudaneni

Verse 55 — Surah Al-Maidah 5:55

Mitranira iku mung Allah lan Utusan-E sarta para angestu, para kang padha anjumenengake salat, lan padha ambayar zakat, lan dheweke padha rukuk

Verse 56 — Surah Al-Maidah 5:56

Lan sapa sing ngapek mitra Allah lan utusan-E sarta para angestu, lah sayekti, papanthaning Allah, iku kang padha menang

Verse 57 — Surah Al-Maidah 5:57

E, para kang padha angestu! Aja sira padha ngalap pangayoman para kang wus padha kaparingan kitab ing sadurungira sarta para kafir, kang anganggep agamanira iku guguyon lan dolanan; lan padha di bekti ing Allah, manawa sira padha wong angestu

Verse 58 — Surah Al-Maidah 5:58

Lan manawa sira anguwuh marang salat, iku padha digawe guguyon lan dolanan; iki amarga dheweke iku wong kang padha ora ngerti

Verse 59 — Surah Al-Maidah 5:59

Calathua: E, para pandhere- king Kitab! Apa kowe padha gething marang aku kajaba mung dumeh aku padha angestu ing Allah sarta apa kang kadhawuhake marang aku lan apa kang kadhawuhake ing sadurungku, lan dene keh-kehane sira iku padha murang yekti

Verse 60 — Surah Al-Maidah 5:60

Calathua: Apa kowe padha gelem dak kandhani luwih ala tinimbang iki wawalese mungguhing Allah? sapa kang dila’nati dening Allah sarta kang katibanan bendu-Ne, tuwin ana kang padha kadadekake kethek lan celeng apa dene kang ngabdi setan; iki padha luwih ala panggonane sarta luwih sasar saka dalan kang bener

Verse 61 — Surah Al-Maidah 5:61

Lan nalikane padha teka ma- rang sira padha calathu: Kula sami angestu; lan sanyata, lumebune kalawan kakafiran sarta temen metune iya kalawan iku; lan Allah iku luwih wikan marang apa kang padha diumpetake

Verse 62 — Surah Al-Maidah 5:62

Lan sira bakal weruh, dhe- weke iku sapirang-pirang kang padha gancang-gancangan marang dosa lan murang bener, sarta anggone padha mangan barang kang olehe sarana laku ora bener; temen ala apa kang padha dilakoni iku

Verse 63 — Surah Al-Maidah 5:63

Yagene para pandhitane lan para winasise padha ora menging dheweke anggone padha ngucap dosa lan anggone padha mangan barang kang olehe sarana laku ora bener? Temen ala apa kang padha ditindakake

Verse 64 — Surah Al-Maidah 5:64

Lan para Yahudi padha cala- thu: Astaning Allah iku kabanda! Tangan-tangane kang bakal padha binanda sarta bakal padha dila’nati amarga saka anggone padha calathu mau. O, balik asta-Ne karo pisan padha mulung, Panjene- ngane apaparing kapriye sakarsa- Ne; lan sayekti, dheweke iku sing akeh-akeh, apa kang kadhawuhake marang sira saka Pangeranira, iku temen angundhakake anggone an- daluya lan anggone kafir; lan Ingsun andekekake mumungsuhan lan gegethingan ana ing antarane dheweke tumeka dina kiyamat;a saben-saben padha angurubake genining paprangan, iku Allah sing nyirep, sarta dheweke padha tu- mindak agawe wisuna ing bumi; lan Allah iku ora remen para wong kang agawe wisuna

Verse 65 — Surah Al-Maidah 5:65

Lan saupama para pandherek- ing Kitab iku padha angestua lan padha bektia, amasthi dheweke Ingsun alingi panggawe-pangga- wene kang ala, lan amasthi bakal Ingsun lebokake ing taman nu- graha

Verse 66 — Surah Al-Maidah 5:66

Lan saupama dheweke padha anjejegna Tauret lan Injil lan apa kang kadhawuhake marang dhe- weke saka ing Pangerane, amasthi bakal padha mangan saka ing dhuwure lan saka ing sangisoring sikil-sikile; sawenehe iya ana sagolongan kang burus tindake, lan sing akeh-akeh ala barang kang padha dilakoni

Verse 67 — Surah Al-Maidah 5:67

E, Utusan! anekakna apa kang kadhawuhake marang sira saka ing Pangeranira; lan manawa sira ora nindakake, lah sira iya ora nekakake ayahan-E; lan Allah bakal anyalametake sira saka ing manusa; sayekti Allah iku ora nuntun wong kang padha kafir

Verse 68 — Surah Al-Maidah 5:68

Calathua: E, para pandhere- king Kitab, ora pisan sira iku manut barang becik,a kajaba manawa sira wis padha anjejegake Tauret lan Injil lan apa kang kadhawuhake marang sira saka Pangeranira; lan apa kang ka- dhawuhake marang sira saka Pangeranira iku temen angun- dhakake pambalasar lan kakafiran tumrap dheweke kang akeh-akeh; mulane aja sira anusahake marang wong kang padha kafir

Verse 69 — Surah Al-Maidah 5:69

Sayekti para kang padha angestu lan para kang padha Yahudi lan para Sabiun lan para Nasrani, _ sapa sing angestu ing Allah lan dina akhir lan atindak becik – iya ora bakal kataman wedi sarta ora padha susah.a

Verse 70 — Surah Al-Maidah 5:70

Yekti temen Ingsun wis mun- dhut prajanjiane para turun Israil lan Ingsun wis angutus para utusan marang dheweke; saben-saben ana utusan teka marang dheweke kala- wan barang kang ora dadi pepe- nginaning jiwane, sing sapantha padha anggorohake lan sing sapan- tha maneh padha mateni

Verse 71 — Surah Al-Maidah 5:71

Lan dheweke padha ngira manawa ora bakal ana coba, mulane padha wuta lan tuli; tumuli Allah bali wilasa-Ne marang dhe- weke, ananging dheweke sing akeh banjur padha wuta lan tuli; lan Allah iku amirsani apa kang padha dilakoni

Verse 72 — Surah Al-Maidah 5:72

Wong-wong sing ujar, "Allah iku Mesias, putrane Maryam," mesthi padha ora precaya. Sang Mesias ˹himelf˺ ujar, "He Bani Israel! Nyembah marang Allah - Pangeran kawula lan Pangeranmu. " Sapa wae sing ana gandhengane karo Allah ing ibadah, mesthine bakal dilarang swarga dening Allah. Omahe bakal dadi Geni. Lan wong duraka ora bakal duwe pitulung

Verse 73 — Surah Al-Maidah 5:73

Wong-wong sing ujar, "Allah iku siji ing Tritunggal," mesthi padha ora precaya. Mung ana siji Gusti Allah. Yen dheweke ora mandheg ngandhani kaya ngono, wong-wong sing ora precaya ing antarane bakal entuk paukuman sing nglarani

Verse 74 — Surah Al-Maidah 5:74

Lah apa ta dheweke padha ora arep bali marang Allah sarta padha nyuwun pangapura-Ne? Lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

Verse 75 — Surah Al-Maidah 5:75

Mesias, putrane Maryam, ora mung utusan. ˺ Akeh ˺ messenger sing teka lan teka sadurunge. Ibune wanita sing bener. Kalorone mangan panganan. Deloken kepiye carane Kami pratandha supaya pratandhane, nanging priksa manawa cidra kasebut digawe salah saka bebener˺

Verse 76 — Surah Al-Maidah 5:76

Ngomong, ˹O Nabi, ˺ "Kepiye sampeyan bisa nyembah kajaba Allah, wong-wong sing ora bisa gawe piala utawa mupangate sampeyan? Lan Allah iku Maha Kuwasa, kang Maha Kuwasa, lan Maha Ngerti

Verse 77 — Surah Al-Maidah 5:77

Kandhane, "He Wong-wong ing Buku! Aja nganti luwih gedhe iman sampeyan ngluwihi kayekten, utawa aja nuruti pepenginane wong-wong sing padha kesasar sadurunge. Dheweke nyasarake akeh lan kesasar saka dalan sing bener

Verse 78 — Surah Al-Maidah 5:78

Wong-wong kafir ing antarane Bani Israel dikutuk ing wahyu David lan Yesus, putrane Maria. Iki kanggo nglanggar lan nglanggar

Verse 79 — Surah Al-Maidah 5:79

Padha ora gelem penging- pinenging saka panggawe nistha kang padha dilakoni; temen ala apa kang padha dilakoni

Verse 80 — Surah Al-Maidah 5:80

Sira bakal weruh, dheweke sapirang-pirang kang padha apa- wong mitra para kang padha kafir; temen ala apa kang disadhiyakake dening jiwa-jiwane tumrap marang dheweke, dene Allah dadi ora rena marang dheweke, lan ana ing sajroning siksa olehe bakal padha manggon

Verse 81 — Surah Al-Maidah 5:81

Lan yen ta padha angestua ing Allah lan nabi sarta apa kang kadhawuhake marang dheweke, ora bakal padha angalap pawong mitra dheweke, ananging dheweke iku sing akeh padha murang yekti

Verse 82 — Surah Al-Maidah 5:82

Temen sira bakal nemu banget-bangeting manusa kang mungsuh marang para kang padha angestu iku para Yahudi lan para kang manembah pangeran akeh, lan sira bakal nemu kang padha luwih raket mimitrane marang para kang padha angestu, iku para kang padha calathu: Aku iki Nasrani; iki amarga dheweke iku ana brah- manane lan maratapane lan amarga dheweke iku padha ora gume- dhe

Verse 83 — Surah Al-Maidah 5:83

Lan manawa dheweke padha krungu apa kang kadhawuhake marang utusan, sira weruh mripate padah nrocos eluhe, amarga saka anggone padha weruh ing yakti; padha acalathu: Pangeran kawula! kawula sami angestu, milanipun mugi Tuwan kapareng anyerat kawula nunggil para saksi

Verse 84 — Surah Al-Maidah 5:84

Lan yagene aku padha ora angestu ing Allah sarta barang yakti kang wis tumeka marang aku, kang mangka aku padha kayungyun, amrih Pangeranku anglebokake aku nunggal para wong tulus

Verse 85 — Surah Al-Maidah 5:85

Mulane Allah angganjar dhe- weke patamanan, kang ing jerone kali-kaline padha mili, amarga sa- ka pangucape mau, supaya padha manggon ing kono; lan iki ganja- rane para kang padha agawe becik

Verse 86 — Surah Al-Maidah 5:86

Wondene para kang padha kafir lan padha anggorohake timbalan-timbalan-Ingsun, iki para mitraning geni

Verse 87 — Surah Al-Maidah 5:87

E, para kang padha angestu! aja sira padha anglarangi barang angresepake, kang Allah angenakake tumrap marang sira lan aja padha anerak wates; sayekti Allah iku ora remen marang para kang padha anerak wates

Verse 88 — Surah Al-Maidah 5:88

Lan padha mangana barang paparinge Allah marang sira, kang kaiden kang angresepake, lan pa- dha di bekti ing Allah, Kang padha sira estu

Verse 89 — Surah Al-Maidah 5:89

Allah ora anganggep ing sumpahira kang kalawan lahan,a ananging Panjenengane anganggep sumpah kang kalawan pupun- tonira; mulane tebusane menehi pangan wong miskin sapuluh, arupa kang sedhengan kang sira anggo ngingoni bra- yatira, utawa padha sira sandhangi, utawa mardikakake gulu siji; nanging sapa sing ora bisa entuk lah puwasa telung dina; iki tebusane sumpahira manawa sira nibakake sumpah; lan padha ngreksaa sumpahira. Kaya mang- kono Allah anggone anerangake timbalan-timbalan-E marang sira, supaya sira padha atur panuwun

Verse 90 — Surah Al-Maidah 5:90

E, para kang padha angestu! sajeng lan ngabotohanb lan watu kang padha ditata ngadegc sarta panah d iku ora liya lelethek panggawening setan, mulane sira dohana, supaya sira padha begja

Verse 91 — Surah Al-Maidah 5:91

Setan iku mung ngarah arep nukulake mumungsuhan lan gege- thingan ing antaranira asarana sa- jeng lan ngabotohan, sarta anyegah sira saka eling maring Allah tuwin saka ing salat; lah apa ta sira arep padha mareni

Verse 92 — Surah Al-Maidah 5:92

Lan padha ambangun-turuta maring Allah sarta padha am- bangun-turuta marang Utusan lan padha di ngati-ati; ananging mana- wa sira padha mlengos, lah padha sira weruha, manawa sasanggane Utusan-Ingsun iku mung ane- kakake kalawan terang

Verse 93 — Surah Al-Maidah 5:93

Ingatase para kang padha angestu lan anglakoni panggawe becik, ora pisan ana cacade ing sajrone barang kang kapangan, manawa padha ngati-ati sarta padha angestu tuwin padha anglakoni panggawe becik, tumuli padha ngati-ati sarta padha agawe becik ; lan Allah iku remen marang para kang padha agawe becik

Verse 94 — Surah Al-Maidah 5:94

E, para kang padha angestu, yekti Allah bakal anyoba ing sira tumrap sawenehing buburon, kang bisa kacekel dening tangan- tanganira lan towokira, supaya Allah anguningani sapa sing wedi marang Panjenengane ana ing pasepen; mulane, sapa sing anerak wates sawuse mangkene iki, iya bakal oleh bagean siksa kang nglarani

Verse 95 — Surah Al-Maidah 5:95

E, para kang padha angestu! aja padha mateni buburon sajrone sira isih nglakoni haji, lan sira, sapa sing amateni kalawan jaragan, lah wawalese kewan ingon sa- timbange apa kang wis dipateni, miturut anggone ambebeneri golo- nganira wong loro kang padha ngadil, minangka atur-atur tinekak- ake ing Ka’bah, utawa, tebusane, aweh pangan marang wong-wong miskin, utawa puwasa satimbange iki, supaya dheweke angrasakna ora beciking kadadeaning pang- gawene; Allah angapura apa kang wis kapungkur; lan sapa sing angambali maneh, Allah bakal ani- bakake wawales marang dheweke; lan Allah iku Minulya, Gustining Wawales

Verse 96 — Surah Al-Maidah 5:96

Dikenakake tumrape sira burone sagara sarta pangane, minangka pangan tumrap ing sira sarta tumrap para lalaku, lan dilarangi ingatase sira buroning dharatan sasuwene sira anglakoni haji, lan padha di bekti maring Allah, kang sira iku bakal padha ingimpun marang Panjenengane

Verse 97 — Surah Al-Maidah 5:97

Allah wus andadekake Ka’- bah, Padaleman Suci, dadi minangka pikuwat tumrap para manusa apa dene sasi suci sarta atur-atur tuwin babanten kang linungsir-lungsir;a mangkene iki supaya sira padha weruha, yen Allah iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, lan yen Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samubarang

Verse 98 — Surah Al-Maidah 5:98

Padha weruha, yen Allah iku abanget piwalese , sarta yen Allah iku Aparamarta, Mahaasih

Verse 99 — Surah Al-Maidah 5:99

Sasangganing Utusan iku ora liya kajaba anekakake , lan Allah iku anguningani apa kang padha sira wedhar lan apa kang padha sira singidake

Verse 100 — Surah Al-Maidah 5:100

Calathua: Ora padha barang ala karo barang becik iku sanajan ta anggumunake marang sira kehe barang ala iku; mulane padha di bekti maring Allah, e, para kang ana akale, supaya sira padha begja

Verse 101 — Surah Al-Maidah 5:101

E, para kang padha angestu! aja padha atatakon barang-barang, kang manawa diwedharake marang sira, bakal anusahake sira, lan ma- nawa iku padha sira takokake na- likane Quran didhawuhake, bakal diwedharake marang sira; Allah angapura prakara iki, lan Allah iku Aparamarta, Momot

Verse 102 — Surah Al-Maidah 5:102

Wong-wong ing saduru- ngira temen padha takon prakara iku, tumuli padha dadi kafir amar- ga saka prakara iku

Verse 103 — Surah Al-Maidah 5:103

Allah ora andadekake bahirah lan saibah lan washilah sarta hami, ananging para kang padha kafir agawe-gawe goroh ditibakake ma- rang Allah, lan dheweke iku sing akeh-akeh padha ora ngerti

Verse 104 — Surah Al-Maidah 5:104

Lan nalikane padha dikan- dhani: Ayo padha mrenea mara marang apa kang wus kadha- wuhake dening Allah lan marang Utusan, padha acalathu: Wis cukup tumrape aku apa kang wis padha tinemu ana ing bapak-bapakku. Apa! Apa ya sanajan bapak- bapakne padha ora weruh barang- barang sarta padha ora nurut dalan kang bener

Verse 105 — Surah Al-Maidah 5:105

E, para kang padha angestu! padha di rumeksa ing jiwanira; sasaring wong iku ora ambabayani marang sira, manawa sira padha ngambah dalan bener; marang Allah bakal balinira kabeh bae, banjur Panjenengane bakal aparing weruh marang sira apa kang wis sira lakoni

Verse 106 — Surah Al-Maidah 5:106

E, para kang padha angestu! manawa pati amareki salah sawijinira, nalika atinggal weling, anguwuha wong loro kang ngadil saka golonganira, supaya anekseni ing antaranira, utawa wong loro liyane saka saliyane golonganira manawa sira pinuju lulungan ing bumi mangka babaya pati angenani ing sira; sakarone sira candheta nganti sabubaring salat; tumuli, manawa sira semang- semang supaya sakarone padha sumpah ing Allah, : Iki, aku ora bakal padha angurupake ajen-ajen, sanajan ta sanak, lan ora bakal aku padha angumpet pasaksining Allah, amarga aku iki mundhak padha kalebu ewone para wong dosa

Verse 107 — Surah Al-Maidah 5:107

Lah, manawa kasumurupan, sakarone padha atindak dosa, iya banjur anaa loro liyane minangka gegentine sakarone saka golongane kang padha angluputake dheweke, padha sanak cedhak sakarone; banjur sakarone padha sumpaha kalawan Allah: Pasaksiku iki temen luwih nyata tinimbang pasaksine sakarone, lan aku padha ora amlangkah wates, amarga aku iki mundhak padha kalebu ewone para wong atindak dudu

Verse 108 — Surah Al-Maidah 5:108

Iku luwih mungguh, amrih padha amenehake pasaksi kalawan apa anane, utawa padha kuwatir manawa sawise anggone padha sumpah, tinungka ing sumpah liyane; lan padha di ngati-ati marang Allah sarta padha angrungokna; lan Allah iku ora anuntun para wong kang murang yekti

Verse 109 — Surah Al-Maidah 5:109

Ing dinane Allah bakal angimpun para utusan, banjur angandika: Kapriye anggonira pa- dha katampanan? Padha munjuk: Kawula sami boten gadhah sesere- pan, saestu Tuwan punika Ing- kang-Mahawikan ing samukawis ingkang boten katingal

Verse 110 — Surah Al-Maidah 5:110

Lan ing Dina Kiamat˺ Allah bakal munjuk, "He Yesus, anak Maryam! Elingi sih-Ku marang sampeyan lan ibumu: kepiye aku nyengkuyung sampeyan karo roh suci saengga sampeyan ngomong karo wong-wong nalika isih diwasa lan diwasa. Kepiye aku mulang sampeyan nulis, kawicaksanan, Torah, lan Injil. Kepiye cara nyetak manuk saka lempung — miturut Karsanaku — lan ambegan lan dadi manuk ˹real˺ - dening Karsanaku. Kepiye marasake awakmu wuta lan lara kusta - miturut Karsanaku. Kepiye sampeyan nguripake wong mati - miturut Karsanaku. Kepiye aku ngalang-alangi Bani Israel ora ngrusak awakmu, nalika sampeyan teka kanthi bukti sing nyata lan wong-wong kafir ing antarane padha ujar, "Iki ora liya sulap murni

Verse 111 — Surah Al-Maidah 5:111

Lan kepiye aku menehi inspirasi marang para sakabat, "Pracayaa marang Aku lan utusanku!" Dheweke ujar, "Kita padha precaya, lan nekseni, manawa kita bakal tunduk marang Allah

Verse 112 — Surah Al-Maidah 5:112

˹ Elingi˺ nalika para sakabat takon, "He Yesus, anak Maryam! Apa Pangeranmu gelem nurunake meja kanggo kita sing kasebar ing swarga? " Gusti Yesus mangsuli, "Wedi marang Allah, yen kowe padha precaya

Verse 113 — Surah Al-Maidah 5:113

Wong-wong mau ujar, "Kita mung pengin mangan panganan iki kanggo ngiyatake ati kita, manawa sampeyan yakin manawa sejatine sejatine kita lan bakal dadi seksine

Verse 114 — Surah Al-Maidah 5:114

Gusti Yesus, putrane Maria, ndedonga, "Ya Allah, Gusti kawula! Ayo, kirim swarga marang aku ana meja sing kasebar karo panganan minangka riyaya kanggo awake dhewe - sing pertama lan sing terakhir - lan minangka pratandha saka Sampeyan. Nyedhiyakake kanggo kita! Sampeyan pancen Panyedhiya Paling Apik. ”

Verse 115 — Surah Al-Maidah 5:115

Allah mangsuli, "Aku bakal ngirimi sampeyan. Nanging sapa ing antaramu sing nolak mengko, dheweke bakal kena siksa, lan aku ora nate nyipta sapa wae saka titahKu

Verse 116 — Surah Al-Maidah 5:116

Lan ing Dina Kiamat˺ Allah bakal munjuk, "He Yesus, anak Maryam! Apa sampeyan nate njaluk marang wong-wong supaya nyembah sampeyan lan ibumu dadi dewa kajaba Allah? ” Dheweke bakal mangsuli, “Kamulyan! Kepiye aku bisa ngomong apa sing ora dakkandhakake? Yen aku wis ngomong kaya ngono, sampeyan mesthi bakal ngerti. Sampeyan ngerti apa sing ana ing njero ati, nanging aku ora ngerti apa sing ana ing njero ati. Pancen, Sampeyan ˺tunggale˺ iku Ngerti kabeh sing ora katon

Verse 117 — Surah Al-Maidah 5:117

Aku ora nate ngandhani apa-apa kajaba prentah sing Dakkandhani: "Sembah marang Allah - Pangeran kawula lan Pangeranmu!" Lan aku dadi seksi tumrap dheweke sajrone aku tetep ana ing antarane wong-wong mau. Nanging nalika Sampeyan njupuk aku, Sampeyan dadi Seksi kanggo dheweke - lan Sampeyan dadi Seksi kanggo kabeh perkara

Verse 118 — Surah Al-Maidah 5:118

Yen Sampeyan ngukum wong-wong mau, kabeh bakal kagungane Sampeyan. Nanging yen Sampeyan ngapura, mesthine sampeyan iku Maha Kuwasa, Wicaksana

Verse 119 — Surah Al-Maidah 5:119

Allah arsa ngandika: Iki dina, kang para wong temen oleh paedah saka temene; bakal padha oleh patamanan, kang ing jerone kali-kaline padha mili, padha manggon ana ing kono salawase; Allah sarju ing Panjenengane; iki pakolih kang gedhe

Verse 120 — Surah Al-Maidah 5:120

Kagunganing Allah karato- ning langit-langit lan bumi iku lan sabarang kang ana ing kono; lan Panjenengane iku marang samu- barang kawasa