Verse 1 — Surah Adh-Dhariyat 51:1
Demi angin kang ngumbulake bledhuk kang mabul - mabul
Verse 2 — Surah Adh-Dhariyat 51:2
Demi mega kang gawa banyu udan
Verse 3 — Surah Adh-Dhariyat 51:3
Demi perahu kang mlaku ana banyu kelawan gampang
Verse 4 — Surah Adh-Dhariyat 51:4
Demi Malaikat kang andum rizki lan udan
Verse 5 — Surah Adh-Dhariyat 51:5
Anggonira padha diprasetyani lan diancam dening Allah mesthi bakal kelakon
Verse 6 — Surah Adh-Dhariyat 51:6
Pituwase laku hala lan becik mesthi bakal kelakon
Verse 7 — Surah Adh-Dhariyat 51:7
Demi langit kang ana dalane kanggo mlaku lintang - lintang
Verse 8 — Surah Adh-Dhariyat 51:8
Anggonira padha bedha - bedha panemu (bab Muhammad lan al-Quran)
Verse 9 — Surah Adh-Dhariyat 51:9
Wongkang kena digorohi, hiya sida didohake (saka al-Quran lan Nabi Muhammad)
Verse 10 — Surah Adh-Dhariyat 51:10
Wongkang padha goroh mau didohake saka rahmate Allah
Verse 11 — Surah Adh-Dhariyat 51:11
Wongkang padha kesilep bodho padha lali
Verse 12 — Surah Adh-Dhariyat 51:12
Padha takon, "benjing punapa kalampahanipun Kiamat
Verse 13 — Surah Adh-Dhariyat 51:13
Hiya iku dina nalikane (wong kafir) padha disiksa ing neraka
Verse 14 — Surah Adh-Dhariyat 51:14
(Lan padha dawuh) iki siksa kang padha sira kesusokake biyen, padha rasakna
Verse 15 — Surah Adh-Dhariyat 51:15
Sarupane wongkang bekti ing Allah ana suwarga kang ana bengawane mili
Verse 16 — Surah Adh-Dhariyat 51:16
Padha nampani ganjaran paringe Pangeran, dheweke mau sadurunge mlebu suwarga padha nglakoni penggawe becik
Verse 17 — Surah Adh-Dhariyat 51:17
Wong Mukmin mau yen bengi anggone turu mung sethithik
Verse 18 — Surah Adh-Dhariyat 51:18
Lan yen wayah sahur (seprapating wengi kang wekasan) padha nyuwun pangapuraning Allah
Verse 19 — Surah Adh-Dhariyat 51:19
Bandhane disediakake dadi duweke wong miskin kang jejaluk lan wong melarat
Verse 20 — Surah Adh-Dhariyat 51:20
Bumi iku panggonan gumelare tondha yekti tumrap wong kang terang susurupane kang mratandani kuasaning Allah
Verse 21 — Surah Adh-Dhariyat 51:21
Apa sira ora tau deleng kang ana ing awakira
Verse 22 — Surah Adh-Dhariyat 51:22
Rizkimu lan pituwasing laku kang disediakake marang sira padha ana ing langit
Verse 23 — Surah Adh-Dhariyat 51:23
Demi Pangerane bumi lan langit, sabarang kang diprasetiakake marang sira , mesthi, kelakon nyata kaya anggonmu bisa kandha wis tanpa mamang
Verse 24 — Surah Adh-Dhariyat 51:24
(Muhammad) Apa wis weruh cerita dayohe Ibrahim yaiku (malaikat - malaikat) kang dimuliakake
Verse 25 — Surah Adh-Dhariyat 51:25
Nalika padha mlebu ing omahe Ibrahim padha ngucap "Salamun", Ibrahim uga mangsuli "Salamun" sarta takon, "sampiyan sinten kula dereng sumerep
Verse 26 — Surah Adh-Dhariyat 51:26
Ibrahim nuli noleh marang rabine, kang nuli ngeladekake pedhet lemu kang wis diolah mateng
Verse 27 — Surah Adh-Dhariyat 51:27
Nuli disuguhake marang dayohe, diaturi dhahar (nanging ora kersa)
Verse 28 — Surah Adh-Dhariyat 51:28
Ibrahim banjur wedi marang dayohe. Dayohe banjur matur, "Panjenengan sampun ajrih". Dayohe banjur bebungah diwenehi kabar bakal duwe anak lanang akeh kaweruhe
Verse 29 — Surah Adh-Dhariyat 51:29
Rabine (aran Sarah) kaget nuli maju lan gumun metek rahine. Pangucape, "Kula sampun pikun ( tahun) laki kula inggih gabuk (umu tahun) punapa yekto kula sambut manak
Verse 30 — Surah Adh-Dhariyat 51:30
Para dhayohe padha mangsuli, "Sampun mekaten pangandikanipun Pangeran panjenengan (sampun mesthi kelampahan) Allah punika Maha Wicaksana tur Nguningani samu kawis
Verse 31 — Surah Adh-Dhariyat 51:31
Ibrahim takon, "Kawaji punika panjenengan dipun utus punapa
Verse 32 — Surah Adh-Dhariyat 51:32
Para Malaikat padha mangsuli, "Kula diutus numpes para kafir ummatipun Luth
Verse 33 — Surah Adh-Dhariyat 51:33
Kula kakersakaken jawahi sela utawi banon dhateng tiyang kafir wau
Verse 34 — Surah Adh-Dhariyat 51:34
Sela wau sampun dipun cireni dening Pangeran panjenengan kangge (nyirnakaken) para tiyang tumindak kesangetan. (Selanipun sampun dipun paringi nami - nami ingkang badhe kataman sela wau)
Verse 35 — Surah Adh-Dhariyat 51:35
Sapunika kula perlu nyingkiraken para mukmin ingkang sami wonten ngriku
Verse 36 — Surah Adh-Dhariyat 51:36
Salebethipun kitha mriku kula boten manggih kajawi namung satunggal griyanipun tiyang ingkang sampun sumarah (Islam)
Verse 37 — Surah Adh-Dhariyat 51:37
Kula lajeng nilar tetilas wonten ngriku supados dados ayat tandha yektosipun (anggen kula numpes ummatipun Luth) dadosa penget dhateng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti
Verse 38 — Surah Adh-Dhariyat 51:38
Dene cerita lakone Musa uga dadi tandha yekti maneh yaiku anggone Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir'aun kanthi tandha yekti kang cetha
Verse 39 — Surah Adh-Dhariyat 51:39
Fir'aun sabalane padha maido, pangucape, "Musa iku yen dudu juru sihir ya wong edan
Verse 40 — Surah Adh-Dhariyat 51:40
Fir'aun lan sabalane padha ingsun tumpes sarana disilepake ana segara, sebab dheweke nindakake gaweyan kang hina
Verse 41 — Surah Adh-Dhariyat 51:41
Lan maneh lelakone wong 'Aad uga dadi tandha yekti nalika Ingsun ditekani angin kang ngrusakake
Verse 42 — Surah Adh-Dhariyat 51:42
Angin mau manwa nerjang wong 'Aad utawa darbeke, endi kang katrajang mesthi katiwasan
Verse 43 — Surah Adh-Dhariyat 51:43
Cerita tumpese wong Tsamud (ya dadi tandha yekti sawise belih ontaning Allah) banjur didhawuhi padha bungah - bungaha nganti tekan mangsane
Verse 44 — Surah Adh-Dhariyat 51:44
Wong Tsamud mau wis kebacut gumedhe, nglakoni dhawuhe Pangerane, mulane banjur tumpes dening bledheg kabeh padha deleng dheweke
Verse 45 — Surah Adh-Dhariyat 51:45
Sawise katekan siksa (wong Tsamud) ora bisa ngadek lan mlaku ora ana kang katulungan
Verse 46 — Surah Adh-Dhariyat 51:46
Sadurunge Ingsun numpes ummate Nuh, awit padha duraka kafir
Verse 47 — Surah Adh-Dhariyat 51:47
Langit Ingsun tekake kelawan kuasaningsun, Ingsun iki kuasa kang sabenere
Verse 48 — Surah Adh-Dhariyat 51:48
Dene bumi iku Ingsun gawe gelar, Ingsun iki becik - becike kang hanggelar
Verse 49 — Surah Adh-Dhariyat 51:49
Samu barang kang dumadi iku akeh kang Ingsun gawe jodhon (lanang - wadon) supaya sira padha mikir
Verse 50 — Surah Adh-Dhariyat 51:50
Mulane padha gelis (age - age) ngistokake dhwuhing Allah Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah
Verse 51 — Surah Adh-Dhariyat 51:51
Lan aja padha mangro tingal mangeran liyane Allah, Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah
Verse 52 — Surah Adh-Dhariyat 51:52
Mangkono uga wong kuna saben katekan Rasul mesthi padha ngucap, "Kang ngaku Rasul iku yen ora juru sihir hiya wong edan
Verse 53 — Surah Adh-Dhariyat 51:53
Apa dheweke padha mekas marang liyane padha dikon ngucap hala marang Rasul? Wong kang ngucap mangkono iku tetep wong padha kesasar
Verse 54 — Surah Adh-Dhariyat 51:54
Mulane padha malengosa marang wong mangkono mau sira wis ora kahinan awit wis mratakake dhawuh
Verse 55 — Surah Adh-Dhariyat 51:55
Lan sira tetap ngelingake awit pepiling iku migunani marang wong mukmin
Verse 56 — Surah Adh-Dhariyat 51:56
Anggoningsun gawe jin lan manungsa karsaningsun supaya padha bektia marang Ingsun
Verse 57 — Surah Adh-Dhariyat 51:57
Titah mau ora Ingsun kersakkae golek rizki konjuk ing Ingsun, lan Ingsun oran ngersakake kanggo ngingoni aku
Verse 58 — Surah Adh-Dhariyat 51:58
Satemene Allah iku paring rizki tur prakosa banget
Verse 59 — Surah Adh-Dhariyat 51:59
Sarupane wong kang nganiaya awake dhewe iku duwe bagian siksa kaya bageyan kancane wong kafir kuna (kang wis padha tumpes) dadi wis ora anggege siksa
Verse 60 — Surah Adh-Dhariyat 51:60
Siksa kang abot patrapane para wong kafir besuk qiyamat kang wis ditemokake dening Allah