Verse 1 — Surah Al-Mulk 67:1
Maha suci Allah, Kang karaton iku ana ngastane, Allah iku nguwasani samu barang
Verse 2 — Surah Al-Mulk 67:2
Kang gawe pati lan urip kanggo nyoba marang sira kabeh endi kang lakune luwih becik. Allah iku Maha Mulya tur keparenga ngapura
Verse 3 — Surah Al-Mulk 67:3
Kang anitahake langit pitu padha, sira ora andeleng ana bedane ana ing sajerone titahe Ingkang Maha Murah; lan delenga maneh, apa sira bisa weruh ana kang geseh
Verse 4 — Surah Al-Mulk 67:4
Banjur andelenga maneh mesthi pandelengira hambalik konjem ora bisa nemu cacade gegaweyaning Pangeran
Verse 5 — Surah Al-Mulk 67:5
Ingsun ngrengga langit dunya (langit kang ngisor dhewe) kelawan lintang pirang - pirang, lintang mau Ingsun anggo balang, hambalangi para syaitan, dene syetan mau padha Ingsun ancam siksa neraka Sa'ir
Verse 6 — Surah Al-Mulk 67:6
Sarupane wong sing maido Allah Pangerane, padha di patrapi siksa neraka jahannam. Ala temen kawusanan kang mangkono
Verse 7 — Surah Al-Mulk 67:7
Nalikane wong kafir padha dicemplungake ing neraka panjerite karungu, neraka mau umub mumpal - mumpal
Verse 8 — Surah Al-Mulk 67:8
Saking muringe neraka, wong kafir meh mrotholi, saben ana wong kafir sagolongan dicemplungake neraka ditakoni (dening Malaikat), "Apa biyen ora ana juru pepeling sing nekani kowe
Verse 9 — Surah Al-Mulk 67:9
Pada mangsuli, "Inggih sampun wonten juru pepenget andhatengi kula, ananging kula sami anggorohaken sarwi wicanten, Allah boten dhawuhaken punapa - punapa sampeyan punika tetela kesasar sanget
Verse 10 — Surah Al-Mulk 67:10
Wong kafir mau padha ngucap, "Upama aku biyen ngestokake dhawuh utawa mikir, kaya - kaya ora kecemplung neraka Sa'ir
Verse 11 — Surah Al-Mulk 67:11
Dadi wong kafir wis padha ngaku dosane (anggone maido para Rosul) mulane wong ing neraka Sa'ir mau padha didohake saka Rahmate Allah
Verse 12 — Surah Al-Mulk 67:12
Sarupane wong kang padha bekti ing Allah Pangerane ana ing wektu sepi padha oleh pangapurane Allah, lan diparingi ganjaran gedhe
Verse 13 — Surah Al-Mulk 67:13
Padha kondhoa lirih utawa seru kanggo Allah padha war, awit Allah iku nguningani sakreteking ati
Verse 14 — Surah Al-Mulk 67:14
Apa Panjenengane kang nitahake iku ora uninga? Lan Panjenengane ingkang anguningani sabarang kang lembut - lembut, ing kang waspada
Verse 15 — Surah Al-Mulk 67:15
Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah
Verse 16 — Surah Al-Mulk 67:16
Apa sira nyana yen Allah kang kagungan keraton langit ngersakake sira diuntal bumi? coba delengen bumine arep oreg
Verse 17 — Surah Al-Mulk 67:17
Apa sira nyana yen Allah kang kagungan kraton langit iku kersa nurunake siksa marang sira? Ing tembe mesthi weruh kaya apa pepeling Ingsun
Verse 18 — Surah Al-Mulk 67:18
Para umat sadurunge wong kafir iku, mbiyen ugo padha maido marang rasule banjur koyo opo, para umat mau padha ingsun turunai siksa
Verse 19 — Surah Al-Mulk 67:19
Apa dheweke (wong kafir) ora handeleng manuk kang sedhela ngegarake suwiwi lan ngingkupake, kang rumeksa manuk ora nganti tiba ora ana maneh kejaba mung Allah kang maha murah. Satemene Allah iku mirsani samu barang
Verse 20 — Surah Al-Mulk 67:20
Apa brahala iki kang dikira dadi kancamu, bakal bisa nulungi bisa murungake siksane Allah, kang bisa nulungi dudu Paneran kang Maha Murah? Panemune si kafir iku tetela kajelomprong
Verse 21 — Surah Al-Mulk 67:21
Manawa Allah ora kapareng paring rizki, apa brahala bisa weh rizki marang sira? Dheweke malah saya tambah anggone gumedhe lan nasar
Verse 22 — Surah Al-Mulk 67:22
Wong wuta mlaku tumungkul, iku apa luwih weruh ing dalan bener ngungkuli wong kang ora wuta kang anggone mlaku jejeg
Verse 23 — Surah Al-Mulk 67:23
(Muhammad) Dhawuha, "Allah iku kang agawe awak ira sarta maringi pangrungu lan pandeleng apadene pikiran ewadene kang ngunjukake panuwun mung sathitik
Verse 24 — Surah Al-Mulk 67:24
(Muhammad) Dhawuha, "Allah kang gawe awak ira sarta paring panggonan ana ing bumi, ing tembe sira padha dikelumpukake marang ngarsane Allah
Verse 25 — Surah Al-Mulk 67:25
Wong kafir padha matur, "Menawi pangandika panjenengan punika sayektos benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalempakaken punika
Verse 26 — Surah Al-Mulk 67:26
(Muhammad) Dhawuha, "Dina Qiyamat iku mung Allah piyambak kang priksa mangsane. Aku iki mung ngelengake wae
Verse 27 — Surah Al-Mulk 67:27
Sawise dikelumpukake, bareng manungsa padha andeleng siksa wis cedhak, wong kafir padha pucet rahine. Banjur padha didhawuhi, "Siksa iki kang padha sira paido biyen
Verse 28 — Surah Al-Mulk 67:28
(Muhammad) Dhawuha, "Apa sira padha mawas menawa Allah bakal nglebur aku sarta kang anyartani aku, malah Panjenengane bakal kagungan welas marang aku, banjur sapa sing bakal ngayomi para kafir saka siksa kang nglarani
Verse 29 — Surah Al-Mulk 67:29
Sira dhawuha maneh, "Allah iku Pangeran kang Maha Murah, aku percaya lan nyumanggakake samu barangku ing Allah. Ing tembe bakal padha weruh wong kang kesasar kang terang
Verse 30 — Surah Al-Mulk 67:30
Sira dhawuha maneh, "Menawa banyu iki asat kabeh, piye panemumu. Sapa kang nekakake banyu iki marang sira