Verse 1 — Surah Al-Qariah 101:1
Dina qiyamat iku gegirisi
Verse 2 — Surah Al-Qariah 101:2
Saiba anggone gegirisi dina qiyamat iku
Verse 3 — Surah Al-Qariah 101:3
Kapriye anggone gegirisi dina qiyamat iku
Verse 4 — Surah Al-Qariah 101:4
Ing dina iku manungsa padha pating belulung kaya anak walang sumebar
Verse 5 — Surah Al-Qariah 101:5
Gunung pating panculat kaya wulu sedhus buyar
Verse 6 — Surah Al-Qariah 101:6
Siang sapa becike ditimbang bobote ngungkule halane
Verse 7 — Surah Al-Qariah 101:7
Wong iku dienggonake ing suwarga andadekake bungahe
Verse 8 — Surah Al-Qariah 101:8
Dene sing sapa wonge bobote becike entheng (kalah abot bobote alane)
Verse 9 — Surah Al-Qariah 101:9
Panggonane bakal ana ing jurang jero (neraka Hawiyah)
Verse 10 — Surah Al-Qariah 101:10
Sapa kang meruhake sira, neraka Hawiyah iku apa
Verse 11 — Surah Al-Qariah 101:11
Neraka kang banget panase