Javanese

Translation: jav-unknown

Author: Unknown

Al-Fatihah

Surah 1

[1] Awit ingkang asma Allah kang Maha Murah tur kang Maha Asih

[2] Kabeh puji iku kagungane Allah kang mangerani 'alam kabeh

[3] Kang Maha Murah tur kang Maha Asih

[4] Kang ngratoni ing dina Agama

[5] Namung dhumateng Padhuka kawula manembah, lan namung dhumateng Padhuka kawula nyuwun pitulungan

[6] Dhuh Allah, mugi nedahna margi leres dumateng kawula

[7] (Inggih punika) marginipun para tiyang ingkang sami padhuka paringi nikmat dede (marginipun) tiyang ingkang sami kesasar. (Mugi-mugi Panjenengan nyembadhani panyuwun kawula)

Al-Baqarah

Surah 2

[1] Alif Laam Miim

[2] Kitab al-Qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah

[3] Kang padha percaya marang barang kang ghaib lan padha nglakoni shalat, sarta padha mewehake barang peparing Ingsun marang wong mau tumanja pangabekti marang Ingsun

[4] Lan kang padha percaya marang samubarang kang wus didhawuhake marang sira Muhammad, lan samubarang kang wus didhawuhake marang para Nabi sadurungira, sarta padha weruh ing akherat kelawan nyata

[5] Wong kang mangkono mau, kabeh padha oleh pituduh saka Pangerane lan wong kang mangkono mau kabeh padha begja

[6] Dene wong kang padha kafir iku sanajan sira kandhani utawa ora sira kandhani padha wae, dheweke padha ora percaya

[7] Allah wis ngecap atine sikafir kabeh lan pengrungune sikafir kabeh ana tutupe. Kabeh padha kapatrapan siksa kang gedhe

[8] Sawenehing manungsa ana kang ngucap mangkene: "Kita sami pitados ing Allah lan pitados badhe wontenipun dinten Qiyamat", nanging satemene wong mau kabeh padha ora percaya

[9] Wong-wong mau padha tindak lamis ing Allah lan tidak lamis marang wong Mukmin kabeh. Ora liwat lelamisane mau mesthi ambalik marang awake dhewe, nanging padha ora krasa

[10] Ing atine si munafiq ana lelarane, Allah nuli nambahi marang si munafiq lelara (maido Qur'an), wong munafiq bakal kapatrapan siksa kang nglarani, sebab anggone padha anggorohake Nabi

[11] Nalika wong munafik padha didhawuhi mengkene: "Kowe aja padha gawe rusak ana ing bumi", marga ora percaya, ature mengkene: "sayektosipun kula punika malah damel sae

[12] Satemene wong munafiq iku padha gawe rusak, ewa dene padha ora rumangsa

[13] Lan nalikane para munafiq padha dipituturi mengkene: "Sira padha percaya kaya percayane sahabate Nabi", wong munafiq padha mangsuli mengkene, "Ya gene wong iku padha percaya kaya percayane wong bodho?". Saktemene wong munafiq iku kang bodo, nanging ora padha weruh ing bodhone

[14] Lan nalikane wong munafiq padha ketemu karo wong mukmin, padha ngucap mengkene: "Kita punika sami pitados kados pitados panjenengan", bareng wis misah karo wong mukmin ketemu karo para setane (tegese penggedhene), nuli padha matur mengkene, "Kita punika sami kanca panjenengan tunggil agami, wicanten kula dhateng tiyang mukmin punika sayektosipun anggegunjeng

[15] Allah males marang si munafiq kabeh anggone padha anggeguyu, lan nyrantekake si munafiq kabeh anggone padha andadra kelawan padha mandheg tumoleh

[16] Wong munafiq iku wong kang padha kulak sasar dituku kelawan pituduh (milih sasar nampik pituduh), dado dagangane si munafiq ora bisa bathi (begja). wong munafiq padha ora oleh pituduh

[17] Sanepane wong munafiq iku kaya upamane wong kang ngurubake geni ana ing pepeteng, bareng urubing geni mau wis madhangi ing kiwa tengene, Allah nuli mateni geni mau, pepadhang banjur sirna, Allah ninggal si munafiq ana ing pepeteng kang ndhedhet, ora bisa weruh apa-apa

[18] Wong munafiq iku tuli, tur bisu, sarta wuta, dadi wong munafiq mau padha ora gelem ambalik saka sasare

[19] Utawa sanepane maneh kaya upamane wong kudanan, sajerone udan mau ana pepeteng lan bledhek tuwin kilat, wong munafiq padha nyumpelake drijine ana ing kupinge, supaya aja nganti krungu jumeblesing bledheg. Kuwasane Allah nglimputi wong kafir kabeh

[20] Meh wae kilat mau nyamber pandelenge wong-wong munafiq, saben kilat mau cumleret madhangi marang si munafiq, banjur padha lumaku ana ing pepadhang. Dene yen pinuju petheng si munafiq banjur pahd ngadeg jejer. Saupama Allah kersa nyirnakake pangrungu lan pandelenge si munafiq kabeh mesthi kaleksanan. Satemene Allah iku kuwasa marang samu barang

[21] He para manungsa kabeh, sira padha manembaha marang Pangeranira kang wis nitahake ing sira kabeh lan nitahake wong sadurungira kebh, mesthi sira padha kalis saka ing sika marga bekti ing Allah

[22] Kang wis nitahake bumi minangka lemek (dadi papan mikolehi ing sira) lan nitahake langit dadi payon, sarta nurunake banyu udan saka ing langit, dianggo lantaran nukulake woh-wohan warna-warna minangka rejekinira kabeh, mulane aja padha gawe sesembahan kang sira anggo ngembari Allah. Sira kabeh iya wis padha weruh

[23] Lan menawa sira padha mamang, durung percaya yen al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake marang kawulaningsun (Muhammad) iki terang saka Ingsun, mara sira padha gaweya sak surat bae kang madhani al-Qur'an iki, lan jaluka tulung pangeranira kang saliyane Allah, yen sira padha temen

[24] Menawa sira padha ora bisa gawe sarta selawase iya ora bisa gawe, becik banjur padha percaya wae, padha wedia geni neraka kang urub-urube manungsa lan watu, iku diancamake marang wong kafir kabeh

[25] (Muhammad), sira mbebungaha wong kang padha percaya marang Ingsun, tur padha nglakoni kelakuan becik satemene besuk padha duwe suwarga kang sangisore kekayone mau ana bengawane mili. Wong kang ana ing suwarga mau saben diladeni padha ngucap mengkene, "Iki panganan tunggalane kang diladekake mau kae". Awit padha diladeni panganan kang rupane padha, nanging rasane beda-beda. Wong kang ana ing suwarga mau padha duwe bojo widodari akeh kang padha suci; wong-wong mau padha langgeng manggon an ing suwarga

[26] Sateme Allah ora lingsem gawe sadhengah sanepa senajan asor, kayata lemut utawa luwih gedhe maneh. Dene wong kang padha percaya ing Allah mesthi padha weruh yen sanepa mau bener sarta terang saka Pangerane. Nanging wong kafir padha ngucap, "Apa iya Allah kersa gawe sanepa kang mengkene iki?" Dhawuhe Allah, "Sanepa iki kanggo nasarake wong akeh, lan kanggo nuduhake wong akeh. Sanepa mau ora kanggo nasarake sapa-sapa kajaba wong fasiq

[27] Kang padha mbubrah dhawuh janjine Allah sawise dikukuhake land padha medhot barang kang wis diperintahake dening Allah supaya digathukake, lan padha gawe rusak ana ing bumi. Wong kang mengkono mau kabeh padha kapitunan

[28] (He para manungsa) kapriye dene sira iku padha maido ing Allah ? awit sira iku maune padha mati, Allah nuli nguripake ing sira, sawise urip, Allah banjur mateni ing sira, sawise mati, Allah banjur nguripake ing sira, sawise urip maneh sira banjur padha digiring marang pangayunaning Allah

[29] Allah iku wis nitahake samu barang isen-isening bumi kabeh mikolehi ing sira. Sawise nitahake bumi nuli kersa nitahake langti. Allah andadekake langti iku dadi pitu. Allah iku nguningani samubarang kabeh

[30] (Muhammad) sira nyritakna nalika Pangeranira ngendika marang Malaikat: "Ingsun nitahake sesulih (khalifah) ana ing bumi", Para Malaikat nuli padha munjuk, "Kados pundi dene Tuan tega nitahaken tiyang ingkang damel risak wonten ing bumi saha badhe mutahaken rah? ing mangkan kawula punika sami nyebut menggahing Kang Maha Suci Tuan sarta ngalembana ing Tuan". (punapa dene nganggep maha suci Tuan ing bathin), Allah nuli ngendika, "Ingsun nguningani barang kang sira padha ora weruh

[31] Allah wis paring sumurup marang (Nabi) Adam sawarnaning aran (jeneng) kabeh, nuli ndangokake arane barang-barang mau marang para Malaikat. Allah ngendika, "Yen nyata hunjukira iku padha temen, mara Ingsun tuduhna araning barang-barang iki

[32] Para Malaikat padha munjuk, "Tuan punika Maha Suci, kawula sami mboten gadhah kaweruh punapa-punapa kajawi barang ingkang sampun tuan tedahaken dhateng kawula. Saestunipun Tuan punika nguningani saha Wicaksana

[33] Allah ngendika, "He Adam! PAra Malaikat iku paringana pirsa araning barang-barang iku". Barang (Nabi) Adam wis ngendikaake araning barang-barang mau marang para Malaikat, Allah ngendika: "Ingsun apa ora wis ngendika marang sira kabeh yen Ingsun nguningani wadining langit lan bumi, lan nguningani samu barang kang padha sira lahirake, lan samubarang kang padha sira umpetake

[34] (Muhammad) sira nyritakna nalikane Ingsun ngendika marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang Adam". Para Malaikat mau nuli padha sujud, kajaba mung Iblis iku mbangkang sarta gumedhe, Iblis banjur dadi ewone wong kafir

[35] Ingsun ngendika marang Adam, "Adam! sira lan rabinira padha manggona ing suwarga, lan mangana isinging suwarga sakarepira, lan poma dipoma aja padha cedhak-cedhak wit siji iki. Sira mundhak dadi ewoning wong kang nganiaya (wong duraka)

[36] Syetan nuli mlesedake (Nabi) Adam sagarwane saka ing suwarga, wusana setan mau ngetokake (Nabi) Adam sagarwane saka suwarga kang dienggoni. Ingsun nuli ngendhika, "He Adam! sira padha mudhuna sawenehing turunira bakal sesatron lan sawenehing turuning syetan. Dene sira ana ing bumi duwe panggonan tetep, lan pikantuk kabungahan, nganti tumeka mangsaning pati

[37] (Nabi) Adam nuli nampa tetambungan (Kalimah) saka wisiking pangerane. Allah nuli nampani taubate (Nabi) Adam. Satemene Allah iku nampeni Taubat lan Maha Asih

[38] Ingsun ngendika, "He Adam sira kabeh padha mudhuna saka ing Suwarga, ing tembe yen sira ketekan pituduh mau mesthi padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah

[39] Dene wong kang padha kafir lan padha nggorohake ayat Ingsun, iku kabeh padha nduweni neraka. Wong mau anggone ana ing neraka padha langgeng

[40] He para turuning Israil (Bani Israil) Sira padha elinga peparing Ingsun nikmat marang sira kabeh, lan padha nuhanana janji perintah Ingsun. Ingsun uga nuhani janji kasaguhaningsun marang sira kabeh. Lan padha wediya nyidrani Ingsun

[41] Lan saira padha percayaa marang al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake, dhumunung mbenerake kitab cecekelanira lawas, lan sira aja padha dadi kawitane wong kafir ing al-Qur'an, lan sira aja padha tuku barang kang sithik regane sira bayar kelawan ayatingsung, lan sira bektiya marang Ingsun

[42] Lan sira aja padha nyampur barang-barang kang bener kelawan barang kang ora bener lan aja ngumpetake barang kang bener, sira kabeh iya wis padha weruh

[43] Lan sira padha nindakna shalat, lan padha mbayar zakat, lan padha ruku'a (shalata) karo wong kang padha ruku' (wong kang padha shalat) kabeh

[44] Ya gene sira padha prentah marang para manungsa supaya nglakoni kabecikan, awakira dhewe padha ora nindakake, kang mangka sira padha maca kitab ira. Apa sira padhaora mikir kang mengkono mau iku ora becik

[45] Lan padha nyuwuna pitulung kalawan shabar lan nglakoni shalat. Dene nglakoni Shalat iku dhasar abot, kajaba tumrap wong kang padha khusyu' (konjem) ing Allah

[46] Iya iku wong kang padha yakin (nyipta) kelawan terang temen padha bakal disowanake ing Pangerane sarta temen bakal padha bali marang pangayunaning Pangerane

[47] Para turuning Israil (Bani Israil)! sira padha elinga nikmatingsun kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, lan elinga yen Ingsun wis ngluwihake (ngutamakake) marang sira ngungkuli wong sajagad

[48] Lan sira padha wediya dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining awak bisa ngungkup utawa tetulung sethithik-thithika ing awak liyane, lan ora ana duwe syafa'at kang sinembadan lan ora ana awak kang ditampani tebusane para awak mau ora ana kang padha tinulung

[49] Lan padha elinga nalikane Ingsun nylametake ing sira kabeh saka dak-siyane balane raja Fir'aun, anggone padha nandukake siksa kang ngeres-eresi marang sira, padha nyembelehi anak-anakira kang metu lanang, lan nguripi kang metu wadon, kang mengkono iku coba gedhe saka Pangeranira

[50] Lan padha elinga nalikane sira padha Ingsun piyakake segara, Ingsun nuli nylametake sira, sata ngeremake para balane Fir'aun. Sira kabeh iya padha ndeleng

[51] Lan padha elinga nalikane Ingsun nemtokake pisowane (sebane) Nabi Musa bengi lawase, sawise mangkat, sira nuli padha ngedegake (gawe) Pangeran awujud sapi, sira padha tetep wong kang nganiaya

[52] Sawise mengkono Ingsun nulu ngapura dosanira kabeh supaya sira padha ngaturake panuwun

[53] Lan padha elinga nalika Ingsun maringi kitab Taurat marang Nabi Musa lan pamisah, tegese kang mbedakake ala lan becik , cupaya sira oleh pituduh

[54] Lan padha elinga nalika (nabi) Musa parentah marang para kaume, "He para kaumku! Satemene sira iku padha nganiaya marang awakmu dhewe, amarga anggonmu padha ngedekake (gawe) Pangeran awujud sapi. Mulane padha tobata marang kang nithahake awakmu, banjur sumaraha awakmu dipateni, keparening Pangeran kang nitahake awakmu. Pangeran bakal nampani tobatira. Satemene Pangeran iku gedhe pangapurane tur Maha Asih

[55] Lan (sira padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuh (Nabi) Musa! Kula samo mboten pitados ing panjenengan kajawi manawi kula sami ningali Dzating Allah kalayan kasat mata". Nuli ana bledhek nyamber mateni sira. Sira iya padha andheleng

[56] Sawise sira padha mati nuli padha Ingsun uripake maneh, supaya sira ngaturake panuwun

[57] Lan maneh Ingsun mayungi marang sira kalawan mega. Apadene Ingsun nurunake Manna (abon kang legi), lan salwa (manuk gemak), dhawuh Ingsun, "Mara padha mangana peparing Ingsun rejeki kang enak". Para turuning Israil (Bani Israil) anggone padha duraka ora nganiaya marang Ingsun, nanging malah padha nganiaya marang awake dhewe

[58] Lan (padha elinga) nalika Ingsan ngendika, "He para turune Israil! Sira padha melebua ing desa iki, banjur padha mangana isine ing kono sakarepira, lan padha melebua lawange desa mau sarta sujud, lan padha ngucapa mengkene: KHITHTHAH(mugi Panjenengann bebasaken kula saking dosa). Ingsun mesthi ngapura marang sira kabeh sakehing kaluputanira. Dene wong kang becik pangabektine bakal Ingsun tambahi kebecikan

[59] Dene wong kang padha nganiaya (padha nyalahi tembung khiththa kelawan pangucap ora didhawuhake dening Allah marang para turuning Israil mau). Mulane Ingsun banjur nurunake siksa saka ing langit marang wong kang nganiaya mau, marga anggone padha fasiq

[60] Lan (padha elinga) nalika Nabi Musa nyuwunake ngombe para kaume, Ingsun banjur dhawuh, "He Musa, Tekenmu johohna ing watu, sawise dijojoh sanalika watu mau banjur ngetokake banyu dadi pancuran, siji-sijine wong banjur padha weruh pangombene dhewe-dhewe". Pangandikaningsun, "Sira padha mangana lan ngombea rejeki peparinging Allah, lan aja padha gawe rusak ana ing bumi

[61] Lan (padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuh (Nabi) Musa! kita sami mboten narimah nedha tetedhan namung warni satunggal kemawon, mila kita sami panjenengan suwunaken dhateng Pangeran panjenengan, supados nedhahaken tetuwuhaning bumi ingkang mikantuki dhateng kita sedaya. kadosta: Ja janganing bumi, timuning bumi, bawanging bumi, kedhelening bumi, lan brambaning bumi". (Nabi) Musa nuli ngendika, "Apa patut sira padha nyuwun salin barang kang luwih becik?" Allah nuli ngendika, "He turuning Israil, sira padha balia marang negara mesir bae, sira mesthi oleh samubarang kang padha sira suwun iku." Para turuning Israil (Bani Isrial) bakal padha didadekake asor lan sangsara lan padha tetep oleh bebenduning Allah, kang mengkono mau amarga saka anggone padha maido ayate Allah lan padha mateni para Nabi kelawan ora bener, Kang mengkono mau saka anggone duraka lan padha ndadra (ngliwati wates)

[62] Satemene wong kang padha percaya ing para Nabi lan para wong Yahudi lan wong Nashara lang wong Shabi'in, kabeh bae sing sapa saiki percaya ing Allah lan percaya anane dina Qiyamat, sarta ngelakoni kelakuan becik, mesth padha tampa ganjarane dhewe-dhewe ana ing ngarsane Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah

[63] Lan (padha elinga) nalikane Ingsun mundhut sesangemanira lang Ingsung nganggo ambedhol gunung, Ingsun ungkulake (unggahake) ana ing dhuwurira, pangandikaningsun, "Samu barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira kabeh padha sendikanana, lakonana kelawan temen-temen, lan padha elinga samubarang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha kareksa saka tumindak ala

[64] (Sawisa sira padha sanggem) sira nuli padha ambalik saupama ora ana sih nugrahaning Allah kang rumentah marang sira kabeh, mesthi sira padha klebu eweoning wong kang padha kapitunan

[65] Satemene sira padha weruh kancanira kang padha nerak wewates ana ing dina Sabtu, padha Ingsun paringi pangandika, "Sira padha dadiya kethek kang digethingi

[66] Ingsun ndadekake siksa kang wis kasebut mau Ingsun anggo ngelingake wong dhek samana lan wong sapungkure zaman semana, lan dadiya piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah

[67] Lan (padha elinga) nalika (Nabi) Musa prentah marang para kaume, "Satemene Allah dhawuh marang sira kabeh padha mragada (ambeleha) sapi". para wong mau banjur padha matur, "Punapa panjenengan damel gegunjengan dhateng kula". pangandikaning (Nabi) Musa, "Aku muga-muga nyuwun reksa marang Allah aja nganti klebu ewoning wong kang padha bodho

[68] Para turuning Israil (Bani Israil) nuli padha matur, "Dhuh (nabi) Musa! Panjenengan kula aturi matur dhateng PAngeran Panjenengan, supados maringi keterangan dhumateng kula, lembu wau ingkang kados punapa ?" (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau dudu sapi kang pikun lan dudu sapi kang isih pedhet, goleka sapi kang sedhengan, tengah-tengah antaraning pikun lan pedhet, lan banjur tindakna anggonmu padha diprintahi mau

[69] Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panjenengan mugi kerjsa matur malih dhateng PAngeran panjenengan supados paring ketereangan dhumateng kita, lembu wau ingkang ules punapa?", (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang ules kuning tur kang mbungahake wong kang padha ndeleng

[70] Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panejengan mugi kersa matur malih dhateng Pangeran panjenengan supados paring ketereangan malih dhateng kita, lembu wau punapa ingkang dereng dipun alap damelipun, awit lembu mau tumrapipun ing kita taksih peteng. Menawi kepareng kaliyan kersaning Allah, kita temut sami angsal pitedah

[71] Nabi Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran sapi mau kang durng nate kangelan, dianggo mluku bumi, lan kang durung nate dienggo nyirami tetanduran kang lawung, mulus, ora ana blentong-blentonge". Para turune Israil nuli padha matur, "Sakpunika panjenengan kersa mratelakeken kelayan terang". Nuli padha ambeleh (mragat) sapi kang kacehta mau, tur maune meh bae padha ora bisa nglakoni

[72] Lan (padha elinga) nalikane sira padha mateni sawijining wong, sira nuli padha selak (ora ngakoni) perkara raja pati mau, ewadene Allah melehake marang sira mungguhing barang kang padha sira umpetake

[73] Ingsun nuli ngendika, "He turune Israil (bani Israil) sabetna (gitikna) peranganing sapi iku marang wong kang mati, ing mbesuk Allah anggone nguripake wong kang wis padha mati iya kaya mengkene, saiki Allah meruhake ayate marang sira kabeh, supaya sira iku padha mikir

[74] Sawise kelakon mengkono atinira nuli padha atos, nganti kaya watu utawa luwih atos maneh. Saatos-atose watu isih ana kang menga dadi tuk (sumber) kali, lan ana kang pecah ngilekake banyu, lan ana maneh watu kang mlorot, saka konjeme marang Allah. Allah ora pisan-pisan kesupen samubarang kang sira lakoni

[75] (Muhammad) Apa sira kudu ngudi supaya wong Yahudi padha percaya marang sira? kang mangka wis ana wong Yahudi sagolongan kang padha krungu pangandikaning Allah? sawise padha mikir-mikir banjur ngowahi pangandikaning Allah mau, tur wong Yahudi mau wis padha mangerti

[76] Wong Yahudi kang padha munafiq nalikane padha patemon para wong mukmin, pangucape, "Kita punika sami pitados ing Nabi Muhammad", dene yen pinuju kekumpulan, para penggedening Yahud ngucap mengkene, "Sebab dening apa sira padha amblakakake marang wong mukmin bab dhawuhing Allah marang sira supaya dienggo mbantah marang sira ana ing ngarsaning PAngeranmu. Apa sira padha ora mikir

[77] Wong Yahudi apa ora padha mangerti yen Allah iku ngudhaneni samu barangkang padha disidemake dening wong Yahud lan samubarang kang dilahirake

[78] Sawenehing wong Yahudi ana kang bodho, ora weruh kitab Taurat, weruhe mung certita goroh. Dadi kaweruhe Yahudi mau ora ana maneh kajaba mung kira-kira bae

[79] Siksa kang banget iku tumrap wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe, banjur ngucap iki kitab terang saka ngersane Allah, karepe supaya payu dadi kanggo nuku barang kang sithik regane. Mulane siksa kang banget iku tumrap wong kang mengkono mau, minangkan patrapane anggone tangane padha nulis, lan siksa mau dadi minangka patraning tumindake

[80] Wong Yahudi Kang padha munafiq padha ngucap, "Aku mangsa kacemplunga neraka, kajaba mung sawatara dina wae." Muhammad, sira dhawuha, "Pangucapmu iku apa oleh janji saka ngarsaning Allah, apa jaragan ngucapake barang kang ora sira sumerepi, sira kandhakake saka Allah

[81] O, iya sing sapa nglakoni ala, sarta tindake mau nglimputi awake, wong kang mengkono mau mesthi padha manggon ing neraka, anggone anaing kono padha langgeng

[82] Dene wong kang padha percaya ing Allah sarta padha nglakoni kebecikan wong kang mengkono mau padha pikantuk suwarga. Anggone ana ing suwarga bakal padha langgeng

[83] Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemane para turuning Israil (bani israil), pangandikaningsun, "Sira aja padha manembah saliyane Allah, lan padha ambecikana wongtuwanira loro lan para sedulurira, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan becikana pangucapira mrang sapapadhanira, lan padha nglakonana shalat lan padha bayara zakat." Sawise sira padha sanggem, sira banjur padha mbalik kajaba mung kancanira sawatara, sira padha mlengos

[84] Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemanira. Pangandikaningsun, "Sira aja padha mutahake getihe para kancanira lan aja nundhung para kancanira skaa negaranira (omahira)". Sira banjur padha sangem lan sira padha nekseni awakira dhewe

[85] (He turune Israil kabeh) Sira banjur padha mateni para kancanira, lan nudhung kancanira sagolongan saka ing omahe (negaranira), sira padha marahi klawan dosa lan jarag nganiaya (memungsuhan). Dene menawa ana wong boyongan padha teka ing sira, banjur padha sira tebusi, kang mangka sira padha dilarang nudhung wong mau, yen mengkono apa sira percaya lan ngestokake saperangane kitab sarta maido (ngafiri) lan mopo marang saperangan liyane, para konconira kang padha ngelakoni mengkono iku piwalese ora ana maneh kajaba digawe asor ana ing jaman urip ing donya. Dene besuk dina Qiyamat padha digiring marang siksa kang abot. Allah ora pisan-pisan kesupen samu barang kang padha sira lakoni

[86] Wong kang padh amengkono iku kang nuku kabungahan ing donya, dituku klawan kabungahan akherat, mulane bakal padha ora dienthengake siksane, lan padha ora ditulungi

[87] Lan Ingsun temen wis maringi kitab Taurat marang Nabi Musa, sarta sapungkure Nabi Musa Ingsun tungka pirang-pirang utusan (Rasul) Ingsun, lan Ingsun wis maringi tandha yekti kasekten marang Isa anake Maryam sarta Ingsun wis ngatosakake Isa klawan roh suci (Jibril) ya gene saben sira padha katekan utusaningsun dhawuhake barang kang ora condhong karepira, sira banjur padha gumedhe, mulane utusan mau kang sak golongan padha sira paido lan sak golongan padha sira pateni

[88] Para wong Yahudi kang munafiq padha matur, "Manah kula punika katutupan". Allah mbedoni wong munafiq mau marga anggone padha kfir. Dadi si Munafiq mau padh asethithik percayane

[89] Bareng wong Yahudi padha katekan kitab al-Qur'an saka ngarsane Allah, kang cocog lan mbenerake kitab Taurat, cecekelane wong Yahudi, tur sadurunge katekan al-Qur'an wong Yahudi mau padha ngajab, olehe pitulung ngalahake para wong kafir, bareng Nabi wis diweruhe klawan weca mau jumeneg, dheweke padha kafir maido ing Nabi (Muhammad) mau, bebendunging Allah tetep marang wong kafir

[90] Ala temen wong Yahudi anggone padha ngedol awake dilirokake, maido al-Qur'an kang wis didhawuhake dening Allah, anggone mengkono mau mung saka drengki. Dene Allah teka maringake kanugrahane marang sawenehing para kawulane, kang dadi kaparenging kersane mulane dhewek mau padha tetep kena bebendhu kang tinungka ing benendu maneh sarupane wong kafir mesthi oleh siksa kang ngesorake awake

[91] Nalikane wong Yahudi padha didhawuhi, "Sira padha percaya ngestokna al-Qur'an kang wis didhawuhake dening Allah", wangsulane, "Kita sami pitados ngestokaken kitab Taurat ingkang sampun dipun dhawuhaken dhumateng kita." Wong Yahudi mau padha maido kitab kang didhawuhake sawise taurat, kang mangka kitab kang didhawuhake sawise taurat iku kang bener, cocok kato wecane taurat, cecekelane si Yahudi. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen temen sira padha percaya, ngestokake kitab padha nyedani para Nabining Allah

[92] Satemene Nabi Musa wis ngrawuhi sira kanthi tanda yekti kasekten pirang-pirang, sapungkure Nabi Musa sowan ngarsaning Pangeran, sira banjur ngedegake (gawe) pangeran awujud sapi. Sira padha nganiaya marang awake dhewe

[93] (He wong Yahudi) Sira padha elinga! nalikane Ingsun mudnhut sesanggemanira. Ingsun nganggo mbedhol gunung Tur, Ingsun unggahake ana ing dhuwurira. Pangandikaningsun, "Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira padha sanggemana klawan temen-temen lan padha sedikanana". Sira banjur padha matur, "Kawula sampun mireng, nanging kawula sami mopo". Wong Yahudi anggone padha kesengsem manembah sapi wis manjing ana ing ati, marga satemene padha kafir. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen nyata sira padha percaya ing Taurat, ala temen percayamu teka akon manembah sapi marang sira

[94] (Muhammad!) sira dhawuha, "He wong Yahudi!, yen dhasar nyata terang mungguhing Allah yen kebungahan ing jaman akhirat iku mung sira dhewe kang duwe, mara padha ngarep-arepa ing pati, yen sira iku padha temen

[95] Wong yahudi selawase mesthi ora ngarep-arep pati, awit kelingan panggawening tangane kang wis-wis. Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya awake dhewe

[96] Sira mesthi mangerti yen wong Yahudi iku dhemene marang urip ngungkuli manungsa kabeh, lan ngungkuli manungsa kang padha musyrik. Sawenehing wong Yahudi ana kang kepengin urip nganti umur sewu tahun, senajan umur sewu tahun pisan wong mau ora bisa nyingkiri siksane, Allah iku mriksani samu barang kang padha dilakoni wong Yahudi

[97] (Muhammad) sira dhawuha, "Sing sapa nyatru Malaikat Jibril, satemene dheweke iku dhawuhake al-Qur'an marang aturira Muhammad, klawan idzine Allah, mbenerake surasane kitab kang ana ing tangane wong kang nyatru mau, lan dadi pituduh tur ambebungah marang para wong mukmin

[98] Sing sapa nyatru Allah lan nyatru malaikate, lan para utusane, apa dene nyatru Malaikat Jibril, Malaikat Mikail, satemen Allah iku nyatru para wong kafir

[99] (Muhammad) Ingsu wis dhawuhake ayat tandha yekti marang sira, ora ana kang maido ayat mau kajaba wong kang padha fasiq (duraka)

[100] Apa iya wong iku padha maido ayat? Wong mau saben-saben padha sanggem ngestokaken pranjanjianing Pangeran, kang sagolongan banjur ngudhari sesanggeman mau, dadi wong mau kang akeh padha ora percaya

[101] Nalikane ana utusan saka ngarsane Allah ngrawuhi para wong Yahudi, ndawuhake mbenerake kaya unine kitab Taurat cecekelane wong Yahudi mau, ing kono banjur ana wong sagolongan, ewone wong kang padha nyekel kitab Taurat padha mbubrah kitabe Allah (Taurat) disingkur ana ing mburine gegere. Wong iku rupane kaya pada ora mangerti

[102] Wong Yahudi padha manut kitab sihir kang diwaca dening para syetan nalika jaman kerajaane Nabi Sulaiman biyen. Nabi Sulaiman ora kafir nanging syetan-syetan iku padha kafir, padha mulangake sihir mau marang para manungsa lan mulangake sihir kang diparingake marang malaikat loro kang padha jumeneng ratu kang ana ing negera Babbil, iya iku prabu Harut lan Marut. Malaikat loro mau ora kersa mulang sihir marang sawijining wong kajaba yen wis paring pepeling, dhawuhe: "Satemene aku iki cobaning Pangeran, mlane kang prayoga sira aja pada kafir", para wong Babil adreng padha nggugu sihir kang bisa megatake wong anggone bebojoan, marang malaikat loro mau. Dene wong kang wis padha bisa sihir iya ora bisa gawe sengsara apa-apa marang sawijining wong sarana sihir, kajaba klawan idzine Allah. Para wong ing Babil padha anggeguru sihir kang bakal mlarati ing awake, ora mikolehake ing awake. Satemene wong Yahudi wis padha mangerti, sing sapa tuku sarta milih kafir, ing besok ana ing akherat ora oleh panduman ganjaran Suwarga. Mulane ala temen anggone padha tuku shiri dibayar awake, iku yen wong mau padha magerti

[103] Saupama wong Yahudi iku padha percaya ing Qur'an lan padha taqwa ing Allah, mesthi mangerti yen ganjaran saka Allah iku luwih becik, tinimbang karo kaweruhe sihir iku yen wong Yahudi padha mangerti

[104] He wong kang padha percaya ing Qur'an sira aja sok matur (Marang Nabi Muhammad) "Raa'inaa" becik mature "Undzurnaa" lan sira padha ngrungokna, dene wong kafir iku padha kapatrapan siksa kang nglarani

[105] Wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab sarta wong musyrik kabeh padha ora seneng yen wahyu becik saka Pangeranira iku diparingake marang sira Muhammad. Allah nemtokake asihe marang wong kang dadi keparenging kersane, Allah iku kagungan kanugrahan Kang Agung

[106] Menawa Ingsung nyuwak utawa ngendhakake ayat, mesti Ingsung dhawuhake kang luwih becik utawa kang madhani ayat kang disuwak utawa diendhakake mau. Apa sira ora mangerti yen Allah iku nguwasani samu barang iki

[107] (He Muhammad lan para Ummat kabeh!) Apa sira ora mangerti yen Allah iku kagungan kratoning langit lan bumi? lan sira ora ana kang bisa ngasihi lan tetulung saliyane Allah

[108] Apa sira kudu nyuwun marang Rasulira, kaya dhek biyen nalikane nabi Musa dijuluki sing sapa nyalini klawan kafir, Wong iku yekti kesasar saka dalan kang jejeg

[109] Akeh-akeh wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab padha ngareparep supaya sira padha mbalika dadi kafir sawise iman, krana drengkine kang thukul saka dhasaring atine sawise padha terang gamblang yen Muhammad iku bener. (Muhammad!) saiki sira mung ngapura lan togna bae, ngentenana yen Allah wis dhawuhake prentahe. Satemene Allah iku nguwasani samu barang

[110] Sira padha ngelakonono Sholat, lan padha mbayara zakat. Dene sedhengah kebecikan cecekelanira kang wis sira lakoni dhisik iku sira bakal nemu ganjarane ana ing pangayonaning Allah. Satemene Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni

[111] Padha wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab padha ngucap: "Ora ana wong bisa mlebu suwarga kajaba wong Yahudi utawa Nasrani ". Mengkono iku gagasane wong kafir mau. (He Muhammad!) sira prentaha: "Yen pangucapira iku bener, mara anggelarna yektimu

[112] (O, liyane wong Yahudi lan Nasrani) iya mlebu ing suwarga, sing sapa masrahake (nyumanggakake) awake marang Allah, kang mangka wong iku lakune becik mesthi tampa ganjaran ana ing pangayunaning Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora kesusahan

[113] Wong Yahudi padha ngucap, "Wong Nashara iku dudu barang-barang ." Wong Nashara uga pada ngucap: "Wong Yahudi iku dudu barang-barang", kang mangka kabeh mau padha maca kitabe dhewe-dhewe kaya mangkono uga wong kang padha ora mangerti ing kitab, iya padha ngucap becike dhewe, kaya panguacape wong Yahudi lan wong Nasara mau, Ing besuk dina Qiyamat Allah bakal ambeneri wong mau kabeh anggone padha pasulayan

[114] Ora ana wong kang luwih aniaya tinimbang wong kang nglarangi Masjide Alah, ora kena dienggo nyebut asmaning Allah ana ing kono lan banjur tumandang ngrusak Masjid mau. Dene wong kang padha nglarangi Masjid mau iya padha ora bisa mlebu ing Masjid kajaba padha ngandhut wedi. Wong kang padha nglarangi Masjid mau ana ing donya digawe asor, dene mbesuk ana akhirat padha kaptrapan siksa sing gedhe

[115] Masyiq lan Maghrib iku kagungane Allah, mulane ing ngendi bae adhepira, Dzating Allah ana ing kono. Satemene Allah iku Maha Jembar lan ngudaneni

[116] Wong Yahudi lan Wong Nashara padha ngucap, "Allah iku apeputra", pangandikaning Allah: "Allah iku Maha Suci, samubarang isine langit lan bumi iku kagungane Allah". Kabeh iku padha ngestokake ing Allah

[117] Allah iku kang nitahake langit lan bumi, lan nalikane Allah kersa nitahake sawijining perkara, mesthi Allah ngendikaL "Sira anaa! Barang kan tinitahake mau nuli ana padha sanlika

[118] (Wong kafir ing Mekkah kang padha ora mangerti kitab) padha matur: "Menawi Allah mboten ngendika piyambak dhateng kita, utawi mboten wonten ayat tandha yekti ingkang dhateng ing kita mesthi manahipun para tiyang punika taksih sami bingung". (Mengkono uga para wong kafir dhek jaman kuna) iya padha matur kaya paturane wong kafir ing Mekkah mau. Satemene Ingsung wis nggelarake ayat tandha yekti pirang-pirang tumrap wong kang padha yakin

[119] Ingsun wis ngutus sira Muhammad, ndawuhake pituduh kang nyata, mbebungah lan amemedeni apa dene sira ora kena ditutuh ditakoni sabab apa wong kang padha kacemplung neraka iku dhek biyen padha ora percaya

[120] Wong Yahudi lan Nashara padha ora lega atine marang sira (Muhammad), kejaba yen sira manut marang agamane. (Muhammad) Sira dhawuha: "Pituduhe Allah iku pituduh kang yekti", lan menawa sira nurut karepe Yahudi lan Nashara sawise sira pinaringan wahyu kaweruh mesthi sira ora bakal duwe panjaga utawa pitulung tumrap sira saka (siksane) Allah

[121] Sarupaning wong kang wis padha Ingsun paringi kitab, banjur padha maca kitab mau, pamacene kelawan sakbenere, wong kang mengkono iku tetep padha percaya ing kitab mau. Dene sing sapa kafir maido ing kitab mau, iku kabeh padha kapitunan

[122] He Turuning Israil, Sira padha elinga nikmat kang wis Ingsun paringake marang sira, sarta anggon Ingsun wis ngluwihake ing sira, ngungkuli wong sajagad

[123] Lan padha wediya ing dina Qiyamat, ing kono ora ana awak kang bisa tetulung sathithik thithika marang awak liyane, lan ora ana tetebusan awak ditampani lan ora ana Syafa'at bisa mikolehake ing awak kabeh bae ora ana kang tinulungan

[124] (Muhammad) Sira nyeritakna nalikane Pangerane Ibrahim nyoba marang dheweke klawan dhawuh pirang-pirang warna, Ibrahim nuli ngestokake sakehing dhawuh mau, klawan sampurna. Allah ngendika: "Ibrahim! Sira Ingsun dadekake panutaning manungsa". Ibrahim banjur munjuk: "dalah para turun kawula makaten ugi". Allah ngendika: "Janjiningsun ora tumrap marang wong kang padha nganiaya

[125] (Lan sira nyritakna) Nalikane Ka'bah Baitullah Ingsun dadekake pangimpunaning para manungsa lan katentreman apa dene maqam Ibrahim iku padha sira anggo peshalatan (panggonan SHolat), lan Ingsun prentah marang Ibrahim lan Ismail, supaya padha nyucekake padalemaningsun Ka'bah kanggo wong kang padha Thowaf lan wong kang padha I'tikaf lan wong kang padha ruku' lan sujud (sholat)

[126] (Lan sira nyritakna) nalikane Ibrahim munjuk: "Dhuh Pangeran kawula, panggenan punika mugi-mugi Tuan dadosna negari ingkang tata tentrem, punapa dene para tiyang ing negari wau sinten ingkang pitados ing Allah, saha pitado wontenipun dinten Qiyamat, mugi-mugi sami Tuan paringi tetedhan woh-wohan". Allah nuli dhawuh: "lan wong kafir uga Ingsun paringi kabungahan sethithik, banjur Ingsun peksa marang siksa neraka." Ala teman kawusanan kang mengkono mau

[127] (Lan sira nyeritakna) nalikane Ibrahim lan Ismail padha ngedegake temboking Ka'bah Baitullah padha munjuk: "Dhuh Pangeran kawula, Tuan mugi-mugi nampanana dhumateng amal Kawula, saestu Tuan punika Dzat ingkang Priksa Tur Ngudaneni

[128] Dhuh Pangeran kawula. Kawula tiyang kalih mugi sami Tuan dadosaken tiyang ingkang sumarah ing Tuan punapa dene para turun kawula, mugi sami Tuan dadosaken tiyang ingkang sumarah ing Tuan, sarta kawula mugi Tuan paringi seserpan lampahipun pangabekti kawula, saha Tuan mugi kersa nampi tobat kawula. Sayektosipun Tuan punika dzat ingkang nampi tobat saha Maha Asih

[129] Dhuh Pangeran kawula, Tuan mugi ngutus utusan (Rasul) saking bangsanipun dhateng bangsanipun ingkang dhawuhaken ayat TUan, saha nedahaken suraosipun kitab Qur'an, dalah hukum-hukum (kawicaksanaan) dhumateng para kawula, punapadne nucekaken manahipun, saestu Tuan punika Maha Mulya tur Wicaksana

[130] Ora ana wong kang ora dhemen marang agamane Ibrahim kajaba wong kang ora mangerti marang awake dhewe. Ingsun temen wis mili Ibrahim mau ana ing donya lan satemena Ibrahim iku ana akhirat klebu ewone wong becik

[131] Nalika pangeran dhawuh marang Ibrahim: "Sira sumraha!", Ibrahim nuli munjuk: "Kawula sumarah dhateng Pangeraning jagat sedaya

[132] Ibrahim lan Ya'qub padha paring wasiyat agama marang para anak turune: "He anak turunku kabeh, Allah wis milih marang sira kabeh dikersakake padha nglakoni agama, mulane sira aja padha mati, kajaba (mati) ing dalem Islam

[133] (He wong Yahudi) nalikane sedane Ya'qub sira padha ora nekseni, dhek semana Ya'qub ndangu kaantepane anak turune: "Besuk sak pungkurku sira padha manembah sapa?" Anak turune mau padha matur: "Kita sami manembah Pangeran Panjenengan, ugi Pangeraning para leluhur panjenengan, Ibrahim, Islamil, Ishaq lan kita badhe sami sumarah dhateng pangeran wau

[134] Ibrahim lan anak turune mau Ummat kang wis kuna, padha tampa ganjaran sakmurwate barang kang wis padha dilakoni. Dene sira wong Yahudi kabeh iya padha tampa ganjaran sakmurwate barang kang wis sira padha lakoni. Sira ora bakal didangu perkara lakune (tindak wong kang wis kuna mau)

[135] Wong Yahudi lan wong Nashara padha ngucap marang wong mukmin: "Sira padha mlebu agama Yahudi utawa Agama Nasrani mesti sira padha oleh pituduh". (Muhammad) sira maringanan wangsulan: "Kita malah padha nderek agamane Ibrahim, kang akeh lerege bener, lan Ibrahim dudu ewoning wong Musyrik

[136] Sira padha ngucap: "Kita padha percaya ing Allah lan ngestokake samubarang kang wis didhawuhake marang kita lan samubarang kang wis didhawuhake marang Ibrahim lan Ismail lan Ishaq lan Ya'qub lan para anak turune, lan samubarang kang wis didhawuhake marang para Nabi saka Pangerane. Kita ora mbedak-mbedakake siji-sijine Nabi mau, lan kita sumarah ing Allah

[137] Menawa wong Yahudi lan wong Nashara mau padha percaya kaya percayanira, iku mesthi padha oleh pituduh nanging yen padha mlengos mesthi padha tumiba ing cecongkrahan. (He Muhammad!) Allah bakal nylametake (ngedohake) sira saka panggawe alane wong Yahui lan Nashara mau. Allah iku Maha Priksa lan Ngudaneni

[138] (Wong mukmin padha ngucap): "Kita wis padha dibabar klawan babarining Allah, ora ana babaran kang luwih becik tinimbang babarane Allah. Kita padha manembah ing Allah

[139] (Muhammad!) Sira dhawuha, "(Wong Yahudi lan wong Nashara) ya gene sira padha madoni marang kita bab perkara agamane Allah, kang mangka Allah iku Pangeran kita lan Pangeranira. Kita bakal tampa ganjaran ing laku kita, lan sira uga padha tampa samurwate lakumu. Kita padha ngresikake laki kita (ikhlas) marang Allah

[140] Ya gene wong Yahui lan Nashara padha ngucap ngarani Ibrahim lan Ismail lan Ishaq lan Ya'qub lan turuning Israil iku kabeh padha dadi Yahidi lan Nashara. (Muhammad!) Sira dhawuha: "Priksa endi sira karo Allah? Ora ana wong kang luwih nganiaya tinimbang wong kang ngumpetake dhawuhing Allah anggone nekseni, kasebut ing kitab kang ana ing tange wong mau. Allah mesthi ora kasupen samubarang kang padha sira tindakake (lakoni)

[141] Ibrahim lan anak turune iku padha ummat kang kuna, padha tampa ganjaran samurwate barang kang wis padha ditindakake, dene sira wong Yahudi lan Nashara iya padha pikantuk samurwate barang kang wis sira tindakake. Sira ora bakal padha didangu perkara tindake wong kuna mau

[142] Sawenehing wong (Yahudi) kang bodho bakal ngucap: "Apa sebabe (Muhammad lan sahabate) padha ngalih saka qiblat kang wis padha diadhepake salaw-lawase." (Muhammad) sira dhawuha: "Masyriq lan Maghrib iku kagungane Allah, Allah nuduhake wong kang dadi keparenging kersane, dituduhake dalan kang bener

[143] Mengkono uga sira (para ummat Muhammad) padha Ingsung dadekake ummat pilihan, supaya ing mbesuk sira padha neksenana marang para manugsa, (Muhammad bakal nekseni marang sira) dene anggonira ambalekake Qiblat lawas biyen iku supaya weruha wing kang padha kajungkel marang kungkake iku sapa kang banjur ta'at ing Rasul, lan maneh ngolah-ngalihe Qiblat iku pancen abot kajaba wong kang padha oleh pituduhing Allah. Lan Allah ora pisan-pisan bakal ngilang-ngilangake Imanira. Satemene Allah iku Maha Welas lan Asih marang manungsa

[144] Ingsun temen wis nguningani tumenganing rahinira (Muhammad) marang ing langit, mulane sira Ingsun alih madheping Qiblat Ka'bah kang sira senengi. Saiki anggonira Shalat rahinira adhepna ing penahing Ka'bah Masjidil Haram. Ing ngendi anggonira shalat padha ngadhepna rahinira marang pernahing Ka'bah mau. Dene raupaning wong kang padha nyekel Kitab mesthi padha weruh yen madhep ing Ka'bah iku kang nyata terang saka ing Pangerane. Allah ora pisa-pinsa kesupen samubarang kang padha sira tindakake

[145] Saumpama wong kang padha duwe cecekelan Kitab iku sira wenehi sarupaning tandha yekti mesthi padha ora gelem manut kiblatira. Sira uga ora gelem manut kiblate. Wong kang padha duwe cecekelan Kitab mau iya ora gelem manut kiblating salah sawijine. Ing sawise sira katekan wahyu kaweruh, saumpama sira manut karepe wong mau ing kono sira mesthi klebu ewoning wong kang padha nganiaya

[146] Sarupaning wong kang wis padha Ingsung paringi cecekelan Kitab mesthi padha weruh (marang Muhammad) kaya weruhe marang anak-anake, ewodene wong mau ana sagolongan kang ngumpetake barang kang bener, ing mangka wong-wong mau padha mangerti

[147] Barang kang nyata bener iku saka Pangeranira (Muhammad) awit saka iku sira aja dadi ewoning wong kang padha mamang

[148] Siji-sijine ummat padha duwe kiblat dhewe-dhewe, kang padha diadhepake nalikane Sholat, mulane padha balapan (nindakake) kabecikan. Ana ing ngendi bae, Allah (mesthi) ngumpulake sira kabeh. Satemene Allah iku Maha Kuwasa marang samubarang

[149] Saka arah ngendi bae sira metu, mangka adhepna rahinira marang pernahing ka'bah Masjidil-Haram, iya iku kang mesthi nyata terang saka Pangeranira. Allah ora kasupen samubarang kang padha sira tindakake

[150] Lan saka ngendi bae sira metu, mangka adhepna rahinira marang pernahing Ka'bah Masjidil-Haram, lan ana ing ngendi bae pangonanira, sira padha ngadhepna rahinira marang pernahing Ka'bah, supaya para manungsa aja nganti bisa ambantah marang sira kabeh, kajaba wong-wong (ahli Kitab) kang padha nganiaya. Sira aja padha wedi marang wong-wong mau kabeh, nanging wediya marang Ingsun, lan supaya Ingsun nyampurnakake kenikmatan marang sira kabeh, lan supaya sirakabeh padha oleh pituduh

[151] Kaya dene anggoningsun ngutus Rasul (utusan) saka golonganira, Ingsun utus andhawuhake ayatingsun marang sira kabeh, lan nyucekake lan mulang sira Kitab (Qur'an) lan kawicaksanaan, lan mulang marang sira kabeh barang kang durung sira mangerti

[152] Mangka sira padha elinga marang Ingsun, Ingsun iya mesthi eling marang sira kabeh. Lan supaya sira padha syukur marang Ingsun lan aja nganti kafir marang Ingsun

[153] He wong kang padha Mukmin kabeh sira padha nyuwuna pitulung (marang Allah) kelawan sabar lan shalat, satemene Allah iku angantheni wong kang padha sabar

[154] Lan sira aja padha ngarani menawa wong kang dipateni ana ing perang Sabil iku padha mati, nanging dheweke iku padha urip, nanging sira ora padha weruh

[155] Satemene Ingsun mesthi nyoba ing sira kabeh kelawan karibetan sawatara saka kuwatir, lan luwe, lan kekurangan bandha, lan kelangan nyawa, lan kekurangan woh-wohan. Lan sira mbebungaha marang wong-wong kang padha sabar

[156] Yaiku wong-wong kang menawa ketaman bebaya, padha ngucap: "Satemene kita kabeh iku kagunganing Allah lan kita kabeh bakal padha bali sowan marang Pangerane

[157] Wong kang mengkono iku padha pinaringan selawat (pangapura) lan rahmat saka Pangerane, lan wong kang mengkono iku padha pikantuk pituduh

[158] Satemene gungung Shafa lan Marwah iku klebu syi'are (tetengere) Allah. Sapa kang nindaskake Haji ing Baitullah utawa nindakake umrah, mangka ora ana pakewuhe menawa arep mide-midera antaraning gunung loro mau. Dene sing sapa nindakake kebecikan (saka karepe dhewe) satemene Allah iku kang nampa Syukur sarta Maha nguningani

[159] Satemene wong padha ngumpetake barang kang Ingsun turunake saka tandha yekti lan pituduh sawise Ingsun terangake marang para manungsa, ksabut ing kitab Qur'an, wong-wong mau bakal dila'nat (dibendoni) denig Allah, lan disuwunake bendu dening wong akeh

[160] Kajaba wong kang banjur padha tobat, lan banjur ambecikake kelakuwane, lan nerangake barang kang diumpetake mau. Wong kang mengkono iku bakal Ingsun tampa tobate. Lan Ingsun iku rena nampa tobat sarta Maha Asih

[161] Satemene wong-wong kang padha kafir lan padha mati mangka dheweke isih tetap kafire, wong kang mengkono iku bakal padha oleh laknating Allah, lan (laknating) para Malaikat, lan para manungsa kabeh

[162] Dheweke padha langgeng ana ing sajroning laknat, ora bakal padha diparingi kemayaran saka siksane, sarta ora bakal disrantekake

[163] Lan Pangeranira iku Pangeran kang Sawiji, ora ana Pangeran kajaba mung panjenengane piyambak, Kang Maha welas sarta Maha Asih

[164] Satemene ana ing tumitahing langit lan bumi, lan beda-bedaning rina lan wengi lan prahu kang lelayaran ana ing segara kang migunani marang manungsa, lan anggone Allah wis nurunake banyu udan saka langit, banjur dienggo nguripake bumi kang wis mati, lan anggone mratakake udan mau marang sarupaning gegremetan (kewan) ana ing bumi, lan anggone nglakokake angin lan bumi, iku kabeh dadi tandha yekti tumrap wong kang padha gelem mikir

[165] Lan sawenehing manungsa ana kang ngedegake sesembahan saliyane Allah. Wong-wong mau padha seneng ing sesembahan mau kayadene senenge marang Allah. Ananging wong-wong kang padha Mukmin luwih banget senenge marang Allah, lan saupama wong-wong kang padha nganiaya iku padha weruh nalika dheweke padha ndeleng siksa dheweke padha mangerti menawa kekuawatan kabeh iku kagungane Allah piyambak lan satemene Allah iku abot panyiksane

[166] Nalikane wong-wong kang padha diturut padha selak (ora ngakoni) saka wong-wong kang padha manut, lan dheweke padha weruh siksa, lan uga pedhot tetalining paguyuban

[167] Lan ature wong-wong kang padha manut: "Saupami kita sadaya punika sami kenging wangsul dhateng donya malih, temtu kita sadaya badhe selak saking piyambakipun kados piyambakipun selak saking kita sadaya". Mengkono iku Allah meruhake ing wong-wong mau kabeh amale, wong-wong mau padha getun lan ora bisa metu saka ing neraka

[168] He para manungsa! Sira padha mangana kabeh barang kang ana ing bumi kang halal sarta becik, lan sira aja padha manut tinda-tanduking syetan, jalaran syetan iku mungsuh kang terang tumrap sira kabeh

[169] Satemene dheweke perintah ing sira supaya sira padha nindakake laku ala lan panggawe jember, lan supaya sira padha ngucapake ing Allah barang kang sira ora padha mangerti

[170] Lan nalikane wong kafir padha didhawuhi: "Sira padha ndhereka barang kang wis diturunake dening Allah", wong-wong mau padha matur: "Kita sami ndherek punapa ingkang sampun kita panggih, sarta dipun tindakaken deing para tetiyang sepuh sedaya". Dhawuhing Allah: "Apa senajan wong tuwane mau ora padha mangerti apa-apa sarta ora padha oleh pituduh

[171] Lan sanepane (pangajake) wong-wong kang padha kafir iku kaya sanepane (pangon) kang ngundang (khewan kang diengon) ora krungu kajaba mung (suwaraning) undangan lan ajakan. Budheg, bisu, wuta, wong-wong mau ora padha dhuwe akal

[172] He para wong Mukmin kabeh, sira padha mangana sabecik-beciking barang kang uwis Ingsun paringake marang sira, lan padha syukura marang Allah, yen nyata sira iku padha manembah marang Panjenengane

[173] Temen Allah wis nglarangi marang sira kabeh, bathang, lan getih, lan daging celeng, lan kewan kang panyembelehe nganggo nyebut liyane asmane Allah. Dene sing sapa kapeksa ora klawan karepe dhewe, lan ora ngliwati wates; mangka wong mau ora pepatrapan dosa. Satemene Allah iku Maha ngapura sarta Maha Asih

[174] Satemene wong kang padha ngumpetake barang kang wis diturunake dening Allah, banjur padha dienggo tuku kanthi reregan kang sethithik, mangka dheweke ora padha mangan (nglebokake) ing wetenge kajaba mung geni, lan mbesuk dina qiyamat ALlah ora kersa ngendikani wong-wong mau, lan ora kersa ngresikake wong-wong mau, lan bakal padha kapatrapan siksa kang nglarani

[175] Wong-wong kang mengkono iku padha tuku sasar klawan pituduh, lan tuku siksa kelawan pangapura. Mangka saiba sabare wong-wong mau ana ing siksa neraka

[176] Mengkono mau, jalaran Allah wis nurunake Kitab kelawan nyata. LAn satemene wong kang padha nyulayani kitab iku temen wong mau padha ana ing sajroning cecongkrahan kang adoh

[177] Dudu kang aran kebecikan iku anggonira ngadhepake rahinira mangetan lan mengunlon, nanging kang aran becik iku wong kang percaya marang Allah, lan marang Malaikat, lan marang Kitab, lan marang para Nabi, lan menehake bandhane kang banget disenengi marang sanak sedulure, lan marang bocah yatim lan marang wong kang miskin, lan marang wong kang pinuju lelungan (kentekan sangu), lan marang wong padha njejaluk, lan kanggo nebusi batur-batur tukon lan nglakoni shalat lan aweh zakat, lan wong kang padha nuhoni perjanjian menawa padha janji, lan wong kang padha sabar ana ing sajeroning kekurangan lan nandhang kasangsaran lan nalikane wektu perang wong kang mengkono mau kang padha temen-temen, lan wong-wong kang mengkono mau kang padha bekti (ing Allah)

[178] He wong kang Mukmin kabeh! Sira diwajibake males tumrap ing rajapati, Wong merdika dipateni sebab mateni padha wong merdika, kawula padha kawula, wong wadon padha wong wadon. Dene sapa sing diapura sithik dening sadulure kang dipateni, iku wajibe kang ngapura kudu njaluk diyat marang kang mateni kelawan aris, lan kang mateni kudu mbayar tetempuh marang kang ngapura klawan becik. Mengkono iku kemayaran lan kemurahan saka Pangeranira. Mangka sing sapa ngliwati wates, bakal kapatrapan siksa kang nglarani

[179] Lan tumrap sira kabeh ana ing males ukum pati iku panguripan, he wong kang padha duwe akal, supaya sira kabeh padha kereksa (saka ala)

[180] Diwajibake tumrap sira kabeh, yen salah sawijining arep mati, menawa duwe tinggalan bandha supaya wasiat marang wong tuwane loro lan marang para sadulure klawan becik, iku kewajiban tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)

[181] Dene sing sawise krungu wasiyat mau banjur nglirwakake, mesthi dosane tumrap marang kang padha nglirwakake wasiyat mau. Satemene Allah iku Midhanget saha ngudaneni

[182] Sing sapa nguwatirake mbok menawa wong kang wasiyat mau luput anggone wasiyat utawa njarag dosa, wong mau banjur mbecikake wasiyat murih becike sakabehe, wong iku iyo ora dosa. Satemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih

[183] He wong kang padha Mukmin. Sira kabeh diwajibake puasa, kaya para ummat sadurungira. Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah

[184] (Kudu puasa) sawatara dina kang kawruhan cacahe. Dene sira kabeh sing lagi nandhang lara utawa pinuju lelungan, anggone puasa ing liya dina bae sacacahe kang lowong. Dene wong kang padha ora kuwat puasa padha bayar fidhyah bae, iya iku aweh pangan marang para wong miskin. Dene sing sapa nambahi pangabekti gawe kabecikan, iku luwih becik. Lan menawa sira padha puasa iku luwih becik, menawa sira padha mangerti

[185] Sasi Ramadhan iku sasi tumuruning al-Qur'an, minangka dadi pituduh marang para manungsa lan dadi tandha yekti saka pituduh lan mbedakake (barang kang bener saka kang bathal). Dene sira kabeh kang menangi sasi Ramadhan, supaya puasa. Lan sing lagi lara utawa pinuju lungan, supaya angganti puasa ing seje dina. Keparenge Allah supaya gampang anggonira padha nindakake, lan ora gawe rekasa. Lan sira kabeh padha nyampurnakake puasa sacacahe dina sasi Ramadhan, lan sira padha takbira ing Allah anggone Allah wis paring pituduh marang sira, lan supaya sira padha syukur marang Allah

[186] Lan nalikane para kawulaningsun padha matur marang sira (Muhammad) nyuwun pirsa bab sariraningsung, satemene Ingsun iku cedak. Ingsun maringi panyuwune wong kang padha nyuwun, nalikane kalwulangingsun mau padha nyuwun marang Ingsun, mulane padha nyembadanana dhawuh Ingsun, lan padha percaya marang Ingsun, supaya padha oleh pituduh

[187] Ana ing wengine sasi Ramadhan sira padha dikenakake campur (jumbana) karo wong wadonira. Dheweke iku minangka sandhanganira, lan sira iku minangka sandhangan tumrap dheweke. Allah wis nguningani yen sira iku padha cidra marang awakira dhewe. Allah wis paring pangapura marang sira kabeh. Mula saiki sira padha ngumpulana wadonira lan padha ngupaya barang kang wis diwajibake dening Allah marang sira kabeh. Sira padha mangana lan padha ngombea, nganti cetha boleh kang putih saka bolah kang ireng yaiku waktu fajar, tumuli sira nyampurnakna puasanira nganti tekan ing wengi. Lan sira aja ngumpuli wadonira, yen sira pinuju i'tikaf kang mengkono iku larangane Allah, sira aja wani-wani cedhak-cedhak. Kaya mengkono iku Allah nerangake ayate marang para manungsa supaya padha wedi ing Panjenenangenira

[188] Lan sira aja mangan bandhane kancanira kelawan batal (ora semesthine) lan sira padha aweh besel kelawan bandha mau marang Pengadilan, kang pamrihe supaya sira bisa mangan sebagian bandhane liyan kelawan laku dosa, ing mangka sira kabeh padha mangerti

[189] (Muhammad!) para ummatira padha takor marang sira perkara ananing tanggal. Sira dhawuha: "Tanggal iku panengeran wektu tumrap kaperluaning manungsa lan tumrap waktuning Haji". Lan dudu kang aran becik iku anggonira mlebu ing omah saka mburi nanging kang aran becik iku wong kang bekti marang Allah lan padha mlebua ing omah saka lawange bae, lan padha bektiya ing Allah, supaya sira kabeh padha pikantuk kabegjan

[190] Lan sira padha peranga krana ngrungkepi agamane Allah (Sabilillah) marang wong kang padha merangi sira, lana aja padha ngliwati wates. Lan satemene Allah iku ora remen marang wong kang padha ngliwati wates. Lan satemene Allah iku ora rena marang wong kang padha ngliawti wates

[191] Lan sira padha merangana wong kafir kabeh, ing ngendi anggonira ketemu, yen wong kafir mau padha ngusir sira lan sira padha nundhunga saka panggonan kang sira ditundung. Dene fitnah iku luwih banget alane tinimbang perang (mateni). Lan sira aja padha merangi wong-wong mau ana ing Masjidil-Haram, kajaba yen dheweke iku merangi ing sira, sira perangana, kang mangkono iku mau dumunung piwales marang wong-wong kafir

[192] Dene menawa dheweke (wong kafir) mau wis padha mareni anggone kafir, satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih

[193] Lan sira padha merangana wong akfir kabeh, nganti ora ana fitnah maneh, lan nganti agama iku mung marang Allah piyambak. Nanging menawa wong-wong kafir mau padha ora gelem leren, ing kono wis ana sesatron maneh kajaba mung marang para wong kang padha nganiaya

[194] Sasi Haram iku ditimbangi (diganti) kelawan sasi Haram uga, dene barang kang benr iku kudu diajeni iku uga pranataning piwales, Mulane sing sapa nindakake pihala marang sira, saira iya malesa nindakake pihala marang wong mau padha anggone gawe pihala marang sira, lan sira becik wediya marang Allah, lan padha sumurupa yen Allah iku anjangkung marang wong kang padha wedi ing Panjenengane

[195] Lan sira padha nanjakna bandhanira ana ing dedalane Allah (sabilillah) lan aja nibakake (negakake) awakira marang kerusakan, lan sira padha gaweya kebecikan, satemene Allah iku remen marang wong kang padha gawe kabecikan

[196] Lan sira padha nyampurnakake Haji lan 'Umrah krana Allah, dene menawa ana alangane sateru, wajibe sira kudu mbayar dendan lan aja padha nyukur rambutira (ana ana ing sirah) nganti tekan anggonira mbayar dendhan ana ing panggonan alangan mau, dene sira kabeh sing sapa nandhang lara utawa sirahe ana larane, banjur cukura, iku wajib bayar fidyah minangka panebus sarana nglakoni pasa, utawa sidkah, utawa mragad wedhus salah sijine, ing nalika sira padha tentrem; sing sapa nerak larangan sebab wis rampung 'umrahe, nganti tekan naggone haji iku wajib kudu bayar fidhyah (wujud qurban) sabisane, dene yen ora bisa wajib pasa dina sajerone nglakoni haji lan yen wis mulih tekan ing omahe kudu puasa maneh dina, yaiku dumunung puasa dina kang sampurna. Kang mangkono iku tumrap wong kang ora dadi pendhudhuk masjidil Haram. Lan sira padha wediya ing Allah lan sira mangertiya satemene Allah iku banget panyiksane

[197] (Mongsa) Haji iku sasi kang wis kinaweruhan Sing sapa nglakoni rukune Haji ana ing sasi mau, ora kena ngumpuli karo wadone, lan ora kena nerak printah lan ora kena padudon sajeroning nindakake Haji. Dene kabecikan kang padha sira tindakake iku Allah nguningani. Lan sira padha cecawisa sangu, satemene becik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah. He wong kang padha duwe aqal, padha wediya marang Ingsun

[198] Ora disa tumrap sira kabeh padha ngupaya kanugrahaning Pangeranira. Dene yen sira wis padha bali saka Arafah nuli padha nyebuta Asmane Allah ana ing sandhinge Masy'aril Haram lan sira padha elinga marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis paring pituduh marang sira kabeh, kang mongko sadurunge iku sira padha kalebu ewoning wong kang padha kesasar

[199] Nuli supaya sira padha mundhuna (mundura) saka Arafah bareng karo wong akeh, lan padha nyuwuna pangapura ing Allah. Satemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih

[200] Nalikane wis rampung anggonira padha nindakake 'ibadah haji, sira mbanjur nyebuta asmane Allah kaya panyebutira ing bapakira, malah kapara luwih akeh maneh. Sawenehing manungsa ana kang matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan kersa paring kabingahan dhateng kawula wonten ing donya", dene besuk ana ing akherat, wong mau ora pikantuk panduman kabegjan

[201] Lan sawenehing manungsa maneh ana kang matur: "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan kersa paring kesahenan dhateng kawula wonten ing donya, mekaten ugi benjing wonten ing akherat, saha mugi kawula kareksa saking siksaning neraka

[202] Wong kang mengkono mau pikantuk bagian saka barang kang wis katindakake. Dene Allah iku rikat banget pangetunge

[203] Lan sira padha nyebuta asmaning Allah ana ing dina kang cetha wilangane. Dene sing sapa age-age budhal saka ing ara-ara Mina ing dina kang kapindho (dina tasyriq) iku ora dosa, lan sing sapa ngereni (ngakhirake) iya ora dosa tumrap wong kang wedi ing Allah lan sira padha weruha manawa sira kabeh iku bakal disowanake ana ing ngersane Allah

[204] Lan sawenehe manungsa kang rembuge lamis ndadekake gumunira tumrap kauripan ing donya, lan wani neksekake ing Allah mungguh kang ana ing sajeroning atine, nanging satemene wong iku banget anggone musuhan karo sira

[205] Lan barang wong mau wis lunga saka ngarepira, banjur padha tumandang gawe rusak ana ing bumi, ngrusak tetanduran lan turunan. Dene Allah iku ora remen marang wong kang gawe kerusakan

[206] Lan nalika wong mau didhawuhi: "Sira padha wediya ing Allah", nalika iku uga jalaran saka gumedhene marang tumindak dosa, mulane wong mau cukup kacemplungake ing neraka Jahannam, yaiku ala-alaning lemek

[207] Lan sawenehing manungsa ana kang ngedol awake, karana golek karidhaning Allah, Dene Allah iku Maha Welas marang kawulane

[208] He para wong mukmin, sira padha mlebua ana aing agam Islam, ngestokna sabarang pernatane kabeh, lan aja manut dedalane syetan. Satemene syetan iku tetela dadi saterunira

[209] LAn sawise sira padha katekan tandha yekti akeh, manawa sira padha mlengos, sira padha sumurupa, manawa ALlah iku Maha Gagas sarta Wicaksana

[210] Ora liya kajaba mung padha ngadhang-ngadhang, Allah lan para Malaikate bakal nekakake siksa ana ing eyubing mendhung, sarta prakara iku (wis) dirampungi. Lan marang Allah anggone dibalekake sakehing prakara

[211] Sira ndangua marang para turuning Israil: "Wis pira akehing ayat tandha yekti kang wis Ingsun tekakake marang para wong mau? sawise katekan tandha yekti, sing sapa nyalini nikmating Allah (Milih kafir) iku sumurupa yen Allah iku banget panyiksane

[212] Wong kafir padha diiming-imingi (dipaes-paesi) panguripan (kebungahan) donya lan mbanjur padha nggeguyu marang wong-wong Mukmin. Dene wong kang padha bekti ing Allah, besuk dina qiyamat padha ana ing dhuwure wong kafir mau. Allah iku paring rezeki marang wong kang dikersakake tanpa petungan

[213] Manungsa iku asale ummat siji . Allah banjur ngutus para nabi kang padha mbebungah lan ngelingake, lan Allah nurunake kitab kang diampil para nabi mau kelawan nyata kanggo ngukumi para manungsa mau anggone padha pasulayan baba agama, nanging manungsa mau sawise katekan tandha yekti pirang-pirang, ora ana kang pasulayan olok-olokan kajaba mung wong kang wis padha katekan kitab, ing kono Allah nuduhake wong kang padha mukmin kanthi idzining Allah, weruh kafire benere anggone padha pasulayan mau. Allah iku nuduhake dalan kang bener marang kang dadi keparenging kersane

[214] Ya gene sira padha rumongsa bakal mlebu ing Suwarga, kang mangka sira padha ora nandhang cobaning Allah kang ngemperi coba kang disandhang ing para Mukmin sadurungira, ana kang nandhang miskin, lara. Rasul sak kancane para wong Mukmin nganti kewetu pangucape: "Besuk kapan tekane pitulungane Allah?" (Dhawuhe Allah): "Ngertiya, satemene pitulungane Allah iku cedhak

[215] (Muhammad) para ummatira padha matur ing sira: "Kados pundi lampah-lampahipun tiyang badhe darmakaken bandhanipun?", sira dhawuha, "Sadhengaha kang becik kang sira darmakake iku utama, dene kang prayoga didermani iku wong tuwane loro lan sanak sedulure, lan para bocah yatim, para wong miskin, wong miskin, wong kang pinuju lelungan (kentekan sangu)". Dene sadhengah kebecikan kang padha sira tindakake, Allah ngudaneni marang kabecikan mau

[216] Sira kabeh padha diwajibake mangsah perang, kang mongka perang iku tumraping sira nggethingkake lan terkadhang barang kang sira gethingi iku malah becik tumrap sira. Allah iku ngudaneni, dene sira padha ora weruh

[217] (Muhammad) wong Islam padha matur ing Sira perkara bab perang ana ing sasi Haram. Iku sira dhawuha, "Perang ana ing sasi Haram iku dosa gedhe, dene ngalang-alangi marang wong nglakoni dadalaning Allah lan ora percaya ing Allah lan ngalang-ngalangi wong mlebu ing Masjidil-haram saka ing kono, iku mungguhing Allah luwih gedhe maneh dosane". Dene fitnah (panganiaya) iku dosane luwih gedhe tinimbang perang, wong kafir tansah merangi sira, pamrihe manawa bisa supaya sira padha murtad (balik) saka agama Islam, nuli mati kafir, wong kang mangkono iku kelakuane kang becik ilang kabeh ana ing donya lan akherat, dene wong kang mangkono mau padha kecemplung ing neraka, sarta anggone ana ing naraka padha langgeng

[218] Satemene wong mukmin lan wong kang padha pindhah (hijrah) lan kang padha mangsah perang ana ing dalane Allah, wong kang mengkono iku pmau padha nyenyadhong sihing Allah. Dene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih

[219] (Muhammad) para sahabatira padha matur ing sira perkara sajeng (minuman keras) lan ngabotohan. Sira dhawuha, "Sajeroning sajeng lan ngabotohan iku ana dosa gedhe lan ana faedah marang manungsa, dene dosane (bahayane) iku luwih gedhe ngungkuli faedahe". Lan dheweke padha matur maneh (marang sira Muhammad) ing bab barang kang didermakake, sira dhawuha, "Samu barang kang saturahing kebutuhanira". Kaya mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira kabeh padha gelem mikir

[220] Ana ing (perkara) donya lan akherat. Lan maneh dheweke padha matur marang sira (Muhammad) perkara bocah yatim, dhawuha sira: "ngopeni amrih becike bocah yatim iku luwih becik banget", dene yen sira dadekake keluarga bocah yatim iku, dhasar dheweke iku ya sadulurira. Allah iku ngudaneni wong kang gawe rusak, saka wong kang gawe becik (tumrap bocah yatim). Lan saupama Allah kersa ngreksakake ing sira kabeh (mesthi kelakon). Satemene Allah iku Maha Gagah serta Wicaksana

[221] (He wong Islam) Sira aja padha ngrabeni wong wadon Musyrik, kajaba yen banjur Mukmin, yekti sawijine kawula (amat) kang mukmin luwih becik tinimbang wong wadon merdika kang musyrik, senajan nengsemake ing sira kabeh (saka dening ayu rupane). Lan sira kabeh aja padha nikahake (anakira wadon) marang wong lanang musyrik, senajan nengsemake sira kabeh (saka dening gagah lan baguse). Wong kang mangkono iku (wong-wong musyrik) padha ngajak marang neraka, dene Allah iku nimbali marang suwarga lan pangura kelawan idzining Allah, sarta Allah nerangake tandha yekti - tanda yekti marang para manungsa, supaya padha eling marang panjenengane

[222] (Muhammad) para sahabatira padha matur marang sira nyuwun pirsa bab perkara getih haid. Sira dhawuha, "Haid iku rereged, mulane padha nyingkirana saka wong wadonira kang pinuju haid, lan aja padha cedhak-cedhak (ngumpuli) wong wadonira mau, nganti padha resik (suci). Dene yen wis suci sira nekanana marang wadonira miturut kang didhawuhake Allah marang sira kabeh. Satemene Allah iku remen marang wong kang padha tobat, lan remen marang wong kang padha suci (resikan)

[223] Wong wadonira iku tumrape sira, upamane sawah, mulane sira tandurana sawahira sakarepira, lan sira padha andhisikna kabecikan tumraping sira lan padha bektia ing Allah lan padha weruha satemene sira ing tembe bakal padha disowanake ana ngarsane Allah. Lan sira mbebungaha marang wong-wong mukmin

[224] Lan sira padha ndadekake (asmane) Allah ana ing sumpahira, kang ngalang-alangi ing sira menawa arep tumindak becik, lan wediya ing Allah sarta ngrukunake ing antarane para manungsa. Dene Allah iku Maha Midhanget sarta ngudaneni

[225] Allah ora bakal matrapi (nganggep) supatanira kang mung ketlanjur ora kanthi kasedya, ananing Allah bakal matrapi ing sira kabeh kang terus ing atine. Satemene Allah iku Maha Ngapura sarta Maha Aris (sabar)

[226] Wong kang padha supata (Ila') ninggal wadone iku, kena nyrantakake (suwe-suwene) patang sasi, sawise iku manawa dheweke padha gelem balen satemene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Asih

[227] Lan manwa dheweke padha duwe sedya megat (marang wadone) satemene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni

[228] Lan wong wadon kang padha dipegat, iku wajib nyratekake ing awake, ora kena omah-omah sakjeroning telung pasucen (quru') lan ora halal tumrap dheweke manawa ngumpetake (dhelikake) anggone Alalh wis nitahake kang ana ing wetenge, manawa dheweke iku temen-temen percaya (iman) ing Allah lan dina akhir. Lan bojone duwe wewenang ambaleni (ngrujuk) wadone mau ana ing mongsa iku (sajerone 'iddah), manawa dheweke padha gelem tumindak becik (rukun). Lan wong wadon iku nduweni hak kang padha (karo wong lanang) kelawan becik becik, nanging wong lanag ikupadha duwe keluwihan pangkat kang ngungkuli wadone. Dene Allah iku Maha Gagah sarta Maha Wicaksana

[229] Talaq (kang isih kena diruju') iku rong rambahan, sawise iku sira ruju' kelawan becik utawa nguculake babar pisan uga kelawan becik. Lan sira ora bakal njupuk senajan mung sethithik saka pawewehira marang dheweke (raninira), kajaba yen wong sak kelorin iku padha kuwatir bakal ora bisa netepi wates-watese Allah. Manawa mangkono iya ora dosa tumrap wong wadon mbayar tebusane awake dhewe. Mengkono iku wates-watese Allah, sira aja padha nerak (ngliwati). Lan sing sapa nerak wates-watese Allah, iku wong-wong mau padha nganiaya marang awake dhewe

[230] Dene menawa dheweke mau mbanjur megat marang rabine (dadi wus talaq telu) wong wadon mau ora kena dirabeni maneh kajaba yen wis omah-omah karo bojo liyane. Dene yen wis dipegat ing bojo kang kapindho mau, ora ana pakewuhe omah-omah (balen) karo bojone lawas, semono iku yen padha duwe pangira yen bakal padha netepi ing wates-watese Allah. Mengkono iki wates-watese Allah. Panjenengane nerangake marang para kaum kang padha mangerti

[231] Lan nalikane sira padha megat ing wong-wong wadon (rabinira) mangka wis cedhak mangsane 'iddah, iku sira mengkuwa maneh kelawan becik utawa uculna uga kelawan becik, lan pamengkunira marang wong wadon mau aja kelawan sumedya gawe sengsara, nandukake piala. Dene sing sapa nglakoni penggawe mangkono mau mesthi nganiaya marang awake dhewe. Lan sira aja nganggo geguyon marang ayat-ayating Allah, lan padha elinga marang nikmating Allah kang wis diparingake marang sira lan padha elinga Kitab (Qur'an) sarta hikmah kang wis diturunake dening Allah marang sira minangka piwulang marang sira. Lan sira padha wediya ing Allah lan padha sumurupa manawa ALlah iku Maha Ngudaneni samubarang kabeh

[232] Menawa sira padha megat para wadonira, mongka siwadon wis rampung waktu wawangene, aja sira angalang-alangi yen arep padha laki bojo-bojone, manawa sakarone wis padha trimane, kalawan cara kang becik, mangkono iku kanggo mituturi sira sapa sing angestu ing Allah lan dina akhir, mangkono iku tumrape sira luwih makolehi lan luwih resik, lan Alah iku ngudaneni lan sira iku padha ora weruh

[233] Para biyung (kang wis di talaq) iku supaya padha nusoni anake suwene genep tahun, tumrap wong kang nyampurnakake pasuson lan wajib tumrap bapa aweh sandhang lan pangan sak kuwasane marang rabine, ora ana wong kang dipeksa kajaba mung sak kuwasane lan biyung ora kena di peksa (nusoni) anake lan mangkono uga ora kena dipeksa (ngragadi) anake kajaba mung sakkuwasane, lan wabjibing waris mengkono uga. Dene yen bapa lan biyung sakarone wis golong rembuge arep nyapih bocah mau, iku ora ana pakewuhe. Dene yen sira arep nginyakake anakira, manawa sira bayar waragad kang sira saguhake kelawan becik, iya ora ana pekewuhe. Sira padha wediya ing Allah lan padha sumurupa yen Allah iku Ngudaneni marang samubarang kang sira tindakake

[234] Dene wong kang mati saka sira kabeh sarta padha ninggal bojo, wajib tumrap siwadon mau nyrantekake awake (ora kena omah-omah) lawase sasi dina. Dene manawa wis rampung 'iddahe sira ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone wong wadon mau padha memaesi awake dhewe. Dene Allah iku Maha Waspada marang barang kang sira tindakake

[235] Lan sira ora padha kaptrapan dosa tumrap anggonira nglamar wong wadon (kang isih ana ing sajeroning 'iddah) kelawan pasemon, utawa mung sira bathin ana ing sajeroning atinira. Allah nguningani manawa sira bakal padha nglahirake krenteging atinira marang wong wadon mau, nanging sira aja mrasajakake dhisik anggonira duwe karep ngrabeni wong wadon mau, kajaba yen sira mung nglahirake tembung pasemon kang becik iku kena. Lan sira aja padha netepake 'akad (waktu) nikah, nganti yen wong wadon mau wis rampung 'iddahe, lan sira padha sumurupa manawa Allah iku Ngudaneni barang kang ana ing atinira, jalaran saka iku sira padha ngati-atiya. Lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Welas

[236] Ora dosa tumrap sira kabeh megat marang wong wadon sadurunge kumpul (jumbana) utawa sadurunge sira nemtokake maskawine, lan sira aweha bebungah marang wadon mau kelawan becik. Tumrap wong sugih sak kuwate lan tumrap wong mlarat uga sak kuwate, iku tetep kewajiban tumrap wong kang padha nindakake kebecikan

[237] Lan manawa sira padha megat ing wadon sadurunge sira kumpuli, nanging sira wis tentokake maskawin tumrap dheweke, sira (wajib bayar) separoning mas kawin kang wis sira temtokake mau. Kajaba yen rabinira utawa wong lanang kang nguwasani bundhelaning nikah wis padha trima. Dene yen sira padha gelem aweh kemurahan iku nyaketake marang wedi ing Allah. Lan sira aja nglalekake kabecikan antara nira kabeh. Satemene Allah iku mriksani barang kang sira tindakake

[238] Sira padha ngreksaha nindakake shalat, lan shalat kang tengahan sarta sira padha ngadega ngestokake (kabeh dhawuhe) Allah

[239] Lan menawa sira padha kuatir, sira kena shalat karo mlaku utawa nenunggang. Dene yen sira wis tentrem, sira padha nyebuta Asmane Allah kaya kang wis diwulangake marang sira kabeh dening Allah barang kang sira sumurupi

[240] Sing sapa ngarepake mati saka sira kabeh padha bakal ninggal bojo, wong mau supaya wasiyat marang bojone, minongko aweh bebungah (sandhangan lan pangan) suwene setahun, sarta ora nundhung dheweke saka omahe. Dene manawa wong wadon mau metu saka omahe miturut karepe dhewe, sira (wali ) ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone deweke wis padha mbebecik (memaesi) ing awake dhewe. Dene Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana

[241] Lan wong wadon kang padha dipegat, padha oleh bebungah saka kang lanang sak kuwasane. Iku kewajiban tetep tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)

[242] Koyo mengkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha mikir

[243] Apa sira durung weruh (ceritane) wong Bani Israil kang cacahe ma-ewu-ewu kang padha ngungsi ninggal negarane kuwatir mati dening lelara, nuli Allah paring pangandika, "Sira padha matiya kabeh.", sak wuse iku Allah nguripake ing dheweke. Satemene Allah iku kagungan kanugrahan marang para manungsa, nanging akeh-akehe manungsa padha ora gelem syukur

[244] Lan sira padha mangsaha perang ana ing dalane Allah, (perang sabil) lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Midhanget saha Maha Ngudaneni

[245] Sing sapa wonge ngutangi ing Allah kelawan piutang kabecikan Allah mesthi nikeli marang wong-wong mau, piwalese tikel pirang-pirang. Dene Allah iku kang nampi lan kang nggelar peparinge, lan sira kabeh bakal padha disowanake marang panjenengane

[246] Apa sira (Muhammad) durung weruh cerita lelakone bani Israil sawise Nabi Musa? Nalika padha matur marang Nabine "Panjenengan mugi jumenengaken raja kangge kita sadaya, supados kita perang sabilillah". Nabine nuli ngandika, "Manawa sira padha didhawuhi perang gek mengko sira kabeh ora padha ngestokake tumindak perang?". Wong-wong bani Israil mau matur maneh: "Kenging punapa kita sami mboten purun ngestokaken tumindak perang sabilillah, mongka kita sampun kalajeng dipun tundhung saking negari kita, (kapisah) saking anak-anak kita." Bareng wong Bani Israil mau kaleksanan padha didawuhi perang, dheweke padha mlengos, kajaba mung sethithik. Dene Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya

[247] Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: "Temen Allah wis ngutus ing Thalut dadi raja tumrap sira kabeh". Wong Bani Israil mau mbanjur matur, "Kados pundi dene pun Thalut teka dados ratu mrentah dhumateng kita, kang mangka leresipun kita punika langkung prayogi dados ratu tinimbang Thalut mboten diparingi sugih arta". Pangandikane Nabi, "Satemene Allah wis milih Thalut ngratoni lan mrintah ing sira kabeh, lan Allah nambahi jembaring kaweruhe marang ilmu, kerato, sarta sembadaning badane, Allah iku maringake keratone marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene Allah iku Maha Jembar sarta Ngudaneni

[248] Nabine wong Bani Israil mau dhawuh maneh: "Satemene kang dadi tandha yekti yen Thalut iku dikersakake dadi Raja iku bakal ana pethi teka mrene, isi sakinah (katentreman) saka Pangeranira. lan isi pusaka tetinggalan keluargane Nabi Musa lan keluargane Nabi Harun, dipikul dening para Malaikat. Satemene kang mengkono mau dadi tandha yekti tumrap sira kabeh, yen nyata sira iku padha percaya

[249] Bareng Raja Thalut miyos ngangsahake wadyabalane, paring pangandika mangkene, "Satemene Allah kersa nyoba marang sira kabeh sarana (banyune) bengawan. Sing sapa ngombe banyu bengawan mau, ora bakal dadi kancaku, kajaba wong kang mung nyuwuk banyu nganggo tangane". Para wadya bala mau nuli padha ngombe saka bengawan, kajaba mung sethithik kang ora ngombe. Bareng Raja Thalut sak balane kang padha mukmin wis nyabrang ing bengawan wong kang padha ngombe ing bengawan mau padha matur, "Ing dinten punika kita sadaya mbiten saged badhe nanggulangi perangipun Raja Jalut sak wadyabalanipun". Dene wong kang padha percaya yen bakal padha suwan ing ngarsane Allah padha matur, "Akeh golongan sethithik bisa nglindhih (ngalahake) golongan akeh kelawan izining Allah. Dene Allah iku jangkung marang wong kang padha sabar

[250] Bareng Raja Thalut saka balane wis adhep-adhepan karo Raja Jalut sak balane, Raja Thalut sak balane banjur nyuwun marang Allah, "Dhuh Allah, panjenengan mugi ngestokaken kesabaran ing manah kawula, sarta mugi netepaken delamakan kawula, lan mugi paring pitulungan dhumateng kawula ngawonaken dhateng sedaya tiyang kafir

[251] Awit saking pikantukidining Allah, Raja Thalut sak balane bisa menang, ngusir Raja Jalut sak balane, lan Dawus bisa mateni Jalut, lan Allah maringi kraton sarta kawicaksanaan marang Dawud sarta maringi pirsa barang kang dadi keparengen kersane marang Dawud. Saupama Allah ora nulak para manungsa kelawan sak wenehe, mesthi bumi iki rusak. Ananging Allah iku kagungan Kanugrahan marang wong alam kabeh

[252] Kang mangkono iku ayat-ayate Allah. Ingsun dhawuhake marang sira Muhammad kanthi temen. Lan satemene sira iku klebu ewoning para Rasul

[253] Para rasul iku ana kang sawertara ingsung paringi kaluwihan ngungkuli liyane. Sawenehe para rasul ana kang Ingsun paringi kaluwihan ngungkuli liyane. Sawenehe para Rasul ana kang Ingsun lilani imbal wacana lan ana sawenehe maneh kang dijunjung pangkate dening Allah pirang-pirang tingkat ngungkuli karo liyane. Lan Ingsun maringi marang 'Isa putrane Maryam pirang-pirang tandha yekti, sarta Ingsun ngukuhake kelawan roh suci (Jibril). Lan saupama ana kersane ALlah, Manungsa iku mesthi padha paten pinaten sawise para Utusan, yaiku sawise ketekan tandha yekti, nanging wong-wong mau padha pasulayan panemune. Sawenehe ana kang percaya lan sawenehe maneh ana kang kafir. Lan saupama dadi keparenging kersane Allah, mesthi dheweke padha ora paten pinaten, nanging Allah iku nindakake kang dadi keparenging kersane

[254] He wong mukmin kabeh, sira padha darmakna saka barang kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, sadurunge tekan ing dina kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana memitran lan syafa'at . Dene wong-wong kafir iku padha nganiaya

[255] Allah, ora ana Pangeran Kang sinembah kajaba mung panjenengane Piyambak kang Sugeng sarta kang jumeneng Pribadi. Allah iku ora nate ngantuk lan sare, Allah iku kagungan samu barang isining langit lan isining bumi kabeh. Ora ana wong kang bisa aweh syafa'at ana ing ngarsane Allah, kajaba pikantuk idzine. Allah iku Nguningani samu barang kang ana ing ngarep lan sakburine wong-wong mau. Dheweke iku ora ana kang bisa nglimputi sathithik wae saka 'ilmune Allah, kajaba yen dadi keparenge Allah. Jembare kursine Allah iku amot langit lan bumi. Panjenengane ora rekaos anggone ngreksa sakarone (langit lan bumi). Dene Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung

[256] Ora ana peksan ana ing agama. Satemene pituduh lan sasar iku wis genah bedane. Dene sing sapa kafir marang brahala sarta percaya ing Allah, iku yekti wis gondhelan tali kang kukuh ora bakal bisa pedhot. Dene Allah iku Maha Midanget tur Ngudaneni

[257] Allah iku pangayome para wong kang padha Mukmin. Panjenengane ngetokake wong-wong mau saka pepeteng marang pepadhang. Dene wong kang padha kafir iku kang dadi pengayome iya iku berhala, kang ngetokake dheweke saka pepadhang marang pepeteng. Wong-wong kang mangkono iku padha ana ing neraka tur padha langgeng

[258] (Muhammad) apa sira durung sumurup ceritane Namrud? Dupeh diparingi keraton dening Allah banjur madoni marang nabi Ibrahim ing bab Pangerane. Nalika samana Nabi Ibrahim ngandika, "Pangeranku, yaiku kang paring urip lan kang mateni", Raja Namrud nuli mangsuli, "Aku uga bisa nguripi lan bisa mateni". Nabi Ibrahim ngendika maneh, "Satemene Allah iku bisa nglakokake (mlethekake) srengenge saka wetan, mara sira nglakokna (mlethekna) srengenge saka kulon". Wong-wong kafir mau banjur padha judheg. Dene Allah iku ora pisan-pisan kersa paring pitedah marang wong kang padha nganiaya

[259] Utawa (apa sira durung sumurup) lelakone 'Uzair, kang liwat ana ing negara kang gedhong-gedhonge wis padha ambruk? 'Uzair mau celathu, "Kepriye Allah anggone bakal nguripake maneh barang kang wis mati mengkene iki". Sanalika Allah mbanjur mateni 'Uzer sajrone tahun lawase. Sawise tahun, Allah nguripake 'Uzair maneh, Allah mbanjur dangu marang 'Uzer, "Wis pira suwene anggonmu leren ana ing kene?", 'Uzair banjur munjuk, "Anggen kawula kendel wonten ing ngriki saweg sadinten utawi kirang", Allah nuli ngendika, "Anggonira leren ana kene wis tahun lawase, mara sira ndelenga sangunira pangan lan omben-ombenira, kabeh padha durung owah (mambu), lan sira ndelenga Khimar-ira (kang wis padha remuk), apadene sira ndelenga anggoningsun nguripake balunging Khimar mau. Ingsun wenehi daging". Bareng kang mengkono mau wis kenyataan kasat mata ing 'Uzair, dheweke mbanjur munjuk, "Sak punika kula sampun sumerep (lan pitados), saestu Allah punika nguwaosi dhateng samu kawis

[260] (Muhammad) (Sira nyritakna) nalikane Nabi Ibrahim matur Pangerane, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan paring pitedah dateng kawula kaliyan kasat mripat, anggen panjenengan nggesangaken tiyang ingkang pejah", Allah paring dhawuh, "Apa sira durung percaya?" Nabi Ibrahim matur maneh, "Inggih sampun pitados, nanging supados manah kula punika tentrem", Allah mbanjur ngandika, "Sira njupuka manuk papat, banjur cecumbunen (sarta jejuwingen) sira banjur ndokokna ing sabne-saben gunung sebagian saka manuk-manuk mau nuli undangen, mesthi bajur padha nekani ing sira kalayan rikat. Lan sira sumurupa, satemene Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana

[261] Sanepane wong kang padha dermakake bandhane tumanja ana ing dalane Allah (sabilillah) iku umpamane kaya dene sanepane wiji sak elas kang nukulake wuli, ing dalem sak wuline isi wiji. Allah iku nikelake (ganjaran) marang wong kang dikersakake. Lan Allah iku Maha Jembar sarta Maha Nguningani

[262] dene wong kang padha darmakake bandhane tumanja ana ing dalane Allah (sabilillah), kang mongka anggone dermakake mau ora dikantheni pengundhat-undhat lan ora nglarakake ati, wong mau bakal nompa ganjarane ana ing ngarsane Pangerane, lan dheweke padha ora kawatir sarta ora susah

[263] (Nulak wong jejaluk kelawan) tembung kang aris lan pangapura, iku luwih becik tinimbang weweh kang banjur mawa tetembungan kang nglarakake ati. Dene Allah iku Maha Sugih lan Maha Sabar

[264] He para wong mukmin, sira aja padha ngrusak darmanira kelawan pangundhat-undhat lan ngelarakake ati, iku kaya wong darmakake bandhane murih dialem manungsa, lan ora percaya marang Allah lan dina Qiyamat. Sanepane wong kang kaya mangkono iku kaya upamane watu kang alus ana bleduge, banjur kodanan deres, kang mesthi mbanjur resik kari watune. Wong mau ora bisa nguwasani sethithik-thithika marang kebecikan kang wis ditindakake. Sateme Allah iku ora kersa nuduhake marang wong kang padha kafir

[265] Dene sanepane wong kang dermakake bandhane murih keparenging Allah kanthi keyakinan kang tetep ana ing atine, iku sanepane pakebonan kang lemahe geneng (dhuwur) kodanan deres, ing kono mbanjur ngetokake wulu pametu tikel loro tinimbang pakebonan liyane. Dene yen ora kodanan iya mung riwis-riwis wae. Allah iku Maha Mriksani ing samu barang kang sira tindakake

[266] (He wong kang padha riya' ) Sira apa padha seneng duweni kebon kurma lan anggur, kang ngisore ana kaline mili, sarta nduweni sarupane woh-wohan (wulu pametu) isining kebon mau, kang duwe kebon mau tumeka pikun iya duwe turun, nanging padha apes ora bisa ngopeni kebonne mau. Pakebonan mau mbanjur ketrajang prahara mawa geni, wasana mbanjur kobong, Mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha gelem mikir

[267] Para mukmin kabeh, sira padha nanjakna (ndermakna) saka bandha kang becik-becik anggonira nyambut gawe, lan wulu pametune bumi kang wis Ingsun parengake marang sira kabeh. Bandha mau aja sira pilihake kang ala (tampikan) kang mongka sira ora gelem njupuk kang ala mau kajab yen panjupukira kanthi merem, lan sira padha sumurupa satemene Allah iku Maha Sugih sarta Maha Pinuji

[268] Syetan memedeni Sira, bakal kemlaratan sarta printah nglakoni ala. Dene Allah paring janji pangapura lan Kanugrahan marang sira. Allah maha Jembar sarta Maha ngudaneni

[269] Allah paring kawicaksanan marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene sapa wonge diparingi kawicaksanan, iku temen diparingi kabecikan kang akeh. Ewadene ora ana kang ngelingi kang mengkono mau kajaba wong kang padha duwe akal

[270] Dene sakehing barang kang sira dermakake utawa barang kang sira nggo nuhoni nadzarira (sedya), satemene Allah iku Ngudaneni. Dene wong kang padha nganiaya iku ora bakal pikantuk pitulung

[271] Menawa sira padha ngatonake anggonira ndermakake bandhanira iku becik uga, dene manawa sira padha nyidhem lan sira dermakake marang para wong fakir (mlarat) iku luwih becik maneh tumrap sira kabeh. Lan Allah bakal nutupi ing sakehing tindakira kang ala. Dene Allah Maha Waspada marang barang kang sira tindakake

[272] Dudu kewajibanira (Muhammad) nuduhake wong-wong kafir, nanging Allah piyambak nuduhake marang wong kang dikersakake. Lan barang kang sira dermakake saka kebecikan, ganjarane marang sira dhewe. Dene anggonira dermakake bandhanira aja mawa pamrih kajaba ngarep-arep (ngupaya) karidhane Allah. Dene anggonira dermakake bandhanira kang becik, iku ganjarane bakal diparingake marang sira, lan sira ora bakal dianiaya

[273] (Paweweh utawa sidkah) mau diparingake marang wong fakir, kang padha perang ing dalane Allah (sabilillah), padha ora bisa lumaku ngupaya pangupa jiwa ana ing bumi. Wong kang padha ora weruh padha ngira yen wong iku padha sugih, marga ketara anggone padha perwira (ora gelem njejaluk) sira weruh yen wong mau temen padha miskin, padha ora gelem njejaluk marang manungsa. Dene anggonira padha dermakake saka barang kang becik iku satemene Allah Maha Ngudaneni

[274] Dene wong kang nanjakake (ndermakake) bandhane ana ing wayah bengi lan awan, kelawan delikan lan ngedheng, wong mau bakal padha tampa ganjaran ana ngarsane Pangerane, lan ora duwe rasa kuwatir apa-apa sarta padha ora duwe rasa susah

[275] Wong kang padha mangan riba (keladuk) ora bakal padha tangi (saka kubur) kajaba kaya tangine wong kang kranjingan syetan, jalaran owah akale, mangkono iku amarga wong padha matur, "sayektos sade-tinumbas punika sami kemawon kaliyan riba", Allah ngendika, "Allah nglilani marang wong kang dol-tinuku, sarta nglarangi (ngaramake) riba". Dene sing sapa pikantuk piwulang saka Pangerane, dhweke mbanjur gelem mareni (ngestokake), iku barang kang wis kebacut mau bakal diapura, mungguh bab pangapurane iku konjuk ing Allah. Nanging sing sapa mbanjur bali maneh (ngribakake) wong kang mangkono iki padha duweni neraka lan padha langgeng ana ing kono

[276] Allah nyirnakake berkahing riba lan nikelake berhaing sadaqah. Dene Allah iku ora remen marang sakehing wong kang padha kafir tur dosa

[277] Satemene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kabecikan sarta padha nindakake (ngedegake) sholat lan padha mbayar zakat, bakal padha nampa ganjaran saka ngarsane Pangerane lan ora duwe rasa kuwatir sarta susah

[278] Para Mukmin kabeh, sira padha bektia ing Allah, lan nyingkirana kekerane riba, manawa sira padha percaya

[279] Dene yen sira ora padha ngestokake, sira padha weruh menawa Allah lan Utusane bakal merangi sira kabeh, Nanging yen sira padha gelem taubat, sira padha lestari nduweni pokoking bandhanira, (dadi) sira padha ora nganiaya lan ora bakal dianiaya

[280] Dene menawa ana wong mlarat nandhang utang, iku sira wajib kudu nyrantekake nganti tekan bisane nyaur. Ewadene yen potangira mau mbanjur sira wnehake (lilakake) iku luwih becik, yen sira weruh iku becik sira tindakna

[281] Lan sira padha wediya ing dina (Qiyamat), ing kono sira padha disowanake marang ngarsane Allah, nuli siji-sijining awak padha diwales miturut kang padha ditindakake lan dheweke ora bakal dianiaya

[282] Para wong mukmin kabeh, menawa risa padha nyambut gawe nganggo potang sarta wis tekan semayane, padha sira tulisen. Dene para jurutulis nulise perjanjianira kelawansak benere (adil), lan maneh jurutulis aja emoh panulisa miturut dhawuhe Allah kang tumrap marang jurutulis mau, mulane tulisan sak perlune. Dene wong kang nandhang utang, ngrungokna unining tulisane, lan bektiya ing Allah, yen nganti nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi utange senajan mung sethithik. Dene manawa wong apes utawa ora bisa ngrungokake, iku waline bae ngrungokna kelawan sak benere. Lan padha neksekna anggonira potang mau nganggo seksi loro kang padha lanange, dene yen saksi mau ora ana wong lanang loro, kena nganggo wong lanang siji sarta wong wadon loro kang padha kena dadi saksi supaya yen saksi kang siji lali, seksi sijine mbanjur ngelingake marang seksi liyane. Para seksi aja emoh yen padha diundang, lan aja bosen nulis barang kang padha sira sekseni, utang mau cilik gedhe tulisna wektune semaya. Mungguhing Allah, utang nganggo ditulisi iku luwih dening bener lan nulung banget marang jejeging seksi, apa dene cedhak banget marang ilaning kamamanganira, kajaba yen dagangan kang diadhep sarta anggonira, tampan tinampan kelawan kenceng iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi jurutulis lan seksi padha ora magepokan perkara iku, ewadene manawa sira padha dol-tinuku prayogane padha neksekna. Dene manawa sira padha nerak larangan mau sira padha dadi wong fasiq lan sira padha bektia ing Allah. Allah wis maringi sumurup ing sira kabeh, dene Allah iku Ngudaneni marang samu barang

[283] Lan manawa sira ana sajeroning lelungan, kang mangka sira ora pikantuk jurutulis, kena nganggo cecekelan (gadhen) kang tinampanan. Dene menawa sawenehira percaya marang liyane, wong kang dipercaya mau nuhonana mbalekake barang kang dipercayakake, lan bektia ing Allah Pangerane, apa dene anggonira njlentrehake dadi seksi aja nganggo ngumpetake anggonira nekseni iku atine dosa. Dene Allah iku Ngudaneni marang barang kang sira tindakake

[284] Samu barang kang isining langit lan bumi iku kagungane Allah. LAn manawa sira padha nglahirake barang kang ana ing sajeroning atinira utawa sira padha nyamarake iku, yekti Allah bakal ngetung ing barang iku marang sira kabeh. Nuli Allah ngapura marang wong kang dikersakake lan nyiksa marang wong dikersakake. Dene Allah iku Nguwasani marang samu barang

[285] Utusan (Rasul) iku percaya marang samu barang kang wis diturunake saka Pangerane marang dhweke, lan para wong Mukmin uga padha percaya. Kabeh mau padha percaya ing Allah lan malaekate lan kitab-kitabe lan para Utusane. Dheweke matur: "Kita sayada mbiten mbedak-mbedakaken antawisipun para Utusaning Allah", sak banjure matur maneh, "Kita sami sampun mireng tuwin sami ngestokaken, dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan ngapunten dhateng kita sadaya lan namung dhateng ngarsa Panjenengan piyambak kita sadaya badhe sowan

[286] Allah ora kersa meksa marang sawijining badan, kajaba mung sak kuwate. Awak mau bakal tampa ganjaraning kabecikan kang wis ditindakake lan uga bakal nyangga patraping keluputan kang wis ditindakake. (He Kawulaningsun) sira padha munjuka, "Dhuh Pangeran kawula, menawi kawula kasupen utawa boten njarak, Panjenengan mugi sampun matrapi dhumateng kawula. Dhuh Pangeran kawula, panjenengan mugi sampun ngawrataken sesanggen kawula kados anggen panjenengan momoti sesanggen dhateng para ummat sak derengipun kawula. Panejengan mugi sampun momoti kawula barang ingkang kawula mboten kiya. Panjenengan mugi-mugi nyirnakaken kalepatan kawula, saha mugi kersa paring pangapunten dhumateng kawula, tuwin mugi paringa Asih dhumateng kawula. Panjenengan punika pangayom (bendara, Gusti) kawula, awit saking punika mugi-mugi panjenengan kersa paring pitulung dhumateng kawula, ngawonaken dhateng tiyang kafir sadaya

Ali 'Imran

Surah 3

[1] Alif Lam Miem

[2] Panjenengane Allah, ora ana Pangeran Kang sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, Kang Sugeng sarta Kang Jumeneng Pribadi

[3] Panjenengane wis nurunake kitab Qur'an kelawan bener, kang nemenake marang kitab sak durunge, lan panjenengane uga wis nurunake kitab Taurat lan Injil

[4] Diturunake sak durunge Quran, minangka dadi pituduuh marang manungsa, lan panjenengane nurunake Furqan (kang misah antarane barang kang bener saka kang luput). Satemene wong kang padha maido ing ayat-ayate Allah iku dheweke bakal kapatrapan sika kang abot. Dene Allah iku Maha Mulya sarta kagungan siksa kang abot

[5] Sak temene Allah ora kasamaran anggone nguningani samu barang kang ana bumi lan kang ana langit

[6] Panjenengane kang nemtokake rupanira ana pranakaning biyung miturut keparenging kersane. Ora ana Pangeran kang sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, kang Maha Gagah sarta Maha Wicaksana

[7] Panjenengane kang nurunake kitab Qur'an marang isra (Muhammad), ing kono ayat-ayat cetha, yaiku dadi baboning (baku = pokok) kitab lan ana uga liyane ayat-ayat kang madha rupa. Dene wong kang atine menceng banjur padha manut ayat kang surasane madha rupa mau, pamrihe dienggo fitnah lan murih disurasa sakarepe dhewe. Ing mangka ora ana kang bisa mangerti surasane ayat kang sarupa mau, kkajaba mung Allah piyambak. Dene wong kang padha kukuh kaweruhe padha matur: "Kita sami pitados dhumateng Qur'an, sadaya punika terang saking ngarsanipun Allah Pangeran kita". Lan ora padha gelem eling kajaba mung wong kang duwe 'akal

[8] Dhuh Pangeran kita, mugi-mugi Panjenengan sampun mlencengaken manah kula sak sampunipun Panjenengan nedahaken dhateng kita. Mugi-Mugi Panjenengan maringi dhumateng kita, rahmat saking ngarsa Panjenengan. Sayektos, Panjenengan punika Pangeran Ingkang Maha Peparing

[9] Dhuh Pangeran kita, yektos Panjenengan punika ingkang ngimpun sadaya manungsa wonten ing dinten ingkang mboten mamang-mamang malih (qiyamat). Saestunipun Allah punika boten badhe nyulayani janji

[10] Satemene wong kang padha kafir iku bandhane lan anak-anake ora bakal bisa nulak saka siksane Allah seththik-thithika. Wong kang mangkono iku bakal padha dadi uru-urubing neraka

[11] Kaya adat sabene kawulawargane Fir'aun lan wong kang sadurunge, iku padha anggorohake ayat-ayat Ingsun. Allah mbanjur nyiksa marang wong-wong mau jalaran saka dosane. Dene Allah iku abot panyiksane

[12] Dhawuha sira (Muhammad) marang wong kang padha kafir, "Sira kabeh bakal padha dikalahake lan bakal padha digiring marang naraka Jahannam, iya iku ala-alaning lemek

[13] Yekti sira wis padha duwe tandha yekti, yaiku wong rong golongan kan padha adhep-adhepan perang (nalika perang ana ing Badar) kang sagolongan ana ing dedalane Allah (sabilillah) dene kang sagolongan liyane wong-wong kafir. Wong kafir mau ndeleng golongane wadyaba Islam kelawan pandeleng matane akehe tikel loro. Dene Allah iku ngukuhake kelawan pitulunge marang wong kang dadi keparengen kersane. Sak temene kang mangkono iku dadi tepa tuladha tumrap wong kang padha duwe pikir

[14] Manungsa iku dipaesi demen sarupane pepenginan, yaiku: wanita lan anak-anak lan raja brana kang akeh saka mas lan salaka lan jaran kang becik lan raja kaya lan tetanduran. Mangkono oku kesenengan panguripan donya. Dene Allah iku kagungan becik-beciking papan kanggo bali

[15] Dhawuha (Muhammad): "Apa sira kabeh gelem padha dak wenehi weruh barang kang luwih becik ngungkuli kabeh mau? Yaiku tumrap wong kang padha bekti (ing Allah) iku besuk ana ing ngarsane Allah Pangerane bakal padha duweni suwarga kang ing ngisore ana kaline mili, anggone manggon ana ing suwarga padha langgeng lan duweni bojo kang padha suci padha oleh karidhaning Allah. Dene Allah iku mirsani para kawula

[16] Yaiku wong-wong kang padha matur, "Dhuh Pangeran kita, saestu kita sami pitados. Panjenengan mugi paring pangapunten dosa-dosa kita tuwin mugi ngreksa kita saking siksaning neraka

[17] Yaiku wong-wong kang padha sabar, padha temen, padha ngabekti, padha gelem dermakake bandhane, lan padha nyuwun pangapura ana ing wayah lingsir wengi

[18] Allah wis nyekseni, yen satemene ora ana Pangeran kang wajib sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, lan para malaekat lan para wong kang padha duwe kaweruh (uga wis padha nyekseni), Allah iku jumeneng kelawan 'adil. Ora ana Pangeran kang wajib sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak kang Maha Gagah lan Maha Wicaksana

[19] Satemene agama (kang bener) mungguhing Allah iku mung Agama Islam. Lan ora padha pasulayan wong-wong kang wis padha diparingi kitab kajaba sawise ketekan 'ilmu, pamrihe mung drengki panasten ana ing antarane wong-wong mau. Dene sapa kang maido ing aat-ayate Allah, satemene Allah iku rikat pengetunge

[20] Menawa wong kafir padha mbantah ing sira (Muhammad) sira mbanjur paringa wangsulan, "Aku wis masrahake marang Allah lan wong manut ing aku (uga wis padha masrahake)" Lan dhawuha (Muhammad) marang owng-wong kang padha diparingi kitab lan marang wong-wong kang bodho, "Apa sira kabeh padha gelem nganut agama Islam?", Manawa dheweke wis padha nganut agama Islam, yekti dheweke iku padha oleh pituduh. Dene Menawa dheweke padha mlengos, satemene kewajibanira iku mung nekakake (da'wah). Allah iku Maha Mriksani marang para kawulane

[21] Satemene wong-wong kang padha kafir ing ayat-ayate Allah kang padha merjaya para Nabi kelawan ora bener lan kang padha mateni wong-wong kang padha printah marang para manungsa supaya tumindak 'adil. Awit saka iku sira mbebungaha marang wong-wong mau kelawan siksa kang lara

[22] Wong-wong kang mangkono iku padha lebur (rusak) kabeh amale ana ing donya lan ana ing akherat lan ora ana kang bakal mitulungi ing wong mau

[23] (Muhammad) apa sira durung sumurup wong-wong kang padha diparingi panduman saka kitab (Taurat)? Dheweke padha diajak marang kitabe Allah, supaya kitab iku dianggo ngukumi ana ing antarane wong-wong mau, nuli sagolongan saka wong-wong mau ana kang mlengos lan dheweke iku padha ngungkurake

[24] Kang mangkono iku amarga wong-wong mau padha ngucap, "Neraka iku ora bakal nggepok ing kita, kajaba mung sawatara dina wae", dheweke wis padha kabujuk ana ing (perkara) agamane dening (pandhita-pandhita) kang gawe kabar goroh

[25] Kepriye mungguh bakal kedadeyane wong-wong mau nalika Ingsun ngimpun marang dheweke ana ing dina kang ora mamang maneh, lan sawiji-wiji awak diwales miturut amal kang wis ditindakake lan dheweke ora bakal dianiaya

[26] (Muhammad)! Sira munjuka, "Dhuh Allah, ingkang kagungan kraton. Panjenengan maringaken kraton dhateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken, tuwin Panjenengan mundhut kraton saking tiyang ingkang Panjenengan kersakaken, saha Panjenengan ngluhuraken dhateng tiyang ingkan Panjenengan kersakaken, punapa dene Panjenengan ngasoraken dhateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken. Wonten ing asta Panjenengan sadaya kasaenan. Saestunipun Panjenengan punika Maha Kuwaos ing ngatasipun sadaya perkawis

[27] Para wong kang angèstu aja padha amèk wong-wong kafir dadi pawong mitra, saliyané para wong kang angèstu lan sapa sing olèh (pangreksa) saka ing Allah sathithik-thithika ananging padha jaga-jagaa saka piala(-né), kalawan jaga-jaga kang temenan; lan Allah amedèkaké sira marang (wawales saka) panjenengané; A lan marang Allah pantoging paran

[28] Calathua: Sira sidhema ba- rang kang ana ing sajroning ati- atinira, utawa sira wedharna, iku Allah anguningani, lan Panjene- ngané iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, lan Allah iku marang samubarang kawasa

[29] Ing dina, kang sakèhing jiwa padha katemu karo sabarang kabecikan kang wis dilakoni sarta sabarang piala kang wis dilakoni, pepakan, pangarep-arep (piala iku) adoha saka dhèwèké let lakon lawas; lan Allah amedèkaké sira marang (wawales saka) Panje- nengané;a lan Allah iku lubèr wilasané marang para kawula

[30] Calathua: Manawa kowé padha tresna ing Allah, lah padha manuta aku, Allah bakal tresna marang kowé sarta angapura marang kowé ing kaluputanmu; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[31] Calathua: Padha ambangun- turuta ing Allah sarta Utusan; déné manawa kowé padha mléngos, lah sayekti Allah iku ora remen marang para wong kafir

[32] Sayekti Allah amilih Adam sarta Nuh tuwin kulawangsa Ibrahim apa déné kulawangsa ‘Imran, angungkuli sakèhing umat

[33] Trah kang sawiji saka sawenèhé; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni

[34] Ing nalika sawijining wong wadon ‘Imran munjuk: Pangé- ran kawula, saèstu kawula apunagi ing Tuwan, punapa ingkang won- ten salebeting kandhutan kawula punika kawula pasrahaken (alala- dosa ing Tuwan); milanipun mugi Tuwan anembadani ing kawula; saèstu Tuwan punika Ingkang- Miyarsa, Ingkang-Ngudanèni

[35] Mulané, bareng wus anglai- raké anak, munjuk: Pangéran kawula, saèstu kawula sampun anglairaken anak èstri – lan Allah iku luwih Ngudanèni apa sing dilairaké – kaliyan, tiyang jaler punika boten kados tiyang èstri, saha punika kula namakaken Maryam, punapa déné dalah turun- ipun kawula suwunaken pangayo- man ing Tuwan saking sétan ingkang binendon

[36] Mulané disembadani déning Pangérané kalawan kasembadan kang becik, sarta diwalagangaké kalawan walagang kang becik sarta dikon ngopèni Zakariya; saben- saben Zakariya lumebu marang pangimaman aniliki dhèwèké, tine- mu ing sandhingé ana panganané. Calathuné: É Maryam, iki olèhmu saka ngendi? Wangsulané: Punika saking ngarsanipun Allah; sayekti Allah amaringi sapa kang dadi kapareng-É, tanpa taker

[37] Ing kono Zakariya nyunyu- wun marang Pangérané, unjuké: Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing kawula saking ngarsa Tuwan turun ingkang saé; saèstu Tuwan punika Ingkang Midha- ngetaken panyuwun

[38] Tumuli para malaikat angu- wuh dhèwèké, kang lagi ngadeg salat ing pangimaman: (Weruha), yèn Allah amaringi warta becik marang sira, yaiku Yahya, minangka kayektèné sabda saka Allah, sarta wirya tuwin susila ing krama, tuwin nabi golongané para wong utama

[39] Unjuké: Pangéran kawula! Bénjing punapa anggèn kawula badhé kaparingan anak, lan saèstu kawula sampun dumugi umur sepuh sarta tiyang èstri kawula gabug? Panjenengané angandika: Kaya mangkono iku, Allah iku anindakaké apa sing dadi kapa- reng-É

[40] Unjuké: Pangéran kawula! Mugi Tuwan anetepaken tandha yekti tumrap dhateng kawula. Pangandikané: tandha yektinira, lah aja sira calathu marang manusa telung dina kajaba kalawan sasmita sarta diakèh élingira marang Pangéranira tuwin ma- ngastutia (ing Panjenengané) ing wayah soré lan ésuk

[41] Nalika para malaikat ngan- dika: É, Maryam! Sayekti Allah amilih ing sira lan anucèkaké sira apa déné amilih ing sira angung- kuli para wadon ing jagad

[42] O, Maryam! diambangun turut marang Pangéranira, lan sujuda sarta rukuka karo para kang padha rukuk

[43] Iki kalebu pawarta prakara gaib kang Ingsun wedharaké marang sira; lan sira ora angèstrèni nalikané (wong) padha anguncal- aké qalamé (kanggo mutusi) sapa wong-wong iku sing dikon ngo- pèni Maryam, lan sira iya ora angèstrèni nalikané dhèwèké padha grejegan

[44] Nalika para malaikat angan- dika: O, Maryam! sayekti Allah amaringi bubungah marang sira kalawan sabda saka Panjenenga- né, (wong) arané Al-Masih, ‘Isa putraning Maryam, mulya ing donya lan akhirat sarta kagolong wong kang padha kaparek (ing Allah)

[45] ˹ Elingi˺ nalika malaekat ngumumake, "He Maryam! Allah maringi kabar apik babagan pangandika saka Panjenengane, asmane bakal dadi Mesias, Yesus, putrane Maria; diajeni ing donya lan akhirat, lan dheweke bakal dadi salah sawijining wong sing paling cedhak karo Allah˺

[46] Lan dheweke bakal ngomong karo wong-wong nalika isih diwasa lan diwasa lan bakal dadi salah sawijining wong mursid

[47] Maryam gumun, "Dhuh Gusti! Kepiye aku bisa duwe anak lanang, nanging ora ana sing nate ndemek aku? " Ana malaekat sing mangsuli, ”Mengkono uga. Allah nyipta apa sing dikarsakake. Nalika nemtokake keputusan, dheweke mung ngandhani, 'Dadi!' Lan pancen bener

[48] Lan Allah bakal mulang marang dheweke nulis lan kawicaksanan, Taurat lan Injil

[49] lan akenggawe wong mau dadi utusan kanggo Bani Israel kanggo martakake, "Aku teka karo kowe tandhane saka Pangeranmu: Aku bakal nggawe manuk saka lempung, banjur dakempet, bakal dadi manuk ˹real˺ — miturut Karsane Allah. Aku bakal nambani wong wuta lan wong lara kusta lan nguripake wong mati - kanthi Karsane Allah. Lan aku bakal ngramal apa sing dipangan lan disimpen ing omahmu. Mesthi wae, iki minangka pratandha yen sampeyan precaya

[50] Lan aku bakal negesake Toret sing wis dicethakake ana ing ngarepku lan bakal ngesahake apa wae sing dilarang sampeyan. Aku nekani kowe karo pratandha saka Pangeranmu, mulane eling marang Allah lan mituhu marang aku

[51] Ananging bareng ‘Isa ang- graita olèhé padha angemohi, acalathu: Sapa baya réwang- réwangku marang (dadalaning) Allah? Para murid padha matur: Kula punika para réncang (ing margi-)nipun Allah, kula sami angèstu ing Allah saha mugi Pan- jenengan aneksèni, bilih kula pu- nika sami tiyang ingkang sumarah

[52] Nalika Yesus rumangsa ora precaya marang umate, dheweke takon, "Sapa sing bakal ngadeg bareng aku karo Allah?" Para sakabat mangsuli, "Kita bakal jumeneng Allah. Kita pitados marang Allah, mulane padha nekseni manawa kita wis masrahake

[53] Lan dhèwèkéa padha angran- cang (laku), déné Allah (iya) angrancang (uga), lan Allah iku becik-beciking para Juru-ngran- cang

[54] Nalika Allah ngandika: É, ‘Isa! Ingsun bakal amatèni sira lan angunggahaké sira marang Ingsun, sarta angresikaké sira saka kang padha kafir apa déné andadèkaké para kang padha manut ing sira angungkuli para kang padha kafir tumeka ing dina kiyamat; tumuli marang Ingsun anggonira bakal padha bali; banjur Ingsun amancasi antaranira ing dalem prakara kang ing kono sira padha sulaya

[55] ˹ Elingi˺ nalika Allah ngandika, "Dhuh, Yesus! Aku bakal njupuk sampeyan lan ngunggahake awakku menyang awakku dhewe. Aku bakal ngluwari kowe saka wong-wong kafir, lan aku bakal ngluhurake pandhereke ngungkuli wong-wong kafir nganti tekan kiamat. Banjur aku bakal bali maneh, lan aku bakal ngrampungake kabeh regejegan sampeyan

[56] Apa déné para kang padha angèstu lan anindakaké panggawé becik, ganjarané iya banjur bakal pinaringaké ganep; lan Allah iku ora remen marang para kang atindak dudu

[57] Iki, Ingsun pangandikakaké marang sira, iku kalebu timbalan- timbalan lan péling kang wicak- sana.a

[58] Sayekti, sanépané ‘Isa iku mungguhing Allah kaya sanépané Adam: Panjenengané anitahaké dhèwèké bakalé lemah, banjur dipangandikani: Anaa! Banjur ana

[59] Pancen, tuladhane Yesus ing ngarsane Allah kaya Adam. Dheweke nggawe dheweke saka lebu, banjur kandha, "Ayo!" Lan dheweke pancen

[60] Ananging, sapa sing madoni ing dalem prakara iki, ing sawisé ana kawruh kang tumeka marang sira, banjur calathonana: Ayo, mréné, padha angundang anak- anakku lan anak-anakmu, sarta wadon-wadonku lan wadon- wadonmu, tuwin wong-wongku lan wong-wongmu, tumuli ayo padha nyunyuwun sing temenan dimèn bebenduning Allah tumiba marang sing padha goroh

[61] Sayekti, iki, iku katerangan kang nyata temenan, lan ora ana sesembahan kajaba Allah; lan sayekti, Allah – Panjenengané iku Ingkang-Minulya, Ingkang-Wicak- sana

[62] Ananging manawa dhèwèké padha maléngos, lah sayekti Allah iku Ngudanèni marang wong kang agawé wisuna

[63] Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab! ayo mréné, (padha gu- molong) marang tembung sawiji, kang padha antarané aku lan kowé, yaiku, padha aja ngawula sapa- sapa kajaba Allah, sarta aja padha dirangkep karo sawiji-wiji, tuwin aku kabèh iki aja anganggep pa- ngéran siji marang sijiné saliyané Allah; ananging manawa dhèwèké padha maléngos, lah padha cala- thua: Padha neksènana, manawa aku iki padha Muslim

[64] É, para pandhèrèking Kitab! yagéné kowé padha madoni pra- kara Ibrahim, kang mangka Taurèt lan Injil iku dhumawuhé ora liya kajaba sapungkuré; lah apa ta kowé iku padha ora mangerti

[65] É, lha! kowé iku kang padha amadoni ing prakara kang kowé padha duwé ngèlmuné; lah yagéné kowé saiki padha madoni ing prakara kang kowé padha ora duwé ngèlmuné? Lan Allah iku Ngudanèni, balik kowé padha ora weruh

[66] Dudu kok Ibrahim iku Ya- hudi, Nasrani iya dudu, ananging (sawijining wong) kang tulus, sa- wijining Muslim sarta dudu éwoné wong kang padha manembah Pangéran akèh

[67] Sayekti wong-wong kang cedhak dhéwé karo Ibrahim, iku iya para kang padha andhèrèk dhèwèké, apa déné Nabi iki dalah sing padha angèstu; lan Allah iku Ingkang-Rumeksa para kang padha angèstu

[68] Para pandhèrèké Kitab ana sagolongan kang nedya padha anasaraké sira, ananging ora liya kajaba mung anasaraké awaké dhéwé lan padha ora ngrasa

[69] É, para pandhèrèké Kitab, yagéné kowé padha angemohi timbalan-timbalané Allah, ing mangka kowé padha neksèni

[70] É, para pandhèrèké Kitab, yagéné kowé padha anyarub barang yakti karo dudu apa déné angumpetaké yakti, ing mangka sira padha weruh

[71] Lan para pandhèrèké Kitab ana sagolongan kang calathu: Padha angèstua marang sing di- dhawuhaké marang para kang padha angèstu, ing pérangan wiwi- taning raina, lan padha emohana ing wekasané, darapon dhèwèké padha ambalik

[72] Lan aja padha angèstokaké marang sapa baé, kajaba marang sapa sing manut agamamu. calathua: Sayekti tuntunan (kang yekti) iku tuntunaning Allah – yèn ta anaa wong sawiji kang pinari- ngan kaya padhané kang kaparing- aké ing kowé; utawa amadonana kowé ing ngarsané Pangéranmu. Calathua: Sayekti, lubèring papa- ring iku ana ing astaning Allah, di- paringaké marang sapa kang dadi kapareng-É; lan Allah iku jembar paparingé, Angudanèni

[73] Panjenengané amligèkaké sih- É marang sapa sing dadi kapareng- É; lan Allah iku Ingkang-kagungan nugraha agung

[74] Lan sawenèhé pandhèrèké Kitab, ana kang manawa sira titipi bandha sapirang-pirang, dibalèk- aké marang sira, lan sawenèh ana kang, manawa sira titipi sadinar, ora dibalèkaké marang sira, kajaba sasuwéné sira jaluk kalawan pa- ngungsed; mangkono iku amarga saka padha calathu: Ora ana dadalané (kanggo ngalakaké) ma- rang aku ing dalem prakarané wong-wong sing ora sastra iku; lan padha anibakaké pangucap goroh marang Allah, kang mangka padha weruh

[75] O, iya, sapa sing anetepi janjiné sarta bekti, lah sayekti Allah iku remen marang para kang padha bekti

[76] Wondéné para sing padha anampani reregan sathithik mi- nangka liliruné janjining Allah lan sumpahé dhéwé – sayekti, iki ora bakal olèh bagéan ana ing akhirat, lan Allah ora bakal mangandikani sarta ora bakal amirsani ing dinané qiyamat lan ora bakal diresikaké, apa déné bakal padha oléh siksa kang nglarani

[77] Lan, sayekti, sawenèhé, temen ana sagolongan, kang goroh prakara Kitab amrih sira anganggepa iku (sapéranganing) Kitab, ing mangka iku dudu (péranganing) Kitab, sarta padha calathu: Iku saka ngarsaning Allah, mangka iku ora saka ngarsaning Allah; sarta padha nibakaké pangucap goroh marang Allah, kang mangka padha weruh

[78] Ora mungguh tumrapé manu- sa, yèn diparingi Kitab déning Allah lan kawicaksanan tuwin kanabian banjur calathu marang wong-wong: Padha dadia kawula- ku, saliyané Allah; ananging (pangucapé masthi): Padha dadia wong kang manembah ing Pangéran, amarga saka anggonira mulang Kitab sarta amarga saka anggonira maca

[79] Lan ora bakal dhèwèké aparéntah supaya sira padha anganggepa pangéran marang para malaikat sarta para nabi; apa! apa dhèwèké aparéntah kafir marang sira ing sawisé sira padha dadi Muslim? RUKU’

[80] Ing nalikané Allah amundhut prajanji lumantar para nabi: Sayekti, sabarang kang wis Ingsun paringaké marang sira arupa Kitab lan kawicaksanan – tumuli tume- kané utusan sawiji, dumunung ambeneraké ing barang kang ana ing sira, kudu padha sira èstokna sarta kudu padha sira réwangana. Panjenengané angandika: Apa sira padha anyandikani sarta nyang- gemi marang prajanjian Ingsun mangkéné iki? Unjuké: Kawula sami anyandikani. Pangandikané: Lah saiki padha aneksènana, dalasan Ingsun (iya) kanthinira, golongané kang padha aneksèni

[81] Mulané, sapa sing padha ambalik sawisé mangkono iku, ya iki sing padha murang-yekti

[82] Lah, apa ta padha ngupaya saliyané agamané Allah (sing arep dienut) kang mangka sapa sing ana ing langit-langit lan bumi padha sumarah marang Panjenengané, kalawan pambangun-turut lan ka- lawan kepeksa, lan marang Pan- jenengané anggoné bakal padha dibalèkaké

[83] Calathua: Aku padha angèstu ing Allah lan barang kang ka- dhawuhaké marang aku sarta barang kang kadhawuhaké marang Ibrahim lan Isma’il tuwin Ishaq apa déné Ya’qub sarta para pancer tuwin barang kang kaparingaké marang Musa lan ‘Isa sarta para nabi saka Pangérané; aku ora am- bédakaké antarané siji karo sijiné, lan aku iki wong kang padha sumarah marang Panjenengané.a

[84] Ucapake, ˹O Nabi, ˺ "Kita padha precaya marang Allah lan apa sing wis diwedharake marang kita lan apa sing diturunake marang Ibrahim, Ismail, Ishak, Yakub, lan keturunane; lan apa sing diparingake marang Nabi Musa, Yesus lan nabi liyane saka Pangerane - kita ora mbedakake antarane para nabi apa wae, lan kita saestu masrahake

[85] Kapriyé Allah anggoné anun- tun sawijining kaum kang padha kafir ing sawisé padha angèstu sarta (sawisé) padha aneksèni, manawa utusan iku satuhu nyata tuwin (sawisé) tandha-tandha yekti kang terang padha tumeka marang dhèwèké; lan Allah iku ora anuntun kaum kang atindak dudu

[86] (Tumrapé) iki, piwalesé, ya- iku katiban bendhuning Allaha lan para malaikat sarta para manusa, sakabèhé.b

[87] Padha dumunung ana ing kono; ora bakal diènthèngaké siksané, lan ora padha disume- nèkaké

[88] Kajaba para wong kang padha apiduwung ing sawisé mangkono iku sarta ambecikaké kalakuané, lah sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[89] Sayekti para kang padha kafir ing sawisé padha angèstu, tumuli padha mundhak-mundhak kafiré, ora bakal tinarima piduwungé, lan yaiki para kang padha sasar

[90] Sayekti para kang padha kafir lan padha mati, kang mangka isih kafir, ya ora bakal tinarima, sanajan siji-sijiné emas angebaki bumi kang kanggo nebusi; iki kang bakal padha olèh siksa kang nglarani sarta ora bakal padha olèh juru-mitulungi

[91] Ora bakal sira padha tumeka ing kautaman kajaba yèn sira wis padha amèwèhaké apa kang sira senengi; lan barang apa baé kang padha sira wèwèhaké, lah iki sayekti Allah Angudanèni

[92] Sawarnaning pangan iku tumrapé turuning Israil kena, kajaba apa sing disirik déning Israil dhéwé ing sadurungé Taurèt didhawuhaké. Calathua: Lah padha anjupuka Taurèt, banjur wacanen, manawa kowé padha wong temen

[93] Mulané sapa sing agawé- gawé goroh ditibakaké marang Allah sawisé mangkono iku, lah yaiki para kang padha atindak dudu

[94] Calathua: Allah iku sabdané temen, mulané padha manuta aga- mané Ibrahim, wong kang tulus, lan ora kalebu golongané para kang manembah Pangéran akèh

[95] Sayekti, wiwitaning omah, kang disadhiyakaké marang manu- sa, iku kang ana ing Bakkah, kang binarkahan sarta tuntunan tumrap sarupaning bangsa

[96] Ing kono ana tandha- tandhané kang terang: enggon pangadhegé Ibrahim, sarta sapa sing malebu mrono amasthi aman, lan jiyarah marang Omah iki iku wajib tumrap para manusa, karana Allah, (yaiku tumrap) sapa kang kasembadan dadalané mrono; lan sapa sing angafiri, lah sayekti Allah iku kecukup piyambak, ora kebutuh marang sakèhing ngalam

[97] Calathua: É, para pandhè- rèking Kitab! Yagéné kowé padha angemohi timbalan-timbalaning Allah, lan Allah iku saksi tumrap sabarang kang padha kolakoni

[98] Calathua: É, para pandhèrèk- ing Kitab! Yagéné kowé padha angalang-alangi wong kang angès- tu saka dadalaning Allah? Kowé padha mamrih angénggokaké, kang mangka kowé iku padha seksi, lan ora pisan Allah iku kasupèn ing sabarang kang padha kolakoni

[99] É, para kang padha angèstu! manawa sira padha manut sapéra- ngané para kang padha kaparingan kitab, dhèwèké bakal padha amba- likaké sira dadi wong kafir ing sawisé sira angèstu

[100] Ananging kapriyé anggo- nira padha bisa angafiri, kang mangka sira iku wis diwacakaké timbalan-timbalaning Allah, sarta Utusan-É ana ing antaranira? Lan sapa sing gondhèlan ing Allah, temen masthi katuntun marang dalan kang bener

[101] É, para kang padha angèstu! padha di bekti ing Allah kalawan satuhuning bekti kang mungguh marang Panjenengané, sarta aja pisan sira padha mati, kajaba manawa sira padha wong Islam

[102] Lan padha gondhèlana ing prajanjiné Allah, kabèh baé, lan aja padha pisah-pisah, lan padha angélingana nugrahaning Allah marang sira, nalikané sira padha dadi mungsuh, tumuli Panjene- ngané anggolongaké ati-atinira, temahan, amarga saka nugraha-Né, sira padha dadi sadulur; lan mauné sira padha ana ing lambéning luweng geni, banjur Panjene- ngané anylametaké sira saka ing kono; kaya mangkono iku Allah anggoné anerangaké timbalan- timbalan-É, darapon sira padha nuruta dalan kang bener

[103] Lan anaa saka ing antara- nira golongan kang padha ajak- ajak marang kabecikan, lan padha akon marang bener tuwin nyegah saka luput sarta iki wong kang padha begja

[104] Lan aja kaya para kang padha dadi pisah-pisah lan sulaya ing sawisé bukti kang terang tumeka marang dhèwèké, lan iki kang bakal padha olèh siksa kang gedhé

[105] Ing dinané rai-rai (ana kang) padha dadi putih lan rai-rai (ana kang) padha dadi ireng; wondéné para kang rainé padha dadi ireng: Apa ta sira padha kafir ing sawisé angèstu? Mulané padha rasakna siksané, amarga saka anggonira padha angafiri

[106] Apa déné para kang padha dadi putih rainé, bakal (dumunung) ing dalem wilasané Allah; padha ana ing kono olèhé padha manggon

[107] Iki timbalan-timbalaning Allah kang Ingsun wacakaké ma- rang sira, kalawan nyata, lan ora pisan Allah karsa atindak dudu marang kabèh titah

[108] Lan samubarang kang ana ing langit-langit lan bumi iku kagungané Allah; lan marang Allah baliné sakèhing barang

[109] Sira iku becik-beciking umat, katimbulaké amrih karahar- janing para manusa; sira padha akon marang bener sarta nyegah saka luput apa déné sira padha angèstu ing Allah; lan, yèn ta para pandhèrèking Kitab iku padha angèstua, amasthi tumrap dhèwèké dadi luwih becik; ana uga sing padha angèstu, ananging sing luwih akèh padha wong murang yekti

[110] Dhèwèké ora bakal amba- bayani ing sira, kajaba mung amitunani sathithik; manawa perang karo sira bakal mungkur acolong playu sarta ora bakal padha tinulungan

[111] Ina digawé akikinthil dhè- wèké ana ing endi baé tinemuné, kajaba (manawa) kalawan prajan- jian saka ing Allah sarta prajanjian saka manusa, lan wis mungguh olèh bebendhuning Allah, lan asor di gawé akikinthil dhèwèké; mang- kono iku amarga saka anggoné padha angafiri timbalan-timbala- ning Allah lan anyédani para nabi kalawan ora bener; mangkono iku amarga saka anggoné padha am- bangkang lan angliwati wates

[112] Ora pisan kabèh padha; para pandhèrèking Kitab ana sagolongan kang jejeg; padha maca timbalan-timbalaning Allah ing wayah bengi sarta padha sumembah (ing Panjenenganè)

[113] Padha angèstu ing Allah lan dina akhir sarta padha akon marang bener tuwin nyegah saka luput apa déné padha arebut dhucung ing kabecikan, lan iki kagolong para wong tulus

[114] Lan sabarang kabecikan padha dilakoni, iku dhèwèké ora bakal padha disélaki, lan Allah iku anguningani marang para wong bekti

[115] Dene samubarang kabecikan kang padha ditindakake iku ora bakal diilangake ganjarane. Dene Allah iku Ngudaneni marang wong kang padha bekti ing Allah

[116] Satemene wong kafir iku bandha lan anak-anake ora bakal bisa maedahi apa-apa ing dheweke saka siksane Allah. Wong kang mangkono iku bakal padha dadi ahli neraka kang langgeng

[117] Sanepane barang kang ditandjakake (didermakake) dening wong-wong mau ana ing panguripan donya iki, kaya dene angin kang mawa adhem banget anempuh tandurane wong kang padha nganiaya awake dhewe, nuli ngrusak marang tetandurane mau. Allah ora pisan-pisan nganiaya marang wong-wong mau, nanging dheweke dewe kang padha nganiaya marang awake

[118] He wong mukmin kabeh, sira aja padha ngalap mitra saka sak liyane kancanira (Islam), dheweke padha ora leren-leren tansah pamrih kecilakan marang sira. Dheweke padha seneng barang kang nyusahake sira, satemene wis nganti kewetu saka lisane anggone gething marang sira lan barang kang diendhem ana ing atine wong-wong mau luwih gede. Temen Ingsun wis nerangake pirang-pirang tandha yekti marang sira kabeh, yen pancen padha gelem mikir-mikir

[119] He wong mukmin kabeh, sira padha dhemen marang wong kang dudu kancanira Islam, ing mangka dheweke padha ora dhemen marang sira. Sira padha percaya marang sakehing kitab (nanging wong-wong mau padha ora perca marang Qur'an). Manawa wong-wong mau padha ketemu lan sira padha ngucap, "Kita padha Iman marang kitab Qur'an", nanging bareng wis dhewekan lan amor kancane, saking bangete nafsune marang sira, persasat padha kerot (padha nyokot drijine dhewe), dhawuha (Muhammad), "Sira padha matiya kagawa saka nafsuninra (muringira)", Satemene Allah Maha Ngudaneni barang kang ana sajroning ati

[120] Manawa sira kabeh padha pikantuk kebecikan ndadekake susahe wong kafir, dene yen sira kabeh pikantuk kacilakan (keribetan) wong kafir padha bungah. Lan manawa sira padha sabar sarta padha bekti ing Allah, sakehing paeka (pialane) wong kafir mau ora bakal mbebayani sira kabeh sethithika. Satemene Allah Nglimputi samubarang kang sira tindakake

[121] (He Muhammad) elinga nalika sira metu saka negaramu (Madinah) ing wayah esuk, nata barise para wong mukmin bakal mangsah perang. Dene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni

[122] Nalika rong golongan saka sira padha ngusir, Allah nulungi marang wong rong golongan mau. Mulane para wong Mukmin padha pasraha (tawakkal) marang Allah

[123] Temen Allah wis nulungi sira kabeh ana ing peperangan Badhar (yaiku panggonan antarane Mekkah lan Madinah) nalika sira kabeh pinuju sarwa apes (kalah santosa). Mulane sira padha bektia ing Allah. Muga-muga sira kabeh padha ngaturna syukur marang Allah

[124] Nalika sira (Muhammad) ngendika marang wong mukmin, "Apa durung nyukupi anggone Pangeranira maringi wadiya bala saka para malaikat kang diturunake

[125] O, ya wis cukup", malah manawa sira padha tetep sabar sarta padha bekti ing Allah, lan mungsuh padha nempuh sanalika iku, ing kono Allah bakal maringi wadyabala cacahe malaikat kang padha mawa tetenger

[126] Lan Allah ora damel kabeh kedadeyan iki, kabaja minangka dadi bebungah tumrap sira kabeh, lan supaya atinira dadi tentrem, lan ora ana pitulungan kajaba mung saka ngarsane Allah Kang Maha Gagah lan Maha Wicaksana

[127] Wasana Allah ngrusak saweneh wong kafir sawetara, utawa bendoni marang dheweke, nuli padha bali klawan kapitunan

[128] Sira (Muhammad) ora kuwasa sethithik-thithika tumrap perkara wong kafir mau, apadene nganggep tobate utawa nyiksa marang wong-wong kafir mau. Satemene wong-wong kafir mau nganiaya

[129] Samubarang isining langit lan bumi iku kagungane Allah. Allah paring pangapura marang wong kang dikersakake lan nyiksa marang wong kang dikersakake uga. Dene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Asih

[130] He para wong mukmin kabeh. Sira aja padha mangan riba (barang kang keladik saka wong liya) kanthi tikel-matikel (anakan kang dianakake maneh) lan sira padha bektia ing Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan

[131] Lan sira padha wediya neraka ing kang dicawisake tumrap wong kafir

[132] Lan sira padha ngestokna (dhawuhe) Allah lan Utusane. Muga-muga padha diwelasi dening Allah

[133] Lan sira padha gegancangana nyuwun pangapura saka Pangeranira lan wusarga kang jembare madhane ambane langit lan bumi dicawisake marang wong kang padha bekti ing Allah

[134] Yaiku wong kang padha dermakake (nanjakake) bandhane sajeroning kacukupan lan sajeroning nandhang kemlaratan lan kang padha ngampet nafsune lan kang padha ngapura keluputane sapepaadhaning manungsa. dene Allah iku remen marang wong kang padha gawe kabecikan

[135] Lan para wong kang nalika nglakoni ala utawa nganiaya marang awake banjur padha gelem eling marang Allah, nuli padha nyuwun pangapura jalaran saka dosane. Ora ana kang bisa paring pangapura kabeh dosa kajaba mung Allah piyambak. Sarta wong-wong mau ora kabanjur-banjur tumindak kaya kang wis dilakoni, ing mangka dheweke padha mangerti (ing dosane)

[136] Wong kang mangkono mau (bakal diparingi) ganjarang saka Pangerane yaiku pangapura lan suwarga kang ngisore ana bengawane mili, tur padha langgeng ana ing kana. Saiba prayoga lan indahe ganjarane wong kang padha nglakoni printahing Allah

[137] Temen wong kelakon pirang-pirang lakone wong kuna saka sadurungira (maune disrantekake, bareng wis tata banjur dipatrapi) mulane padha lelungana ana ing bumi, nuli padha ndhelenga petilasan, kapriye pungkasane wong kang padha nggorohake (marang Utusane Allah)

[138] Kang kasebut iki dadi keterangan marang para manungsa lan pituduh, apadene dadi piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah

[139] Sira aja padha ngrasa apes lan aja padha susah, sira kabeh padha luwih mulya, manawa sira padha mukmin

[140] Menawa sira padha ketaton (nalika perang ana ing gunung Uhud), wong kafir ya padha ketaton. Dina mangkono iku (kalah utawa menang) Ingsun gilir gumantekake ana ing antarane para manungsa, lan maneh kang mangkono mau supaya Allah nguningani wong kang padha percaya lan kersa netepake wong kang padha mati syahid saka sira kabeh. Dene Allah iku ora remen marang wong kang padha nganiaya

[141] Lan maneh supaya Allah ngresikake wong kang padha mukmin saka ing dosane sarta ngrusak (nglebur) wong kang padha kafir

[142] Apa sira padha duwe pangira manawa bakal padha mlebu suwarga, kang mangka Allah durung Nguningani wong kang padha perang sabil saka sira lan wong kang padha sabar (tetep atine)

[143] Temen sira padha ngarep-arep pati sadurungira ketekan pati, lha saiki sira wis padha ndeleng ing pati (jalaran perang) kang mangka sira padha weruh (kanthi cetha)

[144] Muhammad iku ora liya kajaba mung dadi Utusaning Allah, sadurunge uga wis ana pirang-pirang utusan. Apa manawa Muhammad seda utawa disedani sira padha mbalik marang tungkakira (padha murtad). Lan sapa kang mbalik marang tungkake, iku ora bakal mbebayani marang Allah apa-apa, Allah bakal angganjar marang wong kang padha syukur

[145] Sawijining awak ora bisa mati kajaba kelawan idzining Allah, miturut tulisan kang wis ditamtokake, lan sapa wonge kang ngarep-arep ganjaran ana donya, Ingsun bakal maringi, dene sapa kang ngarep-arep ganjaran akherat, Ingsun uga bakal maringi, lan Ingsun bakal ngganjar wong-wong kang padha syukur

[146] Pira bae akehing para Nabi kang padha mangsah perang kang didherekake dening wadyabala kang akeh. Dheweke iku ora padha apes jalaran anggone padha kena (bebaya) ana ing sajroning peperangan ngrungkebi agamane Allah (sabilillah), apadene ora padha lembek sarta ora padha tundhuk (kalah), dene Allah iku remen marang wong kang padha sabar

[147] Wong-wong mau ora padha duwe penyuwunan apa-apa, kajab mung matur, "Dhuh Pangeran kita, mugi Panjenengan paring pangapunten dosa kita sadaya, utawi anggen kita sami kasangeten pandadra kita. Saha mugi Panjenengan kersa ngekahaken tumapaking delamakan kita (wonten ing payudan), punapa dene panjenengan mugi maringi pitulungan dhateng kita ngawonaken dhateng tiyang kafir sadaya

[148] Allah nuli maringi marang wong-wong mau ganjaran donya lan becik-becike ganjaran akherat. Dene Allah iku remen marang kang padha tumindak becik

[149] He para wong mukmin kabeh, manawa sira padha manut marang wong kafir, dheweke bakal mbalekake ana ing tungkakira (dadi kafir) wasana sira padha bali karo nandhang kapitunan

[150] Nanging Allah iku Bandaranira (kang nulung sira) lan Panjenengane iku becik-becike kang paring pitulung

[151] Ingsun bakal ngiseni rasa jirih ana ati-atine wong kafir, jalaran anggone padha nyekuthokake marang Allah karo barang kang ora diturunake minangka tandha yekti dening Allah. Dene panggonane wong mau ana neraka, yaiku ala-alaning panggonan wong kang padha nganiaya

[152] Lan Allah temen wis nuhoni janjine marang sira kabeh nulungi nalika sira padha mangsah merangi wong kafir kanthi idzining Allah nganti nalika sira padha pasulayan ana ing dhawuhe (para Nabi) lan sira padha mbangkang, sawisa sira dituduhake barang kang sira dhemenei (jarahan) saweneh ira ana kang ngarepake bandha donya lan sawenehira ana kang ngarepake ganjaran akherat. Nuli Allah ngalahake sira kabeh saka wong-wong kafir, jalaran Allah kersa nyoba marang sira kabeh. Allah temen wis paring pangapura marang sira kabeh. Dene Allah iku kagungan kanugrahan kaparingake marang wong kang padha mukmin

[153] Sira padha elinga nalika sira padha keplayu, ingkono ora ana sawijining wong kang noleh utawa ngadeg ngenteni marang kancane. Dene Rasulullah ana ing burinira nimbali dhawuh mandheg marang sira kabeh. Allah mbanjur paring piwales marang sira kabeh, padha diparingi kesusahan keplayu. Marga anggonira padha nglirwakake dhawuhing Rasulu. Mangkono iku sira padha getuna anggone ora sida oleh jarahan lan anggonira padha kena coba. Dene Allah iku Maha Waspada marang samu barang kang sira tindakake

[154] Nuli sawise sira padha nandhang susah, Allah mbanjur maringi kasantosan (katentreman) marang sira kabeh, nganti kancanira wong sak golongan padha mukmin padha ngantuk, lana ana wong sak golongan kang munafik iku isih padha ngandhut susah, padha ngira marang Allah yen ora bakal nyata anggone saguh tetulung marang Rasulullah, kaya penyanane wong kafir kang bodho, pangucape, "Aku mangsa padha ditulungana Allah sathithik-thithika", (Muhammad) sira dhawuha, "Samubarang perkara iku kagungane Allah kabeh". Wong minafiq mau padha mbatin ing sajroning atine, ora kawetu marang sira (Muhammad) dheweke padha ngucap, "Saupama aku padha duwe panduman pitulunging Allah sathithik wae, mesthi mangsa kelakon aku dimangsahake perang kang wekasane mati kaya kang kelakon iki". (Muhammad) sira dhawuha, "Sanajan sira padha ngunder ana ing ngomahira bae, yen wis ditakdirake (pinasthi) mati iku mesthi kelakon metu marang panggonan kang wis ditemtokake wong mau bakal mati ana ing kono.", kersane Allah dhawuh perang mau dienggo nyoba temen lan lamise atinira, lan beda-bedane atinira kelawan gumelara, "Dene Allah iku ngudaneni barang kang ana ing ati

[155] Satemene para kancanira kang padha mlayu nguci, nalika tempuking golongan loro (wadyabala Islam lan kafir) iku mesthi saka panggodhaning (diplesetake) syetan marang wong mau, jalaran saka dosa sawetara kang wis ditindakake. Sayekti Allah wis paring pangapura marang wong mau. Satemene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Aris (welas)

[156] He para mukmin kabeh, sira aja padha kaya wong kafir padha ngucap marang kanca-kancane, nalika padha lelungan ana ing bumi (banjur mati ana paran) utawa kang padha mangsah perang (banjur kasambut ing payudan) pangucape, "Saupama wong-wong mau ana kene bae, mesthi ora mati lan ora kesambut ing payudan", wusana kersane Allah pangucap mangkono mau dienggo sebab kaduwung ing atine si kafir kabeh. Dene Allah iku kang nguripi lan mateni. Allah mirsani samu barang kang sira tindakake

[157] Lan manawa sira padha kesambut (dipateni) ana perang sabilillah utawa mati ana paran, temen pangapura sarta shihing Allah luwih becik tumrape sira, tinimbang bandha fonya kang padha dikumpulake dening wong-wong mau

[158] Lana manawa sira padha mati utawa dipateni, temen sira kabeh bakal dihimpun marang kersane Allah

[159] (He Muhammad) amarga saka Rahmat sihing Allah mulane sira mbajur lembah manah marang para kancanira kang padha kurang setia mau. Lan saupama sira iku cukengan (butengan) sarta wengis ing ati, mesthi pada kancanira kang padha kurang setia mau padha bubar (lunga) saka kiwa tengenira. Jalaran saka iku, sira ngapura saka (pialaning) wong-wong mau, lan padha suwuna pangapuraning dosane lan padha sira ajaka rerembugan perkara lakuning perang. Dene yen sira wis nedya nindakake perkara, supaya sira pasraha (tawakkala) marang Allah. Satemene Allah iku remen wong kang padha pasrah (tawakkal) marang Panjenengane

[160] Manawa Allah nulungi sira kabeh, mesthi ora ana kang bisa ngalahake. Lan manawa Allah nginakake (ngalahake), lan sapa kang kuwagang nulungi ing sira. Para wong mukmin supaya padha tawakkal marang panjenengane Allah

[161] Nabi (Muhammad) iku ora bakal kersa cidra (pangeduming jarahan). Awit sing sapa cidra perkara jarahan, besuk dina Qiyamat barang kang dicidrakake mau diwujudake (nuli disunggekake marang wong kang cidra). Sabanjure sarupane awak padha diwales apa benere, miturut apa kang wis padha ditindakake, tur kabeh ora ana kang dianiaya

[162] Apa iya wong kang dherek keparenging Allah (ora cidra) iku padha bae wong kang nrajang dedukaning Allah (cidra)? (mesthi ora padha). Panggonane wong kang cidra iku ana neraka Jahannam, yaiku ala alaning panggonan bali

[163] Wong kang padha ndherek keparenging Allah mau ana ngersane Allah padha duwe derajat (pangkat). Dene Allah iku mriksani samu barang kang padha ditindakake

[164] Allah tetela wis paring kanugrahan (kanikmatan) marang para wong mukmin, awit Allah wis ngutus marang wong-wong mau sawijining utusan saka golongane kang macakake ayat-ayate Allah marang dheweke, sarta ngersikake wong-wong mukmin kabeh saka dosane, mengkono uga mulang kitab Qur'an lan kawicaksanan. Senajan sadurunge teteping Rasul wong mukmin mau isih ana sajroning kesasar kang terang

[165] Apa menawa bebaya ngenani sira kabeh (ana ing perang Uhud) kang mangka sira wis padha gawe bebaya marang owng mau (ana perang Badar) tikel lorone, ya gene sira padha matur, "Sebab dening punapa teka mekaten punika?". Sira dhawuha, "Kang mengkono iku amarga saka tindakmu dhewe (awit sira padha kurang setia, ninggal pembarisan". Satemene Allah iku Maha KUwasa marang samubarang)

[166] Lan bebaya kang ngenani ing sira kabeh ana campuhing golongan loro (wadya bala Islam lan kafir ana gunung Uhud), kabeh mau klawan pikantuk kersane Allah kanggo nguningani wong-wong kang padha percaya marang Panjenengane

[167] Lan Allah ngersakake nguningani wong-wong kang padha munafiq, lan wong kang padha wis didhawuhi, "Sira kabeh padha mrenea, padha mangsaha perang sabilillah, menawa padha ora gelem perang, iya mung padha dadia weweden bae murih ngundurake mungsuh (sabubaring perang)", ature wong-wong munafiq, "Saupami ing wau kula sumerepa yen wonten perang mesthi kula sami ndherek perang sesarengan panjenengan". Pangandikane Allah, "Ing dina iki tetela wong munafiq iku luwih cedhak marang kafir katimbang marang iman". Wong munafiq padha matur lamis klawan lisane, ngaturake barang kang ora ana ing sajroning atine. Dene Allah iku luwih ngudaneni barang kang diumpetake dening wong-wong mau

[168] Wong munafiq kang padha ngucap marang kanca-kancane mung padha lungguh bae, ora melu perang, "Saupama dheweke iku padha manut kita, dheweke wis mesthi ora padha dipateni", Dhawuha (sira Muhammad), "Yen dhasar temen pengucapmu lan mara tulaken pati iku saka awakira

[169] Lan sira aja padha ngira marang wong-wong kang dipateni ana perang sabil iku padha mati, nanging kabeh mau padha urip, ana ngarsane Pangeran padha diparingi rejeki

[170] Wong-wong mau padha bungah-bungah (gembira) saka pikantuk kanugrahane Allah, kang kaparingake marang wong-wong kang dipateni ana ing sajroning perang mau, lan padha suka ria marga ngrasakake kanca-kancane kang sapungkure padha durung dipateni ana peperangan. Kabeh mau mesthi padha tanpa kuwatir lan ora bakal padha susah

[171] Dheweke padha bungah-bungah marga padha tampa ganjaran saka Allah lan padha oleh kanugraha. Satemene Allah ora ngilang-ngilangake ganjarane wong kang padha mukmin

[172] Kang sawise padha ketaton, malah banjur padha ngestokake netepi dhawuhe Allah lan dhawuhe Rasulullah mengsah perang maneh. para wong kang padha nindakake kebecikan ndherek ing Allah lan bekti ing Panjenengane pikantuk ganjaran kang agung

[173] Yaiku para wong mukmin kang padha diwenehi kabar mengkene, "Satemene para manungsa (wong kafir) wis padha kumpul numpes ing sira, mula sira padha wedia ing dheweke". Wisana pangucape wong-wong mau malah nambahi Imane para wong mukmin mau marang Allah, banjur padha ngucap mengkene, "(Pitulungane) Allah nyukupi ing kita, lan Panjenengan iku becik-becika Pangeran kang pinasrahan (ditawakali)

[174] Nalika dheweke padha bali kanthi tampa nikmat saka Allah lan kanugrahan, dheweke padha ora ketaman ing sambe kala (ora ketaton lan ora mati) sarta padha ndherek karidhaning Allah. Dene Allah iku kagungan kanugrahan kang Agung

[175] Satemene kang ngucap kaya mangkono mau syetan, dheweke padha memedeni sira supaya padha wedi marang para pemimpine. Aja padha wedi marang dheweke, nanging padha wedia marang Ingsun, yen nyata sira padha iman marang Panjenenganingsun

[176] Para wong kang padha age-age dadi kafir aja ndadekake susahira (Muhammad). Satemene kabeh mau ora mbebayani apa-apa marang Allah. Allah anggone nitahake mengkono iku, kersane ora bakal maringi panduman kabegjan marang wong mau ana akherat, malah bakal pikantuk kapatrapan siksa kang gedhe

[177] Satemene wong-wong kang padha nuku (milih, nukar) kafir kelawan iman, iku ora bebayani apa-apa marang Allah sethithik-thithika, lan padha kapatrapan siksa kang lara

[178] Wong kang padha kafir aja padha duwe panyana yen anggonira nyrantekake marang dheweke iku becik tumrap dheweke. Nanging anggoningsun nyrantekake iku supaya dheweke wuwuh-wuwuh dosane, lan bakal dipatrapi siksa kang ngasorake

[179] Allah ora bakal ngendelake marang wong kang padha mukmin ana ing barang kang sira padha ana ing kana, nganti Panjenengane misah (wong) kang ala saka kang becik. Lan Allah ora bakal meruhake ing sira marang barang kang ghoib, nanging Allah milih saka sira para Utusane kang dikersakake . Awit saka iku sira padha percayaa Allah lan Utusane. Lan menawa sira percaya lan bektiing Allah, sira bakal kaparingan ganjarang kang Agung

[180] Lan wong-wong kang padha kumet (cethil), ora gelem bayar zakat brang kang wis diparingake dening Allah saking sih kanugrahaning, iku aja padha ngira yen anggone padha kumet mau becik tumrap dheweke, satemene malah ala. Besuk dina Qiyamat, barang mau bakal dikalungake marang wong sing kumet mau. Dene Allah iku kagungan (warisan) saisining langit lan bumi . Allah iku waspada marang samubarang kang sira tindakake

[181] Allah temen wis midanget marang pangucape wong kang padha ngucap, "Satemene Allah iku mlarat lan kita iku sugih". Pangucape wong Yahudi mengkono mau Ingsun tulisi, sarta anggone padha mateni para Nabi klawan ora samesthine, iya Ingsung tulisi uga. Ing mbesuk ana ing akherat wong mangkono mau bakal Ingsun dhawuhi, "Sira padha ngicipana (ngrasakake) siksane neraka kang nggosongake

[182] Kang mengkono iku marga saka tindakira kang sira tindakake tanganira kang wis kelakon biyen. Satemene Allah ora bakal nganiaya marang para kawulane

[183] Iya iku wong Yahudi kang padha duwe atur, "Sayaktosipun Allah sampun paring janji pitados dhumateng sadhengaha para Rasul, kajawi menawi sampun saget dhatengaken Qurban ingkan dipun mangsa latu (saking langit)". Dhawuha sira (Muhammad), "Dhek biyen sakdurunge Ingsun, sira wis padha katekan para Rasul kang uga ngasta tandha yekti kaelokan, lan nekakake Qurban mangsa geni kaya sing sira ucapake. Yen aturmu temen, lan ya gene sira padha nyedani marang para Rasul mau

[184] Menawa wong Yahudi mau meksa padha nggorohake sira (Muhammad) aja ngersula, para Rasul sadurungira kang uga ngasta tandha yekti kang terang, lan pirang-pirang kitab, apa dene kitab kang (bisa) madhangake (ati)

[185] Kabeh badan (awak) iku mesthi (bakal) nemahi (ngincipi) pati. Lan satemene sira kabeh bakal padha dituhoni ganjaranira besuk ana ing dina Qiyama. Dene wongkang padha didohake saka neraka lan dilebokake suwarga, temen dheweke iku bagja, lan ora ana panguripan donya iku kajaba mung kasenengan kang nglalekake (ngapusi)

[186] Temen sira kabeh padha dicoba dening Allah, tumrap awakira lan bandhanira, lan sira kabeh bakal padha krungun ucapan akeh kang nglarakake (ati) saka wong-wong kang wis diparingi kitab sadurungira lan uga saka wong kang padha musyrik. Menawa sira padha sabar lan padha wedi ing Allah, satemene kang mengkono iku klebu becik-beciking perkara

[187] (Muhammad) sira nyritakna nalikane Allah mundhut perjanjiane para wong kang padha diparingi kitab Taurat, dhawuhing Allah, "Supaya sira padha nerang-nerangake (isine) kitab iku marang para manungsa lan aja padha ngumpetake", wong Yahudi sawise padha nampa perjanjian, banjur padha mbuang perjanjian ana ing mburine gegere, lan padha milih donya kang sethithik ajine. Lan iku ala-alane barang-barang kang padha dipilih dening wong-wong mau

[188] Sira aja duwe pangira marang wong kang padha bungah-bungah anggone jalaran kaleksanan apa kang diupaya lan padha seneng menawa dialem kebecikan kang ora dilakoni, kabeh mau aja sira kira yen alamat saka siksa nanging dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang lara

[189] Kratone Bumi lan Langit iku kagungane Allah. Dene Allah iku Nguwasani marang samubarang

[190] Satemene tumitahing langit lan bumi, lan bedane rina lan wengi iku tandha yekti tumrap wong kang padha duwe akal

[191] Yaiku wong kang padha eling marang Allah nalika ngadeg, nalika linggih, nalika turon, lan dheweke padha mikir mungguh tumitahing langit lan bumi, unjuke, "Dhuh Pangeran kita, anggen panjenengan nitahake makaten punika mesthi boten tanpa damel. Panjenengan punika Maha Suci. Kita punika mugi panjenengan reksa saking siksa neraka

[192] Dhuh Pangeran kita, saestunipun kersa panjenengan, sinten ingkan penjenengan cemplungaken neraka, mesthi inggih panjenengan asoraken. Dene tiyang ingkang nganiaya punika mesthi boten wonten ingkang saged nulungi

[193] Dhuh Pangeran kita, kita sampun sami mireng tiyang ajak-ajak iman, pangajakipun, "Sira padha percayaa ing Pangeranira. Kita inggih sami pitados". Dhuh Pangeran kita, mugi panjenengan paring pangapunten dhateng sakathahing dosa kita, saha mugi-mugi mundhuta nyawa kita saha mugi-mugi nutupana (nyirnakna) sakathahing piawon (kalepatan), kagolongan para tiyang ingkang sae

[194] Dhuh Pangeran kita, panjenengan mugi paringa dhumateng kita samu kawis ingkang sampun panjenengan paringaken janji dhumateng kita, punapa dene benjing dinten qiyamat, panjenengan mugi sampun meleh-melehaken dhumateng kita. Sayaktosipun panjenengan punika boten pisan-pisan badhe cidra ing janji

[195] Nuli Pangerane wong-wong mau maringi (panyuwune), dhawuhe, "Ingsun ora bakal ngilang-ngilangake (ganjarang) ngamale wong kang padha amal. pria, utawa wanita, anggone padha nglakoni prentahingsun, sawenehira saka sawenehe padha wae. Dnee wong kang padha hijrah (keplayu) lan wong kang padha ditundhung saka ngomahe sarta kang padha dipilara ana (jalaran ngrungkebi) dalan Ingsun, lan padha mengsah perang lan banjur dipateni, temen Ingsun bakal nutupi (nyirnakake) kesalahane (piawone). Lan mesthi Ingsun bakal lebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon, yaiku minangka dadi ganjarane saka ngarsane Allah. Dene Allah kagungan ganjaran kang luwih becik

[196] Mungguh kemajuane wong kang padha kafir ana negara (bumi) aja pisan-pisan ndadekake kelurupira

[197] (Kabeh iku) mung kesenengan sethithik. Nuli wong-wong mau padha manggon ana neraka jahannam, yaiku ala-alane lemek

[198] Nanging wong kang padha bekti ing pangerane, iku dheweke padha bakal diparingi suwarga, kang sangisore ana bengawane kang mili, ana kono padha langgeng, suwarga minangka pasugatan (cecawisan) saka ngarsane Allah. Dene ganjaran kang dicawisake dening Allah iku luwih becik tumrap wong kang padha tumindak kebecikan (ngungkuli kebungahan donya)

[199] Satemene sawenehe wong ahli kitab kuna, ana kang percaya marang Allah, lan percaya marang kitab (Qur'an) kang wis diturunake marang wong-wong mau serta padha sumungkem ing Allah, dheweke padha ora ngikoli (nuku) ayat-ayate Allah klawan rega kang murah. Wong-wong kang mengkono iku bakal tampa ganjarane ana ngarsane Allah pangerane. Satemene Allah iku rikat pengetunge

[200] Para Mukmin kabeh, sira padha sabara lan padha nyabarna wangkoting wong kafir, lan padha sediya perang, lan padha bekti ing Allah, supaya sira kabeh padha pikantuk kabegjan

An-Nisa'

Surah 4

[1] He Manungsa kabeh, sira padha bektia ing Pangeranira, kang wis nitahake saka awak siji lan banjor nitahake bojone dititahake saka bagiane awak siji mau sarta kang wis nyebar saka sakarone iku priya lan wanita kang akeh. Lan sira padha bektia marang Allah kang padha sira anggo gegaraning panyuwun lan (sira aja medhot) sih. Satemene Allah iku nguwasake ing sira kabeh

[2] Lan sira padha menehna bandhane bocah Yatim sarta sira aja nglironi bandhane kang becik, sira ijoli kang ala. Lan aja mangan bandhane bocah Yatim mau sira campur bandhanira. Satemene wong kang mengkono iku dosa gedhe

[3] Dene menawa sira padha kuwatir ora bakal tumindak adil tumrape bandhane bocah yatim (lan kuwatir ora bakal bisa adil tumrap pandumira marang bojo) sira padha nikaha (rabia) wong wadon kang dadi condhoning atinira, ngloro nelu utawa mapat bae. Dene yen sira meksa isih kuwatir ora bakal bisa tumindak adil, iya rabia (nikaha) wong wadon mung siji bae, utawa nerimaa mung wong wadon tukon darbeking tanganira bae, kang mengkono iku luwih cedhak sumingkir saka tumindak nganiaya

[4] Lan sira mbayara mas kawining wong wadon, minangka paweweh. Dene yen wong wadon mau wis ridha mas kawine marang sira, mas kawin mau sira pangana kelawan enak

[5] He wong kang padha nguwasani bandhane bocah sakpepadhane, bocah kang padha ngebreh bandhane, aja sira wenehake, kersane Allah bandha mau dicekelake sira kanggo ngopeni bocah mau. Sira padha ngingonana lan sira padha nyandangana bocah mau kelawan bandhane. Lan sira padha nandukna tembung manis tur kepenak marang bocah mau

[6] Lan sira padha nitipriksa kahananing bocah yatim nganti tekan dewasa (baligh wayahe rabi). Ing kono manawa muturut panimbangira bocah yatim mau wis pinter, bandhane nuli sira wenehake marang bocah mau. Lan sira aja wani-wani mangan bandhane bocah yatim kelawan ora bener nggege entek ing bandha mau. Lan sapa kang nguwasani bandhane bocah yatim iku sugih, aja mangan babar pisan marang bandhane bocah yatim. Nanging yen kekurangan, ya mangana bandhane kelawan becik (bener). Dene manawa sira padha masrahake bandhane bocah yatim kang nduweni bandha mau, sira padha neksekna temene bocah yatim mau wis nampa bandhane. Lan wis cukup Allah dadi Panimbang

[7] Wong-wong lanang padha duwe panduman saka barang tetinggalane wong tuwa loro (bapabiyung) utawa saka sanak sedulure. Wong-wong wadon iya padha duwe panduman saka barang tetinggalane wong tuwa loro (bapabiyunge) utawa saka sanak sedulure, ana kang mung nampa sethithik utawa akeh. Mangkono iku panduman kang wis tinamtokake

[8] He wong kang padha tampa panduman waris, manawa anak sanak sadulur kang benere ora oleh panduman, lan bocah yatim, apa dene para wong miskin padha teka meruhi pengedume barang tinggalan iku padha sira ujurana (sadurunge barang mau dibage marang para waris kang mesthi nompa) lan padha sira tandukana tembung kang becik lan manis

[9] Lan sira padha nguwarna wong kang padha lara banget, kang manawa mati sarta sapungkure tinggal anak cilik. Anak cilik mau dikuwatirake mbokmanawa ora kopen, mulane sira padha bektia marang Allah, lan mituturana marang wong kang lara mau kelawan pitutur kang becik

[10] Satemene wong kang padha mangan bandhane bocah yatim kelawan panganiaya iku prasasat ngiseni wetenge kelawan geni neraka, ing besuk bakal dicemplungake ing neraka Sa'ir

[11] Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro, dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan. Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separoning barang tinggalan. Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak. Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan. Dene manawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon loro sak pendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, samono iku saturahe dienggo nglestarekake wewekas kang diwekasahe (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau. Bapakinge sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa ana kang weruh mungguh bapa lan anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira. Pangendum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah. Satemene Allah iku Nguningani lan Wicaksana

[12] Lan sira padha duwe panduman separoning barang tetinggalan rabinira kang mati, iku manawa rabinira mau ora tinggal anak. Dene yen tinggal anak, sira mung oleh panduman saprapating branang tetinggalane rabinira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening rabinira, sarta dienggo mundhuti (nyauri) utange. Para rabinira duwe panduman saprapating barang tinggalanira yen sira mati, iku manawa sira ora tinggal anak. Dene yen sira tinggal anak, rabinira mung oleh panduman saprawoluning barang tinggalanira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang sira wasiyatake, sarta dienggo mundhati utange. Dene manawa ana wong lanang utawa wong wadon mati ora tinggal bapa utawa kaku utawa anak, ing mangka tinggal sedulur kang mung tunggal tinggal sedulur kang mung tunggal biyung wae lanang utawa wadon, iku yen sedulur tinggal biyung mung siji wae, pandumane sapranem barang tinggalan. Nanging yen sedulur tunggal biyung mau luwih saka siji, pandumane saprateluning barang tinggalan, diendum rampak sakancane padha sedulur tunggal sakancane padha sedulur tunggal biyung (lanang wadon padha wae), mangkono iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening kang mati mau, apa dene dienggo mundhati utange, tur wasiyat mau ora ndadekake kemlarataning (kapitunaning) ahli waris kang kasebut mau. Iku dhawuh saka Allah. Dene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Sabar

[13] Kabeh kang wis kasebut mau iku angger-anggere Allah. Lan sing sapa ngestokake (dhawuhe) Allah lan Utusane, Allah mesti ngganjar marang wong mau, dilebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore wit-witan, ana kono padha langgeng, iya kaya mangkono kabegjan kang agung

[14] Dene sing sapa duraka ing Allah lan Utusane, apa dene nerak angger-anggere Allah, Allah bakal nyiksa marang wong mau, dicemplungake neraka, ana kono padha langgeng sarta dipatrapi siksa kang ina

[15] (Para wong kang padha nyekel kabenaran) mungguh para wanita kang padha nglakoni ala (zina) iku padha sira golekna saksi lanang papat. Manawa wong papat mau wis padha nyekseni anggone zina, wanita mau banjur sira kunjaranen, (kurungen) ana sajroning omah, nganti dheweke mati utawa nganti Allah ndamel dalan marang dheweke (lepas saka anggone dikurung utawa dikunjara)

[16] Dene yen ana wong loro kang nindakake laku ala (zina) iku padha pilaranen dene wong loro mau banjur padha tobat, lan padha mbecikake kelakuane, yen wis nengna wae. Satemene Allah kepareng nampa tobate para kawula sarta Maha Asih

[17] Satemene tobat (kang ditampa) dening Allah iku tumrap wong kang nglakoni laku ala kang padha klimput atine (jalaran saka ora mangerti), kang ora antara suwe banjur tobat. Wong kang mangkono iku diparengake tobate dening Allah. Allah iku Ngudaneni tur Maha Wicaksana

[18] Tobat iku ora tumrap wong kang nglakoni laku ala pirang-pirang, kang nganti tekan waktu mati lagi matur: "Ing sapunika kawula tobat". Lan ora tumrap wong kang padha mati kafir. Wong mangkono mau Ingsun ancam kelawan siksa kang nglarani

[19] He wong kang mukmin kabeh, tumrap sira ora bakal halal maris bandhane para wanita kelawan peksan. Lan sira aja padha nyegah wong wadon mau manawa arep omah-omah maneh. Pamrihe supaya sira bisa ngilangake seperangane bandha kang sira wenehake marang dheweke, kajaba yen wanita-wanita mau wis terang anggone nindakake laku ala (zina). Lan sira supaya nyrawungi marang wanita-wanita mau kelawan becik. Dene manawa sira ora dhemen marang wong wadon mau, (sira antekna dhisik) mbokmanawa sira gething marang sawijining barang, nanging Allah nitahake kabecikan pirang-pirang ana ing barang kang sira gethingi

[20] Lan manawa sira duwe sedya arep ganti bojo (arep rabi maneh) mongka sira wis mbayar utawa nganggemi maskawin bandha akeh marang bojo kang ora sira dhemeni, iku sira aja pisan-pisan ngelongi maskawin mau sethithik-thithika, (yen sira nganti nglakoni) apa sira ngepek maskawin kelawan panganiaya lan dosa kang wis terang

[21] Kapriye yen sira nganti padha ngelongi (jupuk) maskawine, kang mongka sira wis kelakon saresmi karo bojonira sarta dheweke wis padha ngalap perjanjian kukuh saka sira kabeh

[22] Lan maneh sira aja padha ngrabeni wong wadon kang wis nate diningkah (dirabi) dening bapa utawa embahira, kajaba kang wis kebanjur biyen. Satemene kang mangkono iku jember lan kabendon dening Allah sarta ala-alaning dalan

[23] Lan sira (uga) dilarangi angngrabeni biyungira lan anakira wadon lan sadulurira wadon, lan sadulure wadon bapakira lan sadulure wadon biyungira, lan anake wadon sadulur wadon lan biyungira inya kang wis nyusoni ing sira lan sedulurira wadon tunggal suson lan biyunge rabinira lan anakira kuwalon kang kelumrahane ana ing pangkonira, metu saka rabinira kang wis becik (cumbana). Dene yen sira durung becik (cumbana) lan rabinira, ora ana pakewuhe sira ngrabeni anakira kuwalon. Lan dilarangi maneh tilas rabine anakira lanang kang patutan saka sira dhewe lan maneh sira dilarang wayuh wanita loro kang padha sedulur, mengkono mau kajaba wis kebanjur biyen. Satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih

[24] Lan maneh sira padha dilarangi ngrabeni wong wadon kang somahan (kang duwe bojo) kajaba wanita (jariah) kang kadarbe ing sira, Allah nemtokake kang mangkono mau marang sira kabeh, lan sira padha dililani ngupaya bojo wanita, liyane kang klebu ing larangan mau, sarana maskawin bandhanira, dadi sira padha ora aran zina, aran sesomahan, endi wanita kang sira anggo kebungahan karabi ing sira bayara maskawin kang kasebut ing nikah, sawise maskawin mau ditemtokake akeh sethithike. Manawa sira sarta wanita mau padha narima mundhaking maskawin utawa sudane, yen ora ana pakewuhe. Satemene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Wicaksana

[25] Lan sing sapa saka sira kabeh ora kuwat mbayar mas kawin kanggo wong wadon merdika kang mukmin, iya nikaha (ngrabiya) wong wadon kawula kang mukmin, kang kadarbe ing liyan. Allah iku Ngudaneni setia lan orane anggonira mukmin. Yen lahira sira anggonira mukmin. Yen lahira sira lan wong wadon kawula kang resik, ora gelem zina, ngedheng utawa dhelikan. Sira nikaha klawan ridlaning bendarane, lan sira mbayara maskawine klawan ganep. Manawa wong wadon kawula mau wis kelakon omah-omah, kang mongka mbanjur nglakoni kang mongka mbanjur nglakoni zina, iku patrapane saparoning patrapane wong wadon merdika. Dene kenane ngrabeni wong wadon kawula kang jalaran ora kuwat mbayar maskawine wong-wong wadon merdika, iku tumrap wong kang kuwatir mbok manawa nglakoni zina. Ewa dene yen sira kuwat sabar ora ngrabeni wong wadon kawula lan uga ora zina, iku tumraping sira luwih becik. Dene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih

[26] Allah iku kersa nerangake laku-lakuning agama marang sira kabeh lan paring pituduh laku-lakuning para Nabi sadurungira lan kersa nampa tobatira. Dene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Maha Wicaksana

[27] Allah kersa nampa tobatira kabeh. Dene wong-wong kang padha nggugu hawa nafsune (wong Yahudi lan wong Nasrani) iku padha pamrih supaya sira kabeh padha nyleweng temenan (saka barang kang bener)

[28] Allah kersa ngenthengake marang sira kabeh, jalaran manungsa iku dititahake apes

[29] Para wong mukmin kabeh, sira aja mangan bandha-bandhanira ana ing antaranira kelawan batal, kajaba yen bandha mau arupa dagangan kang wis krana lila, lan sira aja padha mateni awakira dhewe, jalaran satemene Allah iku Maha Asih marang sira kabeh

[30] Lan sing sapa tumindak kang mengkono iku nglanggar wates lan nganiaya, temen Ingsung nutup (ngilangi) kaluputanira (kang cilik) bakal nyemplungake dheweke ana ing neraka. Lan kang mengkono iku mungguhing Allah gampang

[31] Menawa sira padha nyingkiri larangan (dosa) gedhe kang tumrap marang sira kabeh, mesthi tumindak ala kang sira tindakake Ingsun tutupi (dosa-dosa cilik) Lan sira bakal padha Ingsun lebokake ing suwarga kang Mulya

[32] Lan sira aja padha kemeren, ngarep-ngarep kabegjan kang wis diparingake dening Allah marang saweneh saka sira ngungkuli liyane. Para wong lanang padha duwe panduman pituwase barang kang wis padha ditindakake. Para wong wadon uga padha duwe panduman pituwase barang kang wis ditindakake. Sira padha nyuwuna sih kanugrahaning Allah. Satemene Allah iku ngudaneni marang samubarang

[33] Lan tumrap siji-sijine wong (mati) Ingsun wis ndadekake ahli waris tumrap barang tetinggalane, (yaiku) wong tuwane loro lan para sanak sadulure. Lan (menawa ana) wong-wong padha perjanjian kanthi supawa (kawula), jalaran saka iku sira padha menehna wong-wong mau. Satemene Allah iku Maha nekseni marang samubarang

[34] Para wong lanang iku padha nguwasani (dadi Pemimpin) marang para wong wadon, jalaran anggone Allah ngluwihake wong lanang ngungkuli wong-wong wadon, lan jalaran anggone dheweke wis aweh nafkah nganggo bandhane, Mulane wong wadon kang becik iku mesthi manut miturut (tha'at) marang lakine (bojo), tur rumeksa ing wadine (ora sedheng) kelawan pangreksane Allah kang wis didhawuhake. Dene wong wadon kang sira kuwatirake wangkal (ora manut miturut), iku sira pituturan kang becik, yen meksa wangkal, nuli sira ngedohna saka paturone. Yen meksa isih wangkal, sira gitiki. Dene yen banjur manut miturut marang sira, aja sira goleh-golekake perkara. Satemene Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung

[35] (He wong kang padha nyekel bebeneran), menawa sira padha kuwatir (weruh) pasulayaning wong bebojoan nuli sira padha nganakna juru pemisah , saka sadulure kang lanang lan sijine saka sanake kang wadon . Sabanjure menawa juru pemisah loro-loro mau karep gawe becik, Allah bakal nulungi antarane wong loro mau. Satemene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Waspada

[36] LAn sira padha manembaha Allah, lan aja nyekuthokake Allah kelawan barang liyane. Lan padha gawea becik (ngabekti) marang wong tuwa loro, lan para sedulurira, lan para bocah Yatim, lan para wong miskin, lan tangga lan para wong miskin, lan tangga cedak kang isih sanak, lan tangga kang adoh lan kanca kang raket lan marang Ibnu Sabi (wong kang pinuju lelungan), apa dene kawula kang kadarbe ing sira. Satemene Allah iku ora remen wong kang gumedhe lan ngunggul-ngunggulake kaluwihane

[37] (Yaiku) wong-wong kang medhit (kumel) lan kang ngajak-ngajak para manungsa supaya padha medhit, lan padha ngumpetake peparinging Allah kang wis diparingake marang wong mau. Lan Ingsun ngancam marang wong kafir kanthi siksa kang ngasorake

[38] (kajaba wong kafir), Ingsun uga ngancam wong kang padha dermakake bandhane nganggo diweruhake ing wong (murih dilem) lan pra percaya ing Allah, apa dene ora percaya marang anane dina qiyamat. Dene sing sapa duwe kanca syetan iku weruha menawa syetan iku kanca kang ala banget

[39] Apa ta pakewuhe upama wong-wong padha gelem percaya marang Allah lan dina Qiyamat sarta padha gelem ndermakake bandha kang wis diparingke dening Allah? Allah iku ngudaneni marang wong-wong mau kabeh

[40] Satemene Allah iku ora kersa nganiaya sanajan mung sabobote semut kang cilik. Dene menawa ana amal-amale iku becik, Allah bakal maringi ganjarane tikel-matikel, sarta bakal maringi ganjaran kang agung saka ngarsane

[41] Kapriye bakal kedadeyane wong-wong kafir mau besuk nalika Ingsun nekakake saksi saka saben-saben ummat, lan Ingsun nekakake sira (Muhammad) supaya dadi saksi tumrap wong-wong kafir mau

[42] Ing dina iku sarupaning wong-wong kafir lan wong-wong kang padha duraka ing Rasul, luwih seneng (bungah) awake sirna dadi lemah, lan padha ora bisa ngumpetake paturan marang Allah nelaki tumindake kang ala kang wis ditindakake

[43] He wong kang padha mukmin kabeh, sira aja padha nindakake sholat menawa sira lagi mendem, kajaba menawa sira kabeh wis padha mangerti apa kang sira ucapake, lan aja padha nindakake shalat menawa sira padha junub (mentas cumbana), kajaba wong kang pinuju lelungan, lumaku ana ing dedalan, nganti sira padha adus. Dene yen sira pinuju lara utawa ana sajroning lelungan, utawa salah sawiji nira mentas teka saka jamban, utawa sira senggolan karo wong wadon (cumbana), iku yen sira padha ora oleh bangu, sira banjur padha tayamum nganggo lebu kang resik (suci), nuli padha ngusapa rahinira lan tanganira. Satemene Allah iku Maha Agung sarta Maha Pangapura

[44] Apa sira Muhammad ora sumurup wong-wong kang diparingi Kitab (Yahudi lan Nasrani) malah padha ngijoli kanthi barang sasar sarta padha duwe karep arep nasarake marang sira saka dalan kang bener

[45] Dene Allah iku ngudaneni marang para saterunira. Lan pangreksane Allah wis cukup marang sira. Lan semono uga pangayomane Allah marang sira iya wis cukup

[46] Sawenehe wong-wong Yahudi ana sagolongan kang padha ngowahi tetembungane Kitab Taurat, ana tetembungan kang dibuwang saka panggonane (banjur disalini tetembungan liyane), lan padha matur marang Kanjeng Rasul: "Pangandika panjenengan sampun kula mirengaken, nanging kula sami mbangkang (mopo). panjenengan kula aturi mirengaken, nanging boten dipun gatosaken", sarta pangucape maneh: "Raa'Inaa", dheweke padha mutar balik klawan lisane, sarta natoni (nyenyamah - nacat) agama. Saupama dheweke iku padha ngucap: "Kita sami mireng lan kita sami ndherek, panjenengan kula aturi mirengaken sarta mugi panjenengan nyrantosaken dhateng kita", temen kang mengkono iku luwih becik lan luwih jejeg, nanging Allah wis bendoni (nglaknati) marang dheweke kegawa anggone padha kafir. Mulane ora padha gelem percaya kejaba mung sethithik

[47] He para wong kang padha diparingi Kitab, sira padha percaya ing kitab Qur'an kang wis Ingsun turunake, kang mbenerake marang kitab cecekelanira, mumpung Ingsun durung ngrusak rahi pirang-pirang, kang sabanjure padha Ingsun inger marep marang mburi, utawa mumpung Ingsun durung mbendoni marang wong mau kaya anggoningsun mbendoni para Bani Israil kang padha kaluputan nyambut gawe, ana ing dina Sabtu (Ingsun salini rupa kethek). Dene kabeh prentahe (dhawuhe) Allah iku mesthi kaleksan

[48] Satemene Allah iku ora bakal ngapura menawa panjenengane nganti disekuthokake, nanging panjenengane ngapura saliyane kang mengkono marang wong-wong kang dadi keparenge kersane. Dene sapa kang nyekuthokake marang Allah, iku setemene dheweke iku tumindak dosa kang gedhe

[49] (Muhammad), apa sira durung sumurup wong-wong (Yahudi lan Nasrani) kang padha sumuci-suci nucekake awake dhewek (iku ora bener, dnee kang bener) Allah iku nucekake wong kang dadi kepareng kersane. (Wong Yahudi lan wong Nasrani kaya mengkono mau mesthi padha disiksa). Lan dheweke iku ora bakal padha dikaniaya sethithik-thithika

[50] Sira ndelenga kepriye anggone wong-wong mau padha gawe gegorohan marang ngersane Allah, lan wis cukup mengkono iku (dadi) sawijining dosa kang tetela

[51] Apa sira (Muhammad) durung sumurup marang wong-wong kang padha wis diparingi panduman saka kitab? Dheweke padha percaya marang berhala kang aran Jibti lan Thaghut, sarta padha ngucap marang kancane kang padha kafir, menawa wong-wong mau luwih oleh pituduh marang dalan kang bener ngungkuli wong-wong kang padha percaya

[52] Wong kang mengkono iku tetap padha dibendoni (dila'nati) dening Allah, wis mesthi ora ana kang bisa nulungi

[53] Apa wong mengkono mau padha duwe panduman Keratoning Allah (ora). Wong mengkono mau ora pisan-pisan gelem weweh sethithik-thithika marang para manungsa

[54] Apa ta padha andrengkèni para manusa déning anggoné padha kaparingan déning Allah arupa lubèring kadarman-É? Lah temen Ingsun wis amaringi Kitab lan kawicaksanan para dharah Ibrahim, sarta wus padha Ingsun paringi karaton kang gedhé

[55] Mulané sawenèhé ana sing angèstu ing dhèwèké lan sawenèhé ana sing malèngos saka dhè- wèké, lan naraka iku wis cukup kanggo ngobong

[56] Sayekti para kang padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun, bakal Ingsun cemplungaké ing geni; saben-saben kulité wis padha kobong, padha Ingsun salini kulit liyané, supaya padha ang- rasakaké siksa; sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana

[57] Lan para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, bakal Ingsun lebokaké ing pata- manan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono, langgeng; ana ing kono bakal padha olèh jodho kang padha sucia lan bakal padha Ingsun lebokaké ing kabegjan gedhé

[58] Sayekti Allah adhawuh ma- rang sira ingandikakaké padha ambalèkaké titipan marang sing pantes anampani, lan samang- sa sira anibakaké bebeneran anta- raning para manusa ingandikakaké kalawan adil; sayekti Allah iku amituturi sira kalawan apa kang linuhung; sayekti Allah iku Ami- yarsa, Amirsani

[59] É, para kang padha angèstu! Padha ambangun-turuta ing Allah lan padha ambangun-turuta ing Utusan sarta kang nyekel paprén- tahan saka ing antaranira; lah, manawa sira padha pasulayan ing dalem sawijining prakara, iku iya balèkna marang Allah lan Utusan, yèn ta sira iku padha angèstu ing Allah lan dina akhir; iki luwih prayoga sarta wusanané luwih déning becik

[60] Apa sira ora andeleng marang para kang padha angaku yèn padha angèstu marang apa kang kadha- wuhaké marang sira sarta apa kang kadhawuhaké ing sadurungira? Dhèwèké padha duwé karep an- jaluk bebeneran marang sétan, sanajan wis padha didhawuhi, iki ingandikakaké angafiri, lan si sétan duwé karep arep anasaraké dhè- wèké kalawan sasar kang adoh

[61] Lan samangsané padha di- calathoni: Ayo padha tumekaa marang apa sing kadhawuhaké déning Allah lan marang Utusan, sira bakal weruh para lamis padha maléngos saka ing sira kalawan pamalèngos kang abanget

[62] Nanging kapriyé manawa babaya anibani dhèwèké, amarga saka panggawéné tangan-tangané kang dhisik-dhisik? Tumuli padha anekani sira, kalawan sumpah dhemi Allah: Kajeng kula boten sanès kajawi saé sarta pirukun

[63] Iki para kang apa sing ana ing sajroning ati-atiné, Allah angu- ningani; mulané padha singkirana lan padha tuturana sarta padha kandanana prakara awaké kalawan tembung kang mranani

[64] Anggon-Ingsun angutus Utu- san iku ora liya kajaba supaya dienut kalawan idining Allah; lan saupama dhèwèké iku nalikané padha atindak dudu marang awaké dhéwé anekani sira, banjur nyu- wun pangapura ing Allah sarta Utusan anyuwunaké panga- pura dhèwèké, amasthi padha katemu nyatané, Allah iku tansah awongsal-wangsul , Mahaasih

[65] Nanging ora! dhemi Pangéra- nira, dhèwèké iku padha ora angèstu nganti tumekané dhèwèké padha anetepaké sira dadi juru nibakaké bebeneran ing dalem prakara kang dadi sulaya antarané awaké, tumuli ing atiné ora ana rupeké tumrap pancasanira sarta padha manut kalawan sumarah

[66] Lan manawa Ingsun anetep- ana wajib marang dhèwèké: Padha tohna jiwanira utawa lungaa saka ing nagaranira, iku ora bakal padha anindakaké, kajaba ana sathithik; lan saupama dhèwèké padha anindakna apa kang dipitu- turaké marang dhèwèké, amasthi luwih becik awaké sarta anetepaké bangeting kukuhé

[67] Lan amasthi tumuli padha Ingsun paringi ganjaran gedhé saka ing ngarsa-Ningsun dhéwé

[68] Sarta amasthi padha Ingsun tuntun ing dalan kang bener

[69] Lan sapa sing ambangunturut ing Allah lan Utusan, lah ya iki panunggalané para kang padha kaparingan nugraha déning Allah, kaya ta: para nabi, lan para wong temen, sarta para babanten tuwin para wong tulus, lan réwang kang becik banget iki

[70] Iki lubèring kadarman saka ing Allah, lan wis cukup Allah Ingkang-Anguningani

[71] É, para kang padha angèstu, padha pasangen kaprayitnanira, mulané padha mangsaha sagolo- ngan-sagolongan utawa mangsaha bareng kabèh

[72] Lan sayekti sawenèhira ana kang pancèn angèrèni! Lah mana- wa babaya angenani sira, angucap: Temen Allah wus aparing nugraha marang aku, déné aku ora teka ambarengi dhèwèké

[73] Lan manawa lubèring kadar- man saka ing Allah anekani sira, masthi bakal angucap, sajaké antaranira karo dhèwèké kaya ora ana sambunging sih katresnan: O, mungguh aku ambarengana dhè- wèké, amasthi aku bakal éntuk olèh-olèhan gedhé

[74] Mulané padha peranga ing dadalaning Allah para kang padha angedol kauripan donya iki ma- mrih akhirat; lan sapa sing perang ing dadalaning Allah, apa banjur kapatènan apa menang, iku masthi bakal Ingsun paringi pituwas kang agung

[75] Lan apa ta karananira sira padha ora perang ing dadalaning Allah lan wong-wong lanang lan wong-wong wadon sar- ta bocah-bocah kang padha apes, kang padha munjuk: Pangéran kawula! mugi kawula Tuwan wedalaken saking nagari punika, ingkang tiyangipun para anganiaya, saha mugi Tuwan apa- ring dhateng kawula pangayoman saking ngarsa Tuwan, punapa déné mugi Tuwan aparing dhateng kawula panulung saking ngarsa Tuwan

[76] Para kang padha angèstu iku padha perang ing dadalaning Allah, lan para kang padha kafir iku padha perang ing dadalaning sétan. Mulané padha peranga lumawan para mitraning sétan; sayekti upayaning sétan iku apes

[77] Apa sira ora andeleng marang para kang padha didhawuhi: Lèrèna tangan-tanganmu lan anju- menengna salat sarta ambayara zakat; nanging samangsa perang ditetepaké wajib ingatasé dhèwèké, lah ing kono, ana sing sapantha wedi marang manusa kaya kuduné wediné maring Allah, utawa malah kapara banget ing wedi, tuwin padha munjuk: Pangéran kawula, punapaa déné Tuwan anetepaken wajib perang tumrap dhateng kawula? Punapaa kawula boten Tuwan sumenèkaken sakedhap malih? Calathua: Kabungahan ing donya iku sapélé, sarta akhirat iku luwih becik tumrapé wong kang bekti, lan sira ora pisan-pisan bakal kataman ing panggawé dudu

[78] Ana ing ngendi-endia mang- gonira, pati iku bakal tumeka ing sira, sanajan sira padha ana ing gedhong dhuwur. Lan manawa katekan becik, padha acalathu: Iki saka ngarsaning Allah; lan mana- wa katekan ala, padha calathu: Iki saka kowé. Calathua: Kabèh iku saka ngarsaning Allah; ananging ana apa ta wong-wong iki, déné prasasat padha ora ngerti apa kang kadhawuhaké

[79] Sabarang becik kang tumeka ing sira , lah iku saka ing Allah, lan sabarang ala kang tumeka ing sira, lah iku saka ing sira dhéwé; lan Ingsun angutus ing sira ! marang kama- nusan minangka Utusan; lan wis cukup Allah iku minangka Saksi

[80] Sapa sing ambangun-turut ing Utusan, lah sajatiné iku ambangun- turut ing Allah; lan sapa sing ma- léngos, lah anggon-Ingsun angutus ing sira iku ora minangka juru- ngreksa dhèwèké

[81] Lan dhèwèké padha acalathu: Pambangun-turut. Ananging bareng wis padha metu saka ing ngarepira, sing sapantha, ing wengi anetepaké tumindak dudu kang sira dha- wuhaké; lan Allah iku anyerati apa kang ditetepaké ing wengi, mulané padha singkirana lan sumendhéa marang Allah, lan wis cukup Allah iku minangka Panga- yoman

[82] Lah apa ta padha ora meleng marang Quran? Lan saupama saka saliyané Allah, amasthi dhèwèké padha mrangguli pasulayan sa- pirang-pirang ana ing sajeroné

[83] Lan manawa ana pawarta tumeka marang dhèwèké: aman utawa nguwatiri, disebar-sebaraké; lan manawa iki diaturaké marang Utusan lan marang kang nyekel papréntahan saka ing antarané, amasthi sawenèhé, sing padha bisa nastitèkaké iki, bakal wis padha weruh; lan saupama oraa ana lubèring kadarmané Allah sarta wilasa-Né, amasthi sira bakal padha manut marang sétan, kajaba sathithik

[84] Mulané sira peranga ing dadalaning Allah: ora liya kang kajibah iku kajaba awakira dhéwé; sarta ananangia para angèstu; manawa-manawa Allah ameperaké perangé wong kafir, lan Allah iku luwih abanget ing kawanèn sarta luwih abanget ing pidana

[85] Sapa sing réwang-réwang ing dalem panggawé becik, bakal olèh panduman sapé- rangané, lan sapa sing réwang- réwang ing dalem pang- gawé ala, bakal duwé tanggungan sapérangané; lan Allah iku kang amisésa ing samubarang

[86] Lan manawa sira dikurmati kalawan pakurmatan, lah kurmata kalawan kang luwih becik tinimbang iku, utawa mang- sulana padha karo iku; sayekti Allah iku marang samubarang angétang

[87] Allah, ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; sayekti Pan- jenengané temen bakal angimpun sira kabèh ing dina kiyamat, wis ora ana semangé ing dalem iki; lan sapa ta sing luwih temen ing pangucap tinimbang Allah

[88] Lah ana apa ta sira iku déné dadi rong golongan ing dalem para lamis, ing mang- ka Allah ambalèkaké dhèwèké amarga saka panggawé-panggawéné? Apa ta sira padha arep nuntun wong kang wis kasasaraké déning Allah? Lan sapa sing wis kasasaraké déning Allah, amasthi ora bakal sira éntuk dalan tumrap dhèwèké

[89] Padha angajap-ajap supaya sira padha kafira kaya olèhé padha kafir, dadi sira kabèh banjur padha; mulané aja ana kang padha sira alap mitra nganti tumekané dhè- wèké padha ngili ing dadalaning Allah; ananging manawa padha maléngos, lah padha sira cekela lan padha sira patènana, ana ing ngendi baé katemunira karo dhèwèké, lan aja ana kang padha sira alap mitra utawa panulung

[90] Kajaba para kang padha lumebu marang golongan, kang aprajanjian karo sira, utawa tume- ka marang sira, amenggak atiné amerangi sira, utawa amerangi golongané; lan saupama Allah iku angarsakna, amasthi aparing kaku- watan marang dhèwèké anglawan sira, banjur masthi amerangi sira; mulané manawa dhèwèké padha anyingkiri sira, dadi padha ora amerangi sira, sarta angacarani pirukun marang sira, amasthi Allah ora aparing dalan marang sira amituna dhèwèké

[91] Sira bakal padha kepranggul liyané, kang kapéngin aman ka- lawan sira sarta aman kalawan golongané; saben-saben padha bali marang piala, saya kablebek ana ing kono; mulané manawa dhèwèké padha ora anyingkiri sira sarta ora angacarani pirukun ma- rang sira apa déné ora anglèrènaké tangan-tangané, lah padha sira cekela lan sira patènana ana ing ngendi baé katemunira dhèwèké; lan kanggo nglawan iki anggon- Ingsun aparing wewenang kang cetha marang sira

[92] Lan ora mungguh tumrapé mukmin yèn ta matènana mukmin, kajaba klèru; lan sapa sing matèni mukmin ora kalawan dijarag, lah amardikakna kawula mukmin siji sarta tetempuh kudu kabayar marang ahliné, kaja- ba yèn iki anglilakaké; ananging manawa dhèwèké iku asal saka golongan kang amungsuhi sira, sarta dhèwèké iku mukmin, lah amardikakaké kawula mukmin siji , lan manawa dhè-wèké iku asal saka ing golongan kang aprajanjian kalawan sira, lah tetempuh kudu dibayar marang ahliné karo amardikakaké kawula mukmin siji; ananging manawa ora bisa éntuk lah kudu puwasa rong sasi tumaruntun: pitobat saka ing Allah, lan Allah iku Anguningani, Wicaksana

[93] Lan sapa sing amatèni muk- min kalawan jaragan, lah wawa- lesé naraka, bakal manggon ing kono lan Allah bakal andhawahaké bendu-Né marang dhèwèké sarta angla’nati dhèwèké apa déné anyadhiyakaké siksa kang gedhé marang dhèwèké

[94] É, para kang padha angèstu, samangsa sira maju perang ing dadalaning Allah, lah padha aniti- priksaa, lah aja padha calathu marang sapa sing anibakaké salam marang sira: Kowé iku dudu mukmin. Apa sira padha ngupaya barang-barang kauripan donya! Lah ing ngarsaning Allah ana kauntungan sapirang-pirang; sira iku ing biyèn iya kaya mangkono, tumuli Allah aparing nugraha ma- rang sira; mulané padha anindakna paniti priksa; sayekti Allah iku waspada ing sabarang kang padha sira lakoni

[95] Ora padha para mukmin sing thenguk-thenguk, dudu sing nan- dhang rekasa, karo para kang padha nyrempeng ing dadalaning Allah kalawan bandhané lan jiwané; Allah wis angluwihaké dhuwur ing drajat para kang padha nyrempeng kalawan bandhané lan jiwané angungkuli para kang padha thenguk-thenguk, lan siji- sijiné padha disagahi kabecikan déning Allah, lan Allah angluwi- haké para kang padha anyrempeng angungkuli para thenguk-thenguk kalawan ganjaran kang gedhé

[96] Darajat-darajat saka Panjenengané, sarta pangayomana tuwin wilasa, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[97] Sayekti para malaikat, mana- wa amatèni para kang padha atin- dak dudu marang jiwané dhèwé, padha calathu: Kapriyé kahanan- ira? Bakal padha mangsuli: Kula punika sami apes wonten ing bumi. Bakal padha calathu: Apa buminé Allah iku ora jembar, dadi sira pa- dha bisa ngalih ing kono? Mulané, ya iki kang padunungané naraka, lan iki papan kang ala

[98] Kajaba wong-wong lanang lan wong-wong wadon lan bocah- bocah kang padha apes, kang padha ora kuwat saranané lan ora éntuk dalan

[99] Mulané, ya iki, manawa- manawa Allah kapareng amuwung dhèwèké, lan Allah iku ambek Amuwung, Aparamarta

[100] Lan sapa sing angili ing dadalaning Allah, ana ing bumi bakal nemu enggon pangungsèn sapirang-pirang sarta sumber pa- ngupajiwa kang ambludag; lan sapa sing metu atinggal balé omahé, lumayu marang Allah lan Utusan-É, tumuli pati anututi dhèwèké, lah ganjarané temen ana ing Allah, lan Allah iku Apara- marta, Mahaasih

[101] Lan samangsa sira padha lalaku ing bumi, lah ora cacad ingatasé sira yèn sira anyendhakna salat, manawa sira kuwatir yèn para kang padha kafir angrempak ing sira; sayekti para kafir iku mungsuhira kang tétéla

[102] Lan manawa sira ana ing antarané dhèwèké padha sarta anjumenengaké salat tumrap dhè- wèké, lah dhèwèké sing sapantha sira kona ngadeg bareng lan sira sarta padha nyekela gagamané; lah nalika padha sujud padha sira kona menyang ing burinira, lan sapantha liyané sing durung salat supaya majua banjur padha salata amba- rengi sira sarta padha ngrenggepa kaprayitnané lan gagamané; pangarep-arepé kang padha kafir, sira padha kalalèna gagama- nira lan gawanira, banjur dhèwèké arep angrempak ing sira kalawan panyerang kang ambabar-pisani; lan ora cacad ingatasé sira anyè- lèhaké gagamanira, manawa sira kena ing udan utawa pinuju lara, sarta padha angrenggepa kapra- yitnanira; sayekti Allah iku anya- dhiyakaké siksa kang angasoraké tumrap para kafir

[103] Lah nalikané wis rampung anggonira salat, banjur padha anebuta ing Allah kalawan ngadeg sarta kalawan linggih tuwin kala- wan turon miring; ananging sa- mangsa sira wis padha jenjem, iya padha anjumenengna salat; sayekti salat iku ingatasé para angèstu sawijining angger kang tinamtu wayahé

[104] Lan aja padha kendho ang- gonira anglud mungsuh; manawa sira padha kelaran, lah sayekti dhèwèké padha kelaran kaya kelaranira, lan sira angarep-arep saka Allah barang kang dhèwèké padha ora angarep-arep; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

[105] Sayekti, Ingsun wus andha- wuhaké Kitab marang sira kalawan kayektèn, supaya sira anibakaké bebeneran antarané para manusa kalawan apa kang wis disume- repaké déning Allah marang sira; lan aja sira dadi tukang madoni makolèhaké para cidra

[106] Lan nyuwuna pangapura- ning Allah; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[107] Lan aja angikal padu ama- kolèhaké para kang anglakoni palacidra marang jiwané dhéwé; sayekti Allah iku ora remen ma- rang sapa kang padha apalacidra, dosa

[108] Padha umpetan saka para manusa, lan ora padha umpetan saka ing Allah, lan Panjenengané iku anjenengi dhèwèké, nalika ing wengi padha angangen-angen tembung kang Panjenengané ora rena, lan Allah iku anglimputi samubarang kang padha di- lakoni

[109] Delengen! Sira iku kang padha angikal padu amakolèhaké dhèwèké ing dalem kauripan donya; ananging sapa sing bakal angikal padu marang Allah amakolèhaké dhèwèké ing dina kiyamat, utawa sapa sing bakal dadi pangayoman tumrap marang dhèwèké

[110] Lan sapa sing anglakoni panggawé ala utawa atindak dudu marang jiwané dhéwé, tumuli nyu- wun pangapuraning Allah, masthi bakal nemu Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[111] Lan sapa sing sing atindak dosa, lah tumindaké iku mung amitunani tumrap marang jiwané; lan Allah iku Anguningani, Wicak- sana

[112] Lan sapa sing anglakoni sawijining kaluputan utawa sawiji- ning dosa, tumuli angipataké iki marang sing ora magepokan, lah temen anggéndhong momotané wong doracara lan dosa kang tétéla

[113] Lan saupama ora anaa lubèring kadarmaning Allah tuwin wilasa-Né marang sira, amasthi dhèwèké sing sagolongan ane- tepaké sedya arep angrusakaké sira ananging ora liya kajaba angrusak jiwané dhéwé, lan ora pisan- pisan bakal angrusakaké sira; lan Allah wus andhawuhaké marang sira Kitab lan kawicaksanan, sarta wus mulang apa sing sira ora weruh, lan lubèring kadarmaning Allah marang sira iku gedhé banget

[114] Ora ana beciké ing dalem kèh-kèhané pirembugané kang wadi iku, kajaba sapa sing marén- tahaké dana, utawa kabecikan uta- wa pirukun antarané para manusa; lan sapa sing anglakoni mangkéné iki mamrih karenaning Allah, amasthi dhèwèké bakal Ingsun paringi ganjaran kang gedhé

[115] Lan sapa sing ngecrahi Utusan ing sawisé tuntunan dadi terang tumrap dhèwèké, sarta nurut kang dudu dadalané para angèstu, dhèwèké iku bakal Ingsun adhep- aké marang barang kang diadhep- aké, lan bakal Ingsun cemplungaké naraka; lan iku papan kang ala. A

[116] Sayekti Allah ora angapura anyakuthokaké sawiji-wiji karo Panjenengané, lan angapura kabèh saliyané iku marang sapa sing dadi kaparenging karsa-Né;a lan sapa sing nyakuthokaké sawiji- wiji karo Allah, lah temen sasar kalawan sasar kang adoh

[117] Para anguwuh saliyané Pan- jenengané, ora liya kajaba barang kang tanpa jiwa, lan ora liya kajaba padha anguwuh sétan kang tanpa ana beciké

[118] Allah wus angla’nati dhè- wèké; lan dhèwèké munjuk: Saèstu kula badhé amendheti kawula Tu- wan sapanduman ingkang tinamtu

[119] Lan saèstu badhé sami kula tatangi ing pépénginan ingkang muspra, tuwin saèstu badhé sami kula ajani anyigar kupinging raja- kaya punapa déné saèstu sami badhé kula ajani ingkang supados angéwahi titahing Allah; lan sapa sing aluwung angalap sétan minangka pangayoman tinimbang Allah, iya masthi bakal kapitunan kalawan kapitunan kang tétéla

[120] Dhèwèké padha disaguhi lan padha ditatangi pépénginané kang muspra; lan ora liya kasa- guhané sétan marang dhèwèké iku kajaba mung ngapusi

[121] Iki para kang panggonané iku naraka, lan ora bakal padha olèh pangungsèn saka ing kono

[122] Wondéné para kang padha angèstu lan anglakoni panggawé- panggawé becik, bakal padha Ingsun lebokaké ing patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono, langgeng; janjining Allah, temenan; lan sapa sing luwih temen ing pangucap tinim- bang Allah

[123] Ora bakal cocog karo pépé- nginanira kang muspra, lan iya ora cocog karo pépénginané pandhèrèké Kitab kang muspra; sapa sing anglakoni ala, bakal winales kalawan ala, lan saliyané Allah dhèwèké ora bakal éntuk pangayoman lan ora panulung

[124] Lan sapa sing anglakoni panggawé-panggawé becik, apa wong lanang apa wong wadon, lan dhèwèké iku wong angèstu, _ lah iki bakal padha lumebu ing taman, lan ora pisan-pisan bakal kataman ing tindak dudu

[125] Lan sapa ta kang luwih becik agamané tinimbang wong kang sumarah babar pisan adhepé marang Allah? lan dhèwèké iku wong kang agawé becik sarta miturut agamané Ibrahim, wong tulus, lan Allah iku amundhut Ibrahim minangka mitra

[126] Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungané Allah; lan Allah iku anglimputi samubarang

[127] Dhèwèké padha nyuwun putusan tumrap para wadon. Cala- thua: Allah aparing weruh marang sira putusan tumrap dhèwèké lan apa kang wus diwacakaké marang sira ing sajroning Kitab ing bab anak-anak yatimé para wadon, kang padha ora sira wènèhi apa kang wus katetepaké dadi bagéané, ing mangka sira emoh anikaha dhèwèké, sarta ing bab para kang apes, yaiku para anak-anak, lan atindaka kalawan adil marang bocah-bocah yatim; lan kabecikan apa kang padha sira lakoni, lah sayekti, iku Allah anguningani

[128] Lan manawa wong wadon kuwatir tindak siyané utawa paninggaling lakiné, lah ora ala ingatasé sakaloroné, manawa padha angadegaké pirukun antara- né sakaloroné,a lan pirukun iku luwih becik; lan budi iku dianani kumed; lan manawa sira padha agawé becik lan padha bekti, lah sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni

[129] Lan sira padha ora duwé kawasa anggonira arep tumindak adil antarané para rabi,b sanajan banget kapénginira, nanging sira aja padha dhoyong kalawan dho- yong babar pisan , nganti dhèwèké sira etogaké baé keplanggrang; lan manawa sira padha angedegaké pirukun sarta padha bekti, sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[130] Lan manawa sakaloron pa- dha pegatan, Allah bakal angilang- aké kabutuhané sakaroné amarga saka jembaring paparing-É, lan Allah iku jembar paparing-É, Wicaksana

[131] Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungané Allah, lan sayekti temen Ingsun wis andhawuhi para kang padha kaparingan Kitab ing sadurungira lan marang sira, supaya padha di bekti maring Allah; lan manawa sira padha angafiri, lah sayekti samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku kagungané Allah, lan Allah iku ora kabutuh ing samubarang, Maha-pinuji

[132] Lan kagungané Allah samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku, lan wis cukup Allah iku minangka Pangayoman

[133] Manawa Panjenengané angar- sakaké, saged anglungakaké sira, o, para manusa! Lan anekakaké liyané; lan Allah iku, nindakaké mangkono iku kawasa

[134] Sapa sing kapéngin gan- jaran donya, lah, ing ngarsaning Allah iku ana ganjaran donya lan akhirat; lan Allah iku Amiyarsa, Amirsani

[135] É, para kang padha angèstu, padha dadia wong kang nyan- tosakaké ing adil, saksi karana Allah, sanajan amitunani awakira dhéwé utawa wong tuwa sa- kaloron utawa para akrab ; yèn dhèwèké iku sugiha utawa mis- kina, lah Allah iku luwih déning saged ing sakaroné; mulané aja padha miturut ing pépénginan kang asor, mun- dhak sira padha nyalèwèng; lan manawa sira nalisir utawa ange- dohi, lah sayekti Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni

[136] É, para kang padha angèstu, padha angèstua ing Allah lan Utusan-É, lan Kitab kang wus kadhawuhaké marang Utusan-É, lan Kitab kang wus dhumawuh ing sadurungé; lan sapa sing angafiri Allah lan para malaikat-É, lan kitab-kitab-É, lan para utusan-É, lan dina akhir, iya temen-temen sasar kalawan sasar kang adoh

[137] Sayekti, para kang padha angèstu tumuli angafiri, tumuli angestu , tumuli angafiri , tumuli padha ngundhaki kafiré, iku Allah ora bakal angapura lan ora bakal nuntun dhèwèké ing dalan

[138] Dhawuhna marang para lamis, yèn dhèwèké bakal padha olèh siksa kang nglarani

[139] Para sing padha aluwung angalap para kafir minangka pa- ngayoman tinimbang para angèstu. Apa ta padha golèk singgih saka ing dhèwèké? Lah sayekti singgih iku kagungané Allah kabèh

[140] Lan temen Panjenengané wus andhawuhaké marang sira ana ing dalem Kitab, dhawuh-É: Manawa sira padha angrungu timbalan-timbalaning Allah padha dikafiri lan padha diguguyu, lah aja sira padha lulungguhan karo dhèwèké, nganti padha lumebu ing gunem liyané; sayekti, mengko mundhak sira dadi papadhané; sayekti Allah bakal angumpulaké para lamis lan para kafir kabèh ana ing naraka

[141] Para kang padha anganti- anti ing sira; lah manawa sira padha olèh ka- menangan saka ing Allah, padha calathu: Apa ta aku iki padha dudu rowangmu? Lan manawa kabegjan dumunung ing para kafir, padha acalathu: Apa aku iki ora padha amakolèhaké unggul tumrap ma- rang kowé sarta ananggulangi kowé saka para angèstu? Kang iku, ing dina kiyamat, Allah bakal anibakaké bebeneran ing antara- nira; lan ora pisan Allah bakal andamelaké dalan para kafir kang- go angalahaké para angèstu

[142] Sayekti, para lamis padha sir apus-apus ing Allah, lan Panje- nengané bakal males anggoné padha apus-apus; lan manawa dhèwèké padha menyat arep salat, menyaté kalawan wegah; mung amrih dinelenga ing wong, sarta ora padha angangen-angen ing Allah, kajaba sathithik

[143] Padha gajeg-gajeg antarané kuwi , ora kuwi lan ora kuwi; lan sapa sing sinasaraké Allah, ya ora bakal sira nemu dalan tumrap dhèwèké.a

[144] É, para kang padha angèstu, aja padha aluwung apèk panga- yoman para kafir tinimbang para angèstu;b apa sira nedya padha agawé tandha yekti tétéla konjuk ing Allah, kang mitunani ing sira

[145] Sayekti, para lamis iku padha ana ing geni lapisan kang ngisor dhéwé, lan ora bakal sira nemu panulung tumrap marang dhèwèké

[146] Kajaba kang padha tobat sarta ambecikaké kalakuané tuwin agondhèlan ing Allah apa déné tulus pambangunturuté maring Allah; lah yaiku sartané para angèstu; lan Allah bakal amaringi ganjaran kang gedhé marang para angèstu

[147] Apa perluné Allah aniksa ing sira, manawa sira pancèn padha weruh ing panarima sarta angèstu? Lan Allah iku Kang tikel- matikel ing pangganjar, Angu- danéni

[148] Allah Iku ora remen marang wedharing pangucap ngeblak kang nylekit, kajaba manawa iki déning wong kang kinaniaya; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni

[149] Manawa sira kalawan nge- dhèng anglakoni kabecikan utawa kalawan sira sidhem, utawa anga- pura ing ala, lah sayekti Allah iku Aksama, Kawasa

[150] Sayekti para kang padha angafiri ing Allah sarta para utusan-É, tuwin padha sumedya anèjèkaké antarané Allah karo para utusan-É, apa déné padha acalathu: Aku padha angèstu marang kang sawenèh sarta anga- firi sawenèhé, sarta padha sumedya angalap dalan antarané iku

[151] Iki para kang padha kafir temenan, lan Ingsun anyadhiyak- aké siksa kang angasoraké tumrap para kafir

[152] Lan para sing padha angèstu ing Allah lan para utusan-É, sarta ora anèjèkaké antarané siji-sijiné, iki bakal padha pinaringan ganja- rané; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[153] Pandhèrèking Kitab padha anjaluk marang sira, supaya sira anurunaké kitab saka ing langit marang dhèwèké; ananging temen biyèn anjaluk marang Musa kang luwih gedhé tinimbang iku, amarga padha calathu: Aku padha weruhna ing Allah kalawan satmata; mulané swara gumludhug angenani dhè- wèké amarga saka anggoné padha atindak dudu.a tumuli padha anga- lap pedhèt,b ing sa- wisé tandha-tandha yekti kang ce- tha tumeka marang dhèwèké, ana- nging Ingsun puwung kang mang- kono iku, sarta Ingsun aparing wisésa kang cetha marang Musa

[154] Lan Ingsun andhuwuraké gunungé angungkuli dhèwèké nali- kané sasangge- mané,c sarta Ingsun angandika marang dhèwèké: Padha lumebua ing lawang iki kalawan sujud;d lan Ingsun angandika marang dhè- wèké: Aja padha anerak walering Sabbat;e lan Ingsun wus amundhut prajanjian kang kukuh saka dhèwèké

[155] Mulané, amarga saka ang- goné padha anyidrani prajanjiané sarta anggoné padha angafiri timbalan-timbalaning Allah tuwin anggoné padha anyédani para nabi kalawan ora benerf apa déné anggoné padha calathu: Atiku iki katutupan,g – o, balik Allah wus angecap marang dhèwèké amarga saka anggoné padha kafir,h mulané ora padha angèstu kajaba mung sathithik

[156] Lan amarga saka anggoné padha kafir sarta anggoné angu- nèkaké Maryam kalawan pandalih kang gedhé

[157] lan kanggo gumunggung, "Kita padha mateni Sang Mesias, Yesus, putra Maryam, utusaning Allah." Nanging dheweke ora mateni lan ora nyalib, nanging mung katon nyata. Malah sing mbantah ˹crucifixion˺ iki ragu-ragu. Dheweke ora duwe ilmu apa-apa - mung nggawe asumsi. Dheweke mesthi ora mateni dheweke

[158] Luwih becik, Allah ngunggahake awake dhewe. Lan Allah iku Maha Kuwasa, Maha Wicaksana

[159] Saben Wong ing Kitab mesthi bakal precaya sadurunge seda. Lan ing dina kiamat Yesus bakal dadi seksi tumrap wong-wong mau

[160] Mulané, awit déning tindak duduné para kang padha Yahudi, Ingsun angaramaké ingatasé dhè- wèké barang-barang angresepaké kang dikenakaké marang dhèwèké, sarta amarga saka anggoné padha angalang-alangi ing akèh ing dadalaning Allah

[161] Sarta anggoné padha anga- lap riba’ – nadyan ta iku temen dhèwèké padha dilarangi – apa déné anggoné padha mangan ban- dhaning wong kalawan ora bener; lan Ingsun anyadhiyakaké siksa kang anglarani tumrap dhèwèké kang padha wong kafir

[162] Ananging dhèwèké, para sing teguh ing kawruh lan para angèstu, padha angèstu marang sapa sing didhawuhaké marang sira lan apa sing kadhawuhaké ing sadurungira, sarta para kang padha anjumenengaké salat tuwin para kang padha amèwèhaké zakat apa déné para sing padha angèstu ing Allah lan dina akhir, iki bakal padha Ingsun paringi ganjaran kang gedhé

[163] Sayekti Ingsun amedhar sabda marang sira kaya anggon- Ingsun amedhar sabda marang Nuh sarta para nabi ing sapungkuré, lan Ingsun amedhar sabda marang Ibrahim lan Isma’il lan Ishaq lan Ya’qub sarta para Pancer, lan ‘Isa lan Ayyub lan Yunus lan Harun, lan Sulaiman sarta Ingsun amaringi tulis marang Dawud

[164] Lan para utusan kang ing sadurungé wus padha Ingsun caritakaké marang sira lan para utusan kang padha ora Ingsun caritakaké marang sira; lan Allah angandikani Musa kalawan pangandika

[165] para utu- san, minangka juru-warta bubu- ngah sarta juru pépéling, supaya para manusa aja padha duwé kojah amadoni Allah ing sawisé para utusan; lan Allah iku Minulya, Wicaksana

[166] Ananging Allah aneksèni kalawan apa kang wus dhumawuh marang sira, kang dhumawuhé kalawan ngélmu-Né, sarta para malaikat padha aneksèni; lan wis cukup Allah minangka saksi

[167] Sayekti, para kang padha kafir sarta angalang-alangi saka dadalaning Allah – temen padha sasar kalawan sasar kang adoh

[168] Sayekti, para kang padha kafir lan padha atindak dudu, iku Allah ora bakal ngapura lan ora bakal anuntun ing dalan

[169] Kajaba ing dadalaning na- raka, supaya padha manggon ana ing kono lawas,a lan mangkéné iki ingatasé Allah gampang

[170] É, para manusa! Temen wis teka utusan marang sira kalawan yekti saka Pangéranira, mulané padha angèstu, becik tumrapé sira; lan manawa sira padha anga- firi, lah sayekti kagungané Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; sarta Allah iku Anguda- néni, Wicaksana

[171] He Wong-wong ing Buku! Aja nganti nggegirisi babagan iman sampeyan; Aja ngomong apa-apa bab Allah kajaba sing bener. Mesias, Yesus, putrane Maria, ora liya yaiku utusaning Allah lan pangujunge Sabdane lumantar Maria lan roh sing digawe prentah saka Panjenengane. Dadi, pretyayaa marang Allah lan para utusane lan aja ujar, "Tritunggal." Mungkasi! —Kanggo kepentinganmu dhewe. Allah iku mung satunggaling Gusti Allah. Maha Suci! Dheweke luwih dhuwur duwe putra! Dheweke kagungan apa wae sing ana ing swarga lan apa wae sing ana ing bumi. Lan Allah cukup dadi wali Urusan

[172] Mesias ora bakal bangga yen dadi abdi saka Allah, uga malaekat sing paling cedhak karo Allah. Wong-wong sing bangga banget lan sombong nyembah marang dheweke bakal digawa bebarengan ing ngarsane

[173] Ana déné, para kang padha angèstu sarta anindakaké pangga- wé becik, iku Panjenengané bakal amaringi ganep ganjarané lan bakal angundhaki lubèring kadarman-É marang dhèwèké; wondéné para kang padha ora sotah sarta gume- dhé, Panjenengané bakal niksa dhèwèké kalawan siksa kang ngla- rani. Lan saliyané Allah dhè- wèké ora bakal padha nemu panga- yoman utawa panulung

[174] É, para manusa! Sayekti wus tumeka marang sira tandha yekti saka Pangéranira sarta Ingsun wus anurunaké marang sira papa- dhang kang anelahi

[175] Ana déné para kang padha angèstu ing Allah sarta agondhèlan ing Panjenengané, amasthi bakal padha dilebokaké ing wilasa tuwin lubèring kadarman saka Panjene- ngané, sarta Panjenengané bakal nuntun dhèwèké ing dadalan kang bener marang Panjenengané

[176] Dhèwèké padha anerang marang sira putusaning angger. Dhawuha: Allah aparing putusan marang sira prakara wong kang ora duwé bapa biyung sapandhuwur sarta anak sapangisor; manawa ana wong mati ora duwé anak lanang lan duwé sadulur wadon siji, iki olèh saparo- ning barang tinggalan, lan sadulur lanang bakal ngukup warisané sadulur wadon manawa sadulur wadon iki ora duwé anak lanang; ananging manawa sadulur wadon mau loro, iki olèh bagéan rong prateloné barang tinggalan; lan manawa sadulur mau ana lanang wadon, lah pandumaning lanang siji padhané bagéaning wadon lo- ro; Allah anerangaké marang sira, supaya sira aja padha sasar, lan Allah iku Anguningani samubarang

Al-Ma'idah

Surah 5

[1] É, para kang padha angèstu! Padha nuhonana ing prajanjian. Rajakaya iku dikenakaké tumrap ing sira, kajaba apa kang kawa- cakaké marang sira, ora nerak larangan tumrap buron alas nalika sira lagi pinuju anglakoni haji; sayekti Allah iku anganggeri sabarang karsa-Né

[2] É, para kang padha angèstu! Aja sira padha anerak tandha- tandha kang katetepaké déning Allah, mangkono uga sasi suci, lan aja pisungsung, apa déné babanten kang linungsir- lungsir tuwin aja para kang arep menyang Pada- leman Suci angupaya lubèring kadarman sarta pirena saka Pangérané; lan manawa sira wis padha luwar saka ing kawajiban- kawajibané anglakoni haji, lah padha ambuburua, lan aja nganti panggethingé sawijining golongan – déning anggoné padha angalang- alangi sira lumebu ing Masjid suci – iku marakaké sira padha ang- liwati wates, sarta padha tulung- tinulunga ing tindak utama sarta tindak bekti tuwin aja tulung- tinulung ing tindak dosa lan panerak; lan padha di bekti ing Allah, sayekti Allah iku abanget ing pamales

[3] Dilarangi ingatasé sira: ba- thang, lan getih, lan daging cèlèng sarta apa kang kala- wan anebut karana saliyané Allah, lan kang sarana dijiret, lan kang sarana dibandhem sarta kang jalaran kaglundhung, tuwin kang jalaran disundhang, apa déné kang dimangsa ing sato galak, kajaba kang katututan sira belèh, sarta apa kang dibelèh ing watu kinur- banaké brahala lan apa kang sira bagé sarana panah , iki sawijining panerak. Ing dina iki para kang padha kafir cabar pangajapé marang agamanira, mulané aja padha wedi marang dhèwèké lan wedia marang Ingsun. Ing dina iki wus Ingsun sampur- nakaké tumrapé sira agamanira lan Ingsun ganepaké ingatasé sira nu- graha-Ningsun sarta Ingsun amilih- aké sira Islam minangka agama; ananging sapa sing kapeksa déning luwé, ora jaragan tumiyung marang dosa, lah sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih

[4] Wong-wong padha takon ma- rang sira, apa kang dikenakaké tumrap dhèwèké. Dhawuha: Di- kenakaké tumrap sira barang kang angresepaké, lan apa kang wis koajaraké ing kéwan galak lan manuk galak, kalawan dilalantih ambededhag – padha sira ajar apa pamulangé Allah marang sira – lah padha sira pangana olèhé nyekelaké sira iku, sarta ingatasé prakara iku anyebuta asmaning Allah; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku rikat ing pangétung

[5] Ing dina iki dikenakaké tumrap ing sira sabarang kang ngresepaké, sarta pangané para kang padha kaparingan Kitab iku kena tumrap ing sira lan panganira kena tumrap dhèwèké; lan para wong wadon mukmin kang kerek- sa sarta para wong wadon kereksa golongané para kang padha kaparingan Kitab ing sadurung- ira , manawa sira bayar mas-kawiné, asosomahan, dudu alaku bandrèk sarta ora alaku bedhang dhedhe- likan; lan sapa sing angemohi iman, lah temen panggawéné muspra, lan ana ing akhirat kagolong wong kang padha kapitunan

[6] É, para kang padha angèstu! Manawa sira padha ngadeg arep salat, padha angumbaha rai-rainira lan tangan-tanganira tumeka sikut lan angusapa sirah-sirahira sarta sikil-sikilira tumeka polok; lan manawa sira pinuju katetep wajib adus grujuga lah padha susucia; lan manawa sira pinuju lara utawa lulungan, utawa salah sawijinira mentas teka saka ing jumbleng, utawa sira mentas anggrayang wong wadon,b mangka sira padha ora bisa éntuk banyu, lah padha anganggoa lebu kang suci, banjur iku padha usapna ing rai-rainira lan tangan-tanganira;c Allah ora ngar- sakaké agawé kangèlan tumrap marang sira, ananging angarsakaké supaya sira padha sucia lan supaya ganep nugraha-Né marang sira, supaya sira padha syukur

[7] Lan padha diagem élinga nugrahaning Allah marang sira sarta padha prajanjian-É kang Diagem uger-ugerira, nalikané sira padha matur: Kawula sampun sami mireng saha kawula sami amba- ngun-turut; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku anguni- ngani saisining ati

[8] É, para kang padha angèstu! Di padha jejeg maring Allah, apasaksi kalawan tulus,d lan pang- gethingé sawijining golongan iku aja nganti anjalari sira padha atindak ora adil;e padha atindaka adil, iku luwih parek marang bekti; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni

[9] Allah wis anyagahi para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, bakal padha olèh pangapura sarta ganjaran kang gedhé

[10] Lan para kang padha kafir sarta anggorohaké timbalan-timba- lan-Ingsun, iki padha mitraning geni murub

[11] É, para kang padha angèstu! Padha élinga nugrahaning Allah marang sira, nalikané sawijining golongan anetepaké sedya anibak- aké tangané marang sira, tumuli Panjenengané angéndhakaké ta- ngané saka ing sira; lan padha di bekti ing Allah; mulané marang Allah kuduné suméndhéné para kang padha angèstu

[12] Lan sayekti temen Allah wus mundhut janjiné para turun Israila lan ana rolas sing Ingsun degaké dadi lulurah; lan Allah angan- dika: sayekti Ingsun anyartani sira; manawa sira padha anjumene- ngaké salat sarta ambayar zakat tuwin padha angèstu ing para utusan-Ingsun apa déné padha angréwangi dhèwèké, lan padha angunjukaké ing Allah pisung- sung kang luhung,a sayekti temen Ingsun bakal angalingi ing sira saka panggawé-panggawénira kang ala, lan sayekti temen sira bakal padha Ingsun lebokaké ing pata- manan kang ing jeroné kali-kaliné padha mili; lah sapa ing antaranira kang angafiri sawisé mangkono iku, temen kasasar saka dalan kang bener

[13] Ananging, amarga saka ang- goné padha anyidrani prajanjiané, padha Ingsun bendoni sarta ati- atiné padha Ingsun dadèkaké atos; padha angowahi tembung-tembung saka ing panggonané,b lan padha anglirwakaké sapérangané kang dianggo angélingaké dhèwèké; lan sira bakal tansah amanoni pala- cidrané, kajaba ana sathithik sing ora; mulané padha sira puwunga lan padha singkirana; sayekti Allah iku remen marang wong kang padha agawé becik

[14] Lan marang para kang padha angucap: Aku iki Nasrani, Ingsun iya wus amundhut sasanggema- né, ananging padha anglir- wakaké sapérangané kang dianggo angélingaké dhèwèké; mulané Ingsun andadèkaké mumungsuhan lan gething-gethingan antarané dhèwèké tumeka dina kiyamat; lan Allah bakal aparing weruh apa kang wus padha dilakoni

[15] É, para pandhèrèking Kitab! Temen wus tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangaké marang sira sapirang-pirang prakara saka ing Kitab kang padha sira umpet- aké lan amuwung sapirang-pirang ; temen wis tumeka marang sira papadhang lan Kitab kang terang saka ing Allah

[16] Iku diagem déning Allah anuntun sapa sing miturut pirena- Né marang dadalaning karahayon, lan angedalaké dhèwèké saka ing pepeteng marang papadhang ka- lawan kapareng-É, lan anuntun dhèwèké marang dadalan kang bener

[17] Pancen, wong-wong sing ujar, "Allah iku Mesias, putrane Maria," banjur ora precaya. Ucapake, ProphetO Nabi, ˺ "Sapa sing kuwasa ngalang-alangi Allah yen dheweke milih nyirnakake Mesias, putra Maryam, ibune, lan kabeh wong ing jagad iki kabeh?" Allah kagungane Kratoning langit lan bumi lan kabeh sing ana ing antarane. Dheweke nggawe apa sing dikarsakake. Lan Allah iku Maha Kuwasa saka samubarang kabeh

[18] Lan para Yahudi lan Nasrani padha calathu: Aku iki padha putraning Allah sarta kakasih-É. Dhawuha: Yagéné Panjenengané aniksa ing kowé amarga saka kaluputanmu? Balik sira iku padha manusa, èwoning titah; Panjenenangé iku angapura ma- rang sapa sing dadi karsa-Né sarta aniksa sapa sing dadi karsa-Né; lan kagungané Allah karatoning langit-langit lan bumi iku dalah apa kang ana ing saantarané, lan marang Panjenengané pantoging paran iku

[19] É, para pandhèrèking Kitab! Temen wis tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangaké marang sira ing sabubaring komplangé para utusan, supaya sira ora bakal padha angucap: Ora ana juru-warta bubungah lan juru- pépéling kang tumeka marang aku kéné. Mulané temen, wis tumeka marang sira juru-warta bubungah sarta juru-pépéling; lan Allah iku marang samubarang kawasa

[20] Lan nalikané Musa calathu marang kaumé: O, kaumku! Padha élinga nugrahaning Allah marang kowé, nalikané Panjenengané andadèkaké para nabi ana ing antaramu sarta andadèkaké para ratu marang kowé apa déné amaringi kowé barang kang ora kaparingaké marang para bangsa siji-sijia

[21] O, kaumku! Padha malebua Tanah Suci, kang wus tinamtu ing Allah dadi bagéanira, sarta aja padha ambalik ing gegerira, mun- dhak sira padha dadi wong kapitunan

[22] Dhèwèké padha calathu: O, Musa! saèstu, ing nglebetipun wonten tiyangipun ingkang sami prakosa, lan saèstu kula boten badhé sami malebet mriku, ngan- tos samedalipun saking ngriku, lah manawi piyambakipun medal sa- king ngriku, saèstu kula tumunten sami malebet

[23] Wong lanang loro golongané para kang padha wedi, kang sakaroné wus kaparingan nugraha déning Allah, acalathu: Dhèwèké padha lebonana metu gapurané, mengko manawa kowé wis padha malebu mrono, lah sayekti kowé padha wong menang, lan marang Allah kuduné suméndhému ma- nawa kowé iku padha wong angèstu

[24] Dhèwèké padha calathu: O, Musa! saèstu kula boten badhé malebet mriku salaminipun sa- mangsa piyambakipun taksih sami wonten ing ngriku; milanipun sam- péyan bidhal, sampéyan kaliyan Pangéran sampéyan, lajeng sam- péyan perang sakaliyan; saèstu kula badhé kèndel angentosi ing ngriki

[25] Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! Saèstu kawula boten anguwasani kajawi badan kawula piyambak sarta sadhèrèk kawula; milanipun mugi Tuwan amisahaken kawula kaliyan golongan ingkang murang yekti

[26] Panjenengané angandika: Mulané, sayekti iku dadi larangan ingatasé dhèwèké patang puluh taun; dhèwèké bakal padha klambrangan ana ing bumi; mulané aja sira anggetuni marang golongan kang murang yekti

[27] Lan nyaritakna marang dhè- wèké caritané anaké Adam loro kalawan sanyatané, nalikané saka- roné angurbanaké kurban, ana- nging loro iku kang siji kina- bulaké, sarta ora kinabulaké sijiné. Calathuné: Kowé masthi bakal dakpatèni. calathu: Allah iku mung angabuli para wong bekti

[28] Manawa kowé anibakaké ta- nganmu marang aku amrih patiku, ora bakal aku anibakaké tanganku marang kowé amrih patimu; sa- yekti aku iki wedi ing Allah, Pangéraning ngalam kabèh

[29] Sayekti aku duwé pangarep- arep, supaya kowé nyangga dosané panyerang marang aku lan dosa- mu, lah kowé bakal dadi èwoné wong-wong kang ngenggoni geni, lan mangkéné iki walesé para kang atindak dudu

[30] Ing kono atiné anggadhang- aké dhèwèké matèni saduluré, dadi banjur kelakon matèni dhèwèké; mulané dhèwèké dadi èwoné para wong kang kapitunan

[31] Tumuli Allah angutus gagak, dhukir-dhukir ing le- mah, supaya meruhaké dhèwèké kapriyé pratikelé anutupi wang- kéné saduluré. Dhèwèké cala- thu: Cilaka aku iki! Apa aku iki apes, déné aku teka kaya gagak iki banjur anutupi wangkéning sadu- lurku? Mulané dhèwèké dadi èwo- né para wong kang padha getun

[32] Amarga saka mangkono iku, Ingsun anamtokaké ing angger ma- rang para turun Israil, sapa-sapa sing amatèni jiwa ora jalaran jiwa utawa agawé wisuna ing bumi, lah iku kaya amatèni manusa kabèh; lan sapa sing anguripi jiwa, lah iku kaya nguripi manusa kabèh lan sayekti temen wis tu- meka para utusan-Ingsun marang dhèwèké kalawan tandha-tandha yekti, ananging akèh-akèhé, ana ing bumi padha keladuk tindaké

[33] Pidanané para kang padha amerangi Allah lan utusan-É sarta padha anindakaké agawé wisuna ing bumi iku kang mesthi kudu padha dipatèni utawa padha di- penthèng utawa dikethok tangané lan sikilé aseling sisih, utawa dikunjara; mangkéné iki mi- nangka pangina tumrap dhèwèké ana ing bumi, lan ana ing akhirat bakal olèh siksa kang gedhé

[34] Kajaba para kang padha tobat ing sadurungé dhèwèké padha ana ing kuwasanira; mulané padha weruha, yèn Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[35] É, para kang padha angèstu! Padha di bekti ing Allah sarta angupayaa lantaran kang marekaké marang Panjenengané tuwin padha nyrempenga ing dadalan-É, supaya sira padha begja

[36] Sayekti para kang padha kafir, sanajan ta padha andar- bénana sabarang kang ana ing bumi kabèh, sarta samono engkas, iku padha dienggoa nebusi siksa ing dina kiyamat: ora bakal padha kinabulaké, lan bakal padha olèh siksa kang nglarani

[37] Padha sumedya arep metu saka ing geni, lan ora pisan padha bisa metu saka ing kono, lan bakal padha olèh siksa kang awèt

[38] Lan maling lanang lan maling wadon, lah padha ke- thoken tangané, minangka pidana apa panggawéné sakaroné, siksa minangka pangilon saka ing Allah; lan Allah iku Minulya, Wicak- sana

[39] Ananging sapa sing tobat ing sawisé tindaké dudu lan ambe- cikaké kalakuané, lah sayekti Allah iku wangsul marang dhèwèké; sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih

[40] Apa sira ora weruh, yèn Allah iku Ingkang-kagungan karatoning langit-langit lan bumi; Panjene- ngané aniksa sapa sing dadi karsa- Né lan angapura marang sapa sing dadi karsa-Né; lan Allah iku ma- rang samubarang kawasa

[41] É, Utusan! Aja nganti para kang padha babalapan marang ing kakafiran iku anusahaké marang sira, yaiku panunggalané para kang cangkem-cangkemé padha muni: Kula punika sami angèstu, ana- nging atiné padha ora angèstu, sar- ta panunggalané para kang padha Yahudi; dhèwèké padha tukang ngrungokaké kanggo preluning doracara, tukang ngru- ngokaké kanggo perluning wong- wong liya, kang ora tumeka marang sira; dhèwèké padha angowahi tembung ing sawisé panggonané,a calathuné: Yèn iki diwenèhaké marang kowé, ya tampanana, lan manawa iku ora diwènèhaké marang kowé, lah dingati-ati; sapa sing dikarsakaké déning Allah pinaringan coba, lah ora bisa sira nguwasani dhèwèké sathithik-thithika mungguhing Allah. Iki para kang Allah ora angarsakaké anucèni ati-atiné; ana ing donya bakal padha olèh asor, lan ana ing akhirat bakal padha olèh siksa kang gedhé

[42] Dhèwèké padha tukang ngru- ngokaké marang doracara, tukang mangan barang larangan; mulané manawa dhèwèké padha teka marang sira, lah sira benerana dhèwèké utawa sira emohana, lan manawa sira angemohi dhèwèké, dhèwèké ora bakal ambabayani apa-apa marang sira, lan manawa sira beneri, lah sira benerana dhèwèké kalawan adil; sayekti Allah iku remen marang wong kang padha nindakaké adil

[43] Lan kapriyé déné dhèwèké padha andadèkaké sira juru- ambebeneri, lan dhèwèké padha nyekel Taurèt, isi putusaning Allah? Éwadéné sawisé mangkono banjur maléngos, lan dhèwèké iku dudu wong kang padha angèstu

[44] Sayekti Ingsun wus andha- wuhaké Taurèt, isi tuntunan lan papadhang; nganggo iki para nabi kang padha sumarah anggoné ambebeneri ma- rang para kang padha Yahudi, mangkono uga para pandhitané lan para winasisé, amarga iki kuduné padha rumeksa Kitabing Allah, sarta dhèwèké iku padha saksi ingatasé prakara iku; mulané aja wedi manusa lan wedia Ingsun, lan aja padha anampani pangaji sathithik liruné timbalan-timbalan-Ingsun; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lah iki para wong kafir

[45] Ana ing sajroné, Ingsun wus anamtokaké angger ingatasé dhè- wèké, nyawa nyaur nyawa, lan mripat kalawan mripat lan irung kalawan irung sarta untu kalawan untu, sarta rajatatu ana wawa- lesé; ananging sapa sing ang- rilakaké iku, iya bakal olèh lili- ru; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allaha lah iki para kang atindak dudu

[46] Banjur ing lakune para nabi, Ingsun ngutus Yesus, putra Maryam, negesake Toret sing wis kaandharake sadurunge dheweke. Lan Aku menehi Injil sing ngemot pandhuan lan pepadhang lan negesake apa sing dicethakake ana ing Toret - pandhuan lan piwulang tumrap wong sing wedi karo Gusti Allah

[47] Lan para pandhèrèking Injil dimèn padha ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah ana ing jeroné; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lah iki para kang murang yekti

[48] Lan Ingsun wus andha- wuhaké Kitab marang sira kalawan yekti, minangka ambeneraké apa kang ana ing ngarepé, yaiku Kitab,a sarta minangka kang anjaga marang iku, mulané sira ambebenerana dhèwèké kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lan aja manut pépénginané kang asor saka barang yekti kang wus tume- ka marang sira; tumrap sira kabèh, siji-sijiné, Ingsun wus anetepaké angger-angger lan dadalan, lan saupama Allah angarsakaké, amas- thi sira kabèh kadadèkaké umat sawiji, ananging Panjenengané kapareng anyoba ing sira ing dalem barang kang wus kapa- ringaké marang sira, mulané padha sira babalapana marang panggawé-panggawé becik; ma- rang Allah enggon balinira kabèh, banjur Panjenengané bakal ama- ringi weruh apa kang padha sira pasulayakaké iku

[49] Lan supaya sira ambebene- rana dhèwèké kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lan aja manut pépénginané kang asor, sarta sira diprayitna marang dhè- wèké, manawa padha amaéka ing sira saka sapérangané apa kang kadha- wuhaké déning Allah marang sira; ananging manawa dhèwèké padha mléngos, lah weruha sira, manawa Allah karsa angenani patrapan dhè- wèké, amarga saka sawenèhing kaluputané; lan sayekti, kèh- kèhaning manusa iku padha murang yekti

[50] Lah apa ta bebenerané kabodhoan kang padha dikarepaké? Lan sapa ta juru- ambeneri kang luwih becik tinimbang Allah, tumrapé wong kang padha yakin

[51] É, para kang padha angèstu, aja sira padha angalap mitra para Yahudi lan para Nasrani;a kang sawenèh iku mitrané sawenèhé, lan sapa sira sing amimitran karo dhèwèké, lah sayekti iya golo- ngané; sayekti Allah iku ora anuntun para wong kang padha atindak dudu

[52] Mulané sira weruh para kang ing jeroning ati-atiné padha isi lalara, padha gagancangan ang- golong dhèwèké, calathuné: Aku padha kuwatir yèn babaya angenani aku kabèh; ananging manawa-manawa Allah bakal ama- ringaké kamenangan utawa pidana saka ing ngarsa-Né, satemah dhèwèké bakal padha kaduwung, amarga saka anggoné padha an- dhelikaké barang ana ing jiwané

[53] Lan para kang padha angèstu bakal padha calathu: Apa iki para kang padha supata kanthi Allah kalawan man- thenging supatané, yèn dhèwèké sayekti temen-temen réwangira? Muspra sakèh panggawéné, mula- né padha dadi wong kang padha kapitunan

[54] É, para kang padha angèstu! sapa sira yèn ana kang ambalik saka agamané, iku Allah bakal anekakaké wong-wong kang padha Ditresnani sarta padha tresna ing Panjenengané, andhap-asor ma- rang para angèstu, minulya atas para kafir; bakal padha nyrempeng ing dadalaning Allah lan ora padha wedi marang panacadé wong kang nacad; iki lubèré kadarmaning Allah, kaparingaké sapa kang dadi kapareng-É; lan Allah iku Jembar- paparingé, Ngudanéni

[55] Mitranira iku mung Allah lan Utusan-É sarta para angèstu, para kang padha anjumenengaké salat, lan padha ambayar zakat, lan dhèwèké padha rukuk

[56] Lan sapa sing ngapèk mitra Allah lan utusan-É sarta para angèstu, lah sayekti, papanthaning Allah, iku kang padha menang

[57] É, para kang padha angèstu! Aja sira padha ngalap pangayoman para kang wus padha kaparingan kitab ing sadurungira sarta para kafir, kang anganggep agamanira iku guguyon lan dolanan; lan padha di bekti ing Allah, manawa sira padha wong angèstu

[58] Lan manawa sira anguwuh marang salat, iku padha digawé guguyon lan dolanan; iki amarga dhèwèké iku wong kang padha ora ngerti

[59] Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab! Apa kowé padha gething marang aku kajaba mung dumèh aku padha angèstu ing Allah sarta apa kang kadhawuhaké marang aku lan apa kang kadhawuhaké ing sadurungku, lan déné kèh-kèhané sira iku padha murang yekti

[60] Calathua: Apa kowé padha gelem dak kandhani luwih ala tinimbang iki wawalesé mungguhing Allah? sapa kang dila’nati déning Allah sarta kang katibanan bendu-Né, tuwin ana kang padha kadadèkaké kethèk lan cèlèng apa déné kang ngabdi sétan; iki padha luwih ala panggonané sarta luwih sasar saka dalan kang bener

[61] Lan nalikané padha teka ma- rang sira padha calathu: Kula sami angèstu; lan sanyata, lumebuné kalawan kakafiran sarta temen metuné iya kalawan iku; lan Allah iku luwih wikan marang apa kang padha diumpetaké

[62] Lan sira bakal weruh, dhè- wèké iku sapirang-pirang kang padha gancang-gancangan marang dosa lan murang bener, sarta anggoné padha mangan barang kang olèhé sarana laku ora bener; temen ala apa kang padha dilakoni iku

[63] Yagéné para pandhitané lan para winasisé padha ora menging dhèwèké anggoné padha ngucap dosa lan anggoné padha mangan barang kang olèhé sarana laku ora bener? Temen ala apa kang padha ditindakaké

[64] Lan para Yahudi padha cala- thu: Astaning Allah iku kabanda! Tangan-tangané kang bakal padha binanda sarta bakal padha dila’nati amarga saka anggoné padha calathu mau. O, balik asta-Né karo pisan padha mulung, Panjene- ngané apaparing kapriyé sakarsa- Né; lan sayekti, dhèwèké iku sing akèh-akèh, apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira, iku temen angundhakaké anggoné an- daluya lan anggoné kafir; lan Ingsun andèkèkaké mumungsuhan lan gegethingan ana ing antarané dhèwèké tumeka dina kiyamat;a saben-saben padha angurubaké genining paprangan, iku Allah sing nyirep, sarta dhèwèké padha tu- mindak agawé wisuna ing bumi; lan Allah iku ora remen para wong kang agawé wisuna

[65] Lan saupama para pandhèrèk- ing Kitab iku padha angèstua lan padha bektia, amasthi dhèwèké Ingsun alingi panggawé-pangga- wéné kang ala, lan amasthi bakal Ingsun lebokaké ing taman nu- graha

[66] Lan saupama dhèwèké padha anjejegna Taurèt lan Injil lan apa kang kadhawuhaké marang dhè- wèké saka ing Pangérané, amasthi bakal padha mangan saka ing dhuwuré lan saka ing sangisoring sikil-sikilé; sawenèhé iya ana sagolongan kang burus tindaké, lan sing akèh-akèh ala barang kang padha dilakoni

[67] É, Utusan! anekakna apa kang kadhawuhaké marang sira saka ing Pangéranira; lan manawa sira ora nindakaké, lah sira iya ora nekakaké ayahan-É; lan Allah bakal anyalametaké sira saka ing manusa; sayekti Allah iku ora nuntun wong kang padha kafir

[68] Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab, ora pisan sira iku manut barang becik,a kajaba manawa sira wis padha anjejegaké Taurèt lan Injil lan apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira; lan apa kang ka- dhawuhaké marang sira saka Pangéranira iku temen angun- dhakaké pambalasar lan kakafiran tumrap dhèwèké kang akèh-akèh; mulané aja sira anusahaké marang wong kang padha kafir

[69] Sayekti para kang padha angèstu lan para kang padha Yahudi lan para Sabiûn lan para Nasrani, _ sapa sing angèstu ing Allah lan dina akhir lan atindak becik – iya ora bakal kataman wedi sarta ora padha susah.a

[70] Yekti temen Ingsun wis mun- dhut prajanjiané para turun Israil lan Ingsun wis angutus para utusan marang dhèwèké; saben-saben ana utusan teka marang dhèwèké kala- wan barang kang ora dadi pépé- nginaning jiwané, sing sapantha padha anggorohaké lan sing sapan- tha manèh padha matèni

[71] Lan dhèwèké padha ngira manawa ora bakal ana coba, mulané padha wuta lan tuli; tumuli Allah bali wilasa-Né marang dhè- wèké, ananging dhèwèké sing akèh banjur padha wuta lan tuli; lan Allah iku amirsani apa kang padha dilakoni

[72] Wong-wong sing ujar, "Allah iku Mesias, putrane Maryam," mesthi padha ora precaya. Sang Mesias ˹himelf˺ ujar, "He Bani Israel! Nyembah marang Allah - Pangeran kawula lan Pangeranmu. " Sapa wae sing ana gandhengane karo Allah ing ibadah, mesthine bakal dilarang swarga dening Allah. Omahé bakal dadi Geni. Lan wong duraka ora bakal duwe pitulung

[73] Wong-wong sing ujar, "Allah iku siji ing Tritunggal," mesthi padha ora precaya. Mung ana siji Gusti Allah. Yen dheweke ora mandheg ngandhani kaya ngono, wong-wong sing ora precaya ing antarane bakal entuk paukuman sing nglarani

[74] Lah apa ta dhèwèké padha ora arep bali marang Allah sarta padha nyuwun pangapura-Né? Lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[75] Mesias, putrane Maryam, ora mung utusan. ˺ Akeh ˺ messenger sing teka lan teka sadurunge. Ibune wanita sing bener. Kalorone mangan panganan. Deloken kepiye carane Kami pratandha supaya pratandhane, nanging priksa manawa cidra kasebut digawe salah saka bebener˺

[76] Ngomong, ˹O Nabi, ˺ "Kepiye sampeyan bisa nyembah kajaba Allah, wong-wong sing ora bisa gawe piala utawa mupangate sampeyan? Lan Allah iku Maha Kuwasa, kang Maha Kuwasa, lan Maha Ngerti

[77] Kandhane, "He Wong-wong ing Buku! Aja nganti luwih gedhe iman sampeyan ngluwihi kayekten, utawa aja nuruti pepenginane wong-wong sing padha kesasar sadurunge. Dheweke nyasarake akeh lan kesasar saka dalan sing bener

[78] Wong-wong kafir ing antarane Bani Israel dikutuk ing wahyu David lan Yesus, putrane Maria. Iki kanggo nglanggar lan nglanggar

[79] Padha ora gelem penging- pinenging saka panggawé nistha kang padha dilakoni; temen ala apa kang padha dilakoni

[80] Sira bakal weruh, dhèwèké sapirang-pirang kang padha apa- wong mitra para kang padha kafir; temen ala apa kang disadhiyakaké déning jiwa-jiwané tumrap marang dhèwèké, déné Allah dadi ora rena marang dhèwèké, lan ana ing sajroning siksa olèhé bakal padha manggon

[81] Lan yèn ta padha angèstua ing Allah lan nabi sarta apa kang kadhawuhaké marang dhèwèké, ora bakal padha angalap pawong mitra dhèwèké, ananging dhèwèké iku sing akèh padha murang yekti

[82] Temen sira bakal nemu banget-bangeting manusa kang mungsuh marang para kang padha angèstu iku para Yahudi lan para kang manembah pangéran akèh, lan sira bakal nemu kang padha luwih raket mimitrané marang para kang padha angèstu, iku para kang padha calathu: Aku iki Nasrani; iki amarga dhèwèké iku ana brah- manané lan maratapané lan amarga dhèwèké iku padha ora gume- dhé

[83] Lan manawa dhèwèké padha krungu apa kang kadhawuhaké marang utusan, sira weruh mripaté padah nrocos eluhé, amarga saka anggoné padha weruh ing yakti; padha acalathu: Pangéran kawula! kawula sami angèstu, milanipun mugi Tuwan kapareng anyerat kawula nunggil para saksi

[84] Lan yagéné aku padha ora angèstu ing Allah sarta barang yakti kang wis tumeka marang aku, kang mangka aku padha kayungyun, amrih Pangéranku anglebokaké aku nunggal para wong tulus

[85] Mulané Allah angganjar dhè- wèké patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, amarga sa- ka pangucapé mau, supaya padha manggon ing kono; lan iki ganja- rané para kang padha agawé becik

[86] Wondéné para kang padha kafir lan padha anggorohaké timbalan-timbalan-Ingsun, iki para mitraning geni

[87] É, para kang padha angèstu! aja sira padha anglarangi barang angresepaké, kang Allah angenakaké tumrap marang sira lan aja padha anerak wates; sayekti Allah iku ora remen marang para kang padha anerak wates

[88] Lan padha mangana barang paparingé Allah marang sira, kang kaidèn kang angresepaké, lan pa- dha di bekti ing Allah, Kang padha sira èstu

[89] Allah ora anganggep ing sumpahira kang kalawan lahan,a ananging Panjenengané anganggep sumpah kang kalawan pupun- tonira; mulané tebusané mènèhi pangan wong miskin sapuluh, arupa kang sedhengan kang sira anggo ngingoni bra- yatira, utawa padha sira sandhangi, utawa mardikakaké gulu siji; nanging sapa sing ora bisa éntuk lah puwasa telung dina; iki tebusané sumpahira manawa sira nibakaké sumpah; lan padha ngreksaa sumpahira. Kaya mang- kono Allah anggoné anerangaké timbalan-timbalan-É marang sira, supaya sira padha atur panuwun

[90] É, para kang padha angèstu! sajeng lan ngabotohanb lan watu kang padha ditata ngadegc sarta panah d iku ora liya lelethek panggawéning sétan, mulané sira dohana, supaya sira padha begja

[91] Sétan iku mung ngarah arep nukulaké mumungsuhan lan gege- thingan ing antaranira asarana sa- jeng lan ngabotohan, sarta anyegah sira saka éling maring Allah tuwin saka ing salat; lah apa ta sira arep padha marèni

[92] Lan padha ambangun-turuta maring Allah sarta padha am- bangun-turuta marang Utusan lan padha di ngati-ati; ananging mana- wa sira padha mléngos, lah padha sira weruha, manawa sasanggané Utusan-Ingsun iku mung ane- kakaké kalawan terang

[93] Ingatasé para kang padha angèstu lan anglakoni panggawé becik, ora pisan ana cacadé ing sajroné barang kang kapangan, manawa padha ngati-ati sarta padha angèstu tuwin padha anglakoni panggawé becik, tumuli padha ngati-ati sarta padha agawé becik ; lan Allah iku remen marang para kang padha agawé becik

[94] É, para kang padha angèstu, yekti Allah bakal anyoba ing sira tumrap sawenèhing buburon, kang bisa kacekel déning tangan- tanganira lan towokira, supaya Allah anguningani sapa sing wedi marang Panjenengané ana ing pasepèn; mulané, sapa sing anerak wates sawusé mangkéné iki, iya bakal olèh bagéan siksa kang nglarani

[95] É, para kang padha angèstu! aja padha matèni buburon sajroné sira isih nglakoni haji, lan sira, sapa sing amatèni kalawan jaragan, lah wawalesé kéwan ingon sa- timbangé apa kang wis dipatèni, miturut anggoné ambebeneri golo- nganira wong loro kang padha ngadil, minangka atur-atur tinekak- aké ing Ka’bah, utawa, tebusané, awèh pangan marang wong-wong miskin, utawa puwasa satimbangé iki, supaya dhèwèké angrasakna ora beciking kadadéaning pang- gawéné; Allah angapura apa kang wis kapungkur; lan sapa sing angambali manèh, Allah bakal ani- bakaké wawales marang dhèwèké; lan Allah iku Minulya, Gustining Wawales

[96] Dikenakaké tumrapé sira buroné sagara sarta pangané, minangka pangan tumrap ing sira sarta tumrap para lalaku, lan dilarangi ingatasé sira buroning dharatan sasuwéné sira anglakoni haji, lan padha di bekti maring Allah, kang sira iku bakal padha ingimpun marang Panjenengané

[97] Allah wus andadèkaké Ka’- bah, Padaleman Suci, dadi minangka pikuwat tumrap para manusa apa déné sasi suci sarta atur-atur tuwin babanten kang linungsir-lungsir;a mangkéné iki supaya sira padha weruha, yèn Allah iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, lan yèn Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samubarang

[98] Padha weruha, yèn Allah iku abanget piwalesé , sarta yèn Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[99] Sasangganing Utusan iku ora liya kajaba anekakaké , lan Allah iku anguningani apa kang padha sira wedhar lan apa kang padha sira singidaké

[100] Calathua: Ora padha barang ala karo barang becik iku sanajan ta anggumunaké marang sira kèhé barang ala iku; mulané padha di bekti maring Allah, é, para kang ana akalé, supaya sira padha begja

[101] É, para kang padha angèstu! aja padha atatakon barang-barang, kang manawa diwedharaké marang sira, bakal anusahaké sira, lan ma- nawa iku padha sira takokaké na- likané Quran didhawuhaké, bakal diwedharaké marang sira; Allah angapura prakara iki, lan Allah iku Aparamarta, Momot

[102] Wong-wong ing saduru- ngira temen padha takon prakara iku, tumuli padha dadi kafir amar- ga saka prakara iku

[103] Allah ora andadèkaké bahîrah lan sâibah lan washîlah sarta hâmi, ananging para kang padha kafir agawé-gawé goroh ditibakaké ma- rang Allah, lan dhèwèké iku sing akèh-akèh padha ora ngerti

[104] Lan nalikané padha dikan- dhani: Ayo padha mrénéa mara marang apa kang wus kadha- wuhaké déning Allah lan marang Utusan, padha acalathu: Wis cukup tumrapé aku apa kang wis padha tinemu ana ing bapak-bapakku. Apa! Apa ya sanajan bapak- bapakné padha ora weruh barang- barang sarta padha ora nurut dalan kang bener

[105] É, para kang padha angèstu! padha di rumeksa ing jiwanira; sasaring wong iku ora ambabayani marang sira, manawa sira padha ngambah dalan bener; marang Allah bakal balinira kabèh baé, banjur Panjenengané bakal aparing weruh marang sira apa kang wis sira lakoni

[106] É, para kang padha angèstu! manawa pati amareki salah sawijinira, nalika atinggal weling, anguwuha wong loro kang ngadil saka golonganira, supaya aneksèni ing antaranira, utawa wong loro liyané saka saliyané golonganira manawa sira pinuju lulungan ing bumi mangka babaya pati angenani ing sira; sakaroné sira candheta nganti sabubaring salat; tumuli, manawa sira semang- semang supaya sakaroné padha sumpah ing Allah, : Iki, aku ora bakal padha angurupaké ajèn-ajèn, sanajan ta sanak, lan ora bakal aku padha angumpet pasaksining Allah, amarga aku iki mundhak padha kalebu èwoné para wong dosa

[107] Lah, manawa kasumurupan, sakaroné padha atindak dosa, iya banjur anaa loro liyané minangka gegentiné sakaroné saka golongané kang padha angluputaké dhèwèké, padha sanak cedhak sakaroné; banjur sakaroné padha sumpaha kalawan Allah: Pasaksiku iki temen luwih nyata tinimbang pasaksiné sakaroné, lan aku padha ora amlangkah wates, amarga aku iki mundhak padha kalebu èwoné para wong atindak dudu

[108] Iku luwih mungguh, amrih padha amènèhaké pasaksi kalawan apa anané, utawa padha kuwatir manawa sawisé anggoné padha sumpah, tinungka ing sumpah liyané; lan padha di ngati-ati marang Allah sarta padha angrungokna; lan Allah iku ora anuntun para wong kang murang yekti

[109] Ing dinané Allah bakal angimpun para utusan, banjur angandika: Kapriyé anggonira pa- dha katampanan? Padha munjuk: Kawula sami boten gadhah sesere- pan, saèstu Tuwan punika Ing- kang-Mahawikan ing samukawis ingkang boten katingal

[110] Lan ing Dina Kiamat˺ Allah bakal munjuk, "He Yesus, anak Maryam! Elingi sih-Ku marang sampeyan lan ibumu: kepiye aku nyengkuyung sampeyan karo roh suci saengga sampeyan ngomong karo wong-wong nalika isih diwasa lan diwasa. Kepiye aku mulang sampeyan nulis, kawicaksanan, Torah, lan Injil. Kepiye cara nyetak manuk saka lempung — miturut Karsanaku — lan ambegan lan dadi manuk ˹real˺ - dening Karsanaku. Kepiye marasake awakmu wuta lan lara kusta - miturut Karsanaku. Kepiye sampeyan nguripake wong mati - miturut Karsanaku. Kepiye aku ngalang-alangi Bani Israel ora ngrusak awakmu, nalika sampeyan teka kanthi bukti sing nyata lan wong-wong kafir ing antarane padha ujar, "Iki ora liya sulap murni

[111] Lan kepiye aku menehi inspirasi marang para sakabat, "Pracayaa marang Aku lan utusanku!" Dheweke ujar, "Kita padha precaya, lan nekseni, manawa kita bakal tunduk marang Allah

[112] ˹ Elingi˺ nalika para sakabat takon, "He Yesus, anak Maryam! Apa Pangeranmu gelem nurunake meja kanggo kita sing kasebar ing swarga? " Gusti Yesus mangsuli, "Wedi marang Allah, yen kowé padha precaya

[113] Wong-wong mau ujar, "Kita mung pengin mangan panganan iki kanggo ngiyatake ati kita, manawa sampeyan yakin manawa sejatine sejatine kita lan bakal dadi seksine

[114] Gusti Yesus, putrane Maria, ndedonga, "Ya Allah, Gusti kawula! Ayo, kirim swarga marang aku ana meja sing kasebar karo panganan minangka riyaya kanggo awake dhewe - sing pertama lan sing terakhir - lan minangka pratandha saka Sampeyan. Nyedhiyakake kanggo kita! Sampeyan pancen Panyedhiya Paling Apik. ”

[115] Allah mangsuli, "Aku bakal ngirimi sampeyan. Nanging sapa ing antaramu sing nolak mengko, dheweke bakal kena siksa, lan aku ora nate nyipta sapa wae saka titahKu

[116] Lan ing Dina Kiamat˺ Allah bakal munjuk, "He Yesus, anak Maryam! Apa sampeyan nate njaluk marang wong-wong supaya nyembah sampeyan lan ibumu dadi dewa kajaba Allah? ” Dheweke bakal mangsuli, “Kamulyan! Kepiye aku bisa ngomong apa sing ora dakkandhakake? Yen aku wis ngomong kaya ngono, sampeyan mesthi bakal ngerti. Sampeyan ngerti apa sing ana ing njero ati, nanging aku ora ngerti apa sing ana ing njero ati. Pancen, Sampeyan ˺tunggale˺ iku Ngerti kabeh sing ora katon

[117] Aku ora nate ngandhani apa-apa kajaba prentah sing Dakkandhani: "Sembah marang Allah - Pangeran kawula lan Pangeranmu!" Lan aku dadi seksi tumrap dheweke sajrone aku tetep ana ing antarane wong-wong mau. Nanging nalika Sampeyan njupuk aku, Sampeyan dadi Seksi kanggo dheweke - lan Sampeyan dadi Seksi kanggo kabeh perkara

[118] Yen Sampeyan ngukum wong-wong mau, kabeh bakal kagungane Sampeyan. Nanging yen Sampeyan ngapura, mesthine sampeyan iku Maha Kuwasa, Wicaksana

[119] Allah arsa ngandika: Iki dina, kang para wong temen olèh paédah saka temené; bakal padha olèh patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ana ing kono salawasé; Allah sarju ing Panjenengané; iki pakolih kang gedhé

[120] Kagunganing Allah karato- ning langit-langit lan bumi iku lan sabarang kang ana ing kono; lan Panjenengané iku marang samu- barang kawasa

Al-An'am

Surah 6

[1] Kabèh pangalembana iku kagunganing Allah, kang wus anitahaké langit-langit lan bumi, sarta wus andadèkaké pepeteng lan papadhang; éwadéné para kang padha kafir padha agawé sisiha- ning Pangérané

[2] Panjenengané iku kang ani- tahaké sira saka ing lemah, tumuli amutus sawijinng wawangen, lan munggguhing Panjenengané ana wawangen kang tinamtu; éwadéné sira padha madoni

[3] Lan Panjenengané iku Allah ing langit-langit lan ing bumi; Panjenengané anguningani page- dhongan--nira sarta gume- lar-ira, apa déné anguningani apa kang padha sira lakoni

[4] Lan ora kena ora, yèn ana timbalan tumeka marang dhèwèké tunggalé timbalan-timbalaning Pa- ngérané, masthi iku padha diplé- ngosi

[5] Dadi temen padha anggoroh- aké ing yakti nalikané anekani dhèwèké, mulané yakti kang padha diguguyu iku bakal padha anyoroti dhèwèké

[6] Apa ta ora padha mawas, wis sapira kèhé para bangsa ing sadurungé, kang wus Ingsun sirnakaké, kang mauné Ingsun tetepaké ana ing bumi, kaya enggon Ingsun ora anetepaké ing sira, sarta Ingsun angutus men- dhung angesokaké udan marang dhèwèké, lan Ingsun andadèkaké kali-kali kang padha mili ing sangisoré; banjur dhèwèké padha Ingsun sirnakaké amarga saka kaluputané, sarta ing sawisé dhè- wèké Ingsun anuwuhaké bangsa liya

[7] Lan saumpama Ingsun anu- runaké marang sira tulis ing kertas, dhèwèké banjur anggrayang iku kalawan tangan-tangané, amasthi para kang padha kafir padha aca- lathu: Iki ora liya kajaba kamayan kang cetha

[8] Sarta padha calathu: Yagéné ora ana malaikat kang katurunaké marang dhèwèké? Lan saupama Ingsun anurunaké malaikat, amas- thi prakara iki wis kaputus, banjur dhèwèké ora bakal padha di- sumènèkaké

[9] Lan saupama sing Ingsun dadèkaké dhèwèké iku malaikat, masthi dhèwèké iya Ingsun dadèkaké wong, sarta mas- thi Ingsun gawé peteng tumrap dhèwèké kaya anggoné padha peteng

[10] Lan yekti temen para utusan ing sadurungira padha diguguyu, ananging apa kang padha di- guguyu, anglimputi dhèwèké sing padha angguguyu

[11] Calathua: Padha lalakua ana ing bumi, tumuli padha sira delenga, kapriyé wasanané para kang padha anggorohaké

[12] Calathua: Sapa ta sing andar- bèni sabarang ing langit-langit lan bumi? Sira tutura: Kagungané Allah; Panjenengané wus amasthi ing Sarira-Né wilasa; yekti temen Panjenengané bakal angimpun sira ing dina kiyamat – tanpa ana semangé prakara iki. para kang padha nunakaké jiwané, lah iku padha ora angèstu

[13] Lan kagungan-É sabarang kang manggon ing wengi lan raina; lan Panjenengané iku Ingkang- Miyarsa, Ingkang-Angudanèni

[14] Calathua: Apa aku iki anga- lap pangayoman saliyané Allah, Kang-Anitahaké langit-langit lan bumi, sarta Panjenengané Angi- ngoni, ora diingoni. Calathua: Aku kadhawuhan dadia wiwitané wong sing sumarah, lan poma sira aja padha dadi golongané para sing manembah Pangéran akèh

[15] Calathua: Sayekti aku wedi siksa ing dina kang agung, mana- wa aku andagaa marang Pangéran- ku

[16] Sapa sing ing dina iku diluputaké saka ing iku, lah temen sihing Allah marang dhèwèké; lan iki pakolih kang tétéla

[17] Lan manawa Allah ang- grayang sira asarana sangsara, lah iku ora ana kang bisa ambirat, kajaba Panjenengané, lan manawa Panjenengané amatedhani becik, lah Panjenengané iku marang samubarang kawasa

[18] Lan Panjenengané iku Ing- kang-Mahawisésa angungkuli para kawula-Né; lan Panjenengané iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang- Waspada

[19] Calathua: Apa ta barang kang luwih gedhé pasaksiné? Calathua: Allah iku saksi antarané aku karo sira; lan diwedharaké marang aku Quran iki, supaya iki dakanggo mémélingi sira lan sapa-sapa kang katekan. Apa ta sira iku temen padha aneksèni yèn ana sesem- bahan liyané, kanthiné Allah. Calathua: aku ora neksèni. Calathua: Panjenengané iku se- sembahan kang mung Sawiji, lan sayekti aku lebaran saka barang kang padha sira sakuthokaké

[20] Para kang padha Ingsun paringi Kitab padha weruh marang dhèwèké kaya weruhé marang anak-anaké; para kang padha mitunani jiwané dhéwé, iku ora padha angèstu

[21] Lan sapa ta kang luwih atin- dak dudu tinimbang wong kang agawé doracara tumrap marang Allah utawa anggorohaké timbalan-timbalan-É; sayekti wong kang atindak dudu iku ora bakal padha begja

[22] Lan ing dinané Ingsun angimpun dhèwèké kabèh, tumuli Ingsun bakal ngandika marang para kang padha anjèjèri sisihan : Endi para kanthinira kang padha sira kandhakaké iku

[23] Tumuli ora ana pawadané kajaba anggoné padha ngucap: Dhemi Allah, Pangéran kawula, kawula punika sanès tiyang ing- kang sami manembah pangéran kathah

[24] Delengen, kapriyé anggoné padha anggorohi jiwané dhéwé, lan barang bawa anggité dhéwé padha sirna saka dhèwèké

[25] Lan dhèwèké, sawenèhé ana kang angrungokaké marang sira, lan Ingsun andèkèki aling-aling ing atiné, supaya iku dhèwèké padha ora mangerti, sarta tin- dhih-abot ana ing kuping-kupingé; lan sanajan weruha sa-dhéngah pratandha, iku iya padha ora angès- tu; nganti manawa dhèwèké ane- kani sira, mung arep amadoni sira; para kang padha kafir padha cala- thu: iki ora liya kajaba dongèngé para wong kuna

[26] Lan dhèwèké padha menging sarta dhèwèké dhéwé angedohi iku, lan ora liya kajaba padha angrusak jiwané dhéwe lan ora padha rumasa

[27] Lan yèn ta sira weruha nali- kané dhèwèké padha diendheg ing sangareping geni, tumuli padha calathu: O, mbok aku iki dibalèk- aké, lan ora bakal aku anggorohaké timbalan-timbalané Pangéranku sarta aku bakal padha dadi golo- ngané para angèstu

[28] O, balik dadi kawedhar tumrap dhèwèké apa kang padha kasingidaké dhèk biyèn lan yèn ta padha dibalèkna, masthi padha bakal padha ambalèni apa kang padha kalarangan, lan sayekti dhèwèké iku temen padha wong goroh

[29] Lan dhèwéke pada calathu: ora ana kajaba kauripanku ing donya iki lan ora bakal aku padha ditangèkaké

[30] Lan yèn ta sira weruha nalikané dhèwèké padha diendheg ing ngarsaning Pangérané. Panje- nengané bakal angandika: Apa ta iki dudu yakti? Bakal padha mun- juk: inggih dhemi Pangéran kawu- la. Panjenengané bakal angandika: Lah padha angrasakna siksa iku, déning anggonira padha angafiri

[31] Temen padha wong kapitu- nan para kang padha anggorohaké marang sapatemoning Allah; nganti nalikané wayahé wis teka kalawan ngegèt, padha acalathu: Dhuh, cilaka awakku, déning anggonku anglirwakaké marang iku! Lan dhèwèké bakal padha anggéndhong sasanggané ana ing gegeré; lah ala temen apa kang padha disangga iku

[32] Lan kauripan donya iku ora liya kajaba dodolanan sarta kabu- ngahan kang nglalèkaké; lan padu- nungan akhirat iku luwih becik tumrape para kang padha bekti; apa ta sira padha ora mangerti

[33] Temen Ingsun angudanèni, manawa apa pangucapé yekti anusahaké sira, ananging temen dhèwèké ora padha anggorohaké sira, ananging para wong kang atindak dudu iku padha maido marang timbalan-timbalaning Allah

[34] Lan sayekti para utusan ing sadurungira temen padha digo- rohaké, ananging padha sabar marang anggoné padha digorohaké sarta dikuya-kuya, nganti rawuhé pitulung-Ingsun marang dhèwèké; lan ora ana kang angowahi marang sabdaning Allah; lan temen- temen wus tumeka marang sira satengah saka pawarta prakara para utusan

[35] Lan manawa anggoné padha anulak iku abot ingatasé sira, lah manawa sira bisa mamrih trowo- ngan ing bumi, utawa andha ing langit, dadi sira bisa anekakaké tandha marang dhèwèké – lan manawa Allah angarsakaké, amas- thi Panjenengané angimpun dhè- wèké kabèh dumunung ing pitu- duh; mulané aja sira padha dadi èwoné wong bodho-bodho

[36] Mung para kang padha angrungokaké, kang nampa; déné para wong mati, Allah bakal na- ngèkaké, tumuli bakal padha di- balèkaké marang Panjenengané

[37] Lan dhèwèké padha calathu: Yagéné ora ana tandha saka Pangérané kang diturunaké marang dhèwèké? Tutura: Sayekti Allah iku Kawasa anurunake tandha, ananging dhèwèké iku sing akèh padha ora weruh

[38] Lan ora liya gegremet ing bumi, lan manuk kang miber kalawan suwiwiné loro iku kajaba umat papadhanira; ora ana apa-apa kang Ingsun lirwakaké ing jeroné kitab, tumuli bakal padha diimpun marang Pangérané

[39] Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan Ingsun, iku padha budheg lan bisu ana ing sajroning pepeteng kang lilimengan; sapa sing dikar- sakaké déning Allah, disasaraké,a lan sapa sing dikarsakaké, didamel ngambah ing dadalan kang bener

[40] Calathua: Mara aku kandha- nana, manawa siksaning Allah tumeka marang sira utawa wayahé anékani sira, apa sira bakal padha anguwuh saliyané Allah, manawa sira iku padha wong temen

[41] Balik marang Panjenengané panguwuhira, banjur Panjenengané bakal ambirat apa kang padha sira suwun , manawa Panjene- ngané kapareng sarta sira bakal padha lali marang apa kang padha sira dadèkaké sisihan

[42] Lan yekti temen Ingsun wus angutus marang para umat ing sadurungira, tumuli padha Ingsun tibani sangsara lan kasusahan, supaya padha adhe- dhépé

[43] Lah, yagéné nalika pidana- Ningsun anekani dhèwèké ora padha adhedhepé? Lan malah padha atos atiné sarta sétan amamaèsi tumrap dhèwèké apa kang wus padha dilakoni

[44] Ananging bareng dhèwèké padha anglirwakaké apa kang wus dipépélingaké, Ingsun ambukakaké dhèwèké lawang-lawangé samu- barang, nganti, nalikané padha abungah-bungah déning apa kang wus kaparingaké, Ingsun patrapi kalawan ngegèt; lah, mara, ing kono padha putung pangarep- arepé

[45] Banjur wong kang padha atindak dudu oyodé dikethok; lan sakèhing pangalembana iku kagu- ngané Allah, Pangéraning ngalam kabèh. A

[46] Calathua: Apa ta sira wis padha animbang-nimbang, saum- pama Allah amundhut pangrungu- nira, lan pandelengira sarta ange- cap marang ati-atinira, iku sapa pangéran saliyané Allah kang bisa awèh marang sira? Delengen, kapriyé enggon-Ingsun angambal- ambali tandha yekti; éwadéné dhèwèké padha mléngos

[47] Calathua: Apa ta sira wis padha nimbang-nimbang, saupama siksaning Allah anekani sira kala- wan ngegèt utawa kalawan nge- blak, sapa ta kang dirusak kajaba wong kang padha atindak dudu

[48] Lan ora liya Ingsun angutus para utusan iku kajaba minangka juru-awèh warta bungah sarta minangka juru-pépéling; mulané, sapa sing angèstu lan alaku becik, iya ora bakal kataman wedi sarta ora bakal padha susah

[49] Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun, siksa bakal ange- nani dhèwèké amarga anggoné padha murang yekti

[50] Calathua: Aku ora kandha marang sira: aku andarbeni kasugi- haning Allah; lan aku ora weruh barang kang ora katon; lan aku ora kandha marang sira, yèn aku iki sawijining malaikat; ora liya aku iki kajaba miturut apa kang kawedharaké marang aku. Cala- thua: Apa padha ta wong kang wuta karo wong kang andeleng? Apa ta sira ora padha mikir

[51] Lan sira apépélinga nganggo iki marang para kang padha wedi, manawa dhèwèké bakal padha diimpun marang Pangérané – ora bakal padha duwé pangreksa saliyané Allah sarta ora pantara – supaya padha bektia

[52] Lan aja sira nundhung para kang padha anguwuh Pangérané ing wajah ésuk lan soré mung mamrih karenaning Panjenengané; sira ora kepokoh sathithik-thithika marang pétungané lan marang pa- tunganira dhèwèké iya padha ora kepokoh sathithik-thithika, mulané padha sira tundhung, sira bakal padha dadi golongané para kang padha atindak dudu

[53] Lan kaya mangkono anggon- Ingsun anyoba sawenèhé déning liyané, dimèn padha ngucap: Apa iki wong-wong panungggalané golonganku, kang wus kapari- ngan kanugrahan déning Allah? Apa Allah iku ora luwih udani marang para kang padha weruh ing panarima

[54] Lan kalané para kang padha angèstu marang timbalan-timba- lan-Ingsun teka marang sira, lah calathonana: Rahayu tumibaa ing sira, Pangéran wus anggaris wilasa tumrap marang Sarira-Né, yaiku, sira sapa sing atindak ala amarga saka ora weruhé, sawisé iku tumuli tobat sarta alaku becik, lah Panje- nengané iku Aparamarta, Maha- asih

[55] Lan kaya mangkono Ingsun amijang-mijangaké timbalan-tim- balan, lan supaya dadi cetha dadalané para kang padha dosa iku

[56] Calathua: Sayekti aku iki dilarangi alaladi marang kang padha sira uwuh saliyané Allah. Calathua: Aku ora manut hawa- nafsunira, amarga yèn mangkono, temen aku iki sasar sarta ora kagolong wong kang padha olèh tuntunan

[57] Calathua: Sayekti aku iki angemban tandha yekti cetha saka Pangéranku lan iku kowé padha anggorohaké; ora ana ing aku apa kang padha kogégé; pancasané iku mung ana ing Allah piyambak; Panjenengané anyariyosaké yekti sarta Panjenengané iku becik- beciké para juru-mancasi

[58] Calathua: Yèn ta apa kang padha kogégé iku anaa ing aku, amasthi prakara antarané aku lan kowé iku wis kapupus; lan Allah iku luwih angudanèni marang para atindak dudu

[59] Lan ana ing Panjenengané gedhonging barang kang ora katon iku – ora ana nyumurupi kajaba Panjenengané; lan Panjene- ngané iku angudanéni apa kang ana ing daratan lan sagara; lan ora ana godhong runtuh, kajaba Pan- jenengané angudanéni, mangkono manèh ora ana wiji ing sajroné petenging bumi, apa déné ora ana barang sing ijo utawa garing, kajaba ing sajroning kitab kang cetha

[60] Lan Panjenengané iku Kang mundhut jiwanira ing wengi sarta Panjenengané angudanéni apa kang padha sira pakolih ing raina; tumuli Panjene- ngané anangèkaké sira ana ing kono, supaya pinutus wawangen kang wus tinamtu; tumuli marang Panjenengané balinira; banjur Pan- jenengané amartani sira sabarang kang wus padha sira lakoni

[61] Lan Panjenengané iku Ing- kang-Mahawisésa, sadhuwuring kawula-Né, lan Panjenengané angutus para juru-rumeksa marang sira; nganti, samangsané pati ane- kani salah sawijinira, para utusan- Ingsun agawé patiné, sarta ora padha ora pépéka

[62] Tumuli padha dibalèkaken marang Allah, Gustiné, Ingkang- Mahayekti; o, diéling, kaasta ing Panjenengané pancasan iku, lan Panjenengané iku kang abanget gelisé ing panimbang

[63] Calathua: Sapa ta kang anglu- waraké sira saka ing babayaning dharatan lan sagara, sira padha anguwuh ing Panjenengané , kalawan adhe- dhépé, lan kalawan sesidheman: Manawa Panjenengané angluwa- raké aku saiki, sayekti aku iki padha dadi golongané para kang padha weruh ing panarima

[64] Calathua: Allah kang anglu- waraké sira saka ing kono lan saka ing sarupaning kasusahan, ana- nging tumuli sira anjèjèraké sisi- han

[65] Calathua: Panjenengané iku kawasa yèn ta angirimna siksa marang sira saka ing sadhuwurira utawa saka sangisoré sikilira, uta- wa amrih bingungira panthan-panthan sarta sawenèhira digawé angrasakaké panyikarané sawenèh liyané. Delengen, kapriyé anggon-Ingsun angambal-ambali timbalan-timbalan, supaya dhè- wèké padha mangerti

[66] Lan iku golonganira anggorohaké, mangka iku yekti temenan. Calathua: Aku iki ora kepokoh rumeksa marang sira

[67] Sawarnaning weca iku ana semayaning mangsané lan sira bakal padha weruh

[68] Lan samangsané sira ande- leng para kang padha anggunem ala ing timbalan-timbalan-Ingsun, iku sira angedohana, nganti dhè- wèké padha anggunem rembug liyané;a déné manawa sira di- lalèkaké déning sétan, lah sawisé éling aja sira lulungguhan karo wong kang padha atindak dudu

[69] Lan wohing iku ora pisan bakal angenani para kang padha bekti, ananging mung pépéling, manawa- manawané bakal padha bekti

[70] Lan togna baé para kang padha anganggep dodolanan lan lalahanan marang agamané, lan kang padha kacinthung déning kauripan donya, lan sira angéling- na kalawan iku, supaya aja ana jiwa sawiji kang kasrah marang karusakan déning pakolehé panggawéné dhéwé; kajabané Allah, dhèwèké ora ana panjagané, mangkono uga pantarané, lan ma- nawa dhèwèké angaturna sadhé- ngah tebusan, iku ora bakal tinompa; iki para kang bakal padha kasrah marang karusakan déning pakolehé panggawéné dhéwé; dhèwèké bakal padha olèh ombèn- ombèn arupa banyu umob sarta siksa kang anglarani, amar- ga saka anggoné padha angafiri

[71] Calathua : Apa ta aku kumu- du anguwuh liyané Allah, barang kang ora makolehi marang aku lan ora mitunani marang aku, lan dibalik marang tungkakku ing sawisé Allah anun- tun aku, kaya déné wong kang kobeng ing bumi amarga ditibak- aké déning para sétan? Dhèwèké duwé mitra, kang padha angajak- ajak dhèwèké marang dadalan bener, : Tekaa marang aku kéné. Calathua: Sayekti, tuntu- naning Allah iku tuntunan , lan aku padha didhawuhi supaya padha sumarah marang Pangéraning kabèh ngalam

[72] Lan supaya kowé padha anjumenengaké salat sarta bekti marang Panjenengané; lan Panje- nengané iku kang – marang Panje- nengané anggonira bakal padha diimpun

[73] Lan Panjenengané iku kang anitahaké langit-langit lan bumi kalawan yekti; lan ing dina Panje- nengané ngandika: Anaa, banjur ana

[74] Pangandika-Né iku yekti, lan kagungan-É karaton iku ing dinané cengkorongan padha tiniyup; Ingkang-Anguningani sing ora katon lan sing katon; lan Panjene- ngané iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada

[75] Lan nalikané Ibrahim calathu marang tutuwané, Azar: Punapa sampéyan angalap brahala minang- ka sesembahan? Saèstu kula anyu- rupi sampéyan dalah golongan sampéyan punika sami dumunung ing sasar ingkang tétéla

[76] Lan kaya mangkono Ingsun anuduhi Ibrahim karatoning langit- langit lan bumi lan supaya dhèwèké dadi golongané wong kang padha yakin

[77] Mulané, bareng wengi ang- limputi dhèwèké, dhèwèké ande- leng lintang sawiji. Acalathu: Apa iki Pangéranku? Ananging bareng surup, acalathu: Aku ora tresna marang barang sing nganggo surup

[78] Mulané, bareng andeleng rembulan andadari, acalathu: Apa iki Pangéranku? Ananging bareng surup, acalathu: Yèn ta Pangé- ranku ora nuntun aku, sayekti aku iki dadi golongané wong kang padha sasar

[79] Mulané, bareng andeleng srengéngé mlethèk, acalathu: Apa iki Pangéranku? Ananging, bareng surup, acalathu: É, kaumku, sayek- ti aku iki lebaran saka kang koanggep sisihané

[80] Sayekti aku iki angadhepaké adhepku marang kang andadèkaké langit-langit lan bumi, kalawan legawa, lan ora pisan aku iki golongané para kang manembah Pangéran akèh

[81] Kaumé padha amadoni dhè- wèké. Dhèwèké acalathu: Apa ta kowé padha amadoni aku ing bab Allah? Lan temen Panjenengané wus anuntun aku, sarta ora pisan aku wedi marang apa kang koanggep sisihané Panjenengané, kajaba manawa ana kaparengé Pangéranku; Pangéranku Ngélmu- Né amaratani samubarang; lah apa ta kowé ora padha ngangen-angen

[82] Kapriyé oléhku wedi marang apa kang koanggep sisihané , ing mangka kowé padha ora wedi anjèjèraké sisihan ing Allah barang kang Panjene- ngané ora anurunaké wewenang iku marang kowé; lah papanthan loro iku sing endi sing luwih andarbèni wenang ing karaharjan, manawa kowé padha weruh

[83] Para kang padha angèstu sarta padha ora nyampuri anggoné angèstu iku kalawan tindak dudu, iku bakal padha olèh karaharjan tuwin dhèwèké iku wong kang padha olèh pituduh

[84] Lan iki bukti-Ningsun kang Ingsun paringaké marang Ibrahim nglindhihaké kaumé; Ingsun angunggahaké drajad ma- rang sapa kapareng-Ingsun; sayekti Pangéranira iku Wicaksana, Udani

[85] Lan Ingsun aparing marang dhèwèké Ishaq lan Ya’qub; siji- sijiné padha Ingsun paringi pituduh, sarta Nuh Ingsun paringi pituduh ing sadurungé, apa déné sawenèhing tedhaké, Dawud lan Sulaiman lan ‘Ayyub lan Yusuf sarta Musa tuwin Harun; lan kaya mangkono Ingsun angganjar para kang agawé becik ing liyan

[86] Lan Zakariya sarta Yahya tuwin ‘Isa lan Ilyas; siji-sijiné pada èwoné para wong tulus

[87] Lan ‘Ismail sarta Ilyasa’ tuwin Yunus sarta Luth; lan siji- sijiné padha Ingsun luwihaké utama angungkuli ngalam kabèh

[88] Lan sapa antaraning para bapak-bapaké sarta para tedhak turuné tuwin sadulur-saduluré, lan Ingsun wus milih dhèwèké sarta anuntun dhèwèké marang dalan kang bener

[89] Iki tuntunaning Allah, di- agem nuntun kawula-Né sapa kang dadi kapareng-É, lan manawa dhèwéké anjèjèraké sisihan , sayekti tumrap dhèwèké bakal tanpa guna apa kang wus padha dilakoni

[90] Iki para kang wus padha Ing- sun paringi Kitab lan pancasan tuwin weca; mulané manawa iki padha angafiri marang iku lah temen iku wus Ingsun pasrahaké kaum kang dudu wong kafir marang iku

[91] Iki para kang padha katuntun déning Allah, mulané sira nuruta tuntunané. Calathua: Aku ora anja- luk pituas marang sira ingatasé prakara iki; iki ora liya kajaba pépéling tumrap wong ngalam kabéh

[92] Lan dhèwèké padha ora ang- regani Allah kalawan rega-Né sa- nyatané nalikané padha angucap ora pisan Allah andhawuhaké apa- apa marang manusa. Calathua: Sa- pa kang andhawuhaké Kitab kang kaampil Musa, sawijining papa- dhang lan tuntunan tumrap para manusa, kang padha sira dadèkaké tulis kang abosah-basih, sira katonaké lan kang akèh padha sira umpetaké? lan sira padha diweruhaké barang kang sira padha ora weruh, sira apa déné bapak-bapakira. Sira tutura: Allah; banjur padha sira togna baé ang- goné padha mainan ing dalem omongé lalahanan

[93] Lan iki Kitab kang Ingsun turunaké, kang binarkahan, dumu- nung ambeneraké kang ana ing sangarepéa lan supaya sira apépé- linga ibuning praja lan sapa ing sakiwa tengené; lan para kang padha angèstu ing akhirat pada angèstu marang iku sarta marang salaté padha tuhu- tuhu rumeksa

[94] Lan sapa kang luwih atindak dudu tinimbang kang agawé-gawé goroh marang Allah, utawa aca- lathu: Sabda kawedharaké marang aku; Ing mangka ora ana sabda apa-apa kang kawedharaké marang dhèwèké, lan sapa sing calathu: Aku bisa anurunaké papadhané apa kang katurunaké déning Allah? Lan yèn ta sira weruha nalikané para kang atindak dudu ana sajroné sakarating pati sarta para malaikat padha anguluraké tangané: Padha wetokna jiwanira. Ing dina iki sira bakal winales siksa kang anginak- aké, amarga saka anggonira pada calathu amitunani Allah kang dudu beneré lan saka anggon- ira padha gumedhé marang tim- balan-timbalan-É

[95] Lan sayekti temen sira padha tumeka marang Ingsun ijèn, kaya anggon-Ingsun anitahakè sira saka- wit, lan apa kang wus Ingsun paringakè marang sira padha sira tinggal ana ing saburining geger- ira, lan Ingsun ora mirsani para pantaranira anyartani sira, kang padha sira sengguh, yèn dhèwèké iku para sisihané tu- mrapé sira; yekti temen wis pedhot antarané sira, sarta wis sirna saka ing sira apa kang padha sira sengguh mau

[96] Sayekti Allah adamel male- thèké wiji lan isi kurma; Panjene- ngané angetokaké barang urip saka barang mati sarta Panjenengané iku kang angetokaké barang mati saka barang urip; yaiku Allah! lah kapriyé margané anggonira padha kebalik

[97] Panjenengané malethèkaké bangun-ésuk sarta andadèkaké we- ngi minangka palereman apa déné srengéngé lan rembulan minangka pétungan; iki tatanané Ingkang- Minulya, Ingkang-Angudanèni

[98] Lan Panjenengané iku kang andadèkaké lintang-lintang tumrap marang sira, supaya sira padha ka- tuntun nurut dalan kang bener ana ing pepetenging dharatan lan sa- gara; temen Ingsun wus amijang- mijangaké timbalan-timbalan-Ing- sun tumrap wong kang padha weruh

[99] Lan Panjenengané iku kang wus anuwuhaké sira saka ing jiwa sawiji, tumuli ana enggon palèrènan sarta panyimpe- nan; temen Ingsun wus amijang- mijangaké timbalan-timbalan tum- rap wong kang padha mangerti

[100] Lan Panjenengané iku kang anurunaké banyu saka mendhung; tumuli iku Ingsun anggo anru- busaké sarupané tanem tuwuh, tumuli saka ing kono Ingsun angetokaké ijo-ijo, saka ing kono Ingsun angetokaké wiji matumpa-tumpa ; lan saka ing wit kurma, saka mancungé, sarta dhodhompolan , kena diranggèh; apa déné kebon anggur lan zaitun sarta dlima kang madharupa tuwin kang ora madharupa; padha andelenga marang wohé nalikané awoh sarta matengé; sayekti ing dalem mang- kono iku temen tandha-yekti tu- mrap wong kang padha angèstu

[101] Lan dhéwéké padha anda- dèkaké jin dadi sisihané Allah, mangka iku kabèh Allah kang anitahaké, sarta dhéwéké padha angakokaké putra lanang lan putra wadon marang Panjenengané, ka- lawan tanpa kawruh; Mahasuci Panjenengané iku lan Mahaluhur saka anggoné padha anyipati

[102] Ingkang-Amurwani langit- langit lan bumi!a Kapriyé anggoné Panjenengané kagungan putra, kang mangka Panjenengané ora kagungan garwa, sarta Panjene- ngané anitahaké samu- barang, apa déné Panjenengané iku Ingkang-Angudanéni ing sa- mubarang! A

[103] Yaiku Allah, Pangéranira, ora ana sesembahan kajaba Panje- nengané; Ingkang-Anitahaké sa- mubarang; mulané padha ngabdia ing Panjenengané, sarta Panje- nengané iku Ingkang-murba ing samubarang

[104] Pandeleng ora bisa nyakup ing Panjenengané, lan Panjene- ngané nyakup marang sakèhing pandeleng, sarta Panjenengané iku Ingkang-Angudanèni ing lembut, Ingkang-Waspada

[105] Temen wus teka marang sira tandha-tandha yekti saka Pa- ngéranira; mulané sapa sing gelem andeleng, lah iya makolèhi marang jiwané dhéwé, lan sapa sing micak, lah iya mitunani marang dhèwèkè dhéwé; lan aku iki dudu juru- ngreksa tumrap marang sira

[106] Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun angambali timbalan- timbalan, lan dimèn dhèwèké padha ngucap: Èntukmu maca; lan iku supaya Ingsun anerangaké marang wong kang padha weruh

[107] Manuta apa kang kawe- dharaké marang sira saka Pangéra- nira; ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; lan sira méngoa saka wong kang padha anjèjèri

[108] Lan yèn ta Allah angar- sakna, dhèwèké ora bakal padha anjèjèri , sarta Ingsun ora andadèkaké sira dadi panjaga tumrap dhèwèké, lan sira dudu juru-ngreksa ma- rang dhèwèké

[109] Lan aja padha nyanyamah kang padha diuwuh saliyané Allah, mundhak dhèwèké padha anyanya- mah Allah angliwati wates amarga saka ora ngertiné. Kaya mangkono anggon-Ingsun amamaèsi tumrap siji-sijining umat pangga- wéné; tumuli marang Pangérané bakal enggoné bali, Panjenengané banjur bakal amartani dhèwèké apa kang wus padha dilakoni

[110] Lan dhèwèké padha supata dhemi Allah kalawan supatané kang abanget, yèn ana tandha yekti tumeka marang dhèwèké, iku mas- thi dhèwèké bakal padha angèstu. Calathua: Tandha-tandha yekti iku mung ana ing ngarsaning Allah; lan apa ta kang bakal meruhaké ing sira, yèn samangsa iku teka, dhèwèké bakal padha ora angèstu

[111] Lan Ingsun bakal amba- likaké ati-atiné lan pandeleng- pandelengé, kaya anggoné padha ora angèstu ing iku dhèk sakawit lan padha Ingsun togaké ing pan- daluyané kanthi padha bingung

[112] Lan sanajan ta Ingsun anurunna para malaikat marang dhèwèké lan para wong mati padha angandhanana dhèwèké sarta Ingsun angimpun samubarang ana ing ngarepé, ora bakal dhèwèké padha angèstu kajaba manawa Allah angarsakaké, ananging kèkèhanè dhèwèké iku padha bodho

[113] Lan kaya mangkono, Ing- sun andadékaké mungsuh tumrap saben-saben nabi sétan manusa lan jin, kang sawenèh abibisik ma- rang sawenèhé pangucap pupu- lasan pangapus-krama, lan saupa- ma Pangéranira angarsakna, dhè- wèkè ora bakal padha anindakaké iku, mulané sira togna baé dhèwèké dalah sabarang dora- carané

[114] Lan supaya ati-atiné para kang padha ora angèstu marang akhirat tumiyunga mrono sarta supaya padha kasdua marang iku apa déné dimèn padha apakolih apa kang bakal pinakolih

[115] Lah apa ta aku dadak golèk juru-mutusi saliyané Allah? Mang- ka Panjenengané iku kang anu- runaké marang sira kitab kang terang-awijang; lan para kang padha Ingsun paringi kitab padha weruh yèn sayektiné iku katu- runaké saka Pangéranira ing dalem yekti; mulané aja sira padha dadi èwoné kang padha madoni

[116] Lan wis kalakon sabdaning Pangéranira kalawan nyata lan adil; ora ana kang bisa angowahi marang sabda-Né, lan Panjene- ngané iku Ingkang-Miyarsa, Ing- kang-Ngudanèni

[117] Lan yèn sira manut kèh- kèhané kang ana ing bumi, iku bakal padha nasaraké sira saka dadalaning Allah; ora liya dhè- wèké iku mung padha manut panyana, lan ora liya mung padha goroh

[118] Sayèkti, Pangéranira – Pan- jenengané iku luwih ngudanèni sapa kang sasar saka dadalan-É, sarta Panjenengané iku luwih ngudanèni marang kang padha nurut dalan bener

[119] Mulané padha mangana apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, manawa sira iku wong kang angèstu marang timbalan-timbalan-É

[120] Lan apa ta karanané, déné sira padha ora gelem mangan apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, lan temen Pan- jenengané wis amijangaké ing sira apa kang Panjenengané anglarangi ingatasé sira – kajaba barang kang sira kepeksa mangkono; lan sayek- ti temen akèh kang arep anasaraké kalawan pépénginané kang asor, jalaran tanpa kawruh; sayek- ti, Pangéranira – Panjenengané iku luwih angudanèni marang wong kang padha anglangkahi wates

[121] Lan padha atinggala dosa lahir lan dosa batin; sayekti para kang padha amakolih dosa, bakal winales kalawan apa kang wis padha pinakolih

[122] Lan aja padha mangan barang kang ing kono asmaning Allah ora disebut, lan sayekti iku temen panerak; lan sayekti para sétan iku temen padha abibisik marang para mitrané, supaya padha madonana sira; lan manawa sira ambangun turut dhèwèké, sayekti sira iku wong kang manembah pangéran akèh

[123] Apa ta wong kang mauné mati banjur Ingsun uripaké, lan Ingsun gawèkaké papadhang kanggo lumaku ing antarané para manusa, iku padha karo wong kang sanépané ana sajroning pepeteng kang lilimengan, kang dhèwèké tanpa bisa metu saka ing kono? Kaya mangkono iku anggoné tumrapé para wong kafir pinaès- paès apa kang wus padha dilakoni

[124] Lan kaya mangkono ing dalem siji-sijining nagara Ingsun andadèkaké para gedhéné dadi wongé sing duraka, dimèn padha agawé upaya ana ing kono; lan ora liya anggoné padha agawé upaya iku kajaba tumama ing jiwané dhé- wé sarta padha ora rumasa

[125] Lan kalané ana timbalan, tumeka ing dhèwèké, padha acala- thu: Aku ora bakal padha angèstu nganti tumekané aku kaparingan padhané barang kang kaparingaké para utusaning Allah. Allah iku luwih angudanèni ing ngendi ang- goné Panjenengané amapanaké ayahan-É. Para kang padha du- raka bakal padha katiban asor ing ngarsaning Allah sarta siksa kang abanget, amarga saka anggoné padha agawé upaya

[126] Mulané, sapa sing dikarsak- aké déning Allah bakal katuntun ing dalan kang bener, Panjenenga- né anjembaraké dhadhané marang Islam, lan sapa sing dikarsakaké bakal kasasaraké, Panjenengané andadèkaké dhadhané rupak lan sesak, kaya-kaya arep sumengkaa mandhuwur; kaya mangkono ang- goné Allah andèkèki lelethek marang para kang padha ora angèstu

[127] Lan iki dadalané Pangéra- nira, kang bener; temen Ingsun wus amijang-mijangaké timbalan-timbalan tumrap wong kang padha éling

[128] Dhèwèké bakal padha olèh enggon karahayon ing ngarsaning Pangérané, sarta Panjenengané iku pangayomané, amarga saka barang kang wus padha dilakoni

[129] Lan ing dinané Panjene- ngané angimpun dhèwèké kabèh; É, grombolaning Jin! temen kowé wis anjupuki kèh-kèhaning manusa. Lan para mitrané, saka antaraning para manusa, bakal aca- lathu: Pangéran kawula! kawula sami mamrih pakolih sawenèh sawenèhipun saha kawula sampun sami dumugi ing ubaya kawula ingkang sampun Tuwan ubayak- aken ing kawula. Panjenengané bakal ngandika: Geni iku pang- gonanira, bakal padha dudunung ing kono, kajaba manawa ana kaperenging karsané Allah; sayekti Pangéranira iku Wicaksana, Angudanèni

[130] Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun agawé mimitrané sawenèhé para wong kang atindak dudu marang sawenèhé, amarga saka barang kang wus padha pinakolih

[131] E, grombolaning para jin lan manusa! apa ora ana utusan saka ing antaranira kang padha anekani sira, anyaritakaké tim- balan-timbalan-Ingsun marang sira sarta apépéling ing sira prakara sapatemon ing dinanira iki? Bakal padha matur: “Kawula aneksèni dhateng badan kawula piyambak,” sarta kauripan donya iki wus angapusi dhèwèké, apa déné dhèwèké bakal padha anek- sèni marang jiwané dhéwé, yèn sajatiné padha wong kafir

[132] Mangkono iku amarga Pangéranira ora bakal angrusak kutha-kutha kalawan panganiaya, kang mangka wongé padha léna

[133] Lan kabèh iku padha duwé drajat salaras karo apa kang padha dilakoni; lan ora pisan Pangéranira iku léna marang apa kang padha dilakoni

[134] Lan Pangéranira iku Ing- kang-Sugih, Ingkang-Kagungan wilasa; manawa Panjenengané ngarsakaké, saged Panjenengané amecat sira lan anggentèkaké sapa kang dadi karsa-Né ing sapung- kurira, kaya déné anggoné Panje- nengané wus anuwuhaké sira saka wijining wong liya

[135] Sayekti apa kang dianca- maké sira, masthi kalakon lan ora pisan sira bisa ngoncati . A

[136] Calathua: E, bangsaku! pa- dha anglakonana ing sabisanira; déné aku iya nglakoni; lah sira bakal tumuli padha weruh, sapa sing bakal olèh wekasaning eng- gon ; sayekti ora begja para wong kang atindak dudu

[137] Lan dhèwèké padha nisi- haké sabagéan kanggo Allah saka barang kang katitahaké déning Panjenengané kang arupa tatandu- ran lan rajakaya, banjur padha calathu: Iki bagéané Allah – mang- kono panemuné – lan iki bagéané kanthi-kanthiku; déné apa kang dadi bagéané kanthi-kanthiné lah ora tumeka marang Allah, lah apa kang dadi bagéané Allah, lah iku tumeka marang kanthi-kanthiné; ala barang kang padha dipancasi iku

[138] Lan kaya mangkono para kanthi-kanthiné anggoné amaès- maèsi tumrap kèh-kèhané para manembah pangéran akèh amatèni anak-anaké, supaya bisa ang- rusakaké dhèwèké sarta supaya ametengaké agamané marang dhè- wèké; lan manawa Allah angar- sakna, ora bakal dhèwèké padha nindakaké iku, mulané padha sira togna baé dalah sabarang dora- carané

[139] Sarta padha calathu: Iki raja-kaya sarta tanduran kekeran: ora ana kena mangan iki, kajaba sapa kang dadi sarju-Ku _ mang- kono panemuné _ sarta rajakaya kang dilarangi gegeré, apa déné rajakaya kang ing kono ora ngang- go anyebut asmaning Allah – agawé doracara marang Panjene- ngané; Panjenengané bakal males dhèwèké amarga saka anggoné padha adoracara

[140] Sarta padha acalathu: Apa kang ana ing jeroné wetengé rajakaya iki mung mligi tumrap para wong-wongku lanang, lan la- rangan ing ngatasé wong-wongku wadon, lan manawa metu wis mati lah ing kono dhèwèké kabèh padha olèh bagéan; Panjenengané bakal males dhèwèké amarga saka ang- goné anyifati ; sayekti Panjenengané iku Wicaksana, Udani

[141] Temen kapitunan para kang padha matèni anaké kalawan kabodhoan tanpa kawruh sarta angaramaké paparinging Allah marang Allah; temen dhèwèké padha sasar sarta dudu wong kang padha manut dadalan kang bener

[142] Lan Panjenengané iku Kang anukulaké kebon , kang dianjang-anjangi lan kang tanpa anjang-anjang, sarta kurma tuwin pekahing wiji, kang wohé abéda- béda, apa déné zaitun lan dalima, kang madha-rupa lan kang ora madha-rupa, padha mangana wohé kalané awoh sarta ambayara zakaté apa beneré ing dina pangundhuhé, sarta aja sira padha keladuk; sa- yèkti Panjenengané iku ora remen marang wong kang padha keladuk

[143] Lan sawenèhé rajakaya ana kang kadadèkaké kéwan momotan sarta sembelèhan; Padha manga- na apa paparingé Allah ing sira, sarta aja padha manut garis- garising sétan; sayekti dhèwèké iku tumraping sira mungsuh kang tétéla

[144] Wolu ajodhon-jodhon sing wedhus gibas loro sing wedhus kacang loro. Calathua: Apa lana- ngé loro sing Dilarangi, apa wédokané loro iku, apa ta kang kinandhut ing talanakané wédokan loro iku? Aku wartanana kalawan nganggo kawruh manawa sira padha wong temen

[145] Lan sing unta loro, sing sapi loro. Calathua: Apa lanange loro sing Dilarangi, apa wédokané loro iku, apa ta kang kinandhut ing talanakané wédokan loro iku? Apa ta sira padha aneksèni kalané Allah masiyataké iki marang sira? Lah sapa sing luwih atindak dudu saka wong kang agawé doracara ma- rang Allah, mamrih anasaraké wong-wong, tanpa kawruh? Sa- yekti Allah iku ora anuntun wong kang padha atindak dudu

[146] Calathua: Ing sajroné apa kang kawedharaké marang aku, aku ora mrangguli barang kang dilarangi tumrap wong kang ma- ngan, yèn ta mangana iku, kajaba yèn iku bathang, utawa getih mili, utawa daging cèlèng – amarga iku pancèn jember – utawa yèn iku panerak, saliyané Allah kang nganggo sinebut ing kono; ananging sapa sing kepeksa déning kepépét, ora saka kapéngin lan ora angliwati wates, lah sayekti Pangéranira iku Aparamarta, Mahaasih

[147] Lan tumrapé para kang pa- dha Yahudi Ingsun wus anglarangi sarupané kang mawa kuku, won- déné sapi lan wedhus Ingsun ang- larangi gajihé tumrap dhèwèké, kajaba kang ana ing gigiré sakaro- né, utawa jeroan utawa kang kalèt karo balung; iki pidana-Ningsun marang dhèwèké, amarga saka anggoné padha mirong, lan sayekti Ingsun iki sanyata Tuhu

[148] Lah manawa dhèwèké pa- dha anggorohaké ing sira, banjur calathua: Pangéranira iku gustining wilasa kang jembar-anglimputi; lan pidana-Né ora kena tinulak saka para wong kang duraka

[149] Para kang padha manembah pangéran akèh bakal padha cala- thu: Manawa Allah angarsakna, ora bakal aku padha nyakuthokna , mangkono uga bapak-bapakku; sarta ora bakal aku padha angla- rangana apa-apa ; kaya mangkono uga para wong ing sadurungé iya padha anggorohaké, nganti padha ang- rasakaké pidana-Ningsun. Cala- thua: apa kowé padha duwé kawruh; lah padha lahirna marang aku? Ora liya sira mung padha manut ing panyana sarta ora liya sira iku mung adoracara

[150] Calathua: Lah kagungané Allah bukti kang sampurna iku; mulané manawa Panjenengané angarsakaké, amasthi bakal anun- tun ing sira kabéh

[151] Calathua: Nekakna saksi- saksinira, kang bakal padha anek- sèni, manawa Allah anglarangi iki; lah manawa dhèwèké padha anek- sèni, kowé iya aja mélu dhèwèké aneksèni; lan aja kowé manut pépénginané asor para kang padha anggorohaké timbalan-Ingsun sarta para kang padha ora angèstu ing akhirat tuwin padha amadhakaké karo Pangérané

[152] Calathua: Padha mrénéa, dak wacané apa kang dilarangi Pangéranira ingatasé sira – yaiku aja sira padha anyaku- thokaké apa-apa karo Panjenenga- né, sarta marang wong tuwa saka- loron dibecik, lan aja sira padha amatèni anak-anakira, amarga saka kamlaratan – Ingsun kang angrejekèni sira sarta marang dhèwèké – lan aja sira padha ace- dhak-cedhak laku nistha; apa kang lahir apa kang batin, lan aja amatè- ni jiwa kang dilarangi déning Allah, kajaba beneré; iki welingé Panjenengané marang sira, supaya sira padha ngerti

[153] Lan aja padha cedhak- cedhak bandhané bocah yatim, kajaba kalawan laku kang utama, nganti tumekané déwasa- né; lan padha dikebak ing panaker sarta dikalawan jejeg ing panraju. Ingsun ora mardi-mardi ing jiwa, kajaba sakuwasané; lan samangsa sira calathu, lah padha sing adil, sanajan ta ing krabat, sarta padha anetepana ing janjiné Allah; iki anggoné meling Panje- nengané marang sira, supaya sira padha éling

[154] Lan , yèn iki da- dalan-Ingsun, kang bener; mulané sira padha manuta iku, sarta aja padha manut ing dalan-dalan kang satemah anyimpangaké ing sira saka dadalané Panjenengané; iki anggoné meling Panjenengané marang sira, supaya sira padha suminggah saka ing ala

[155] Tumuli Ingsun amaringi Ki- tab marang Musa, minangka nyam- purnakaké ma- rang kang agawé becik , sarta minangka pamijang tumrap sakèhing barang apa déné minang- ka tuntunan tuwin wilasa, supaya dhèwèké padha angèstu marang bakal sapatemoning Pangérané

[156] Lan iki Kitab, kang Ingsun- wedharaké, kang binarkahan; mu- lané iku padha sira enuta sarta di padha bekti, supaya sira padha sinihan

[157] Supaya sira ora bakal padha angucap, Kitab iku mung kawe- dharaké marang rong golongan ing sadurungku sarta Ingsun léna marang kang padha diwaca

[158] Utawa sira bakal padha ngucap: Manawa Kitab iku kawedharna marang aku, amasthi aku padha luwih olèh tuntunan tinimbang dhèwèké; mulané temen wus tumeka marang sira bukti kang terang saka Pangéranira sarta tuntunan tuwin wilasa. Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang kang anggorohaké timbalan-timbalaning Allah sarta amaléngosi iku? Ingsun bakal amales para kang padha amaléngosi timbalan-timbalan- Ingsun kalawan siksa kang ala, amarga saka anggoné padha ma- léngos

[159] Dhèwèké padha ora angen- tèni apa-apa, kajaba tekané para malaikat marang dhèwèké, utawa rawuhé Pangéranira, utawa teka- né sawenèhing tandha-tandhané Pangéranira. Ing dina bakal tekané sawenèhing tandha-tandhané Pa- ngéranira, sawijining jiwa kang ing sadurungé iku ora angèstu, ora bakal piandelé maédahi, utawa apakolèh kabecikan amarga saka piandelé. Calathua: Padha angentènana, mangkono uga aku iya angentèni

[160] Sayekti para kang padha amecah-mecah agamané sarta padha dadi panthan-panthan, ora pisan sira kalebu ing golongané; prakarané dhèwèké iku mung gu- mantung marang Allah, tumuli Panjenengané bakal amartani dhè- wèké apa kang wus padha dilakoni

[161] Sapa kang teka kalawan ka- becikan, bakal olèh sapuluh mono, lah sapa sing teka kalawan pang- gawé ala, lah ora bakal winales kajaba satimbangé, sarta ora bakal padha dianiaya

[162] Calathua: aku, sayekti Pangéranku wus anuntun aku marang dalan kang bener, agama kang bener, agama- né Ibrahim, wong tulus, sarta dudu golongané para manembah pangé- ran-akèh

[163] Calathua: Sayekti salatku, lan pangorbananku sarta uripku tuwin matiku iku kagu- ngané Allah, Pangéraning ngalam kabèh

[164] Tanpa kanthi Panjenengané iku; lan iki didhawuhaké marang aku, lan aku wiwitané wong kang padha sumarah

[165] Calathua: Apa aku golèk Pangéran liyané Allah? Lan Pan- jenengané iku Pangéraning samu- barang; lan siji-sijining jiwa ora amakolih kajaba tumrap dhèwèké dhéwé, lan ora bakal wong anyongga sasangganing liyan; tumuli marang Pangéra- nira enggonira bali, Panjenengané banjur bakal amartani sira barang kang ing kono sira padha apasu- layan. Lan Panjenengané iku kang wus amisuda sira dadi pamarén- tahing bumi, sarta angunggulaké sawenèhira apangkat-pangkat ang- ungkuli sawenèhé, pamurih-É anyoba ing sira tumrap apa kang wus kaparingaké ing sira; sayekti Pangéranira iku rikat ing pamales , lan sayekti Panjenengané iku temen Aparamarta, Mahaasih

Al-A'raf

Surah 7

[1] Ingsun, Allah, Ingkang-Maha- wikan, Ingkang-Mahayakti

[2] Kitab, kadhawuhaké marang sira – mulané, aja ana rupeké ing atinira amarga saka iku – supaya iku sira anggoa amémélingi sarta pépéling tumrap para angèstu

[3] Padha manuta apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira lan aja padha manut pangayoman-pangayoman saliyané Panjenengané; sathithik temen anggonira padha angélingi

[4] Lan wus sapira kèhé kutha kang wus Ingsun rusak, lah pidana- Ningsun anggoné anekani ing wayah bengi utawa nalikané dhè- wèké padha turu ing wayah awan

[5] Lah ora liya panguwuhé, nalika pidana-Ningsun anekani dhèwèké, kajaba mung padha angucap: Sayekti aku iki wus padha atindak dudu

[6] Lah sayekti temen Ingsun nuli bakal andangu para kang padha karawuhan para utusan lan sayekti temen Ingsun bakal andangu para kang padha kautus

[7] Lah sayekti temen Ingsun bakal anyaritani marang dhèwèké kalawan kawruh, lan Ingsun iki ora kasamaran

[8] Lan panrajuné ing dina iku jejeg; lah sapa sing abot timbangé – ya iki wong kang padha begja

[9] Lan sapa sing ènthèng timbangané, ya iki para kang jiwané padha kapitunan, amarga saka anggoné padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun

[10] Lan sayekti temen Ingsun anetepaké sira ana ing bumi, sarta ing kono Ingsun andadèkaké panguripan tumrap ing sira; sathi- thik temen anggonira padha atur panuwun

[11] Lan sayekti temen Ingsun ani- tahaké sira, tumuli Ingsun amangun sira, banjur Ingsun angandika ma- rang para malaikat: Padha sujuda marang Adam.a Mulané banjur pa- dha sujud, kajaba Iblis;b dhèwèké iku ora kagolong para kang padha sujud

[12] Panjenengané angandika: Apa ta kang angalang-alangi sira, déné sira ora sujud nalikané aku marén- tahi sira? Unjuké: Kula langkung saé tinimbang piyambakipun: Tu- wan andadosaken kula saking latu, sarta Tuwan andadosaken piyam- bakipun saking lebu

[13] Panjenengané ngandika: Lah, lungaa saka ing kono amarga ora mungguh tumrapé sira, yèn ta gumedhéa ana ing kono, mulané metua; sayekti sira iku golongané kang padha asor

[14] Unjuké: Mugi kula Tuwan paringi sumené dumugi ing din- tenipun titiyang sami dipun tangèkaken

[15] Pangandikané: sayekti sira iku golongané kang padha pina- ringan sumené

[16] Unjuké: Ing sarèhné Tuwan sampun adamel cuwa ing kula, saèstu kula badhé angadhang ambidhung piyambakipun ing margi Tuwan ingkang leres

[17] Tumunten saèstu kula badhé andhatengi piyambakipun saking ngajengipun sarta saking wing- kingipun tuwin saking tengenipun punapa déné saking kiwanipun; saha Tuwan badhé manoni kathah- kathahipun sami boten atur panu- wun

[18] Pangandikané: Metua saka ing kono, cinacad, tinun- dhung; temen sapa-sapa dhèwèké sing manut sira, sayekti Aku bakal angisèni jahanam kalawan sira kabèh

[19] Lan : É, Adam! manggona, sira karo jodho- nira, ing taman;a lah sakaloron padha mangana endi ing saka- repira, ananging aja anyedhaki wit iki, mundhak sira sakaloron dadi golongané para kang atindak dudu

[20] Tumuli sétan ambubujuk ma- rang sakaroné, pamrihé dhèwèké arep ambukak ing sakaroné apa kang mauné winadi ing sakaroné kang arupa krenteg ala, lan dhè- wèké calathu: Pangéranmu anggo- né anglarangi kowé sakaloron ing wit iki ora liya kajaba mundhak kowé sakaloron dadi malaikat sakaroné utawa mundhak kowé sakaloron dadi golongané para kang luput saka ing pati

[21] Lan dhèwèké asumpah ma- rang sakaroné: Sayekti aku iki, tumrapé kowé sakaloron, sawiji- ning juru-pitutur kang tuhu-tuhu

[22] Tumuli dhèwèké anibakaké sakaroné kalawan apus; lah bareng sakaroné wus angrasakaké wit iku, krentegé ala cumetha tumrap saka- roné, sarta sakaroné banjur wiwit anutupi awaké kalawan gogodho- nganing taman; sarta Pangérané anguwuh sakaroné: Apa Aku ora wus anglarangi sira sakaloron ing wit iki lan apa Aku ora wus angan- dika marang sira sakaloron, yèn sétan iku sayekti mungsuhira kang tétéla

[23] Sakaroné padha munjuk: Pa- ngéran kawula! Kawula sampun sami anganiaya jiwa kawula pi- yambak, lan manawi Tuwan boten angapunten ing kawula sarta amelasi kawula, saèstu kawula badhé dados éwonipun ingkang sami kapitunan

[24] Pangandikané: Padha lungaa, sawenèhira mungsuh ing sawe- nèhé, lan ana ing bumi sira padha olèh papan sarta pasadhiyan nganti sawatara mangsa

[25] Pangandikané: Ana ing kono uripira lan ana ing kono bakal mati- nira lan saka ing kono anggonira bakal padha diwetokaké

[26] É, turuning Adam! temen Ingsun wus anurunaké sandhangan marang sira, kanggo nutupi wawa- dinira sarta minangka papaès; lan sandhangan panang- gulanging ala, iki kang luwih becik. Iki kalebu timbalan- timbalaning Allah, supaya dhè- wèké padha angalap éling

[27] É, turuning Adam! Aja nganti sétan pitenahé angenani sira, kaya anggoné dhèwèké ngetokaké wong tuwanira saka patamanan, angrucat sandhangané sakaroné, pamrihé dhèwèké arep mbukak krentegé sakaroné kang ala. Sayekti dhè- wèké iku angingeti sira, dhèwèké sakulawangsané, saka ing ngendi sira ora bisa angingeti dhèwèké. Sayekti Ingsun anda- dèkaké para sétan dadi panga- yoman tumrapé para kang padha ora angèstu

[28] Lan nalikané padha ang- lakoni panggawé nistha padha acalathu: Aku padha nemu bapak- bapakku padha nglakoni iki lan iku Allah iya maréntahaké marang aku. Calathua: Sayekti Allah ora amaréntahaké panggawé nistha; apa ta kowé padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowé padha ora weruh

[29] Calathua: Pangéranku wus maréntahaké adil. lan padha anjejegna adhepira ing saben- saben wayahé salat sarta padha anguwuha Panjenengané, kalawan tulus ing pambangunturut ing Panjenengané; kaya anggoné Pan- jenengané andadèkaké sira ing wiwitan, iya mangkono uga ang- gonira bakal padha bali

[30] Panjenengané wus nuntun kang sapantha, déné kang sapantha karusakan iku wis beneré tetep ingatasé dhèwèké; sayekti dhèwèké padha ngalap para sétan minangka pangayoman saliyané Allah, sarta padha ngira yèn awaké iku kang padha ngambah dadalan kang bener

[31] É, para turuning Adam! padha angalapa papaèsira ing saben-saben wayahé salat, sarta padha mangana tuwin ngombéa lan aja padha keladuk; sayekti Panjenengané ora remen marang para kang padha keladuk

[32] Calathua: Sapa ta sing angla- rangi papaèsing Allah, kang wus diwetokaké tumrap para kawula- Né sarta rezeki kang apik-apik? Calathua: Iku tumrap para kang padha angèstu ana ing kauripan donya iki, mligi ana ing dina kiyamat, kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangaké timbalan-timbalan iku tumrap wong kang padha weruh

[33] Calathua: Pangéranku mung anglarangi panggawé-panggawé nistha, kang wujudé cumetha lan kang sumamar, apa déné dosa lan pamirong kalawan ora bener, tu- win yèn ta sira padha anjèjèrna sisihan kalawan Allah, barang kang ing kono Panjene- ngané ora anurunaké wewenang, sarta yèn ta sira padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowé ora weruh

[34] Lan tumrap siji-sijining umat iku ana semayaning mangsané, mulané samangsa semayaning mangsané wis tumeka, sadhéla baé ora bakal mundur lan ora bakal maju

[35] É, para turuning Adam! manawa ana utusan-utusan saka antaranira anekani sira, anyari- takaké timbalan-timbalan-Ingsun marang sira, lah, sapa sing anjaga awaké sarta atindak becik, iya ora bakal padha kataman wedi sarta ora bakal padha susah

[36] Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun sarta padha gume- dhé maléngos saka ing kono, iki para wonging geni, bakal padha manggon ana ing kono

[37] Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé-gawé goroh ditibak-aké marang Allah utawa anggoroh-aké marang timbalan-timbalan-É? Iki pandumé Kitab bakal tumeka dhèwèké, nganti samangsa para utusan-Ingsun anekani dhèwèké arep agawé patiné padha calathu: Endi ta barang saliyané Allah kang adaté padha sira uwuh-uwuh? Bakal padha acalathu: Sami ical angoncati kawula; sarta dhèwèké bakal padha aneksèni marang awaké dhéwé, yèn dhèwèké iku para wong kafir

[38] Panjenengané angandika: Pa- dha malebua ing geni gumolong para umat kang wus kaliwat ing sadurungira, yaiki jin lan para manusa; saben-saben umat sawiji malebu, saduluré ambendoni, nganti nalikané wis padha tumeka ing jeroné kabèh, kang kèri angunjukaké kang dhingin. Pangéran kawula! Punika sami anasaraken kawula; milanipun mugi Tuwan amaringi siksa latu atitikelan dhateng piyambakipun. Pangandikané: Siji-sijiné bakal oléh tikel, ananging kowé ora padha weruh

[39] Lan kang dhingin acalathu marang kang kari: Kowé ora luwih becik sathithik-thithika tinimbang aku, mulané padha angrasakna siksané, amarga saka barang kang wis padha kolakoni

[40] Sayekti, para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun sarta padha gume- dhé maléngos saka ing kono, lawang-lawangé langit ora bakal diwengakaké tumrap dhèwèké, lan ora bakal padha malebu ing taman nganti unta malebu ing bolonga- ning dom; lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun males para wong duraka

[41] Dhèwèké bakal padha olèh paturon geni naraka sarta tutup saka ing sadhuwuré dhèwèké; lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun males para kang atindak dudu

[42] Wondéné para kang padha angèstu sarta alaku becik – Ingsun ora amomoti sawijining jiwa, kajaba sakuwawané – iku wonging patamanan; padha manggon ana ing kono

[43] Lan Ingsun angilangi saba- rang pangigit-igit kang ana ing sajroning dhadhané; kali-kaliné pa- dha mili sangisoré dhèwèké, sarta padha calathu: Sadaya pangalem- bana kagunganipun Allah, Ingkang sampun anuntun kawula dhateng punika, saha boten badhé kawula angambah margi punika manawi ta Allah botena anuntun kawula; saèstu sampun rawuh para utusanipun Pangéran kawula ambekta yakti. Lan bakal diuwuhaké marang dhèwèké, yèn iku patamanan, kang diwarisaké marang sira, amarga saka barang kang wus padha sira lakoni

[44] Wong-wonging patamanan bakal padha anguwuh wong- wonging geni: Sayekti, apa saguhé Pangéranku marang aku, aku wis nemu nyata; lah apa kowé iya padha nemu nyata apa saguhé Pangéranmu? Calathuné: Iya. Tu- muli antarané dhèwèké ana juru- nguwuh anguwuh-uwuh, yèn we- welaking Allah tumiba marang para kang atindak dudu

[45] Yaiku kang padha angèng- gokaké awaké saka dadalaning Allah, lan padha mamrih iku bèngkonga, lan dhèwèké iku para wong kafir marang akhirat

[46] Lan saantarané sakaroné ana aling-alingé; lan ing panggonan- panggonan kang luhur ana wongé kang padha weruh marang sakabèhé déning tetengeré; lan pa- dha anguwuh-uwuh marang wong- wonging patamanan: Rahayu muga tetepa ing sira; durung bakal padha malebu mrono, sanajan padha angajap-ajapa

[47] Lan samangsa pandelengé diènggokaké marang peneré wong- wonging geni, padha munjuk: Pangéran kawula, mugi kawula sampun Tuwan dadosaken golo- nganipun titiyang ingkang sami atindak dédé

[48] Para kang manggon ing papan-papan kang luhur padha anguwuh-uwuh marang wong- wong kang padha kinawruhan déning tetengeré, calathuné: Ora migunani ing sira éntukmu keklumpuk, mangkono uga anggonira padha gumedhé

[49] Apa iki kang padha sira ban- dhani sepata, yèn ora bakal Allah anekakaké wilasa marang dhè- wèké? Padha malebua patamanan, ora bakal sira kataman wedi sarta ora bakal sira susah

[50] Wong-wonging geni padha anguwuh wong-wonging patama- nan, panguwuhé: mbok padha angilingna banyu sathithik marang aku, utawa rezeki paparinging Allah marang kowé sathithik . Ca- lathuné: Sayekti Allah anglarangi karo pisan iku tumrap para kafir

[51] Yaiku kang padha anganggep agamané minangka lalahan sarta dolanan, apa déné padha kacin- thung ing kauripan donya; mulané ing dina iki Ingsun anègakaké dhè- wèké, kaya déné anggoné dhèwèké wus padha anglirwakaké sapate- mon ing dinané iki sarta déning anggoné padha maido ing tim- balan-timbalan-Ingsun

[52] Lan sayekti temen Ingsun wus anekani Kitab dhèwèké, kang Ingsun wijang-wijangaké kalawan kawruh, minangka tuntunan lan wilasa tumrap para wong kang padha angèstu

[53] Dhèwèké padha ngentèni apa ta, kajaba kawusanané iku? Ing dina tekaning kawusanané, para kang mauné padha anglirwakaké iku, bakal calathu: Temen wus rawuh para utusaning Pangéranku anggawa yakti; lah apa ta sameng- ko aku duwé juru-syafa’at kang banjur padha amakolèhaké marang aku? Utawa apa ta aku iki kena padha dibalèkaké, supaya aku padha anglakoni liya- né kang wis padha daklakoni? Temen dhèwèké padha amitunani jiwané dhéwé, lan sabarang gogo- rohan gawèané wus ilang saka ing awaké

[54] Sayekti, Pangéranira iku Allah, Kang anitahaké langit-langit lan bumi ing sajroné nem mangsaa, sartab Panjenengané angasta purba wisésa ing karaton iku; Panje- nengané anutupaké wengi ing raina, kang tansah angoyak iku; lan sre- ngéngé lan rembulan sarta lintang- lintang, ginawé manut kalawan paréntah-É; sayekti dumadi lan paréntah iku ana ing Panjene- ngané; Mahabarkah Allah iku, Pangéraning ngalam kabèh

[55] Padha nyunyuwuna Pangéra- nira kalawan adhedhépé tuwin sisidheman; sayekti Panjenengané iku ora remen marang kang padha mlangkah wates

[56] Lan aja sira padha agawé wisuna ana ing bumi sawisé olèhé didandani, lan padha nyunyuwuna ing Panjenengané kalawan wedi lan pangarep-arep; sayekti wilasa- ning Allah iku cedhak marang para kang agawé becik

[57] Lan Panjenengané iku kang angutus angin-angin anggawa war- ta becik sangareping kamurahan- É, nganti samangsa wus ang- gawa mendhung angendanu, iku Ingsun giring marang tanah kang mati; tumuli Ingsun anurunaké banyu mrono, banjur Ingsun anggo ametokaké sawarnaning wo- wohan; kaya mangkono anggon- Ingsun bakal anguripaké wong- wong mati, supaya sira padha élinga

[58] Wondéné tanah kang becik, metu tutuwuhané kala- wan idining Pangérané, lan kang cengkar, ora metu kajaba mung sathithik; kaya mang- kono anggon-Ingsun angambal- ambali timbalan-timbalan tumrap wong kang padha atur panuwun

[59] Sayekti temen Ingsun wis angutus Nuh marang bangsané, tumuli acalathu: É bangsaku, padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjene- ngané; sayekti aku nguwatiraké sira marang siksa ing dina kang agung

[60] Para panggedhéning bangsa- né acalathu: Sayekti, panyawang- ku, kowé iku ana ing sajroning sasar kang tétéla

[61] Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana sasaré aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam

[62] Aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku lan apitutur becik marang sira, lan aku weruh saka Allah apa kang sira padha ora weruh

[63] Apa! Apa sira padha gumun, déné ana péling saka Pangéranira anekani sira, alantaran wong lanang golonganira, amrih angé- lingaké sira lan supaya sira anjaga dhiri sarta supaya sira padha diwelasi

[64] Ananging padha anggorohaké dhèwèké, mulané Ingsun anyala- metaké dhèwèké dalasan para pandhèrèk ing prau, sarta Ingsun angèrem para kang padha ang- gorohaké ing timbalan-timbalan- Ingsun; sayekti dhèwèké iku bangsa kang wuta

[65] Lan marang ‘Ad saduluré, Hud. Dhèwèké acalathu: É, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané; lah apa ta sira ora arep anjaga dhiri

[66] Para panggedhéning bangsa- né para kang padha kafir acalathu: Sayekti panyawangku kowé iku ana ing sajroning kabodhoan, lan sayekti temen aku nyana, kowé iku éwoné para kang goroh

[67] Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana kabodhoané aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam

[68] Aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku lan aku iki juru-pitutur becik kang mitayani tumrap marang sira

[69] Apa! Apa sira padha gumun, déné ana péling saka Pangéranira anekani sira, alantaran wong lanang golonganira, amrih angéli- ngaké sira? Lan padha angélingana nalikané Panjenengané andadè- kaké sira dadi para Pamaréntah ing sapungkuré umaté Nuh sarta amewahi sira ing dalem prakosa- ning dumadinira; mulané padha diéling marang paparingé Allah, supaya sira padha begja

[70] Dhèwèké padha calathu: Apa tekamu marang aku kéné iki supa- ya aku padha anguwuh ing Allah kang Sawiji, sarta aninggal apa kang dikawulani bapak-bapakku? Lah tekakna marang aku kéné apa kang koancamaké aku, manawa kowé iku kalebu wong kang padha temen

[71] Dhèwèké acalathu: temen wus tumiba marang sira lelethek sarta bebendu saka Pangéranira; apa kowé padha madoni aku ing dalem aran-aran, kang sira sebut-sebut, sira lan bapak- bapakira? Allah ora anurunaké wewenang tumrap iku; mulané padha entènana, sayekti aku iki kalawan sira éwoné wong kang padha angentèni

[72] Tumuli Ingsun anyalametaké dhèwèké dalah para pandhèrèké kalawan wilasa saka Ingsun, sarta Ingsun amedhot oyodé para kang padha anggorohaké marang tim- balan-timbalan-Ingsun tuwin kang dudu wong-wong angèstu

[73] Lan marang Tsa- mud sadu- luréa, Shalih. Dhèwèké acalathu: É, bangsaku, padha angabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangéranira: iki untané wa- don Allah, tumrapé sira sawijining tandha; mulané iku togna baé mangan ing bumining Allah lan aja sira arubiru, mundhak siksa kang nglarani anibani sira

[74] Lan padha élinga nalikané Panjenengané andadèkaké sira dadi para pamaréntah ing sapung- kuré bangsa ‘Ada sarta anetepaké sira ana ing bumi – sira padha yasa pura ana ing tanahé rata sarta padha anatahi gunung minangka omah – mulané padha élinga kadarmaning Allah, sarta aja padha agawé piala ing bumi, agawé wisuna

[75] Kepala-kepalaning bangsané para kang padha gumedhé acalathu marang para kang padha ingang- gep apes, marang para kang padha angèstu saka ing antarané: Apa kowé padha weruh, yèn Shalih iku utusan saka Pangérané? Dhèwèké padha acalathu: Sayekti aku iki padha wong angèstu marang ba- rang kang diampil anggoné kautus

[76] Para kang padha gumedhé acalathu: Sayekti aku iki para wong kang angafiri kang padha koèstu

[77] Banjur padha ambelèh unta wadon iku sarta padha andaga paréntahing Pangérané lan padha acalathu: É, Shalih, tekakna ma- rang aku apa kang koancamaké ing aku manawa kowé iku éwoné para utusan

[78] Tumuli lindhu anekani dhè- wèké, banjur padha dadi awak kang ora obah ana ing omahé

[79] Tumuli dhèwèké aninggal kono kalawan calathu: É, bangsa- ku! Sayekti temen aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku sarta aku apitutur becik ing sira, ananging sira iku padha ora dhemen para juru-pitutur becik

[80] Lan Luth, nalikané acalathu marang bangsané: Apa! apa sira padha anindakaké panggawé nistha, kang ora ana wong siji-sijia ing jagad ing sadurungira kang nindakaké mangkono

[81] Sayekti sira iku padha aneka- ni karep karo padha wong lanang ora karo wong wadon, lah, sira iku bangsa kang langkah

[82] Lan ora ana liya wangsulané bangsané kajaba mung padha calathu: Padha wetokna saka ing kuthanira, sayekti dhèwèké iku wong-wong kang arep anucèni dhiri

[83] Mulané Ingsun anyalametaké dhèwèké dalah pandhèrèké, A kajaba rabiné; iku kalebu wong kang padha kèri

[84] Lan Ingsun anibani udan marang dhèwèké: Lah angen- angenen, kapriyé wasanané para wong kang padha dosa

[85] Lan marang Ma- dyan sadu- luré, Syu’aib. Dhèwèké calathu: É, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangéranira: mulané padha dikebak ing panaker lan panim- bang sarta aja padha angèlongi barang-barangé wong, tuwin aja gawé wisuna ing bumi sawisé anggoné dibecikaké; iku luwih becik tumrapé sira manawa sira iku padha wong angèstu

[86] Lan aja padha angalang- alangi ing sawarnaning dalan wong kang angèstu ing Panjene- ngané, kalawan angancam sarta anyimpangaké saka dadalaning Allah, lan mamrih supaya iku malèncènga; sarta padha diéling nalikané sira iku sathithik, tumuli Panjenengané angakèhaké sira; lan padha angen-angenen, kapriyé wu- sanané para kang agawé wisuna

[87] Lan manawa golonganira ana sapantha kang padha angèstu ing barang kang dakampil anggonku kautus, sarta ana sapantha kang padha ora angèstu, lah padha disabar nganti Allah amancasi antarané aku kabèh; lan Panjene- ngané iku becik-beciké para juru- mancasi

[88] Para kepala-kepalané bangsa- né kang padha gumedhé-gumedhé, acalathu: Yekti aku bakal nge- tokaké kowé, é, Syu’aib, sarta kancamu kang padha angèstu, saka kuthaku, utawa kowé balia ing agamaku. Dhèwèké calathu: Apa! apa sanajan aku gething

[89] Tetep agawé goroh tumrap marang Allah aku, yèn ta aku padha balia ing agamamu, ing sawisé Allah anyalametaké aku saka ing kono; lan ora layak tumrapé aku, yèn ta aku padha balia mrono, kajaba manawa Allah, Pangéranku, angarsakaké: Pangéranku iku ngélmuné ang- limputi ing samubarang; marang Allah anggonku suméndhé. Pangé- ran kawula! mugi Tuwan amancasi antawisipun kawula sarta bangsa kawula kaliyan leres; sarta Tuwan punika saé-saénipun para juru- mancasi

[90] Lan kepala-kepalaning bang- sané, para kang padha kafir, acalathua: Manawa kowé padha manut Syu’aib, sayekti kowé iku padha wong kapitunan

[91] Tumuli lindhu anekani dhè- wèké; mulané banjur padha dadi awak kang tan obah ana ing omahé

[92] Para kang padha anggoro- haké Syu’aib dadi kaya-kaya ora tau manggon ana ing kono; para kang padha anggorohaké Syu’aib, iku para wong kang kapitunan

[93] Mulané dhèwèké aninggal bangsané sarta calathu: É, Bang- saku, sayekti temen aku iki anekakaké marang sira ayahané Pangéranku sarta aku apitutur becik marang sira, mulané kapriyé olèhku bakal sedih tumrap bangsa kang padha kafir

[94] Lan Ingsun ora angutus sawijining Nabi ing sajroning nagara, kajaba masthi wongé Ingsun tekani kasusahan sarta kasangsaran, supaya padha adhedhépéa

[95] Tumuli kang mauné kasusa- han Ingsun salini katentreman, nganti mundhak cacah jiwané sarta padha calathu: Temen kasangsaran lan karaharjan iku wus anekani bapak-bapakku. Tumuli padha Ing- sun pundhut kalawan tanpa antan- antan sarta padha ora rumasa

[96] Lan manawa wongé kutha- kutha iku padha angèstu sarta anjaga awaké , yekti Ingsun angengakaké nugraha- nugraha saka ing langit lan bumi marang dhèwèké, ananging dhè- wèké padha anggorohaké, mulané padha Ingsun patrapi, amarga saka pakolihing

[97] Apa! apa wongé kutha-kutha iku rumasa aman saka siksa- Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah bengi, sajroné padha turu

[98] Apa! apa wongé kutha-kutha rumasa aman saka siksa-Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah ésuk, sajroné padha dolanan

[99] Apa! lah apa padha rumasa aman saka rancanganing Allah? Ananging ora ana kang rumasa aman saka rancanganing Allah, kajaba wong-wong kang bakal sirna

[100] Apa ta ora terang tumrapé para kang padha amaris bumi ing sapungkuré kang angenggoni , yèn, upama Ingsun angarsakna, bakal padha Ingsun patrapi amarga saka dosané sarta bakal padha Ingsun ecap atiné; wusana bakal padha ora krungu

[101] Iki kutha-kutha – Ingsun anyaritakaké marang sira sawe- nèhing carita-caritané, lan sayekti temen para utusané wus anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti, ananging dhèwèké padha ora arep angèstu ing barang kang mauné padha digorohaké; kaya mang- kono Allah angecap marang ati- atiné para wong kafir

[102] Lan Ingsun ora nemu janji ing kèkè- hané dhèwèké, lan Ingsun anemu kèkèhané dhèwèké iku temen padha wong murang yekti

[103] Tumuli, ing sapungkuré Musa akanthi timbalan-timbalan- Ingsun marang Fir’aun lan para wong gedhéné, ananging padha ora angèstu marang iku;a lah angen- angenen, kapriyé wusanané para kang agawé wisuna. A

[104] Lan Musa acalathu: Dhuh, Fir’aun! saèstu kula punika utusan saking Pangéraning ngalam sadaya

[105] layak boten angucapaken punapa-punapa ing atasing Allah, kajawi ingkang nya- ta: saèstu kula andhatengi paduka kalayan bukti saking Pangéran paduka; milanipun para turuning Israil sami kadhawuhana anyartani kula

[106] Calathuné: Manawa teka- nira kalawan tandha, lah coba iku tekakna, manawa sira iku éwoning para wong temen

[107] Mulané dhèwèké banjur anguncalaké tekené, lah padha sakala, iku terang ula

[108] Lan dhèwèké andudut tanga- né, lah padha sakala, iku putih tu- mrap para kang padha andeleng

[109] Para panggedhéné wongé Fir’aun acalathu: Sayekti iki ahli kemayan kang sugih kawruh

[110] Karepé arep angetokaké kowé saka ing nagaramu; mulané padha kapriyé rembugmu

[111] Dhèwèké padha calathu: Piyambakipun mugi kadhawuhan angentosi, sarta mugi paduka kaparenga utusan para juru-angem- palaken ing kitha-kitha

[112] Supados sami ambekta sawarnining ahli kemayan ingkang sugih kawruh dhateng ngarsa paduka

[113] Para ahli kemayan padha teka marang Fir’aun, aturé: Saèstu kawula kedah sami angsal pituwas, manawi kawula ingkang sami menang

[114] Dhèwèké calathu: Iya, sarta sira yekti bakal dadi éwoné wong kang padha kaparek

[115] Dhèwèké padha calathu: É, Musa, apa kowé arep anguncalaké, apa aku kang padha anguncalaké dhisik

[116] Calathuné: Padha anguncal- na! Lah bareng wis padha angun- calaké, padha ambawur pandelengé wong-wong sarta padha anggigiris tuwin anekaké kemayan kang gedhé

[117] Lan Ingsun aparing dhawuh marang Musa kalawan pangan- dika: Uncalna tekenira! Lah padha sakala, iku anguntali sabarang sulapané

[118] Lah barang nyata wis tetep lah wus jugar apa kang wus padha dilakoni

[119] Lah ing kono dhèwèké pa- dha kalindhih sarta padha bali dadi asor

[120] Lan para ahli kemayan padha karubuhaké, padha sumung- kem

[121] Padha calathu: Kula sami angèstu dhateng Pangéranipun ngalam sadaya

[122] Pangéranipun Musa lan Harun

[123] Fir’aun calathu: Apa kowé angèstu ing dhèwèké sadurungé aku angidini marang kowe? Sayekti iki temen sandi upaya kang padha korancang sajroning kutha, pamrihmu arep padha angetokaké wongé saka ing kono; ananging kowé bakal padha weruh

[124] Sayekti aku bakal padha angethok tangan-tanganmu lan sikil-sikilmu seling sisih, tumuli temen bakal padha dak penthèng kabèh

[125] Dhèwèké padha calathu: Saèstu, dhateng Pangéran kawula anggèn kawula sami badhé wangsul

[126] Saha Panjenengan boten ba- dhé anandukaken wawales, kajawi amargi anggèn kula sami angèstu ing timbalan-timbalanipun Pangé- ran kula nalika sami dumugi ing kula: Pangéran kawula! Mugi Tuwan anjawahaken kasabaran dhateng kawula saha mugi Tuwan andadosaken pejah kawula suma- rah

[127] Lan para gedhéné wongé Fir’aun calathu: Punapa Panjene- ngan kèndelaken kémawon Musa dalah titiyangipun sami adamel wisuna ing bumi saha anilar Pan- jenengan sarta sesembahan Panje- nengan? Calathuné: Aku bakal matèni anak-anaké lanang sarta anguripi para wadoné, lan sayekti aku iki kang murba-wisésa marang dhèwèké

[128] Musa acalathu marang wongé: Padha nyuwuna pitulung ing Allah sarta padha disabar: sayekti bumi iku kagungané Allah; iku Panjenengané amarisaké ma- rang kawula-Né, sapa kang dadi kapareng-É, lan wekasan iku kadarbé para kang anjaga dhiriné

[129] Dhèwèké padha calathu: Kula punika sami dipun sia-sia saking sadèrèngipun panjenengan rawuh ing ngriki sarta sasampun- ipun panjenengan rawuh ing ngri- ki. Calathuné: Manawa-manawa Pangéranira karsa anyirnakaké mungsuhira sarta amisuda sira dadi pamaréntah ing bumi; tumuli Pan- jenengané bakal amirsani kapriyé panggawénira

[130] Lan sayekti temen Ingsun wus amatrapi wong-wongé Fir’aun kalawan bethatan sarta sudaning woh-wohana supaya dhèwèké pa- dha élinga

[131] Anaging samangsa becik tumeka marang dhèwèké, padha calathu: Iki labet saka aku dhéwé; lan manawa ala angenani dhèwèké, padha dilabetaké saka kojuré Musa sakanthiné; sayekti, kojuré iki mung saka ngarsaning Allah, ana- nging kèh-kèhané padha ora we- ruh

[132] Sarta padha calathu: Kowé nekakna tandha apa baé marang aku, kang supaya aku kena ing kemayan, lah ora bakal aku padha angèstu marang kowé

[133] Mulané Ingsun angutus pageblug anekani dhèwèké sarta ama walang lan tengu, kodhok tuwin getih tandha-tandha kang terang-awijang; ananging dhè- wèké padha ambeg gumedhé lan dhèwèké iku bangsa kang dosa

[134] Lan bareng wewelak anibani dhèwèké, padha calathu: O, Musa, sampéyan nyuwunaken kula dhateng Pangéran sampéyan punapa janji-Nipun kaliyan sampé- yan; manawi sampéyan anyirnak- aken wewelak punika saèstu kula badhé sami angèstu dhateng sam- péyan, sarta saèstu kula badhé sami akèn para turun Israil anyar- tani sampéyan

[135] Ananging bareng Ingsun wus anyirnakaké wewelak saka ing kono tumeka semayané mangsa, kang dhèwèké bakal tumeka ing kono, padha sakala padha ambalik

[136] Mulané dhèwèké padha Ing- sun patrapi wawales sarta padha Ingsun kelem ing sagaraa marga anggoné anggorohaké tandha-tan- dha-Ningsun sarta anggoné padha anglirwakaké marang iku

[137] Lan Ingsun amarisaké bumi wétanan lan kang kulonan, kang ing kono wus Ingsun barkahi, marang bangsa kang padha di- anggep apes lan wis sampurna sabdaning Pangéranira kang utama ana ing turuning Israil amarga anggoné padha ambek sabar; lan Ingsun anyirnakaké sabarang yaya- sané Fir’aun lan wongé lan apa kang wus padha didegaké

[138] Lan Ingsun wus anyabra- ngaké sagaraa para turuning Israil; banjur tumeka marang bangsa kang manembah brahalané padha calathu: Dhuh Musa! kula sampé- yan damelaken sesembahan kados sesembahan gadhahanipun. Wang- sulané: Temen kowé iku padha wong atindak bodho

[139] iki sayekti apa kang dhèwèké padha ana ing kono iku bakal disirnakaké, lan muspra apa kang padha dilakoni

[140] Dhèwèké calathu: Apa iya aku anggolèkaké sesembahan ko- wé saliyané Allah, ing mangka Panjenengané iku wus angunggu- laké kowé angungkuli titah

[141] Lan nalikané Ingsun nyala- metaké sira saka wongé Fir’aun, kang anibakaké sira ing siksa kang kerasb amatèni anak-anakira lanang lan anguripi wadon-wadonira,c lan ana ing kono iku coba kang gedhé saka Pangéranira

[142] Ingsun wus anamtokaké waktu marang Musa telung puluh wengi sarta iku Ingsun ganepi sapuluh , dadi waktuning Pangérané kang tinamtu iku ganep patang puluh wengi.a Lan Musa calathu marang saduluré, Harun: anyulihana lulungguhku ana ing sajroning bangsaku sarta agawéa becik tuwin aja miturut dada- laning wong kang padha gawé wisuna

[143] Lan bareng Musa wus tekan mangsa-Ningsun kang wus tinamtu sarta Pangérané mangandikani dhè- wèké unjuké: Pangéran kawula! mugi angatingali kawula, supados kawula saged sumerep dhateng Tuwan. Pangandi- kané: Ora bisa sira sumurup Ningsun, ananging andelenga marang gunung iku lah manawa iku tetep panggonané, sira bakal iya sumurup Ningsun; ana- nging bareng Pangérané amedhar kaluhuran-É marang gunung iku, iki dadi jugrug sarta Musa ambruk sumaput; lah bareng wis éling munjuk: Mahasuci Tuwan, punika, kawula tobat ing Tuwan saha kawula punika wiwi-tanipun para angèstu

[144] Panjenengané angandika: É, Musa, sayekti Ingsun amiji ing sira angungkuli para manusa kalawan ayahan-Ingsun sarta kalawan sabda-Ningsun; mulané cekelana apa kang wus Ingsun paringaké sira, sarta dadia éwoné para kang weruh ing panarima

[145] Lan Ingsun wus anetepaké ing angger tumrap dhèwèké ana ing balèbèkan-balèbèkan arupa sarupaning pitutur sarta pamijang tumrap samubarang; mulané iku sira cekelana kalawan kukuh sarta maréntahana wong-wongira supa- ya padha cekelana iku endi kang luwih becik: Ingsun bakal me- ruhaké panggonané para wong kang murang yekti

[146] Ingsun bakal angéngokaké saka timbalan-timbalan-Ingsun pa- ra kang padha ambek gumedhé ing bumi ora kalawan bener; lan manawa padha andeleng saben tandha, iku dhèwèké padha ora angèstu; lan manawa padha andeleng dalaning katulusan, iku dhèwèké padha ora angalap mi- nangka dalan; lan manawa padha andeleng dalan sasar, iku dhèwèké padha ngalap minangka dalan; iki amarga saka anggoné padha ang- gorohaké marang timbalan-timba- lan-Ingsun sarta padha anglirwak- aké marang iku

[147] Lan para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun lan sapatemon ing delahan, iku panggawé-pangga- wéné muspra. Apa dhèwèké bakal padha pinaringan pituas saka liyané kajaba apa kang wus padha dilakoni

[148] Lan wongé Musa ing sa- pungkuré dhèwèké, agawé pedhèta bakalé raja brana papaèsé mung sawijining awak, mawa uni. Apa ta dhèwèké padha ora weruh yèn iku ora calathu marang dhèwèké sarta ora anuduhaké dalan marang dhèwèké. Dhèwèké padha angalap iku sarta padha atindak dudu

[149] Lan bareng dhèwèké wis padha kaduwung sarta weruh, yèn awaké temen padha sasar, padha calathu: saupama Pangéran- ku ora welas marang aku sarta ora angapura marang aku, amasthi aku iki bakal padha dadi éwoné wong kang padha kapitunan

[150] Lan bareng Musa wis bali marang wong-wongé, anawung bendu lan prihatén banget, acala- thu: Ala barang kang kotindakaké ing sapungkurku: apa kowé ange- mohi paréntahé Pangéranmu? Dhèwèké ambanting blèbèkan- blèbèkané sarta anyandhak sirahé saduluré, dicènèng marang awaké. Calathuné: Putra lanangé si ibu! Sayekti wong-wong iku padha angapesaké aku, mèh baé padha matèni aku; mulané aja kowé ambungahaké mungsuh- mungsuh asarana aku sarta aja kowé anganggep aku éwoné wong- wong atindak dudu

[151] Dhèwèké munjuk: Pangé- ran kawula! Mugi Tuwan aparing pangapuntena dhateng kawula sarta dhateng sadhèrèk kawula, saha mugi kawula sami Tuwan lebetaken ing wilasa Tuwan, saha Tuwan punika Asih-asihipun para ingkang sami ambek asih

[152] Sayekti, para kang padha ngalap pedhèt , bebendu saka Pangérané bakal anekani dhèwèké mangkono uga asoré ing dalem kauripan donya, lan kaya mangkono iku anggon Ingsun males para kang padha agawé-gawé goroh

[153] Lan para kang padha ang- lakoni panggawé ala, tumuli ing sawisé iku padha kaduwung sarta padha angèstu, sayekti, sawisé iku, Pangéranira tuhu Aparamarta, Mahaasih

[154] Lan bareng benduné Musa wus andhèh, dhèwèké anjupuk blèbèkan-blèbèkané iku, lan ing dalem tulisé kono ana tuntunan sarta wilasa tumrap para kang padha wedi marang Pangérané

[155] Lan Musa wus milih wongé, wong lanang pitungpuluh, tumrap waktu kang wus Ingsun tamtokaké; lah bareng lindhu anempuh dhèwèké,a dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! Upami Tuwan angarsakna, piyambakipun sampun sami Tuwan lebur ing sadèrèng-dèrèngipun sarta kawula : Punapa Tuwan badhé anglebur ing kawula sami jalaran saking pandamelipun para titiyang cubluk panunggilan kawu- la? Punika boten sanès kajawi panglèlèr Tuwan; punika Tuwan anggé anasaraken sintena ingkang Tuwan karsakakena saha anuntun sintena ingkang Tuwan karsak- aken; Tuwan punika pangayoman kawula; milanipun mugi Tuwan angapunten ing kawula saha ame- lasi kawula, saha Tuwan punika saé-saénipun para ingkang sami ngapunten

[156] Saha mugi Tuwan amasthi ing kawula kasaénan ing dalem donya punika saha ing dalem akhirat, saèstu kawula sami wang- sul dhateng Tuwan. Pangandikané: Siksa-Ningsun Ingsun kenakaké sapa kang Ingsun karsakaké, lan wilasa-Ningsun anglimputi samu- barang; mulané iku bakal Ingsun pasthi tumrap para kang padha anjaga dhiri sarta padha awèh zakat tuwin padha angèstu marang timbalan-timba- lan-Ingsun. A

[157] Para kang padha manut Utusan, Nabi, kang ummi, kang dhèwèké padha nemu pan- jenengané tinulis ing dalem Taurat lan Injil kang ana ing dhèwèké, maréntahi dhèwèké marang becik sarta menging dhèwèké saka ing ala, lan angenakaké barang kang apik-apik tuwin anglarangi barang kang jember-jember ma- rang dhèwèké, tuwin angilangaké momotané saka ing awaké apa déné balenggu kang tumrap ma- rang dhèwèké; mulané para kang padha angèstu ing panjenengané lan angajèni panjenengané tuwin amitulungi panjenengané, apa déné padha manut papadhang kang katurunaké kaampil panjenengané, iki para kang padha begja

[158] Calathua: É, para manusa! sayekti aku iki utusaning Allah marang kowé kabèh, Kang karatoning langit-langit lan bumi iku kagungan-É, ora ana sesem- bahan kajaba Panjenengané; Panje- nengané agawé urip lan agawé pati; mulané padha angèstua ing Allah lan utusan-É, Nabi Ummi, kang angèstu ing Allah lan sabda-sabda-Né, lan padha manuta dhèwèké, supaya kowé padha ngambah dalan kang bener

[159] Lan sawenèhé wong-wongé Musa ana sapantha, kang padha nuntun kalawan bebener, sarta kalawan iku anggoné padha anindakaké adil

[160] Lan Ingsun wus amecah- mecah dhèwèké dadi rolas pancer, dadi para bangsa; lan Ingsun ame- dhar sabda marang Musa nalikané wong-wongé anjaluk banyu: Ang- gebuga watu iku kalawan teke- nira;a tumuli ambuwal tuk rolas, siji-sijining pancer padha weruh pangombéné dhéwé-dhéwé;b lan Ingsun angayomaké méga ing sadhuwuré,c sarta Ingsun anuru- naké manna lan salwa marang dhèwèké;d padha mangana barang- barang becik paparing-Ingsun ing sira. Lan ora padha atindak dudu marang Ingsun;e balik atindak dudu marang jiwané dhéwé

[161] Lan nalikané padha dipa- ngandikani: Padha angenggonana kutha iki,f sarta padha mangana wetuné kono endi sakarepira, lan padha munjuka: Mugi Tuwan ambirat sasanggèn kawula ingkang awrat punika;g lan padha malebua lawangé kalawan tumundhuk;h Ingsun bakal ngapura marang sira ing kaluputanira; Ingsun bakal amuwuhi paparing marang wong kang agawé becik

[162] Ananging sawenèhé, para kang atindak dudu, padha anyalini kalawan pangucap saliyané kang didhawuhaké marang dhèwèké; mulané Ingsun angutus siksa saka langit anibani dhèwèké, amarga saka anggoné atindak dudu.i

[163] Lan padha takonana prakara kutha, kang angongkang sagara; nalika dhèwèké padha mlangkah wawalering Sabbat, nalika iwaké ing dinané Sabbat padha teka marani dhèwèké ngambang, lan ing dina kang dhèwèké padha ora amulyakaké Sabbat ora padha teka marani dhèwèké; kaya mangkono anggon-Ingsun nyoba dhèwèké amarga saka anggoné padha murang yekti

[164] Lan nalikané ana sagolo- ngan saka dhèwèké acalathu: Yagéné kowé amituturi wong kang bakal padha linebur déning Allah utawa bakal padha siniksa kalawan siksa kang abanget? Padha mang- suli: Supaya luputa saka ing cacad ing ngarsané Pangéranmu, lan manawa-manawa dhèwèké bakal padha anjaga dhiri

[165] Lah bareng padha anglir- waké barang kang dhèwèké padha diélingaké, Ingsun anylametaké para kang padha anyegah ing ala sarta Ingsun amatrapi para kang padha atindak dudu, kalawan siksa kang ala, amarga saka anggoné padha murang yekti

[166] Mulané, bareng padha andalarung paneraké ing barang papacuh tumrap dhèwèké, Ingsun ngandika marang dhèwèké: Padha dadia kethèk, inginakaké lan sinengitan.a

[167] Lan nalikané Pangéranira angundhangaké, yèn Panjenengané yekti bakal utusan anekani dhèwèké, tumeka dina kiyamat, yaiku kang bakal ani- bakaké siksa kang ala marang dhèwèké; sayekti Pangéranira iku rikat temenan ing pamales , lan sayekti Panje- nengané iku satuhu Aparamarta, Mahaasih

[168] Lan Ingsun wus amecah- mecah dhèwèké ing bumi dadi para bangsa, sawenèhé padha wong tulus lan sawenèhé ora mangkono, lan Ingsun anyoba dhèwèké kalawan mujur lan kojur, supaya dhèwèké padha bali

[169] Tumuli, ing sapungkuré dhèwèké, kang gumanti, turun kang ala, kang maris Kitab, mung padha ngalap barang ora langgeng ing kauripan kang asor iki sarta padha acalathu: Bakal ingapura aku. Lan manawa ana ba- rang padhané iku tumeka marang dhèwèké, iku dhèwèké bakal nampani. Apa aprajanji ing dalem Kitab ora wus kapundhut marang dhèwèké, yaiku yèn dhèwèké ora bakal padha acalathu ingatasé Allah kajaba kang sanyata, lan dhèwèké wis padha maca apa kang ana ing jeroné; lan padunungan akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha anjaga diri . Lah apa ta kowé padha ora ngerti

[170] Wondéné para kang padha gondhèlan marang Kitab lan padha anjumenengaké salat, _ sayekti, Ingsun ora angilangaké ganjarané wong kang padha agawé becik

[171] Lan nalikané Ingsun ango- yag gunung ing sadhuwuré dhèwèké, kaya-kaya iku payon, lan padha nyana, yèn iku bakal anibani awaké: Padha gondhèlana kalawan kukuh apa kang wus Ingsun paringaké marang sira sarta padha angélingana apa kang ana ing jeroné, supaya sira padha anjaga dhiri saka ing ala

[172] Lan nalikané Pangéranira andadèkaké turuning anak-anak Adam saka ing gegeré sarta aneksekaké dhèwèké atas jiwa-jiwané dhéwé: Apa Ingsun iki dudu Pangéranira? padha munjuk: Inggih, kawula sami aneksèni. Supaya sira ing dina kiyamat ora bakal angucap: Saèstu, kawula punika, tumrap punika sami léna

[173] Utawa sira ora bakal padha ngucap: Namung bapak-bapak kawula ingkang kala rumiyin anjèjèraken sarta kawula punika turun ing sapengkeripun; lah puna- pa Tuwan badhé anglebur kawula amargi saking pandamelipun para ingkang atindak lepat

[174] Lan kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangaké timbalan-timbalan, lan supayané manawa-manawa dhèwèké bakal padha bali

[175] Lan sira macakna marang dhèwèké wartané wong kang Ingsun paringi timbalan-timbalan Ingsun, ananging oncat saka ing kono, mulané sétan anglud dhèwèké, dadi dhèwèké kalebu éwoné wong kang padha lebur

[176] Manawa Ingsun angarsak- na, sayekti, amarga saka iku, dhè- wèké Ingsun luhuraké, ananging karaket marang bumi sarta manut pépénginané kang asor; mulané, sanépané kaya sanépané asu: manawa sira serang mèlèd- mèlèd, utawa sira togaké baé mèlèd-mèlèd; iki sanépané wong kang padha anggorohaké marang timbalan-timbalan-Ingsun; mulané nyaritakna carita iki, supaya dhè- wèké padha mikir-mikira

[177] Ala sanépané wong kang padha anggorohaké marang tim- balan-timbalan-Ingsun lan kang padha atindak dudu marang jiwané dhéwé

[178] Sapa sing tinuntun déning Allah, lah ya iku sing angambah dalan kang bener, lan sapa sing kasasaraké déning Panjenengané, lah yaiku sing padha kapitunan

[179] Lan sayekti temen Ingsun anitahaké sapirang-pirang jin lan manusa tumrap naraka; padha duwé ati, iku ora dianggo manger- tèni; lan padha duwé mripat, iku ora dianggo andeleng; lan padha duwé kuping, iku ora dinggo angrungokaké; iki kaya raja-kaya, malah padha luwih sasar; iki para wong kang léna

[180] Lan kagunganing Allah asma-asma minulya iku, mulané padha nyunyuwuna Panjenengané kalawan iku lan padha ninggala para kang padha anerak kasucia- ning asma-asma-Né; dhèwèké bakal padha winales apa kang wus padha dilakoni

[181] Lan sawenèhé kang Ingsun titahaké, ana umat sawiji, kang anuntun kalawan yakti, sarta kalawan iku anggoné atindak adil

[182] Lan para kang padha ang- gorohaké ing timbalan-timbalan- Ingsun, padha Ingsun cedhakaké kalawan sa- renti, dhèwèké padha ora weruh saka ngendi

[183] Lan ingsun aparing sumené marang dhèwèké; sayekti ranca- ngan Ingsun iku kukuh

[184] Apa ta dhèwèké ora padha mikir-mikir, yèn mitrané iku ora lara èngetan: dhèwèké iku ora liya kajaba juru-pépéling kang terang

[185] Apa ta ora padha angawas- aké karatoning langit-langit lan bumi sarta barang apa baé kang wis katitahaké déning Allah, lan mbok manawa kena uga karusa- kané wis cedhak; lah undhang apa sing dhèwèké padha angestokaké sawisé iku

[186] Sapa sing disasaraké déning Allaha dhèwèké ya ora dhuwé panuntun, sarta Panjenengané angetogaké dhèwèké ing dalem pandaluyané kalawan padha bi- ngung mak-makan

[187] Dhèwèké padha takon ma- rang sira prakara wayahé kapan bakal kalakoné? Calathua: Kawruh prakara iku mung dumunung ing Pangéranku; iku ora ana kang bakal ambuka ing waktuné kajaba Panjenengané; bakal abot sang- gané ing langit-langit lan bumi; ora bakal anekani sira kajaba kalawan ngegèt. Dhèwèké padha takon marang sira, kaya-kaya sira iku marang sira, kaya-kaya sira iku mrihatinaké prakara iku. Calathua: Kawruh prakara iku mung dumu- nung ing Allah, nanging kèh- kèhané manusa padha ora weruh

[188] Calathua: Aku iki ora angu- wasani paédah lan ora pituna tumrap jiwaku dhéwé, kajaba apa sing Allah angarsakaké; lan saupama aku iki weruha kang ora katon, sayekti aku wis anga- kèh-akèhaké kabecikan lan ora bakal ala anggepok aku; aku iki ora liya mung juru-pépéling sarta juru-martani becik tumrap para wong-wong kang padha angèstu

[189] Panjenengané iku Kang wus anitahaké sira saka babakalan sawiji, sarta agawé jodhoné saka iku a supaya dhèwèké tumiyunga mrono; mulané, ba- reng dhèwèké wus angrukubi iki, iki angandhut kandhutan kang ènthèng, banjur gina- wa lumaku, ananging barang iku dadi abot sakaroné nyunyuwun ing Allah, Pangérané: Manawi Tuwan amaringi kawula ingkang saé, sa- èstu kawula badhé sami dados éwonipun ingkang sami sukur

[190] Ananging bareng Panjene- ngané wus amaringi sakaroné kang becik, sakaroné angadegaké sisi- han-sisihan tumrap Panjenengané ing dalem barang paparing-É marang sakaroné; ananging Maha- luhur Allah iku saka apa kang dianggo nisihi

[191] Apa! Dhèwèké padha anisi- hi barang kang ora anitahaké apa-apa, malah padha tinitahaké

[192] Lan padha ora kawasa atu- tulung marang dhèwèké sarta ora atutulung awaké dhéwé

[193] Lan manawa dhèwèké pa- dha sira ajak marang tuntunan, ora bakal padha manut ing sira; padha ingatasé sira, apa sira angajak dhè- wèké apa ta sira meneng baé

[194] Sayekti para kang padha sira uwuh saliyané Allah, iku du- munung ing kahanan batur, papa- dhanira; lah coba padha nyuwu- na marang dhèwèké, cikbèn pdha anyembadani marang sira, manawa sira iku padha wong temen

[195] Apa padha duwé sikil kang- go mlaku, apa ta duwé tangan kanggo nyenyekel, apa ta duwé tangan kanggo nyekel, apa ta duwé mripat kanggo andeleng, apa ta duwé kuping kanggo ngrurungu? Calathua: Padha nguwuha para sisihanira, banjur padha anandukna upaya marang aku, lan aja awèh sumené marang aku

[196] Sayekti, pangayomanku iku Allah, Kang wus anurunaké Kitab, lan Panjenengané iku amawong- mitra para wong tulus

[197] Lan para kang padha sira uwuh saliyané Panjenengané iku ora kawasa mitulungi sira lan ora kawasa mitulungi awaké dhéwé

[198] Lan manawa dhèwèké padha sira ajak marang tuntunan, padha ora ngrungokaké; lan sira weruh dhèwèké padha andeleng marang sira, ananging padha ora weruh

[199] Asikepa pangapura lan apa- réntaha marang kabecikan sarta anyingkira saka wong bodho- bodho

[200] Lan manawa pangala-ala saka sétan angenani sira lah nyuwuna ngayom ing Allah; sa- yekti Panjenengané iku Amiyarsa, Angudanèni

[201] Sayekti, para kang padha anjaga dhirine iku, samangsa pangrancanganing sé- tan angenani awaké, pa- dha éling, tumuli padha sakala padha awas

[202] Lan para saduluré padha angundhaki dhèwèké ing dalem panasaran, tumuli ora padha uwis- uwis

[203] Lan samangsa sira ora anekani tandha yekti ing dhèwèké, padha calathu: Ya géné kowé ora anjaluk iku? Calathua: Aku iki mung miturut apa kang diwedhar- aké marang aku saka Pangéranku: iki bukti-bukti kang terang saka Pangéranira sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap wong kang padha angèstu

[204] Lan samangsa Qur’an wina- ca lah iku sira padha angrungokna sarta dipadha sidhem, supaya sira padha pinaringan wilasa

[205] Lan élinga Pangéranira ing dalem atinira kalawan adhedhépé sarta wedi tuwin ucap kang ora sora, ing wayah ésuk lan soré, sarta sira aja dadi éwoné wong kang padha léna

[206] Sayekti, para kang padha parek Pangéranira, iku padha ora gumedhé anggoné laladi Panjene- ngané, sarta padha mahamulya- kaké Panjenengané tuwin padha sumungkem marang Panjenengané

Al-Anfal

Surah 8

[1] Dhèwèké padha takon marang sira prakara wuwuhan-wuwuhan. Kandhanana: Wuwuhan-wuwuhan * iku kagungané Allah lan Utusan. mulané padha di prayitna Allah sarta padha bedhamia prakarané ing antaranira, tuwin padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-É, manawa sira iku padha wong angèstu

[2] Para angèstu iku mung para kang padha giris atiné samangsa Allah sinebut, lan samangsa tim- balan-timbalan-É diwacakaké ma- rang dhèwèké padha wuwuh imané sarta marang Pangérané anggoné padha suméndhé

[3] Para kang padha anjumeneng- aké salat sarta padha mèwèhaké barang paparing-Ingsun ing dhè- wèké

[4] Ya iki para wong angèstu temenan; dhèwèké bakal padha olèh drajat luhur sarta pangapura tuwin rijeki kang mulya saka ngar- saning Pangérané

[5] Kaya déné anggoné Pangé- ranira angetokaké sira saka ngo- mahira kalawan yekti, sanajan sapérangané wong kang padha angèstu temen padha ora sarju

[6] Dhèwèké padha amadoni sira ing dalem prakara yakti, ing sawisé iki dadi terang, kaya-kaya dhèwèké digiring marang pati, kang sarta dhèwèké padha andeleng

[7] Lan nalikané Allah anyagahi sira salah sijiné golongan loro iku dadi bubuhanira, lan sira angajab bisaa kang ora asikep gagaman dadi bubuhanira; lan Allah angarsakaké ambeneraké kang bener kalawan pangandika-Né tuwin anatas oyodé para kafir

[8] Amrih Panjenengané ambuk- tèkaké beneré kang bener sarta anedahaké luputé kang luput, sana- jan para wong dosa padha ora sarju

[9] Nalikané sira nyuwun pitu- lung Pangéranira, tumuli Panje- nengané anyembadani ing sira: Ingsun bakal anulungi sira kala- wan sèwu malaikat, urut-urutan

[10] Lan Allah andadèkaké iki, iku ora liya kajaba minangka pawarta becik sarta supaya, sarana iku, atinira dadi anteng; lan ora liya kamenangan iku kajaba saka ngarsaning Allah; sayekti Allah iku Mahamulya, Wicaksana

[11] Nalika Panjenengané wus anurunaké anteng marang sira, minangka aman saka Panjenengané, sarta anurunaké banyu saka ing mendhunga marang sira, amrih Panjenengané anucèni sira, asarana iku, sarta ambirat leletheking sétan saka ing sira, lan amrih Panjenengané angukuhaké marang atinira tuwin – asarana iku – anetepaké dalamakan

[12] Nalika Pangéranira amedhar sabda marang para malaikat: Ing- sun iki anyartani sira, mulané padha tetepna para kang padha angèstu; Ingsun bakal andèkèkaké miris ing dalem ati-atiné para kang padha kafir. Mulané padha gepu- ken sadhuwuring tenggoké sarta paruthulen kabèh pucuking dariji- né

[13] Mangkono iku amarga saka anggoné padha lumawan Allah lan utusan-É; lan sapa sing lumawan Allah lan utusan-É, lah sayekti Allah iku abanget walesé

[14] Mangkono iku – lah iku padha rasakna, lan yèn bubuhané para kafir iku siksa geni

[15] É, para kang padha angèstu! Manawa sira kepapag para kang padha kafir mangsah perang, lah aja sira padha amalik gegerira ing dhèwèké

[16] Lan sapa sing amalik gegeré ing dhèwèké ing dina iku, _ kajaba manawa anggoné bali iku karana perluning perang utawa anggolong marang papanthan, lah sayekti wis mungguh olèh bebenduning Allah, sarta panggonané naraka; iku pa- dunungan ala

[17] Mulané, dudu sira kang matèni dhèwèké, ananging Allah kang matèni dhèwèké, lan dudu sira kang ambalang nalikané sira ambalang, ananging Allah kang ambalang lan amrih Panjene- ngané amaringi paparing kang becik saka Panjenengané marang para angèstu; sayekti Allah iku Amiyarsa, Angudanéni

[18] Iki, sarta Allah iku kang angapesaké jurité para kafir

[19] Manawa sira padha nyuwun putusan, lah temen putusan iku wus tumeka marang sira; lan manawa sira padha anguwisi, lah iku luwih becik tumrapé sira; lan manawa sira padha angambali manèh, Ingsun bakal angambali, sarta wadyabala-nira ora bakal makolèhi marang sira babar pisan, sanajan akèha, lan yèn Allah iku anyartani para angèstu

[20] É, sira kang padha angèstu! Padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-É, sarta aja sira padha ambalik saka Panjenengané, kang mangka sira padha ngrungu

[21] Sarta aja dadi kaya kang padha calathu: Kula sami mireng, lan dhèwèké padha ora ambangun- turut.a

[22] Sayekti ala-alané sato tumraping Allah iku para budheg, para bisu kang padha ora ngerti

[23] Lan saupama Allah uninga kabecikan ana ing dhèwèké, yekti aparing krungu dhèwèké, lan saupama Panjenengané aparing krungu dhèwèké, yekti dhèwèké padha maléngos kang sarta padha sumingkir

[24] É, sira kang padha angèstu! Padha anyembadanana marang Allah lan Utusan-É, nalikané Panjenengané anguwuh sira marang barang kang angurip sira; lan padha weruha, yèn Allah iku angelet-eleti antaraning wong karo atiné sarta yèn sira iku bakal padha diimpun marang Panjenengané

[25] Lan padha di prayitna marang coba, kang ora mung mligi ange- nani panunggalanira kang padha atindak dudu baé; sarta padha weruha, yèn Allah iku abanget ing walesé

[26] Lan padha ngélingana nali- kané sira lagi sathithik, dianggep apes ana ing nagara, kuwatir ma- nawa wong-wong padha amban- dhang sira, nanging Panjene- ngané angayomi sira sarta angu- kuhaké sira kalawan pitulung-É tuwin apaparing sira arupa barang- barang becik, supaya sira padha atur panuwun

[27] É, sira kang padha angèstu! Aja padha cidra ing Allah lan Utusan, sarta aja padha cidra ing barang kang dipracayakaké sira, kang mangka sira padha weruh

[28] Lan padha weruha, manawa bandhanira lan anak-anakira iku coba, sarta manawa Allah iku ing ngarsa-Né ana ganjaran kang agung

[29] É, sira kang padha angèstu! Manawa sira prayitna ing Allah, Panjenengané ba- kal amaringi panyilah marang sira, sarta bakal ambirat alanira saka ing sira tuwin angapura marang sira; lan Allah iku Ingkang kagungan kanugrahan agung

[30] Lan nalikané para kang padha kafir angrancang upaya tumanduk ing sira arep angunjara sira utawa arep amatèni sira, utawa arep anundhung sira; lan dhèwèké padha agawé rancangan, sarta Allah iya adamel rancangan; lan Allah iku Becik-beciké para juru- rancang

[31] Lan kalané timbalan-timba- lan-Ingsun diwacakaké marang dhèwèké, padha acalathu: Temen aku wis padha ngrungu; upama aku karepa, sayekti aku padha bisa angucapaké papadhané iki; iki ora liya kajaba caritané para kuna

[32] Lan kalané dhèwèké padha ngucap: Dhuh Allah! manawi pu- nika barang yakti saking ngarsa Tuwan, lah mugi Tuwan anjawah- aken séla saking langit dhateng kawula, utawi andhatengaken siksa ingkang nyakiti dhateng kawula

[33] Ananging ora bakal Allah aniksa dhèwèké ing sasuwéné sira ana ing antarané, lan ora bakal Allah aniksa dhèwèké, manawa dhèwèké padha nyuwun panga- pura

[34] Lan apa ta tumrap dhèwèké, déné Allah ora aniksa dhèwèké, kang mangka dhèwèké padha anyegah saka Masjid Suci, sarta padha ora juru-rumeksané; ora liya juru-rumeksané iku kajaba wong kang padha prayitna , ananging dhèwèké iku sing akèh padha ora weruh

[35] Lan ora liya sembahyangé ana sangareping Padaleman iku kajaba mung singsot lan keplok; mulané padha angrasakna siksané, amarga saka anggonira padha kafir

[36] Sayekti, para kang padha kafir iku padha angetokaké bandhané kanggo anyegah saka da- dalaning Allah; mulané dhèwèké bakal padha angetokaké iku, tumuli iku ingatasé dhèwèké bakal dadi piduwung kang abanget, tumuli dhèwèké padha kasoran; lan para kang padha kafir bakal padha di- giring marang naraka

[37] Supaya Allah amisahaké kang jember saka kang becik, sarta andadèkaké kang jember iku atum- pang tindih; banjur Panjenengané angumpuk-undhung kabèh iku, tumuli anglebokaké ing naraka; iki para kang padha kapitunan

[38] Calathua marang para kang padha kafir, yèn padha marèni, dhèwèké bakal ingapura apa kang wus kapungkur; lan manawa padha angambali; lah temen wus kala- kon lalakoné para kuna

[39] Lan padha peranga mungsuh dhèwèké nganti panindhesan ora ana, lan agama iku sakabèhé kagu- ngané Allah; nanging, manawa dhèwèké padha marèni, sayekti Allah iku marang apa kang padha dilakoni angudanèni

[40] Lan manawa dhèwèké padha ambalik, lah padha weruha, yèn Allah iku Pangayomanira; becik- beciking Pangayoman lan becik- beciking Juru-tutulung

[41] Lan padha weruha, yèn kuku- panira ana ing paprangan, arupa apa baé, lah iku kang sapralimané bagéané Allah lan bagéané Utusan sarta bagéané santana tuwin para bocah yatim lan para wong miskin apa déné wong lalaku, manawa sira iku padha angèstu ing Allah sarta apa kang Ingsun dhawuhaké marang kawula-Ningsun, ing dina- ning panyilah, ing dina tempuké golongan loro; lan Allah iku marang samubarang kawasa

[42] Nalikané sira padha ana ing sacedhaké pèpèrèng sarta dhèwèké ana ing pèpèrèng adoh, sarta untan-untan ana ing panggonan kang luwih endhèk tinimbang sira; lan saupama sira padha semayanana, masthi sira bakal padha nyulayani ing sema- yan, ananging – supayané Allah anyidakna prakara kang wus masthi kudu kalakon, supaya sapa kang kuduné lebur lebura kalawan bukti cetha sarta sapa kang kuduné urip uripa kalawan bukti cetha; lan sayekti Allah iku temen Amiyarsa, Angudanèni

[43] Nalika Allah meruhaké sira ing dhèwèké ing jeroné impènira katon sathithik; lan saupama Pan- jenengané meruhaké sira ing dhèwèké katon akèh, amasthi sira padha rumasa apes sarta padha pradondi ing dalem prakara iku, ananging Allah anylametaké ; sayekti Panjenengané iku Ingkang- Angudanèni apa kang ana ing dhadha-dhadha

[44] Lan nalika Panjenengané meruhaké sira ing dhèwèké, kalané sira pethuk , ana ing pandelengira katon sathithik sarta Panjenengané anyathithikaké sira ing dalem pandelengé, supa- yané Allah anyidakna prakara kang wis masthi kudu kalakon; lan marang Allah anggoné sakèhing prakara dibalèkaké

[45] É, sira kang padha angèstu! samangsa sira kapapag sawijining papanthan, lah padha di tetep sarta padha di akèh anggonira éling maring Allah, supaya sira padha begja

[46] Sarta padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-É, lan aja padha pradondi, mundhak sira padha rumasa apes lan ilang kakuwatanira sarta padha di sabar; sayekti Allah iku anyartani para wong sabar

[47] Lan aja padha kaya para kang padha metu saka ing panggonané kalawan umuk sarta pamèr marang manusa tuwin padha nga- doh saka dadalaning Allah, lan Allah iku anglimputi ing sabarang panggawéné

[48] Lan nalikané sétan ama- maèsi dhèwèké ing panggawé- panggawéné karo calathu: Ing dina iki ora ana manusa kang ngalahaké marang kowé, lan sayekti aku iki pangayomanmu; ananging bareng papanthan loro iku wis padha adu- arep, dhèwèké ambalik ing tung- kaké karo calathu: Temen aku iki lebaran saka kowé, sayekti aku weruh barang kang kowé padha ora weruh, temen aku iki wedi maring Allah; lan Allah iku aba- nget ing pamales

[49] Nalikané para lamis lan para kang ing sajroning atiné padha ana larané calathu: Agamané iku wus anyadhangaké dhèwèké marang karusakan; lan sapa sing asèsèn- dhéan marang Allah, lah sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana

[50] Lan saupama sira weruha, nalika para Malaikat amatèni para kang padha kafir, anggebugi rainé lan gegeré, sarta : Padha ngrasakna siksa kang angge- sengaké

[51] Iki amarga saka apa pang- gawéning tangan-tanganira kang dhingin-dhingin, lan amarga Allah iku ora pisan atindak dudu marang para kawula

[52] Kaya tindaké wongé Fir’aun sarta para ing sadurungé: padha angafiri ing timbalan-timbalaning Allah, mulané Allah anglebur dhè- wèké, amarga saka dosané; sayekti Allah iku Kuwat, Abanget ing pamales

[53] Iki amarga déné Allah iku ora pisan angéwahi nugraha kang wus Dinugrahakaké marang sawijining bangsa, kajaba yèn dhèwèké ango- wahi kahanané dhéwé; lan amarga déné Allah iku Amiyarsa, Anguda- néni

[54] Kaya tindaké wongé Fir’aun sarta para ing sadurungé: padha anggorohaké timbalan-timbalaning Pangérané, mulané Ingsun angle- bur dhèwèké, amarga saka dosané lan Ingsun angelem wongé Fir’aun, lan kabèh iku wong kang padha atindak dudu

[55] Sayekti, ala-alané sato kéwan iku mungguhing Allah para kang padha kafir, lah dhèwèké ora bakal padha angèstu

[56] Dhèwèké, para kang padha aprajanjian karo sira, banjur padha angrusak prajanjiané marambah- rambah, lan padha ora prayitna

[57] Mulané manawa sira anem- puh dhèwèké ana ing paprangan, lah sira buyarna, sapa ing saburiné, supaya dhèwèké padha élinga

[58] Lan manawa sira wedi cidra- né sawijining golongan, lah uwuk- na atas dhadhasar padha-padha; sayekti Allah iku ora remen para wong cidra

[59] Lan para kang padha kafir aja padha ngira manawa dhèwèké ba- kal teka andhisiki; sayekti dhèwèk- é ora andadèkaké apes

[60] Lan padha cacawisa anggu- lang dhèwèké apa ing sabisanira, arupa kakuwatan lan arupa jaran kang cinancang ing wates, kanggo anggirisaké mungsuhing Allah lan mungsuhira lan liya-liyané kajaba dhèwèké, kang sira padha ora weruh, kang Allah udani; lan barang apa baé kang sira wetokaké ing dadalaning Allah, liliru genep bakal pinaringaké marang sira, sarta sira ora bakal kinaniaya

[61] Lan manawa dhèwèké padha tumiyung marang dhamé, lah sira tumiyunga mrono sarta kumandela marang Allah; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Miyar- sa, Ingkang-Ngudanèni

[62] Lan manawa dhèwèké sume- dya ambalubuk sira, _ lah sayekti Allah iku wis cukup tumrapé sira; Panjenengané iku Kang angu- wataké sira kalawan pitulung-É lan kalawan para angèstu

[63] Lan anggolongaké ati-atiné; saupama sira angetokna apa kang ana ing bumi kabèh, ora bakal sira bisa anggolongaké ati-atiné ana- nging Allah anggolongaké dhè- wèké; sayekti Panjenengané iku Minulya, Wicaksana

[64] É, Nabi! Allah iku wis cukup tumrapé ing sira sarta pandhè- rèkira, para angèstu

[65] O, Nabi! ambobolèhana para angèstu, marang perang; mana- wa golonganira ana rongpuluh wong sing teguh atiné, bakal ngalahaké rongatus, lan manawa golonganira ana satus, bakal anga- lahaké sèwu para kang padha kafir, awit déné dhèwèké iku wong kang ora padha mangerti. A

[66] Ing samengko Allah angèn- thèngaké sasangganira, sarta Pan- jenengané anguningani, yèn apes dumunung ing sira; lah yèn golonganira ana satus wong sing teguh atiné, bakal angalahaké rong atus, lan yèn golonganira ana sèwu, bakal angalahaké rong èwu kalawan idining Allah; lan Allah iku anyartani para wong teguh atiné

[67] Ora mungguh tumrapé Nabi, yèn ta amundhuta tawanan, kajaba manawa panjenengané perang sar- ta menang ana ing bumi; sira padha karep marang barang kang ora langgeng ing donya iki, mangka Allah angarsakaké akhirat ; lan Allah iku Minulya, Wicaksana

[68] Saupama oraa ana undhang saka Allah kang wus dhumawuh ing dhisik, sayekti siksa kang gedhé wus anibani sira, amarga saka barang kang wus padha sira lakoni

[69] Lah padha mangana barang pakolihira ana ing paprangan, kang halal lan apik, sarta di padha prayitna ing Allah; sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih

[70] O, Nabi! Calathua marang para tawanan kang ana ing tanga- nira: Manawa Allah anguningani ana kabecikan ing sajroning ati- atinira, Panjenengané bakal ama- ringi sira luwih becik tinimbang apa kang wis kapundhut saka ing sira,a sarta bakal angapura marang sira; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[71] Lan manawa dhèwèké padha arep anyidrani sira, lah temen dhè- wèké iku ing sadurungé wis anyidrani Allah, ananging Pan- jenengané amaringi angu- wasani dhèwèké; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

[72] Sayekti para kang padha angèstu sarta oncat aninggal tuwin nyrempeng ing da- dalaning Allah kalawan bandhané lan jiwané sarta para kang padha awèh pangungsèn lan mitulungi – iki padha dadi pangayoman sa- wenèh marang sawenèhé; wondéné para kang padha angèstu lan ora oncat aninggal , iku dudu bubuhanira pisan-pisan anggoné angayomi, nganti saoncaté; lan manawa dhèwèké padha anjaluk pitulungira ing dalem prakara agama, lah wajib ingatasé sira anulungana, kajaba tumrap wong kang antaranira karo dhèwèké ana prajanjian, lan Allah iku Amirsani ing sabarang kang padha sira lakoni

[73] Wondéné para kang padha kafir, iku padha dadi pangayoman sawenèh marang sawenèhé; iku manawa sira padha ora aninda- kaké, bakal ana panindhesan ing bumi sarta wisuna kang gedhé

[74] Wondéné para kang padha angèstu sarta oncat aninggal lan anyrempeng ing dadalaning Allah, sarta para kang padha awèh pangungsèn lan amitulungi – iki para wong angèstu sajati; bakal padha olèh pangapura sarta rejeki kang mulya

[75] Wondéné para kang sawisé iku padha angèstu sarta oncat aninggal tuwin anyrem- peng anyartani sira – iki golo- nganira; lan para kang padha duwé gagayutan sanak iku ing dalem kitabé Allah luwih cedhak sawe- nèh marang sawenèhé; sayekti Allah iku marang samubarang ngudanèni

At-Taubah

Surah 9

[1] panyuwak déning Allah lan Utusan-É, marang para manembah brahala kang padha prajanjian karo sira

[2] Mulané lulungana ing bumi, patang sasi, sarta padha weruha, yèn sira kabèh iku ora bisa angapesaké Allah, sarta yèn Allah angasoraké para wong kafir

[3] Lan undhang-undhang saka Allah lan Utusan-É marang wong- wong ing dina haji gedhé, yèn Allah lan Utusan-É wudhar saka tanggungan marang para manem- bah brahala; mulané manawa sira padha tobat, lah iku luwih becik tumrapé sira, lan manawa sira padha mléngos, lah padha weruha, manawa sira kabèh iku ora bisa angapesaké Allah; sarta angebang- ebanga para kang padha kafir kalawan siksa kang nglarani

[4] Kajaba para manembah bra- hala kang padha prajanjian karo sira, tumuli ora ambalénjani sira sathithik-thithika sarta ora ambi- yantu sapa-sapa anglawan sira; lah sira padha anyampurnakna marang dhèwèké, prajanjiané, tumeka wa- wangené: sayekti Allah iku remen marang kang padha prayitna

[5] Mulané, samangsa sasi-sasi suci wus kaliwat, lah para manem- bah brahala padha patènana ana ing ngendi katemunira dhèwèké, sarta padha sira cekela lan sira kepunga, tuwin sira adhanga ing sarupaning pandhedhepan; ana- nging manawa dhèwèké padha mratobat sarta padha anjumene- ngaké salat lan ambayar zakat, lah padha sira mardikakna dadalané; sayekti, Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[6] Lan manawa ana sawijining wong manembah brahala anjaluk pangayoman ing sira, lah iku sira ayomana, nganti dhèwèké angru- ngu sabdaning Allah, tumuli tekak- na enggon kaslametané; mangkéné iki amarga saka dhèwèké iku wong sing ora weruh

[7] Kapriyé bisané ana prajanjian tumrapé para manembah brahala kalawan Allah sarta kalawan Utusan-É, kajaba tumrapé para kang wis padha aprajanjian kala- wan sira ing sacedhaké Masjid Suci? Mulané ing sajroné dhèwèké padha anuhoni marang sira, lah sira padha nuhonana marang dhèwèké; sa- yekti Allah iku remen marang wong kang padha prayitna

[8] Kapriyé ! kang mangka, manawa dhèwèké unggula angalahaké sira, ing dalem prakaranira dhèwèké padha ora angélingi tatalining kulawarga tuwin ora angélingi tatalining pra- janjian; dhèwèké padha angre- nakaké sira kalawan cangkem- cangkemé ananging atiné padha angemohi; lan kèh-kèhané dhè- wèké iku para murang yekti

[9] Dhèwèké padha anampani pangaji sathithik ijolé timbalan- timbalaning Allah, mulané padha nyimpang saka dadalan-É; sayekti, ala apa kang padha dilakoni

[10] Ing dalem prakarané wong kang angèstu dhèwèké padha ora angélingi tatalining kulawarga tuwin ora angélingi tatalining prajanjian; lan iki para kang padha mlangkah wates

[11] Ananging manawa dhèwèké padha tobat sarta padha anjume- nengaké salat tuwin ambayar zakat, lah iku padha sadulurira ing dalem agama; lan Ingsun amijang- mijangaké timbalan-timbalan tu- mrap wong kang padha weruh

[12] Lan manawa dhèwèké padha anerak sepatané ing sawisé prajan- jiné, sarta padha angala-ala ing agamanira, lah padha perangana para pangareping kakafiran – sayekti, sepatané iku dudu barang-barang – supaya dhèwèké padha marènana

[13] Apa! apa sira ora bakal padha merangi wong-wong kang padha anerak sepatané sarta padha angrantam anundhung Utusan tuwin padha amiwiti nyerang sira dhisik; apa ta sira padha wedi marang dhèwèké? Ananging Allah iku, luwih bener yèn sira padha wedia ing Panjenengané, manawa sira iku padha wong angèstu

[14] Padha merangana dhèwèké; Allah bakal aniksa dhèwèké kala- wan tangan-tanganira sarta bakal angasoraké dhèwèké tuwin amitu- lungi sira ngalawan dhèwèké, apa déné bakal anglipur atiné para wong angèstu

[15] Sarta bakal angilangi pamuri- nging ati-atiné, sarta Allah bakal bali marang sapa kang dadi kapareng-É, lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

[16] Apa ta sira padha angira manawa sira bakal padha ditogaké baé, kang mangka Allah durung anguningani golonganira kang padha anderpati sarta padha ora ngalap mitra dharma saliyané Allah lan Utusan-É tuwin para angèstu; lan Allah iku waspada marang apa kang padha sira lakoni

[17] Para manembah brahala ora wenang yèn anekanana masjid- masjiding Allah, kalawan ange- dhèngaké awaké yen kafir; iki para kang panggawé-panggawéné pa- dha muspra,a lan ana ing geni anggoné bakal padha manggon

[18] Kang anekani masjid-masjid- ing Allah iku mung sapa kang angèstu ing Allah lan dina akhir sarta anjumenengaké salat tuwin ambayar zakat, apa déné ora wedi sapa-sapa kajaba Allah; mulané manawa-manawa, iki bakal padha dadi golongané wong kang padha manut ing dalan kang bener

[19] Apa awèh ngombé para kang anindakaké haji sarta anjaga Masjid Suci sira anggep padha kaya wong sing angèstu ing Allah lan dina akhir sarta anderpati ing dadalaning Allah? iku ora padha mungguhing Allah; lan Allah iku ora nuntun marang wong kang padha atindak dudu

[20] Para kang padha angèstu sarta padha ngili atinggal apa déné anderpati ing dadalaning Allah kalawan ban- dhané lan nyawané, iku luwih gedhé darajaté mungguhing Allah; lan iki para kang padha katekan

[21] Pangérané amartani becik kalawan wilasa saka Panjenengané sarta pirena tuwin patamanan, kang ana ing kana bakal padha olèh nugraha kang tetep lestari

[22] Padha manggon ing kono salawasé; sayekti Allah iku kang kagungan ganjaran kang agung

[23] É, sira kang padha angèstu, aja sira padha angalap pangayo- man para bapanira lan para sa- dulurira, manawa dhèwèké padha luwih dhemen kakafiran tinimbang iman; lan sapa golonganira sing angalap pangayoman dhèwèké lah iku wong kang padha atindak dudu

[24] Calathua: Manawa bapak-ba- pakira lan anak-anakira lanang lan sadulur-sadulurira lan rabi-rabinira lan kulawarganira sarta bandha- bandhanira olèhira angupajiwa, tu- win dagangan kang sira kuwatiraké bubruké apa déné omah-omah kang nyenengaké sira, iku luwih tinresnan marang sira tinimbang Allah lan Utusan-É tuwin ander- pati ing dadalan-É, lah padha sira ngentènana nganti Allah anekak- aké paréntah-É; lan Allah iku ora nuntun wong-wong kang murang yekti

[25] Sayekti temen Allah wus mitulungi sira ing paprangan sapirang-pirang sarta ing dinané Hunain, nalika kèhing cacahira andadèkaké kumalungkungira na- nging ora migunani apa-apa marang sira, sarta bumi dadi rupek ingatasé sira, sanajan ta jembar; tumuli sira padha ambalik mun- dur

[26] Tumuli Allah anurunaké katentreman-É marang Utusan-É lan marang para angèstu, sarta anurunaké wadyabala kang sira ora weruh lan aniksa para kang padha kafir, lan ya iku piwalesing para kafir

[27] Tumuli Allah bakal bali ing sawisé iku marang sapa kang dadi kaparenging karsa- Né, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[28] É, sira kang padha angèstu, para manembah brahala iku lugu jember mulané sapungkuré taun iki aja padha cedhak-cedhak Masjid Suci; lan manawa sira padha kuwatir kamlaratan, lah Allah bakal anyugihaké sira saka lubèring paparingé, manawa dadi kaparenging karsa-Né; sayekti Allah iku Angudanéni, Wicak- sana

[29] Padha peranga lumawan para kang padha ora angèstu ing Allah lan ing dina akhir sarta ora padha anglarangi apa kang dilarangi déning Allah lan Utusan-É, apa déné padha ora manut agama sanyata, yaiku éwoné para kang padha kaparingan Kitab, nganti dhèwèké padha ambayar pajeg, du- munung angakoni kang kinawasa tuwin dhèwèké tun- dhuké

[30] Wong-wong Yahudi ujar, "Esra iku putrane Allah," dene wong-wong Nasrani ujar, "Mesias iku putrane Allah." Pratelan kasebut tanpa dhasar, mung ngandharake tembung-tembung saka wong-wong kafir sadurunge. Muga-muga Allah ngukum dheweke! Kepiye carane bisa disalahake - saka kasunyatane

[31] Dheweke njupuk rabine lan biksu uga Mesias, putrane Maria, dadi raja saliyane Allah, sanajan dheweke diprentah supaya ora nyembah kajaba mung Siji Gusti Allah. Ora ana déwa sing pantes nyembah˺ kajaba Panjenengane. Dheweke kaluhurake luwih saka apa sing digandhengake karo Panjenengane

[32] Dhèwèké padha arep nyirep papadhanging Allah kalawan cang- kem-cangkemé, ananging Allah ora marengaké, kajaba malah arsa nyampurnakaké papadhang-É, sa- najan para kafir padha gething

[33] Panjenengané iku kang wus angutus Utusan-É kalawan tuntu- nan sarta agama sanyata, supaya Panjenengané anglindhihaké iki marang agama sakabèhé, sanajan para manembah brahala padha gething

[34] É, sira para kang padha angèstu, sayekti akèh-akèhé para winasis sarta para pandhita mau temen padha mangan bandhané wong-wong kalawan ora bener sarta padha anyimpangaké lan para kang padha anumpuk emas lan salaka sarta ora ditanjakaké ing dadalaning Allah, lah padha sira bubungaha kalawan siksa kang nglarani

[35] Ing dinané manawa iku diobong ana ing genining naraka, banjur bathuk-bathuké lan lam- bung-lambungé sarta geger-gegeré diecos nganggo iku: Iki apa kang sira tumpuk kanggo awakmu dhé- wé, mulané padha rasakna apa kang wus padha sira tumpuk

[36] Sayekti wilangané sasi iku mungguhing Allah ana rolas ing dalem kitabing Allah, wiwit dina nalika Panjenengané nitahaké langit-langit lan bumi, iku sing papat suci;a iku pétungan kang jejeg; mulané ing dalem prakara iku aja padha atindak dudu marang awakira dhéwé, sarta padha merangana para manembah bra- hala kaya anggoné dhèwèké ame- rangi sira kabèh; sarta padha weruha, manawa Allah iku anyar- tani para kang padha anjaga dhiriné

[37] Nyumenèkaké iku lugu angundhaki ing kakafiran, kang andadèkaké sasaré para kang padha kafir, ing sawijining taun padha nerak iku, ing liyané taun padha anucèkaké iku, amrih dhèwèké bisa ange- plokaké wilanganing kang disucèkaké déning Allah, mulané dadi padha nerak apa kang disucèkaké déning Allah; alaning panggawé-panggawéné pinaès- paès tumrap dhèwèké;a lan Allah iku ora nuntun para wong kang padha kafir

[38] É, para kang padha angèstu! apa ta karananira, déné nalika sira didhawuhi: Padha mangkata sira ing dadalaning Allah, sira padha abot kudu andhéprok menyang bumi; apa sira wus legawa kala- wan kauripan donya tinimbang akhirat? Ananging pasadhiyan kauripan donya iku katimbang karo akhirat mung sapélé

[39] Manawa sira padha ora mang- kat, Panjenengané bakal aniksa sira kalawan siksa kang nglarani sarta bakal nyalini wong sali- yanira, lan sira ora bakal mitunani Panjenengané barang-barang; lan Allah iku marang samubarang kawasa

[40] Manawa sira padha ora mitu- lungi dhèwèké, lah temen Allah mitulungi dhèwèké nalika para kang padha kafir anundhung dhè- wèké, dhèwèké iku angka loroné loro nalika sakaroné padha ana ing guwa, nalika dhèwèké anyalathu marang mitrané: Aja susah, sayekti Allah anyartani aku kabèh; tumuli Allah anurunaké katentre- man-É marang dhèwèké sarta anguwataké dhèwèké kalawan wadyabala kang ora katon ing sira, tuwin andadèkaké asor tembungé para kang padha kafir; lan sab- daning Allah iku kang luhur; lan Allah iku Minulya, Wicaksana

[41] Padha mangkata, kalawan ènthèng lan kalawan abot, sarta padha andarpatia kalawan bandha- nira lan awakira ing dadalaning Allah; iki luwih becik tumrapé sira, manawa sira padha weruh

[42] Manawa iku kauntungan kang parek sarta lalakon kang cedhak, amasthi dhèwèké padha andhèrèk ing sira, ananging lala- kon rekasa iku kadohan ingatasé dhèwèké; sarta dhèwèké padha sepata kalawan Allah: Manawi kula sami sageda, saèstu kula sami mangkat andhèrèk sampéyan. Dhèwèké pa- dha angrusak jiwané dhéwé, sarta Allah Angudanèni, manawa dhè- wèké temen padha wong doracara

[43] Allah amuwung ing sira! yagéné sira angidini marang dhè- wèké ing sadurungé dadi terang tumrapé sira para kang padha temen sarta sira weruh para wong doracara

[44] Ora padha njaluk pamit ma- rang sira para kang padha angèstu ing Allah lan dina akhir saka ing anderpati kala- wan bandhané sarta awaké, lan Allah iku Angudanèni ing wong- wong kang padha anjaga dhiriné

[45] Mung para kang padha ora angèstu ing Allah lan dina akhir kang anjaluk pamit ing sira sarta kang atiné padha semang-semang, mulané ing sajroning semang- semangé dhèwèké padha malang tumolih

[46] Lan manawa dhèwèké padha nedya mangkat, iku dhèwèké mas- thi anyadhiyakaké ubarampèné, ananging Allah ora rena marang gumrégahé, mulané Panjenengané angendhakaké dhèwèké sarta di- pangandikani: Padha karia karo wong kang padha kari

[47] Manawa dhèwèké padha mangkata tunggal sira, ora angun- dhaki apa-apa ing sira kajaba karusakan, lan masthi padha agawé onar ing antaranira, padha angarah cocongkrahan ing antara- nira, lan ing golonganira ana kang padha angrungokaké marang dhè- wèké; lan Allah iku Angudanèni marang wong kang padha atindak dudu

[48] Sayekti temen ing sadurungé iku dhèwèké wis padha angarah cocongkrahan sarta padha ambudidaya nandukaké upaya lumawan sira, nganti tekaning kanyataan sarta menangé parén- tahing Allah, sanajan dhèwèké padha gething

[49] Lan sawenèhé ana kang cala- thu: Mugi aparing pamit dhateng kula, sarta sampun anyobi ing kula. Sayekti dhèwèké iku wis padha tumiba ing sajroning coba, lan sayekti temen naraka iku angliputi para kafir

[50] Manawa becik tumiba ing sira iku anusahaké dhèwèké lan manawa bilai angenani sira, padha calathu: Temen, aku wis padha prayitna ing sadurungé marang prakaraku dhéwé; karo padha mlè- ngos sarta padha bungah

[51] Calathua: Ora ana kang ange- nani aku, kajaba apa kang wus tinamtu dening Allah tumrap marang aku: Panjenengané iku Pa- ngayomanku; lan, mulané, marang Allah kuduné anggoné suméndhé para angèstu

[52] Calathua: Apa sira padha angajap tumrap marang aku kajaba salah sijiné becik loro? Lan aku padha angajap tumrap marang sira, supaya Allah anibani sira kalawan siksa saka ngarsa-Né utawa asarana tangan-tanganku. Mulané padha angajapa; aku iya padha angajap barengan karo sira

[53] Calathua: Sira padha cucula bandha, kalawan pambangun turut utawa kalawan kepeksa, iku ora bakal tinarima; sayekti sira iku wong kang murang yekti

[54] Ora ana kang angalang-alangi bisané katarima anggoné padha cucul bandha, kajaba anggoné angafiri marang Allah lan marang Utusan-É sarta anggoné ora ane- kani salat kajaba kalawan bot- boten, apa déné anggoné ora padha cucul bandha kajaba kalawan kepeksa

[55] Mulané aja angédabaké sira bandha-bandhané lan anak-anaké, iku Allah mung angarsakaké ka- agem lantaran niksa dhèwèké ana ing kauripan donya iki lan nyawané padha oncat sajroné dhèwèké isih padha wong kafir

[56] Lan dhèwèké padha sepata kalawan Allah, yèn dhèwèké iku temen padha golonganira, lan ora pisan dhè- wèké iku padha golonganira, ananging dhèwèké iku wong kang padha wedi

[57] Upama olèha pangungsèn utawa guwa, utawa pandhelikan, amasthi padha nuju mrono sarta padha énggal anggendring lumayu

[58] Lan sawenèhé ana kang nyatur ala ing sira ing dalem prakara dana; lah manawa ana sing diwènèhaké dhèwèké padha lega atiné, lan manawa ora ana sing diwènèhaké, sanalika padha banget muring-muringé

[59] Lan manawa dhèwèké padha narima apa paparingé Allah lan Utusan-É marang dhèwèké sarta padha angucap: Allah wus nyukupi marang aku: Allah bakal énggal amaringi aku saka lubè- ring paparing-É, lan mangkono uga Utusan-É; sayekti marang Allah anggonku padha nyunyu- wun

[60] Dana iku mung tumanja marang para wong kacingkrangan lan wong kebutuh lan para kang katetep tumandang gawé ingatasé prakara iku lan para kang atiné ditumiyungaké lan kanggo nebusi kawula tawanan lan para kang keblebek ing utang lan ana ing dadalané Allah lan wong lalaku: undhanging Allah; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

[61] Lan sawenèhé ana kang padha banget angribedaké Nabi sarta acalathua: Dhèwèké iku wong sing anggugu sabarang kang dirungu. Calathua: Wong kang angrungokaké kang becik tumrapé sira, angèstu ing Allah lan ngandel marang para angèstu, sarta wilasa tumrap sawenèhira kang padha angèstu; wondéné para kang padha banget angribedaké nabi, iku bakal olèh siksa kang nglarani

[62] Dhèwèké padha supata kala- wan Allah marang sira, amurih pirenanira; lan Allah sarta Utusan-É, iku luwih bener yèn dhèwèké padha angre- nakna Panjenengané, manawa dhè- wèké iku padha wong angèstu

[63] Apa padha ora weruh, yèn sapa sing anglawan Allah lan Utusan-É sayekti bakal olèh geni naraka, bakal manggon ing kono? Iku asor kang gedhé

[64] Para wong lamis padha kuwatir, yen ana surat tinurunaké marang dhèwèké, kang bakal ameruhaké marang dhèwèké apa kang ana ing sajroning ati-atiné. Calathua: Padha angguguyua, sa- yekti Allah iku bakal anglahiraké apa kang padha sira kuwatiraké

[65] Lan manawa dhèwèké padha sira takoni, masthi padha mang- suli: Aku iki mung padha caturan sembranan lan guguyon. Calathua: Apa marang Allah sarta timbalan- timbalan-É tuwin Utusan-É ang- gonmu padha angguguyu

[66] Aja padha agawé santolan; temen sira padha angafiri ing sawisé sira angèstu; manawa Ingsun angapura sawenèhira sagolongan, Ingsun bakal aniksa sagolongan amarga saka anggoné padha dosa

[67] Para wong lamis lanang lan para wong lamis wadon iku kabèh padha; padha maréntahaké marang ala sarta menging marang becik tuwin padha anggegem tangan- tangané; padha anglirwakaké Allah, mulané Panjenengané ang- lirwakaké dhèwèké; sayekti para wong lamis iku para murang yekti

[68] Allah wis anyagahi geni naraka marang para lamis lanang lan para lamis wadon sarta para kafir, dimèn padha manggon ing kono; iku wis nyukupi dhèwèké; sarta Allah ambendoni dhèwèké tuwin bakal padha olèh siksa kang mindeng

[69] Kaya déné para ing saduru- ngira: iku padha luwih banget saka sira mungguhing kakuwatan sarta luwih akèh mungguhing bandha lan anak, mulané dhèwèké padha olèh pandumé; lah sira iya padha olèh pandumira, kaya déné para ing sadurungira anggoné olèh pan- dumé; sarta sira padha cacaturan ngayawara kaya anggoné dhèwèké wus caturan ngayawara. Iki kang panggawé-panggawéné padha mus- pra ing dalem donya lan akhirat; lan iki para kang padha kapitunan

[70] Apa ora wus tumeka marang dhèwèké pawartané para ing sadu- rungé; wongé Nuh lan ‘Ada lan Tsamudb sarta wongé Ibrahim tuwin para wong ing Madyanc apa déné ing kutha-kutha kang padha karubuhakéd; utusané wis padha anekani dhèwèké kala- wan tandha-tandha yekti; mulané dudu Allah Kang atindak dudu marang dhèwèké, nanging dhè- wèké dhéwé kang atindak dudu marang awaké

[71] Wondéné para wong lanang angèstu lan wong wadon angèstu, iku padha dadi pangayoman sa- wenèh marang sawenèhé; padha maréntahaké marang becik sarta menging marang ala tuwin padha anjumenengaké salat apa déné padha ambayar zakat lan amba- ngun turut ing Allah lan utusan-É; iki, Allah bakal amaringi wilasa dhèwèké; sayekti Allah iku Maha- mulya, Wicaksana

[72] Allah wus anyagahi patama- nan wong lanang angèstu lan wong wadon angèstu, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, dimèn padha manggon ing kono, sarta padunungan kang becik ing sa- jroné patamanan kang langgeng, sarta kabèh iku kang becik dhéwé yaiku pirena saka ing Allah – mangkono iku pakolih kang gedhé

[73] É, Nabi! dianderpati marang para kafir sarta para lamis tuwin di kenceng marang dhèwèké; lan padunungané ing naraka, sarta ala wusanané

[74] Dhèwèké padha supata kala- wan Allah, yèn ora angucap apa-apa, mangka sayekti temen padha angucapaké pangucap kakafiran, sarta padha kafir sawisé Islamé, sarta padha anjangka marang barang kang dhè- wèké padha ora bisa katekan, lan dhèwèké padha ora nyawadi, mung amarga déné Allah lan Utusan-É anyugihaké dhèwèké saka lubèring paparing-É; mulané, manawa dhèwèké padha tobat, iku bakal becik tumrapé dhèwèké, lan manawa padha mlé- ngos, Allah bakal aniksa dhèwèké kalawan siksa kang nglarani ing dalem donya lan akhirat, lan ana ing bumi padha ora duwé pangayo- man lan ora panulung

[75] Lan sawenèhé ana kang apra- janji marang Allah: Manawa Pan- jenengané amaringaké lubèring paparing-É marang aku, amasthi aku padha awèh dana lan amasthi aku dadi golongané para wong becik

[76] Lah bareng Allah amaringi dhèwèké saka lubèring paparing-É, ing kono banjur padha kumed sarta padha mléngos lan padha mundur

[77] Mulané Panjenengané anung- ka dhèwèké asarana andhèdhèki lalamisan ing sajroning ati-atinè, tumeka ing dina sapatemoné karo Panjenengané, amarga saka ang- goné anyidrani Allah apa kang disanggemaké marang Panjene- ngané sarta amarga saka anggoné padha goroh

[78] Apa dhèwèké padha ora weruh, yèn Allah iku Angudanéni pagedhongané sarta rantamané kang winadi, apa déné yèn Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samu- barang kang tan katon

[79] Para kang padha anyawadi marang para angèstu kang kalawan mulungé dhéwé anggoné adadana lan para kang padha tinemu ora bisa kajaba kalawan sakuwasané, dadi padha anggu- guyu marang dhèwèké; Allah males marang dhèwèké anggoné angguguyu sarta dhèwèké bakal olèh siksa kang nglarani

[80] Dhèwèké padha sira suwunna pangapura, utawa aja padha sira suwunaké pangapura; sanajan ta padha sira suwunaké pangapura rambah ing pitung puluh, lah ora bakal Allah angapura marang dhèwèké, amarga saka anggoné angafiri ing Allah lan Utusan-É, lan Allah iku ora anuntun ing wong kang padha murang yekti

[81] Para kang tininggal kari pa- dha bungah, amarga saka anggoné thethenguk sapungkuré Utusaning Allah sarta padha gething yèn anderpatia ing dadalaning Allah kalawan bandhané lan awaké, tuwin padha calathu: Aja padha mangkat ing papanas. Calathua: Genining naraka iku luwih banget panasé. Yèn ta dhèwèké padha ngretia

[82] Mulané bakal padha sathithik angguyuné lan akèh nangisé, mi- nangka wawales marang apa kang wus padha dilakoni

[83] Mulané, manawa Allah angu- lihaké sira katemu papanthan golo- ngané, dhèwèké padha anja- luk palilah arep mangkat, lah sira wangsulana: ora pisan sira bakal mangkat karo aku, salawasé, lan ora pisan sira bakal merangi mung- suh karo aku; sayekti sira iku dhèk sapisanané dhemen thethenguk, mulané saiki padha thethenguka karo wong kang padha kèri

[84] Lan salawasé aja pisan sira anyalataké salah sawiji saka golo- ngané, kang mati, lan aja sira ngadeg ing kuburé; sayekti dhè- wèké iku padha angafiri marang Allah lan Utusan-É, sarta bakal padha mati sajroné murang yekti

[85] Lan aja anggawokaké marang sira bandhané lan anak-anaké; iku karsaning Allah mung kagem sarana aniksa dhèwèké ing donya, sarta supaya bakal pecating jiwané dhèwèké isih padha wong kafir

[86] Lan samangsa surat tinuru- naké andhawuhaké: Padha angès- tokna ing Allah sarta padha anderpatia anyartani Utusan-É, sawenèhé kang kasérénan kasu- gihan padha anjaluk pamit marang sira sarta calathu: Mugi kula ka- tilar kémawon, kajengipun angan- cani ingkang sami thethenguk punika

[87] Dhèwèké padha seneng yèn anyartanana para kang padha kari, sarta wus diecap ana ing ati-atiné, mulané padha ora mangerti

[88] Ananging utusan lan para kang padha angèstu, kanthiné, padha anderpati kalawan bandhané lan awaké; lan ya iki kang bakal padha olèh barang becik-becik, lan yaiki kang bakal padha begja

[89] Allah wus anyadhiyani pata- manan marang dhèwèké, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, dimèn padha manggon ing kono; iku pakolèh kang gedhé

[90] Lan kang padha anglirwa- kaké, yaiku wong-wong sagara wedhi, padha teka, amrih padha diwènèhna pamit lan para kang padha anggorohaké Allah lan Utusan-É padha thethenguk ; golongané, para kang padha kafir, bakal ditibani siksa kang nglarani

[91] Ora pisan ala ingatasé wong apes, lan wong-wong lara, lan para kang padha kasepèn waragad samangsané padha tulus marang Allah lan Utusan-É: Ora ana dalan marang wong kang padha agawé becik ; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[92] Lan ora pisan ing atasé para kang, nalika tumeka marang sira amrih padha sira emota, padha sira kandhani: Aku ora bisa olèh saranané kanggo angemot sira; dhèwèké padha bali kalawan mripaté andarojos luhé amarga saka susahé, déné padha ora éntuk apa kang dienggo waragad

[93] Dalan iku mung tumrap marang para kang padha anjaluk pamit marang sira, sanajan padha sugih; padha dhemen anyartani para kang padha kari, lan Allah wis angecap ing ati- atiné, mulané dhèwèké padha ora weruh

[94] Dhèwèké bakal padha angan- dhakaké santolan marang sira sa- mangsa padha bali katemu dhè- wèké. Calathua: Aja padha angan- dhakaké santolan, ora bakal aku padha ngandel marang sira; temen Allah wus martani marang aku prakara kaananira, sarta Allah lan Utusan-É bakal amriksani pang- gawénira; tumuli sira bakal padha dibalèkaké marang Ingkang-Angu- danèni barang kang tan katon lan kang katon; lah Panjenengané bakal amartani sira apa kang wus padha sira lakoni

[95] Dhèwèké bakal padha sepata kalawan Allah marang sira samangsa sira padha bali katemu dhèwèké, amrih sira padha méngoa saka dhèwèké; sa- yekti dhèwèké iku jember lan pang- gonané naraka: wawales tumrap apa kang wus padha dilakoni

[96] Dhèwèké bakal padha sepata marang sira, amrih sira padha apirena marang dhèwèké; ana- nging manawa sira apirena marang dhèwèké, lah sayekti Allah iku ora rena marang wong kang padha murang yekti

[97] Para wong segara wedhi iku luwih abanget ing kakafirané lan lalamisané, lan luwih mungguh yèn ta padha ora weruha wawates kang kadhawuhaké déning Allah marang Utusan-É; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

[98] Lan sawenèhé wong ing sagara wedhi ana sing nganggep kapitunan marang apa sing diwè- wèhaké, sarta padha angadhang- adhang giliraning tumiba ing sira: tumiba ing dhèwèké giliraning ala iku; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni

[99] Lan sawenèhé wong ing sagara wedhi ana sing angèstu ing Allah lan dina akhir sarta angang- gep apa sing diwèwèhaké mi- nangka pamarek ing ngarsaning Allah sarta pandongané Utusan; Allah bakal anglebokaké dhèwèké marang ing wilasa-Né; sayekti Allah iku Aparamarta Mahaasih

[100] Lan para kang padha andhi- siki, wiwit-wiwitané para Muha- jirin lan Anshâr, lan para kang padha manut dhèwèké ing kabe- cikan, Allah apirena ing dhèwèké lan dhèwèké padha apirena ing Panjenengané sarta Panjenengané anyadhiyani patamanan marang dhèwèké, kang ing jeroné kali- kaliné padha mili, dimèn padha manggon ing kono salawasé; iku pakolih kang agung

[101] Lan sawenèhé para wong wonging sagara wedhi ing sakiwa tengenira , iku para wong lamis lan sawenèhé wong-wonging kutha Madinah ; dhè- wèké padha ambrekunung ing lalamisan; sira ora weruh marang dhèwèké; Ingsun Angudanèni marang dhèwèké. Ingsun bakal aniksa dhèwèké rong rambahan, tumuli bakal padha dibalèkaké marang siksa kang gedhé

[102] Lan liyané iku padha anga- koni kaluputané; dhèwèké pa- dha angemor panggawé becik karo panggawé ala; mbok manawa- manawa Allah bakal bali marang dhèwèké; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[103] Tampanana bandhané du- munung dana, iku sira anggoa anucèni dhèwèké lan angresikaké dhèwèké, apa déné sira andongak- na dhèwèké; sayekti donganira iku anentremaké dhèwèké; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni

[104] Apa ta padha ora weruh, yèn Allah iku anampèni pitobat saka kawula-Né sarta anampi dana-danané, lan yèn Allah iku Ingkang Tansah bola bali , Ingkang-Mahaasih

[105] Lan acalathua: Padha tu- mandanga; tumuli Allah bakal amriksani panggawénira lan Utusan-É sarta para angèstu; lan sira bakal padha dibalèkaké marang ingkang Angu- ningani barang kang ora katon lan kang katon, tumuli Panjenengané bakal amartani sira ing barang kang wus padha sira lakoni

[106] Déné liya-liyané, padha di- srantèkaké ing paréntahing Allah, apa ta Panjenengané arsa aniksa dhèwèké lan apa ta Panjenengané arsa bali marang dhè- wèké; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

[107] Lan para kang padha angedegaké masjid karana amrih karusakan lan kakafiran tuwin pepecahan antaraning para angès- tu, apa déné minangka pandho- dhotan tumrap wong kang dhèk anu amerangi Allah lan Utusan-É; lan sayekti dhèwèké bakal padha sepata: Aku padha ora duwé karep liya kajaba becik; lan Allah iku aneksèni yèn satemené dhèwèké iku padha wong goroh

[108] Aja anjenengi ing kono salawasé; sayekti, masjid kang tinalesan ing bekti saking dina wiwitan pisan iku luwih prayoga yèn ta sira anjumenengana ing kono; ing kono ana wong-wongé kang padha dhemen yèn ta padha disucènana; lan Allah iku remen marang wong kang padha nucèni diriné

[109] Lah apa ta kang analesi yayasané kalawan bekti maring Allah sarta pirena-Né iku sing luwih becik, apa ta kang analesi yayasané ing gampènging juju- rang, banjur jugrug angatutaké iki menyang ing genining naraka; lan Allah iku ora nuntun wong-wong kang atindak dudu

[110] Yayasané kang diedegaké iku ora pegat tansah dadi sumber ing semang ing sajroning ati-atiné, kajaba manawa ati-atiné wis re- muk; lan Allah iku Angudanéni, Wicaksana

[111] Sayekti Allah wus anuku saka para angèstu, awak-awaké lan bandha-bandhané, yaiku dhèwèké bakal olèh patamanan; padha pe- rang ing dadalaning Allah, banjur padha amrajaya lan pinrajaya; janji kang nyata ingatasé Panjenengané, ing sajroning Taurat lan Injil sarta Qur’an; lan sapa ta kang luwih anuhoni janjiné tinimbang Allah? Mulané sira padha di- bungah ing janjinira kang sira janjèkaké; lan mangkono iku pakolih kang gedhé

[112] Para kang padha tobat kang padha alaladi kang padha manga- lembana , kang padha puasa, kang padha ruku’, kang padha sujud, kang padha aparéntah ing panggawé becik lan kang padha anyegah ing panggawé ala lan kang padha rumeksa ing wawatesing Allah: lan awèha war- ta bubungah marang para angèstu

[113] Ora mungguh tumrapé Nabi lan para kang padha angèstu, yèn ta padha anyuwunaké pangapura para manembah brahala, sanajan ta iku krabat, ing sawisé terang tu- mrap dhèwèké, yèn dhèwèké iku padha wongé geni kang murub

[114] Lan panyuwuné pangapura Ibrahim tumrap wong tuwané iku ora liya kajaba saka prajanjian kang wus dijanjèkaké marang dhè- wèké; ananging bareng wus terang tumrapé dhèwèké, yèn dhèwèké iku mungsuh tumrapé Allah, wisuh saka dhèwèké; sayekti Ibrahim iku banget akèh panga- dhuhé, lembah manah

[115] Lan ora pisan Allah iku agawé sasaré sawijining bangsa ing sawisé Panjenengané aparing katerangan marang dhèwèké apa kang kudu diprayitnani; sayekti Allah iku marang samubarang udani

[116] Sayekti Allah iku, karato- ning langit-langit lan bumi iku kagungan-É; Panjenengané adamel urip lan adamel pati; lan saliyané Allah sira ora duwé Pangayoman lan Panulung

[117] Lan sayekti temen Allah wis bali marang Nabi lan para kang padha mlayu ating- gal balé omahé sarta para panu- lung kang padha manut dhèwèké ing wayahé rekasa ing sawisé ati- atiné sapérangané dhèwèké mèh baé mlèncèng, tumuli Panjene- ngané bali marang dhèwèké; sayekti Panjenengané iku marang dhèwèké kabèh Welas, Mahaasih

[118] Lan tumrap wong tetelu, kang padha katinggal kari, nganti nalikané bumi rupek ingatasé dhè- wèké, sanajan jembar, lan jiwané padha dadi rupek ingatasé dhè- wèké; lan padha yakin, manawa ora ana pangungsèn saka Allah, kajaba marang Pan- jenengané; tumuli Panjenengané bali marang dhèwèké, supaya dhèwèké padha balia ; sayekti Allah iku Kang-Tansah-aboli-bali , Kang-Mahaasih

[119] É, sira kang padha angèstu! padha diprayitna ing Allah, sarta padha anyar- tanana para susatya

[120] Ora mungguh tumrapé wong Madinah sarta wong-wong sagara wedhi ing sakiwa-tengené dhèwèké, yèn ta padha karia ing pengkerané Utusaning Allah, sarta ora yèn ta padha amriha suka tumrap awaké dhéwé angungkuli sarirané; mangkono iku amarga ngelak lan rekasa sarta luwé ora angenani dhèwèké kabèh ana ing dadalaning Allah; lan padha ora angambah dalan, kang andadèkaké muringé para kafir, apa déné dhèwèké padha ora apakolih saka musuh apa kang padha pinakolih, ana- nging amarga saka iku panggawé becik wus katulis tumrap dhèwèké; sayekti Allah iku ora amusprakaké ganjarané wong-wong kang padha agawé becik

[121] Sarta dhèwèké padha ora mèwèhaké pawèwèh, cilik utawa gedhé, apa déné padha ora anya- brang ing jujurang kajaba iku wus tinulis becik tumrap dhèwèké, amrih Allah aparing wawales kang luwih becik marang dhèwèké, amarga saka apa kang wus padha dilakoni

[122] Lan ora layak para angèstu iku yèn ta padha budhala akerig lampit; lah yagéné ora ana sagolo- ngan saka saben-saben papanthané dhèwèké, kang budhal, dimèn pa- dha marsudi mamrih mangerti ing dalem prakara agama, supaya dhèwèké padha apépéling marang panunggalané samangsa padha bali katemu dhèwèké, supa-ya dhèwèké padha angati-ati

[123] É, sira kang padha angèstu! padha merangana para kafir kang ana ing sacedhak-cedhakira sar- ta dimèn padha ngerti kekerasan kang ana ing sira; sarta padha weruha yèn Allah iku anyartani para kang prayitna

[124] Lan samangsa-mangsa ana surat didhawuhaké sawenèhé ana kang calathu: Kowé kabèh sapa sing mundhak ing piandel déning iki? Wondéné para kang padha angèstu, lah, iku angundhakaké piandelé sarta dhèwèké padha bungah

[125] Wondhéné para kang ing jeroning ati-atiné ana lalarané,a iku angundhakaké jejember marang jejemberé, sarta padha mati ing sajroné dhèwèké isih padha wong kafir

[126] Apa ta ora andeleng, yèn awaké padha cinoba ing dalem saben taun sapisan utawa rong rambahan; èwadéné padha ora mratobat sarta padha ora éling

[127] Lan samangsa-mangsa ana surat diturunaké, padha pandeng- pinandeng sawenèh marang sawe- nèhé: apa Ana wong sawiji kang angingetaké kowé? Tumuli padha sumingkir. Allah wis anyingkiraké ati-atiné, amarga dhèwèké iku wong kang padha ora mangerti

[128] Sayekti temen wus anekani sira sawijining Utusan, saka ing bangsanira; abot ingatasé dhèwèké tumibanira ing kasangsaran, ba- nget pangémané ing sira, marang para angèstu welas, asih A

[129] Ananging manawa dhèwèké padha malèngos, lah calathua: Allah iku wus cukup tumrapé aku, ora ana sesembahan kajaba Panje- nengané; marang Panjenengané suméndhéku, lan Panjenengané iku Pangéraning pangawasa kang agung.a

Yunus

Surah 10

[1] Ingsun, Allah, Ingkang- Angudanèni. Iki ayat-ayating Kitab kang wicaksana

[2] Apa tumrapé para manusa anggumunaké, déné Ingsun wus amedhar sabda marang sawijining wong lanang saka bangsané, pangandika: Apepélinga marang para manusa sarta awèha warta bubungah marang para kang padha angèstu, yèn dhèwèké bakal padha olèh dhadhasar kukuh ana ing ngarsaning Pangérané. Para kafir padha calathu: sayekti temen iki ahli kemayan kang tétéla

[3] Sayekti, Pangéranira iku Allah, Kang wus anitahaké langit- langit lan bumi ing dalem nem mangsaa sartab Panjenengané angasta purba wisésa ing karaton iku,c anata sagung prakara; ora ana pantara, kajaba ing sawisé idin-É;d mangkono iku Allah, Pangéranira, mulané padha ngabdia Panjene- ngané; lah apa ta sira padha ora éling

[4] Marang Panjenengané bali- nira, kabèh baé; janjining Allah kalawan nyata; sayekti Panjene- ngané amiwiti purwaning tumitah, tumuli angambal-ambali iku, amurih Panjenengané aparing wales kalawan jejeg para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik; wondéné para kang padha kafir, iku bakal padha olèh ombèn-ombèn wèdang panas sarta siksa kang nglarani, amarga saka anggoné padha angafiri

[5] Panjenengané iku Kang wus andadèkaké srengéngé sumorot gumebyar sarta rembulan cahya sumunu sarta anamtokaké wa- wangunan tumrap iku, supaya sira padha weruha wilanganing taun sarta pétungan. Anggoné Allah anitahaké iku ora liya kajaba kala- wan yekti; tandha-tandha yekti tumrap wong kang padha we- ruh

[6] Sayekti, ing dalem gilir gu- mantiné wengi kalawan rina, sarta apa kang katitahaké déning Allah ing langit-langit lan bumi, iku temen tandha-tandha tumrap wong kang padha anjaga dhiriné

[7] Sayekti para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun, sarta apirena kalawan kauripan donya, tuwin wus marem marang iku, apa déné para kang padha léna ing tandha-tandha Ningsun

[8] Iki, geni padunungané, amar- ga saka apa kang wus padha ditindakaké

[9] Sayekti, para kang padha angèstu sarta padha anglakoni panggawé becik, Pangérané bakal anuntun dhèwèké kalawan imané;a bakal mili kali-kaliné saka ing sangisoré, ing sajroning patamanan nugraha

[10] Bakal panguwuhé ana ing kono: Mahasuci Tuwan punika dhuh Allah! sarta bakal pakurma-té ing kono: Rahayu! Sarta bakal wekasaning panguwuhé: sadaya pangalembana punika kagunga- nipun Allah, Pangéraning sadaya ngalam

[11] Lan saupama Allah angéng- galaké ala tumrap para manusa kaya déné anggoné padha angajab énggalé ing becik, amasthi, putu- sané wus tinamtu tumrap marang dhèwèké; ananging para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun, Ingsun togaké baé abilulungan ing dalem pan- daluyané

[12] Lan samangsa manusa ka- taman susah, anguwuh marang Ingsun, kalawan miring, utawa kalawan ngadeg; ananging bareng kasusahané wus Ingsun birat saka ing awaké, anglungani, kaya-kaya ora tau anguwuh marang Ingsun karana kasusahan kang ang- gepok awaké; kaya mangkono, apa kang padha dilakoni dipaès-paèsi tumrap para wong kang padha langkah wates

[13] Lan yekti temen Ingsun wus anglebur umat ing sadurungé sira, bareng padha atindak dudu, lan para utusané wus padha anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti te- rang, lan dhèwèké padha ora gelem angèstu; kaya mangkono anggon- Ingsun males para wong duraka

[14] Tumuli Ingsun andadèkaké sira dadi para pamaréntah ing bumi ing sapungkuré dhèwèké, amurih Ingsun amirsanana, kapriyé tin- dakira

[15] Lan samangsa timbalan-tim- balan-Ingsun kang terang diwaca- kaké marang dhèwèké, para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun acalathu: Ane- kakna Quran saliyané iki, utawa iku owahana. Calathua: ora layak tumrapé aku yèn ta ango- wahana iki saka mogaku dhéwé; aku ora liya mung manut apa kang diwedharaké marang aku: sayekti aku iki wedi siksa ing dina kang agung, yèn ta aku andhaga ing Pangéranku

[16] Calathua: Upama Allah angarsakna , ora bakal iku dakwacakaké marang kowé, sarta ora bakal iku di- wulangaké kowé; lah temen sadu- rungé iki aku salawasé manggon nunggal kowé; lah apa ta kowé padha ora ngerti

[17] Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé doracara marang Allah utawa anggorohaké tim- balan-timbalan-É? Sayekti para dosa iku ora bakal begja

[18] Lan dhèwèké padha angabdi marang barang saliyané Allah, kang ora bisa mitunani lan ora bisa migunani marang dhèwèké, sarta padha calathua: Iki pantaraku ana ing ngarsaning Allah. Calathua: Apa ta kowé padha amartani Allah barang kang Panjenengané ora udani ing langit-langit lan ing bumi? Mahasuci Panjenengané lan Mahaluhur saka barang kang padha didadèkaké sisihan-É

[19] Lan manusa iku ora liya kajaba umat sawiji,a wasana padha sulaya; lan saupama oraa wus ana sabda saka Pangéranira kang andhisiki, yekti ing kono tumrap barang kang dhèwèké padha sulaya wis dipancasi ing antarané dhèwèké

[20] Lan dhèwèké padha calathu: Yagéné ora ana tandha tinurunaké marang dhèwèké saka Pangérané? Lan calathua: Barang kang ora katon iku mung kagungané Allah, mulané padha sira ngentènana; sayekti aku iki barenganira, uga golongané para kang padha angen- tèni

[21] Lan samangsa Ingsun angi- cipaké manusa ing wilasa ing sawisé kasusahan angenani dhè- wèké, lah, ing kono dhèwèké padha angrékadaya lumawan ing timbalan-timbalan-Ingsun. Cala- thua: Allah iku luwih rikat ing pangrékadaya; sayekti para utusan- Ingsun iku padha anulisi apa pang- rékadayanira

[22] Panjenengané iku Kang ang- lakokaké sira ana ing dharatan lan sagara; nganti, nalika sira padha ana ing prau, lan alalayaran ange- mot dhèwèké kalawan angin becik, sarta padha seneng déning mang- kono iku, angin ribut tumiyup anekani kono, sarta alun anempuh dhèwèké saka sadhéngah pang- gonan, tuwin dadi padha yakin yèn awaké kalimputan déning iku, padha nyunyuwun ing Allah, kalawan tulus ing pam- bangun-turut marang Panjenenga- né: Manawi Tuwan amilujengaken saking punika, saèstu kawula badhé dados golonganipun para ingkang angaturaken panuwun

[23] Ananging bareng padha Di- slametaké, ing kono banjur padha mirong ana ing bumi kalawan ora bener. É, para manusa! Pamirong- ira iku mung mitunani marang jiwanira dhéwé – pasadhi- yané kauripan donya iki – tumuli marang Ingsun bakal enggonira bali, banjur Ingsun bakal amartani sira tumrap apa kang wus padha sira lakoni

[24] Sanépané kauripan donya iku mung kaya banyu, kang Ingsun turunaké saka ing mendhung, ban- jur nuwuhaké angrembaka tutuwu- haning bumi, kang minangka panganing manusa lan rajakaya; nganti, samangsa bumi manganggo panganggoné mas-masan sarta apapaès, lan wongé padha nyana yèn dhèwèké anguwasani marang iku, paréntah-Ingsun tumeka mro- no ing wengi utawa ing raina; mulané, iku Ingsun dadèkaké kaya wus dienèni, kaya-kaya iku dhèk wingi ora ana; kaya mangkono Ingsun amijangaké timbalan- timbalan tumrap wong kang padha mikir-mikir

[25] Lan Allah iku anguwuh ma- rang enggon karahayon sarta anun- tun sapa kang dadi karsané marang dalan kang bener

[26] Tumrap para kang padha anindakaké kabecikan, becik, lan luwih ; sarta keluwus ora bakal anglimputi rai-rainé, mangkono uga ina; yaiki wonging patamanan, padha ana ing kono pamanggoné

[27] Wondéné para kang padha amakolih ing ala, pidanané ala iku samurwaté, sarta ina bakal anekani dhèwèké – ora bakal duwé tata- mèng panulaking Allah – kaya- kaya rainé kalimputan ing péra- nganing wengi kang peteng lilimengan: ya iki wonging geni, padha ana ing kono pamanggoné

[28] Lan ing dina bakalé Ingsun angimpun dhèwèké kabèh, tumuli Ingsun bakal angandika marang para kang padha anjèjèraké sesem- bahan : Tetepa ing panggonanira, sira sarta jèjèranira! Tumuli bakal Ingsun pisahaké antarané dhèwèké, sarta jèjèrané acalathu: Rak ora marang aku anggonira padha angawula

[29] Lah wis cukup Allah minang- ka saksi antarané aku lan kowé, yèn aku marang pangawulamu temen ora ngrumangsani

[30] Ing kono siji-sijining jiwa padha dadi weruh apa kang wus padha dilakoni ing dhingin-dhi- ngin, sarta bakal padha dibalèkaké marang Allah, Bandarané kang satuhu, sarta sirna saka ing dhè- wèké apa bawa-anggité dhéwé

[31] Calathua: Sapa sing angrije- kèni sira saka ing langit lan bumi? Utawa sapa kang anguwasani pangrungu lan pandeleng? Lan sapa kang angetokaké barang urip saka barang mati sarta angetokaké barang mati saka barang urip? Lan sapa kang mranata sakèhing pra- kara? Lah dhèwèké bakal padha mangsuli: Allah. Tumuli calathua: Lah apa ta sira ora bakal anjaga dhiri

[32] Lah yaiku Allah, Pangéra- nira, kang satuhu. Lah apa manèh saliyané kang satuhu kajaba kang sasar; lah kapriyé anggonira padha diéngokaké

[33] Kaya mangkono, kayektèn sabdaning Pangéranira anibani para kang padha murang yekti, déné padha ora angèstu

[34] Calathua: Apa sawenèhé para jèjèranira ana kang bisa analesi dumadi, banjur andadèkaké iku? Calathua: Allah kang analesi dumadi banjur andadèkaké iku; lah kapriyé anggonira padha diéngokaké

[35] Calathua: Apa sawenèhé para jèjèranira ana kang nuntun marang yakti? Calathua: Allah kang nun- tun marang yakti, iku sing luwih bener tinuruta, apa ta sing ora ngambah dalan bener kajaba yèn tinuntuna? Lah apa ta iku tumrapé sira: kapriyé anggonira padha mutusi

[36] Lan akèh-akèhé ora liya kajaba padha manut panyana; sayekti panyana iku ora makolèhi apa-apa ingatasé barang yekti; sayekti Allah iku udani marang apa kang padha dilakoni

[37] Lan ora pisan kok Quran iki kena dianggit ing saliyané Allah, ananging iku minangka ambe- neraké kang sangarepéa sarta kate- rangan awijang kitab, ora ana semangé ing kono, saka Pangéraning ngalam ka- bèh

[38] Apa ta dhèwèké padha cala- thu: Iku dhèwèké sing nganggit? Calathua: lah mara nekakna saebab kang padha karo iku, sarta ngajaka sapa sabisamu, saliyané Allah, manawa kowé padha temen.a

[39] Ora, balik padha anggoro- haké marang barang kang dhèwèké ora amumpuni kawruhé, sarta wekasaning kadadéané durung tumeka marang dhèwèké; kaya mangkono para ing sadurungé anggorohaké ; lah delengen, kapriyé temahané para wong atindak dudu

[40] Lan sawenèhé ana kang angèstu ing iku, sarta sawenèhé ana kang ora angèstu iku, lan Pangéranira iku luwih Angudanèni marang para kang agawé wisuna

[41] Lan manawa dhèwèké padha anggorohaké sira, lah calathua: Tumanja aku dhéwé panggawéku, lan tumanja sira dhéwé panggawé- nira; sira lebaran saka panggawéku lan aku lebaran saka panggawé sira

[42] Lan sawenèhé ana kang padha angrungokaké marang sira, nanging apa ta sira bisa awèh rungu wong budheg, sanajan padha ora gelem ngerti

[43] Lan sawenèhé ana kang ang- ingetaké marang sira, ananging apa ta sira bisa anuduhaké dalan wong wuta sanajan padha ora gelem andeleng

[44] Sayekti Allah iku ora atindak dudu marang manusa, ananging manusa iku kang atindak dudu marang awaké dhéwé

[45] Lan ing dinané Panjenengané bakal angimpun dhèwèké, kaya- kaya ora liya mung saejam ing wayah raina anggoné manggon, bakal padha weruh siji marang sijiné. Temen rusak para kang padha anggorohaké marang sapa- temon karo Allah, sarta dudu wong kang padha manut dadalan bener

[46] Lan lamuna Ingsun ameruh- aké sira sawenèhé kang Ingsun ancamaké dhèwèké, utawa Ingsun agawé patinira, lah iya marang Ingsun baliné, sartaa Allah iku Saksi tumrap sabarang panggawé- né

[47] Lan tumrap siji-sijining bang- sa wis ana Utusan; Lah sa- mangsa Utusané wis teka, prakara antarané dhèwèké dipancasi kala- wan jejeg, sarta ora bakal padha kinaniaya

[48] Lan dhèwèké padha calathu: Kapan kalakoné pangancam iki, manawa kowé temen

[49] Calathua: Marang awakku dhéwé aku ora anguwasani kang mitunani lan kang migunani, ka- jaba apa kaparenging Allah; siji-sijining bangsa iku ana wa- wangening mangsané; samangsa wawange-ning mangsané wis teka, lah ora bakal angèrèni saejam sarta ora bakal andhisiki

[50] Calathua: Aku kandhanana manawa siksa-Né anekani sira ing wengi utawa raina! Apa ta kara- nané, déné prakara iku para wong duraka padha anggégé

[51] Apa ta samangsa wis kalakon sira bakal angèstu ing iku? Apa! saiki ! lan temen sira wus padha anggégé ing prakara iku

[52] Tumuli dipangandikakaké marang para kang padha atindak dudu: Padha ngrasakana siksa kang awèt; ora pisan sira winales kajaba karana apa kang wus padha sira pakolih

[53] Lan dhèwèké padha nyuwun nerang marang sira: Apa nyata iku? Kandhanana: Iya, dhemi Pa- ngéranku, sayekti iku temen nyata, lan ora bakal sira bisa suminggah

[54] Lan manawa siji-sijining jiwa kang atindak dudu andarbènana sabarang kang ana ing bumi, iku masthi arep dienggo nebusi sarta angatonaké piduwungé kalané andeleng siksa lan ing kono prakara iku dipancasi kalawan jejeg, tuwin dhèwèké padha ora dianiaya

[55] O, sayekti kagungané Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; O, sayekti janjiné Allah iku nyata, ananging kèh-kèhané padha ora weruh

[56] Panjenengané iku kang apa- ring urip lan aparing pati, lan marang Panjenengané sira bakal dibalèkaké

[57] É, para manusa! temen wis tumeka marang sira pitutur saka Pangéranira, sarta tamba tumrap apa kang ana ing sajroning ati-ati, sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap para angèstu

[58] Calathua: Kalawan lubèring paparingé Allah sarta kalawan wilasa-Né, _ lah iya kalawan iku anggoné bakal padha seneng; iku luwih becik tinimbang apa kang diklumpukaké

[59] Calatuhua: aku kandhanana barang kang katurunaké déning Allah marang sira arupa rejeki, banjur iku kang sawenèh sira dadèkaké larangan sarta kaidèn. Calathua: Apa Allah aparing idin marang sira apa ta sira agawé-gawé goroh tumrap marang Allah

[60] Lan apa baya panyanané para kang padha agawé-gawé goroh tumrap marang Allah ing dinané kiyamat? Sayekti Allah iku temen Kang kagungan lubèring paparing marang para manusa, ananging kèh-kèhané padha ora atur panu- wun

[61] Lah ora kena ora, manawa sira lagi anglakoni apa-apa, utawa lagi maca sapérangané Quran, utawa lagi anindakaké sawijining panggawé masthi Ingsun dadi Saksi ingatasé sira, kalané sira tumindak ing kono apa déné ora pisan kasamaran ing Pangéranira bobot samen- dhang ing bumi utawa ing langit, sarta ora kena ora kang luwih cilik saka iku utawa luwih gedhé, masthi ana ing jeroning kitab kang terang

[62] O, sayekti para mitraning Allah – iku ora bakal padha kata- man wedi sarta ora bakal susah

[63] Para kang padha angèstu sarta padha prayitna

[64] Bakal padha olèh warta bubu- ngah ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat; Ora ana owah-owahé tumrap sabdaning Allah; iku pakolèh kang gedhé

[65] Lan aja nganti pangucapé anusahaké sira, sayekti kawasa iku kagungané Allah kabèh; Panjene- ngané iku Ingkang-Miyarsa, Ing- kang-Ngudanèni

[66] O, sayekti kagungané Allah sadhéngah kang ana ing langit- langit lan sadhéngah kang ana ing bumi; lan para kang padha anguwuh saliyané Allah iku ora temenan manuté sekuthoné; ora liya kajaba mung padha manut panyana lan ora liya kajaba mung padha goroh

[67] Panjenengané iku Kang anda- dèkaké wengi tumrap ing sira, supaya ing kono sira padha lerem, sarta raina kang amadhangi; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong ngru- ngokaké

[68] Dhèwèké padha calathu: Allah iku angalap putra! Mahasuci Panjenengané; Panjenengané iku Ingkang-Sugih; kagungan-É samu- barang kang ana ing langit-langit lan samubarang kang ana ing bumi; sira ora duwé wisésa tumrap iki; apa ta sira iku padha calathu amitunani Allah barang kang sira padha ora weruh

[69] Calathua: Sayekti, para kang padha agawé-gawé goroh marang Allah, iku ora bakal begja

[70] pasadhiyan ing donya, tumuli marang Ingsun bakal padha baliné, banjur bakal padha Ingsun icipaké siksa kang abanget, amarga saka anggoné padha angafiri

[71] Lan sira macakna marang dhèwèké warta marang lalakoné Nuha nalika calathu marang bangsané: É, bangsaku! Manawa pamanggonku sarta pépélingku kalawan timba- lan-timbalané Allah abot ingatasé sira, _ lah marang Allah anggonku suméndhé – lah pancasana praka- ranira sarta para seku- tonira, tumuli aja nganti prakara- nira iku semang-semang ing atasé sira, banjur padha ngrampungana marang aku, ora susah aku sira wènèhi sumené

[72] Déné manawa sira padha mlèngos, lah ora pisan aku anjaluk pituwas ing sira; ora liya pitu- wasku kajaba ana ing Allah, sarta aku didhawuhi supaya aku dadi golongané wong sing padha sumarah

[73] Ananging padha angemohi dhèwèké, mulané Ingsun anyala- metaké dhèwèké karo réwangé ana ing prau sarta padha Ingsun dadèkaké pamaréntah lan para kang padha angemohi ing timba- lan-timbalan Ingsun padha Ingsun kelem;a Lah delengan kapriyé katemahané wong kang padha diélingaké

[74] Tumuli ing sawisé dhèwèké Ingsun anjumenengaké utusan- utusan marang bangsa-bangsané; mulané padha anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti cetha, ana- nging dhèwèké padha ora gelem angèstu marang apa kang padha diemohi dhèk sadurungé; kaya mangkono Ingsun angecap ati-ati- né para kang mlangkah wates

[75] Tumuli ing sawisé dhèwèké Ingsun anjumenengaké Musa lan Harun marang Fir’aun sarta kepala-kepalanéa kalawan tandha- tandha-Ningsun,b ananging dhèwè- ké padha gumedhé sarta dhèwèké iku bangsa kang duraka

[76] Lah bareng kanyataan saka ngarsa-Ningsun anekani dhèwèké, padha calathu: Sayekti iki temen kemayan kang terang

[77] Musa calathu: Apa sira padha angarani barang yakti bareng wus anekani sira? Apa ta iki kemayan? Lan para ahli kemayan iku ora bakal begja

[78] Dhèwèké padha calathu: Apa tekanira mréné amriha aku padha oncat saka apa kang padha dak temu ing bapak-bapakku, sarta kaagungan ing bumi dadia darbèkira wong loro? Lan ora pisan aku bakal angèstu ing sira sakaroné

[79] Lan Fir’aun calathu: Tekakna mréné sarupané ahli kemayan kang wegig

[80] Lah bareng para ahli kema- yan wus padha teka, Musa acalathu marang dhèwèké kabèh: Padha tibakna apa kang bakal padha kok tibakaké

[81] Lah bareng dhèwèké wis padha anibakaké, Musa acalathu: Apa kang padha kotekakaké iku kemayan; sayekti Allah bakal anjugaraké iku;a sayekti Allah iku ora bakal nyempuluraké pangga- wéné para kang agawé wisuna

[82] Lah Allah bakal anetepaké kayektèning barang yakti kalawan sabda-sabda-Né sanajan para dura- ka padha gething

[83] Ananging ora ana wong angèstu marang Musa kajaba turuning bangsané, saking wediné marang Fir’aun sarta kepala- kepalané yèn bakal padha kinuya- kuya; lan sayekti Fir’aun iku luhur temenan ana ing bumi , lan sayekti dhèwèké iku èwoné wong kang padha keladuk

[84] Lan Musa acalathu: É, bang- saku, manawa kowé padha angèstu ing Allah, lah padha suméndhéa marang Panjenengané , manawa kowé iku padha wong sumarah

[85] Mulané dhèwèké padha cala- thu: Ing Allah sèndhèn kawula: Dhuh Pangéran kawula! mugi kawula sampun Tuwan dadosaken puruging panguya-uyanipun titi- yang ingkang atindak aniaya

[86] Saha mugi kawula Tuwan wilujengaken saking titiyang ing- kang kafir kalayan wilasa Tuwan

[87] Lan Ingsun amedhar sabda marang Musa sarta saduluré, sabda-Ningsun: Ameka omah ing Mesir kanggo wong-wongira, sarta omah-omahira padha sira dadèkna pasalatan, tuwin padha anju- menengna salat, apa déné awèha warta bubungah marang para angèstu

[88] Sarta Musa munjuk: Pangé- ran kawula! Saèstu Tuwan sampun maringi Fir’aun dalah para kepala- kepalanipun papaès saha bandha ing salebetipun gesang ing donya, Pangéran kawula! temah sami dipun anggé nasaraken saking margi Tuwan: Pangéran kawula! mugi Tuwan nyirnakaken bandhanipun saha angatosaken manah-manahipun, lah piyam- bakipun sami boten angèstu ngan- tos sami aningali siksa ingkang nyakiti

[89] Panjenengané angandika: Te- men wis sinembadan panyuwunira wong loro, mulané padha ditetep ing dadalan kang bener lan aja padha manut dadalané para kang padha ora weruh

[90] Lan Ingsun ngarsakaké ing turuning Israil anyabrang sagara,a tumuli Fir’aun sawadyabalané anututi dhèwèké karana panindhe- san lan panganiaya, nganti nalika pangelem anempuh dhèwèké, dhè- wèké acalathu: kula angèstu, bilih boten wonten sesembahan kajawi ingkang dipun èstu para turun Israil, sarta kula punika èwonipun para ingkang sami sumarah

[91] Apa! saiki! Lan temen mauné sira andaga lan sira dadi èwoné para kang agawé wisuna

[92] Ananging tumrap badanira, ing dina iki sira bakal Ingsun slametaké, supaya sira dadia tan- dha tumrap sapa-sapa ing sa- pungkurira, lan sayekti kèh-kèhé manusa iku marang tandha-tandha- Ningsun temen padha léna

[93] Lan sayekti temen Ingsun agenggonaké turuning Israil ana ing panggonan kang utama sarta padha Ingsun paringi rejeki arupa barang apik-apik; lah dhèwèké pa- dha ora pasulayan nganti satekané kawruh ing dhèwèké; sayekti Pangéranira bakal amancasi ing antarané dhèwèké, ing dina kiya- mat, tumrap prakara, kang ing kono dhèwèké padha apasulayan

[94] Lah lamun sira ana ing dalem semang-semang marang apa kang wus Ingsun dhawuhaké ma- rang sira, lah takokna para kang padha maca Kitab ing saduru- ngira; sayekti temen wus tumeka marang sira kanyataan saka Pangé- ranira, mulané aja sira dadi éwoné wong kang padha amadoni

[95] Lan aja sira dadi èwoné para wong kang padha anggorohaké marang timbalan-timbalaning Allah, mundhak sira dadi èwoné wong kang padha kapitunan

[96] Sayekti ora bakal angèstu para kang sabdaning Pangéranira wus kanyataan anibani dhèwèké

[97] Lan sanajan sarupané tandha- tandha wus tumeka dhèwèké, nganti tumeka dhèwèké padha amanoni siksa kang nglarani

[98] Lah yagéné ora ana kutha sa- wiji kang angèstu, kang satemah anggoné angèstu iku amigunani marang dhèwèké, kajaba bangsané Yunus? Bareng padha angèstu, Ingsun ambirat siksa kang anga- soraké ing dalem kauripan donya saka dhèwèké, sarta Ingsun apa- ring pasadhiyan dhèwèké tumeka samangsa

[99] Lan lamun Pangéranira angar- sakna, amasthi sapa baé sarupané kang ana ing bumi padha angèstu kabèh; lah apa ta sira bakal meksa wong-wong iku nganti dadi wong angèstu

[100] Lan ora mungguh tumrapé jiwa yèn ta angèstua, kajaba kala- wan idining Allah; Panjenengané andhawahaké jejember marang pa- ra kang padha ora gelem ngerti

[101] Calathua: Padha awasna, apa ta kang ana ing langit-langit lan ing bumi. Lan tandha-tandha sarta juru-pépéling iku ora mako- lèhi marang wong kang padha ora angèstu

[102] Lah dhèwèké padha anga- rep-arep apa ta kajaba sapadhané dina-dinané para kang wus padha kliwat sadurungé? Calathua: Lah padha angarep-arepa; lan sayekti, aku iki barenganira, éwoné para wong kang padha angarep-arep

[103] Tumuli Ingsun anylametaké para utusan-Ingsun sarta para kang padha angèstu – kaya mangkono, wus wajib ingatasé Ingsun Ingsun anyalametaké para wong kang padha angèstu

[104] Calathua: É, para manusa, manawa sira padha dumunung ana ing sajroning semang-semang ma- rang agamaku, lah aku ora angawulani kang padha sira kawulani saliyané Allah, ananging aku ngawulani Allah, kang bakal agawé patinira, sarta aku didhawuhi supaya aku dadi golongané wong kang padha angèstu

[105] Sarta supaya sira anjejegna adhepira marang agama kanthi tulus, lan aja sira dadi golongané wong kang manembah pangéran akèh

[106] Lan aja anyunyuwun ing saliyané Allah, sabarang kang ora bisa amakolèhi sira sarta ora bisa amitunani sira; amarga manawa sira tumindak , lah sayekti sira ing kono bakal dadi golongané para kang atindak dudu

[107] Lan manawa Allah ange- nani sira kalawan pituna, lah iku ora ana kang bisa ambirat kajaba Panjenengané; lan manawa Panje- nengané angarsakaké sira antuk becik, lah ora ana kang bisa nulak ing lubèring-paparing-É; Panjene- ngané amatedhakaké iku marang kawula-Né, endi kang dadi kapa- reng-É; lan Panjenengané iku Kang-Aparamarta, Kang-Mahaasih

[108] Calathua: É, para manusa! temen wis tumeka ing sira kasu- nyatan saka Pangéranira; mulané, sapa sing angambah dalan bener, pangambahé dalan bener iku iya mung makolèhi marang jiwané dhéwé, lan sapa sing nasar, lah nasaré iku uga mung mitunani mrono, lan aku iki dudu kang rumeksa marang sira

[109] Lan mituruta apa kang dhinawuhaké marang sira sarta disabar nganti Allah aparing pan- casan, lan Panjenengané iku becik- beciké para ahli mancasi

Hud

Surah 11

[1] Ingsun, Allah, Ingkang-Angu- ningani.a Kitab, kang ayat- ayaté ginawé pancasan, tumuli katerangaké awijang, saka ngarsané Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada

[2] Supaya sira ora padha anga- wulani kajaba Allah. Sayekti aku iku juru pépéling saka Panjenengané tumrap marang sira sarta juru awèh warta bubungah

[3] Sarta padha nyuwuna panga- pura Pangéranira, tumuli tobata marang Panjenengané; Panjene- ngané bakal anyadhiyani sira pasa- dhiyan kang becik tumeka mangsa kang tinamtu, sarta Panjenengané amaringaké nugraha-Né marang sarupané kang kasinungan nugra- ha; lan manawa sira padha maléngos, sayekti aku iki anguwa- tiraké sira siksa ing dina kang agung

[4] Marang Allah anggonira padha bali lan Panjenengané iku marang samubarang kawasa

[5] O, sayekti dhèwèké padha nglempit dhadha-dhadhané su- paya padha bisa anyingidaké saka Panjene- ngané; O, sayekti, nalikané dhè- wèké padha krukup sarana san- dhangané, Panjenengané angu- ningani apa kang padha disingid- aké lan apa kang padha dilairaké; sayekti, Panjenengané anguningani apa kang ana ing sajroning dhadha-dhadha

[6] Lan ora liya, sata ing bumi iku, kajaba dumunung ing Allah rejekiné lan Panjenengané iku uni- nga enggon palèrènané lan enggon pasimpenané; sarupané iku ana ing dalem kitab kang terang

[7] Lan Panjenengané iku kang anitahaké langit-langit lan bumi ing dalem nem mangsaa – lan kara- ton-É marang banyu – amrih Panjenengané amedharaké sira, sapa sira kang becik dhéwé ing panggawé lan manawa sira calathoni: sayekti sira iku bakal tinangèkaké ing sawisé mati, amasthi para kang padha kafir bakal padha calathu: Iki ora liya kajaba panggorohan kang cetha

[8] Lan manawa Ingsun anyume- nèkna siksa ing dhèwèké tumeka mangsa kang tinamtu amasthi dhèwèké bakal padha calathu: Apa kang murungaké iku? O, sayekti, ing dinané bakal tumibané iku marang dhèwèké ora bakal kena disingkiraké saka dhèwèké, lan apa kang wus padha diguguyu, bakal anglimputi dhèwèké

[9] Lan manawa Ingsun angicip- aké manusa ing wilasa saka Ingsun iku tumuli Ingsun sing- kiraké saka dhèwèké sayekti dhè- wèké masthi nglokro, ora atur panuwun

[10] Lan manawa Ingsun angicip- aké dhèwéké ing nugraha sawisé sangsara angenani dhèwèké amas- thi dhèwèké bakal padha calathu: Wus birat ala saka ing aku; sayekti dhèwèké padha bungah, umuk

[11] Kajaba para kang padha sabar lan padha anglakoni panggawé be- cik iki bakal padha olèh pangapura sarta pituwas kang gedhé

[12] Lah manawa-manawa sira iku arep aninggal sapérangané apa kang kadhawuhaké marang sira lan dhadhanira bakal dadi rupek marga saka iku, jalaran dhèwèké padha calathu.: Yagéné ora ana bandha katurunaké marang dhèwèké utawa malaikat teka anyartani dhèwèké? Sira iku mung juru-pépéling; lan Allah iku Kang rumeksa marang samubarang. A

[13] Utawa, apa ta dhèwèké padha calathu: Iku anggitané dhéwé. Ca- lathua: Lah mara, mujudna sepuluh bab anggitan sapadhané iki, lan nyambata sapa sakadugamu, sali- yané Allah, manawa kowé padha temen

[14] Lah manawa dhèwèké padha ora anyembadani marang kowé, lah padha weruha, manawa iku kadhawuhaké kalawan kawruhing Allah lan ora ana sesembahan kajaba Panjenengané: Lah apa ta kowé bakal padha sumarah

[15] Sapa sing karep ing kauripan donya dalah papaèsé, panggawé- panggawéné ing kono Ingsun bakal amituwasi ganep marang dhèwèké, lan dhèwèké ana ing kono ora bakal padha digawé tuna

[16] Iki para sing ana ing akhirat padha ora olèh apa-apa kajaba geni lan muspra sabarang panggawéné ing kono, sarta nglaha apa kang padha dilakoni

[17] Lah apa wong kang kadunu- ngan bukti terang saka Pangérané ? Lan sawijining saksi saka Panjenengané amaca iku, sarta sadurungé iku Kitabé Musa, minangka pituduh lan wilasa. Iki padha angèstu marang iku; déné papanthan-papanthan, sapa sing angafiri marang iku, lah iku geni papan kang dijanjèkaké; mulané aja sira semang-semang marang prakara iku; sayekti, iku barang nyata saka Pangéranira, ananging akèh-akèhé manusa padha ora angèstu

[18] Lan sapa sing luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé- gawé goroh tumrap marang Allah? Iki bakal padha disébakaké marang Pangérané, lan para saksi bakal padha acalathu: Iki para kang padha anggorohaké marang Pangé- rané. O, sayekti, wewelaking Allah tumiba marang wong kang padha atindak dudu

[19] Kang padha nyimpang saka dadalaning Allah sarta padha ma- mrih mènggoké iku; lan dhèwèké iku para kang padha kafir marang akhirat

[20] Iki ana ing bumi ora bakal padha bisa angoncati, lan bakal padha ora duwé pangayoman saliyané Allah; siksané tumrap dhèwèké bakal ditikelaké; dhèwèké padha ora kuwat ngrungu apa déné padha ora weruh

[21] Iki para kang padha agawé kapitunané jiwa-jiwané, sarta saba- rang, anggoné padha agawé-gawé, sirna saka ing awaké

[22] Ora kena ora, ana ing akhirat dhèwèké iku wong kang padha luwih déning kapitunan

[23] Sayekti para kang padha angèstu sarta padha anglakoni panggawé becik, apa déné padha andhap asor marang Pangérané, iki para wonging patamanan, padha ana ing kono bakal pamanggoné

[24] Sanépané rong golongan iku kaya déné wong wuta lan wong tuli karo wong awas lan wong rungon; apa dhèwèké iku padha mungguhing kaanané? Apa ta kowé iku padha ora ngrasak- ngrasakaké

[25] Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Nuha marang bang- sané: Sayekti aku iki juru-pépéling kang terang tumrap marang sira

[26] Yaiku sira aja padha anga- wulani sapa-sapa kajaba Allah; sayekti aku anguwatiraké marang sira siksa ing dina kang nglarani

[27] Ananging para panggedhé- ning bangsané kang padha kafir padha acalathu: Ora liya panya- wangku marang kowé kajaba mung wong kaya aku baé, lan panyawangku ora ana wong manut ing kowé, kajaba kang sawangané sagebyaran baé golonganku kang pidak-padarakan, apa déné pa- nyawangku kowé iku ora duwé kaluwihan angungkuli aku; balik panganggepku kowé iku wong goroh

[28] Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! mara aku kandhanana, ma- nawa aku kadunungan bukti terang saka Pangéranku sarta Panjene- ngané amaringi wilasa aku saka ngarsa-Né, lan iku digawé ora terang ingatasé kowé; apa aku anjiyad kowé iku, kang mangka iku kowé padha gething

[29] Apa manèh, o, bangsaku! aku ora anjaluk bandha kowé kanggo pituwasé aku; pituwasku mung ana ing Allah piyambak, lan aku ora bakal anundhung para kang padha angèstu; sayekti dhèwèké bakal padha ketemu Pangérané, ananging panyawangku kowé iku bangsa kang padha bodho

[30] Lan manèh, o, bangsaku! sapa kang bakal mitulungi aku anulak Allah, lamun aku anundhunga dhè- wèké? Lah apa ta kowé iku padha ora ngangen-angen

[31] Lan aku ora kandha marang kowé, yèn gedhong Allah iku ana ing aku, sarta aku ora weruh barang kang ora katon, apa déné aku ora kandha, yèn aku iki malaikat; tuwin aku ora kandha, manawa para kang mungguhing pandelengmu padha ina papa iku Allah ora bakal maringi kabecikan – Allah iku luwih angudanèni apa kang ana ing sajroning atiné – amarga yèn mangkonoa sayekti aku iki dadi éwoné wong kang padha atindak dudu

[32] Dhèwèké padha acalathu: É, Nuh! Temen kowé wus apapadon karo aku, sarta andadawa padu karo aku iku, mulané tekakna marang aku apa kang koancamaké ing aku, manawa kowé iku éwoné wong kang padha temen

[33] Dhèwèké acalathu: Mung Allah kang bakal nekakaké iku ing kowé, manawa dadi karsa-Né, sarta kowé ora bakal padha bisa oncat

[34] Lan pituturku ora bakal migunani marang kowé yèn aku arep mituturana ing kowé, lamun Allah iku wus angarsakaké adamel leburmu;a Panjenengané iku Pangé- ranmu, lan marang Panjenengané anggonmu bakal dibalèkaké

[35] Apa ta padha acalathu: Iku olèhé bawa-anggit? Calathua: Ma- nawa iku olèhku bawa-anggit, iya dak sangga dhéwé kaluputanku lan aku lebaran saka kaluputan kang padha kolakoni

[36] Lan sabda kawedharaké ma- rang Nuh: ora ana bangsanira kang bakal angèstu kajaba sapa kang wus angèstu, mulané aja sira sedhih marang apa kang padha dilakoni

[37] Lan agawéa prau kalawan Ingsun jenengi sarta dha- wuh-timbalan-Ingsun lan aja sira duwé unjuk marang Ingsun ing bab para kang padha atindak dudu; sayekti dhèwèké bakal padha kinelem

[38] Lan dhèwéké banjur agawé prau; lan saben-saben ana bangsa- né kang padha dadi kepala liwat ana ing kono, padha amomoyoki dhèwèké. Dhèwèké acalathu: Manawa kowé padha amomoyoki aku, lan sayekti aku iya padha amomoyoki kowé, kaya anggonmu momoyoki

[39] Lah kowé bakal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasoraké, lan sapa kang bakal katiban siksa kang awèt

[40] Nganti, nalikané paréntah Ingsun wis tumeka sarta banyu metu saka ing jujurang, Ingsun angandika: Angemota ing kono saben-saben barang nyajodho, sarta kulawarganira, _ kajaba sapa kang wus katiban sabda ing sadurungé – apa déné sapa kang angèstu. Lan ora liya réwangé kang angèstu iku kajaba mung sathithik

[41] Lan dhèwèké acalathu: Padha nungganga prau, kalawan asma- ning Allah lalayarané lan labuhé jangkar; sayekti Pangéranku iku temen Aparamarta, Mahaasih

[42] Lan prau iku kalawan momo- tané lumaku ing tengahing alun kang prasasat gunung; sarta Nuh anguwuh anaké lanang, lan iki ana ing kadohan: É, anakku la- nang, nungganga prau karo aku sarta aja anggolong para kafir

[43] Wangsulané: Kula badhé ngili dhateng redi, ingkang badhé milujengaken kula saking toya. Ing dina iki ora ana kang bisa nylamet- aké saka siksaning Allah kajaba sapa kang sinihan ing Panjene- ngané; lan ombak angalingi wong sakaroné, mulané dhèwèké kalebu golongané kang padha kinelem

[44] Lan didhawuhaké: É, bumi! untalen banyunira, lan, é, men- dhung! sumingkira; lan banyuné surut sarta prakara wis kaputus, lan prauné ngandhas ing Judi, sarta didhawuhaké: Sirnaa bangsa kang atindak dudu

[45] Lan Nuh anguwuh Pangérané unjuké: Pangéran kawula! saèstu anak kawula punika kalebet kula- warga kawula, saha saèstu, janji Tuwan punika nyata, saha Tuwan punika Adil-adilipun para ingkang sami nyepeng pangadilan

[46] Panjenengané angandika: É, Nuh! Sayekti dhèwèké ora kalebu kulawarganira; satemené dhèwèké iku saliyané pang- gawé becik; mulané aja sira nyuwun marang Ingsun apa kang sira ora kadunungan kaweruhé; sayekti Ingsun amituturi sira, mundhak sira dadi golongan para kang padha bodho

[47] Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! saèstu kawula angayom ing Tuwan, sampun ngantos kawu- la nyuwun ing Tuwan samukawis ingkang kawula boten kadunungan kawruhipun; saha, manawi Tuwan boten angampunten ing kawula tuwin boten aparing wilasa ing kawula, kawula badhé kagolong para ingkang sami kapitunan

[48] Didhawuhaké É, Nuh! Mudhuna kalawan karahayon saka Panjenenganingsun sarta berkah tumrap marang sira sarta tumrap para bangsa saka golongan kang mèlu sira, lan bakal ana bangsa-bangsa kang bakal Ingsun paringi pasadhiyan, tumuli siksa kang nglarani saka Panjenenga- ningsun bakal angenani dhèwèké

[49] Iki sawenèhing pawarta- pawarta prakara kang ora katon, kang Ingsun wedharaké marang sira, iku sira ora weruh – sira sarta bangsanira ya ora – ing sadurungé iki; mulané disabar; sayekti, kawu- sanan iku bagéané para kang padha anjaga dhiri

[50] Lan marang ‘Ada saduluré, Hud.b Calathu- né: É, bangsaku! padha ngawulaa ing Allah, kowé ora duwé sesem- bahan saliyané Panjenengané; ora liya kowé iku kajaba tukang nganggit-anggit

[51] É, bangsaku! aku ora njaluk pituwas kowé ing atasé prakara iku; pituwasku mung ana ing Panjene- ngané, kang wus anitahaké aku; lah apa ta kowé iku padha ora ngerti

[52] Apa déné, o, bangsaku! padha nyuwuna pangapura ing Pangéranira, tumuli tobata marang Panjenengané, Panjenengané bakal angutus mendhung marang ing dhuwurira angesokaké udan ange- mohi, sarta, amuwuhi kakuwatan marang kakuwatanmu tuwin aja kowé padha duraka maléngos

[53] Dhèwèké padha calathu: É, Hud! Kowé ora anekakaké bukti kang terang marang aku, lan aku ora bakal padha ninggal sesemba- hanku marga saka calathumu, lan aku iki dudu wong kang padha angèstu marang kowé

[54] Ora liya aku iki mung padha kandha, yèn sawenèhing sesem- bahanku anibakaké wilalat marang kowé. Calathuné: Sayekti aku iki aneksèkaké marang Allah lan ko- wé iya padha neksènana, yèn aku iki lebaran saka barang kang padha kok sekutokaké

[55] Saliyané Panjenengané mula- né padha anandukna sandi-upaya- mu kabèh baé marang aku; tumuli aku aja kok wènèhi sumené

[56] Sayekti aku iki suméndhé marang Allah, Pangéranku lan Pangéranmu; ora ana titah kang asipat urip kang ora dikawasani Panjenengané; sayekti Pangeranku iku ana ing dalan kang bener

[57] Ananging manawa kowé padha maléngos, lah temen aku wis nekakaké marang kowé ayahan anggonku kautus marang kowé sarta Pangéranku bakal anyalini bangsa saliyané kowé, lan kowé ora bisa amitunani Panjenengané apa-apa; sayekti Pangéranku iku marang samubarang rumeksa

[58] Lan bareng paréntah-Ingsun wis tumeka, Ingsun anyalametaké Hud sarta para kang padha angès- tokaké dhèwèké, kalawan wilasa saka Panjenenganingsun, sarta pa- dha Ingsun selametaké saka siksa kang keras

[59] Lan iya iku ‘Ad dhèwèké padha angemohi timbalan-timbala- ning Pangéran sarta padha andha- ga para utusan-É, tuwin padha manut paréntahing sarupané kang gumedhé angas

[60] Lan dhèwèké dielud ing we- welak ana ing donya ikia sarta ing dina kiyamat; O, lah sayekti, ‘Ad iku angafiri Pangérané; O, lah, ‘Ad bangsané Hud, sirnaa

[61] Lan marang Tsamudb Ingsun angutus saduluré Salih.c Calathuné: O, bangsaku! padha angawulanana Allah, kowé padha ora duwé se- sembahan saliyané Panjenengané; Panjenengané wus andadèkaké ko- wé saka bumi, sarta angenggonaké kowé ana ing kono; mulané padha nyuwuna Pangapura Panjene- ngané, tumuli padha tobata marang Panjenengané; sayekti Pangéranku iku caket, nyembadani

[62] Dhèwèké padha calathu: O, Salih temen kowé iku wong ing golonganku, ing sadurungé iki dadi dununging pangarep-arep kang gedhé; apa kowé anglarangi aku padha angawulani apa kang dikawulani bapak-bapakku? Lan sayekti aku iki padha ana ing semang-semang kang abanget ma- rang apa kang kok uwuh tumrap ing aku

[63] Calathuné: O, bangsaku! mara aku kandhanana, manawa aku kadunungan bukti kang terang saka Pangéranku, sarta Panjene- ngané amaringi wilasa aku saka Sarirané – lah sapa ta kang bakal mitulungi anulak Allah yèn ta aku andagaa marang Panjenengané. Mulané, ora pisan kowé iku padha angundhaki apa-apa marang aku, saliyané kapitunan

[64] Lan, O, bangsaku! iki unta wadon kagunganing Allah tumrap marang kowé,a sawijining tandha; mulané karebèn baé mangan ana ing bumining Allah, lan aja kowé anggepok kalawan piala, mundhak siksa kang parek angenani ing kowé

[65] Ananging padha ambelèh iku tumuli dhèwèké acalathu: Kowé padha abungah-bungaha ing omah- mu telung dina, iku janji kang ora maléca

[66] Lah bareng pancasan Ingsun wis tumeka, Ingsun anyalametaké Salih sarta para kancané kang padha angèstokaké kalawan wilasa saka Ingsun, tuwin saka asoré ing dina iku; sayekti Pangéranira iku Ing- kang-Prakosa, Ingkang-Minulya

[67] Sarta swara gumludhug anye- rang para kang padha atindak dudu,b temahan dhèwèké padha dadi awak kang tanpa mosik ana ing omahé

[68] Kaya-kaya ing kono iku dhè- wèké ora tau angenggoni; o, sayek- ti Tsamud iku angafiri Pangérané, o, sayekti, sirnaa Tsamud

[69] Lan sayekti temen para utu- san-utusan-Ingsun wus padha anekani Ibrahim kalawan pawarta bubungah. Padha angucap: Raha- yu! Wangsulané: Rahayu! Sarta tanpa taha angladèkaké panggang pedhèt

[70] Bareng dhèwèké weruh, tangan-tangané padha ora angge- pok marang iku, panemuné iku anèh sarta rumasa wedi marang dhèwèké. Padha calathu: sampun sampèyan ajrih, saèstu kula punika sami kautus dhateng umatipun Luth

[71] Sarta rabiné ngadeg karo angguguyu; tumuli Ingsun aparing pawarta bubungah marang dhèwèké bakal anak-anak Ishaq, sarta ing sawisé Ishaq Ya’qub

[72] Calathuné: O, angéram-éram- aké! punapa badhé kula gadhah anak, tiyang kula punika sampun sepuh sanget, sarta punika, laki kula, sampun sepuh sanget? Saèstu, punika barang ingkang angéram-éramaken

[73] Dhèwèké padha calathu: Punapa sampéyan anggumuni pa- réntahipun Allah? Wilasanipun Allah sarta berkah-Ipun dhumawah dhateng sampéyan o, batihing griya; saèstu Panjenenganipun punika Pinuji, Linuhung

[74] Bareng si wedi wis sumingkir saka Ibrahim sarta pawarta bubu- ngah wis tumeka marang dhèwèké, dhèwèké amadoni Ingsun ing dalem umaté Luth

[75] Sayekti Ibrahim iku temen momot lembah manah akèh tobaté

[76] O, Ibrahim! togna baé iki sayekti pancasané Pangéranira te- men wus tumeka, lan sayekti, siksa masthi tumiba marang dhèwèké, tanpa kena ditulak

[77] Lan bareng para utusan- Ingsun wus tumeka marang Luth,a iki nusahaké marang dhèwèké, sarta ora kuwagang angayomi tuwin acalathu: Iki dina kang rekasa

[78] Lan umaté anekani dhèwèké, kalawan lumayu ang- goné amarani dhèwèké, lan ing mau-mauné pancèn gawéné anin- dakaké panggawé ala. Calathuné: É, umatku, iki anak-anak wadon – iku luwih suci – tumrap marang kowé, lah padha diprayitna marang Allah, sarta aja padha anisthakaké aku tumrap marang dhayoh-dhayohku; apa ta kowé iku ora ana siji-sijia sing burus ing budhi

[79] Dhèwèké padha mangsuli: Kowé rak wis weruh temenan, yèn aku padha ora duwé mélik marang anak-anakmu wadon, lan sayekti kowé iku temen weruh apa kang padha dakkarepaké

[80] Calathuné: Ah, lamuna aku duwé kakuwatan kanggo nulak kowé, utawa dak ngungsi marang Panulung Kang Prakosa. A

[81] Padha calathu: O Luth! kula punika saèstu para utusanipun Pa- ngéran ijengandika; piyambakipun boten badhé sami angéngingi ijengandika; milanipun ijengandika oncataken para pandhèrèka ije- ngandika ing sapéranganing dalu – sarta sampun ngantos wonten satunggal-tunggala golongan ije- ngandika ingkang wangsul – kaja- wi sémah ijengandika, amargi saèstu, punika badhé nandhang punapa ingkang sami dipun san- dhang; saèstu wancinipun ingkang sampun tinamtu punika wanci gagat bangun; punapa wancinipun gagat bangun boten sampun caket

[82] Lah bareng pancasan-Ingsun wus tumeka, Ingsun walik sarta Ingsun udani watu, barang kang wus pinancasan, tumaruntun

[83] Tinengeran ing ngarsaning Pangéranira; lan iku ora adoh saka para kang padha atindak dudu

[84] Lan marang Madyan saduluré, Syu’aib.a Cala- thuné: É, Umatku! padha ngawu- lanana Allah, kowé padha ora duwé sesembahan saliyané Panje- nengané, sarta aja padha angurangi ukuran lan timbangan; sayekti pandelengku kowé iku padha gemah ripah, lan sayekti aku iku nguwatiraké kowé marang siksa- ning dina kang anglimputi

[85] Lan, o, umatku! padha ang- ganepana ukuran lan timbangan kalawan jejeg, sarta aja padha amitunani wong-wong ing barang barangé tuwin aja atindak rusuh ing bumi, agawé wisuna

[86] Apa kang dumunung ing Allah iku luwih becik tumrap ing kowé, manawa kowé iku padha wong angèstu, lan aku iku dudu juru-rumeksa marang kowé

[87] Dhèwèké padha calathu: O, Syu’aib! apa salatmu iku marén- tahi kowé, supaya aku padha ninggala apa kang padha disembah bapak-bapakku, utawa supaya tu- mrap bandhaku aku ora padha tumindak sakarepku? Sayekti kowé iku temen wong momot, wong burus

[88] Calathuné: O, umatku! kapri- yé panimbangmu, manawa aku kadunungan bukti terang saka ing Pangéranku, sarta Panjenengané angrijekèni aku saka Sarirané, rijeki kang becik; sarta ora pisan aku duwéa karep, yèn anggonku anyulayani kowé iku, arep marani apa kang dak cegahaké ing kowé; ora liya karepku kajaba mung ambecikaké apa sakuwasaku; lan ora liya, pitulung kalaksanané becik prakaraku iki, kajaba ana ing Allah; ing Panjenengané sumén- dhéku sarta marang Panjenengané anggonku adhedhépé

[89] Lan manèh, o, umatku! panu- lak marang aku iku aja nganti andadèkaké kowé padha atindak dosa, mundhak kowé bakal padha nandhang padhané sapanandhangé umaté Nuh,a utawa umaté Hudb utawa umaté Salihc lan ora pisan umaté Luthd iku adoh saka ing kowé

[90] Sarta padha nyuwuna nga- pura Pangéranmu, tumuli padha tobata marang Panjenengané; sayekti Pangéranku iku Mahaasih, Sutresna

[91] Padha calathu: É, Syu’aib! aku padha ora mangerti marang apa calathumu kang akèh-akèh iku, lan sayekti, panyawangku, ana ing golonganku kéné, kowé iku temen apes, lan aja angèlingi kula- wangsamu amasthi kowé wis dak bandhemi watu, lan mangsa menanga kowé nglawan aku

[92] Calathuné: O, umatku! apa kulawangsaku iku ingatasé kowé luwih aji tinimbang Allah? lan kowé padha anganggep sapélé Panjenengané, kosingkur; sayekti Pangéranku iku anglimputi saba- rang panggawému

[93] Lan manèh, o, umatku! padha tumindaka ing sabisa-bisamu, aku dhéwé iya daktumindak; kowé bakal énggal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasoraké awaké, lan sapa sing wong goroh, lan padha anga- wasana, sayekti aku iki iya anga- wasaké, barenganmu

[94] Lan bareng pancasan-Ingsun wus tumeka, Ingsun anyalametaké Syu’aib sarta kancané kang padha angèstu kalawan wilasa saka Panjenenganingsun, sarta swara gumludhug anyerang para kang padha atindak dudu, temahan dhèwèké padha dadi awak kang tanpa mosik ana ing omahé,a

[95] Kaya-kaya ing iku dhèwèké ora tau angenggoni; o, sayekti le- bur Madyan, kaya leburé Tsamud

[96] Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa kalawan tim- balan-timbalan Ingsun sarta wisésa kang cetha

[97] Marang Fir’aun sarta para panggedhé-panggedhéné, ananging iki padha manut paréntahing Fir’aun, lan ora pisan paréntahing Fir’aun iku tuturutan bener

[98] Ana ing dina kiyamat dhè- wèké bakal angirid golongané, sarta padha digiring marang geni: lan ala papanthan kang digiring iku

[99] Lan ana ing iki sarta ing dina kiyamat dhèwèké padha dielud ing wewelak: ala paparing kang bakal pinaringaké

[100] Iki sawenèhing pawarta kutha-kutha, kang Ingsun caritakaké marang sira; sawenèhé ana kang ngadeg lan ana kang rubuh

[101] Lan ora pisan Ingsun anga- niaya dhèwèké, balik dhèwèké kang padha anganiaya marang awaké dhéwé; lah para sesemba- hané kang padha disambat-sebuti, saliyané Allah, ora pisan makolèhi apa-apa ing dhèwèké, samangsa pancasané Pangéranira wus tume- ka; lan mung padha muwuhi karu- sakané

[102] Lan kaya mangkono iku pi- danané Pangéranira nalika amida- nani kutha-kutha, kang padha atindak dudu; sayekti pidana-Né iku anglarani, keras

[103] Sayekti, ing jeroné iku te- men ana tandha tumrap sapa kang wedi ing siksa akhirat; iki dina enggon kaimpuning para manusa, sarta iki dina adeging pasaksi

[104] Lan iku ora pisan Ingsun sumenèkaké, kajaba tumeka mang- sa kang wus tinamtu

[105] Ing dina kang bakal tume- ka, ora ana jiwa sawiji caturan, kajaba kalawan idin Panjenengané, lah sawenèhé padha cilaka sarta padha begja

[106] Wondéné para kang padha cilaka, lah bakal padha ana ing jero geni, ana ing kono bakal padha kadunungan pangadhuh lan pan- jerit

[107] Padha manggon ing kono sasuwéné langit-langit lan bumi isih, kajaba apa karsané Pangé- ranira; sayekti Pangéranira iku Ingkang-Mahabisa-Anindakaké ma- rang apa kang dikarsakaké

[108] Déné para kang padha ginawé begja, lah bakal padha ing jeroning patamanan, padha mang- gon ing kono, sasuwéné langit- langit lan bumi isih, kajaba apa karsané Pangéranira: paparing kang tanpa ana pedhoté

[109] Mulané aja sira dumunung ing semang-semang tumrap apa kang padha sinembah iki; ora liya dhèwèké iku kajaba padha manem- bah kaya panembahané bapak- bapakné biyèn; lan sayekti, temen Ingsun bakal amituwasi ganep ma- rang dhèwèké apa pandumé, tanpa nganggo sudan

[110] Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi kitab marang Musa, ananging sing ditindakaké amila- wani ing jeroné; lan lamun sabda saka Pangéranira oraa wus andhisiki,a amasthi prakara ing antarané dhèwèké wis kapancasan; lan sayekti dhèwèké iku temen padha dumunung ing semang kang anguwatiri

[111] Lan sayekti Pangéranira temen bakal amituwasi ganep marang sakèhing panggawéné; sayekti Panjenengané iku waspada marang sabarang kang padha dilakoni

[112] Mulané ditetep ngambah dalan bener kaya kang wus dipa- réntahaké marang sira, lan sapa-sapa sartanira kang tobat ; sarta aja padha lacut , sayekti Panjenengané iku amirsani sabarang kang padha sira lakoni

[113] Sarta aja padha tumiyung marang para kang padha atindak dudu, mundhak geni angenani sira, lan ora pisan sira duwé panga- yoman saliyané Allah, satemah sira ora bakal padha tinulungan

[114] Lan anjumenengna salat ing rong péranganing raina sarta ana ing wiwitaning wengi; sayekti panggawé becik iku ambirat pang- gawé ala; iki pépéling tumrap para kang padha angalap éling

[115] Lan di sabar, lah sayekti Allah iku ora bakal angilangaké pituwasé para kang padha atindak becik

[116] Lah yagéné para kula- wangsa ing sadurungira ora ana kang kadunungan kadibyan, kang anyegah agawé wisuna ing bumi, kajaba mung sathithik, sawenèhé para kang padha Ingsun salametaké? Lah para kang padha atindak dudu padha amburu barang, kang ing kono dhèwèké di- sludhah kasenengané, lan dhèwèké iku padha wong duraka

[117] Lan ora mungguh tumrapé Pangéranira yèn anglebura kutha- kutha karana piandel kang luput kang mangka wongé padha wong atindak becik

[118] Lan yèn ta Pangéranira angarsakna, Panjenengané amasthi wus andadèkaké manusa dadi umat siji, ananging tansah padha séjé- séjé

[119] Kajaba sapa-sapa kang olèh wilasané Pangéranira, lan karana iku anggoné Panjenengané anitah- aké dhéwékè; lan wus kalak- sanan sabdaning Pangéran: Sayekti naraka bakal Dakisèni kumpuling jin lan manusa

[120] Lan sarupané pawartané para utusan kang Ingsun caritakaké marang sira, iku minangka sara- nané aneguhaké atinira; lan ing sajroné iki, kasunyatan lan pitutur wus tumeka marang sira, sarta pépéling tumrap para angèstu

[121] Lan calathua marang para kang angèstu: padha anindakna mi- turut kahananmu, sayekti aku iya padha anindakaké

[122] Sarta padha ngentènana, sayekti aku iya padha angentèni

[123] Lan kagunganing Allah apa kang tan-katon ing langit-langit lan bumi, lan marang Panjenengané anggoné sakèh ing prakara bakal dibalèkaké; mulanè ngawulanana Panjenengané sarta suméndhéa marang Panjenengané, lan ora pisan Pangéranira iku léna ing sabarang kang padha kolakoni

Yusuf

Surah 12

[1] Ingsun Allah, Ingkang amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitab, kang anyethakaké

[2] Sayekti anggon-Ingsun anu- runaké iki – Quran basa Arab – iku supaya sira padha mangerti

[3] Ingsun anerangaké marang sira kalawan becik-beciking katra- ngan asarana anggon-Ingsun amedharaké marang sira Quran iki, sanajan ta ing sadurungé iki sira iku temen éwoné wong kang padha ora anggraita

[4] Nalikané Yusuf calathu ma- rang bapakné: O, bapak! saèstu kula sumerep lintang sawelas sarta surya tuwin rembulan – paningal kula, punika sami sujud dhateng kula

[5] Calathuné: O, anakku! aja kok caritakaké impènmu iku marang sadulur-sadulurmu, mundhak padha agawé paéka marang kowé; sayekti sétan iku tumraping manusa mung- suh kang cetha

[6] Lan kaya mangkono, Pangé- ranmu bakal amiji kowé lan mulang kowé prakara anerangaké wicara, sarta bakal anyampurnak- aké nugraha-Né marang kowé lan marang tedhaké Ya’qub, kaya ang- goné Panjenengané wus anyam- purnakaké marang bapa-bapamu ing biyèn, Ibrahim lan Ishaq; sayekti Pangéranmu iku Anguda- nèni, Wicaksana

[7] Sayekti temen ana ing Yusuf lan para saduluré iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha takon

[8] Nalika padha calathu: Temen Yusuf lan saduluré iku luwih kasihan marang bapak tinimbang aku kabèh, mangka aku kabèh iki papanthan : sayekti bapak iki temen dumunung ing sasar kang tétéla

[9] Padha patènana Yusuf, utawa buwangen marang tanah-tanah supaya idhepé bapakmu mligi ma- rang kowé kabéh, lan ing sawisé iku kowé bakal padha dadi wong tulus

[10] Dhèwèké ana siji kang cala- thu: Aja padha kopatèni Yusuf, balik cemplungna ing dhasaring luweng, yèn kowé kudu-kudu ang- laksanani , cikbèn diju- puk sawenèhing wong kang padha lalaku

[11] Dhèwèké padha calathu: Dhuh bapak, punapa ta karana- nipun, déné ingatasipun Yusuf Panjenengan boten pitajeng dha- teng kula? Mangka kula punika saèstu sami mitra darma tumrap dhateng piyambakipun

[12] Mugi piyambakipun kadha- wuhana, tumut kula bénjing énjing, supados bingah-bingah saha dodo- lanan, saha saèstu kula ingkang sami badhé rumeksa dhateng piyambakipun

[13] Calathuné: Sayekti anda- dèkaké susahku manawa dhèwèké kogawaa, sarta aku kuwatir, mana- wa dhèwèké dimangsa ing asu ajag, déning kowé padha anglir- wakaké marang dhèwèké

[14] Dhèwèké padha calathu: sa- èstu, manawi sagawon ajag mang- sa piyambakipun, ing mangka kula punika sami papanthan ingkang prakosa, lah saèstu kula punika sami tiyang ingkang kapitunan

[15] Lah bareng padha lunga, kalawan dhèwèké, sarta padha go- long arep anyemplungaké dhèwèké marang dhasaring luweng, banjur Ingsun aparing sabda marang dhè- wèké: Sayekti sira bakal anjlèn- trèhaké marang dhèwèké ing pra- karané iki, sarta dhèwèké padha ora anggraita

[16] Lan dhèwèké ing wayah ngisa padha tumeka marang bapak- né karo nangis

[17] Padha calathu: Dhuh bapak kawula, saèstu kawula sami késah, sami aririkatan, sarta Yusuf kula tilar wonten ing panggénan barang-barang kawula, wusana piyambakipun kamangsa ing saga- won ajag, tamtu boten badhé panjenengan pitados sanajan kula sami temen

[18] Sarta padha angaturaké ku- lambiné kalawan ana getihé gogo- rohan. Dhèwèké calathu: O, lah, tumrapé kowé jiwamu padha ang- gagampang prakara iku, ananging sabar iku utama, lan Allah iku Ingkang sinuwunan pitulung panu- laké apa kang padha kocaritak- aké

[19] Lan ana wong lalaku padha teka, banjur ngakon juru ngang- suné, tumuli iku angudhunaké timbané. Dhèwèké calathu: O, kabar becik, iki ana bocah; lan iki padha disingidaké kaya barang dagangan, lan Allah iku anguda- nèni apa kang padha dilakoni

[20] Lan padha angedol dhèwèké kalawan rega murah, dhuwit salaka sathithik, sarta padha ora seneng ing dhèwèké

[21] Lan wong Mesir kang nuku dhèwèké acalathu marang rabi- né: Wènèhana padunungan kang mulya, ambokmanawa dhèwèké bakal migunani marang kéné utawa padha dak epèk anak. Lan kaya mangkono Ingsun anyanto- sakaké Yusuf ana ing nagara lan supaya Ingsun amulang dhèwèké kateranganing wicara-wicara; lan Allah iku anglindhihaké asarana paréntah-É, ananging akèh-akèh- ing manusa padha ora weruh

[22] Lan bareng dhèwèké wus tumeka ing diwasané, Ingsun pari- ngi kawicaksanan sarta kawruh: lan kaya mangkono anggon-Ingsun amituwasi wong kang padha atindak becik

[23] Wong wadon, kang omahé dienggoni déning dhèwèké, nga- rah, supaya dhèwèké tumiyunga , sarta angan- cingi lawang-lawangé, tuwin aca- lathu: Majua mréné. Calathu- né: Kula nyuwun pangayomanipun Allah, saèstu Pangéran kula sam- pun andamel saé ing padunungan kula; saèstu boten badhé begja titiyang ingkang atindak dédé

[24] Lan sayekti si wadon sir marang dhèwèké, sarta dhèwèké sir marang si wadon, lamun dhè- wèké oraa andeleng tandha yekti- ning Pangéran kang terang; kaya mangkono iku, supaya Ingsun angedohaké ala lan nistha saka dhèwèké; sayekti dhèwèké iku golongané para kawula-Ningsun kang padha tulus

[25] Lan sakaroné arebut dhisik menyang lawang, sarta kulambiné dhèwèké suwèk déning si wadon saka ing buri, lan ana sacedhaking lawang padha papagan karo lakiné. Si wadon calathu: Punapa wawa- lesipun tiyang ingkang sedya awon dhateng sémah sampéyan kajawi dipun kunjara utawi siksa ingkang nyakiti

[26] calathu: Piyam- bakipun si wadon punika ingkang angangkah supados kula tumiyung dhateng awakipun. Lan ana sawiji- ning saksi kalebu kulawargané kang anglahiraké pasaksi: Manawi rasukanipun suwèk saking ngajeng lah pun èstri ingkang temen, sarta pun jaler golongan- ipun para doracara

[27] Lan manawi rasukanipun suwèk saking wingking, lah pun èstri ingkang dora sarta pun jaler golonganipun para tiyang temen

[28] Mulané bareng weruh kulam- biné suwèké saka ing buri, acalathu: Sayekti iku kalebu kajuli- ganmu para wadon; sanyata kajuliganmu iku gedhé

[29] O, Yusuf, birata saka ing iki; déné kowé anyuwuna pangapura ing dosamu, sanyata kowé iku golongané para wong atindak luput

[30] Lan para wadon ing sajroning kutha padha calathu: Garwaning Sang Adipati angarah abdiné supaya tumiyunga marang awaké; sayekti dhèwèké banget kapranan ing sih marang awaké; sayekti, panyawangku kabèh, si wadon iku dumunung ana ing sasar kang tétéla

[31] Lah bareng si wadon ngrungu pangrancanané banjur padha disuruhi sarta padha disadhiyani bojana, apa déné siji-sijiné padha diwènèhi lading, sarta calathu : Padha wetonana. Lah bareng padha nyawang dhèwèké, padha angegungaké sarta tangané padha kiris , tuwin padha calathu: Adoh Allah iku ; dudu manusa iki; ora liya iki kajaba malaikat kang minulya

[32] cala- thu: Lah yaiki wongé kang dadi karanané kowé padha nyatur aku, lan temen aku ngarah tumiyung dhèwèké , ananging dhèwèké anyegah : lan lamun dhèwèké ora anglaksani apa paréntahku marang dhèwèké mas- thi bakal dikunjara sarta masthi bakal dadi golongané wong rucah- rucah

[33] Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! kunjara punika tumrap- ipun kawula langkung kawula remeni tinimbang nuruti pangajak- ipun titiyang punika dhateng kawula; sarta manawi Tuwan bo- ten anebihaken pangrancananipun saking kawula, kawula badhé kapéncut dhateng piyambakipun sarta badhé dados golonganipun para titiyang bodho

[34] Tumuli Pangérané anyem- badani panyuwuné banjur ange- dohaké pangrancanané saka ing dhéwéké; sayekti Panjenengané Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda- nèni

[35] Tumuli, ing sawisé padha weruh pratandha-pratandha, padha duwé panemu, dhèwèké kudu dikunjara nganti sawatara mang- sa

[36] Lan ana nonoman loro lume- bu kunjara ambarengi dhèwèké. Kang siji calathu: Pandelengku aku meres anggur. Lan sijiné calathu: Pandelengku aku nyunggi roti, iku padha dipangan manuk. Aku padha terangna marang pradikané; sayek- ti, panyawangku, kowé iku golo- ngané wong-wong kang atindak becik

[37] Wangsulané: Pangan kang di- ingokaké marang kowé ora bakal tumeka ing kowé sakaroné, ana- nging aku bakal anerangaké ing kowé sakaroné marang pradikané, sadurungé iku tumeka marang kowé sakaroné: iki saka pamu- langé Pangéranku marang aku: sayekti aku iki ninggal agamané wong kang ora padha angèstu ing Allah sarta marang akhirat dhè- wèké padha maido

[38] Sarta aku manut agamané bapak-bapakku, Ibrahim lan Ishaq lan Ya’qub; ora mungguh tumrapé aku yèn anyakuthokna sawiji-wiji kalawan Allah: Iki saka lubèring paparingé Allah marang aku lan marang kamanusan, ananging akèh-akèhing manusa ora padha atur panuwun

[39] Dhuh kancaku sapakunjaran sakaroné, apa sesembahan mawar- na-warna iki kang luwih becik, apa ta Allah, Ingkang-Maha-tunggal, Ingkang-Winenang

[40] Kowé padha ngawulani sali- yané Panjenengané iku ora liya kajaba mung jeneng-jeneng kang padha koarani, kowé lan bapak- bapakmu, Allah ora anurunaké wisésa tumrap iku; pancasan iku mung kagunganing Allah; Panje- nengané wus andhawuhaké kowé aja padha ngawula kajaba marang Panjenengané; iki agama kang jejeg, ananging akèh-akèhé ma- nusa padha ora weruh

[41] Dhuh kancaku sapakunjaran sakaroné! mungguh kowé, kang siji, iku bakal angladèni unjukan sajeng gustiné; déné mungguh sijiné, iku bakal dipenthèng, banjur manuk padha nucuki sirahé; wus diputus prakara kang padha kotakokaké iku

[42] Dhèwèké acalathu marang kang siji, kang dhèwèké weruh, yèn iku bakal diluwari: Élinga marang aku ana ngarsané gustimu; ananging sétan anglalèkaké dhè- wèké angaturaké marang gustiné; dadi dhèwèké olèhé ana ing pakunjaran sawatara taun

[43] Lan Sang Nata ngandika: Sayekti aku weruh ana sapi pitu lemu-lemu, iku dipangan sapi pitu kuru-kuru; sarta ana wuwulèn pitu ijo-ijo tuwin liyané manèh kang garing; O, para panggedhé, aku werdènana impènku, manawa kowé padha bisa mradikani impèn

[44] Padha matur: Supenan wor- suh, saha kula dhateng pradikaning supenan sami boten sumerep

[45] Lan salah sijiné loro kang diluwari sarta sawisé lawas lagi kèlingan Yusuf, acala- thu: Cobi panjenengan kula terang- aken pradikanipun, milanipun cobi kula kaparenga mundur rumiyin

[46] O, Yusuf, o, wong temen! Aku pradikanana, sapi pitu lemu- lemu kang padha dipangan sapi pitu kuru-kuru, sarta wuwulèn pitu ijo-ijo tuwin liyané manèh kang padha garing, supaya baliku menyang para wong-wong kaé dhèwèké bakal padha weruh

[47] Wangsulané: Pitung taun kowé padha nandura kaya sabené; banjur apa panènanmu cikbèn ana ing wuwulèn baé, kajaba sathithik kang arep padha kopangan

[48] Sawisé mangkono banjur tu- meka mangsa kesrakat pitung taun, kang bakal angentèkaké tandhon- mu pasadiyan kang dhisik, kajaba sathithik kang bakal padha ko- ngèngèhaké

[49] Sawisé mangkono banjur tu- muli tumeka sawijining taun, kang ing kono wong-wong padha kapa- ringan udan, sarta ing kono bakal padha meres

[50] Lan sang Nata angandika: Dhèwèké gawanen mréné. Bareng utusan wis teka dhèwèké, dhèwèké calathu: Balia marang gustimu sarta nyuwuna priksa panjenengané, kapriyé ka- anané para wadon kang padha kiris tangané; sayekti Pangéranku angu- danèni pangrencanané

[51] Pangandikané: Kapriyé kara- nané nalikané kowé angarah amrih Yusuf tumiyung marang awak- mu? Aturé: Tebih Allah punika , kula sami boten sumerep piyambakipun kadunu- ngan awon. Bojoning Sénapati matur: Ing sapunika kanyataan sampun tetep: Kula angangkah, supados piyambakipun tumiyung dhateng badan kula, anamung saèstu piyambakipun punika golo- nganipun titiyang ingkang sami temen

[52] Mangkéné iki supaya pan- jenengané weruha, manawa ana ing pasepèn aku ora cidra sarta manawa Allah iku ora aparing tuntunan pangrencanané para wong cidra

[53] Lan ora pisan aku angaku suci; sayekti ati iku lumrahé masthi angajani marang ala, kajaba sapa-sapa kang sinihan ing Pangé- ranku; sayekti Pangéranku iku Aparamarta, Mahaasih

[54] Lan Sang Nata ngandika: Dhèwèké tekakna mréné, arep dak pilih dadi pipijènku. Bareng panje- nengané wis wawansabda karo dhèwèké, pangandikané: Sayekti, ing dina iki kowé ana ing ngarsaku dadi wong kang kinurmatan, pinracaya

[55] Aturé: Mugi kula kinula- wisuda anguwasani bandha nagari; saèstu kula punika juru-rumeksa ingkang saé, sumerep saèstu

[56] Lan kaya mangkono iku ang- gon-Ingsun aparing pangawasa ing bumi marang Yusuf – dhèwèké anyekel wewenang ing kono, ing ngendi sakarepé; Ingsun anurunaké wilasa-Ningsun marang sapa kang dadi kapareng-Ingsun, lan Ingsun ora angilangaké ganjarané wong kang padha alaku becik

[57] Lan sayekti ganjaran akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha angestu sarta kang padha prayitna

[58] Lan saduluré Yusuf padha teka, banjur padha marek marang dhèwèké, lan dhèwèké weruh marang para saduluré nanging iki marang dhèwèké padha pangling

[59] Lan bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, acalathu: Tekakna mréné sadulurmu siji kang saka bapakmu; apa kowé padha ora weruh, yèn aku iki aga- nep ing taker sarta aku iki becik- beciké wong kang padha nampani dhayoh

[60] Lah manawa kowé ora padha anekakaké dhèwèké marang aku kéné, kowé ya ora bakal padha olèh taker saka ing aku sarta ora bakal padha olèh marek aku

[61] Padha matur: Kula sami badhé angangkah, amurih bapak- ipun tumiyunga manahipun angu- lungaken piyambakipun, lan saèstu kula sami badhé nindakaken

[62] Lan dhèwèké angandika ma- rang batur-baturé: Dhuwité padha lebokna marang karungé, supaya yèn wis padha bali marang batihé, iku mengko padha diwe- ruhana, supaya padha balia

[63] Bareng wis padha bali marang bapakné padha matur: Dhuh bapak, taker, kula boten dipun kéngingaken, milanipun sadhèrèk kula mugi kadhawuhan tumut kula, kula sami angsal taker, saha kula saèstu ingkang badhé angreksa dhateng piyambakipun

[64] Calathuné: Aku ora bisa pitaya marang kowé kabèh inga- tasé prakara dhèwèké, mundhak kaya anggonku pitaya marang kowé kabèh ingatasé prakara saduluré dhèk biyèn; ananging Allah iku becik-beciké Juru- rumeksa, sarta Panjenengané iku luwih asih-asihé para kang padha asih

[65] Lan bareng padha andhudhah barangé, tinemu, duwité padha dibalèkaké marang dhèwèké. Pa- dha calathu: Dhuh Bapak! punapa ingkang kula sami ajeng- ajeng? Punika bandha kula ngriki kawangsulaken dhateng kula ma- lih, sarta kula sami badhé angang- salaken gandum kulawarga kula, tuwin rumeksa sadhèrèk kula, saha badhé angsal wewah malih taker samomotaning unta; punika take- ran mayar

[66] Calathuné: Ora pisan dhè- wèké bakal dak kon milu kowé, nganti kowé padha awèh prasetya marang aku kalawan asmaning Allah, yèn dhèwèké masthi bakal kogawa bali marang aku mréné, kajaba manawa kowé padha kine- pung-wakul. Lah bareng wis padha awèh prasetyané marang dhèwèké, dhèwèké acalathu: Allah iku kang pinasrahan sabarang kang padha dakucapaké

[67] Lan dhèwèké calathu: Dhuh, anak-anakku! aja kowé padha lumebu metu lawang siji, lan padha lumebua metu lawang séjé-séjé, tur tumraping Allah aku iki tanpa daya apa-apa marang kowé kabèh; pancasan iku mung kagunganing Allah: marang Panje- nengané sumarahku, lan marang Panjenengané sumarahé para kang padha sumarah

[68] Lan bareng wis padha male- bu, kaya paréntahé bapakné ing dhèwèké, tumraping Allah iku tan- pa daya apa-apa babar pisan ma- rang dhèwèké kabèh, ananging pangajab ing jeroning jiwané Ya’qub kang katindakaké; lan sayekti dhèwèké iku temen wus duwé kawruh, amarga dhèwèké Ingsun paringi weruh, ananging akèh-akèhing manusa padha ora weruh

[69] Lan bareng wis padha lume- bu marang panggonané Yusuf, sa- duluré dipondhokaké ing panggo- nané dhéwé kono, calathuné: Aku iki sadulurmu, mulané aja susah marang sabarang kang padha di- lakoni

[70] Lah bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, tuwung pangunjukan diseselaké ing karu- ngé saduluré. Tumuli ana wong anguwuh-uwuh, panguwuhé: É, wong untan-untan satemené kowé kabèh iku maling

[71] Padha calathu kalawan anga- dhepaké dhèwèké kabéh: Sam- péyan kécalan punapa

[72] Padha mangsuli: Aku padha kélangan gelas pangunjukané Sang Prabu, lan sapa sing nemokaké mréné bakal olèh samomotaning unta, lan aku kang tanggung marang prakara iku

[73] Padha acalathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan temen sami sumerep, manawi anggèn kula sami dhateng mriki punika boten karana badhé adamel wisuna ing bumi, saha kula punika sami sanès pandung

[74] Calathuné: Lah apa bakal wa- walesé prakara iki, manawa kowé padha wong goroh

[75] Aturé: Wewalesipun prakawis punika, inggih ing karungipun sin- ten pinanggihipun, punika ingkang badhé anyanggi wawalesipun; ka- dos makaten manawi kula amidana titiyang atindak dèdè

[76] Banjur wiwit karung-karungé sadurungé karungé saduluré; tumuli barangé diwe- tokaké saka karungé saduluré. Kaya mangkono anggon-Ingsun angrancang kanggo kaperluané Yusuf; ing dalem angger- anggeré Sang Prabu ora yèn ta dhèwèké anjupuka saduluré, kajaba manawa dadi kaparenging karsané Allah; Ingsun angung- gahaké darajaté sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun, sarta sadhuwuré sakèhé kang duwé ka- wruh iku Ingkang-Angudanèni

[77] Padha calathu: Yèn dhèwèké nyolong , lah saduluré biyèn iya nyolong; ananging iku sinidhem déning Yusuf ana ing sajroning atiné, lan ora diwedharaké marang dhèwèké. Calathuné: Kowé iku dumunung ing kahanan kang ala, lan Allah iku luwih anguningani marang barang kang padha sira ngucapaké

[78] Padha matur: Dhuh Sang Adipati! piyambakipun gadhah bapak, tiyang sepuh sanget, mila- nipun mugi kaparenga mundhut kula salah satunggal minangka lilintunipun; saèstu, panyawang kula, panjenengan punika golonga- nipun titiyang ingkang adamel kasaénan

[79] Calathuné: Muga Allah apa- ring pangayoman marang aku, aja nganti aku anyekel sapa-sapa, kajaba kang tinemu kanggonan barangku, mundhak aku dadi wong anganiaya temenan

[80] Lah bareng wis padha ilang pangarep-arepé ing dhèwèké, padha mundur, padha apirembugan dhè-dhèwèkan. Kang tuwa dhéwé acalathu: Apa kowé padha ora weruh, yèn bapak wis mundhut prasetya kalawan asmaning Allah marang kowé kabèh, lan yèn ing biyèn kowé wis padha pépéka tumrap prakara Yusuf? Mulané ora pisan aku bakal ninggal nagara iki, nganti tumekané bapak aparing idin marang aku, utawa manawa Allah amancasi marang aku, lan Panjenengané iku Becik-beciké para kang padha amancasi

[81] Padha balia marang dalemé bapak, banjur padha matura: Dhuh bapak! saèstu ingkang putra , saha boten liya kula kajawi namung sami aneksèni punapa ingkang sami kula sume- rep, saha boten saged kula sami angawat-awati dhateng ingkang boten katingal

[82] Saha mugi Panjenengan an- dangu ing salebetipun nagari ing pundi ingkang sami kula ambah tuwin untan-untan sarengan kula lumampah, sarta saèstu kula puni- ka sami temen

[83] Dhèwèké acalathu: Ora, jiwa- mu anganggep sawijining prakara ènthèng tumrapé kowé, mulané sabar iku becik; manawa-manawa Allah anekakaké dhèwèké kabèh marang aku; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Angudanèni, Ingkang- Wicaksana

[84] Lan dhèwèké maléngos saka anak-anaké sarta acalathu: Dhuh kasusahanku tumrap si Yusuf! Sarta mripaté angembeng amarga saka susahé lan dhèwèké angempet

[85] Padha acalathu: Dhemi Allah! panjenengan boten badhé kèndel angènget-ènget Yusuf, ngantos panjenengan dhumawah dipun lud ing sakit, utawi pan- jenengan kalebet golonganipun titiyang ingkang tiwas

[86] Calathuné: Aku mung asa- sambat kasusahanku lan prihatinku marang Allah, lan aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh

[87] O, anak-anakku! padha mang- kata lan angupayaa katrangan pra- kara Yusuf lan saduluré, sarta aja padha pedhot pangarep-arepmu marang wilasaning Allah; sayekti, ora ana wong pedhot pangarep- arepé marang wilasaning Allah kajaba wong kang padha kafir

[88] Bareng wis padha marek dhèwèké, padha matur: Dhuh Sang Adipati! kasrakat andhawahi kula saha kulawarga kula, sarta dhateng kula ambeta arta sakedhik; mila- nipun mugi kula kaparingan taker ingkang jangkep saha ingkang loma dhateng kula; saèstu Allah punika amales para titiyang ing- kang loma

[89] Calathuné: Apa kowé padha aweruh, kapriyé panggawému marang Yusuf lan saduluré nalika kowé padha bodho

[90] Padha matur: Punapa panje- nengan punika saèstu Yusuf? Cala- thuné: Aku Yusuf, lan iki sadulur- ku; temen Allah welas marang aku; sayekti, sapa sing prayitna sarta sabar – lah sayekti, Allah iku ora angilangaké ganjarané para wong kang atindak becik

[91] Padha calathu: Dhemi Allah! sayekti temen saiki Allah wus amilih kowé angungkuli aku ka- bèh, lan sayekti aku iki padha wong dosa

[92] Calathuné: Ing dina iki wis ora panutuh marang kowé kabèh; muga Allah anga- pura marang kowé kabèh, lan Panjenengané iku luwih Welas- welasé kang padha welas

[93] Padha mangkata, klambiku iki gawanen, banjur sèlèhna ing ngarsané bapak, panjenengané bakal pirsa sarta tekaa marang aku mréné karo kulawargamu kabèh

[94] Bareng untan-untan wis mangkat, bapakné calathu: Sayek- ti, aku weruh kaagungané Yusuf, lamun kowé ora angarani aku kendho ing akal

[95] Padha calathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan punika dumu- nung wonten ing sasar panje- nengan kala rumiyin

[96] Lah bareng kang anggawa kabar bungah teka, disèlèhaké ing ngarepé,a lah dhèwèké dadi yakin.b Calathuné: Apa aku ora kandha marang kowé, yèn aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh

[97] Padha calathu: Dhuh bapak, mugi panjenengan nyuwunaken pangapunten kula ing kalepatan kula; saèstu kula punika sami tiyang dosa

[98] Calathuné: Aku bakal nyu- wunaké pangapura kowé marang Pangéranku; sayekti, Panjenengané iku Ingkang-Aparamarta, Ingkang- Mahaasih

[99] Lah bareng wis padha marek marang Yusuf, para wong tuwané padha dipapanaké ing panggonané karo calathu: Sumangga sami lumebet ing Mesir kalayan aman, manawi dados kaparengipun Allah

[100] Lan dhèwèké angunggah- aké wong tuwané loro marang dhampar lan padha tumundhuk sujud marang dhèwèké, sarta calathu: Dhuh bapak! punika wahananipun supenan kula kala rumiyin punika; saèstu punika kadadosaken kanyataan déning Pangéran kula; saèstu Panjene- nganipun sampun adamel saé dha- teng kula, nalika Panjenenganipun angedalaken kula saking kunjara saha angedalaken panjenengan sa- daya saking saganten wedhi ing sasampunipun sétan anyebar co- congkrahan antawisipun kula kali- yan para sadhèrèk kula; saèstu Pangéran kula punika alus tumrap sinten ingkang dados kaparenging karsa-Nipun; saèstu, Panjenengan- ipun punika Ingkang-Angudanéni, Ingkang-Wicaksana

[101] Pangéran kawula! Tuwan sampun amaringi karaton dhateng kawula saha sampun amulang kawula prakawis pradikaning wi- cara; Ingkang-Anitahaken langit- langit lan bumi! Tuwan punika Pangayoman kawula ing donya tuwin akhirat; mugi keparengaken pejah kawula pejahipun Muslim saha mugi kawula Tuwan kempal- aken kaliyan para tiyang tulus

[102] Iki kalebu pawarta-pawarta prakara kang ora katon, Ingsun wedhar marang kowé, lan kowé ora nungkuli dhèwèké nali- kané padha amutusi prakarané lan padha angrancang paékan

[103] Lan akèh-akèhé manusa ora bakal padha pracaya sanajan ba- nget kapénginira

[104] Lan ingatasé iki sira ora anjaluk pituwas marang dhèwèké padha; iku ora liya kajaba pépéling tumrap saindhenging kamanusan

[105] Lan wis sapira kèhé tandha- tandha ing langit-langit lan bumi, kang dhèwèké wis padha ang- liwati; éwadéné padha maléngos saka ing kono

[106] Lan dhèwèké iku akèh- akèhé padha ora angèstu ing Allah tanpa anyakuthokaké liyané

[107] Lah apa ta dhèwèké padha rumasa aman, manawa ana sik- saning Allah kang anglimputi anekani marang dhèwèké, utawa mangsané tanpa cacala anekani dhèwèké kang sarta dhè- wèké padha ora anggraita

[108] Calathua: Iki dalanku, aku anguwuh marang Allah kalawan yakin,a aku lan para kang padha manut aku, lan Mahasuci Allah, sarta ora pisan aku iki golongané para mangro tingal

[109] Lan Ingsun wus utusan ing sadurungira ora liya kajaba wong- wong lanang wong- ing kutha-kutha, padha Ingsun wedhari sabda. Lah apa ta padha ora lalaku ing bumi sarta padha andeleng kapriyé kawusa- nané para wong ing sadurungé? Lan sayekti, padunungan akhirat para kang padha bekti luwih becik; lah apa ta kowé padha ora mangerti

[110] Nganti tumeka samangsané para utusan pedhot pangarep-arepé sarta para kang milawani rumasa yakin yèn awaké nyata padha digorohi, pitulung-Ingsun tumeka marang dhèwèké, sarta sinalamet- aké sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun; lan siksa-Ningsun ora kena ditulak saka wong-wong kang duraka

[111] Sayekti temen, ing sajro- ning carita lalakoné, ana wuwu- langé tumrap wong-wong kang duwé akal. Iku dudu carita kang dianggit-anggit, ananging minang- ka ambeneraké apa kang ana ing ngarepéa sarta panerang-awijang marang samubarang, apa déné tun- tunan tuwin wilasa tumrap wong- wong kang padha angèstu

Ar-Ra'd

Surah 13

[1] Ingsun, Allah, Ingkang-Ngu- danèni, Ingkang-Mirsani. Iki ayat-ayating Kitab;a lan apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira iku barang yakti, ana- nging akèh-akèhing manusa padha ora angèstu

[2] Allah iku Kang andhuwuraké langit-langit kalawan tanpa saka, kang kodeleng, sartab Panjenengané angasta purbawisésa ing karaton ikuc tuwin andadèkaké srengéngé lan rembulan alaladi , siji- sijiné anut lakuné dhéwé-dhéwé tumeka mangsa kang tinamtu; Pan- jenengané amranata sabarang rèh, anerangaké awijang tandha-tandha, supaya sira marang sapatemoning Pangéranira padha yakin

[3] Lan Panjenengané iku kang wus anggelar bumi, sarta agawé gunung-gunung kang kukuh lan kali-kali ana ing kono, lan sarupa- ning woh-wohan ing kono Panje- nengané wus andadèkaké rong war- na; Panjenengané anutupaké wengi ing raina; sayekti, ing kéné iki temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha mikir-mikir

[4] Lan ing bumi ana talatah- talatah kang sasandhingan sarta kebon-kebon anggur lan gandum sarta kurma mawa oyod siji lan mawa oyod béda- béda, _ padha dibanyoni kalawan banyu sawiji, lan ing dalem woh- ing kang sawenèh Ingsun luwihaké becik angungkuli sawenèhé; sayekti ing kéné iki temen ana tandha- tandha tumrap wong kang padha mangerti

[5] Lan manawa sira gumun, lah pangucapé iya padha anggumun- aké: Apa! manawa aku wis dadi lemah, apa aku temen padha ana ing dalem titah kang anyar? Iki para kang padha kafir marang Pangérané lan iki ing guluné padha ana ranténé, sarta iki para wong- wonging geni; padha ana ing kono pamanggoné

[6] Dhèwèké padha anggégé ing sira marang ala ing sadurungé kabecikan, lan temen ing sadu- rungé dhèwèké wis kalakon ana siksa kang dadi pola; lan sayekti, Pangéranira iku Ingkang- Kagungan-pangapura tumrap para manusa, sanajan padha atindak dudu; lan sayekti Pangéranira iku keras ing pamales

[7] Lan padha calathu para kang padha kafir: Yagéné ora ana tan- dha saka Pangérané kang katurun- aké marang dhèwèké? Sira iku mung juru-pépéling lan panuntun tumrap siji-sijining bangsa

[8] Allah angudanèni apa kang kinandhut ing siji-sijining wadon, sarta apa kang ora kasampurnak- aké déning talanakan lan apa kang kawuwuhaké ; lan samu- barang iku ana ing ngarsa-Né ana papasthèné

[9] Ingkang-Anguningani kang ora katon lan kang katon, Ingkang- Agung, Ingkang-Mahaluhur

[10] Padha sapa saka ing antaranira kang anyingidaké pangucap lan sapa kang anglairaké apa déné sapa kang singidan ing wengi tuwin kang metu ing raina

[11] padha angetutaké dhèwèké, ana ing ngarepé sarta ana ing buriné, kang padha rumeksa dhèwèké atas saking paréntahing Allah. Sayekti, Allah iku ora angéwahi kaananing para manusa, nganti dhèwèké padha angowahi kaanané dhéwé; lan manawa Allah angarsakaké ala tumrap para ma- nusa, lan ora bakal ana panulaké, sarta saliyané Panjenengané dhè- wèké padha ora duwé kakawal

[12] Panjenengané iku Kang anga- tonaké kilat ing sira, andadèkaké wedi lan pangarep-arep, sarta andadèkaké mendhung kang abot

[13] Lan baledhèg iku mahasucèk- aké Panjenengané kalawan panga- lembana-Né, mangkono uga para malaikat, amarga saka wediné ing Panjenengané; lan Panjenengané angutus panah-panahing baledhèg, iku angenani sapa kang dadi kapa- renging karsa-Né; éwadéné dhè- wèké padha madoni ing bab Allah, lan Panjenengané iku keras ing dalem kawanèn

[14] Marang Panjenengané panyu- wun kang bener iku; lan para kang padha nyunyuwun saliyané Allah, iku ora bakal nyembadani marang dhèwèké ananging kaya wong kang nguluraké tangané loro marang banyu, amurih tumekaa marang cangkemé, ana- nging ora bakal iku tumeka mrono; lan ora liya panyuwuné para kafir iku kajaba muspra

[15] Lan marang Allah sumung- kemé samubarang kang ana ing langit-langit lan ing bumi, kalawan ambangun-turut sarta kalawan kapeksa, mangkono uga ayang- ayangé, ing wayah ésuk lan soré.a

[16] Calathua: Sapa ta Pangéran- ing langit-langit lan bumi? Cala- thua: Allah. Calathua: Lah yagéné kowé padha angalap pangayoman saliyané Panjenengané, kang ora bisa anguwasani marang awaké dhéwé, apa amakolèhi apa amitu- nani? Calathua: Apa padha wong wuta karo wong kang waras pandelengé? Utawa, apa padha pepeteng karo papadhang? Utawa, apa padha angedegaké sekuthon jèjèraning Allah, kang anganakaké titah kaya titah-É mangkono, nganti apa kang tumitah iki dadi kisruh tumrap dhèwèké? Calathua: Allah iku Ingkang-Anitahaké sa- mubarang, lan Panjenengané iku Ingkang Maha-tunggal, Ingkang- Mahawisésa. A

[17] Panjenengané anurunaké ba- nyu saka ing méga, banjur jurang- juranging kali padha mili samurwaté, sarta iliné angèlèkaké unthuk kang matumpa-tumpa, lan saka barang kang padha diluluh ing geni, kang pamrihé arep ginawé papaès utawa piranti, metu unthuké, kaya mangkono ; kaya mangkono Allah anggoné adamel sanépa barang yakti lan barang goroh; wondéné si unthuk, lah iku sirna kaya barang kang tanpa aji; déné apa kang migunani marang manu- sa, iku lestari ana ing bumi; kaya mangkono Allah anggoné adamel sanépa

[18] Para kang padha nyandikani marang Pangérané iku padha olèh bagéan becik; lan para kang padha ora anyandikani marang Panjene- ngané, iku saupama padha andar- bènana sabarang kang ana ing bumi kabèh, sarta samono manèh, amasthi iku bakal diulungaké mi- nangka panebus. Iku pétungan ala kang dadi bagéané, sarta naraka padunungané, lan ala palèrènan iku

[19] Lah apa ta wong kang weruh manawa apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira iku barang yekti, iku padha karo wong kang wuta? Mung wong kang padha ana akalé kang mikir-mikir

[20] Para kang padha anuhoni janjining Allah, sarta ora medhot sasanggeman

[21] Lan para kang padha nyam- bung barang kang didhawuhaké déning Allah supaya disambu- nga sarta padha pakéring ma- rang Pangérané apa déné padha wedi marang pétungan ala

[22] Lan para kang padha tetep santosa angupaya pirenané Pangérané sarta anjumenengaké shalat, apa déné padha mèwèhaké barang paparing-Ingsun ing dhè- wèké kalawan sisidheman tuwin kalawan ngeblak, sarta padha anulak ala kalawan kabecikan; iki kang bakal padha olèh bagéan kawusanan padunungan

[23] Patamanan padunungan kang langgeng, kang anggoné lumebu mrono dalah para wongtuwané lan jodho-jodhoné sarta turun- turuné endi kang kalakuané becik; apa déné para malaikat padha lumebu amarek dhèwèké saka saben-saben kori

[24] Rahayu mugi tetep ingatas- ipun ijengandika, déning anggèn ijengandika sampun tetep santosa; lah, iba ta pinunjulipun kawusana- ning padunungan punika

[25] Lan para kang padha ngrusak janjining Allah ing sawisé diugeri, sarta medhot apa kang kadhawuh- aké déning Allah supaya disam- bunga, tuwin padha agawé wisuna ing bumi, iki kang bakal padha olèh bagéan bebendu sarta olèh bagéan padunungan kang ala

[26] Allah iku anjembaraké rijeki tumrap sapa kang dadi kapare- nging karsa-Né sarta nyumpi; lan dhèwèké padha seneng-seneng marang kauripan kadonyan, lan kauripan donya iku katandhing karo kauripan akhirat ora liya kajaba mung kabungahan sawatara mangsa

[27] Lan para kang padha kafir padha acalathu: Yagéné ora ana tandha saka Pangérané katurunaké marang dhèwèké? Calathua: Sayekti, Allah iku anasaraké sapa kang karep, sarta nuntun marang Panjenengané sapa kang bali

[28] Para kang padha angèstu sarta kang atiné padha dadi jenjem déning éling maring Allah; o, sayekti, kalawan éling maring Allah ati padha dadi jenjem

[29] Para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, iku kawusanan becik bagéané sarta bali kang utama

[30] Kaya mangkono anggon- Ingsun angutus sira ing dalem sawijining umat, ing sadurungé iku temen pira-pira umat wis ke- pungkur, supaya sira amacakaké marang dhèwèké apa kang Ingsun wedharaké marang sira, éwadéné dhèwèké padha angafiri marang Ingsun-Mahamurah. Calathua: Pan- jenengané iku Pangéranku, ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; marang Panjenengané sumarahku sarta marang Panjenengané baliku

[31] Lan lamun ta ana sawijining Quran kang kanggo anglakokaké gunung-gunung, utawa kanggo an- jajah bumi utawa kanggo ambi- sakaké caturan wong mati – o, balik paréntah iku ana ing astané Allah kabèh. Apa ta para kang padha angèstu durung sumurup, yèn, manawa Allah angarsakna, amasthi Panjenengané anuntun sa- kèhing manusa? Lan ora bakal lèrèn-lèrèn para kang padha kafir anggoné padha kataman babaya kang anggigirisi amarga saka pang- gawéné, utawa iku bakal tumurun cedhak saka padunungané, nganti tumekané janjining Allah, sa- yekti Allah iku ora bakal anyula- yani janji

[32] Lan sayekti temen para utusan ing sadurungira padha di- guguyu, ananging Ingsun aparing sumené marang para kang padha kafir, tumuli padha Ingsun lebur; lah kapriyé kaanané wawales- Ingsun

[33] Lah apa ta Panjenengané, kang rumeksa sarupaning jiwa tumrap apa panggawéné. ? Éwadéné dhèwèké padha agawé sekuthon tumrap Allah. Calathua: Padha jenengna; apa ta kowé arep anerangaké marang Panjenengané prakara barang kang Panjenengané ora pirsa ing bumi, utawa apa ta kalawan pangucap kang lair? Balik tu- mrap kang padha kafir rancangané padha rinengga-nengga sarta padha tinulak saka ing dadalan; lan sapa kang disasaraké déning Allaha ora bakal duwé panuntun

[34] Bakal padha olèh siksa ing dalem kauripan donya, sarta siksa- ning akhirat sayekti luwih abanget, apa déné ora bakal duwé panga- yoman minangka panulak ing Allah

[35] Sanépané patamanan kang di- janjèkaké para wong bekti iku: ing jeroné kali-kaliné padha mili; woh-wohané tanpa pedhot, lan ayomé; iki ka- wusanané para kang padha prayit- na , lan kawusanané para kafir iku geni

[36] Lan para kang wus padha Ingsun paringi Kitab iku padha bungah marang apa kang kadha- wuhaké marang sira, lan para papanthan ana kang ngemohi sapérangan iku. Calathua: Aku iki mung didhawuhi, supaya aku angawulani Allah lan ora anya- kuthokaké apa-apa karo Panjene- ngané; marang Panjenengané panguwuhku , sarta marang Panjenengané baliku

[37] Lan kaya mangkono anggon Ingsun andhawuhaké iku, sawiji- ning pancasan bener ing basa Arab, lan manawa sira manut pépénginané kang asor-asor ing sawisé ana kawruh tumeka marang sira, sira ora bakal duwé panga- yoman utawa panjaga minangka panulaking Allah

[38] Lan sayekti temen Ingsun wus angutus para utusan ing sadurung- ira sarta padha Ingsun paringi jodho lan turun; lan ora dumunung ana ing utusan ane- kakaké tandha iku, kajaba kalawan idining Allah; tumrap sarupaning katamtuan iku ana mangsané kang tinamtu

[39] Allah angilangi sarta anetep- aké apa kang dadi keparenging karsa-Né; lan ana ing ngarsa-Né tatalesing Kitab iku

[40] Lan Ingsun bakal ameruhaké marang sira sapérangané kang Ingsun ancamaké marang dhèwèké utawa Ingsun agawé patinira, amarga sasangganira iku mung anekakaké ayahan, déné amancasi pétungané iku ana ing Ingsun

[41] Apa ta padha ora andeleng anggon-Ingsun angrawuhi bumi Ingsun elongi saka tepis-iringé? lan Allah iku amancasi – ora ana kang bisa ambadhal marang pancasan-É, lan Panjenengané iku rikat ing dalem pangétung

[42] Lan para ing sadurungé dhèwèké iku temen wis padha andhapuk rancangan, ananging kabèh pangrancang iku ana ing Allah; Panjenengané anguningani apa panggawéné siji- sijining jiwa, lan para kafir bakal weruh, kawusananing padunungan iku bagéané sapa

[43] Lan para kang padha kafir padha calathu: Kowé iku dudu utu- san. Calathua: Allah iku wis cukup minangka saksi antarané aku lan kowé lan sapa kang kadunungan kawruh Kitab

Ibrahim

Surah 14

[1] Ingsun, Allah Ingkang-Amir- sani.a kitab kang Ingsun dha- wuhaké marang sira supaya sira angetokna manusa saka ing pepe- teng lelimenganb marang papa- dhang kalawan idining Pangérané – marang dadalané Ingkang-Maha- mulya, Ingkang-Ingalembana

[2] Dadalané , kang saba- rang kang ana ing langit-langit lan bumi kagungan-É; lan cilaka tu- mrap para kafir amarga saka siksa kang abot

[3] para kang padha luwih dhemen ing kadonyan iki angungkuli akhirat lan padha nyimpang saka dadalané Allah, lan iki diarah bisané béngkong; iki padha dumunung ana ing sasar kang adoh

[4] Lan Ingsun angutus sawiji- ning utusan iki ora liya kajaba nganggo basané bangsané supaya bisa anerangaké kalawan cetha marang dhèwèké; tumuli Allah agawé sasar sapa kang dadi kapa- reng-É, sarta anuntun sapa kang dadi kapareng-É, lan Panjenengané iku Ingkang-mahamulya, Ingkang- Wicaksana

[5] Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa angemban timbalan- timbalan-Ingsun pangandika-Ning- sun: Wetokna bangsanira saka ing peteng lilimengan marang papa- dhang sarta padha élingna ing dinaning Allah; sayekti ing kono temen ana tandha-tandha tumrap sadhéngah kang sabar, kang weruh ing panarima

[6] Lan nalikané Musa calathu marang bangsané: Padha élinga nugrahané Allah marang sira kabèh, nalika Panjenengané anyla- metaké sira saka wongé Fir’aun kang anibakaké sira kabèh ing siksa kang alaa lan padha ambelèhi anak-anakira lanang sarta anguripi anak-anakira wadon;b lan ana ing kono iku coba kang gedhé saka Pangéranira

[7] Lan nalikané Pangéranira angundhangaké: Manawa sira pa- dha weruh ing panarima yekti Ingsun bakal muwuhi sira, lan manawa sira padha ora weruh ing panarima, sayekti siksa-Ningsun iku abot

[8] Lan Musa calathu: Manawa sira padha ora weruh ing panarima, sira lan sapa-sapa ing bumi kabèh, lah sayekti Allah iku piyambak wis kecukup, Ingalembana

[9] Apa ora tumeka ing sira cari- tané para ing sadurungira, bang- sané Nuhc lan ‘Add lan Tsamude sarta para kang sapungkuré iki? Ora ana ameruhi dhèwèké kajaba Allah. A Para utusané padha anekani dhèwèké kalawan bukti- bukti kang cetha, ananging dhè- wèké padha anyalobokaké tangan- tangané ing cangkem-cangkemé, sarta padha calathu: Sayekti, aku padha angemohi ing barang kang diutusaké ing kowé lan sayekti aku iki dumunung ing semang-semang kang abanget tumrap sabarang kang koajakaké marang aku kabèh

[10] Para utusané padha calathu: Apa ana semang-semangé ing dalem Allah, kang ani- tahaké langit-langit lan bumi? Panjenengané anguwuh sira amrih angapura marang sira saka ing kaluputanira sarta anyumenèkaké sira tumeka mangsa kang tinamtu. Dhèwèké padha calathu: Kowé iku ora liya kajaba wong padhané aku; kowé padha niyat arep anyimpang- aké aku saka apa kang adaté disembah-sembah bapak-bapakku; mulané anekakna wisésa kang cetha marang aku

[11] Para utusané padha calathu marang dhèwèké: Aku iki ora liya kajaba wong padhané sira, ana- nging Allah amaringaké nugraha- marang kawula-Né, sapa sing kaparenging karsa-Né, lan ora mungguh tumrapé aku yèn ane- kakna wisésa marang sira kajaba kalawan idining Allah; lan marang Allah kuduné anggoné sumarah para angèstu

[12] Lan apa ta karanané yèn aku, ora padha sumaraha marang Allah, lan temen Panjenengané wus anun- tun aku ing dadalanku? Lan sa- yekti aku bakal padha anyabaraké marang panguya-uyamu ing aku; lan marang Allah kuduné anggoné sumarah para kang padha sumarah

[13] Lan para kang padha kafir anyalathu marang para utusané: Sayekti aku bakal padha nundhung kowé kabèh saka ing bumiku , utawa kowé kudu padha bali ing agamaku. Tumuli Pangérané amedhar sabda marang dhèwèké: Sayekti Ingsun bakal anglebur para kang atindak dudu

[14] Lan sayekti Ingsun bakal angenggonaké sira ing bumi ing sapungkuré dhèwèké; iki tumrap sapa-sapa kang wedi ana ing ngarsané Panjenengan-Ingsun sarta wedi ing pangancam-Ingsun

[15] Dhèwèké padha nyuwun pan- casan sarta sarupané kang milawa- ni tanpa duduga padha kacuwan

[16] Naraka ana ing ngarepé sarta diombèni banyu panas

[17] Anggoné ngombé saka sathi- thik-sathithik sarta ora kalawan kapénak panguluné, apa déné kasusahan bakal anekani dhè- wèké saka sadhéngah panggonan, ananging dhèwèké ora bakal mati, sarta siksa ingkang anggigirisi bakal ana ngarepé

[18] Sanépané para kang padha kafir marang Pangérané: pang- gawé-panggawéné kaya déné awu kang katiyup ing angin ing dina sindhung riwut, dhèwèké ora bakal bisa nguwasani sathithik-thithika marang barang kang wus pina- kolih; iki sasar kang adoh

[19] Apa sira ora weruh, yèn Allah wus anitahaké langit-langit lan bumi kalayan yakti? Manawa Panjenengané angarsakna, Panje- nengané amundhut sira sarta anekakaké titah kang anyar

[20] Lan iki ora angèl ingatasé Allah

[21] Lan dhèwèké bakal padha ngaton ing ngarsaning Allah kabèh, banjur para kang apes bakal calathu marang para kang padha gumedhé: Sayekti aku biyèn padha pandhèrèkmu, lah apa kowé padha bisa anulak siksaning Allah sa- thithik-sathithik saka ing aku? Bakal padha calathu: Mungguh Allah anuntuna aku, amasthi aku padha anuntun ing kowé; padha baé ingatasé aku kabèh, apa aku padha ora sabar apa padha sabar; aku padha ora duwé pangungsén

[22] Lan sétan bakal calathu bareng prakara wis kaputus: Sayekti Allah wis anjanjèni kowé janji nyata, lan aku iya anjanjèni kowé, ananging kowé padha dak- cidrani, lan ingatasé marang kowé aku ora duwé purba wisé- sa ananging marang kowé aku mung ajak-ajak, kowé banjur padha miturut marang aku; mulané aja padha anutuh aku, lan padha nutuha awakmu dhéwé: Ora bisa aku dadi réwangmu lan iya ora bisa kowé padha dadi réwang- ku: sayekti, aku anyélaki marang anggonmu padha anyakuthokaké aku ing biyèn; sayekti, para wong atindak dudu kang bakal padha olèh bagèan siksa kang nglarani

[23] Lan para kang padha angèstu lan padha alaku becik padha dilebokaké ing patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono kalawan idining Pangérané; pakurmaté ana ing kono: Rahayu

[24] Apa sira ora animbang- nimbang, kapriyé anggoné Allah wus adamel sanépané sabda utama, kaya déné wit kang becik kang oyodé kukuh lan kang pang- pangé dhuwur

[25] Angetokaké wohé ing sadhé- ngah mangsa kalawan idining Pangérané? Lan Allah adamel sa- népa-sanépa tumrap para manusa, supaya padha élinga

[26] Lan sanépané sabda candhala iku kaya dhéné wit ala, rungkad saka ing dhuwuring bumi; kasan- tosané ora ana

[27] Allah anetepaké para kang padha angèstu, kalawan sabda kang tetep, ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat, sarta Allah anasaraké wong-wong kang atindak dudu, lan Allah iku anindakaké apa kaparenging karsa- Né

[28] Apa sira ora andeleng marang para kang padha angijoli nugraha- ning Allah kalawan kakafiran sarta angudhunaké bangsané ing enggon karusakan

[29] naraka? Dhèwèké bakal malebu mrono, lan ala padunungan iku

[30] Lan dhèwèké padha agawé sisihan anjèjèri Allah, pamrihé anasaraké saka ing dadalan-É. Calathua: Padha emat- na, lah sayekti, balinira iku tumeka marang geni

[31] Calathua marang para kawu- la-Ningsun kang padha angèstu padha anjumenengna salat sarta amèwèhna barang paparing-Ingsun marang dhèwèké, kalawan sisi- dheman utawa kalawan ngedhèng, ing sadurungé tekaning dina, kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana mimitran

[32] Allah iku Kang anitahaké langit-langit lan bumi sarta anurun- aké banyu saka ing mendhung, banjur didamel angetokaké wowo- han, minongka rijeki tumrap marang sira, sarta Panjenengané andadèkaké prau alaladi marang sira, amrih padha lumaku ing sagara kalawan paréntahé Panjene- ngané, apa déné Panjenengané andadèkaké kali-kali padha laladi marang sira

[33] Lan Panjenengané andadèk- aké sréngéngé lan rembulan alaladi marang sira, sakaroné padha lumaku manut dalané, apa déné Panjenengané andadèkaké wengi lan raina alaladi marang sira

[34] Lan Panjenengané amaringi sira sarupané barang panyuwunira ing Panjenengané; lan lamun sira padha angitunga nugrahaning Allah, iku sira ora bisa ngétung; sayekti, manusa iku banget ang- goné atindak dudu, banget ora duwé panarima

[35] Lan nalikané Ibrahim munjuk: Pangéran kawula! mugi nagari punika Tuwan dadosaken kerta, saha mugi kawula tuwin anak-anak kawula Tuwan tebihaken saking angawulani bra- hala-brahala

[36] Pangéran kawula! saèstu, punika sampun anasaraken titiyang kathah; milanipun sinten ing- kang manut ing kawula, saèstu pu- nika golongan kawula, lan sinten ingkang ambangkang ing kawula, lah saèstu Tuwan punika Apara- marta, Mahaasih

[37] Dhuh, Pangéran kawula! saèstu, kawula angenggènaken sapérangan ing turun kawula ing jujurang ingkang boten wonten wedalipun wowohan, ing sacelak- ipun padaleman Tuwan ingkang Sinuci,a Pangéran kawula! amurih piyambakipun sami anjumenengna salat, milanipun mugi manah- manahipun para titiyang sami Tuwan dadosaken tumiyung dha- teng piyambakipun, saha mugi sami Tuwan rijekèni wowohan; darapon sami atura panuwun

[38] Dhuh Pangéran kawula! sa- èstu, Tuwan punika angudanèni punapa ingkang sami kawula singidaken saha punapa ingkang sami kawula wedharaken, sarta ingatasipun Allah boten wonten ingkang kasamaran samukawis ingkang wonten ing bumi sarta ingkang wonten ing langit

[39] Sadaya pangalembana kagu- nganipun Allah ingkang sampun amaringi Isma’il saha Ishaq dha- teng kawula ing sepuh ; saèstu Pangéran kawula punika temen Ingkang-Midhanget- aken panyuwun

[40] Pangéran kawula! mugi ka- wula Tuwan dadosaken tiyang ingkang ajumenengaken salat, saha turun-turun kawula ; dhuh Pangéran kawula, mugi Tuwan anyembadani panyuwun kawula

[41] Dhuh Pangéran kawula, mugi Tuwan aparing pangayomana dha- teng kawula, saha dhateng tiyang sepuh kawula tuwin dhateng para angestu ing dinten adeging péta- ngan

[42] Lan aja sira ngira, manawa Allah iku léna marang apa pang- gawéné para wong kang atindak dudu: Panjenengané mung aparing sumené marang dhèwèké tumeka ing dina kang ing kono mripat- mripat bakal padha mandeng

[43] Padha mara aririkatan, sirahé padha andhangak, mripaté tanpa tumolih marang dhèwèké sarta padha entèk atiné

[44] Lan para manusa padha pépélingana dina bakal tumeka- ning siksa marang dhèwèké; tumuli para kang padha atindak dudu bakal munjuk: Dhuh, Pangéran kawula, mugi Tuwan anyumenèkaken kawula dumugi mangsa ingkang parek, kawula sami anyandikanana panguwuh Tuwan saha manut para utusan. Apa ta kowé ora wus padha supata, ing biyèn, kowé ora bakal padha tumiba ing karusakan

[45] Lan sira padha manggon ana ing padunungané para kang padha atindak dudu marang awaké dhé- wé, apa déné wis terang tumrapé sira, kapriyé pamisésa-Ningsun marang dhèwèké, lan Ingsun wus andadèkaké sanépa-sanépa tumrap ing sira

[46] Lan temen dhèwèké padha angrancang rancangané, ana- nging rancangané iku ana ing Allah sanajan ta rancangané iku gunung bisa sirna

[47] Mulané aja ngira, Allah, anyulayani janji-Né marang utu- san-utusan-É; sayekti Allah iku Mahamulya, Ingkang kagungan wawales

[48] Ing dina kalané bumi disalini bumi séjéné lan langit-langit , sarta dhèwèké bakal padha ngaton maring Allah, Ingkang-Mahatunggal, Ingkang- Mahawisésa

[49] Lan ing dina iku sira bakal andeleng para wong duraka padha katalènan dadi siji ing rèntè- ngan

[50] Sandhangané sing digawé tir, sarta geni anutupi rai-rainé

[51] Amrih Allah amales siji- sijining jiwa apa panggawéné; sayekti Allah iku rikat ing pangétung

[52] Iki panerangan anyukupi tu- mrap para manusa, lan supaya dhèwèké padha dipépélingi sarana iku, lan supaya padha weruha, yèn Panjenengané iku Sesembahan Mahatunggal sarta supaya para kang padha ana akalé padha élinga

Al-Hijr

Surah 15

[1] Ingsun Allah, Ingkang-Amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitabb sarta Quranc kang agawé terang

[2] Kerep baé para kang padha kafir angajab lamuna mauné padha dadi Muslimin

[3] Padha togna baé, cikbèn padha mangan lan seneng-seneng sarta dhèwèké padha ébra pangarep-arep, amarga dhèwèké bakal énggal padha weruh

[4] Lan ora pisan Ingsun angle- bur sawijining kutha kajaba masthi mangsa wus diweruhaké marang iki

[5] Ora ana umat bisa anggégé mangsané kang wus tinamtokaké lan ora bisa nyumenèkaké

[6] Dhèwèké padha calathu: É, wong kang tinurunan Pépéling, sayekti kowé iku édan temen

[7] Yagéné kowé ora anekakaké para malaikat marang aku kéné manawa kowé golongané para wong temen

[8] Ingsun anurunaké para mala- ikat iku ora liya kajaba kalawan yakti, lan tumuli dhèwèké padha ora disumenèkaké

[9] Sayekti, Ingsun wus anurun- aké Pépéling, lan sayekti iku temen Ingsun kang rumeksa

[10] Lan sayekti temen Ingsun wus angutus ing saduru- ngira ing bangsa kang dhisik- dhisik

[11] Lan ora kena ora saben ana sawijining utusan tumeka marang dhèwèké, iku masthi padha di- guguyu

[12] Kaya mangkono iku Ingsun lebokaké ing ati-atiné para wong duraka

[13] Marang iku dhèwèké padha ora angèstu, lan temen wus katatalan lakuné para wong kang dhisik-dhisik

[14] Lan sanajan ta dhèwèké padha Ingsun wenganana lawang ing langit, tumuli nganti suwé padha munggah ing kono

[15] Amasthi bakal padha calathu: Mripatku mung padha kesérup, malah aku kabèh iki sawijining bangsa kang kena ing kemayan

[16] Lan sayekti temen, Ingsun wus andadèkaké pikuwat-pikuwat ana ing langit sarta iku Ingsun katonaké asri tumrap para kang andeleng

[17] Sarta iku Ingsun reksa saka sarupané sétan kang sinikokaké

[18] Ananging sapa sing nyolong pangrungu, iku urub kang padhang banjur anututi dhèwèké

[19] Lan bumi – iku Ingsun gelar, sarta Ingsun andokoki gunung kukuh ing kono apa déné ana ing kono Ingsun anuwuhaké samu- barang kalawan timbangan kang trep

[20] Lan ana ing kono Ingsun wus andadèkaké sarana-sarananing pa- nguripan tumrap marang sira lan tumrap sapa-sapa kang dudu sira kang angrejekèni

[21] Lan ora ana sawijining barang baé kang gedhong pasim- penané ora ana ing Ingsun, sarta iku ora Ingsun turunaké kajaba kalawan pamurwat kang wus kawruhan

[22] Lan Ingsun angutus angin kang anyuburaké tumuli Ingsun anurunaké banyu saka ing men- dhung, banjur iku Ingsun gawé ombènira, sarta iku dudu sira kang anyimpen

[23] Lan sayekti, temen Ingsun kang agawé urip lan agawé pati sarta Ingsun kang dadi Waris

[24] Lan temen Ingsun anguda- nèni sira kang padha ndhisiki sarta temen Ingsun angudanèni kang angèrèni

[25] Lan sayekti, Pangéranira, iku bakal angimpun dhèwèké; sayekti Panjenengané iku Wicaksana, Angudanéni

[26] Lan sayekti, temen Ingsun wus andadèkaké manusa saka lempung garing, saka endhut ireng kang winangun

[27] Lan jin, iku ing sadurungé, wus Ingsun dadèkaké saka geni kang banget panasé

[28] Lan nalikané Pangéranira angandika marang para malaikat:a Sayekti, Ingsun andadèkaké ma- nusa saka lempung garing, saka endhut ireng, kang winangun

[29] Bareng iku wus Ingsun gawé ganep langkep sarta ing jeroné wus Ingsun tiyup sarana ruh-Ingsun, padha tumundhuka marang dhè- wèké, sumujud.a

[30] Tumuli padha sujud sakèhing malaikat kabèh

[31] Ananging Iblis ora;b emoh dadi golongané kang padha sujud

[32] Panjenengané angandika: É, Iblis! apa karanané, déné kowé padha ora dadi golongané kang padha sujud

[33] Unjuké: Boten badhé kula punika sumujuda dhateng manusa, ingkang Tuwan dadosaken saking lempung garing, saking endhut cemeng ingkang winangun

[34] Pangandikané: lah metua saka ing kono, awit sayekti, sira iku katundhung

[35] Lan sayekti, wewelak tumiba marang sira tumeka ing dina pancasan

[36] Unjuké: Pangéran kawula! mila mugi aparing sumené ing kawula dumugi ing dintenipun piyambakipun sami tinangèk- aken

[37] Pangandikanipun: Lah sayek- ti, sira iku kagolong para kang pinaringan sumené

[38] Tumeka dinaa wayah kang wus kawruhan

[39] Unjuké: Pangéran kawula! sarèhning Tuwan sampun mancasi kawula dhumawah ing sasar, saèstu, awon badhé kawula damel anengsemaken tumrap piyambak- ipun wonten ing bumi, sarta saèstu kawula badhé anasaraken piyam- bakipun sadaya

[40] Kajawi para kawula Tuwan saking golonganipun, ingkang sami sinuci

[41] Pangandikané: Iki dalan jejeg ingatasé Ingsun

[42] Sayekti, para kawula-Ningsun, iku sira ora duwé kawasa tumrap marang dhèwèké, kajaba para sasar kang padha manut ing sira

[43] Lan sayekti, naraka iku eng- gon kang dijanjèkaké ing dhèwèké kabèh

[44] Iku ana koriné pitu; siji- sijining kori kabubuhan dhèwèké sabagéan kang pinantha

[45] Sayekti para wong bekti iku bakal padha ana ing sajroning patamanan sarta susumberan

[46] Padha lumebua mrono kala- wan rahayu, tentrem

[47] Lan Ingsun bakal ambirat apa kang ana ing dhadhané kang arupa pangunek-unek __ kaya sadulur, ana ing dhampar padha arep-arepan

[48] Ana ing kono sayah ora bakal angenani dhèwèké sarta ora bakal padha diwetokaké saka ing ko- no

[49] Wartanana para kawula-Ning- sun manawa Ingsun iku Ingkang- Aparamarta, Ingkang-Mahaasih

[50] Lan manawa siksa-Ningsun iku siksa kang anglarani

[51] Lan padha wartanana prakara dhayoh-dhayohé Ibrahim

[52] Nalika padha malebu marang panggonané banjur padha acala- thu: Rahayu. Wangsulané: Saèstu, kula ajrih dhateng panjenengan

[53] Padha calathu: Sampun sam- péyan ajrih, saèstu, kula suka wartos bibingah dhateng sampé- yan, sampéyan badhé sinungan putra jaler, sugih kawruh

[54] Calathuné: Kados pundi pan- jenengan aparing wartos bibingah ing kalanipun kula sampun dumugi umur sepuh? __ Lah, punapa ta baya wartos bibi- ngah ingkang panjenengan paring- aken kula

[55] Padha calathu: Kula suka wartos bibingah dhateng sampéyan punika kalayan yektos, mila- nipun sampun sampéyan dados èwoning tiyang ingkang putung ing pangajeng-ajeng

[56] Calathuné: Lan sinten ing- kang putung pangajeng-ajengipun dhateng wilasaning Pangéranipun kajawi para tiyang sasar

[57] Calathuné: lajeng punapa perlu panjenengan, dhuh para utusan

[58] Padha calathu: Saèstu, kula sami dipun utus dhateng ing umat ingkang sami duraka

[59] Kajawi para pandhèrèkipuna Luth:b Saèstu, punika sami badhé kula wilujengaken sadaya

[60] Kajawi rabinipun; sampun kula tamtokaken, saèstu piyambak- ipun kalebet golonganipun para ingkang sami kantun

[61] Bareng para utusan tumeka marang pandhèrèké Luth,c

[62] Dhèwèké calathu: Saèstu, panjenengan punika titiyang ing- kang boten kasumerepan

[63] Padha calathu: O, dhateng kula ing ngriki kalayan barang ingkang ing ngriku piyambakipun sami amabeni

[64] Sarta anggèn kula andhatengi sampéyan punika kalayan yakti tuwin kula punika saèstu sami temen

[65] Milanipun sampéyan késah kaliyan pandhèrèkd sampéyan ing péranganing dalu sarta sampéyan kinthil wingkingipun, punapa déné sampéyan sadaya sampun ngantos wonten satunggal kémawon ing- kang tumolih, sarta sampéyan terus dhateng pundi ingkang kaparén- tahaken dhateng sampéyan

[66] Lan Ingsun wedharaké ma- rang dhèwèké pancasan iki, yaiku oyodé iki bakal dikethok ing wayah bangun

[67] Lan wong-wong kutha padha teka, abungah-bungah

[68] Dhèwèké calathu: Sayekti iki dhayoh-dhayohku, mulané aja kowé padha agawé nisthaku

[69] Sarta padha diprayitna ma- rang Allah tuwin aja padha amirangaké aku

[70] Padha calathu: Apa aku ora wis padha anglarangi kowé tumrap wong-wong

[71] Dhèwèké calathu: Iki lho anak-anakku wadon, manawa kowé padha arep agawé

[72] Dhemi umurira! sayekti dhè- wèké iku padha bingung mak- makan ing dalem mendemé

[73] Tumuli swara gumludhuga angregem dhèwèké ing wayah mlethèking sréngéngé

[74] Tumuli Ingsun walik, lumahé dadi dhasaré sarta Ingsun udani watu kaya kang wus dadi pan- casan.b

[75] Sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha aniti-niti

[76] Lan iku sayekti ana ing dadalan kang isih ana

[77] Sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap para angèstu

[78] Lan wong kang padha dudu- nung ing gagrumbulan, temen iya padha atindak dudu

[79] Mulané Ingsun anibakaké wawales ing dhèwèké, sarta sayekti, sakaroné temen ana ing dalan umum kang di- turut

[80] Lan sayekti, para wong ing Al-Hijr temen padha anggorohaké para utusan

[81] Lan Ingsun wus anekakaké timbalan-timbalan-Ingsun, ananging iku dhèwèké padha mléngosi

[82] Lan dhèwèké padha natahi gunung minangka omah, kalawan padha aman

[83] Tumuli swara gumludhuga angregem dhèwèké ing wayah bangun-ésuk

[84] Lah apa kang pinakolih ora makolihi marang dhèwèké

[85] Lan anggon-Ingsun anitahaké langit-langit lan bumi sarta apa kang ana ing antarané iku ora liya kajaba kalayan yakti. Lan sayekti, wayahé temen tumeka; mulané sira sumingkira kalawan paramarta utama

[86] Sayekti Pangéranira iku Ing- kang-Anitahaké sagung dumadi, Ingkang-Angudanèni

[87] Sayekti, temen Ingsun wus amaringaké marang sira pitung kang tansah dibolan-balè- ni sarta Quran kang agung

[88] Sira aja banget mandengaké mripatira marang apa kang wus Ingsun paringaké marang golongan sawenéhé minangka bubungah, sarta aja sira susah tumrap prakara dhèwèké apa déné dilembah ma- nah marang para angèstu

[89] Lan calathua: Sayekti, aku iki juru-pépéling kang terang

[90] Kaya déné anggon-Ingsun anurunaké marang para kang angalang-alangi

[91] Yaiku para kang padha anga- rani Quran iku panggorohan

[92] Lah, dhemi Pangéranira, tem- en Ingsun bakal andangu dhèwèké kabèh

[93] Ing sabarang kang wus padha dilakoni

[94] Mulané terangna kalawan ngeblak apa kang diparéntahaké marang sira sarta sumingkira saka kang manembah pangéran akèh

[95] Sayekti, Ingsun bakal anyu- kup ing sira saka panglawané para kang padha angguguyu

[96] Yaiku para kang padha agawé sisihaning Allah sesembahan liya; lah dhèwèké bakal tumuli weruh

[97] Lan sayekti Ingsun temen angudanèni, yèn sira dadi bebeg dhadhanira amarga saka pangu- capé

[98] Mulané, mahasucèkna kala- wan pangalembananing Pangéra- nira, sarta dadia golongané para kang padha sumungkem

[99] Apa déné ngawulanana Pangéranira nganti barang yakin iku anekani sira

An-Nahl

Surah 16

[1] Paréntahing Allah wis rawuh; mulané, iku aja sira padha ang- gégé. Mahasuci Panjenengané sarta Mahaluhur, adoh saka apa kang padha disakuthokaké

[2] Panjenengané anurunaké para malaikat angemban timbalan saka dhawuh-É, marang sapa-sapa kawula-Né, kang dadi kaparenging karsa-Né, pangandikané: Apé- pélinga, yèn ora ana sesembahan kajaba Ingsun, mulané di ngati-ati marang Ingsun

[3] Panjenengané wus anitahaké langit-langit lan bumi kalawan yakti, mahaluhur Panjenengané adoh saka apa kang padha di- sakuthokaké

[4] Panjenengané wus anitahaké manusa saka banyu wijining urip, A lah satemah dhèwèké iku dadi tukang madoni kang ngeblak

[5] Apa déné rajakaya, iku Panje- nengané anggoné anitahaké, tu- mrap marang sira; ing kono sira olèh sandhangan anget sarta pirang-pirang paédah apa déné ana kang sira pangan

[6] Lan ing kono sira olèh kase- nengan nalikané padha sira giring sarta nalikané sira uculaké

[7] Apa déné anggawakaké gaga- wanira kang abot marang nagara- nagara, kang ora bisa sira padha tumeka mrono kajaba kalawan rekasaning jiwa; sayekti Pangé- ranira iku Mahawelas, Mahaasih

[8] Lan manèh jaran, bighal sarta kuldi, supaya iku dadi tungga- nganira sarta minangka rerenggan; apa déné Panjenengané anitahaké barang kang sira padha ora weruh

[9] Lan anuduhaké dalan bener iku ana ing Allah , sarta iku ana kang mlèncèng; lan lamun Panjenengané angarsak- na, amasthi Panjenengané anuntun ing sira kabèh

[10] Panjenengané iku kang anu- runaké banyu saka ing mendhung tumrap marang sira; iku ana sing dadi ombèn-ombèn lan ana sing kanggo wit-witan, ing kono sira padha angon

[11] Kalawan iku Panjenengané anukulaké tanem-tuwuh kanggo marang sira sarta zaitun lan kurma- kurma tuwin anggur-anggur apa déné sarupaning wowohan; sayek- ti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong kang padha mikir- mikir

[12] Lan Panjenengané wus anda- dèkaké wengi lan raina sarta srengéngé tuwin rembulan alaladi marang sira, apa déné lintang- lintang iku anggoné laladi kalawan paréntah-É; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angangen-angen

[13] Apa déné sabarang ules manéka-warna kang Dianakaké ing bumi tumrap marang sira; sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap wong kang padha angalap éling

[14] Lan Panjenengané iku kang andadèkaké sagara alaladi, supaya sira padha mangana daging anya- ran saka ing kono sarta padha angetokna papaès kang padha sira anggo saka ing kono, lan sira andeleng prau anyigar ing kono, apa déné supaya sira padha angupaya lubèring papa- ring-È tuwin supaya sira padha atur panuwun

[15] Lan Panjenengané andèkèk gunung gedhé-gedhé ing bumi, supaya iki ora oyag kalawan sira, apa déné kali-kali lan dalan-dalan supaya sira padha bener ing laku

[16] Tuwin tenger-tenger; sarta kalawan lintang-lintang dhèwèké padha olèh dadalan bener

[17] Lah apa Kang anitahaké iku padha karo kang ora nitahaké? Lah apa ta sira padha ora ngangen- angen

[18] Lan manawa sira amilanga nugrahaning Allah, iku ora bakal sira bisa nacahaké; sayekti Allah iku temen Aparamarta, Mahaasih

[19] Lan Allah iku angudanèni apa kang padha sira singidaké lan apa kang padha sira blakaké

[20] Lan apa kang padha diuwuh, saliyané Allah, iku ora nitahaké apa-apa, malah padha dititahaké

[21] mati, ora urip, sarta padha ora weruh kapan ang- goné bakal padha tinangèkaké

[22] Pangéranira iku Pangéran Kang Mahatunggal; lah para kang padha ora angèstu ing akhirat, iku atiné padha katambuhan sarta padha gumedhé

[23] Ora kena ora, sayekti Allah iku angudanèni apa kang padha siningidaké sarta apa kang dieblak; sayekti Panjenengané ora remen marang para gumedhé

[24] Lan nalikané padha dicala- thoni: Wus anurunaké apa Pangé- ranira? Padha calathu: dongèngé para wong kuna

[25] Supaya ing dina kiyamat padha nyangga sasanggané kabèh; mangkono manèh sabagéaning sasanggané para kang padha kasa- saraké kalawan tanpa kawruh; o, sayekti ala apa sasanggané

[26] Para ing sadurungé dhèwèké temen wus padha angragum paé- kan, ananging Allah angrubuhaké yayasané saka ing tatalesé; tumuli payoné, saka ing sadhuwuré, ani- bani dhèwèké, sarta siksané tume- ka marang dhèwèké saka pang- gonan kang ora dikira-kirakaké

[27] Tumuli ing dina kiyamat Pan- jenengané angasoraké dhèwèké sarta angandika: Endi sekuthon Ingsun, kang padha dadi karanané sira padha mungsuhi? Para kang padha sinungan kawruh acalathu: Sayekti, ing dina iki asor lan ala tumiba marang para kafir

[28] Para kang padha digawé mati déning para malaikat, padha atin- dak dudu marang awaké dhéwé. Tumuli padha angaturaké suma- rah: Kawula boten naté ang- lampahi awon. O, lah, sayekti Allah iku angudanèni marang apa kang padha sira lakoni

[29] Mulané padha malebua kori- korining naraka, padha manggon ing kono; lah temen ala padunu- ngané para gumedhé iku

[30] Lan dipangandikakaké marang para kang padha prayitna : Pangéranira wus andhawuh- aké apa? Padha calathu: Kasaénan. Para kang padha agawé becik ana ing donya iki olèh kabecikan, lan temen, padunungan ing akhirat iku luwih becik; lan temen pinunjul banget padunungané para kang padha prayitna

[31] Patamanan kalanggengan, dhè- wèké bakal padha malebu mrono, kali-kaliné padha mili ing jeroné; ana ing kono bakal padha olèh apa kang dikarepaké. Kaya mangkono iku pangganjaré Allah marang para kang padha prayitna

[32] Para kang padha digawé mati déning para malaikat ing dalem kahanan becik, padha calathu: Rahayu tumibaa ing sira, padha malebua patamanan, amarga saka apa kang wus padha sira lakoni

[33] Dhèwèké padha ora angen- tèni apa-apa kajaba bakal tekané para malaikat marang dhèwèké utawa bakal tekané paréntahé Pangéranira. Kaya mangkono iku wus dilakoni para ing sadurungé dhèwèké; lan Allah iku ora anganiya dhèwèké, ana- nging dhèwèké kang wus padha anganiaya awaké dhéwé

[34] Banjur ala saka panggawé-panggawéné ange- nani dhèwèké sarta apa kang padha diguguyu anglimputi dhèwèké

[35] Lan para kang padha anyaku- thokaké acalathu: lamun ta Allah angarsakna, ora bakal aku padha ngawulanana sawiji-wiji saliyané Panjenengané, aku, mangkono manèh bapak-bapakku, sarta ora bakal aku padha angla- rangana sawiji-wiji tanpa Panjenengané. Para ing sadurungé dhèwèké iya anglakoni kaya mangkono. Mulané apa ta pipikulané para utusan iku kajaba anekakaké ayahan kang terang

[36] Lan temen, ing siji-sijining umat Ingsun wus anjumenengaké sawijining utusan, calathuné:a Padha angawulanana Allah sarta angedohana sétan. Banjur dhèwèké ana kang olèh tuntunaning Allah lan ana kang sasar tumiba marang dhèwèké; mulané padha lalakua ana ing bumi; lah padha delengen, kapriyé kawusanané para wong kang padha anggorohaké

[37] Lamun sira angudi kumudu dhèwèké padha olèha pituduh, lah sayekti Allah iku ora aparing pituduh sapa-sapa kang anasaraké , sarta dhèwèké ora bakal padha olèh pitulung

[38] Lan dhèwèké padha sumpah kalawan asarana keras-kerasing sumpahé: Ora bakal Allah anangèkaké sapa sing wis mati. O, la, iya, ! iku sawijining janji, tetep atas Panje- nengané, nyata temenan, ananging akèh-akèhé manusa padha ora weruh

[39] Supaya Panjenengané ane- rangaké marang dhèwèké, kang ing kono dhèwèké padha sulaya, sarta supaya para kang padha kafir padha weruh, manawa awaké iku padha wong goroh

[40] Sabda-Ningsun marang sawi- ji-wiji, kalané Ingsun angarsakaké iku, iku cukup mung yèn Ingsun sabdakaké: Anaa, banjur ana

[41] Lan para kang padha ngili karana Allah ing sawisé kinaniaya, temen bakal Ingsun paringi padu- nungan kang becik ana ing donya, sarta pituwasé ing akhirat temen luwih gedhé: yèn ta padha we- ruha

[42] Para kang padha sabar sarta marang Pangérané padha sumarah

[43] Lan Ingsun ora angutus ing sadurungira, kajaba para wong lanang, kang padha Ingsun wedhari sabda – mulané padha takona para pandhèrèking Pépéling, manawa sira padha ora weruh –

[44] Kalawan bukti-bukti kang terang sarta layang-layang;a lan Ingsun anurunaké Pépéling marang sira, supaya sira anerangaké marang para manusa apa kang katurunaké marang dhèwèké lan supaya dhèwèké padha mikir- mikira

[45] Lah apa ta para kang padha angragum paékan ala padha rumasa santosa, yèn Allah bakal angasoraké dhèwèké ing bumi, utawa yèn siksa bakal anekani dhèwèké saka ngendi-endi kang dhèwèké ora anggraita

[46] Utawa Panjenengané amatra- pi dhèwèké sajroné padha lulu- ngan; lah ora bakal dhèwèké padha bisa oncat

[47] Utawa Panjenengané ama- trapi dhèwèké kalawan nandhang kalonglongan saka sathithik; awit sayekti Pangéranira iku temen Welas, Mahaasih

[48] Apa ta padha ora andeleng marang samubarang kang wus katitahaké déning Allah? Ayang- ayangé padha ngalih saka tengen lan kiwa, sumungkem marang Allah, kang mangka dhèwèké padha banget asoré

[49] Lan marang Allah anggoné sumungkem samubarang ing langit-langit lan samubarang ing bumi kayata gegremet, lan para malaikat, lan padha ora gumedhé

[50] Padha wedi ing Pangérané Ingkang-Mahaluhur sarta padha anglakoni apa kang kaparéntah- aké.a

[51] Lan Allah wus angandika: Aja padha angalap sesembahan loro, Panjenengané iku mung Sesembahan sawiji; mulané mung marang Ingsun kuduné wedinira

[52] Lan samubarang ing langit- langit lan bumi iku kagungan-É, apa déné pambangun turut kang tetep iku konjuk Panjenengané; lah apa ta sira mrayitnani saliyané Allah

[53] Lan sabarang nugraha kang ing sira, lah iku saka ing Allah, sabanjuré, samangsa rekasa angenani sira, lah marang Panjenengané panyuwunira pitu- lung

[54] Sabanjuré, samangsa Panje- nengané wus ambirat rekasa iku saka ing sira, lah ing kono sira kang sapantha padha anjèjèri sekuthon ing Pangérané

[55] Supaya dhèwèké padha anga- firi marang barang paparing-Ing- sun ing dhèwèké; lah padha sira seneng-senenga, amarga sira bakal énggal padha weruh

[56] Lan dhèwèké padha amisung- sungaké sapérangané paparing- Ingsun ing dhèwèké marang barang kang dhèwèké padha ora weruh. Dhemi Allah, temen sira bakal dinangu prakara barang kang padha sira anggo gawé-gawé goroh

[57] Lan dhèwèké padha ngang- gep, manawa Allah iku kagungan putra putri-putri; Mahasuci Panje- nengané; déné tumrap awaké dhéwé apa kang dikapéngini

[58] Lan nalika dhèwèké salah siji diwènèhi pawarta bubungah anak wadon, rainé peteng sarta dhèwèké kebak anawung bendu

[59] Andhelik saka wong-wong, amarga barang bubu- ngah kang diwartakaké kang awujud ala iku. Apa ta iki arep dilastarèkaké kalawan nandhang ina, apa ta arep dipendhem ing lemah ? O, la, temen ala pancasané

[60] Para kang padha ora angèstu ing akhirat kadunungan sifat ala, lan sifat kang linuhung iku ka- gungané Allah; lan Panjenengané iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang- Wicaksana

[61] Lamun Allah iku anglebura para manusa amarga saka anggoné atindak dudu, ing bumi ora bakal ana titaha siji sing Dikarsakaké kari, ananging padha Diparingi sumené tumeka mangsa kang tinamtu; lah samangsa wus tumeka mangsané, ora bakal kena disume- nèkaké saejam sarta ora kena diajokaké

[62] Lan dhèwèké padha angang- gep ing Allah apa kang awaké dhéwé sengit, sarta lisané padha angandhakaké goroh yèn dhèwèké bakal olèh kang becik; ora kena ora, temen, yèn padha olèh bubuhan geni sarta bakal padha didhisikaké

[63] Dhemi Allah, sayekti temen Ingsun wus angutus marang para bangsa-bangsa ing sadurungira, ananging sétan amaès-maèsi panggawé-panggawé- né tumrap dhèwèké; mulané ing saiki si sétan pangayomané, lan bakal padha olèh siksa kang nglarani

[64] Lan anggon-Ingsun anurun- aké Kitab marang sira, iku ora liya kajaba supaya sira anerangna marang dhèwèké tumrap prakara kang ing kono dhèwèké padha apasulayan, apa déné minangka tuntunan lan wilasa tumrap wong- wong kang padha angèstu

[65] Lan Allah iku wus anurunaké banyu saka mendhung, tumuli iku dianggo anguripaké bumi sawisé matiné; sayekti ing kono temen ana tandha tumrap wong-wong kang padha angrungokaké

[66] Lan sayekti, ing dalem raja- kaya, temen ana wuwulang tumrap ing sira; Ingsun aparing ngombé ing sira saka barang kang ana ing sajroning wetengé – saka ing anta- rané taléthong lan getih – puwan kang resik, gumalenggeng tumrap para wong kang ngombé

[67] Lan saka wohing kurma lan anggur – saka ing kono sira bisa olèh sajeng sarta rijeki kang becik; sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang padha ngangen-angen

[68] Sarta Pangéranira aparing wewedhar marang tawon, sabda- Né: Sira gawéa omah ing gunung- gunung lan ing wit-witan apa déné ing yayasané

[69] Tumuli mamangana sira saka sarupaning wowohan, banjur lu- makua ing dadalané Pangéranira kalawan andhap asor. Saka ing wetengé metu ombèn-ombèné rupa- rupa warnané, ing kono ana tam- bané tumrap para manusa. Sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang para mikir

[70] Lan Allah iku wus anitahaké sira, tumuli Panjenengané agawé patinira, lan sawenèhira ana kang dibalèkaké marang asor-asoré pérangané umur, nganti ora weruh apa-apa sing mauné wis weruh; sayekti Allah iku Angudanèni, Kawasa

[71] Lan Allah iku angluwihaké sawenèhira angungkuli sawenéhé ing dalem prakara rijeki; ananging para kang padha diluwihaké, ora amèwèhaké rijekiné ma- rang apa kang kadarbé ing tangané tengen, kang supaya dhèwèké ka- bèh ing dalem prakara iku dadi padha; lah apa ta nugrahaning Allah dhèwèké padha angemohi

[72] Lan Allah wus anggawèkaké jodho sira saka ing awakira, sarta amaringi sira anak lanang lan anak wadon saka ing bojonira, apa déné angrijekèni sira arupa barang kang becik-becik; apa ta marang barang goroh banjur padha angèstu sarta marang nugrahaning Allah padha angafiri

[73] Lan dhèwèké padha ngawu- lani saliyané Allah, kang babar pisan ora angawasani rijeki tumrap dhèwèké saka ing langit-langit lan bumi sarta ora bisa apa-apa

[74] Mulané aja sira padha agawé pipindhan tumrap ing Allah; sa- yekti Allah iku angudanèni lan sira iku padha ora weruh

[75] Allah adamel pipindhan sa- wijining kawula tukon, darbèké sawijining wong ora duwé pangawasa apa-apa, sarta sawiji- ning wong, kang Ingsun paringi rijeki saka ngarsa-Ningsun rijeki kang becik, lah iku dhèwèké anan- jakaké kalawan sidheman sarta kalawan ngeblak; apa ta sakaroné iku padha? panga- lembana kagunganing Allah! Ana- nging sing akèh-akèh dhèwèké padha ora weruh

[76] Lan Allah agawé pipindhan wong lanang loro: kang siji bisu, ora bisa apa-apa lan dhèwèké dadi gawéning bandarané; dhèwèké dikongkon menyang ngendia baé, ora ngolèhaké becik; apa ta kena dianggep padha dhèwèké iku karo wong kang maréntahaké prakara kang ngadil sarta awaké manggon ing dalan kang bener

[77] Lan kagunganing Allah sa- sandining langit-langit lan bumi iku; wondéné prakara wayahé, iku mung prasasat kumedhèping mri- pat, utawa luwih cedhak; sayekti Allah iku marang samubarang kawasa

[78] Lan Allah iku anglairaké sira saka ing guwagarbaning para biyungira – sira ora weruh barang- barang – sarta Panjenengané mari- ngi pangrungu lan pandeleng apa déné ati marang sira, supaya sira padha atur panuwun

[79] Apa padha ora andeleng ma- rang manuk kang katetep ana ing tengahing awang-awang? Iku ora ana kang bisa nahan kajaba Allah; sayekti, ing kono iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha angèstu

[80] Lan Allah wus andadékaké omah-omahira minangka padunu- ngan tumrap ing sira sarta andadèkaké walulanging raja-kaya minangka omah tumrap ing sira, kang ènthèng gawan-gawanané ing dina lunganira lan ing dina lèrè- nira, apa déné wuluné lan wuluné lembut sarta rambuté minangka re- rengganing omah tuwin pasadhi- yan sawatara mangsa

[81] Lan Allah wus andadèk- aké apa kang wus Katitahaké minangka pangéyuban tumrap ing sira sarta wus andadèkaké gunung-gunung minangka pa- ngungsèn tumrap ing sira, apa déné wus aparing sasandhangan marang sira minangka pangreksanira saka ing panas lan manèh anggon- anggon minangka pangreksanira perang- ira; kaya mangkono anggoné Panjenengané anyampurnakaké nugrahané marang sira, supaya sira padha sumaraha

[82] Nanging manawa dhèwèké padha mléngos, lah sasangganira iku mung anekakaké kalawan terang

[83] Dhèwèké padha meruhi nu- grahaning Allah, iku dhèwèké tumuli anyélaki, lan sing akèh padha ora atur panuwun

[84] Lan ing dinané Ingsun anju- menengaké sawijining saksi saka siji-sijining umat banjur ora ana idin diparingaké marang para kang padha kafir sarta ora padha rinilan nyuwun nugraha

[85] Lan nalikané para kang padha atindak dudu andeleng siksa, lah ora bakal diènthèngaké tumrap dhèwèké lan ora bakal padha pinaringan sumené

[86] Lan nalikané para kang padha anyakuthokaké padha andeleng sesembahan-sakuthoné, padha ca- lathu: Pangéran kawula, punika para sesembahan-sekuthon kawula, ingkang sami kawula sebut-sebut sanèsipun Tuwan. Ananging iku bakal padha awèh wangsulan marang dhèwèké: Sayekti kowé iku padha wong goroh

[87] Lan ing dina iku dhèwèké bakal padha angunjukaké sumarah marang Allah; lan barang gawé-gawéné adaté, padha sirna saka ing dhèwèké

[88] Para kang padha kafir sarta padha sumimpang saka dadalaning Allah, iku Ingsun bakal amuwuhi siksa ing siksané, amarga saka anggoné wus padha agawé wisuna

[89] Lan ing dinané Ingsun bakal angadegaké sawijining saksi ing dalem siji-sijining umat tumrap marang umat iku, saka ing awaké dhéwé, sarta anekakaké sira minangka saksi tumrap marang iki – lan Ingsun wus anurunaké Kitab marang sira, anerangaké gamblang ing samuba- rang, apa déné minangka tuntunan sarta wilasa tuwin warta bubungah tumrap para sing padha sumarah

[90] Sayekti Allah aparéntah ing tindak adil sarta agawé becik tuwin wèwèh ing krabat, apa déné anyegah ing laku nistha lan tindak dudu sarta pambaléla; Pan- jenengané amituturi sira supaya sira padha éling

[91] Lan padha nuhonana janji- ning Allah samangsa sira janji sarta aja padha angudhari sumpah sawisé iku dikukuhaké, lan temen sira wus anjumenengaké Allah minangka tanggungan ingatasé sira; sayekti Allah angudanèni apa panggawénira

[92] Lan aja sira dadi kaya wong wadon kang angudhari benangé ing sawisé dadi kukuh, padha bodhol. Sira padha angalap supatanira minangka sarananing palacidra ing antaranira, amarga umat luwih akèh cacahé tinimbang umat . Asarana iku Allah mung anyoba sira; lan temen, ing dina kiyamat Panjenengané bakal anerangaké marang sira barang kang ing kono sira padha sulaya

[93] Lan lamun Allah angarsakna amasthi Panjenengané andadékaké sira dadi umat sawiji, ananging Panjenengané anasaraké sapa sing dadi karsa-Né sarta nuntun sapa sing dadi karsa-Né; lan sayekti sira bakal padha dinangu prakara saba- rang kang padha sira lakoni

[94] Lan aja sira padha angalap supatanira minangka sarananing palacidra ing antaranira, mundhak dalamakan keplèsèd sawisé ku- kuhé sarta sira angrasakaké alané, amarga saka anggonira padha su- mimpang saka dadalaning Allah, apa déné siksa gedhé bakal bagéanira

[95] Lan aja sira padha anampani pangaji sathithik ijolé janjining Allah; sayekti barang kang ana ing Allah iku luwih becik tumrap ing sira, lamun sira padha weruha

[96] Apa kang ana ing sira iku bisa entèk lan apa kang ana ing Allah iku lestari; lan sayekti temen Ingsun bakal aparing pituwasé para kang padha sabar karana banget beciké apa kang wus padha dilakoni

[97] Sapa sing nglakoni becik, apa wong lanang apa wong wadon sarta dhèwèké iku wong angèstu, amasthi temen dhèwèké bakal Ingsun dadèkaké urip kalawan urip kang becik, sarta temen bakal padha Ingsun paringi pituwasé karana banget beciké apa kang wus padha dilakoni

[98] Mulané samangsa sira maca Quran lah nyuwuna ngayom ing Allah saka sétan kang kabendon

[99] Sayekti, dhèwèké iku ora kadunungan wisésa marang para kang padha angèstu sarta padha kumandel marang Pangérané

[100] Wewenangé mung marang para kang padha amawongmitra dhèwèké sarta para kang padha anyakuthokaké Panjenengané ing liyané

[101] Lan samangsa Ingsun anya- lini timbalan kalawan timbalan – lan Allah iku luwih wikan marang apa kang Diturunaké – dhèwèké padha cala- thu: Kowé iku mung tukang gawé gogorohan baé. O, akèh-akèhé dhèwèké padha ora weruh

[102] Calathua: Ruh Suci wus anurunaké iku saka Pangéranira kalawan yakti, supaya aneguhaké para kang padha angèstu, sarta minangka tuntunan tuwin warta bubungah tumrap para sing padha sumarah

[103] Lan sayekti temen Ingsun angudanèni, manawa dhèwèké pa- dha calathu: Sing mulang dhèwèké mung uwong baé. Basané wong kang tinarka iku kasar, mangka iki basa Arab kang gamblang

[104] Sayekti, para kang padha ora angèstu ing timbalan-tim- balaning Allah, iku Allah ora bakal nuntun lan bakal padha olèh siksa kang nglarani

[105] Mung para kang padha ora angèstu ing timbalan-timbalaning Allah kang agawé-gawé goroh, lan dhèwèké iku padha wong goroh

[106] Sapa sing kafir ing Allah sawisé iman, dudu kang pineksa kang sarta atiné anteng karana iman, ananging wong kang ame- ngani dhadha ing kakafiran lah iki kang padha katiban be- bendu saka ing Allah, sarta bakal olèh siksa kang gedhé

[107] Mangkono iku amarga saka anggoné padha dhemen kauripan donya angungkuli akhirat, sarta amarga Allah iku ora anuntun wong kang padha kafir

[108] Iki para kang padha wus diecap déning Allah ati-atiné lan pangrunguné sarta pandeleng- pandelengé, lan iki wong kang padha léna

[109] Wis ora kena ora, ana ing akhirat dhèwèké iku wong kang padha kapitunan

[110] Tumuli, sayekti Pangéranira – tumrap para kang padha ngili ing sawisé padha kinuya-kuya, banjur padha nyrem- peng A sarta padha tahan – sayekti, Pangéranira, ing sawisé iku, temen Aparamarta, Mahaasih

[111] dina, kang ing kono siji-sijining jiwa bakal maju ambélani atur tumrap awaké dhéwé, lan siji- sijining jiwa tampa pituwas ganep apa kang wis padha dilakoni, sarta dhèwèké ora bakal padha dianiaya

[112] Lan Allah agawé pipindhan sawijining kutha kang raharja, tentrem, kang rijekiné muwah- muwuh teka mrono saka ngendi- endi panggonan; ananging iku ora atur panuwun marang nugrahaning Allah; mulané Allah angicipaké iku ing luwé lan wedi kang abanget, amarga saka barang kang wus padha ditindakaké

[113] Lan sayekti, temen sawiji- ning Utusan, unusan saka dhèwèké, ananging iku dhèwèké padha anggorohaké, mulané siksa tumiba marang dhèwèké, sajroné padha atindak dudu

[114] Mulané padha mangana rejeki paparingé Allah marang sira, kang dikenakaké, kang becik, sarta padha atura panuwun marang nugrahaning Allah, manawa sira padha ngawulani Panjenengané

[115] Panjenengané mung angla- rangi bathang tumrapé sira, lan getih sarta daging cèlèng apa déné sabarang kang kalawan anyebut saliyané Allaha, ananging sapa sing kepèpèd, ora karana kapéngin, lan ora angliwati wates,b lah sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

[116] Lan aja padha anyalathok- aké goroh karana sapangucapé lisanira, : Iki kena lan iki ora kena, pamrihé padha agawé-gawé goroh tumrap Allah; sayekti, para kang padha agawé- gawé goroh tumrap marang Allah, ora bakal begja

[117] Kabungahan sathithik, lan dhèwèké bakal olèh siksa kang nglarani

[118] Lan tumrap para kang padha Yahudi Ingsun anglarangi apa kang wus Ingsun caritakaké marang sira ing biyèna, lan Ingsun ora anganiaya dhèwèké, ananging dhèwèké kang padha anganiaya awaké dhéwé

[119] Banjuré, sayekti Pangéran- ira – tumrap para kang padha ang- lakoni ala marga saka ora ngerti- , ing sawisé iku banjur tobat sarta ambecikaké lakuné – sayekti Pangéranira, ing sawisé iku, temen Aparamarta, Mahaasih

[120] Sayekti, Ibrahim iku sawiji- ning panutan, ambangun turut ing Allah, tulus, sarta dudu èwoné para kang-manembah-pangéran akèh

[121] Weruh ing panarima marang nugraha-Né; Panjenengané wus amething dhèwèké sarta nuntun dhèwèké marang dalan kang bener

[122] Lan Ingsun wus aparing becik marang dhèwèké ana ing donya, sarta sayekti, ana ing akhi- rat, dhèwèké temen èwoné para wong becik

[123] Banjur Ingsun aparing we- wedhar marang sira, angandika: Mituruta agamané Ibrahim, wong kang tulus, lan dudu èwoné para manembah-pangéran akèh

[124] Sabbat iku dianakaké mung tumrap para kang padha sulaya ing dalem prakara iku; lan sayekti, Pangéranira, ing dina kiyamat, temen bakal amancasi antarané dhèwèké, tumrap prakara kang ing kono dhèwèké padha sulaya

[125] Angajaka marang dadala- ning Pangéranira kalawan kawi- caksanan sarta pitutur becik apa déné papadon karo dhèwèké kalawan laku kang luwih becik; sayekti Pangéranira iku luwih ngudanèni marang sapa kang sasar saka ing dadalan-É, sarta Panjene- ngané luwih ngudanèni marang wong kang padha miturut ing dalan bener

[126] Lan manawa genti gilirira, lah sira amalesa kalawan satim- bangé, apa kang ditandukaké ma- rang sira; ananging manawa sira sabar, temen iku luwih becik tumrap para kang padha sabar

[127] Lan di sabar, sarta sabarira iku ora liya kajaba kalawan Allah, tuwin aja sira susah prakara dhèwèké, apa déné aja sira judheg ing ati saka ing anggoné padha ngrancang paékan

[128] Sayekti, Allah iku anyartani para kang padha prayitna sarta para kang padha agawé becik

Al-Isra'

Surah 17

[1] Maha suci Allah, kang wis nimbali Muhammad kawulane, lumaku ing wayah wengi, saka Masjidil-Haram ing negara mekkah, marang masjidil Aqsha (kang uga aran baitul muqaddas/baitul maqdis, ing tanah palestina), kang tanah sakiwa-tengene baitul muqaddas mau Ingsun berkahi, (sarana Ingsun wenehi kali pirang-pirang pating sreweh, sarta bumine Ingsun gawe loh jinawi, sarta kathah para nabi kang di utus wonten daerah baitul muqaddas wau), mulane Muhammad Ingsun timbali, bakal Ingsun kersakake munggah marang langit, sarta Ingsun paringi priksa ayat kaelokan Kawusaningsun. Satemene Allah iku Dzat kang Midhanget tur Periksa

[2] Lan maneh Ingsun wis maringi kitab Taurat marang Musa, Dheweke Ingsun dadekake wong kang nuduhake dalan bener marang wong Bani Israil, supaya wong Bani Israil aja padha mangeran marang saliyane Ingsun

[3] He turune wong kang padha tunggangake perahu bareng karo Nuh biyen, sumurupa, menawa Nuh iku wajining kawulaningsun kang gelem ngaturake syukur marang peparingingsun

[4] Lan Ingsun paring wahyu marang wong Bani Israil, kasebut ing kitab, Ingsun paringi pirsa manawa ing tembe para wong Bani Isrial mau padha balela ing Allah, gawe kerusakan ana ing bumi, sarana duraka, nganti rambah kaping pindho, lan padha gumedhe kumaluhur banget

[5] Bareng wis kelakon pepesthen kang sapisan, (yaiku wong Bani Israil padha balela ing Allah kang sepisan), wong Bani Israil banjur Ingsun tekani mungsuh kawulaningsun kang gagah perkosa tanpa lawan ing perang, (yaiku raja Jalut sawadya balane), iku padha dioyak-oyak ing negara lan ing padesan, bakal dipateni utawa diboyong. Kang mengkono iku wis ditemtokake dening Allah kang mesthi tumindak lan kelakon

[6] Wong bani Israil sawise keplayu anggone perang, (banjur padha tobat ing Allah). Ingkono banjur Ingsun balekake Kratone, sarta padha diparingi sugih bandha lan anak, lan Ingsun dadekake bebrayan luwih dening akeh

[7] (Pangandikane Allah marang wong Bani Israil), "Menawa sira nindakake panggawe becik, iya mung kanggo awakira dhewe lan lamun sira agawe ala, iya mitunani marang jiwanira." Bareng janji (siksa) kang pungkasan (kapindho) wis teka, Ingsun nuli ngutus musuh-musuhira (raja Parsi lan Rum) supaya nginakake (ngalahake) marang sira (Bani Israil), lan uga supaya wong-wong padha mlebu ing Masjid (Baitul Maqdis lan wewengkone) kaya anggone wis padha mlebu ngobrak-ngabrik dhek biyen (kang sapisan). Mengkono uga mungsuhira supaya (ora leren-leren) ngrusak sira kabeh selagine dheweke isih nyekel kekuasaan

[8] (He wong Bani Israil, sawise sira gawe kerusakan ana ing bumi kang kapindho iki, menawa sira banjur tobat temenan) muga-muga Pangeranira paring (pangapura) lan rahmat marang sira kabeh. Dene menawa sira bali (gawe kerusakan ana ing bumi maneh), Ingsun mesthi uga bali paring siksa ing sira. Lan Ingsun ndamel Jahannam iku kanggo pakundjarane wong-wong kafir

[9] Satemene Qur'an iku nuduhake marang dalan kang luwih bener lan dadi bebungah tumrap wong-wong kang padha mukmin, yaiku wong-wong kang nindakake kabecikan, satemen dheweke iku bakal kaparingan ganjarang kang gedhe (yaiku suwarga)

[10] Lan satemene wong-wong kang ora percaya ing akherat iku, Ingsun cawisi siksa kang nglarani

[11] Manungsa iku (menawa pinuju susah atine utawa pinuju nepsu) banjur nyuwun ala marang Allah (tumrap awake dhewe utawa bandhane) padha bae karo yen (pinuju lega lan bungah atine banjur padha nyuwun kebecikan marang Allah). Kang mengkono iku jalaran kahanane manungsa iku pancen dhemen kesusu (tanpa mikir kapriye bakal wekasane)

[12] Lan Ingsun ndadekake wengi lan rina minagka kanggo tandha yekti (kang nuduhake kuwasaningsun). Ingsun nuli ndadekake peteng iku tandha wengi lan tandha awan iku padhang supaya sira kabeh padha ngupaya kanugrahan saka ngarsane Pangeranira kabeh, lan sira supaya sumurup wilangane tahun lan etungane dina lan sasi. Lan kabeh perkara (agama sarta penguripan donyanira) yekti wis Ingsun pratelakake kanthi gamblang

[13] Lan kabeh manungsa iku wis Ingsun gantungake kabeh amale (tetulisane ala lan becik) dhewe-dhwe ana ing gulune, lan Ingsun bakal ngetokae catetan amale ana in dina Qiyamat, dipasrahake marang dheweke tur wis kebukak

[14] (Ingsun banjur ngendika), "Wacanen kitabira (tulisan catetan amal ala lan becik ira iku) kang ngisab (ngitung lan nyekseni) sira ing dina iki, cukup awakira dhewe

[15] Sing sapa kang pikantuk pituduh bener, satemene anggone pikantuk pituduh iku migunani tumrap awake dhewe. Dene sing sapa kesasar, satemene sasare mau iya mung tumrap awake dhewe uga. Dene wong kang dosa iku ora bakal mikul dosane liyan. Lan Ingsun ora nyiksa sawijining kaum, kajaba yen Ingsun wis ngutus Utusan marang kaum mau (kang mangka Utusan mau ora diestokake dhawuhe)

[16] Menawa Ingsun wis kersa ngrusak sawijining negara, sakawite Ingsun paring dhawuh marang wong ing negara mau dalah para penggedene, wusana wong wong mau padha tumindak duraka, mopo marang prentah Ingsun, ing kono banjur tetep wajib tibaning putusan (kudu ngrusak negara iku, sarta Igsun rusak babar pisan)

[17] Lan wis pira kehe sawenehe ummat kang Insun rusak sawise Nuh. Satemene wis cukup Pangeranira kang Maha Waspada sarta maha Ngudaneni ing dosa-dosane para kawulane

[18] Sing sapa nyuwun ganjaran (dikenceng) ana ing donya, yekti Ingsun maringi miturut kersaningsun marang wong-wong kang Ingsun kersakake. Dene besuk ana ing akherat, Ingsun wis ndadekake neraka Jahannam dadi cawisane dheweke, lan dheweke banjur mlebu ana ing kono klawan diasorake lan didohake saka rahmate Allah

[19] Dene sing sapa nyuwun ganjaran an ing akherat, lan dheweke iku nindakake pengawiyan kang tumuju lan mikolehe ana akherat, tur percaya marang Allah, wong-wong kang mengkono mau kang lakune bakal diterima dening Allah

[20] Kabeh golongan loro (yaiku wong kang padha nyuwun ganjaran ana ing donya lan wong kang nyuwun ganjaran ana ing akherat) mau, kabeh padha Ingsun paringi penyuwunan saka peparinge Allah Pangeranira. Lan peparinge pangeranira iku ora dipepet

[21] Sira ndelenga, kepriye anggon Ingsun ngluwihake anggon Ingsun peparing marang sawanehing manungsa, ngungkuli tinimbang liyane. Dene peparing Ingsun ana ing akherat iku luwih gedhe drajate lan luwih gedhe kautamane (tinimbang donya)

[22] Sira aja ngadekake Pangeran saliyane Allah, sebab yen mengkono sira mesti dadi wong kang cinacad tur ina (ora pikantuk pitulung saka Allah)

[23] Lan Pangeranira uga wus dhawuh marang sira, (Pangandikane), "He manungsa, sira aja padha manembah kajaba marang Allah, lan majibake mbeciki lan ngabekti marang wong tuwa loro, luwih-luwih maneh menawa sira menangi anggone pikun wong tuwanira loro utawa salah sijine, sira aja ngucap "hus" lan sira aja nyulayani (sereng) marang kekarepe wong tuwa kang ora luput, sarta ngucap marang wong tuwamu loro kanti ucapan kang mulya (lan ngaresepake)

[24] Lan sira kudu di-andhap asor sarta tata krama (ngerpepeh) marang wong tuwanira loro, kang nuduhake rasa katresnan marang wong tuwamu mau. Lan sira nyenyuwuna ing Allah minangka kanggo bektimu marang wong tuwanira, "Dhuh pangeran kawula, mugi Panjenengan paring rahmat dhatng tiyang sepuh kekalih kawula, kados anggenipun sami anggula-wendhah dhateng kawula nalika taksih alit

[25] Allah Pangeranira mesthi luwih nguningani kabeh barang kang ana ing batinira. Menawa sira iku padha tumindak becik, satemene Panjenengane iku Maha Pangapura marang wong-wong kang padha bali tobat

[26] Lan sira menehna sing dadi haqe keluarga, wong miskin, lan wong kang pinuju lelungan (ibnu sabil), lan poma dipoma sira aja ngebreh mbeborosan (nanjakake bandhanira ana ing tindak ma'syiat)

[27] Satemene wong kang ngebreh (mbeborosan) iku dadi sedulure syetan. Ing mangka kahanane syetan iku kafir marang Pangeranira

[28] Lan menawa sira (Muhammad) nulak wongkang kudu diwenehi mau jalaran perlu arep golek luwih dhisik kanugrahan kang sira arep-arep saka Pangeranira, iku sira mangsulana kanthi pangucap kang becik

[29] Lan sira aja ndadekake tanganira kablenggu ana ing gulunira (medhit) lan aja ngegarake banget-banget (aja keloman banget). Jalaran ing mengko sira dadi asor lan papa

[30] Satemene Pangeranira iku njembarakae lan ngurpegake rejemi marang wong kang dadi kepareng kersane. Satemene Panjenengane iku Maha Waspada lan Maha Ngudaneni marang para kawulane

[31] Lan poma dipoma sira kabeh aja padha mateni anak-anakira, jalaran kuwatir mlarat. Ingsun kang paring rejeki marang dheweke lan paring rejeki marang sira kabeh. Satemene mateni anak-anak iku dosa kang gedhe

[32] Lan sira kabeh aja pisan-pisan nyeraki laku zina, Satemene zina iku jember lan dalan kang luwih ala

[33] Lan sira kabeh aja padha mateni awak kang diharamake (diajeni lan dimulyakake) dening Allah (menawa dipateni) kajaba nganggo dalan kang bener. Lan sing sapa kang dipateni kanthi dikaniaya, satemene wong kang dadi waline wis Ingsun paringi wewenang marang wongkang mateni (arep males pati, denda utawa arep angapira iya kena). Poma dipoma waline mau aja keladuk anggone males pati. Satemene wongkang mati dikaniaya iku ditulungi

[34] Lan sira kabeh aja padha cerak-cerak (aja padha wani-wani nganggo) marnag bandhane bocah yatim, kajaba kanthi dalan amrih becik, nganti tumeka mangsane dewasa (baligh). Lan sira padha netepana janji, jalaran satemene janji iku bakal ditagih

[35] Lan sira padha nyampurnakna (ganepna) takeran menawa sira naker, sarta nimbanga kanthi timbangan kang jejeg (adil). Kang mengkono iku luwih becik lan becik-becike pungkasan (akherat)

[36] Lan sira aja pisan-pisan manut apa bae kang durung sira sumurupi 'ilmune, jalaran satemene pangrungu, pandeleng lan ati iku kabeh bakal diperiksa kahanane

[37] Lan sira aja lumaku ana ing bumi gembelengan (gumedhe). Satemene sira ora bakal bisa mbotolake bumi, apadene dedekira ora madhani gunung

[38] Alane kabeh kang dicegah mau, banget ora direnani ana ing ngersane Pangeranira, (dne kang becik, dialembana)

[39] Kabeh (dhawuh lan larangan) mau, sebageyan kang wis diwahyokake Pangeranira marang sira saka hukum kang mengku kawicaksanan, lan sira aja ndadekake Pangeran saliyane Allah, Sebab mengko sira bakal dilebokake ana ing Jahannam kanthi cinacad sarta didohake (saka rahmat)

[40] (He wong kafir) Apa nyata kaya ucapanira menawa Allah Pangeranira iku nemtokake marang sira mung duwe anak lanang bae, dene Panjenengane Allah piyambak mung peputra puteri, yaiku para Malaikat. Yen mengkono temen sira wis ngucapake omongan kang gedhe (dosane)

[41] Lan satemene Ingsun wis nerangake ana ing al-Qur'an iki (ancaman-ancaman perjanjian-perjanjian) supaya wong-wong mau padha eling, ananging keterangan-keterangan mau ora muwuhi apa-apa marang wong-wong mau, kajaba malah dadi tambah adoh (saka pitutur bener)

[42] He Muhammad, sira dhawuha, "Seumpama ana Pangeran liya kang ngancani Allah, kaya kang diucapake dening wong-wong mau, yen mengkono Pangeran-Pangeran mau temen padha golek dalan menyang Pangeran kang kagungan 'Arasy (Allah)

[43] Maha suci Panjenengan Allah sarta Maha Luhur saka kabeh kang diucapake dening wong-wong mau (wong-wong musyrik), sarta Maha Luhur lan Agung temenan

[44] Langit pitu lan bumi pitu dalah saisine kabeh padha Maha Sucekake marang Panjenengane Allah. Ora ana barang dumadi kabeh padha Maha sucekake marang Panjenengane Allah klawan tembunge dhewe-dhewe, nanging sira ora padha mengerti anggone padha Maha Nucekake sarta Memuji. Satemene Panjenengane iku Pangeran Kang Maha Asih tur Kang Maha Pangapura

[45] Lan nalika sira maca al-Qur'an, Ingsun ndadekake ing antaranira lan antarane wong kang ora padha percaya anane akherat aling-aling kang nutupi (atine wong-wong mau nganggo ngerteni lan ngalam manfa'at al-Qur'an)

[46] Lan Ingsun ndadekake tutup ana ing atine wong-wong mau supaya padha ora mangerti al-Qur'an, semono uga ana ing kupinge, Ingsun abotake supaya ora bisa krungu al-Qur'an. Lan menawa sira nyebut Pangeranira piyambak ana ing al-Qur'an mau, dheweke banjur padha mlengos ngungkurake lan ngedoh

[47] Ingsun luwih ngudaneni ing apa wong-wong kang ora percaya ngrungokake al-Qur'an nalikane sira maca, Lan Ingsun luwih ngudaneni nalika padha bisik-bisik ngrasani sira, yaiku nalika wong-wong kang nganiaya padha ngucapa, "Ora ana liya kang sira turut iku kajaba wong lanang kang kena sihir

[48] Ndelenga, kapriye wong-wong mau anggone wis gawe upama kanggo sira (sira dipadhakake wong kang kena sihir), tumuli wong mau padha kesasar saka dalan kang bener, dheweke padha ora bisa oleh dalan kang bener

[49] Lan wong-wong (kafir) mau padha ngucap, "Besuk yen aku wis mati, wis dadi balung lan lemah, apa iya bakal ditangekake saka pati, banjur dadi titah anyar

[50] Dhawuha, "Sira padha dadiya watu utawa wesi

[51] Utawa dadi titah kang gedhe miturut rasaning atimu (mesthi bakal ditangekake uga sawise mati). Wong-wong mau bakal padha ngucap, "Sapa sing bakal mbalekake aku urip maneh?" Sira dhawuha (Muhammad): Pangeran kang wis nitahake sira sekawit biyen. wong-wong mau bakal nggedek-gedekake sirahe marang sira, sarta ngucap maneh, "besuk kapan iku?", sira dhawuha, "Muga-muga bae wis cedhak

[52] Yaiku ana ing dinane sira kabeh tinimbalan. Ingkono sira banjur padha ngestokake dhawuh klawan muji ing Allah. Lan sira duwe pangira menawa urip ana ing donya lan ana ing kubur iku mung sedhela

[53] Lan (Muhammad) dhawuha marang kawulaningsun kang padha Iman kang padha mangsuli marang wong-wong kafir klawan kang luwih becik: "Satemene syetan iku nyebar wiji gegethingan ana ing antarane wong-wong mau (kafir) menawa sira (wong-wong mukmin) ngucap kasar, Satemene setan iku nyata dadi mungsuhing manungsa

[54] Allah Pangeranira iku luwih ngudaneni ing sira kabeh, Manawa dadi kaparenging kersane, mesthi paring rahmat marang sira kabeh, utawa menawa kersa, Panjenengane nyiksa sira kabeh. Lan Ingsun ora ngutus sira dadi wakil kang ngurus perkarane wong-wong mau

[55] Lan Pangeranira kang luwih ngudaneni wong-wong kang ana ing langit lan bumi, lan temen Ingsun wis ngluwihake sewenehe Nabi ngungkuli sawenehe. Serta Ingsun wis paringkitab zabur marang Dawud

[56] Dhawuha (sira Muhammad marang wong-wong kafir), "Sira njaluka pitulung marang brahala-brahala kang sira anggep dadi Pangeran saliyane Allah". Yekti ora bakal padha bisa ngilangake wong liya

[57] KAng dianggep Pangeran dening wong-wong mau, kabeh padha ngupaya lantaran supaya kacerak marang Pangerane. Endi kang luwih cerak marang Pangerane (ora leren-leren golek lantaran supaya tambah kacerak) lan dheweke iku (kang dianggep Pangeran) salawe uga ngarep-ngarep rahmate Allah lan wedi ing siksane. Satemene siksane Pangeranira iku kudu luwih diwedeni

[58] Lan ora ana sawijining negara (senadyan wong kang tumindak ala utawa becik), kajaba Ingsun kang ngrusak ahli-ahline sadurunge Qiyamat (wong kang ngabekti Allah padha Ingsun pundhut kelawan mati mukmin, dene wong kafir padha Ingsun rusak klawan turuning siksa kang abot). Kahanan kang mengkono iku (ngrusak lan nyiksa mau) wis ditulis ana ing Kitab (Lauhil Mahfudz)

[59] Lan ora ana barang kang murungake anggoningsun nurunake tanda yekti (kang disuwun dening wong-wong mau) kajaba sebab wong dhek biyen wis nate kelakon padha nggorohake tandha yekti mau. Lan Ingsun wis maringi marang kaum Tsamud (kaume nabi Shaleh) sawijining Unta wadon kang cetha dadi tanda yekti kebenerane kenabiyane Nabi Shalih, nanging wong-wong mau banjur padha nganiaya (nyembeleh). Ingsun ora nurunake tanda yakti iku kajaba mung kanggo pepeling supaya padha wedi (siksa akherat)

[60] (Muhammad) sira nyritakna nalika Ingsun dhawuh marang sira, "Satemene Kuwasa lan Waspadane Pangeranira iku nglimputi para manungsa, Lan Ingsun ora ndadekake kabeh kang dikatonake marang sira ana ing wengine Mi'raj, kajaba dadi coba tumra para manungsa, sarta Ingsun ora nyritakake kayu Zaqum kang dila'nat ana ing Qur'an, kajaba dadi pituduh (coba) uga. Lan Ingsun medeni wong-wong mau nanging ora nambahi apa-apa kejaba saya tambah lacut temenan

[61] Lan nalikane Ingsun dhawuh marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang Adam", para Malaikat mau banjur padha ngestokake dhawuh, padha sujud marang Nabi Adam, kejaba mung Iblis, matur marang Allah, "Punapa kawula kedah sujud dhateng tuyang ingkang Panjenengan titahaken saking siti

[62] Iblis matur maneh, "Mugi Oanjenengan paring sumerep dhateng kawula (awit saking punapa) tiyang punika Panjenengan paringi kamulyan langkung saking kawula (ingkang mangka kawula punika kadadosan saking latu). Saleresipun menawi Panjenengan kersa paring wekdal dateng kawula ngantus dinten Qiyamat, tamtu kawula telasaken anak turunipun (supados kesasar) kajawi namung sekedhik ingkang kantun (ingkang Panjenengan reksa)

[63] Pangandikane Allah marang Iblis, "He Iblis, sira enggal lungaa! (Sira Ingsun srantekake tume dina Qiyamat)". Sabanjure sapa bae, manut sira (Iblis) saka anak turune Adam, satenene Jahanam iku dadi piwalesira kabeh, piwales kang sampurna

[64] Lan sira ambujuka sapa bae kang bisa sira godha klawan suwaranira saka anak turune Adam, lan undangen kanca-kancanira kang manungggang lan lumaku, lan sira campura klawan dheweke ana ing bandha lan anak (bantunen ana ing dalan haram) lan sira gaweya perjanjian marang dheweke. ora ana liya janjine setan marang dheweke mung pengreka daya (cidra)

[65] Satemene sira (Iblis)) Ora duwe wewenang(kuasa) meksa kawula nigsung (kang padha iman) lan cukup Pangeranira iku pinasrahan (kabeh perkara)

[66] (He manungsa) Pangeranira iku kang nglakokake prahu ana ing segara, supaya sira ngupaya kanugrahane. Satemene Panjenengane iku Maha Asih marang sira kabeh

[67] Lan menawa sira kekenan kesusahan ana ing satengahing segara (kuwatir kerem), banjur tanpa guna brahala-brahala kang sira suwun-suwuni, kajaba mung nyuwun marang Panjenengane Allah piyambak. Bareng sira wis diselametake dening Panjenengane Allah bisa tekan ing daratan, sira banjur mlengos. Lan manungsa iku ora gelem syukur marang nikmate Allah

[68] Apa sira duwe keyakinan bisa aman, menawa Ingsun ngamblesake sira ana ing sanding daratan, utawa Ingsun ngudani watu saka langit marang sira, sira banjur ora bisa pikantuk pitulungan

[69] Utawa apa sira duwe keyakinan bisa aman, yen Panjenengane bakal mbalekake sira kabeh marang segara maneh, ingkono Panjenengane banjur ngutus angin gedhe sarta ngeremake sira jalaran kekafiranira (ora gelem syukur). Nuli sira ora bisa pikantuk wong kang ngaru-biru Ingsun jalaran arep nulungi sira

[70] Lan temen Ingsun wis mulyakake anak turune Adam, lan Ingsun wis paring tetumpakan ana ing daratan lan segara, lan Ingsun paringi rejeki kang becik sarta wis Ingsun luwihake ngungkuli para makhluk kang wis Ingsun titahake

[71] (He Muhammad, sira nyritakna) ana ing dinane kabeh manungsa Ingsun timbale dalah para Pemimpin-pemimpine (ing dina Qiyamat), sing sapa diparingi kitab catetan amale saka sisih tengen, wong-wong kang mengkono iku kang pikantuk kabegjan bisa maca kitabe sarta dheweke ora padha dikaniaya sethitik-thithika

[72] Dene sing sapa wuta atine ana ing donya iki, ana ing akherat besuk iya wuta lan luwih sasar dalane

[73] Lan meh-meh wong kafir mau gawe fitnah marang sira (Muhammad) supaya sira mlengos saka dhawuh kang Ingsun dhawuhake marang sira, supaya sira gawe-gawe ngucapake kang beda karo dhawuhingsun, diakokake saka ngarsaningsun. Menawa sira nganti tumindak mengkono (manut karepe wong-wong mau) mesthi dheweke padha gelem ngalap kekasih marang sira

[74] Lan saumpama sira ora Ingsun paringi teguh tetap atinira (nyekel dalan kang haq) meh-meh bae sira neja arep kapelu sethithik marang dheweke

[75] Menawa sira kelu yaiku nindakake penjaluke wong-wong mau (yaiku brahala-brahala aja dipecahi), mesthi Ingsun ngicipake ing sira supaya ngrasakake siksa donya kanthi tikel-matikel, mengkono uga siksa mati, sira banjur ora pikantuk kang mitulungi (nulak siksaningsun)

[76] Lan satemene dheweke (wong-wong Yahudi) meh bae nundhung sira (Muhammad) saka bumi Madinah, amrih sira metu saka kono. Lan menawa dheweke nundhung sira, temen dheweke ora padha bisa tetap manggon ing kono sapungkurira kejaba ana ing wektu sedhela bae (banjur padha dirusak)

[77] (Koyo mengkono iku uga) lelakone para Utusaningsun sadurungira (yaiku saben-saben negara kang wis ditinggalake dening Utusane, banjur enggal dirusak klawan ahline). Lan sira pra nemu owah-owahan ana ing dalan Ingsun

[78] Lan saira ngedegna shalat (mitutur syarat rukune kang sampurna) ana ing sawise lingsir srengenge lan sawise wiwit wengi, lan ngedegna shalat fajar. Satemene shalat fajar iku disekseni (dening malaikat rina lan malaikat wengi)

[79] Lan ana ing wektu wengi sira nindakna shalat tahajud kang dadi kautamaan tumrap sira, Muga-muga Pangeranira nangekake sira sarta mapanake ana ing panggonan kang pinuji

[80] Lan sira (Muhammad) nyenyuwuna, "Dhuh Pangeran kawula, mugi-mugi Panjenengan nglebetaken kawula ing panggenan mlebet ingkang dipun ridhani, lan mugi-mugi ngedalake kawula ing panggenan medal ingkang dipun ridhani, lan Panjenengan mugi paring dhateng kawula keterangan saking ngarsa Panjenengan ingkang saged nulungi (ing nalika ngrungkebi tuwin ngluhuraken agami panjenengan)

[81] Lan sira dhawuha, "Saiki wis teka barang kang hak, lan rusak barang kang bathal. Satemene barang bathal iku mesthi lebur lan sirna

[82] Lan Ingsun nurunake al-Qur'an keterangan-leterangan, kakng marasake (dadekake waras saka kekliruan) sarta dadi rahmat tumrap wong-wong kang iman. Lan al-Qur'an mau ora nambahi marang wong-wong kang nganiaya, kajaba mung kapitunan

[83] Lan menawa Ingsun paring kenikmatan marang manungsa, dheweke padha mlengos ora eling marang Ingsun, sarta ngedohake awake (saka seneng marang Ingsun). Lan menawa dheweke padha ketaman ala, banjur padha mutung (nglokro) saka rahmate Allah

[84] Sira dhawuha, kabeh padha nindakake miturut keresikane rohe, lan Pangeranira iku luwih ngudanenei marang wong kang luwih pikantuk pituduh dalane Allah

[85] Lan dheweke (wong yahudi) padha pitakon marang sira bab perkara roh, sira dhawuha, "Roh iku ewoning perkara kang magepokan Allah Pangeran Ingsun. Lan sira kabeh iku ora diparingi pangertian (ilmu) kajaba mung sethithik

[86] Menawa dadi keparingeing kersaningsun, yekti Ingsun ngilangake kang wis Ingsun wahyokake (turunake) marang sira saka atinira. Yen wis mengkono sira banjur ora bisa pikantuk kang dipasrahi ambalekake wahyu mau saka ngarsaningsun

[87] Kajaba kanthi rahmating Pangeranira. Satemene kanugrahan Pangeranira iku gedhe tumrap sira

[88] Sira dhawuha, "Saumpama manungsa lan jin iku kumpul, arep saka kahe anggitan kaya al-Qur'an iki, ora bakal bisa kelakon nekakake kang padha karo al-Qur'an iki, senajan sawenehe padha nulungi marang sawenehe

[89] Yekti Ingsun wis bola-bali nerangake ana ing al-Qur'an iki marang para manungsa saka kabeh sanepa, nanging akeh-akehe padha ora gelem nerima, malah banget anggone kufur (mungkir)

[90] Lan wong-wong kafir padha ngucap, "Kula boten badhe pitados dhateng panjenengan Muhammad, kajawi menawi panjenengan sampun mancuraken toya saking bumi kangge kita sadaya

[91] Utawi panjenengan kagungan kebon kurma utawi anggor lajeng panjenengan mancuraken lepen-lepen wonten ing sela-selaning kebon wau

[92] Utawi menawi panjenengan ndawuhaken langit dhateng kita secuwil kemawon kados ingkang sampun panjenengan ngedikaaken, utawai panjenengan rawuhaken Allah sarta Malaikat ingkang nyekseni kaleresaning pangandika panjenengan

[93] Utawi menawi panjenengan kagungan griya ingkang kadamel saking emas, utawi menawi panjenengan minggah dhateng ing langit, sarta kita boten pitados anggen panjenengan minggah punika kajawi menawi panjenengan nurunaken kitab dhateng kita ingkang badhe kita waos. Muhammad, sira dhawuha, "Maha suci Pangeraningsun. Ora ana liya ingsung iki kajaba mung manungsa kang kautus

[94] Lan ora ana kang ngalang-ngalangi para manungsa arep percaya nalika wong-wong katekan pituduh, kajaba padha ngucap, "Apa Allah ngangkat manungsa dadi utusan

[95] Sira dhawuha, "Saumpama ing bumi iki ana Malaikat-malaikat kang padha mlaku dadi isen-isening bumi, temen ingsun nurunake Malaikat saka langit dadi utusan tumrap dheweke

[96] Sira dhawuha, "Allah wis cukup dadi saksi antaraningsun lan antaranira kabeh (kabeneraningsun dadi utusan marang sira kabeh). Satemene Allah iku Maha Welas tur Maha Ngudaneni kabeh kahanane para kawula

[97] Lan sapa wong kang kaparingan pitedah dalan bener dening Allah, yekti dheweke pikantuk pitedah, lan sapa wonge disasarake, yekti sira Muhammad ora bisa pikantuk pitulung kang bisa nulungi dheweke saliyane Allah. Lan Ingsun bakal ngumpulake wong-wong mau besok ana ing dina Qiyamat, padha mlaku nganggo rahi-rahine kanthi wuta, bisa lan budheg. Dene panggonane wong-wong mau yaiku neraka Jahannam, saben-saben suda urube (jalaran kulite wis dadi awu) banjur Ingsun tambah mulad-mulade (Ingsun ganti kulit anyar, kareben dadi pakane geni neraka)

[98] Kang menkono iku piwalese wong-wong kafir mau, jalaran anggone dheweke padha kafir (maido) marang ayat-ayatingsun. Lan wong-wong mau padha ngucap, "Apa menawa aku wis dadi balung lemah, apa bener aku bakal ditangekake dadi makhluk anyar

[99] Apa wong-wong iku ora padha sumurup menawa Allah kang wis nitahake langit-langit lan bumi iku, temen kuasa nitahake kaya dheweke (kang semono cilike?). Lan panjenengane ndamel wektu kang ora dimamangake maneh kanggo dheweke (mati utawa Qiyamat), nanging wong-wong kang dzalim banjur ora gelem, kajaba malah saya tambah kufure

[100] Dhawuha, "Upama sira kabeh padha nduweni gedong-gedong kanggo nyimpen rakhmate Pangeran Ingsun, yekti sira medhit, jalaran wedi mlarat, lan asal watake manungsa iku kumet

[101] Lan temen Ingsun wis paring marang Musa sangang ayat (mukjizat) kang terang lan gamblang. Sira ndangua marang wong-wong bani Israil, kepriye lakone Fir'aun nalika ditekani Nabi Musa. Fir'aun madoni marang Nabi Musa, "He Musa, panemuku, sira iku wong kang kena sihir

[102] Nabi Musa mangsuli marang Fir'aun, "Sayektos panjenengan (Fir'aun) sampun sumerep menawi boten wonten ingkang nurunaken tandha yekti (mukjizat), kajawi Pangeraning langit lan bumi, supados dados ketrangan ingkang cetho. Lan miturut pamanggih kula, panjenengan punika Fir'aun, tiyang ingkang sampun dipun tebihaken saking rahmat

[103] Fir'aun banjur duwe karep nundhung (numpes) Nabi Musa lan wong-wong Bani Israil saka bum (Mesir), awit saka Ingsun banjur ngeremake Fir'aun sarta wong kang dadi pendhereke kabeh

[104] Sapungkure Fir'aun, Ingsun banjur paring pangandika marang wong Bani Israil, "Sira padha tetap manggona ana ing bumi iki, menawa wis teka janji kang akhir, Ingsun mesthi nekakae sira kabeh

[105] Lan Ungsun nurunake al-Qur'an iku klawan bener sarta tumurune uga klawan bener. Lan Ingsun ora ngutus sira Muhammmad kajaba ambebungah lan meden-medeni

[106] Lan Ingsun mijangake lan njlentrehake al-Qur'an, supaya sira waca lan sira dhawuha marang para manungsa klawan sarenti lan lumintu. Lan al-Qur'an iku Ingsun turunake saka sethithik

[107] Sira dhawuha, "Sira (menawa begja) padha gelema percaya marang al-Qur'an, utawa (yen sira nemahi cilaka) aja percaya marang al-Qur'an. Satemene wong-wong kang wis diparingi ilmu sadurunge tumurune al-Qur'an menawa al-Qur'an iku diwacakake marang dheweke, banjur padha sumungkem bathuke padha disujudake, sujud marang Allah

[108] Lan wong-wong mau padha matur, Maha Suci Pangeran kawula, sayektos janjinipun Pangean kawula punika mesthi kelampahan

[109] Lan wong-wong mau padha sumungkem bathuke klawan nangins, sarta al-Qur'an iku muwuhi tumungkule lan konejeme marang Allah

[110] Sira dhawuha, "Sira padha nyenyuwun ing Allah, utawa nganggo sebutan Pangeran kang Maha Welas (Ya Rahman), endi asma loro kang sira sebut. Satemene kabeh asma Allah kang becik (Asmaul Husna) iku kagungane Allah". Lan sira aja nyerokake wacanira ana ing salatira, uga aja nglirihake, lan pilihen antarane seru sarta lirih iku

[111] Sira munjuka, "Sakatahing puji konjuk dhumateng Allah, Pangean ingkang boten peputra sarta boten wonten ingkang nyekuthoni wonten ing Kratonipun, punapa dene boten mbetahake pitulung jalaran saking kasoran". Lan sira angngagungna marang Asma dalem Pangeranira kanthi temen-temen

Al-Kahf

Surah 18

[1] Kabeh puji pangalembana konjuk marang Allah kang wis nurunake Al-Quran marang kawulane (Muhammad) lan ing kono ora ndamel perkara kang nalisir (utawa suara kang cengah)

[2] Hukuming al-Quran iku ngadili jejeg, kanggo memedeni (marang wong - wong kafir) siksa kang banget larane saka ngarsane pangeran sarta kanggo mbebungah marang wong - wong Mukmin kang padha tumindak becik, yen satemen dheweke padha duwe ganjarn kang becik

[3] Dheweke iku padha tetep ana ing ganjaran iku selawase

[4] Lan kanggo memedheni klawan siksa marang wong kang pada ngucap: "Allah iku peputra

[5] Wong - wong kafir mau sarta para leluhure biyen, anggotane padha ngucap mengkono iku tetep tanpa kaweruh (ora adhedhasar pengertian sethithik -thitika). Gedhe temen keluputane wong kafir mau anggone kawetu saka lisane ngucap menawa Allah iku apeputra. Anggone ngucap mengono mau, ora liya muga goroh

[6] Bokmenawa sira (Muhammad) ngrusak awakira dhewe, jalaran sira sedih anggetuni yen wong - wong mau ora padha gelem percaya marang (cerita) kang kasebut ing dalem al-Quran iku

[7] Satemene Ingsun nitahake barang kang ana ing bumi minangka kanggo nyoba marang wong - wong mau, endi lan sapa ing antarane dheweke kang luwih becik tindakane

[8] Lan satemen Ingsun kang bakal andamel rerenggan kang ana ing bumi mau dadi lemah kang rata ora ana thethukulane

[9] He Muhammad, apa sira ngira menawa Ashabul-Kahfi (kang ana ing guwa) lan kang duwe raqiem (ukiran catetan) iku sawenehe tanda yektiningsun kang nggumunake

[10] (Muhammad) sira nyritakna lelakone Ashabul Kahfi mengkene: "Nalika para nonoman iku padha ndelik ana ing guwa dheweke padha nyingkiri pada dipeksa nyembah brahala dening ratune, dheweke padha dedonga: 'Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan paring rahmat dhateng kawula saking ngarsa Panjenengan saha mugi Panjenengan damel sae urusan kawula, ingkang njalari kawula angsal Pitedah

[11] WOng - wong mau banjur Ingsun turokake ana ing guwa (Kahfi) pirang - pirang tahun lawase

[12] Banjur padha Ingsun tangekake supaya Ingsun nguningani klawan gumelar, endi lan sapa kang luwih mangerti suwening mangsa manggon ana ing guwa saka antarane rong golongan kang padudon ing perkara bab iku

[13] Ingsun nyeritakake marang sira Muhammad, cerita lelakone Ashabul Kahfi klawan sakbenere. satemen Ashabul Kahfi iku wong - wong (wong wolu klebu asune) kang percaya marang Allah Pangeran, lan wong - wong mau Ingsun wuwuhi pituduh bener

[14] Lan Ingsun ngukuhake (nguwatake) atine para Ashabul Kahfi anggone padha mantep ngrungkepi bener, nalika padha didangu ana ngarepe Ratune (kang aran: Dzaqiyanus), ature: "Pangeran kawula punika Allah Pangeranipun langit lan bumi. Kawula boten manembah Pangeran sanesipun Gusti Allah. (Upami kula ngakeni wintenipun Pangeran sanesipun Allah) yektos kula sampun ngucapaken gegorohan dhateng Allah

[15] Para sedherek kula punika sami manembah Pangeran sanesipun Allah. Kenging punapa teka sami boten saged ngawontenaken tandha yekti ingkang terang lan gamblang. Kawuningan boten wonten tiyang ingkang langkung nganiaya (durhaka) tinimbang tiyang ingkang wicanten dora damel - damel, mastani menawi Allah punika wonten ingkang nyameni

[16] (Bareng wis padha mundur saka ngarsane sang nata, Ashabul Kahfi banjur padha caturan siji lan sijine): "Lan menawa sira wis oncat ninggalake wong - wong kafir mau dalah sesembahan saliyane Allah, prayogane ayo padha ngungsi lan dhelik marang guwa bae, ana ing kono Allah Pangeran mesti maringi rejeki marang kowe, lan paring gampang tekani samubarang kang mikolehi marang kowe

[17] Lan sira sumurup srengenge menawa mlethek, miring saka guwane ing sisih tengen, lan menawa surup ninggalake wong - wong mau ing sisih kiwa (isuk sore ora kesorotan srengenge). Ing mangka wong - wong mau ana ing panggonan kang amba. kang mengkono iku sanehe tandha yekti kekuwasaaning Allah. Sing sapa diparingi pitedah dening Allah, yekti dheweke iku pikantuk pitedah, lan sing sapa disasarake, yekti sira ora bisa pikantuk pitulung kang paring pitedah

[18] Lan sira ngira, yen Ashabul Kahfi mau padha melek, nanging sejatinye dheweke iku padha turu, lan maneh (ing dalem setahun sepisan) Ashabul Kahfi mau padha Ingsun walik (gelebak--ake) alihan ngiwa lan nengen, dene asune ngegarake tangane ana ing sangarape guwa. Upama sira ndeleng wong - wong Ashabul Kahfi mau, sira yekti padha giris lumayulan yekti sira wedi temenan marang dheweke

[19] Lan kaya mengkono uga sawise Ingsun nurokake para Ashabul Kahfi, banjur Ingsun tangekake, supaya padha tekon tinakon marang kancane. Saweneh para Ashabul Kahfi mau sawise pada tangi banjur ana kang takon marang kancane, "Sapira suwne sira manggon ana ing guwa iki?", wangsulane sing ditakoni, "Aku manggon ana ing kene sedina utawa setengah dina". Wusanawong - wong mau padha mufakat ngucap, "Pangeranira kang luwih ngudaneni sapira suwene sira manggon ana ing kene". Saiki sira kongkona salah sawijining kancanira anggawa dhuwit salaka menyeng kutho golek pangan endi kang luwih resik, nuli dheweke gawa rejeki marang sira saka panggonan mau, lan dheweke ana ing dalan sarta ing negara mau, kudu andhap asor, lan poma dipoma aja ana wongkang mengerti ing sira

[20] Jalaran yen dheweke nganti padha weruh ing sira, yekti sira bakal diranjam utawa mbalekake sira marang agamane. Dene menawa sira kongsi bali marang agamane (kafi), yekti selawase sira ora bakal pikantuk kabegjan

[21] Mengkono uga Ingsun ngatonake kahanane wong - wong Ashabul Kahfi iku marang wong - wong mau, supaya wongkang padha durung percaya bakal tangine wong mati ing dina Qiyamat, pada sumurup yen tangine wong mati ing dina qiyamat kang wis didawuhake dening Allah iku ing tembe bakal kaleksanan, apa dene tekane dina Qiyamat iku wis ora perlu dimamang-mamangi maneh mesthi bakal kelakone. Nalika semana wong - wong ing mau lagi rame padha pasulayan perkara kang bakal tangine wong kang wis mati, banjur katungka pasulayan bab kahanane Ashabul Kahfi. Bareng ora bisa rampung dening panemuning wong - wong akeh banjur padha ngucap, "Sira padha ngedhegna gedung ana ing lawanging guwa. Pangerane wong - wong mau (Ashabul Kahfi) luwih ngudaneni kahanane dheweke". Wong - wong kang padha ngalahake perkarane padha ngucap, "Yekti ing lawange guwa iku tak bangun Masjid

[22] Sawenehe wong - wong kang pada padudon (wong - wong Nasrani ing jamane Nabi Muhammad) mau bakal ngucap, "Hai Ashabul Kahfi iku telu, papat sak asune". sawenehe meneh pada ngucap, "lima, enem sak asune". Pangucape mau mung kira - kira. Sawenehe maneh ana pangucap, "Pitu, wolu sak asune". (Muhammad) dhawuha, "Pangeraningsun sing luwih uninga cacahe ora ana kang sumurup cacahe kang sak benere kajaba mung setitik". Jalaran saksiku, poma dipoma sira kabeh aja pada padudon perkara akehe Ashabul Kahfi, kejaba perka kang ceta katon (keterangan saka al-Quran) lan poma dipoma sira aja pitakon salah sijining wong - wong mau saka cacahe Ashabul Kahfi

[23] Lan poma dipoma sira (Muhammad) sak wise neja nglakoni sawijining perkara aja ngucap, "Sak temene ingsun arep nindakake perkara iku sesuk

[24] Kejaba nyebuta, "InsyaaAlah" (menawi dipun parengaken dening Allah). Lan menawa sira lali ilinga marang Pangeran ira sarta ngucapa, "Muga - muga Pangeran ingsun nudhake masang ilmu kang luwih cerak kebenarane tinimbang iki

[25] Lan wong - wong Ashabul Kahfi mau manggon ing guwane lawase tahun ditambah tahun

[26] (Muhammad) dawuha, "Allah iku kang luwih muningani suwene anggone padah manggon lan turu ana ing guwa. Kahanane bumi lan langit sak isine serta barang kang ghaib iku kabeh kagungane Allah. Allah iku iba sampurnane anggone mirsani barang kang maujud utawa midangetake barang kang kapireng. Wong - wong mau ora pada duwe penulung sak liyane Allah, lan ora ana siji-sijia kang nyekutoni panjenengane ana ing hukum ghaib

[27] (Muhammad) sira maca al-Quran kitabe Allah Pangeran ira kang wis kawahyokake marang sira (sarta ngistokna surasane). Ora ana wong siji-sijia kang bisa ngowahi kalimat-kalimahe Allah (al-Quran) lan sira ora bakal oleh panggonan pangungsen marang sakliyane panjenengane Allah

[28] (Muhammad) disabar atinira bebarengan karo wong - wong kang nindakake ngibadah (nyenyuwun) marang pangerane ing wayah esuk lan sore mung mligi ngarep - arep karidlaning pangerane. Lan sira aja mlengosake paningalira saka wong - wong mau jalaran sira ngarepake kaendahaning panguripan donya, lan poma dipoma sira aja manut marang wong kang ingsun lalekake atine saka iling marang ingsun lan deweke manut hawa nafsune, sumurupa wong kang mengkono mau kabeh perkarane bakal ilang tanpa guna

[29] (Muhammad) dawuha: "Perkara kang bener (Quran) iku terang saka Pangeranira. Sing sapa arep percaya iya becik percayaa dene sing arep kufur iya kufura". Neraka tumrap wong kang padha nganiaya, kang pagere ngliputi wong - wong mau, Lan menawa dheweke njaluk tulung jalaran banget ngelake, nganggo banyu kang kang kentel (jer-jeran timah) kang anggosongake rai. Ala - alane omben - omben lan ala - alane panggonan

[30] Sak temene wong - wong kang padha iman sarta nindakake kebecikan, yekti Ingsun ora ngilang- ngilangake ganjaran wong kang luwih becik amale

[31] Wong - wong iku padha anduweni swarga 'Adnin panggonan tetep sak lawase kang sak ngisore wong - wong mau ana bengawane mili. Ana ing kono dheweke padha nggon - nggoni gelang saka mas lan nganggo sandangan kang ijo saka sutra tipis lan kandel, dheweke pada seneng - seneng lelayangan ana ing kantil. Swarga iku becik - becike ganjaran lan becik - becike panggonane

[32] (Muhammad) sira nerangana marang wong - wong mau (kang mukmin lan kang kafir) sanepane wong lanang loro (kang siji kafir kang siji mukmin). Kang siji (kang kafir) ingsun paringi kebon anggur loro, kebon loro mau Ingsun ubengi wit kurma, sarta Ingsun wis andadekake sawah ana ing antarane kebon loro mau

[33] Kebon loro iku saben tahun ngetokake woh - wohane ora kurang sak wiji apa, lan Ingsun ngilekake bengawan ana ing sela - selane kebon loro mau

[34] Lan anduweni mane uwoh (bandha) liyane. Dheweke banjur ngucap marang sedulure (kang mukmin) rerasanan, ngandelake anggone sugih: "Aku luwih akeh bandhane lan luwih gagah pembantune tinimbang sira

[35] Lan dheweke banjur ngajak sedulure lumebu ngubengi kebone sarta dheweke gumedhe nganiaya awake dhewe (kanthi sifat kafir), pangucape: "Dak kira kebon iku ora bakal rusak salawase

[36] Lan aku ora duwe pengira yen dina Qiyamat bakal kelakon, lan yakin menawa aku dibalekake sowan marang ngarsane Pangeranku (kaya pengiramu iku). Yekti aku bakal pikantuk panggonan bali kang luwih becik tinimbang kebon iki

[37] Sadulure kang mukmin ngucap marang dheweke, ambantah, "ya gene kowe teko kafir, maido marang Pangeran kang wis nitahake ing sira kadadeyan saka lemah, sabanjure kedadeyan saka mani, nuli Panjengenane Allah nyampurnakake sira wujud wong lanang

[38] Nanging yen aku, ngakoni menawa Panjenengane Allah iku Pangeranku, sarta aku ora nyekuthokake sawiji - wiji marang Pangeranku

[39] Yagene naliko kowe mlebu ing palemahanmu (kebonmu), lan weruh yen aku iki kalah sugih bandha lan kalah sugih anak tinimbang kowe, kowe teka ora ngucap mengkene: "Kabegjanku kang semene iki saka kersane Allah, ora ana kekuwatan kajaba klawan pitulunganing Allah

[40] Muga - muga wae Allah Pangeranku kersa maringi luwih becik tinimbang kebonira saiki, lan bisa uga Pangeran nurunake wewalak saka langit (kanggo ngrusak kebun iku), kebon iku banjur dadi gundhul, rata ora bisa thukul apa - apa

[41] Utawa banyune kebon iku dadi asat, sira nuli ora bisa golek kanggo ngelebi kebonmu

[42] Lan kabeh woh - wohane sirna resik, dheweke banjur ngremet - ngremet tangane saka banget getune jalaran ora sethithik wragad kang diwetokake kanggo kebon iku, ing mangka kebon iku dadi rusak kabeh tratag-tratage, lan dheweke banjur ngucap. "Aduh, saupama aku ora nyekuthokake sawiji - wiji marang Pangeranku" (mesti ora ana kedadeyan kaya mengkene)

[43] Ing kono wis kasep, ora ana golongan kang bisa nulungi marang dheweke kajaba mung Panjengenane Allah piyambak, dadi dheweke ora bisa pitulungan saka Allah

[44] Ana ing kahanan mengkono (dina Qiyamat) kekuasaan mung ana astane Allah Kang Haq. Panjengenane kang luwih becik piwalese (marang wong kang bekti) sarta luwih becik pungkasane

[45] (Muhammad) sira nerangna marang ummat ira, conto perumpamaan panguripan donya iku kaya dene banyu kang wis Ingsun turunake saka langit, kanthi anane banyu iku nuli metu tethukulan bumi kang campor karo saweneh liyane. Sawise ijo godhonge banjur dadi garing kabuncang angin. Dedane Allah iku kuwasa atas samu barang

[46] Bandha lan anak iku minangka dadi pepaes, panguripan donya, dene kabeh 'amal becik kang tetep, iku luwih becik piwalese mungguhing Pangeranira, lan becik kang diarep - arep dening manungsa

[47] (Muhammad) sira nyritakna ing dina Qiyamat, yaiku dinane Ingsun nglakokake gunung, lan sira bakal sumurp bumi iku gundhul (ora ana kekayone lan gununge, lan gedhong - gedhonge) sarta ana ing dina Qiyamat iku Ingsun ngumpulake kabeh titah ora ana siji - sijia wae kang Ingsun tinggalake

[48] Lan wong - wong mau padha disowanake marang Pangeranira kanthi baris lan jejer - jejer (lan bakal diputus perkarane pangandhikane), "He manungsa sayekti sira wus sowan marang ngarsaningsun kaya dene nalika Ingsun nitahake sira kabeh ing sekawit, (ora sandhang, ora anak, lan ora duwe apa - apa) malah menawa Ingsun ora gawe sawijine wektu perjanjian kanggo ngumpulake sira kabeh

[49] Lan sawise buku - buku catetan amal diadepake, temen sira sumurup wong - wong kang dosa pada wedi jalaran weruh catetan amale kang ala ana ing kitab iku, sarta dheweke pada ngucap, "Adhuh cilaka temen aku, ya gene catetan teka dosaku ora kang kliwatan, padha uga dosa gedhe utawa cilik padha kecatet, kabeh barang kang dilakoni pada ditulis kabeh. Dene pangeranira ora bakal nganiaya marang sawijining wong

[50] Lan sira (Muhammad) critakna nalika ingsung dhawuh marang Malaikat, "He para Malaikat sira kabeh pada sujuda marang Adam" ing kono para Malaikat banjur pada ngestokake dhawuhe kabeh pada sujud marang Adam, kajaba mung iblis kang mbangkakang ora gelem sujud, iblis iku kelebu golongane Jin dheweke banjur bangkang dhawuhe pangerane. He anak turune Adam apa sira padha alap iblis dadi panutan sak liyane Ingsun ing mangka dheweke iku dadi satrunira bebuyutan? Ala temen (ngabekti marang iblis) kang di enggo ganti saka ngabekti marang pangerane dening wong - wong kang nganiyaya iku

[51] Ingsun ora nekaake dheweke iblis supaya nekseni anggone Ingsun nitahake langit , bumi, lan uga tumitahe awak - awake. Ingsun ora ngalap tukang nasarake (syetan) kadadekake kanca (kang Ingsun pundhuti tulang)

[52] (Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat yaiku nalika Allah ngendika marang wong kafir, "Mara undangen brahala - brahala kang pada sira naggep sekuthuning Ingsun iku." Wong - wong kafir mau banjur padha undang - undhang, nanging brahala - brahala mau padha ora mangsuli. Lan ingsun ndadekake jurang ana ing neraka antarane iblis kang dianggep seesembahan karo wong kafir mau

[53] Lan sakwuse owng - wong kang dosa padha sumurup neraka, dheweke lan mesthi padha dicemplungake ana ing kono, sarta dheweke ora bakal bisa oncat saka neraka

[54] Lan Ingsun wis temen nerangake kabeh sanepa lan gegambaran ana ing Qur'an marang para manungsa, nanging para manungsa iku makhluk kang luwih akeh padune

[55] Lan ora ana kang bisa ngalang - ngalangi marang para manungsa menawa gelem percaya lan gelem nyuwun pangapura marang pangerana ung nalika dheweke ketekan pitutur , kejaba dheweke padha ngenteni dhisik tekane Sunnah Ingsun (nyiksa kaum - kaum) kang wis kepungkur, utawa padha ngenteni tekane siksa kang ana ngarepe

[56] Lan Ingsun ora ngutus para utusan kajaba gawe bebungah ngebang - bang ganjaran lan memedeni ngancam - ancam siksa, apa dene kanggo madoni marang wong - wong kafir marang anggone padha celathu ora bener (ora percaya marang para rasul) pamrihe arep nyirnakake kenabianing para Rosul kang nyata hak apa dene padha anggeguyu ayat Ingsun lan pengencam Ingsun siksa

[57] Lan sapa wong kang luwih nganiaya, ngungkuli wong - wong kang dielingake nganggo ayat - ayate Pangerane wusana padha mlengos saka ayat iku sarta padha lali ing dosa kang wis dilakoni. Saktemene Ingsun wis ndadekake tutup ana ing atine wong - wong mau supaya ora mangerti marang kebeneran, semono uga ana ing pangrungune abot ora bisa kanggo ngrungakake. Dene menawa wong - wong mau sira ajak marang pituduh, saklawase ora gelem nampa pituduh iku

[58] Denen Allah Pangeranira iku Maha Pangapura tur kagungan Rohmat, Saka upama panjenengane kersa jalaran dosa kang wis padha dilakoni, temen panjengengane ngenggalake siksa mau marang dheweke, nanging wis ana ketentuan kanggo dheweke anggone dipatrapi siksa kang dheweke padha ora oleh pangungsen saka liyane panjenengane

[59] Ln isine negara - negara iku Ingsun rusak nalika dheweke pinuju padha nganiaya. Dene mangsane anggone Ingsun ngrusak mau iya nganggo ketentuan kang Ingsun temtokake

[60] (He Muhammad) sira nyritakna lelakone nabi Musa lan nabi Hidir nalika semana nabi Musa paring pangandhika marang keluargane kang aran nabi Yusa', pangandikane, "Aku ora arep leren mlaku nganti aku tumeka ing pangginan kumpuling segara loro (segara Rum lan segara parsi, awit dhawuhe Allah aku bakal ketemu nabi Hidir ana ing kono) utawa aku nganti mlaku ngati pirang - pirang tahun lawase mesti tak lakoni

[61] Bareng sak karone (nabi Musa lan nabi Yusa') wis tumeka ing panggonan kumpuling segara loro mau, lali marang iwak kang wis disediakake kanggo dahare. Dene iwak iku nuli ngambah dalane nyemplung ing sak jroning segara. Dene segara kang dienggo liwat iwak mau, banyuni nisih, dadi bolong kaya lurung ora bisa pulih

[62] Bareng lakune wong loro mau wis liwat panggonan ing tempuling segara loro mau, nabi Musa dawuh marang nabi Yusa'," Mara ladekna sanguku dhedhaharan, awit anggonku mlaku wis sayah lan luwe

[63] Nabi Yusa' matur punapa panjenengan mboten wuninga, nalika kula kendel wonten ing sela punika, yektos kula kesupen ulam wau, mboten wonten ingkang nyupekaken nerangaken perkawis ulam kajawi syetan, serta ulam wau sampun ngambah marginipun wonten ing seganten ingkang nggumunaken

[64] Nabi Musa banjur ngendika, "Lahiku kang ingsun nggokeke." (awit dhawuhing Allah ing ngendi anggoning ilang iwak mau yaiku panggone nabi Hidir) sak karone banjur bali maneh nutur tilase

[65] Bareng sak karone wis teko ing waktu tilas panggonan leren mau, ketemu karo sawijining kawulaningsun kang wis Ingsun paringi rohmat (nabi Hidir) sarta diparingi ngilmu

[66] Nabi Musa banjur matur marang nabi Hidir, "Sowan kula ing panjenengan punika menawi kepareng badhe anderek dhateng panjenengan sarta mugi panjenengan mulang kawrung ingkang leres, ingkang sampun kaparingaken Allah dhateng panjenengan

[67] Nabi Hidir mangsuli, "Sakyektosipun panjengenan mboten saget sabar sasarengan kaliyan kula

[68] Kados pundi anggen panjenengan saget sabar mirsani patrap ingkang mboten leres tumrap sesarepan panjengan

[69] Nabi Musa mangsuli, "Inggih cobi kula lampahi andherek panjenengan, InsyaaAllah panjenengan badhe sumerep menawi kula punika sabar mboten nyulayani dhawuh panjenengan

[70] Nabi Hidir mangsuli, "Menawi panjenengan tumut kula sampun ngatos pitaken setunggaling perkawis ingkang kula lampahi, ngantos kula nerangaken piyambak dhateng panjenengan kanthi gamblang

[71] Sak karone (Musa lan Hidir) banjur tindak budhal. Bareng tumeka mangsane nunggang prahu, Nabi Hidir banjur mbolongi prau mau. Nabi Musa pitakon, "Kados pundi panjenengan teka ambolongi baita punika? Badhe ngeremaken titiyanipun? Tektos panjenengan sampun nglampahi perkawis ingkang dipun gething

[72] Wangsulane nabi Hidir, "Punapa dereng kula aturaken, sakleresipun panjenengan mboten saget sabar sesarengan kaliyan kula

[73] Nabi Musa mangsuli, "Panjengean sampun ndukai kula jalaran kula kesupen lan sampun andamel sekaos anggen kula ndherek panjenengan

[74] Sak karone banjur padha tindak maneh. Bareng ketemu karo sawijining bocah lanang, bocah mau banjur dipateni deneng nabi hidir. Nabi Musa pitakon maneh, "Kados pundi mejahi jiwa ingkang suci tanpa dosa? Yektos panjenengan sampun nglampahi perkawis ingkang awon

[75] Nabi Hidir mangsuli, "Punapa kula dereng matur dhateng panjenengan, menawi boten saget sabar sesarengan kaliyan kula

[76] Nabi Musa matur, "Sesampunipun punika, menawi kula ngantos pitaken malih dhateng panjenengan satunggaling perkawis sesampunipun mejahi lare wau, kula sampun kadadosakaen rencang malih. Awit sampun tetela anggen panjenengan kula nderekaken wonten pekewetipun

[77] Sakarone nuli padha tindak mangkat maneh.Bareng ing wayah sore tekan ing sawijining negara (ana ing kono padha krasa luwe), sakarone mundhut dhedhahawan marang wong pribumi, nanging ora ono kang gelem nyuguh marang sakarone. Sakarone nuli pirsa gedong kang wis dhoyong bae kari rubuhe, iku banjur di jejegake dening nabi Hidir, Nabi Musa banjur matur marang Nabi Hidir, "Menawi panjenengan saged mundhut pituwas (segahan) anggonipun anjejegaken tembok wau

[78] Nabi Hidir matur mangsuli, "Punika sampun wekdalipun pepisahan kula kaliyan panjenengan. Kula badhe nerangaken rumiyin dhateng panjenengan ing keteranganipun sedaya perkawis ingkang panjenengan mboten sage ngampah (sabar) wasana panjenengan lajeng maonni

[79] Dene bahita ingkang kula botol, punika gadhahanipun tiyang miskin ingkang sami nyambut damel wonten ing seganten mila kula botol, supados bahita wau cacat, jalaran ing sawingkingipun tetiyang punika mau winten Raja Kafir (perompak) ingkang badhe ngrampas sawarnining bahita ingkang tanpa cacad kanthi anjiyat (panganiaya)

[80] Dene lare ingkang kula pejahi punika, tiyang sepuhipun kekalih tiyang mukmin (tur sakalangkung asih dhateng anakipun). Lare wau mila kula pejahi, kula kuwatos ing tembenipun, Awit menawi panjang umuripun, pinasthi dados tiyang kafir serta badhe ngajak - ngajak sarta njlomprongaken tiyang sepuhipun dados kafir

[81] Kajeng kula, ing tembe, bapa biyungipun wau dipun paringana lintu dening Allah Pangeranipun, gadhah anak isteri ingkang prayogi, ngungkuli anakipun jaler ingkang sampun kula pejahi, manut miturut dhateng tiyang sepuhipun (emah -emah) angsal Nabi, aha badhe nurunaken para Nabi

[82] Dene tembok gedong wau punika gadhahanipun lare yatim kekalih (ingkang satunggal nama Ashram, satunggalipun nama Sharim) sami wonten ing salebetipun kitho. Lan ing sangandapipun tembok wau wonten pendheman (mas lan selaka) gadhahanipun lare yatim kekalih wau. Dene bapakipun lare kekaleh wau tiyang sae. Menawi tembok kala wau kalajeng rebah, pendheman ingkang isi mas lan selaka wau tentu dipun panggih ing tiyang. Ing mngka kersanipun Allah Pangeran panjenengan, tuwuh saking welas asihipun, lare yatim kekalih wau, benjing menawi sampun dewasa, dipun sumerepaken dhateng bandha pendhemaning bapa kala wau, selajengipun dipun dhudhuk. Lan sedoya ingka sampun kula lampahi wau, sane saking pikajeng kula piyambak (nanging atas dhawuhipun Allah). Lan punkia wau keteranganipun sedaya perkawis ingkang panjenengan botem saged sabar wusana lajeng maonni

[83] (Muhammad) wong Yahudi padha takon marang sira cerita lakon Dzul Quren, sira dhawuha, "Iya bakal nyeritakake marang sira ceritane Dzul Qurnain klawan cetha

[84] (Pangandikane Allah), "Satemene Ingsun (Allah) wis mangginake dheweke (Dzul Qurnain) ana ing bumi, lan Ingsun wis paring marang dheweke, kabeh perkara kang dadi sebab bisa tumeka marang kang dikarepake (ingsun paringi gagah perkasa, teguh mentale, perbawa, kekendelan, nganti saisining jagad ora ana kang ngalahake, lan ora ana kang wani nglawan, apa dene Ingsun pinterake marang pirang - pirang basa)

[85] Dheweke (Dzul Qurnain) nuli ngambah sawijining dalan

[86] Lakune Dzul Qurnain bareng teka ing panggonan suruping srengenge weruh suruping srengenge mau, katone kaya nyemplung ing segara endhut ireng, ing pinggir segara mau dheweke weruh lan ketemu owng - wong kang isih padha kafir. Pangandikaningsun, "He Dzuk Qurnain, mara pilihen, sira ukum kaum iku, utawa sira ngalap kebecikan tumrap dheweke (sarana sira Islamake)

[87] Dzul QUrnain matur, "Dene tiyang ingkang aniaya (ingkang kuguh ngantepi anggeni kafir tentu kawula siksa wonten donya) sak sampunipun pejah wonten ing akherat dipun sowanaken wonten ing ngarsane pangeranipun lajeng dipun siksa kanthi siksa ingkang gegirisi

[88] Wondene tiyang ingkang purun iman ing Allah sarta nindakaken kesaenan, punika estu badhe pikantuk ganjaran ingkang sae, sarta kawula badhe nanduki tetembungan ingkang aris punapa denen peperintahan kawula dateng tetiyang wau langkung entheng lan gampil

[89] Dheweke (Dzul Qurnain) nuli ngambah sawijining dalan maneh (bali mangetan)

[90] Bareng tekan panggonan mletheke srengenge dheweke sumurup srengenge iku mleteke ana ing sak dhuwuring panggonane wong kang ora duwe omah kanggo ngeyup nulak panase srengenge (wong mau padha omah ana ing leng - leng)

[91] Mengkono kedadeyane (Dzul Qurnain) wis bisa tumeka marang poncot kulon, semono uga, uga wis bisa tumeka ana ing poncot wetan, pangandikane Allah Ingsun wis muningani marang raja Dzul Qurnaen, sak suwene ingsun dadekake ratu lakune becik ngestokake prentahe Ingsun

[92] Dheweke raja Dzul Qurnain nuli ngambah sawijining dalan maneh (lakune mengalor)

[93] Nganti nalikane wis teko antarane gunung loro dheweke nuli ketemu ana ing sak ngarepe gunung loro mau, sawijining suku bongsa kang meh ora mangerti cecaturan

[94] Wong - wong mau pada matur, "Dhuh raja Dzul Qurnain, sakwijining redi punika wonten titahe pangeran, nama Ya'juj tuwin Ma'juj sakalangkung anggegirisi, menawi mlebet ing ngriki lajeng sami damel risak ing bumi (mangsa tiyang utawi sedaya barang ingkang wonten inggih telas dipun tedha) ingkang sang prabu punapa kepareng ngiasaaken benteng, supados Ya'juj lan Ma'juj boten saget mlebet ing mriki (menawi kelampahan mekaten kula inggih sagah nyaosi bebungah arta dhateng sang prabu)

[95] Raja Dzul Qurnain maringi wangsulan, "Kabeh perkara kang wis diparengake marang aku (kasantosan lan sugih bandha) iku luwih becik (tinimbang aturira kang awujud kesaguhan). Jalaran saka iku sira padha ambantua marang aku kanthi kekuatan, aku bakal yasa benteng kang kuat ana ing antaranira lan antarane dheweke (Ya'juj lan Ma'juj)

[96] Saiki kowe padha ngusungana wesi gedhe - gedhe iku nganti mepeti dalan antarane gunung loro mau. Sak wise kelakon raja Dzul Qurnain banjur ngedika, "Sira ngurupna geni." sak wise tumpukane dadi geni, raja Dzul Qurnain ngendhika maneh, "Saiki padha ngungana temboga.", Raja Dzul Qurnain banjur ngasokake tembaga mau minangka patrine wesi (ing kono banjur dadi benteng wesi)

[97] Sak wise mengkono, Ya'jud lan Ma'juj padha ora bisa manek ing benteng mau, uga dheweke ora bisa brobos sak ngisore

[98] Raja Dzul Qurnain ngedhika maneh, "Sira padha sumurupa, mungguh adeking benteng iki dhumunung rahmate Pangeranku marang sira kabeh, Ing mbesuk manawa wis tekan janjine pangeranku benteng wesi iki kelebur kadadekake karata karo bumi. Dene janjine Pangeranku mesti bener

[99] (Pangandikane Allah), "Ing dina iku Ya'jud lan Ma'juj padha ingsun umbar mlebu ngeki jagat sarta banjur banjur suk - sukan saking dene akehe. Lan sak wise (Malaikat Israfil) ngunekake sloomprete kabeh wong kang wis mati banjur padha urip tangi saka kubure lan banjur padha diklmpukake

[100] Lan ing dina iku uga (dina Qiyamat) ingsun mbukakake neraka jahanam tumrap wong - wong kafir padha sumurup kanti nyata

[101] Yaiku wong - wong kang mripate ketutupan saka pepeling ingsun (Qur'an), lan dheweke iku ora bisa krungu

[102] Apa para wong kafir anggone ngalap kawulaningsun kadadekake pangeran sak liyaningsun iku ngira menawa gawe manfaat marang dheweke? Saktemene ingsun wis ngediakake neraka jahannam tumprap dheweke minangka ddi panggonane

[103] (Muhammad) sira dhawuha, "Apa sira nyuwun dak wjangake kahanane wong - wong kang luwih kapitunan (ana ing akhirat)

[104] Yaiku wong - wong kang kesasar, miturut panemune owng mau mungguh penggawene kang dilakoni iku wis becik

[105] Wong - wong mau kang kafir ing ayat - ayating pangerane sarta kafir marang bakal sowan ing ngarsaning Allah. Awit sangka iku kabeh amale dadi rusak. Ingsun ora bakal ngedekake timbangan ana ing dina Qiyamat tumrap wong - wong mau

[106] Mengkoo iku pawalese wong - wong mau yaiku neraka jahanam, jalaran anggone kafir nggeguyu ayatiningsun lan utusaningsun

[107] Saktemene wong - wong kang iman lan nindakake kebecikan, swarga firdaus dadi panggonan tetep tumrap dheweke

[108] Wong - wong mau tetep langgeng ana ing kono, dheweke padha ora karep ngalih saka kono

[109] (Muhammad) sira dhawuha, "Sak umpama banyu segara iku dienggo mangsi kanggo nulis dhawuh pangandikaning Allah pangeranku (lan hukum - hukume) yekti segara mau bakal asat sak durunge rampung penulise dhawuh pangandikane Allah pangeranku, senajan dak tekakake imbuh mangsi kaya segara iku maneh

[110] (Muhammad) Sira dhawuha, "Saktemene ingsun iki uga manungsa kaya sira mung ingsun kaparingan wahyu kang nerangake sejatine pangeranira iku pangeran kang Maha Tunggal. Dene sing sapa ngarep - ngarep sowan marang ngarsane Allah pangerane, supaya nindakake kebecikan, lan aja nyekutokake anggone nyembah marang pangerane kanthi sesembahane liyane

Maryam

Surah 19

[1] Kaaf Haa Yaa 'Aiin Shaad

[2] (Dene kang sira waca iki Muhammad), nyaritakake rahmate Pangeranira kang kaparingake marang kawulane, yaiku Nabi Zakariya

[3] Nalika dheweke (Zkariya) ngedonga mrang Pangerane kalawan pandonga kang disidemake

[4] Unjkke, "Dhuh Pangeran kwula, kawula punika sampun sepuh, balung kula sampun ringkih, sira kula sampun mabluk uwanipun, namung senajana makaten kawula boten cilaka kalayan ndodonga Panjenengan punika dhuh Pangeran kawula

[5] Sarta saestunipun kawula kuwatos dhateng ahli waris kawula (ajrih boten leres anggenipun nyepeng khilafah) sapengker kawula, ing mangka simah kawula punika gabug. Jalaran saking punika, muga Panjenengan paring dhateng kawula sesulih (anak ingkang karidhan) saking ngarsa Panjenengan

[6] Anak kala wau ingkang badhe nampi warisan saking kawula tuwin saking kulawarga Ya'qub, sarta mugi Panjenengan dadosaken lare ingkang pikantuk karidhan Panjenengan, dhuh Pangeran kwula

[7] (Dhawuhe Allah), "He Zakariya, satemene Ingsun paring pawarta bungah marang sira bakal keparingan anak aran Yahya. Sadurunge iku, ora ana wong siji - sijiya kang Ingsun paringi jeneng kaya mangkono

[8] Nabi Zakariya munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Kados pundi kawula badhe gadhah anak, ing mangka semah kawula punika gabug, tuwin kawula sampun sepuh banget

[9] Allah paring pangandika minangka wangsulan marang Nabi Zakariya, "Mula bener mengkono. Pangeranmu wis dhawuh, "Perkara iku gampang utumrap Ingsun, lan satemene Ingsun wis nitahake sira sadurunge Yahya, sarta sira uga durung dadi apa - apa (Pangeranmu iya kuwasa)

[10] Nabi Zakariya matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan paring tetenger dhateng kawula". Pangandikane Allah, "Iya, tandha yekti sira bakal duwe anak lanang mengkene: sajrone telung dina telung bengi, sira aja caturan karo manungsa, tur kowe ora lara apa - apa (ora bisu)

[11] Nabi Zakariya banjur metu saka ing Pangimaman (mikhrab, panggonan anggone munajat), ketemu para kaume. Sarehning ora pareng guneman, mula mung aweh isyarat marang para kaume, "Sira kabeh padha shalata (Maha sucekake marang Allah) saben isuk lan sore

[12] (Ringkese Nabi Zakariya duwe anak lanang sarta banjur dijenengake Yahya). Yahya mau Ingsun junjung dadi Nabi, Ingsun paringi kawicaksana, tur isih bocah. Pangandikaningsun, "He yahya, saiki sira nyekela ('amalna) kitab Taurat klawan temen - temen

[13] Lan maneh Nabi Yahya mau Ingsun paringi bebuden welasan marang sepapadhaning manungsa sarta resikan (uga atine), lan dheweje iku wong kang taqwa (wedi, ngabekti) marang Pangerane

[14] Lan samono uga bekti marang wong tuwane loro, apa maneh dheweke iku ora duwe sifat gumedhe sarta ora duraka

[15] Nabi yahya mau Ingsun paringi selamet saka sakehing ribet wiwit nalika metu saka ing guwa-garbane keng ibu, lan nalika tumekane janji (sedane) sarta besuk nalikane Ingsun uripake, tangi saka ing pati

[16] He Muhammad, sira nyritakna lelakone Maryam ana ing kitab (al-Qur'an), nalika dheweke (Maryam) dhelik anenepi (sumungkir) ana ing panggonan sawetane Baitul Muqaddas saka para kawulawargane

[17] Dheweke (Maryam) mau nuli gawe aling - aling, dienggo ngaling - alingi para kawulawargane. Ingsun nuli ngutus Malaikat Jibril supaya nemoni Maryam, sarta tekane Jibril iku nyaru arupa manungsa kang sampurna

[18] Maryam banjur matur marang Malaikat Jibril, "Sayektosipun kula nyuwun reksa dhateng Ingkang Maha Welas saking panjenengan, menawi panjenengan bekti dhateng Panjenenganipun Allah, sampun ngantos kenging paggodha jalaran panjenengan

[19] (Malaikat Jibril mangsuli), "Sajatosipun kula punika satunggaling Utusanipun Pangeran Panjenengan, supados kula paring satunggaling putra jaler dhateng panjenengan ingkang suci

[20] Maryam mangsuli matur, "Kados pundi sagedipun kaleksanan kula badhe gadhah anak, ing mangka boten wonten manungsa (bojo) ingkang anggepok kaliyan kula, sarta kula punika sanes tiyang isteri awon

[21] (Malaikat Jibril) paring wangsulan, "Leres, mila mekaten, nanging Pangeran panjenengan sampun paring dhawuh, "Perkara anggoningsun maringi anak lanang marang maryam tanpa bapa, iku ingatase Ingsun gampang bae. KLang Ingsun damel kang koyo mangkono iku supaya dadi tandha yekti kuwasaningsun marang para manungsa dadi rakhmat saka ngarsaningsun. Lan perkara nitahake 'Isa iku perkara kang wis diputusake

[22] (Malaikat Jibril banjur ndamoni Maryam), sanalika Maryam banjur bobot, sarta sawse mbobot iku, dheweke nuli nyingkir marang panggonan kang adoh

[23] Bareng wis tekan wancine nglahirake jabang bayi, Maryam nglarani, nuli lunga menyang sangisore wit kurma sarta banjur celathu, "Adhuh, bok ya aku mati sadurunge nglakoni lara lan wirang kang mengkene iku sarta muga - muga kahananku dilalekake lan ora disebut - sebut

[24] Malaikat Jibril banjur mangsuli nguwuh - nguwuh ana ngisore Maryam, "He Maryam, panjenengan sampun sisah. Allah Pangeran panjenengan sapunika angawontenaken lepen ingkang mili wonten ngandhap panjenengan punika

[25] Lan ugi angoyagna wit kurma ingkang panjenengan sendheni punika. Saking kersanipun Allah wit kurma ingkang sampun garing punika samangke dados ijem seger sarta medal wohipun sanalika kangge panjenengan

[26] Samangke panjenengan kula aturi dhahar lan ngunjuk, sarta dipun tentremaken panggalih panjenengan. Menawi panjenengan kepanggih kaliyan tetiyang ingkang pitaken, supados kajawab, "Satemene Ingsun wis nadzar marang Pangeran Kang Maha Welas kalawan pasa, dina iki aku ora bakal guneman karo manungsa

[27] Maryam baeng wis rancag, waras lan resik, banjur bali marang panggonane para kaume kanthi mbopong putrane. Para kaume banjur padha nyruwe, pangucape, " He Maryam, yekti sira nglakone penggawe kang ngeram - eramake kang ora disenengi (yaiku peputra tanpa bapa)

[28] He sedulure Harun (He wong wadon kang suci prasasat Nabi Harun)Ramamu kyai Imron iku dudu wong ala lan ibumu dudu wong wadon serong

[29] Siti Maryam nuli aweh isarah (sasmita) supaya padha takon marang bayi mau. Kaume nuli padha takon kapriye anggoningsun ngajak catur bayi kang ana ing bandulan

[30] Ing kono bayi (Isa) mau banjur mangsuli, "Saktemene ingsun iki kawulane Allah, ing tembe panjenengane Allah bakal maringi kitab (Injil) marang ingsun, sarta panjenengane bakal ngangkat ingsun kadadekake Nabi

[31] Lan ana ing ngendi wae panggonanku, Allah bakal amberkahi marang Ingsun maedahi marang manungsa, sarta aku wis didhawuhi sak jeroningsun isih urip kudu nindakake shalat lan aweh zakat

[32] Sarta Ingsun wis didhawuhi supaya bekti marang ibuningsun, Sarta panjenengane ora ngersakake ingsun wong kang gumedhe lan duraka

[33] Sarta ingsun diparingi keslametan ing dina ingsun dilahirake, lan ing dina ingsun mati sarta ing dina ingsun katangekake maneh

[34] Kang wis mengucap mangkono mau yaiku Isa putrane Maryam, kanti pangucap kang dianggep padudon deniing wong - wong mau. (Yaiku bab kahanane Isa)

[35] Ora pisan - pisan Allah mundhut putra, Maha Suci Allah sangka peputra. Dene menawa panjenengane ngersakake nitahake sawijining perkara, panjenengane dhawuh, "Kun" anaa sira, ing kono barang mau banjur ana

[36] Lan saktemene panjenengane Allah Pangeraningsun lan Pangeranira. Awit saka iku sira padha manembaha marang panjenengane. Ya iki dalan kang bener

[37] (Bareng Isa ngandiko mangkono) para manungsa (golongan nasrani) banjur pada sulaya panemune (Dadi telung golongan). Dene siksa neraka kang banget larane iku disediakake kanggo wong kang mungkir (kafir) anggone nekseni dina kang banget gedhene (dina Qiyamat)

[38] Anggumunake wong - wong mau, dene wus padha krungu sarta wis padha sumurup tanda yekti, padha ora percaya anane dina Qiyamat yaiku dina dheweke padha disowanake marang ngarsaningsun nanging wong - wong kang aniaya (kafir) ana ing dina iku tetep ana ing sasar kang nyata

[39] (Muhammad) sira ngelingna wong - wong kafir mau ing dina Hasraah (dina nalangsa dina Qiyamat) yaiku nalika kabeh perkara diputus dening Allah lan wong - wong mau ana ing donya padha lali ora padha percaya marang Allah

[40] Saktemene Ingusn bakal nampa warise bumi (dalah wong sak isine bumi kabeh) lan mung marang ngarsaningsun piyambak wong - wong mau bakal disowanake

[41] Muhammad sira nyritakna critane Ibrahim ana ing sajroning al-Qur'an. Saktemene Ibrahim iku wong kang temen lan dadi nabi

[42] Yaiku critane Ibrahim nalika matur marang bapakne, "Dhuh rama kenging punapa panjenengan teka manembah brahala ingkang mboten mireng lan mirsani, sarta mboten saget ngalang - alangi siksane Allah saking panjenengan

[43] Dhuh rama sajatosipun kula sampun kaparingan ngilmu (kabatisan sarta syariat) ingkang dereng nate kaparingaken dateng panjenengan. Awit saking punika mugi - mugi panjenengan manut ing kula, kula badhe nedahaken margi ingkang leres

[44] Dhuh rama, panjenengan sampun pisan - pisan manembah dhateng syetan, jalaran sejatosipun syetan punika duraka dhateng Pangeran ingkang Maha Welas

[45] Dhuh rama sejatosipun kula ajrih menawi panjenengan kapatrapan siksa saking pangeran kang Maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasih saking Pangeran kang maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasihipun syetan

[46] Ramane Ibrahim mangsuli, "He Ibrahim, yogene gething marang brahala sesembahanku. Menawa kowe ora gelem mareni, yekti Ingsun ranjam, lan nyingkira saka aku saklawase urip

[47] Ibrahim banjur matur maneh, "Kawilujengan mugi tetep ing panjenegan. (Panjenengan badhe kula suwunaken ing Allah pangeran kula mugi - mugi panjenegan dipun tedahna dhateng agami Islam) saha kula badhe nyuwunaken pangapunten dhateng pangeran kula kangge panjenengan, sejatosipun panjenengane Allah sae (welas asih) dhateng kula

[48] (Ibrahim ngendika marang kaume:) "Lan ingsun bakal sumingkir saka sira kabeh lan saka barang kang padha sira sembah sakliyane Allah, lan ingsun bakal manembah marang Pangeraningsun, muga - muga kanthi panembah ingsun marang pangeran iku, ingsun ora dadi wong kang cilaka

[49] Bareng Ibrahim wis sumingkir sangka wong - wong mau lan saka sesembahan sak liyane Allah, dheweke nuli ingsun paringi anak, yaiku ishaq lan Ya'kub, sarta sak klorone iku ingsun angkat dadi nabi

[50] Lan ingsun paring marang dheweke (marang putra wayahe Ibrahim) saka rohmat ingsun, sarta ingsun dadekake dadi wong - wong kang pinuji lan becik sarta diluhurake (ana ing antarane ahli agama)

[51] (Muhammad) nyritakna critane Musa ana ing kitab Qur'an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang tulus lan resik ati, lan dheweke iku dadi rosul lan dadi nabi

[52] Lan ingsun nimbali dheweke Musa saka gunung Tursina (gunung Sinai) kang ana ing sisih tengen (nalika Musa mlaku saka Madyan) sarta ingsun cedhakake, ingsun paringake timbal pangandika karo Ingsun

[53] Lan ingsun wis paring marang Musa saka asih ingsun (minangka dadi pembantune), yaiku sedulure Harun uga kadadekake nabi

[54] (Muhammad) nyritakna critane 'Ismail ana ing kitab Qur'an. Saktemene dheweke iku wong kang setia tuhu ing janji, lan dheweke iku dadi Rosul lan dadi Nabi

[55] Lan Ismail dhawuh marang para ahline supaya padha nindakake sholat lan ngetokake zakat, lan dheweke iku diriloi ana ing ngersane Pangeran

[56] Muhammad nyritakna critane Idris ana ing kitab al-Qur'an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang temen dadi nabi

[57] Lan Ingsun wis ngluhurake dheweke (Idris) ana ing panggonan kang mulya

[58] Kabeh para nabi kang wis kasebut mau kang wis diparingi kanikmatan dening Allah saka golongane nabi - nabi, saka anak turune Adam lan anak turune wong - wong kang ingsun tunggangake prau bareng karo Nuh, lan saka anak turune Ibrahim lan Israil (Ya'kub) lan saka anak turune wong kang wis ingsun paringi pituduh sarta ingsu pilih. Menawa dheweke iku diwacakake ayat - ayate Pangeran kang Maha Welas, wong - wong mau pada sungkem sujud sarta nangis jalaran saka konjeme

[59] Sak pungkure para nabi lan kaum - kaum kang padha becik tumuli ketungka para kaum (Yahudi) kang padha ninggalake sholat sarta mung manut marang kasenengane dhewe. Yekti dheweke bakal padha nemoni piwales jalaran kalacutane

[60] Kajaba wong kang banjur padha tobat lan percaya sarta nindakake kabecikan, wong kang mengkono mau ing tembe bakal mlebu suwarga lan ora dikaniaya sethithik - thithika

[61] Yaiku swarga 'Adn panggonan tetep langgeng kang wis dijanjekake dening Pangeran Kang Maha Welas marang kawulane kanthi ghoib. Saktemene janjine Allah iku mesthi teka

[62] Wong - wong mu'min kang ana ing suwarga ora padha krungu suwara lacut (kang ora nyenengake) kajaba mung keslametan, lan ana ing kono bakal kaparingan rejeki saben esuk lan sore

[63] Swarga iku ingsun warisake (cawisake) marang kawulaningsung kang wedi marang Allah

[64] (Malaikat Jibril matur marang Nabi Muhammad), "Anggen kula tumurun dhateng ing donya sowan ing panjenengan punika, mboten sanes saking dhawuhing pangeran panjenengan. Allah punika ngawuningani (kagungan) sedaya barang ingkang badhe kelampahan (ingkang wonten ngajeng kula) lan ingkang sampun kelampahan (ingkang wonten wingking kula) sarta ingkang wonten ing antawasipin punika. Dene Pangeran panjenengan punika mboten badhe nyupekaken dhateng kawulaningpun

[65] Inggin panjenenganipun punika Pangeraning langit lan bumi sarta sedaya ingkang wonten saantawisipun. awit saking punika panjenengan mugi manembah dhateng Panjenenganipun lan mugi dipun sabarna (mantepna) anggen panjenengan ngibadah dhateng Allah. Punapa panjenengan pirsa bilih sanesipun Allah ngangge nama Allah

[66] (Allah) ngendika, "(Muhammad) wong kafir kang ora percaya bakal tangi saka kubur padha ngucap, "Punapa menawi kula sampun pejah, yektos badhe dipun wedalaken malih

[67] Apa para manungsa (kafir) mau ora eling (ora rumangsa, menawa ingsun wis nitahake dheweke sekawit, lan dheweke iku asale dudu apa - apa)

[68] Demi pangeranira (Muhammad) temen ingsun bakal nangekake (ngumpulake) wong - wong kafir mau lan para syetan - syetane. Ingsun banjur nekakake kabeh wong - wong mau ana ing sakkiwa tengen neraka jahannam kanthi padha mbrangkang

[69] Ingsun banjur milih sangka saben - saben golongan, endi kang luwih gedhe dosane marang pangeran kang Maha welas

[70] Ingsun banjur luwih mungingani marang wong - wong kang luwih banget lan patut dicemplungake ana neraka jahanam

[71] Lan oara ana siji - sijia sangka sira (kang duwe dosa), kajaba teka marang neraka jahanam. Dene anggone ditekake marang neraka jahanam iku minangka ukuman kang wis katemtokake dening pangeranira

[72] (Skawise teka ing neraka) ingsun banjur nylametake wong - wong kang padha taqwa sarta ingsun ninggalake wong - wong kang padha aniaya langgeng ana ing neraka jahannam

[73] Lan nalika para manungsa iku padha diwacakake ayat - ayatingsung kang cetha, wong - wong kafir padha ngucap marang wong kang iman, "Endi antarane rong golongan (ahli agama) iki kang luwih pangkate lan luwih becik panggonane

[74] (Pangandikane Allah mangkene), Biyen sak durunge wong kafir iku, pira wae kehe wong kang ingsun tumpes kanthi siksa, tur padha sugih bandha, omahe becik - becik ujude lan tandange bregas - bregas, dideleng andemenakake

[75] (Muhammad)dhawuha marang wong - wong kafir, "Sing sapa ana ing sakjeroning sasar yekti pangeran kang maha welas andawake umure (karoben suwe anggone sasar) nganti menawa padha weruh kang dijanjekake marang dheweke padha uga bab siksa utawa dina Qiyamat, yekti dheweke padha mangerti sapa kang luwih ala panggonane lan luwih apes balane

[76] Lan panjenengane ALlah bakal nambahi pitedah marang wong - wong kang padha nampa pituduh. Dene kabeh amal kebecikan iku mungguhe pangeranira luwih becik ganjarane lan luwih becik wekasane

[77] (Muhammad) nerangna critane wong kang kafir marang ayat - ayate ingsun, lan dheweke padha ngucap, "Yekti menawa perkara kang disebut - sebut dening Muhammad ing kaherat iku bener temen ing kono aku bakal kaparingan bandha lan anak

[78] Apa dheweke wis sumurup perkara ghoib, utawa dheweke wis gawe perjanjian marang pangeran kang maha welas

[79] Babar pisa ora, Ingsun bakal nulis apa kang diucapake (ing tembe ingsun kanggo melehake) sarta ingsun bakal nambahi siksa marang dheweke

[80] Lan ingsun bakal maris apa kang diucapake dening dheweke lan bakal sowan marang ngarsaningsun ijen (tanpa anak tanpa bondha tanpa kanca)

[81] Lan wong - wong kafir mau padha ngalap pangeran sakliyane ALlah kang pamrihe supaya ngalang - alangi dheweke saka siksa

[82] Babar pisa ora bisa. Brahala sembahan iku bakal mungkiri ing pangibadahe wong - wong musyrik mau, lan ana ing akherat bakal dadi satru

[83] Apa sira durung sumuru, menawa saktemen ingsun wis ngutus syetan - syetan marang wong kang padha kafir kang perlune godha lan anjlomprongake marang wong - wong kafir mau

[84] Awit saka iku sira aja nyuwun enggal - enggal dheweke kapatrapan siksa satemene wis ngetung - etung marang wong - wong mau (nganti tumeka mangsa kang katemtokake kanggo nyiksa)

[85] (He Muhammad) sira nyritakna bab dina QIyamat yaiku dinane ingsun ngumpulake wong - wong kang padha taqwa padha sowan marang ngarsaning pangeran kang maha welas

[86] Lan ingsun giring wong - wong kang padha dosa mau marang neraka jahanam kanthi mlaku darat lan banget ngelake

[87] Ing dina iku wong mau padha ora duweni pitulungan, kajaba wong kang duwe perjanjian ana ing ngersane pangeran kang maha welas

[88] Lan wong - wong kafir mau pdha ngucap, "Allah kang maha murah iku peputra

[89] Yekti saktemene sira kabeh wis nekakake perkara kang kotor temenan

[90] Meh bae pangucapmu iku ngigarake langit lan abengkahake bumi sarta angrubuhake gunung saka dedukaning Allah

[91] AMarga dheweke padha ngarani menawa Pangeran kang Maha murah iku peputra

[92] Ora pantes babar pisan menawa pangeran kang maha welas iku mundhut putra

[93] Ora ana barang kang kumelit ana ing langit lan bumi, kajaba padha siwan marang ngarsaning Pangeran kang maha welas nganti temen - temen ngaku anggone dadi kawula

[94] Saktemene panjenengane wis nguningani cacahe manungsa kabeh, sarta wis ngetung marang siji - sijine wong sarta ala becike

[95] Mbesuk ing dina Qiyamat kabeh wong padha sowan marang ngarsaning Allah ijen tanpa bandha tanpa anak tanpa kanca

[96] (Pangandikaning Allah) saktemene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan yekti pangeran kang Maha welas bakal andadekake wong - wong mau kang kinasih

[97] Saktemene ingsun wis gampangake kitab al-Qur'an iki kawoca dening lisanira, supaya sira bebungah marang won g- wong kang taqwa kanthi kitab al-Qur'an marang wong - wong kang banget anggone madoni iya kanthi al-Qur'an iki

[98] Lan wis pira kehe anggoningsun ngrusak kaum - kaum sakdurungira saka umat - umat kang kepungkur. Apa sira isih nemu salah sijining wong - wong mau, utawa apa sira krungu suwara lamat - lamat sakwise dirusak, wong - wong mau

Ta Ha

Surah 20

[1] Thaa Haa

[2] Ingsun ora nurunake kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) supaya dadi rekasa

[3] Nanging Ingsun nurunake kitab al-Quran supaya dadi pepenget marang wong kang bekti marang Allah

[4] Kitab al-Quran iku tumurn saka ngarsane Allah, pangera kang nitahake bumi lan langit kang duwur

[5] Panjenengane Pangeran kang Maha murah iku mrintah anindakake murba wasesa ana ing 'Arsy

[6] Allah iku kagungan kabeh ana ing langit - langit lan bumi, lan kabeh kang ana antarane bumi lan langit, sarta barang kang ana ing sangisore bumi

[7] Lan menawa sira nyerukake pangucapira, temen panjenengane Allah iku ngawuningani kang disidhem lan kang dibatin

[8] Panjenengane Allah, ora ana Pangeran kajaba mung panjenengane piyambak. Panjenengane kagungan asma kang becik

[9] (Muhammad) apa sira wis sumurup ceritane Nabi Musa

[10] Nalika dheweke nabi .usa sumurup geni, banjur ngendika marang ahline, "Sira padha lerena ana ing kene dhisik, geni kae tak paranane, tak nyumet obor, banjur tak bali mrene, utawa bokmenawa ing kana aku ketemu wong kang nuduhake dalan

[11] Bareng nabi Musa wis tekan panggonane geni, ditimbali dening Allah. Pangandikane,"He Musa

[12] Saktemene ingsun iki pangeranira. Mara copoten trumpahira, jalaran saktemene sira saiki ana ing jurang suci kang aran jurang Thuwaa

[13] Lan Ingsun wis milih sira, ingsun junjung dadi utusaningsun, lan ingsun parengake imbal pangandika lan Ingsun. Sira ngestokakna (ngrungokna) apa kang wis kawacakake marang sira

[14] Saktemene Ingsun iki Allah, ora ana Pangeran kajaba Ingsun. Jalaran saka iku sira manembaha marang Ingsun, sarta nindakake shalat klawan eling marang Ingsun

[15] Saktemene bakal tekane dina Qiyamat iku mesthi kaleksanan, meh - meh Ingsun gawe dadi tekane Qiyamat iku kanggo males sakabehing badan apa kang wis ditindakake (ala lan becik)

[16] Awit saka iku, sira aja nganti kelu (dienggokake) marang wong kang ora percaya marang bakal kelakone dina qiyamat sarta nuruti karepe hawa napsu. Manawa sira kelu mesthi bakal rusak

[17] Lan apa kang sira cekel ana ing tanganira tengen iku, Musa

[18] Nabi Musa munjuk, "Punika teken kawula. Kawula angge teteken, sarta kawula angge nggegepyok ron - ronan kangge pakanipun menda kawula, saha kangge sanes - sanesipun

[19] Panjenengane Allah paring dhawuh, "He, Musa, mara uncalna tekenira iku

[20] Nabi Musa banjur nguncalake teken mau. Dumadakan teken iku dadi ula gede kang mlaku (nlosor)

[21] Allah paring pangandika, "Mara ula iku jupuken, aja wedi. Ingsun bakal balekake ula iku marang kahanane sekawit, dadi teken maneh

[22] Lan mara tanganira (epek - epekira) kempitna ana ing caklaanira yekti bakal malih dadi putih mencorong tanpa cacat (dudu putih belang). Iku dadi tanda yekti siji maneh kang mratandhani menawa sira dadi utusaningsun

[23] (Kejaba tanda yekti loro iku) sira Ingsun tuduhake tondaha yektiningsun kang luwih gedhe

[24] Saiki sira mangkata, ingsun utus ketemu Fir'aun. Satemene dheweke iku banget lacute

[25] Nabi Musa munjuk, "Dhu Pangeran pepundhen kawula, mugi panjenengan paring pepadhang manah (anjemberaken dhadha) kawula

[26] Saha mugi panjenengan paring gampil anggen kawula nglampahi ajakan kawula

[27] Saha mugi mantunaken cidaliput ilat kawula

[28] Supados Fir'aun dalah para kaumipun sami mangertos wicantenan kawula

[29] Saha kawula mugi kaparingan pembantu ingkang klebet ahli kawula

[30] Inggih punika Harun, sedherek kawula kaliyan piyambakipun

[31] Saha mugi panjenengan ngiyataken geger kawula kaliyan piyambakipun

[32] Saha mugi nyarengaken Harun ambantu kawula wonten ing padamelan kawula punika

[33] Supados kita kekalih sami ngathah - ngathahaken anggen kula maha nucekaken Panjenengan

[34] Punapa malih ngathah - ngathahaken anggen kita enget dhateng panjenengan

[35] Saestunipun Panjenengan punika ngawuningani dhateng kita sedaya

[36] Allah paring pangandika, "He Musa, temen Ingsun wis gnabulake apa sing dadi panyuwunira

[37] (Liyane iki) temen Ingsun wis paring kanugrahan sepisan maneh marang sira sadurunge iki

[38] Yaiku nalika Ingsun paring wahyu (ilham) marang ibunira, kaya kan gwis Ingsun dhawuhake mengkene

[39] (Sarehne sira kuwatir mbok menawa anakira dipateni Fir'aun), anakira iku sira wadhahana ing peti, nuli kentirna (cemplungna) ana ing bengawan (Nil). Bengawan nil bakal minggerake peti mau marang pinggir anakira bakal ditemu (dijupuk) dening mungsuh Ingsun lan mungsuh ira (yaiku Fir'aun). Lan Ingsun paring asih marang sira (Musa), supaya sira, kinasih lan supaya diopeni kanthi pikantuk penjagaan

[40] Dheksamana sedulurira wadon (Maryam) lumaku perlu ngodhol marang sira. Bareng sira ditemu dening para abdining Fir'aun, dheweke banjur celathu marang kang nemu, "Punapa panjenengan kersa kula tedahi tiyang ingkang saget ngopeni lan nyesepi bayi punika?" (wong kang nemu bayi mau banjur setuju, Maryam banjur ngundang ibune). Ingsun nuli mbalekake sira marang ibunira supaya atine seneng sarta ora sedhih. Lan sira wis mateni sawijining wong (Qibthi), sira Ingsun paringi selamet saka kesusahan jalaran anggonira mateni iku. Lan Ingsun maringi pirang - pirang coba mawarna - mawarna (lan uga Ingsun paringi selamet), sira nuli manggon ana ing ahli Madyan (dalane nabi Syu'aib) pirang - pirang tahun (kurang luwih tahun) (sarta ngrabeni putrane), sira banjur bali maneh sawise tumeka mongsa kang wis Ingsun temtokake marang sira

[41] Ln sira wis Ingsun pilih supaya nampa wahyu lan risalah saka ngarsaningsun

[42] Sira karo sedulurira (Harun) padha mangkata, perlu ngundangake dhawuhingsun marang manungsa kabeh, kanthi ngampil ayat ingsun. Lan sira sakloron aja kendhat - kendhat eling ngundhangake dhawuhingsun

[43] Sira sakloron padha mangkata nemoni raja Fir'aun, jalaran dheweke iku banget lacute

[44] Sira sakloron padha dhawuhna raja Fir'aun kanthi aris (andhap asor), muga - muga dheweke gelem nampa pepeling utawa wedi marang Ingsun

[45] Sak karone padha munjuk, "Dhuh Allah Pangeran kawula, sayektosipun kawula punika kuwatos mbokmenawi Fir'aun lajeng misakit utawi mejahi dhateng kawula, utawi mbokmenawi sang saya sanget anggenipun siya - siya dhateng kawula

[46] Allah paring pangandika, "Sira aja padha kuwatir, saktemene Ingsun anjangkung marang sira, ingsun mireng aturira lan mirsani marang sak solah tingkahira

[47] Sira sak kloron tekoa marang Fir'aun sarta dhawuha mengkene: kula kekalih punika utusanipun Allah pangeran panjenengan, jalaran saking punika tiyang - tiyang bani Israil sarta kula mugi kalepasna saking pandamelan sarta sampun panjenengan siksa. Sayektosipun kula dhateng panjenengan punika ambekta tandha yekti saking pangeran panjenengan. Lan kawilujengan tetep dhateng tiyang ingkang manut pitedah

[48] Sayektosipun kula sami kaparing wahyu, bilih siksa punika kaptrapaken dhateng tiyang ingkang anggorohaken para utusan tuwin mlengos

[49] Fir'aun banjur pitakon, "He Musa lan Harun sapa pangeranira iku

[50] Musa mangsuli, "Dene pangeran kula inggih punika Allah ingkang sampun paring sadoya kabetahanipun para titah. Saklajengipun panjenenganipun paring pitedah marginipun kawilujengan

[51] Fir'aun pitakon maneh, "Kepriye kahanane ummat kang wis kapungkur

[52] Musa banjur mangsuli, "Ingkang wuninga lelampahanipun para ummat ingkang sampun kapengker punika namung Allah pangeran kawula, perkawis punika sampun kaserat wonten Lauhil Mahfudz. pangeran kula boten badhe klento lan boten kesupen

[53] (Panjenengane pangeran) kang wis nitahake bumi iki jumereng kanggo sira kabeh, sarta panjenengane wis ndadekake pirang - pirang dalan ana ing bumi kanggo sira kabeh, sarta panjenengane nurunake banyu saka ing langit. Ingsun nuli ngetokkake sarwane thethukulan kang beda - beda rupane

[54] (He para manungsa) sira padha mangana thethukulane bumi lan padha angona raja kayanira. Saktemene kang mengkono iku temen dadi tonda yekti tumrap wong kang duwe akal

[55] Sira padha ingsun titahake saka ing bumi, lan bakal ingsun balkake ana ing bumi maneh, sakbanjure sira bakal ingsun wetokake sangka bumi sapisan maneh

[56] Lan temen ingsun wis meruhake kabeh ayat - ayat Ingsun marang Fir'aun nanging dheweke malah anggorohake lan ora gelem nampa

[57] Fir'aun banjur ngucap, "he Musa paa tekamu iki tegel nundhung aku sak kukuban saka ing bumi negaraku kene (negara Mesir sarana sihirmu iku)

[58] Temen aku bakal nekakake sihir marang sira kanggo nandingi. Jalaran saka iku mara gawea perjanjian ora kena disulayani dening aku lan sira ana ing panggonan kang adil

[59] Musa mangsuli, "Panjenengan temtokaken benjing dinten ageng kemawon mangsanipun tiyang sami mangangge pameran, ing mriku para tiyang sami dipun klempakakke ing wanci injing

[60] Fir'aun nuli mlengos dhawuh nglumpukake juru sihir, sakwise nglumpuk banjur diirit marang panggonan kang ditemtokake, ing dina kang wis ditemtokake. Ana ing kono tempok karo Musa

[61] Musa banjur celathu marang wong - wong sihir mau, "He para juru sihir, cilaka temen kowe, aja wani - wani gawe celathu goroh ngarani tandha yektine Allah iku sihir. Allah bakal numpes kowe kabeh kanthi siksa, lan wong kang gawe - gawe iku bakal nandhang kapitunan

[62] Para juru sihir mau banjur padha kumpul rerembugan padha papadhon (ana kang ngarani Mukjizat nabi Musa iku sihir lan ana ing ngarani dudu sihir) sarta padha nyidhemake anggone padha rerembugan

[63] Para juru sihir mau banjur padha ngucap, "Saktemene wong loro iku (Musa lan Harun) yekti juru sihir kang arep nundung sira saka bumi-nira kanthi ilmu sihire. Lan arep ngilangake dedalane agamanira kang pancen utama

[64] Jalaran saka iku digolong anggonmu padha ngetokake keluwihanmu ing ilmu sihir, nuli padha majua kanthi saktata barisan. Ing dina iku sing sapa sihire unggul lan menang mesthi beja

[65] Para juru sihir banjur celathu, "He nabi Musa punapa panjenengan nguncalaken teken rumiyin punapa kula ingkang rumiyin nguncalaken teken lan tampar kula

[66] Musa banur mangsuli, "Sira nguncalaken dhisik" (para juru sihir padha nguncalake teken lan tampare) sak naliko iku sihire para juru sihir tumama marang nabi Musa, tampar lan teken katon padha dadi ula, padha mlaku pating talesep

[67] Musa krasa wedi ana ing sakjroneng atine

[68] (Pangandikane Allah), "Ingsun dhawuh marang Musa, Sira aja wedi lan kuwati, jalaran saktemene sira kang bakal luwih unggul lan menang

[69] Lan teken kang ana tangan tengenira iku sira uncalna (mesthi dadi ula gedhe) banjur nguntali ulane para juru sihir mau, awit ula mau dudu ula temenan, mung pangreka dayane juru sihir bae. Lan para juru sihir iku ana ing endi - endi panggonan ora bakal beja lan menang

[70] (Sakwise tekene Musa diuncalake lan nguntal kabeh ulane para juru sihir mau) para juru sihir mau tumuli padha njungkel sujud ing Allah. Bareng wis tangi banjur padha matur, "Kula sami pitados dhateng pangeranipun Harun lan Musa

[71] (Fir'aun banget nepsune marang juru sihire) pengucape, "Ya gene kowe durung oleh palilahku teka banjur percaya marang Musa. Yen mengkono Musa iku penggedhemu kang mulang sirih marang kowe. Lah ya rasakna, kowe mesthi bakal tan junjang, tak kethok tanganmu tengen lan sikilmu kiwa, lan bakal tak penthang ana wit kurma. Ing kono kowe bakal sumur sapa kang siksane luwih abot lan langgeng

[72] Para juru sihir banjur padha matur, "Kula sami boten badhe milih panjenengan, maiben tandha yekti ingkang sampun kula sumerapi kanthi terang punika babar pisan bote. Dene pangancam panjengan dhateng kula kathah - kathah inggih sumangga panjenengan tindakaken. Demi Allah ingkang sampun angawontenaken kula, anggen panjenengan badhe misakit dhateng kula punika namung tumrap wonten ing donya kemawon

[73] Sak estunipun kita punika iman dhateng Allah Pangeran kula, supados Allah paring pangapunten kalepatan kula sadaya langkung-langkung malih anggen kula purun panjenengan peksa sinau sarta nindakake sihir. Dene ganjaranipun ALlah punika langkung sae ngungkuli ganjaran panjenengan saha langgeng

[74] Saktemene wong kang padha sowan (mati) marang pangerane kalayan dosa (kafir) iku bakal pikantuk (kaptrapan neraka jahanam). Ana ing kono dheweke iku ora mati lan ora urip

[75] Dene wong kang sowan marang ngarsane pangerane kalayan percaya (iman) lan wis nindakake laku becik, iku dheweke bakal pikantuk pangkat kang luhur (ana ing suwarga)

[76] Yaiku suwarga 'Adn panggonan langgeng, kang sangisore ana bengawane mili, ana ing kono wong - wong mau padha langgeng. Mengkono iku ganjarane wong kang suci saka dosa

[77] (Pangandikane Allah), "Lan temen Ingsun wis paring wahyu marang Musa, 'He Musa lungoa (lumakua) ing wayah bengi (saka ing tanah Mesir) bareng karo kawulaningsun (bani Israil). tekenira sira sabetna ing segara, mesthi banjur piyak, dalan gedhe, asat tur resik. Sira lumaku ing kona tanpa kuwatir kecandhak Fir'aun, lan ora kuwatir kerem ing segara

[78] Musa sarta sapendhereke nuli diburu (disusul) dening Fir'aun sawadya balane, (miturut cerita cacahe . lan dipenggedheni dening Opsir wadyabala kang tangguh padha melu mlebu ing segara) banjur padha tumpes tinungkep ing banyu segara

[79] Fir'aun mau tetep nasarake para kaume kabeh padha mati kafir, padha ora pikantuk pituduh

[80] (Pangandikane Allah), "He wong Bani Israil. Temen Ingsun wis paring selamet marang sira ucul saka satrunira Fir'aun, lan Ingsun wis janji marang sira supaya sira teka marang gegering gunung sisih tengen (Tursina), sarta nalika ana ing ara - ara teh, sira Ingsun paringi pangan rupa manna lan salwa

[81] (Dhawuh Ingsun), "Sira padha mangana peparingingsun rejeki kang becik - becik, lan poma dipoma sira aja padha ngluwihi wates, mundhak kena bebenduningsun. Lan sapa kang kena ing bebenduningsun, mesthi kacemplung ing neraka

[82] Satemene Ingsun iku Maha Pangapura marang wong kang gelem tobat, lan iman sarta nindakake kebecikan, lestari netepi pituduh bener nganti tumeka ing waktune mati

[83] He Musa, sebab apa sira teka kesusu anggonira seba marang Ingsun, nganti ngelancangi para kaumira

[84] Nabi Musa matur, "Tetiyang wau wonten ing wingking kawula mboten tebih, persasat sareng kemawon kaliyan kawula. Dhuh Pangeran kawula. WOndene anggen kawula kesesa kedhangkalan mareg ing panjenengan punika supados paringa karidhaan panjenengan dhateng kawula

[85] Allah paring pangandika, "Sapungkurira, para kaumira padha Ingsun paringi coba, padha disasarake dening wong golongan Samiri (padha diajak manembah pedhet mas)

[86] Nabi Musa (bareng wis patang puluh dina anggone ana ing gunung lan wis diparingi kitab Taurat) banjur bali marang panggonane para kaume (wong Bani Israil) Musa ngendika, "he para kaumku. Pangeranmu apa ora wis paring perjanjian becik marang kowe (kowe bakal diparingi kitab Taurat) lan apa kesuwen anggonmu padha ngenteni tekaningsun (saka ing gunung anggawa kitab Taurat kang wis dijanjekake dening Allah) utawa apa sira pancen njarag supaya kena bebenduning Allah Pangeranira, (dene sira teka manembah pedhet mas) nyidrani perjanjianira marang ingsun

[87] Para kaume Musa, (yaiku para kaum Bani Israil) banjur padha matur, "Anggen kita nyidrani perjanjian kita dhateng panjenengan punika boten saking kajeng kula piyambak, lugunipun makaten: nalika kesah kita saking Mesir punika rumiyin, sami mbekta rajabrana gadahanipun tiyang mesir. Sarehning barang punika sanes leresipun dados gadhahan kita, saking pembujuking tiyang golongan Samiri

[88] Rajabrana wau dipun klempakaken, lajeng dipun cithak dados pedhet mas, ingkang mawa daging lan ruh, tur saget nyuwanten pangucapipun (tiyang Samiri), "Iki Pangeranmu lan Pangerane Musa uga, dheweke kelalen

[89] Wong kang padha manembah pedhet mas mau apa ora duwe panemu menawa pedhet mas ikuora bisa mangsuli pitakon apa - apa, lan ora bisa agawe kemlaratan, apa dene piguno marang dheweke

[90] Sadurunge iku, Harus wis paring pituru mengkene, "He para kaumku. Satemene sira iku padha kena coba pedhet mas. lan satemene pangeranira iku Allah Kang Maha Welas. Awit saka iku sira padha manuta marang agamaningsun lan manuta marang dhawuhingsun

[91] Wong - wong bani Israil padha mangsuli, "Inggih kajengipun. Kula boten badhe kendel anggen kula manembah pedhet mas, kantenipun benjing menawi Musa sampun kondur" (punapa duka, punapa lajeng tumut manembah pedhet mas)

[92] Musa banjur pitaken, "Dhuh Kang mas harun punapa ingkang angalang-alangi nalika panjenengan sumerep tiyang - tiyang Bani Israil sami sasar (manembah pedhet mas)

[93] Panjenengan boten enggal - enggal manut kula (nerangaken kemsyurikanipun tiyang - tiyang bani Israil). Punapa pancen panjenengan jarag sengaja nyulayani piweling kula

[94] Harun mangsuli, "Dhuh putrane sibu. Sira aja nyekeli jenggot lan sirahku. Satemene Ingsun kuwatir yen sira ngucap mengkene, "Dhuh kangma Harun, Satemene sira wis misahake kaum Bani Israil, lan sira ora ngreksa marang ucapaningsun

[95] Musa takon, "Apa kang nyebabake sira manembah pedhet iku he Samiri

[96] Samiri matur, "Kawula sumerep satunggaling perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening tetiyang kathah (Bani Israil). Kawula lajeng ngepel siti sakepel saking tapakipun utusan (malaikat Jibril), lajeng kawula lebetaken dhateng cangkemipun pedhet (wekdal punika lajeng saget nyuwanten kados lembu sayektos) Lan kados makaten punika nafsu kawula sampun memaesi kawula tumindak makaten punika

[97] Musa banjur dhawuh, "He Samiri. Sira lungaa (aja mrene maneh salawase urip). Satemene kanggo piwalesira ana ing panguripan donya sira ngucap, "Ora gepok senggol" (sira aja awor marang para manungsa lan sira ora kena dicampuri dening sapa bae). Lan sayekti sira duwe mangsa (bakal kapatrapan siksa kang luwih abot ana ing akherat), kang ora bisa sira sulayani. Lan delengen Pangeranira kang salawase sira sembah, yekti bakal ingsun obong, sarta awune bakal ingsun sawurake ana ing segara

[98] Satemene Pangeranira kabeh iku Allah, kang ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Panjenengane piyambak, kang kawruhing Allah iku jembar banget anglimputi kabeh perkara

[99] Kaya mengkono anggoningsun nyritakake lelakone Ummat ing zaman kuna marang sira (Muhammad). Lan tmen Ingsun wis paring marang sira pitutur (Qur'an) saka ngarsaningsun

[100] Sing sapa mlengso, ora percaya marang al-Qur'an, temen dheweke iku besuk ing dina Qiyamat bakal nggendhong dosa

[101] Anggone padha nandang siksa patrapaning dosa mau langgeng. Lan ala teman anggone padha nggendhong dosa besuk dina Qiyamat

[102] Iya iku ana ing dina nalika slomprette Malaikat Israfil kang isi sakehing nyawa disebul. Ing dina iku Ingsun nglumpukake wong - wong kang padha dosa, mripate pada wuta

[103] Dheweke padha pating klesik crita marang kancane, "Anggonmu ana ing donya biyen, kira - kira apa mung tahun lawase

[104] Ingsun luwih ngudanenn ing kabeh kang padha diucapake nalika wong kang luwih pinter dhewe mangsuli, "Anggonira padha ana ing donya iku kira - kira mung sedina

[105] Muhammad, dheweke padha pitakon marang sira saka kahanane gunung - gunung besuk ing dina Qiyamat, sira dhawuha, "Besuk dina Qiyamat, gunung - gunung iku padha dibedholi dening Pangeranku, bakal diawur - awurake dening Pangranku kadadekake lebu kang mawur

[106] Ing kono bumi banjur warata ngethak - ngenthak

[107] Sira ora sumurup ana ing bumi kono ana kang mendhak - mendhukul

[108] Ana ing dina iku, kabeh wae pada manut marang panguwuhe (pangajake) Malaikat Israil (kabeh padha didhawuhi nglumpuk sowan ing ngarsane Pangeran) ora ana kang nyleweng. Suwora - suwora padha meneng, konjem karana wedi marang pangeran kang Maha Welas. Kowe ora krungu suwara apa - apa, kajaba mung suwara kleset - kleset

[109] Ing dina iku ora ana syafa'at (pitulung) kang migunani, kajaba syafa'ate wong kang pikantuk idzine Pangeran kang Maha Welas, sarta kang ngucapake pangucap kang njalari oleh syafa'at (yaiku pangucap: Laa Ilaaha Illallah, Muhammadaur Rasulullah)

[110] Panjenengane ngudaneni kabeh kahanane para kawulane, padha uga kang wis kelakon lan kang durung kelakon. Lan ilmune wong - wong iku ora bisa nglimputi marang perkara kang kalimputan dening ilmune Allah

[111] Lan kabeh rahi padha konjem sujud marang Pangeran Kang Sugeng lan kang Jumeleng pribadi. Lan yekti kapitunan wong kang padha mikul dosa (besuk dina Qiyamat)

[112] Dene wong kang nindakake kebecikan sarta dheweke iki iman, ora kuwatir yen ta dikaniaya (klawan ditambah alane) lan ora sumelang (kanthi dikurangi kebecikane)

[113] Lan mengkono iku Ingsun wis nurunake kitab al-Qur'an kanthi basa Arab, lan Ingsun nerangake ancaman ana ing kitab al-Qur'an iku. Muga - muga wong - wong mau padha wedi marang Allah utawa dadi pepeling marang dheweke

[114] Panjenengane Allah Raja kang sejati iku Maha Luhur. (Muhammad), sira aja age-age ndhawuhake Qur'an, yen durung nampani saka Malaikat Jibril klawan lahir kang nganti terang tegese. Lan sira nyenyuwuna marang Allah mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Mugi panjenengan kersa nambahi kawruh dhumateng kawula

[115] Lan sadurunge kedadeyan wong- wong mau ngudari perjanjian, yekti Ingsun luwih dhisik wus paring perjanjian marang Nabi Adam yaiku Ingsun larangi ora kena cedhak - cedhak, (luwih maneh mangan woh Khuldi) dheweke nuli lali marang janjine, lan Ingsun ora nemu dheweke iku duwe kesabaran

[116] (Muhammad)sira nyaritakna nalika Ingsun dhawuh marang para Malaikat kabeh, "Sira padha sujuda marang Nabi Adam". Ing kono kabeh Malaikat padha sujud marang Nabi Adam, kajaba mung Iblis. dheweke bangkang ora gelem sujud marang Nabi Adam

[117] Ingsun nuli ngendeika, "He Adam, satemene Iblis iki satrunira lan satrune rabinira. Jalaran saka iku sira wong sakloron, ngati - ngati aja nganti Iblis bisa ngetokake sira sakloron saka suwarga, jalaran ing mengkono sira mundhak cilaka

[118] Yekti sira ana ing suwarga kono (wis kapenak) ora nate keluwen lan ora kawudan

[119] Lan satemene sira ana ing suwarga kono ora ngelak lan ora kena panasing srengenge

[120] Ing kono syetan banjur anggoda marang Adam, ature: "Dhuh Adam. Punapa panjenengan kersa kula tedhahaken wit langgeng sarta kraton ingkang boten saged risak? (menawi panjenengan dhahar woh wit wau panjenengan langgeng wonten ing suwarga boten pejah)

[121] Adam sakloron karo garwane banjur padha mangan woh mau, sanalika banjur rumangsa wuda, katon kawirangane, nuli padha nganggu tutp (awer - awer) ron-ronan suwarga. Marga saka iku Adam kadukan ing Allah, lan luput pangarep - arepe

[122] Sawise kadukan banur kapilih maneh dening Allah Pangerane, sarta diapura kaluputane, lan dituduhake dalan bener

[123] Panjenengane Allah paring pangandika, "Sira sakloron padha mudhuna saka suwarga. Sira saturun - turunira dadi satrune iblis saturun - turune. Ing mengkono menawa ana pituduh saka ngarsaningsun, sing sapa manut pituduh Ingsun, yekti dheweke ora bakal kesasar lan cilaka

[124] Dene sing sapa mlengos saka pepeling Ingsun (kitab al-Qur'an) yekti dheweke bakal nduweni panguripan kang rupeg. Ign besuk dina Qiyamat, wong mau Ingsun kelumpukake nanging mripate wuta

[125] Wong mau munjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, Kados pundi panjenengan nglempakaken kawula kanthi mripat wuta, ing mangka rumiyinipun kawula punika melek awas boten wuta

[126] Panjenengane ALlah ngendika, "Iya mengkono kersaningsun. Awit nalika ana ing donya, sira wis ketekan ayat - ayatingsun, nanging sira lirwakake. mula ing dina iki sira uga dilalekake (ana ing neraka)

[127] Lan mengkono iku Ingsun paring piwales marang wong kang ngluwihi wates lan ora percaya (Iman) marang ayat - ayatte Pangerane. Yekti siksa ing akherat iku luwih banget lan luwih langgeng

[128] Apa Qur'an durung nedahake, wis kaping pira Ingsun ngrusak sadurunge wong-wong mau saka ummat kang wis kuna kang negarane sok diliwati dening wong-wong mau? Satemene kang mengkono mau iku temen dadi tandha yekti tumrap wong kang duwe akal

[129] Lan saupama luwih dhisik ora wis diputusake saka ngarsane Pangeranira (yaiku ngakhirake siksa) lan ora ditetepake mangsane kang kasebut (ing dina Qiyamat), yekti siksa ikukapatrapake marang dheweke ana ing donya iki

[130] Mulane (sira Muhammad) sabar krungu pangucape wong - wong kafir lan Maha Sucekna Allah sarta shalata klawan ngunjukake puji marang Pangeranira sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surupe (yaiku Shalat Shubuh lan 'Ashar) lan ing wayah wengi (Maghrib lan Isya), uga shalata ing wayah awan (Dzuhur), supaya sira nampa paringe Pangran ganjaran marang sira

[131] Lan maneh mripatira loro aja andeleng marang peparingingsun kabungahan ing donya marang wong-wong kafir warna-warna. Sumurupa, kabeh mau minangka kanggo nyoba marang wong-wong kafir. Dene rejekine Allah kang wujud suwarga iku luwih becik sarta langgeng, ngungkuli peparing Ingsun marang wong-wong kafir mau

[132] Lan sira prentaha marang ummatira supaya padha shalat, kanthi mantep (tlaten). Ingsun ora mundhut rejeki marang sira, nanging Ingsun kang paring rejeki. Dene wekasan kang becik utawa ganjaran suwarga, iku kaparingake marang wong kang bekti marang Panjenengane Allah

[133] Lan wong - wong kafir (musyrik) padha ngucap mengkene, "geneya (Muhammad) ora nekakake tandha yekti marang Ingsun saka Pangerane?" Apa wong-wong mau durung ketekan keterangan-keterangan kang ana ing kitab kang dhisik (Taurat)

[134] Lan saupama Ingsun ngrusak (numpes) wong kafir iku kanthi siksa, tanpa ngutus Rasul dhisik, lan tanpa nurunake al-Qur'an, wong kafir mau besuk ing dina Qiyamat, mesthi sesambat mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Awit saking punapa Panjenengan mboten kersa ngutus Rasul, ingkang nerang - nerangaken dhumateng kawula. Upami Panjenengan ngutus Rasul kawula temtu ngestokaken dhawuh lan prentah Panjenengan, saderengipun kawula dipun remehaken lan dipun siksa wonten ing neraka jahanam

[135] (Muhammad) sira dhawuha, "Kabeh (aku lan kowe) iki padha ngenteni (giliranne zaman). Jalaran saka iku sira padha ngentenana, yekti sira bakal sumurp, sapa kang nduweni dalan kang bener lan sapa kang pikantuk pitedah

Al-Anbiya'

Surah 21

[1] Saiki wis meh dina Qiyamat, anggone Allah nimbang ala beciking menungsa. Ewodene manungsa mau lali, padha mlengos saka ayatingsun

[2] Anggone ndawuhake pepeling marang para manungsa saka Pangeran (ora wutuh sa-kitab, nanging sathithik-sathithik) mulane wong kafir iya padha ngrungokake, nanging padha geguyu, dianggep dolanan

[3] Atine wong mau padha lali marang Allah. Dene wong - wong kafir mau pdha pating klesik ngrasani: Moro padha pikiren (Muhammad) iki apa dudu manungsa padha karo sira? apa becik sira ngundang juru sihir, dadi sira banjur sumurup (yen keelokane Muhammad iku sihir uga)

[4] (Muhammad) ngendikaa, "Allah Pangeraningsun nguningani pangucape wong kang celathu ana ing langit lan bumi (lirih utawa seru). Dene Allah iku Maha midhanget tur Maha Priksa

[5] Malah wong kafir mau padha ngucap, "Kang diucapake al-QUr'an iku satemene mung impen wae, (dikira wahyu saka Allah) malah iku gaweyane (Muhammad dhewe). Muhammad iku pancen pinter nganggit syi'ir. Ewadene menawa (Muhammad) ngaku temen, mara tekakna tandha yekti kebenerane, kaya para Rasul kang wis kepungkur

[6] (Pangandikane Allah), "Ahli - ahli Negara sadurunge wong - wong kafir mau iya padha nyuwun tandha yekti kaelokan. Bareng wis Ingsun paringi, isih tetep padha ora gelem percaya, wusana banjur padha Ingsun tumpes (rusak). Saiki menawa Ingsun paringi tandha yekti, wong - wong kafir mau apa iya banjur padha percaya

[7] Lan Ingsun ora ngutus sadurungira (Muhammad), kajaba wong lanang kang Ingsun paringi wahyu. Awit saka iku menawa sira padha ora sumurup (ora mangerti) becik padha pitakon marang wong kang padha mangerti (ahli kitab)

[8] Lan para utusan iku, ora Ingsun titahake jasad kang ora dhahar dhedaharan, sara para Utusan iku dudu kang tetep langgeng ana ing donya

[9] Ingsun banjur nuhoni janjiningsun marang para Rasul, sarta para wong Mukmin kang padha ta'at kang dadi keparenge kersaningsun, padha Ingsun paringi selamat. Lan Ingsun ngrusak wong - wong kang padha leluwihan

[10] (He para turune Quraesy) Yekti satemene Ingsun wis nurunake kitab marang sira kabeh mratelakake pengajaran. Ya gene sira padha ora mikir

[11] Wis pira bae kehe anggoningsun numpas (ngrusak) wong ing sawijining negara kang padha kafir, sapungkure banjur Ingsun iseni penduduk liyane

[12] Bareng wong - wong mau krasa bakal kapatrapan siksaningsun (kang bakal ngrusak marang dheweke) dumadakan padha melayu saka negarane

[13] Sira aja padha mlayu, padha baliya marang omahmu lan raja brana kesenanganmu lan raja omahmu, supaya sira bisa menehi wong kang padha njejaluk

[14] (Bareng wis rumangsa ora bisa ngoncati bebaya), banjur padha sesambat, "Adhuh cilaka temen, Aku iki wong kang nganiaya marang awake dhewe

[15] Sambate mengkono mau tanpa leren, nganti padha mati disiksa, sirna entek, kaya gaga kang dibabati mati

[16] Lan Ingsun ora nitahake langit lan bumi kabeh kang ana ing antarane minongka kanggo dolanan

[17] Upama Ingsun kersaha mundhut garwa utawa peputra, mesthi Ingsun mundhut garwa (widhodhari) putra (malaikat) kang padha ana ing ngarsaningsun. Nanging kang mengkono iku mau ora

[18] Ingsun ngempakake barang kang hak (yaiku Iman) kanggo nglawan barang kang luput (yaiku kafir), nganti mecahake endase mulane banjur sira larut. (He wong - wong kafir) sira bakal dipatrapi siksa kang abot, minongka piwalese anggonira padha ngarani (nyipati) menawa Allah iku kagungan putra

[19] Kabeh kang ana ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Sing sapa kaparak ing Allah (kayata para malaikat) iku ora ana kang gumedhe. Anggone padha ngabekti ing Allah, tanpa sayah sarta bosen

[20] Rina wengi padha memuji nyebut Maha Suci ing Allah tanpa leren

[21] Ya gene wong kafir teka padha Mangeran brahala isen - isening bumi, apa iku bisa nguripake wong mati?. (ora)

[22] (Dikirak - kirakake) saumpama ing langit lan bumi iku ana Pangeran saliyane Allah, wis mesthi langit lan bumi loro - lorone pisan mesthi padha rusak. Maha Suci Allah Pangerane 'Arasy saka kabeh kang disifatake kaya kang diuca[ake dening wong - wong kafir (musyrik) iku

[23] Kabeh barang kang ditindakake dening Allah, wong ora kena nyuwun pirsa, apa sebabe, nindakake kang mengkono? Nanging manungsa mesthi bakal didangu, sebab apa dheweke nindakake mengkono

[24] Ya gene wong - wong kafir padha mangeran saliyane Allah? (Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngarani brahala iku Pangeran. Endi tandha yektinira. Kitab al-Qur'an iki panutane para Ummatingsun, lan uga panutane para Ummat sadurungingsun". Nanging wong - wong kafir iku akeh kang padha ora weruh ing bener, bisane mung tetap mlengos saka ndherek marang Rasul

[25] Lan Ingsun ora ngutus sawijining Utusan sadurungira (Muhammad) kajaba Ingsun paringi wahyu marang dheweke mengkene, "Satemene ora ana sesembahan kang haq, kajaba mung Ingsun pribadi. Awit saka iku sira manembaha marang Ingsun

[26] Wong - wong kafir mau padha ngucap mengkene, "Pangerane Kang Maha Welas iku kagungan putra (putri)." (Yaiku Malaikat). Sumurupa ALlah iku Maha SUci, (adoh banget yen peputra). Dene para malaikat iku kabeh kawulane Allah kang dimulyakake

[27] Dheweke (para malaikat) mau ora ana kang wani nglancangi Allah klawan pengucap sarta nindakake semu barang kang didhawuhake Allah

[28] Panjenengan Allah nguningani kabeh barang kang wis lan bakal ditindakake dening para malaikat, sarta para malaikat mau padha ora wani munjuk ing Allah nyuwunake syafa'at, kejaba nyuwunake syafa'ate wong kang diridhani dening Allah (wong Islam). Dene para Malaikat mau padha konjem, jalaran saka wedine marang Allah

[29] Lan sing sapa saka antarane makhluq ana kang ngucap, "Satemene Ingsun iku Pangeran saliyane panjenengane Allah", yekti dheweke bakal Ingsun wales klawan neraka Jahanam. Kaya mengkono uga Ingsun bakal males wong - wong kang padha nganiaya

[30] Apa wong - wong kafir iku ora padha sumurup yen satemene langit lan bumi iku asale dhempet dadi siji nuli Ingsun pisahake? Lan Ingsun wis nitahake kabeh barang kang urip iku saka banyu. Apa dheweke ora gelem percaya

[31] Lan Ingsun wis ndokoki gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi, supaya bumi mau aja gonjang - ganjing, sara Ingsun dokoki dalan jembar pirang - pirang supaya wong kang lelungan padha sumurup (pikantuk pituduh) parane kang diseja

[32] Lan langit iku Ingsun anggo payoning bumi, rineksa ora bisa rubuh. Nanging wong - wong kafir padha mlengos, ora percaya marang tandha-yekti kang anaing langit (kayata srengenge, rembulan lan sapanunggalane)

[33] Lan Panjenengane kang wis nitahake wengi, rina, srengenge lan rembulan. Kabeh padha lumaku mider - mider rikat ana ing dalane (cakrawala)

[34] (Muhammad) Manungsa sadurungira ora ana kang Ingsun kersakake langgeng ana ing donya, ora kena ing pati. Ing tembe menawa sira wis lelayu (mati) manungsa liyane sira apa langgeng

[35] Sarupaning badan mesthi ngrasakake mati, lan Ingsun nyoba marang sira kabeh kanthi ala lan becik. Wusana ing tembe sira padha dibalekake sowan marang ngarsaningsun, tinimbang ala lan becike

[36] Menawa wong kafir iku ngeleng marang sira (Muhammad), ora ana maneh mung padha geguyu, pangucape marang kancane, "Apa iki wong kang nenacad marang Pangeranira?" Wong - wong kafir mau padha ngemohi marang anane Allah Kang Maha Welas

[37] Manungsa iku dititahake wewatak kesusu (ora srantan). (He manungsa) sira aja padha anggege tumempuhe siksaningsun, sadurunge mangsane. Ing tembe mangsa wurunga sira Ingsun weruhake siksaningsun

[38] Wong - wong kafir mau banjur padha ngucap, "(He wong Islam) lah mara besuk apa tekane siksa, menawa ucapanira iku temen

[39] (Allah ngendika), Upama wong - wong kafir iku sumurup, ing besuk nalika neraka nungkebi marang dheweke, saka ngarep lan saka ing buri, ora kena diolak utawa disingkiri, sarta ora ana kang bisa tetulung marang awake, mesthi ora ngucap mengkono

[40] Nangning tekane dina Qiyamat iku ngegetake, ndadekake bingung wong kafir. Rumangsa ora bisa nulak utawa nguncati siksane dina Qiyamat, lan ora kena semaya

[41] (Muhammad), Para Rasul sadurungira uga padha bae digeguyu dening para Ummate. Dene patrapane anggone nggeguyu mau, banjur nempuh marang kang padha nggeguyu

[42] (Muhammad) sira dhawuha, "Sapa kang ngreksa ing sira ana ing wayah wengi lan rina saka siksane Pangeran kang Maha Welas?", (Ora liya mung Allah pribadi). Nanging wong kafir padha mlengos saka pepelinge Pangeran (al-Qur'an)

[43] Apa wong - wong kafir padha duwe Pangeran liyane Ingsun, kang bisa nulak saka siksaningsnu? (mesthi ora). Brahala Pangereane iku nulungi awake dhewe bae ora bisa. Dadi ora ana kang bisa nyelametake wong kafir mau saka siksaningsun

[44] (Sumurupa) wong kafir lan para leluhure anggone padha sempulur (dawa umure) iku Ingsun kang maringi, nganti lawas uripe, tanpa ana sambekalane, tutug anggone duraka. Wong kafir mau apa ora padha weruh yen Ingsun kurangi bumine mau saka pinggir Apa wong - wong kafir bakal padha pikantuk kemenangan? (mesthi ora)

[45] (Muhammad) sria dhawuha, "Satemene Ingsun iku mung paring pepeling marang sira kanthi wahyu (al-Qur'an)". Lan won gkang pangajak, nalika wong - wong mau padha dielingake

[46] Lan satemene menawa wong kafir mau kambah sethithik wae saka siksaning Pangeranira, yakti padha ngucap, "Adhuh cilaka temen, satemene kabeh padha nganiaya marang awake dhewe

[47] Ing tembe Ingsun bakal nganakake traju timbangan kang ejjeg, kanggo nimbang ala lan becika (kanthi adil) kanggo wong - wong kang padha dikumpulake ing dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining badan kang dikaniaya sethithik - sethithika. Senajan ala utawa becik mau mung saboboting wiji sawi mesthi ingsun tekakake (ora bakal ilang). Dene kang waspada marang telitining panimbang iku cukup Ingsun pribadi

[48] Lan temen Ingsun wos maringi Kitab Taurat marang Musa lan Harun. Kitab mau misahake tindak kang bener lan kang luput. Lan kitab mau minangka dadi pepadhnag pepeling tumrap wong kang taqwa marang Allah

[49] Yaiku wong - wong kang konjem marang Pangerane klawan ghoib (ing pasepen), lan dheweke padha wedi lan was sumelang saka siksane dina Qiyamat

[50] Lan al-QUr'an iki pepeling tur akeh berkahe kang Ingsun turunake. Ya gene sira padha mungkir (maido) marang isine Qur'an

[51] Lan temen Ingsun wis paring pituduh (kapinteran) marang Ibrahim sadurunge Musa, sarta Ingsun nguningani menawa Ibrahim iku golongane won gkang pikantuk pituduh lan kenabiyan

[52] Nalika semana Ibrahim tankon marang ramane lan para kaume, "Reca - reca punika sebab punapa tansah panjenengan sembah - sembah

[53] Ramane serta para kaume padha mangsuli, "Kita kabeh wis padha nemu leluhur kita padha manembah marang reca - reca iki

[54] Ibrahim ngendika, "Menawi mekaten, panjenengan sarta para leluhur panjenengan tetela sami kesasar

[55] Keng ramane sarta kaume padha mangsuli, "He Ibrahim wangsulanmu mengkono iku temenan apa mung sembranan bae

[56] Ibrahim mangsuli, "Sayektos, sejatosipun pangeran panjenengan punika pangeraning langit lan bumi, ingkang sampun nitahake sadaya wau. Wicanten kula mekaten punika sayektos, kula sumerap terang sarta wongten tandha yektinipun

[57] Demi Allah, mangke sakpengker panjenengan saking mriki, brahala - brahala panjenengan puniksa sami kula pejahi

[58] Ibrahim nuli nggepuk brahala - brahala iku nganti remuk, kajaba brahala kang gedhe dewe, supaya wong - wong mau padha bali (takon) marang brahala kang gedhe dhewe iku, (Reca kang gedhe dhewe iku ora dikapak - kapak ake malah tangane dicekeli gegaman, kersane Ibrahim supaya wong akeh mau padha ambalika manut agamane Ibrahim)

[59] Wong - wong mau banjur upyek pitakone, "Sapa kang ganggu gawe marang pangeran kita mengkene iki? Dheweke tetep wong kang duraka lan nganiaya

[60] Saweneh ana kang ngucap, "Sak temene aku krungu bocah nom - noman kang nyebut pangeran - pangeran iku, arane Ibrahim

[61] Wong - wong mau padha ngucap, "Mara wong iku gawanen marang sak ngarepe wong akeh, supaya kabeh padha nyekseni

[62] Bareng Ibrahim wis teka wong - wong mau bajur padha pitakon, "Punapa panjenengan ingkang ganggu damel dhateng pangeran - pangeran ikita mekaten punika dhuh Ibrahim

[63] Ibrahim mangsuli, "Kinten kula ingkang ganggu damel inggih brahala ingkang ageng piyambak punika, jalaran piyambakipun ingkang nyepeng gegaman, cobi kula aturi nakeni menawi sanget wicanten

[64] Wong akeh mau saksiwe padha mikir - mikir, banjur padha nutuh arang awake dhewe, pangucape marang kancane, "Saktemene sira sing padha nganiaya marang awakmu dhewe yoiku padha manembah marang brahala

[65] Wong - wong mau nuli padha nungkulake sirahe (bali marang kekafirane sakwise ngakoni kedzalimane), yaiku padha ngucap, "Sakyektosipun panjenengan Ibrahim, sampun mangertos bilih brahala punika mboten saget wicanten, (kados pundi teka kula kapurih taken dhateng para brahala - brahala punika)

[66] Ibrahim banjur mangsuli dhuh para kaum, punopo sebabipun panjenengan sami manembah sanesipun Allah inggih punika brahala ingkang mboten saget manfaati tuwin mbiten saget mlarati punapa - punapa dhateng panjenengan

[67] Cilaka penjenengan sadaya lan punapa ingkang panjenengan sembah sanesipun ALlah punapa panjenengan mboten gadhah akal

[68] Wong - wong mau banjur padha ngucap (nalika sing dadi raja jenenge Namrud), "Obongen Ibrahim, lan sira padha nulungna marang pangeran - pangeran nira, menawa sira padha rep tumindak gawe

[69] Ing kono Ibrahim banjur diobong, ingsun Allah dhaweuh marang geni, "He genia sira dadia adem lan keslametan tetep marang Ibrahim

[70] Wong - wong mau karepe nedya maeka marang Ibrahim, nanging wong - wong iku Ingsun dadekake wong kang rugi (luput pangarep - arepe)

[71] Lan Ingsun wis nylametake marang Ibrahim lan Luth banjur padha ngalih marang bumi kang ingsun berkahi, loh-jinawi ngungkuli bumi sakjagat kabeh (yaiku bumi tanah Syam)

[72] Lan Ingsun wis paring putra marang Ibrahim yaiku Ishak kang banjur peputra Ya'kub dadi luwih saka panyuwune Ibrahim. Kabeh iu padha ingsun dadekake wong kang becik (sholeh)

[73] Lan Ingsun wis dadekake marang dheweke dhadhi pangarep (panutan), kang nuduhake para menungsa marang agamaningsun klawan dhawuhingsun, sarta dhawuhi penggawe becik, nglakoni shalat serta bayar zakat, lan kabeh mau padha manembah marang ingsun

[74] Lan Luth wis Ingsun paringi kawicaksanan lan kaweruh, sarta Ingsun paringi slamet saka penduduke negara kang tumindak ala mrang dheweke (negara sakdum) saktemene wong - wong iku kaum kang ala tur durhaka. (Kaume Nabi Luth iku padha cumbana padha wong lanang)

[75] Lan Ingsun wis nglebokake Luth dadi ewone wong kang oleh Rahmatingsun. (Slamet sangka ummate kang tumindak ala). Saktemene Luth iku golongane wong kang becik

[76] (Muhammad) nyirtakna sejarahe Nuh, sakdurunge Ibrahim, nalikane nyuwun tumpesing para ummate. Ingsun wis marengake panyuwune. Nuh lan kaume padha ingsun paringi slamet sangka kasusahan sing gedhe (banji tofan)

[77] Lan Ingsun wis paring pitulungan marang Nuh, slamet saka pialane para umate kang padha nggorohake ayatingsun. Saktemene wong - wong mau padha dadi wong kang ala awit saka iku banjur ingsun sirnakake, tumpes kabeh kerem ing banjir tofan

[78] (Muhammad) nyritakna sejarahe Dawud lan SUlaiman (kang wis kamulyakake kanthi kawicaksanan), yaiku nalikane dheweke padha mutusi perkara tanduraning kaum kang dirusak dening wedhuse golongan liyane. Lan Ingsun nyekseni hukum kang diputusake dening dheweke. (kang duwe tanduran ora trime, putusane Dawud, wedhus dadi dabeke wongkang duwe tanduran. Dene putusane Sulaiman wing kang duwe wedhus anandurana minangka kanggo gantine tanduran kang dirusak dening wedhusi nganti pulih kaya sak durunge dirusak. Dene pemetuni wedhus wujut poal lan sak panunggalane dadia darbeke wong kang duwe tanduran mau. Naning ing tembe tanduran mau wis pulih wedhus dalah pemetune bali marang kang duwe wedhus, Dawud manut kaya putusane Sulaiman mau. Ingsun nguningani putusane Dawud lan Sulaiman mau)

[79] Sulaiman ingsun paringi kawicaksanan weruh marang bebenering hukum (perkara). Dene Sulaiman lan Dawud Ingsun paringi kawicaksanan lan kapinteran. (Lan Ingsun junjung ing pangkat Nabi). Lan Ingsun anyungkemake sakehing gunung lan manuk, padha melu memuji lan maha sucekake ing Allah bebarengan karo Dawud. Ingsun nindakake kang mengkono iku

[80] Lan Ingsun wis mulan gmarang Dawud mau kawitane wong kang gawe klambi kere (klambi wesi), kanggo ngreksa (njaga) awakira saka bebayaning perang. Awit kang mengkono iku mau, apa sira padha syukur ing Allah

[81] Lan maneh Ingsun nyungkemake angin prahara marang Sulaiman, lumaku ngidid marang bumi ing Syam kang Ingsun berkahi saka prentahe Sulaiman. Ingsun iku nguningani kabeh barang

[82] (Lan Ingsun uga nyungkemake para syetan marang Sulaiman), Sawenehing syetan mau ana kang diprentah slulub ing segara, anjupuki mutiara pirang - pirang, lan ana kang diperintah nindakake penggaweyan liya - liyane. Lan Ingsun ngreksa marang para syetan mau, dadi padha ora bisa ambubrah garapane kang wis ditindakake

[83] (Muhammad, sira nyritakna sejarahe Ayyub) nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula punika nandha sesakit. Panjenengan punika langkung dening Asih, ngungkuli tiyang ingkang Asih

[84] Ingsun nuli nerangake penyuwune Ayyub mau. Mulane kabeh lelarane Ingsun paringi waras. Anak - anake kang wis mati pada Ingsun uripake (lan Ingsun balekake keluargane Ayub marang piyambake), lan Ingsun paringi tikel maneh. Iku tumanja sih (rahmat) saka ngarsaningsun lan dadiya pepeling tumrap wongkang kumawula marang Allah

[85] (Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Isma'il, Idris lan Dzul kifli. Kabeh mau kalebu golongane wong kang sabar (teguh) atine anggone padha ngabekti marang Allah

[86] Lan Ingsun wis nglebokake dadi golongae wong kang pikanthuk rahmatingsun (pangkat Nabi). Jalaran satemene dheweke iku golongane wong - wong kang padha becik

[87] (Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Yunus kang jejuluk Dzun-nun tegese duwe iwak Nun. (Mulane jejuluk mengkono, awit Yunus mau diuntal ing iwak Nun), Nalikane Yunus mutung, lolos anglungani para ummate, awit tansah dipaido. Panjenengane ora bakal Ingsun patrapi. (Lungane nunggang prahu ing segara, banjur diuntal iwak nun) Yunus munjuk ing ALlah (ana ing sajeroning wetengen iwak), "Dhuh Allah Pangeran kawula. Saestu boten wonten sesembahan klayan leres, kajawi namung Panjenengan. Panjenengan punika Maha Suci. Kawula punika nganiaya dhateng badan kula piyambak

[88] Panyuwune Yunus mau Ingsun parengake, dheweke banjur diwetokake dening iwak saka wetenge. Ing kono dheweke Ingsun luwarake saka bebaya gedhe. Mengkono uga para wong Mukmin, iya Ingsun luwari saka kesusahane

[89] (Muhammad), nyritakna sejarahe Zakariya, nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula mugi sampun panjenengan kendelaken kemawon, piyambakan tanpa anak, Panjenengan mesthi langgeng, dados waris kawula, ingkang prayogi sanget

[90] Nuli Ingsun mirengake panyuwune (Zakariya) mau, Ingsun paringi putra lanang, jeneng Yahya. Rabine kang maune gabug, Ingsun dandani rahine. Satemene para Nabi kang wis kasebut mau kabeh padha gegancangan anggone nglakoni penggawe becik, padha ngestokake prentah Ingsun kanthi rasa wedi lan asih, sarta padha andhap asor (konjem) marang Ingsun

[91] (Muhammad) sira nyritakna puteri (Maryam) kang tuhu ngati - ati anggone rumeksa marang kehormatane, mulane banjur Ingsun panjingi roh saka peparing Ingsun pribadi (dadhi ngandut 'Isa as). Dheweke lan putrane mau Ingsun anggo pangeram - eram, minangka tandha yekti wong sajagat, supaya padha sumurupa sampurnaning kuwasaningsun

[92] Satemene Agama (Islam) iki agamanira kang sawiji (kang wajib dikukuhi sarta kang sarujuk dadi Ummat sawiji). Lan Ingsun Pangeranira, awit saka iku sira padha manembaha marang Ingsun

[93] Lan dheweke wis padha padudon ana ing agamanae (dadi pirang - pirang golongan) nanging saben - saben golongan bakal bali sowan marang ngarsaningsun

[94] Sing sapa nindakake kabecikan sarta dheweke Iman, kabeh kabecikane ora bakal muspra. Satemene Ingsun nulisi kabeh 'amal, ora ana kang kecer

[95] Temenan ora bakal kelakon tumrap kaum (penduduk) sawijinig negara kang wis Ingsun rusak, dheweke iku bakal padha bali (tobat) marang Ingsun

[96] Sahingga menawa betenge Ya'juj lan Ma'juj wis dibukak, lan dheweke padha rerikatan metu saka saben - saben panggonan kang dhuwur

[97] Lan yekti wis cedhak tumibane janji kang bener (Qiyamat), dumadakan pendelenge wong - wong kafir padha mendelik sarta padha ngucap, "Dhuh cilaka yekti kita wis nglirwakake dina iki, malah padha nganiaya

[98] Satemene sira lan kabeh kang sira sembah saliyane Allah, padha dadi urub - urubing neraka jahannam. Sira kabeh bakal padha mlebu ana ing kono

[99] Saumpama brahala - brahala iku dadi Pangeran kang sejati, yekti dheweke (lan kang padha manembah) ora mblebu ing neraka jahanam, lan kabeh (kang disembah lan kang manembah) padha langgeng ana ing neraka kono

[100] Para wong kafir mau ana ing neraka padha sesambat ngaru - ara lan menggeh - menggeh, sarta ora krungu apa - apa, kajaba mung gumrubuging geni

[101] Satemene wong - wong kang luwih dhisik wis pikantuk putusan kabecikan saka ngarsaningsun, yekti dheweke iku padha didohake saka neraka

[102] Dheweke padha ora krungu gumrubuging suwarnaning neraka, sara dheweke padha langgen ana ing (ni'mat) kang disenengi dening nafsune

[103] Wong mukmin mau padha ora nemu kesusahan dening perkara gedhe kang memedeni, sarta nalika padha metu saka qubur, diacarani dening para malaikat, tembunge, "Sapunika mangsanipun keleksanan janjinipun Allah badhe ngganjar dhateng panjenengan

[104] Ing dina iku Ingsun anggulung langit kaya tetulisan (lembaran) kertas kang digulung. Kabeh wong padha Ingsun balekake kaya nalika ana ing guwa garbaning biyung. Kang mengkono iku wis dadi janjiningsun, ing dina iku Ingsun leksanani

[105] Lan yekti Ingsun wis nulis ana ing kitab Zabur, sakwise Ingsun tulisi (ana ing Lauhil Mahfudz), "Menawa kang duweni hak nampa waris pusakane bumi iki, mung kawulaningsun kang padha sholeh

[106] Saktemene apa kang disebutake ing dalem surat iki tumrap wong kang ngabekti wis cukup kanggo lantaran lakone sedyane

[107] (Muhammad) Ingsun ora ngutus marang sira kajaba dadi rahmad marang alam kabeh

[108] (Muhammad) sira dhawuha saktemene kang didhawuhake marang Ingsun yaiku, "Pangeranmu iku Pangeran kang tunggal, apa sira gelem sumarah marang panjenengane

[109] Menawa wong - wong mau mlengos (ora gelem Islam) (Muhammad) sira dhawuha, "Ingsun wis aweh weruh marang sira (ing barang kang wis didawuhake). Lan Ingsun ora mangerti apa wis cedak utawa isih adoh tumibane siksa sing dijanjekkake

[110] Saktemene panjenengane iku nguningani pangucap kang ngedeng lan nguningani kang sira umpetake

[111] Lan Ingsun ora mangerti, apa bab kuwi (anggone diakherake siksane) dadi tumrap sira utawa dadi kesenengan nganti tumeka titi mangsane

[112] (Muhammad) munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula! Mugi panjenengan ngadilana pasulayan kawula kalayan tiyang ingkang sami maiben kalayan sakleresipun". Allah pangeran kula ingkang maha welas, disuwuni pitulung ing ngatase perkara kang padha sira sifati

Al-Hajj

Surah 22

[1] He para manungsa. Sira padha bektia ing Allah Pangeranira, jalaran satemene lindhu gedhe ngarepake dina Qiyamat iku perkara gedhe kang gegirisi

[2] Nalikane sira andeleng lindhu mau. Ing dina iku kabeh wong kang nusoni padha lali marang susone, lan wong wadon kang padha bobot padha gogorok bobotane, lan sira padha andeleng polahing manungsa padha kaya wong mendem saking dening bingunge, nanging satemene ora mendem. Mung bae siksane Allah iku dhasar abot temenan

[3] Lan sawenehing manungsa ana kang madoni Nabi Muhammad ing perkara agama tanpa pengerten, lan dheweke manut syetan kang kelantur - lantur sasare

[4] Wis pinasthi syetan iku dadi godha. Sing sapa manut syetan mesthi nasarake marang wong kang manut; lan dituduhake dalan anjog marang siksa neraka kang mulad - mulad

[5] He para manungsa. Menawa sira mamang perkara bakal tangine wong kang wis mati, sira mikira. Ingsun wis gawe leluhurira Nabi Adam saka ing lemah, saiki Ingsun nitahake awakira saka mani. Banjur dadi gethi kenthel, banjur Ingsun dadekake daging ganep wujud bayi lan ora ganep. Supaya sira terangake marang kasampurnaning kuwasaningsun. Lesan mau kang ingsun kersakake, lestari dadi manungsa Ingsun lerenake ing guwagarbane tekan mangsa lahir. Sira banjur Ingsun wetokake dadi bayi, nuli Ingsun paringi urip nganti tekan wayah mempeng. Sawenehe manungsa ana kang mati sadurunge dhewasa, lan ana kang dadwa ngumure nganti pikun, (iku kersaningsun) nganti sipikun mau laliya barang kang maune wis disumurupi. Lan maneh sira andeleng bumi iku ngenthak - enthak tanpa thethukulan. Bareng wis Ingsun turuni banyu udan, banjur ngarejet (obah) thukul thethukulan warna - warni kang mbungahake para manungsa (kang becik - becik)

[6] Kabeh kang wis kasebut mau, iku tandhayekti menawa satemene Pangeran Allah iku ana temenan, sarta kuwasa nguripake wong kang wis padha mati. Lan satemene Panjenengane Allah iku nguwasani marang kabeh barang

[7] (Lan supaya sira sumurupa) satemene dina QIyamat iku mesthi kaleksanan, ora mamang-mamang maneh. Lan satemene ALlah iu bakal nangekake sapa bae kang ana ing kubur

[8] Lan sawenehe manungsa ana kang madoni bab sifat lan kahanane Allah, kanthi tanpa waton ilmu, pituduhing Alha, apa maneh tanpa wewaton kitabing Allah kang madhangake ati

[9] DHeweke padha ewa, nenglengkae gulune, pamrihe supaya wong - wong liyane padha kesasar saka dalane ALlah (agamane Allah). Wong kang mengkono iku ana ing donya mesthi nandhang siksa. Dene besuk ana ing akhirat bakal ngerasake (ngincipi) siksa neraka kang nggosongake

[10] (He wong kafir) mulane sira Ingsun siksa ana ing donya lan ing akhirat, amarga saka tindakira kang wis sira tindakake klawan tanganira dhewe. Satemene Allah ora pisan - pisan nganiaya marang para kawulane

[11] Lan sawenehe manungsa ana kang manembah ing Alah kanthi minggrang - minggring, atine mamang. Dadi manawa nemu kabecikan, atine iya tentrem, nanging menawa kesandung ing reribet, banjur ,balik dadi kafir. Wong kang mengkono mau kapitunan ana ing donya lan ing Akhirat. Iya mengkono iku kapitunan kang nyata

[12] Wong - wong mau manembah marang saliyane Allah, yaiku brahala, kang menawa ora disembah ora bisa gawe kemlaratan apa dene menawa disembah iya ora bisa gawe manfaat. Iya kaya mengkono iku kang aran kesasar kang adoh banget

[13] Manembah brahala kang akeh lerege dadi kemlaratan tinimbang daddi paedah. Barang kang dianggep pangeran lan kanca, dikira bakal tetulung ing karibedan, iku kang ala dhewe iya brahala

[14] Satemene Allah ing tembe bakal nglebokake wong - wong mukmin lan kang padha nindakake kebecika, padha dilebokake ing suwarga, kang ana bengawane mili ana sangisare wit - witan. Satemene Allah iku nindakake samubarang kang dadi kersane

[15] Sing sapa duwe pangira, yen Nabi Muhammad ora ditulungi dening ALlah ana ing donya lan akhirat, mara dheweke ngulurna tali marang (sampai) langit. nuli mlaku lewat tali mau marang langit, banjur supaya andelenga apa pangrekane iku bisa ngilangake barang kang jengkelake atine

[16] Lan kaya mengkono Ingsun nurunake al-Qur'an iki, dadi tandha yekti. Lan satemene Allah iku nuduhake marang wong kang dadi keparenging kersane

[17] Satemene wong - wong kang padha iman, wong - wong Yahudi, wong - wong Shabiin, (wong kang ora duwe cecekelan agama utowo wong - wong kang manut agama - agamane leluhure), wong - wong Nasrani, wong - wong majusi lan wong - wong kang nyekutokake Pangerane (musyrik), satemene Allah bakal ngukumi antarane wong - wong mau kabeh ana ing dina Qiyamat. Satemene Allah iku nyekseni (mirsani) ing kabeh barang

[18] Apa sira durung sumurup, menawa satemene Allah iku kang disujudi dening kabeh kang ana ing langet lan bumi, srengenge, rembulan, lintang - lintang, gungung - gunung, wit - witan, kewan - kewan lan akeh - akehe manungsa, Lan akeh uga manungsa kang kabener pikantk putusan siksa. (Amarga anggone kafir ora gelem sujud ing Allah). Sing sapa diasorake dening Allah digaduhi ati atos, iku ora bakal pikantuk kamulyan. Satemene Allah iku nindakake apa kang dikersakake

[19] Iki ana wong rong golongan kang padha bebantahan (yaiku kaum muslimin, Yahudi, lan Nasrani) padha ngaku bener agamane dhewe - dhewe. (Dene putusane Allah) wong kafir padha dienggoni sandangan geni, sarta sirahe padha digrujuk ing wedang panas saka ing duwure

[20] Wedang panas mau ngejurake jerowane para wong kafir lan matengake kulite

[21] Lan disediakake kanggo gebug sirahe wong - wong mau pirang - pirang godo wesi

[22] Wong - wong kafir mau saben arep metu saka neraka, nedya ngoncati kasusahan, banjur dibalekake maneh marang telenging neraka sarta didhawuhake, "Mara rasakna siksa kang nggosongake

[23] Satemene Allah bakal nglebokake wong - wong kang iman lan wong kang nindakake kebecikan marang suwarga kang ngisorake ana bengawan mili, ana ing kono wong - wong mau dipaesi klawan gelan gemas lan mutiara. Lan panggonane wong - wong mau ana ing kono arupa sutra

[24] Lan maneh wong - wong mau ana ing donya dituduhake marang ucapan kang becik, (yaiku ucapan, "Laa Ilaaha Illal-laah", Muhammadur Rasulullaah) lan dituduhake marang dalan kang pinuji. (Yaiku Agama Islam)

[25] Satemene wong - wong kafir padha ngalang - ngalangi para manungsa saka dalane (agamane) Allah lan saka Masjidil Haram kang wis Ingsun dadekake qiblat kanggo salate para manungsa, padha uga wong kang wis muqim utawa wong kang neneka. Lan sing sapa nedya nindakake larangan klawan nganiaya ana ing Masjidil Haram iku yekti Ingsun bakal aweh rasa marang dheweke kelawan siksa kang lara

[26] (Muhammad) sira nyritakna nalika Ingsun dhawuh marang Nabi Ibrahim, nemtokake sawijining panggonan kang kudu dibangun (didegi) Ka'bah. Pangandikaningsun, "He Ibrahim, sira aja mangro tingal (musyrik) Sunngkemira marang Ingsun aja pisan - pisan kaworan marang liyane. Lan sira nucekna Ka'bah padalemaningsun kanggo wong kang padha Thawaf (ngubengi ka'bah) lan para wong kang muqim lan wongkang padha sholat, ruku' lan sujud

[27] (Ibrahim) sira ngundangana para manungsa, supaya padha nglakoni ngibadah Haji marang ka'bah padaleman kagungan Ingsun. Wong kang tampa undangan mesthi ngestokake, padha teka ing panggonanira klawan mlaku dharat, dene kang adoh panggonane padha nunggang unta. Dheweke padha teka saka sadengah dadalan kang adoh

[28] Anggone padha teka mau supaya nyekseni (lan ngopeni) barang kang akeh kemanfaatane tumrap wong - wong mau (upamane nglakoni ngibadah Haji sinambi dagang), lan supaya padha nyebut asmane Allah ana ing dina kang katemtokake apa kang wis kaparengake dening Allah marang wong - wong mau, yaiku kewan raj-kaya. He manungsa mara padha mangana kewan raja-kaya mau, lan uga menehana pangan marang wong - wong kang kesusahan sarta fakir

[29] Banjur padha ngilangana lan ngresikana rereget (cukur lan ngethoki kuku lan liya - liyane), lan padha nuhoni nadzar - nadzarira, lan padha nindakna thowaf ngubengi ka'bah ana ing dalem kang kuno (ka'bah)

[30] Wis mengkono kaparenging kersaningsun. Dene sing sapa ngegungake (ngestokake) angger - anggering Allah, iku tumrap ing dheweke luwih becik mungguhing Allah Pangerane. Sira padha diparengake mangan iwake raja-kaya kang mawa dibeleh, kajaba kang wis dilarang. Jalaran saka iku, sira ngedohana kekotoran, yaiku manembah brahala - brahala, lan sira ngedohana ucapan kang batal (golongan roh)

[31] Temen mligi sumungkem ing Allah ora mangro-tingal. Sing sapa mangro-tingal nyekuthokake Allah klawan liyane iku prasasat tiba saka langit, banjur disamber manuk utawa kabur angin, wusana tiba ing panggonan kang adoh banget (ora kena diarep - arep slamete)

[32] Satemene iya pancen mengkono. (Kang kasebut saka ngedohi kabeh kotoran lan pangucap batal, goroh, lan printah kang diwajibake marang dheweke). Lan sing sapa kang ngegungake syi'ar - syi'ar (upacara) agamane Allah, satemene kang mengkono iku klebu golongan ati kang taqwa

[33] Kewan mau manfa'ati marang sira pirang - pirang perkara, nganti tumeka wektune dibeleh. Sawise tekan wektune, panyebelehe wajib dilaksanani ana ing Mekkah, panggonane Ka'bah padaleman kagungane Allah kang kuna (Baitul 'atiq)

[34] Kabeh ummat zaman kuna kang padha Iman marang Allah, padha Ingsun parengake caos al-Qur'an, lan Ingsun dhawuhi nyebut Asmane Allah nalika nyembeleh raja kaya peparinging Allah. Lan sira bebungaha wong kang padha sumungkem ngestokake prentahing Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga

[35] Yaiku wong kang atine konjem nalika nyebut Asmane Allah utawa ana wong nyebut asmane Allah mengkono uga wong kang padha teguh (sabar) atine anggone nandhang kemlaratan, lan wongkang padha tetep anggone nglakoni sholat, lang wong kang padha nanjakake rejeki peparingingsun

[36] Lan unta sarta kebo sapi iku Ingsun parengake kanggo Qur'ban, dadi tanda syi'are agama Islam, agamane Allah, tumrap sira ana kang manfa'ati, ing akhirat pikantuk ganjaran, mulane nalika sira mbeleh khewan mau dijengkengake. SIra nyebuta Asmane Allah. Sawise mbeleh diparingake mangan iwake, lan uga menehana wong miskin kangora gelem njaluk lan kang njaluk. Kewan kang semono gagah perkosane mau Ingsun sungkemake manut sakarepira, supaya sira gelem syukur ing Allah

[37] Daginging kewan kang giwane Qurban lan getihe, iku ora konjuk ing Allah. Dene kang konjuk ing Allah iku penggawe becik klawan gemolonging ati kanthi bektimu (taqwa) ing Allah. mengkono uga Allah ngungkemake unta lan kebo sapi kang gagah perkosane sumana marang sira, supaya sira nyebut Maha Agung marang Allah, awit Allah wis paring pitedah marang sira gama kang bener. Lan bebungaha wong kang padha nglakoni penggawe becik, percaya menawa Allah iku mung sawiji bebungahan bakal pikantuk ganjaran suwarga

[38] Satemene Allah iku anjaga (pangreka dayane wong - wong musyrik) saka wong - wong kang iman. Satemene Allah ora rena marang wong - wong kang cidra, lan kufur (marang ni'mate)

[39] Wong - wong mukmin kang padha sumadya mengsah maju perang wis diparengake dening Allah, marga padha dikaniaya wong - wong kafir. Satemene Allah iku kuwasa paring pitulungan marang wong - wong kang padha iman

[40] Yaiku wong mukmin kang padha ditundhung para wong kafir saka omahe kanthi ora bener, mung jalaran anggone padha ngucap, "Pangeran kita iku Allah". Lan saupama ora ana pangayomaning Allah marang manungsa, sarta santosane wong mukmin anggone ngayomi wong kafir mesthi nglebur - ngleburake, pamujane pandhita lan greja - grejane wong Nashara lang panggonan sembahyangane wong Yahudi apa dene Masjid - masjide wong Islam kang tansah dienggo nyebut asmane Allah ana ing kono, mesthi padha dijugrugi kabeh. Nanging Allah mesthi paring pitulungan wong kang labuh marang Panjenengenang. Satemene Allah iku Maha Santosa lan Maha Gagah

[41] Wong kang labuh (mitulungi) ing Allah iku kabeh owng kang menawa Ingsun tulungi, Ingsun panggonanke ana ing bumi, sempulur tumindake ana ing bumi, banjur padha nglakoni shalat lan mbayar zakat, lan ajak - ajak nglakoni penggawe becik, apa dene nyegah nglakoni penggawe ala. KAbeh perkara iku putusane ana ing astane Allah

[42] (Muhammad) Dene wong kafir yen padha nggorohake ing sira, aja kaget, awit para ummat kuna sadurunge wong kafir iku uga maido rasule, kayata para ummate Nuh, kaum 'Ad lan Tsamud

[43] Lan kaume Ibrahim lan kaume Luth

[44] Lan wong ing negara Madyan. Musa uga dipaido ing para ummate. Dene anggoningsun nyiksa, iku Ingsun srantekake. Bareng wis cetha, banjur padha Ingsun siksa. Awit saka iku mara delenga lan rasakna hiba banget dukaningsun

[45] Wis pira bahe kehe wong sawijining negara kang Ingsun tumpes marga saka dosane, padha sirna kebrukan omahe, lan pira bae sumur kang ora diambah ing wong marga wonge padha mati Ingsun tumpes, lan pira bae kehe gedong dhuwur - duwur kang suwung, marga wonge padha mati Ingsun tumpes

[46] Ya gene wong - wong kafir ora mlaku ana ing bumi, banjur kedunungan ati kang bisa ngerti, utawa pangurungu kang bisa ngrungokake (cerita lelakone wong kuna kang duwe patilasan mau). Dadi satemene dudu kang wuta mripate, balik sing wuta iku mripate kang ana ing sajroning atine

[47] Lan wong - wong kafir mau padha nyuwun marang sira (muhammad) supaya age - age (enggal - enggal) keturunan siksa ing mangka ALlah ora bakal nyulayani janjine. Lan satemene sedina (kang dijanjekake kanggo nyiksa) ana ing ngarsane Pangeranira iku dirasakake dening wong - wong iku kaya sewu tahun kang padha sira etung

[48] Lan maneh pira bae kehe wong negara kang padha duraka, sarta patrapane siksane Ingsun srantekake sawatara lawase. Bareng wis tekan wektune, banjur Ingsun turuni siksa, lan mung marang Ingsun piyambak panggonan bali

[49] (Muhammad) sira dhawuha, "He oara manungsa saktemene Ingsun iki dadi guru pepiling kang nyata tumrap sira kabeh, (kelawan tembung kang sira mangeteni)

[50] Dene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan, dheweke iku bakal pikantuk pangapura lan rejeki kang mulya

[51] Dene wong kang sumedya batalake a yat - ayate ingsun kanthi duwe pangira bisa ngapesake Ingsun, wong - wong mau bakal padha oleh neraka jahim

[52] (Muhammad) Ingsun ora ngutus sakdurungira sakwijining utusan lan nabi ora beda karo kahananira saiki, menawa rasul mau maca dhawuhing Allah kanthi pangarep - pangarep diestokake ing kono syetan banjur ngenggokake surasane dhawuh kang diwaca kaya kang dadi karepe atine kang didhawuhi. Nanging ALlah nuli enggal - enggal batalake kang ditibakake dening syetan iku (aweh surasa kang luput mau), nuli Allah netepake ayat - ayate kelawan sakbenere. Dene ALlah iku maha Ngudaneni tur Maha Wicaksana

[53] Kersane Allah dadekake barang kang ditibakake (kang diowahi) dening syetan mau iku dadi coba, anjlomprongake marang wong kang atine ana lelarane, mamang marang (dhawuhe Allah lan musyrik), apadene wong kang padha atos atine. Saktemene wong - wong kang padha nganiaya (kafir) iku ana pasulayan kang adoh

[54] LAn maneh kersane Allah, wong - wong kang padha paringan ilmu agama iku padha sumurupa yen sak temene al-Qur'an iku nyata dhawuh terang saka Allah Pangeranira, dadi banjur padha mantep atine anggone padha iman. Lan saktmene Allah iku nuduhake wong - wong kang padha iman dalan kang bener

[55] Lan wong - wong kafir tansha padha mamang marang al-QUr'an lan marang agama Islam nganti tekan mangsane mati kang ngegetake, utawa katekan siksane dina kang ora ana becike

[56] Ing dina Qiyamat, krajaan iku mung kagungane Allah pribadi, panjenengane ngukumi perkarane para wong - wong mukmin lang wong - wong kafir. Dene wong kang mukmin lan nindakake kebecikan, (panjenengane bakal ngenggonake) ana ing suwarga panggonan kenikmatan

[57] Dene wong kang padha kafir lan padha anggorohake ayat - ayatingsun iku bakal kapatrapan siksa kang asor

[58] Dene wong - wong kang padha pindah perlu nglabuhi agamane Allah bajur dipateni utawa mati, Allah mesthi bakal paring rejeki marang dheweke kanthi rejeki kang becik (ana ing suwarga). Lan satemene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki

[59] Lan temen panjenengane bakal nglebokake wong - wong mau ana ing panggonan kang nyenengake atine. Lan saktemene Allah iku maha Ngudaneni tur Maha Aris

[60] KAng mengkono iku (yaiku anggone Allah mutusi perkara kau mukmin lan kaum kafir ana ing akherat). Lan sapa kang males kanthi piwales kang dipatrapake marang dheweke, banjur dianiaya, temen Allah bakal paring pitulungan marang dheweke (kang dikaniaya). Saktemene ALlah iku maha ngapura tur maha pangaksama

[61] Kang mengkono iku (pitulungane Allah) jalaran saktemene ALlah kuwasa nglebokake wengi marang rina lan nglebokake rina marang wengi, lan saktemene Allah iku maha Midhanget tur Maha pirsa

[62] Kang mengkono iku (kuwasaning Allah) jalaran saktemene ALlah iku hak lan saktemene kang disembah sak liyane Allah iku batal. LAN saktemene ALlah iku pangeran kang Maha Luhur tur Maha Agung

[63] Apa sira durung sumurp, menawa saktemene ALlah wis nurunake banyu saka langit, banjur bumi iku dadi ijo subur? saktemene Allah iku maha Alus tur maha Waspada

[64] Kabeh barang kang ana langit lan bumi iku kagungane Allah lan saktemene Allah iku pangean kang maha sugih tur maha pinuji

[65] Apa sira ora sumur yen ALlah iku ngenengake samu barang kang ana ing bumi iki marang sira, lan perahu kang malku wira - wiri ana ing segara kanthi prentahe ALlah? Mengkono uga Allah ngukuhi langit, supaya aja ngrubuhi bumi, kajaba klawan kepaarenging Allah, Saktemene Allah iku welas marang para manungsa

[66] ALlah iku kang nguripake marang sira kabeh. Panjenengane banjur mateni kabeh nuli nguripake maneh. Saktemene manungsa iku banget anggone kafir (ora gelem syukur marang nikmat peparing Allah)

[67] Kabeh ummat padha Ingsun pernata kanthi syari'at, kabeh padha Ingsun kersakake nglakoni syari'ate dhewe - dhewe. Mulane para ummat (ahli kitab) kang saiki isih urip, aja padha madoni marang sira (Muhammad), lan ajak - ajaka nglakoni syari'at agamanira, ngestokake prentahe Pangeranira. Saktemene sira iku yekti ana ing pituduh (agama) kang bener

[68] Dene menawa wong - wong mau meksa madoni marang sira ing bab agama, dhawuha, "Allah iku luwih nguningani ing kabeh barang kang sira tindakake

[69] (He wong mukmin lan wong kafir) besuk dina Qiyamat Allah bakal ngukumi ing perkara kang sira sulayakake

[70] Apa sira durung sumurup, yen saktemene Allah iku nguningani barang kang ana ing langit lan bumi? Saktemene kabeh iku wis ditulis ana ing kitab (Lauh Mahfudz). Saktemene mengkono mungguhe ALlah barang kang mayar

[71] Lan wong - wong mau padha manembah sesembahan sakliyane ALlah yaiku brahala, kang Allah ora andhawuhake tandha yektine menawa iku pangeran; wong - wong mau uga ora sumurup tandha yektine. Wong - wong kang padha aniaya marang awake dhewe (musyrik) ora ana kang mitulungi

[72] Menawa diwacakake ayat - ayatingsun kanthi cetha, sira bajur sumurup menawa bathine nampik keterangan ana ing polatan raine, kaya dene arep nandukake mara tangan marang wong kang macakake ayat - ayat mau. (Muhammad) sira dhawuha, "Apa sira gelem tak wenehi weruh kang luwih ala katimbang kang sira gethingi? yaiku neraka, kang wis dicawisake dening ALlah tumrap wong - wong kang kafir. Lan iku ala - alane panggonan bali

[73] He para manungsa sira wis diterangake sawijining conto awit sangka iku padha sira rungokna, yaiku, Saktemene kang sira sembah sakliyane Allah iku ora kuwasa gawe laler senadyan dheweke padha ngumpul anggone gawe laler. Dene yen ana laler ngrubung marang sajene, brahala mau ora bisa anggisah. Saiki cetha laler sing ngrubung sajen, sarta brahala kang ora bisa anggusah laler mau, loro - lorone padha apes

[74] Wong - wong kafir iku ora padha weruh keagungane ALlah kang sajatine, saktemene ALlah iku maha sentosa lan maha mulya

[75] Panjenengane ALlah wis milih pirang - pirang utusan saka para malaikat lan saka manungsa. Saktemene ALlah iku maha midhanget tur maha priksa

[76] Panjenengane ALlah iku nguningani kabeh kang ana sakngarepe wong - wong mau lan ing sakburine. (barang kang kalakon lan barang kang durung kelakon). Lan mung marang panjenengane Allah piyambak kabeh perkara iku bakal dibalekake

[77] He wong kang padha iman, sira kabeh padha duruka lan sujuda lan manembaha marang Allah pangeranira sarta padha nindakna panggawe ebcik supaya sira padha pikantuk kabekjan

[78] Lan sira padha mangsaha perang luhurake agamane Allah (ngrungkepi agamane Allah) kelawan temen. Panjenengane ALlah wis milih marang sira kabeh (kanggo ngluhurake agamane lan nampa pitulungane). Lan panjenengane Allah ora gawe kerupekan tumrap sira hing bab - bab agama, yaiku agamane ramanira Ibrahim. Panjenengane Allah wis paring jeneng marang sira kabeh (muslimin wong - wong islam) sakdurunge diturunake al-Qur'an lan uga ana ing dalem al-Qur'an ikisupaya utusan iku dadi saksi marang sira kabeh (anggone wis andhawuhake marang sira) lan sira dadi saksi tumrap para manungsa (anggone sira didhawuhi utusan). Awit sak aiku sira kabeh padha nindakake sholat lan bayar zakat sarta padha kukuh anggone nyekel agamane Allah. Panjenengane ALlah iku pangeran kang nguasani marang sira (bendharanira) ya Panjenengane iku becik - beciking bendhara lan becik - becike kang paring pitulungan

Al-Mu'minun

Surah 23

[1] Para wong mukmin iku padha pikantuk beja temenan

[2] Yaiku wong kang khusu' (konjem) anggone padha sholat

[3] Lan kang nyingkiri samubarang kang ora maedahi ing bab agama utawa bab donya

[4] Lan kang padha mbayar zakat

[5] Lan kang padha rumeksa kehormatane (ora dianggo nglakoni kang ora dililani dening syara'/zina)

[6] Kajaba mung marang bojone dhewe utawa amat (wong wadon kawula tukon kang dimiliki dening tangan tengene) darbeke dhewe. Dheweke iku ora padha dicacad

[7] Dene sing sapa nggoleki saliyane kang dihalalake (bojone dhewe utawa amate), iku dheweke temen wong kang ngliwati wates (nerak watese hukume Allah)

[8] Lan dheweke kang padha ngati - ati ngreksa nuhoni titipan (kapercaya) sarta janjine (marang Allah utawa marang sepadhaning manungsa)

[9] Lan dheweke padha tetep ajeg (ngreksa) anggone shalat (ana ing waktune)

[10] Para wong mukmin kang padha netepi kaya kang kasebut mau kabeh, iku tetep dadi ahli waris (kang oleh waris suwarga)

[11] Yaiku kang pikantuk suwarga Firdaus, lan padha langgeng ana ing kono

[12] Demi satemene Ingsun wis nitahake manungsa (Adam) saka sarining lemah

[13] Ingsun banjur nitahake turuning manungsa saka mani, ana pranakane wong wadon kang rineksa

[14] Mani mau banjur Ingsun dadekake getih kenthel. Getih kenthel mau banjur Ingsun dadekake daging kempel. Daging kempel mau banjur Ingsun dadekake balung, balung iku banjur Ingsun buntel dafing, banjur Ingsun titahake makhluq liya (bayi), urip sarana Ingsun leboni ruh (nyawa). Maha Luhur Allah. Allah iku kang nitahake kalayan sampurna

[15] Sawise sira dadi manungsa, ing tembe mesthi padha mati

[16] Sawise padha mati, ing besuk Qiyamat, mesthi bakal ditangekake saka ing pati, urip maneh

[17] Lan Ingsun wis nitahake pitung langit ana ing sadhuwurira, lan Ingsun ora supe rumeksa kawulaningsun kang ana ing ngisor (langit Ingsun kukuhi) ora bisa ngrubuhi kang ana ing ngisor

[18] Lan Ingsun wis nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhane manungsa, banjur mili utawa disesep ing bumi. Lan satemene Ingsun uga kuwasa ngilangake banyu iku

[19] Banyu udan mau banjur Ingsun anggo nukulake wit - witan isen - isening pakebonan pirang - pirang kayata: kurma lan anggur lan liya - liyane. Sira padha bisa ngundhuh lan mangan woh - wohan pirang - pirang kang werna - werna ana ing pakebonan mau

[20] Lan Ingsun uga nukulake wit zaitun, kang thukul ana ing gunung Thur-Sina, kang ngetokake lengo kanggo lawuh tumrap wong kang mangan (kena digawe mulas minangka rerengganing panggonan)

[21] Lan satemene raja kaya iku piwulang ('ibarat) tumrap sira kabeh. Ingsun paring pangomben (powan) sira kabeh saka barang kang ana ing wetenge, lan raja kaya iku akeh maneh kemanfa'atane tumrap sira, lan sawenehe ana kang sira pangan

[22] Raja-kaya mau ana ing dharatan, ora beda karo perahu ana ing segara, kabeh padha kena sira tunggangi lan sira momoti gegawanira

[23] Lan temen Ingsun wis ngutus Nuh, Ingsun kersakake mulang para kaume. Nuh banjur paring pangandika, "He para Ummatingsun. Sira padha manembaha marang ALlah, jalaran sira kabeh ora duwe pangeran kang wajib disembah kajaba mung Panjenengane piyambak. Apa sira ora padha wedi marang siksane menawa sira manembah saliyane Panjenengane

[24] Para panggedhene wong kafir saka kaume Nuh banjur celathu mengkene, "Nuh iku apa dudu manungsa kaya aku lan kowe kabeh? Aku teka ora krungu wulangane para leluhur kita, kang kaya wulangane Nuh iku. Dadi tetela Nuh lumaku diarani wong linuwih, ngungkuli aku lan kowe kabeh. Upama Allah iku temen ngersakake Utusan andhawuhi manungsa, mesthi ngutus malaikat, mangsa ngutusa wong kang kaya mengkono

[25] Ora liya panemuku, Nuh iku wong lanang kang owah akale, mula prayoga padha disrantekake bae nganti tekan matine utawa kapriye bakal wekasane

[26] Nuh banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha gorohake dhateng kawula, Panjenengan mugi paringpitulungan dhateng kawula

[27] Ingsun banjur paring wahyu marang Nuh, "(Ummat ira iku bakal Ingsun kerem). Saiki sira gaweya perahu, kelawan Ingsun jenengi, mituruta kaya dhawuh Ingsun. Ing tembe manawa ana banyu mumpal - mumpal saka ing pawon, iku tandha yen siksaningsun wiwit nekani. Ingkono sira banjur munggaha ing prahu, dalah keluwarganira kabeh, lan anggawaha wawarnaning kewan sajodo - jodo bakal kanggo wiji, (kajaba rabinira kang kafir sarta anakira kan'an iku wis kabanjur) Ingsun pasti rusak dening kinelem, lan sira aja nyuwunake selamete wong kang padha kafir, kabeh iku wis Ingsun temtokake rumpes dening kinelem

[28] Menawa sira sak ahlinira wis padha munggah prahu, sira nyebuta Asmaningsun menkene, "Sedaya puji punika kunjuk ing Allah, ingkang sampun paring wilujeng dhumateng kawula ahli kawula, kalis saking siksa ingkang numpes para tiyang ingkang sami nganiayaa (kafir)

[29] Ing tembe menawa sira wis mudhun saka prahu, munjuka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi panjenengan paring panggenan dhateng kawula panggenan ingkang prayogi tur pinaringan berkah. panjenengan punika ingkang kuwasa piyambak paringpanggenan ingkang prayogi lan sae

[30] Saktemene kang mengkono iku (kabeh kang wis Ingsun dhawuhake marang Nuh lan kaume) iku dadi tandha yekti kekuwasaaningsun. Lan saktemene Ingsun kang nurunake bilahi (kang banget gedhene marang kaume Nuh)

[31] Sawise wong - wong mau padha dirusak, Ingsun nuli nitahake kaum (ummat) liyane, (yaiku wong 'Aad, ummate Hud)

[32] Ingsun banjur ngutus nabi (Hud), klebu kaum 'Aad, iku Ingsun ngutus andhawuhi para wong 'Aad, mengkene, "Sira padha manembah marang Allah, awit sira ora duwe Pangeran saliyane Allah. Menawa sira nglirwakake pitutur iki apa sira ora wedi marang siksane Allah

[33] Panggedhe wong - wong 'Aad kang padha kafir lan anggorohake kelawan ketemu karo dina akhir, (anggone bakal ditangekake maneh sakwise mati), lan dheweke wis Ingsun paringi kenikmatan ana ing panguripan donya, padha ngucap mangkene, "Nabi Hud iki sapata, ora iya manungsa kaya aku lan kowe kabeh, uga mangan panganan kang padha sira pangan sarta padha ngombe saka barang kang padha sira ombe

[34] Menawa sira padha tanpa budi, mung manut pituture wong sak padhamu wae, sira yekti dadi wong kang kapitunan

[35] Apa Hud janji marang sira, menaaw sira mati, ing mangka sira wis dadi lemah lan balung saktemene sira bakal diuripake maneh

[36] Adoh temen, adoh temen, apa kang dijanjikake marang sira kabeh iku

[37] Urip ingsun iki ora ana maneh kajaba urip ana ing donya, ing tembe bakal mati, sakwise mati, ora pisan - pisan aku kabeh bakal ditangekake

[38] Panemuku Hud ngaku Rosul iku saktemene ora liya mung wong lanang pinter gawe - gawe, ngucapake gegorohan diakokake terang dhawuhe Allah. Aku kabeh ora ngandel

[39] Hud munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha sami maiben dhateng kula mugi Panjenengan kersa paring pitulungan dhateng kawula

[40] Allah paring pangandika, "Sedhela engkas wong kafir iku bakal getun, keduwung anggone padha maido dhawuhingsun

[41] Wong - wong kafir mau banjur tumpes dening jeritane malaikat Jibril kelawan temen - temen, wong mau nuli Ingsun gawe kaya woh garing (kaya kang digawe banjir). Wong - wong kafir iku tangeh pikantuk rohmate Allah

[42] Sak pungkure wong - wong 'Aad kang padha tumpes, Ingsun banjur nitahake gantine. (kayata ummate Nabi Shalih, Ibrahim, Luth lan ummate Nabi Su'aib)

[43] Ora ana sawijining ummat kang bisa andhisiki ajale lan ora bisa ngundurake

[44] Sakwise iku, Ingsun banjur ngutus para rosul gilir-gumanti. Saben ana rosul nerangake marang ummate, para ummat mau padha anggorohake marang rasule. Mulane para ummat mau iya banjur Ingsun rusak (kaya ummat kang wis dhisik) sarta sejarahe Ingsun dadekake tuladan minangka pepenget marang ummat kang kari, wong kang ora iman padha adoh saka rohmate Allah

[45] Ingsun banjur ngutus Musa lan sedulure aran Harun kanthi tandha yekti lan keterangan kang nyata

[46] Rawuh marang Fir'aun dalah para punggawane. Nanging dheweke iku padha nggumedhe sarta kumalungkung

[47] Fir'aun sak punggawane padha ngucap, "Ya gene aku gelem percaya marang wong loro kang padha wae karo aku, tur kaume (yaiku wong bani Israil) padha kumawula marang aku

[48] Fir'aun dalah punggawane padha anggorohake Musa lan Harun, dheweke padha tumpes dirusak dening Allah (katungkeban ing segara Qulzum)

[49] Lan temen Ingsun wos paring kitab Taurat marang Musa, supaya wong - wong bani Israil padha pikantuk pituduh bener sarta ngestokake surasane kitab Taurat

[50] Lan Ingsun wis dadekake ('Isa) putrane Maryam sarta ibune minangka tandha yekti kuasaningsun. Lan sak klorone wis Ingsun panggonake ana ing panggonan kang dhuwur (yaiku Baitul Muqaddas) kang palemahane rata tur gemah ripah loh jinawi lan ana kaline kang mili banyu

[51] He para utusan sira padha mangana saka panganan kang becik - becik (halal), lan padha nindakna kabecikan, saktemene Ingsun iku maha Ngudaneni marang barang kang padha sira tindakake

[52] Sumurupa saktemene agama Islam iku agama lan syareatira kang siji (Islam). Lan Ingsun iku Pangeran ira kabeh, jalaran sangka sira padha bektia marang Ingsun (padha taqwa)

[53] Ewo dene menungsa banjur beda - beda agamane, dadi pirang - pirang golongan; siji - sijine golongan padha kenceng ngrungkepi panemune dhewe - dhewe padha nduwe pangira menawa agama kang dirungkepi iku wis bener

[54] Wong mengkono mau tinggalen ing kesasarane lan kekafirane (karoben padha mek-mekan kaya wong wuta) nganti tekan mangsane (dheweke padha mati)

[55] Wong - wong kafir mau apa duwe pangira, menawa saktemene kabeh kang wis Ingsun paringake ana ing donya saka banda lan anak (kadadekake kenikmatan)

[56] Kang Ingsun enggal - enggal paringake minangka ganjarane wng - wong anggone padha tumindak becik? Saktemene dheweke padha ora sumurup menawa iku panglulu

[57] Saktemene wong - wong kang padha wedi siksane Allah nganti padha konjem saking dening bektine marang pangerane

[58] Lan kang padha iman ngandel marang ayate Allah pangerane

[59] Lan ora nyekuthokake marang Pangerane

[60] Lan wong - wong kang padha menehake barang kang wis diparingake marang dheweke (saka zakat lan shodaqoh), sarta atine wedi mbok menawa kebecikane ora dianggep dening Allah amarga wong Mukmin mau padha rumangsa ing tembe bakal padha bali marang Pangerane

[61] Wong kang mengkono iku padha balapan lan sregep nindakake kebecikan, lan padha dhisik - dhisikan anggone nindakake kebecikan

[62] Lan Ingsun ora merdi marang sawijining awak, kajaba sak kuwasane, (nglakoni barang kang rekasa). Ingsun kagungan kitab kang nerangake kelawan temen. para wong Mukmin ora bakal dianiaya

[63] Nanging atine wong kafir padha kelimput ora nindakake isine al-Qur'an, padha duwe tindak ala (ora kaya tindakke wong - wong mukmin kang kasebut mau) padha andodro anggone tindak ala mau, mulane padha disiksa

[64] Bareng wis tekan mangsane Ingsun banjur matrapi siksa marang para panggedhene wong kafir mau, ing kono banjur padha sesambat

[65] Wong kafir nuli didhawuhi, "He wong kafir ing dina iki sira aja sesambat, awit sira ora bakal pikantuk pitulungan

[66] Awit saktemene sira wis diwacakake ayat - ayatingsun, nanging sira padha mlengos bali marang agamanira kang dhisik

[67] Padha nggumedhe klawan ngaku - aku (anduweni Baitullah), sarta sira padha mlengos soko al-Quran, rame - rame (ngala - ala al-QUr'an ana sak kiwa tengene Baitullah)

[68] Yagene wong kafir mau ora gelem niti priksa (mikir) dhawuhing al-Qur'an, apa padha rumangsa didhawuhi barang kang durung didhawuhake Allah marang leluhure biyen

[69] Apa wong kafir mau ora weruh marang Rasule, (nabi Muhammad) banjur dheweke padha mungkiri marang utusane iku

[70] Utawa apa dheweke padha ngarani menawa utusan (Muhammad) kang owah akale ? Saktemene utusan mau wis rawuh marang wong - wong iku kanthi ndhawuhake agama kang bener. Nanging akeh - akehe wong iku padha gething marang kang bener

[71] Lan sak upama kebeneran (al-Qur'an) iku manut marang hawa nafsune wong - wong mau (anggone musyrik nganakake pangeran sak liyane Allah, ngarani Allah iku peputra lan sepadhane) mesthi langit bumi sak isine kabeh iku padha rusak. Saktemene Ingsun wis dhawuhake al-QUr'an iki marang wong - wong mau nanging dheweke padha mlengos saka pepilinge

[72] Utawa apa anggonira andhawuhake al-Qur'an iki sira nganggo anjaluk pituwas marang wong kafir, sumurupa ganjaran pangeranira iku luweih becik. Dene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki (paring ganjaran)

[73] Lan saktemene sira (Muhammad) iku temen ajak - ajak ing wong - wong mau marang dalan kang bener (agama Islam)

[74] Lan saktemene wong - wong kang ora percaya marang akherat iku nyimpang saka agama kang bener

[75] Lan upama wong - wong kafir iku Ignsun paringi rahmat lan Ingsun ilangake kesusahane (anggone nandang pailan) mesthi sangsaya ndodro anggone nasar, bali kaya mau - maune

[76] Lan yekti saktemene Ingsun wis nurunake siksa marang wong - wong mau (wujud pailan) nanging dheweke meksa ora gelem sumungkem (andhap asor) marang pangerane lan ora gelem mareni anggone nasar (ora gelem ndendepe)

[77] Nganti padha Ingsun bukaki lawange siksa kang banget abote (yaiku mati ana ing perang Badar), ing kono padha kasip ora bisa ngarep - arep kabecikan

[78] Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur

[79] Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur

[80] Lan panjenengane iku kang gawe urip gawe pati, lan mung panjenengane piyambak kang nguasani bedane wengi lan rina, apa sira padha ora mikir

[81] Nanging wong - wong kafir mau padha ngucap kaya pengucape wong kafir jaman biyen

[82] Wong - wong kafir biyen padha ngucap mengkene, "Besuk menawa aku wis mati sarta wis dadi lemah lan dadi balung apa iya aku kabeh padha bakal ditangekake (diuripake maneh)

[83] Saktemene bab bakal tangine wong kang wis mati iku aku iya wis didhawuhi (Muhammad), para leluhur biyen iya padha didhawuhi dening Rosule dhewe - dhewe. Nanging panemuku kang kaya mengkono ora liya mung gawe - gawene wong jaman biyen, ora bakal ana nyatane

[84] (Muhammad) sira dhawuha, "KAgungane sapa bumi dalah sak isine kabeh iki yen nyata sira sumurp (marang kang kagungan)

[85] Wong - wong kafir mau bakal padha mangsuli, "KAgungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha maneh, "Yo gene kowe padha ora mangerti menawa Pangeran kang kuasa nganakake menungsa iku uga kuasa nguripake wong kang wus mati

[86] (Muhammad) sira dhawuha, "Sapa Pangerane pitung langit lan Pangeraning Arsy

[87] Wong - wong kafir mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira banjur dhawuha, "Yogene kowe padha ora wedi manembah sakliyane Allah

[88] (Muhammad) sira nuli dhawuha maneh mara sapa kang kagungan ngasta pusarane kabeh barang kang dumadi, tur kuasa rumeksa marang barang mau, apa dene ora ana kang bisa ngalang - alangi kersani tumrap kabeh barang kang dumadi mau, apa sira padha sumurup

[89] Wong - wong kafir mau mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha, "Kepriye kowe padha ora gelem sumungkem ngabekti marang Allah, barang wis terang bener teka kok arani luput

[90] (Muhammad) Ingsun wis andhawuhake barang kang hak marang wong kafir (yaiku anggone ngarani ALlah peputra iku mukhal lan anggone padha musyrik iku luput). Saktemene pengucape wong - wong kafir iku padha goroh

[91] Kang hak, Allah iku ora peputra, lan ora ana barang kang melu jumeneng pangeran, mesthi siji - sijine pangeran mau kudu ngalahake marang pangerane (kabeh iku ora ana nyatane). Allah iku maha suci saka sesipatan kang diucapake wong - wong kafir mau

[92] Allah iku nguningani barang kang ghaib lan barang kang kasat mata. Maha luhur Allah saka barang kang disekutokake dening wong kafir mau

[93] (Muhammad) sira munjukka marang Ingsun mengkene, "Dhuh Panjenengan badhe maringi sumerap dhumateng kawula, anggen panjenengan ngleksanani siksa dhateng tiyang kafir ingkang sampun panjenengan janjekaken

[94] Dhuh Pangeran kawula mugi panjenengan mugi sampun ngatuttaken kawula kasarengake tumut risak para tiyang kafir wau

[95] (Muhammad) saktemen Ingsun kuasa nuduhake marang sira ing siksa kang wis Ingsun janjekake marang wong - wong mau

[96] (Muhammad) sira nulaka tindak ala kelawan tindak kang luwih becik. Ingsun luwih ngudaneni marang barang kang diucapake dening wong - wong kafir mau (ucapan goroh)

[97] (Muhammad) sira munjukka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, Kawula nyuwun reksa dhumateng panjenengan saking panggodaning syetan - syetan

[98] Dhuh pangeran, kawula nyuwun reksa sampun ngantos kedhatengan syetan wau

[99] Wong - wong kafir mau anggone padha musyrik kebacut nganti tekan matine, ing kono banjur ngunjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, mugi panjenengan mangsulaken dhateng donya malih

[100] Supados kawula saget (maos syahadat) nindakaken kesaenan wonten ing donya. Ing perkawis ingkang kawula tilar". (Pangandikane Allah), "Ora pisan - pisan bisabali", saktemene penyuwune iku mung gunem kang diucapake kang ora ana gunane, lan ing sakburine ana aling - aling kang ngalang - alangi wong - wong mau bali marang donya, nganti dinane ditangekake saka pati

[101] Ing besuk menawa slomprete (malaikat Israfil) wis diunekake (dina Qiyamat) dina iku ora ana maneh hambek kumaluhur ing bab nasabe lan ora ana maneh sing takon - tinakon

[102] Sing sapa kang abot timbangane (kabecikan) won g- wong iku kang pikantuk kabegjan

[103] Dene wong kang entheng timbangane, wong - wong mau kang padha kapitunan akawe dhewe bakal langgeng ana ing neraka jahannam

[104] Rahine padha gosong dening geni, wong - wong kafir mau ana ing neraka padha mrengut (mringis)

[105] Wong - wong kafir mau banjur padha tampa dhawuh, "Nalika sira ana ing donya apa ora wis diwacakake ayat - ayat ingsun, dhek samana sira padha anggorohake

[106] Wong - wong kafir mau bajur padha ngunjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, anggen kula maiben punika jalaran sampun kalindhih dhateng cilaka ingkang tuwuh saking awonipun lampah kawula, mila dados tiyang kesasar

[107] Dhuh Pangeran, kawula mugi panjenengan entasaken saking neraka. Menawi ngantos sami purun wangsul kafir malih kaula tetep nganiaya dhateng badan kula piyambak

[108] Allah paring pangendika, "Sira kabeh dadiya asor ana ing neraka, lan aja kakeyan atur marang Ingsun (nyuwun dientasake saka neraka)

[109] Sak temene ana kawulaingsun sak watara yaiku wong mukmin kang padha munjuk marang Ingsun mengkene, "Dhuh pangeran, kawula punika iman dhateng panjenengan mugi - mugi panjenengan kersa paring pangapunten dhateng kalepatan, saha mugi angngrentahna sih dumateng kawula. Inggih Panjenengan punika sae - sae ning dzat ingkang paring rahmat

[110] (He wong kafir) kawulaningsun kang padha munjuk mengkono mau banjur padha sira anggo bulang - bulang lan sira nggeguyu nganti kelimput lali marang Ingsun

[111] Saktemene dina iki, Ingsun angganjar wong - wong mukmin kelawan suwarga jalaran anggone sabar lan teguh atine. Saktemene dheweke wong mukimin iku wong - wong kangpadha pikantuk kabegjan

[112] ALla andangu marang wong kafir, "He wong kafir, pirang tahun lawase sira manggon ana ing bumi

[113] (Wong - wong kafir mau) banjur padha matur, "Anggen kawula wonten ing donya rumiyin namung sedinten utawi setengah dinten. SUmangga andangua dhumateng Malaikat ingkang nyatheti ngamaling manungsa

[114] Allah ngendika, "Menawa sira padha weruh lan mangerti, anggonira ana ing donya biyen, mung sedhela banget, menawa sira weruh

[115] Apa sira duwe pengira, menawa anggoningsun nitahake sira iku mung dedolanan, tanpa guna, lan saktemene sira ora disowanake marang ngasaningsun

[116] Maha luhur Allah. Raja kang sejati (haq), ora ana Pangeran kang wajib disembah kejaba Panjenengane piyambak, Pangeran Arasy kang mulya

[117] Dene wong kang manembah marang pangeran liya bebarengan manembah marang Allah, etmen dheweke ora duweni tandha yekti lan keterangan marang kepengeranane sesembahan liyane iku, saktemene piwalese wong - wong mau mung gumantung marang Pangerane. Saktemene wong - wong kafir iku ora pikatuk kabegjan

[118] (Muhammad) sira munjuka marang Pangeranira, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan kersa paring pangapunten tuwin kersa paring rahmat dhateng para kawula ingkang mukmin. Dne Panjenengan punika sae - saening Pangeran ingkang paring rahmat (sempurna Piyambak)

An-Nur

Surah 24

[1] Iki surat kang kasebut ing dalam al-Qur'an kang Ingsun turunake sarta ingsun wajibake nindakake hukum - hukum kang kasebut ana ing surat mau, sarta Ingsun nurunake pirang - pirang ayat kang terang ana ing sak jerone surat supaya sira kabeh tansah ngestokake

[2] Dene wong wadon kang tindak zina, sarta wong lanang kang uga nindakake zina iku sira patrapona digitik kaping satus, sarta sira aja welas marang karo - karone kang pamrihe sira banjur ora nindakake agamane Allah menawa sira temen - temen iman marang Allah lan dina Akherat. Lan tumindake ukuman marang wong - wong kang zina mau supaya disaksekake marang sakwetara saka wong - wong kang mu'min

[3] Dene wong lanang kang tumindak zina iku ora kena ngrabeni kajaba wong wadon kang zina utawa wong wadon - wadon kang musyrik. Dene wong wadon kang tumindak zina ora kena omah - omah kajaba karo wong lanang kang tumindak zina utawa wong lanang kang musyrik. Lan wong mu'min padha diharamake laki-rabi karo wong kang tumindak zina (padha uga lanang utawa wadon)

[4] Dene wong kang ndakwa tumindak zina marang wong wadon kang becik* (muhsonah), Lan dheweke ora bisa nganakake saksi wong lanang papat kang kang nyumurupi anggone tumindak zina, wong sing dakwa mengkono mau sira patrapana gitik kaping . Lan sak banjure menawa arep dadi saksi aja sira anggep saklawase. ya wong - wong kaya mengkono iku kang diarani wong kang ala

[5] Kajaba wong kang ndakwa tumindak zina mau banjur tobat sarta banjur becik kelakuane iku kena dadi saksi. Saktemene Allah iku maha pangapura sarta maha asih

[6] Dene wong kang ndakwa zina marang rabine dhewe ing mangka ora duwe saksi kejaba awake iku wajib anggone nekseni kaping papat nganggo supata demi Allah, menawa dheweke iku temen - temen anggone ndakwa tumindake zina marang rabine

[7] Dene saksi kaping lima yaiku dheweke sumpah, menawa pendakwane mau goroh muga - muga dibendoni dening Allah

[8] Dene wong wadon (rabine) kang didakwa tumindak zina mau iya bisa ora kepatrapan patrapane wong kang tumindak zina sarana nganti nekseni kaping papat nganggo supata Demi Allah. Lan saktemene pendakwane wong lanang mau goroh

[9] Dene saksi kang kaping lima yaiku dheweke sumpah, menawa pendakwane zina bojone mau temen, wong wadon kang didakwa mau muga - muga kena benduning Allah

[10] Sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira kabeh (mesthi bab pendakwa zina kang mengkono mau, digoleki keterangane) nanging kersane Allah ora mengkono. Saktemene Allah iku kepareng ngapura dosane wong kang tobat tur wicaksana

[11] (Muhammad) saktemene wong - wong kang padha nggowo kabar goroh iku iya saka golonganira uga, nanging pawarta kang disebarake dening wong - wong iku aja sira anggep ala mungguhing Allah, nanging iku becik tumrap risa, (nalika semana ana saweneh wong mu'min kang ndakwa zina marang rabinira Siti 'Aisyah). SIji - sijine wong mesthi bakal kapatrapan dosa apa kang ditindakake dhwee. Dene golonganira kang kapatrapan dosa gedhe ndakwa zina mau, mesthi bakal pikantuk siksa kang abot

[12] (He wong mukmin) nalika sira padha krungu pendakwa zina mau apa ora banjur ngira menawa golongan mukmin iku becik, sarta banjur padha ngucap pendakwa iki cetha goroh

[13] Yogene wong kang padha ndakwa tumindak zina (marang sita 'Aisyah) mau teka ora bisa nekakake sakwi wong lanang papat. Sarehning wong mau ora bisa ngenekake saksi papat wong - wong mau ana ing ngarsane Allah tetep wong kang goroh pendakwane

[14] (He wong kang padha ndakwa tumindak zina marang siti 'Aisyah) sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira ana ing donya lan ana ing akherat, sira mesthi padha pikantuk siksa kang abot

[15] Marga anggonira wani - wani andakwa zina mau lisanira padha ngucapake barang kang sira ora sumurup, lan sira ngira barang kang kaya mengkono mau remeh wae. Sumurupa bab ndakwa tumindak zina iku mungguhing Allah perkara kang gedhe

[16] Yogene nalika sira krungu ora gelem ngucap mengkene, "Ora prayoga menawa melu - melu ngucap kang kaya mengkne iki". Dhuh Allah panjenengan punika maha suci. Wicaksana tenan mekaten punika gegorohan ingkang agung

[17] Menawa sira iman marang Allah, Allah paring piwulang marang sira, sira aja pisan - pisan mbaleni ngucapake kang kaya mengkono mau

[18] Lan Allah nerangake dhawuh marang sira kanthi pirang - pirang tandha yekti. Dene Allah maha ngudaneni tur wicaksana

[19] Saktemene wong kang padha remen nyiar - nyiarake pawarta ala marang wong mu'min, iku bakal kapatrapan siksa kang nglarani ana ing donya lan akherat. Dene Allah iku nguningani nanging sira ora padha sumurup

[20] Sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira (mesthi sira padha dipatrapi siksa sak nalika). Saktemene Allah iku maha welas lan asih marang kawulane

[21] He wong kang padha iman sira aja padha manur marang tumindak syetan. SIng sapa manut marang tumindak syetan iku sumurupa menawa syetan iku prentah marang tumindak jember lan ala. Lan upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira yekti ora bisa resik saka dosane saklawase. Nanging Allah kersa ngresikake saka dosane marang wong - wong kang dadi kersane. Dene Allah iku maha midhanget sarta maha ngudaneni

[22] Lan wong - wong kang duweni keluwihan sarta kajembaran (sugih) aja sumpah, yen dheweke ora arep weweh marang sanak sedulure, wong - wong miskin sarta wong - wong kang padha gelem pindah krana ngleboni agamane Allah, lan wong - wong mau kudu lila lan legawa. Apa sira kabeh ora remen menawa ALlah iku paring pangapuramarang sira. Dene Allah iku maha pangapura sarta maha asih

[23] Saktemene wog kang padha ndakwa zina marang wong wadon kang becik (muhsonah) kang nyingkur saka tumindak ala lan padha iman, iku padha nyandhang bebendune Allah ana ing donya lan ana ing akherta, (ana ing donya dipatrapi menurut hukum syara', ing mbesuk ana ing akherat bakal disiksa ana ing neraka). Sarta dheweke padha kapatrapan siksa kang abot

[24] Ana ing dina nalika lisan, tangan sarta sikil dadi saksine dheweke tumrap apa barang kang ditindakake nalika semana

[25] Iya ana ing dina iku Allah nuhoni janjine matrapi siksa marang wong kang tumindak dosa kanthi bener lan wong durhaka padha sumurup menawa Allah iku kang bener lan kang nereangake apa kang wis didhawuhake ana ing donya

[26] Wong - wong wadon kang tumindak ala iku patute kanggo wong - wong lanang kang tumindak ala, dene wong - wong lanang kang tumindak ala iku patute uga kanggo wong - wadon kang tumindak ala. Dene wong wadon kang tumindak becik iku patute kanggo wong - wong lanang kang tumindak becik, serta wong lanang kang tumindak becik iku patute kanggo wong - wong wadon kang tumindak becik. Wong - wong mau (siti 'Aisyah lan Sofwan) iku tetep resik saka ucapan wong - wong kang padha ndakwa mau, sarta dheweke bakal tampa pangapura sarta rejeki kang mulya

[27] He wong kang padha iman sira aja mlebu omah kang dudu omahira, kajaba menawa wis pikanthuk palilahe kang duwe omah, lan kudu uluk salam marang kang ana omah kono. Iya kang mengkono iku kang luwih becik tumrap sira, supaya sira pikantuk pitutur (elinga lan ngestokna)

[28] Menawa omah iku pinuju suwung ora ana wong siji - sijia sira aja mlebu ing omah, ngentenana yen wis pikantuk palilahe kang duwe omah marang sira. Dene menawa anggonira njaluk palilahe diwangsuli, "Kowe balia", sira banjur iya baliya (aja mung ngadeg ana ing ngarep lawang wae). kang mengkono iku luwih prayoga marang sira. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang kang padha ditindakake dening wong - wong mau

[29] Lan sira ora kapatrapan dosa klebu omah kang ora dinggoni wong kang temtu malah sira duwe wewenang sawatara marang omah mau (ngeyup, leren lan sakpadane kayata srambi, pondokan kang disediyakake lan sakpanunggalane). Dene Allah iku nguningani kabeh kang sira lahirake lan kang sira umpetake

[30] (Muhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin lanang dheweke ngeremake mripake (saka haram) lan supaya padha rumeksa mrang kehormatane dhewe - dhewe (saka tindak zina). Kang mengkono iku luwih prayoga (suci) tumrap dheweke. Saktemene Allah iku maha Waspada marang barang kang padha ditindakake dening wong - wong mau

[31] Lan (Muhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin wadon, supaya dheweke padha ngeremake mripate (saka haram) lan supaya padha dumeksa marang kehormatane dhewe - dhewe (saka tindak zina) lan aja ngatonake pepaese (rerenggane), kajaba pepaes (rerenggan) kang adate wis katon. Lan supaya padha nutupana sirah, gulu tumeka dhadha kelawan kudhunge sarta aja ngatonake pepaesane (rerenggane) kajaba marang bojone, utawa marang bapak - bapakne, utawa marang bapak - bapakne bojone, utawa marang anak - anake, utawa anak - anake bojone utawa marang sedulur - sedulure lanang utawa anak - anake sedulure wadon, utawa marang wong - wong wadon liya utawa wong wadon amat (kang dimiliki dening tangan tengene) utawa pengiring - pengiringe (wong tuwa) kang wis ora duwe syahwat marang wong wadon, utawa marang bocah lanang kang durung nglahirake (karep syahwat) marang aurat - aurate wong wadon. Lan menawa mlaku, anggone tumindak aja seru - seru, murih katona renggane (pepaese) kang mesthine ora katon. He para wong mukmin sira kabeh padha tobata marang Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan

[32] Lan sira padha ngomah - ngomahna (nikahna) wong wadonira kang isih legan, sarta pada kawulanira lan umatira kang mukmin lan saleh. Menawa dheweke padha fakir, Allah bakal paring kecukupan (paring kesugihan) marang dheweke awit saka kanugrahane. Dene Allah iku maha Jembar lan Maha Ngudaneni

[33] LAn kabeh wong kang ora duwe weragad kanggo rabi, becik dipadha ngati - ati rumeksa awake dhewe, nyingkiri zina, ngentenana nganti diparingi kecukupan (kesugihan) dening Allah saka kanugrahane. Dene para kawulanira lan amat ira (wong kang dimiliki dening tangan tengenira), menawa duwe penyuwun merdika sarana nicil anggone mbayar sarta sira pikir prayoga, iya sira turutna kawula mau anggone nicil, sira urunana nganggo bandha peparinge Allah marang sira. Sarehne para kawulanira padha wajib rumeksa awake dhewe - dhewe, sira aja meksa nindakake zina marang para amatira (kawulanira), murih sira pikatuk untung kebungahan ing donya. Dene sing sapa meksa nindakake laku zina marang amate (kawulane), iku sumurupa, sawise kelakon dumindak zina, Allah paring pangapura sarta rahmat marang amatira (kawulanira) kang dipeksa zina mau, dene bendara kang meksa, menawa banjur tobat, iya uga diparingi pangapura

[34] He manungsa, Ingsun wis nurunake ayat pirang - pirang marang sira, kang nerangake ala lan becik, lan nerangake tepa tuladha tumindake para wong - wong sadurungira, lan wis nerangake minangka pitutur tumrap wong kang padha wedi ing Allah

[35] Panjenengane Allah iku (paring) pepadhang marang langit lan bumi. Dene pepadhanging Allah kang tumrap atine wong mukmin iu sanepane kayadene lentera kang njerone diiseni diyan. Diyan iku ana ing sajrone kaca kang luwih dening bening, mencorong kaya lintang kang sumunar kaya mutiara, kang disumed kanthi lenga zaetun kang uwite oleh berkah, ana ing panggonan tengar, ora ana ing pinggir desa kang kulon utawa kang wetan. Lenga zaetun mau, saking bengine, senadyan durung disumed diyane, meh duwe padhang dhewe. Bareng wis dipasang lan disumed luwih dening padhang, awit padhange diyan ngungkuli padhange lenga zaitun. Panjenengane Allah paring pituduh marang wong kang dikarsakake, diparingi pituduh marang pepadhange Allah mau, apa dene nerangake tepa tuladha marang para manungsa. ALlah iku ngudaneni marang kabeh barang

[36] Diyan mau disumet (dipasang) ana ing masjid - masjid kang adeke wis pikantuk idzine Allah, minangka kanggo panggonan ngluhurake lan nyebut asmane Allah, banjur akeh wong kang nyebut marang Allah ana ing masjid mau ana ing wayah esuk lan sore

[37] Yoiku wong - wong kang nyebut asmane Allah lan anggone nindakake sholat sarta anggone bayar zakat, ora kether dene ketungkul dedagangan utawa nindakake dol tinuku, sarta padha wedi marang dina Qiyamat kang ing kono wong - wong padha entek atine lan peteng pendelenge

[38] Wusana Allah paring ganjaran marang wong mau, minangka piwalese anggone becik kelakuane ana ing donya, sarta nambahi ganjaran maneh saka sih kamurahane Allah. Dene Allah paring rejeki marang wong kang dikersakake kanthi tanpa petung

[39] Dene lakune wong kafir iku, sanepane kaya amun - amun (fatamorgana), ana ing gunung pasir rumangsane wong kang ngelak amun - amun mau dikira banyu, nanging bareng diparani ana ing panggonan kona ora ana apa - apa (wong kafir mau ngira yen lakune iki bakal entuk ganjarang suwarga) malah nemu patrapane Allah wujud siksa neraka. Dene Allah anggone matrapi marang wong kafir mau wis timbang karo keluputane. Dene Allah iku rikat banget pangitunge

[40] Utawa sanepane kaya pepeteng ana telenging segara, katempuh ing alun kang molak - malik. Sakdhuwure alun ana alun maneh, sakdhuwure alun mau ana mendhung. Dadi pepeteng mau tumpa - tumpa telung werna, petenge mendhung, petenge segara lan petenge alun, siji - sijine peteng mau numpangi petenge liyane, ing kono mau wong ndeleng tangane wae ora paja - paja weruh. Sing sapa ora diparingi pepadhang dening Allah dheweke iya ora duwe pepadang, dadi mesthi kesasar

[41] Apa sira sumurp menawa kabeh barang kang ana ing langit lan bumi iku kabeh padha nyebut maha sucine Allah. Sanajan manuk iya padha ngegarake suwiwine ana ing awang - awang nyebut maha sucine Allah? Panjenengane Allah nguningani salate lan manggone maha nyucekake kawulane mau. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang kang padha dilakone dening para kawulane kang ana ing langit lan kang ana ing bumi

[42] Kratone langit lan bumi iku kagungane Allah, sarta kabeh iku bakal bali marang Allah

[43] Apa sira durung sumurup menawa Allah iku nglakokake mega, banjur nglumpukake, banjur nyarup nuli dadi mendung, nuli sira sumurup banyu udan metu saka tengahing mendung. Dene Allah nurunake udan es saking langit, (yaiku) saking (gumpalan - gumpalan mega kados) gunung - gunung, udan mau banjur nyiksa marang wong kang dikersakake lan uga nyingkiri wong kang dikersakake. Meh - meh cahyane kilat mau ngilangake pandeleng - pandeleng

[44] Panjenengane Allah iku malah malihake rina lan wengi, kang mengkono mau kabeh yekti dadi piwulang tumrap wong kang duwe pikiran

[45] Panjenengane ALlah iku nitahake kabeh gegremetan (makhluk urip) saka banyu. Dene gegremetan mau ana kang lakune nlosor nganggo wetenge, lan ana kang lakune nganggo sikil loro, lan ana uga kang lakune brangkang nganggo sikil papat. Allah iku nitahake kabeh barang sak kersane. Saktemene Allah iku nguasani kabeh barang

[46] Saktemene Ingsun wis nurunake al-Qur'an isi pirang - pirang ayat kang nerangake pernatane agama Islam. Allah iku paring pituduh wong kang dadi kersane marang dalan kang bener

[47] Lan wong - wong munafik mau padha ngucap menkene, "Kita punika sami iman ing Allah sarta Rasul, punapa dene sami ngestokaken dhawuhing Allah ingkang dipun asto dening para Rasul". Sak wise ngucap mengkono banjur ana sak golongan kang nglirwakake dhawuhing Allah. Dadi saktemene wong munafir mau dudu wong mu'min

[48] Wong - wong munafik mau menawa ditimbali marang ngersane Allah lan utusane, supaya utusan mau ngukumi marang dheweke, ing kono banjur ana sak golongan kang padha mlengos (ora ngandikani)

[49] Nanging menawa wong - wong munafik ngira yen bakal pikantuk kemenangan, banjur padha rerikatan sowan ing Rasul nyuwun diparingi putusan

[50] Apa atine wong kang mengkono mau ana lelarane, utawa padha mamang - mamang menawa Rasul iku utusaningsun temenan, utawa padha kuatir menawa Pangadilane Allah lan utusane ora sakbenere (ora mengkono) balik wong - wong kang munafik iku wong kang nganiaya marang awake dhewe

[51] Saktemene para wong mu'min iku menawa ditimbali marang ngersane, "Kita sami sendika nampi pengadilane Allah tuwin Rasul". Debe wibg - wong mukmin iku wong kang pikantuk kabegjan

[52] Lan sing sapa ngestokake prentahe Allah lan Rasule sarta wedi ing Allah lan Rasule sarta wedi ing Allah lan bekti marang panjenengane iya wong - wong kang mengkono iku wong kang pikantuk kebegjan (slamet saka siksane Allah)

[53] Lan wong - wong munafiq padha supata methentheng, nganggo nyebut Asmane Allah. Menawa sira prentah mangsah (maju) perang saguh padha metu perang. (Muhammad) sira dhawuha, "SIra aja pethenthengan supata, dhawuhing ALlah, sira mung dikersakake ngestokake prentah, iuk luwih becik tinimbang supta kang ora sira tuhoni". Saktemene Allah iku maha waspada mrang kabeh barang kang sira tindakake

[54] (Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngestokake dhawuhe Allah lan marang para Rasul". Dene menawa wong munafik padh mlengos, iku ora dadi apa. Wajibe Rasul ora liya mung nglakoi prentahe Allah. Dene wajibira kudu ngestokake dhawuhe Allah. Menawa sira padha nderek prentahe Allah lan Rasul mesthi pikantuk pituduh kang bener. Dene Rasul ora diwajibake apa - apa kejaba mung dhawuhake prentah lan nerang-nerangake

[55] Panjenengane ALlah wis paring janji marang wong - wong mu'min saka sira kabeh lan sarta padha nglakoni penggawe becik bakal padha dikersakake angenteni para wong kafir manggon ana ing bumi (wong kafir padha keplayu anggone perang) kaya wong - wong mu'min sak durungira, anggone padha nggenteni wong kafir kang dirusak dening Allah. Sarta Allab bakal nglulusake adeke agama Islam agamane wong mu'min kang wis dadai keparenge Allah. Apa dene sakwise nandhang kuwatir sawatara kuwatir mau bakal diganti katentreman. (pangandikane Allah), "Wong mu'min mau padha manembah ing Ingsun tanpa musyrik marang sapa -sapa. Sakwise ana dhawuh iki, sing sapa kafir marang peparinge Allah iku tetep wong kang durhaka

[56] (Lan sira dhawuha), "Sira padha nyempurnakna sholat lan padha bayara zakat, apa dene ndhereka mrang Rasul supaya sira pikantuk rahmate Allah

[57] Sira aja sepisan - pisan duwe pangira menawa wong - wong kafir iku luput saka siksa ana ing bumi bakal panggonane wong kafir iku ana ing neraka, ala temen kawusanan kang mengkono iku

[58] He para wong mu'min para kawulanira kang kadarbe ing tanganira, apa dene bocah merdika kang wis ana pangertine sanajan durung baligh, iku menawa arep mlebu ketemu sira ana sawijining wayah telu, anjaluka palilah (idzin) dhisik marang sira. Dene wayah telu mau yoku sepisan wayah sak durunge sholat shubuh, kapindho wayah dzuhur, nalikane sira cucul penganggo waktu turu, aktelu, sawise sholat 'Isya. Wayah telu iku wektu suratira (wayah anggonira nyelehake sandhangan). Dene liyane wayah tetelu mau ora ana pekewuhe sira nglilani kawula utawa bocah mau mlebu ketemu ing sira, lan ora ana larangane kawula utawa bocah mau mlebu keteme sira tanpa njaluk palilah luwih dhisik. Sira lan para kawulanira apadene bocah mau kena padha wira - wiri patemonan karo sira. Mengkono iku Allah anggone paring keterangan ayat - ayate marang sira. Dene Allah iku maha ngudaneni marang para kawulane tur maha wicaksana

[59] Lan menawa para bocah (kang merdika) wis padha baligh (dhewasa), iku yen arep mlebu ketemu ing sira, ana ing sadhengah mangsa, kaprentahna njaluk palilah (idzin) luwih dhisik marang sira, kaya tumindake wong - wong sadurunge, anggone padha njaluk palilah (idzin). Kaya mengkono iku ALlah anggone paring keterangan ayat - ayate marang sira kabeh. Dene panjenengane Allah iku maha ngudaneni marang kahanane kawulane sarta maha wicaksana

[60] Dene wong wadon kang wis luwas getih (wis leren/menopouse), ora nggarap sari saking wis tuw, wis ora duwe kepengin duwe bojo maneh, iku ora ana pekewuhe nyelehake sandhangane kang jaba, kang nganti ora ngetokake rerenggane kang ana ing jero. Nanging kang luwih prayoga minangka anjaga kehormatane, wong wadon mau iya becik brukut (nutupi aurate nganggo sandhangan lan penganggone). Dene Allah iku maha midanget marang pangucapira sarta ngudaneni marang bathinira

[61] Dene wong kang wuta, wong kang pincang, wongkang padha lara, apadene awakira dhewe, kabeh iku ora ana pekewohe mangan isining omahira, utawa omahe bapakira, utawa omahe ibunira, utawa omahe sadulurira wadon, utawa omahe pamanira aka bapa utawa omahe bibekira saka bapak, utawa omahe pamanira saka biyung, utawa omahe bibekira saka biyung, utawa omah kang sogoke (kuncine) sira kuwasani, utawa omah darbeke mitranira kang kenthel, sira ora ana pekewuhe mangan bebarengan utawa manga dhewe - dhewe. Dene menawa sira mlebu ing omahira, luwih dhisik sira uluk salama marang awakira dhewe lan marang wongkang ana jero ngomah kono, klawan pekurmatan kang becik tur mawa berkah terang saka dhawuhe Allah. Kaya mengkono, Allah wis paring keterangan ayat - ayate marang sira, supaya sira padha mengerti lang ngrasak - ngrasake (mikir - mikirake)

[62] Saktemene wong - wong kang padha mu'min iu, yaiku wong - wong kang padha percaya marang Allah lan Utusane, lan menawa pinuju ngadep Rusulullah, ana ing pekumpulan, ora gelem lunga ninggalake pekumpulan mau, menawa arep ninggalake nganggo nyuwun idzin (palilah) luwih dhisik marang panjenengane. (Muhammad) Iya wong - wong kang padha nyuwun palilah (idzin) marang sira iku wong kang padha percaya marang Allah lan Rosule, mulane menawa wong mau nyuwun palilah (idzin) marang sira arep ninggalake pakumpulan, perlu nekani kebutuhane (kaperluwane), sira ngilanana marang wong kang sira karepake. Wong - wong mau sira suwuna pangapura ing Allah. Saktemene Allah iku maha pangapura sarta maha asih

[63] (He wong kang padha mu'mom) Menawa sira matur marang Rasulullah, kanthi nyebut asmane, iku aja kaya menawa sira kandha lan cecaturan marang sepapadhanira, nanging kanthi atur kang becik, Allah nguningani para kancanira kang padha metu (saka ing masjid nalikane padha ngrungokake Khutbah). Wong - wong kang padha nyulayani dhawuh (parentahe) Rasulullah, padha diati - ati lan wediya, ora wurung bakal padha tinempuh ing bebaya utawa ing siksa kang nglarani ana ing akherat

[64] Elinga, saktemene kabeh kang ana ing langit lan bumi iku mung kagungane ALlah. (Temen panjenengane nguningani kabeh kang sira tindakake (setya tuhu ing percaya utawa mangro tingal)). Lan nguningani dina anggone wong - wong mau bakal dibalekake marang ngarsane Allah. Ingkono Allah bakal paring keterangan barang - barang kang wis padha ditindakake dening wong - wong (munafiq) mau nalika ana ing donya. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang

Al-Furqan

Surah 25

[1] Maha luhur (Suci Allah Pangeran) kang wis nurunake al-Furqan (al-QUran) kang mbedakake antarane barang kang bener lan barang kang keleru, didhawuhake marang kawulane (Muhammad), minangka kanggo pepeling an pengancam marang kabeh alam (jin lan manungsa)

[2] Pangeran kang kagungan kratone langit lan bumi, sarta ora peputra, lan ora ana kang ngembari (nyekuthoni) jumeneng ratu, apadene Allah iku kang nitahake kabeh barang kang dumadi, nuli nindakake lelakone kaya papesthen kang wis tinemtokake

[3] Lan wong - wong kafir (musyrik) iku padha ngedegake (ngalap) Pangeran akeh liyane Alah, iya iku brahala kang ora bisa gawe apa - apa, malah dadine brahala mau sarana digawe dening manungsa. Lan ora bisa nulak bebaya kang bakal tumiba ing awake, apadene ora bisa aweh manga'at marang awake, lan ora bisa gawe urip lan gawe pati, lan ora bisa nangekake wong saka ing pati

[4] Lan wong - wong kafir mau padha celathu, "Qur'an iki ora liya mung gegorohan (pangamandaka). gaweyane (Muhammad) dhewe, sarta dibantu dening wong - wong liyane". (Pangendikane Allah), "Wong - wong kafir kang padha wani celathu mengkono mau, goroh (panganiaya) lan duraka

[5] Lan wong - wong (kafir) mau padha celathu maneh, "Qur'an iku dedongengan kuna kang goroh. (Muhammad) akon nulisi cerita goroh mau, banjur diwacakake saben esuk lan sore, nganti Muhammad dadi apal

[6] (Muhammad) sira dhawuha, "Qur'an iku diturunake (didhawuhake) dening Allah kang nguningani barang kang winadi ing langit - langit lan bumi. Satemene Panjenengane Allah iku Maha Pangapura sarta maha asih

[7] Lan wong - wong (kafir) mau padha ngucap, "Yagene wong kang ngaku utusane Allah iki teka mangan pepanganan lan lunga menyang pasar - pasar perlu angupa jiwa? padha wae karo aku? Yo gene ora dikandhani malaikat, supaya dadi kancane aweh pepeling (pangancam) manungsa sarta nekseni manawa temen dadi utusane Allah

[8] Utawa amarga apa ora diparingi gedhong saka ing langit kang isi mas picis raja-brana, utawa sebab apa ora duwe palemahan (pakebonan) kang pemetune nyukupi pipangan (dadi ora susah menyang pasar). Wong - wong kafir padha ngucap marang wong mukmin, "Sira iku ora liya mung manut marang wong kang kena ing sihir

[9] (Muhammad) mara sira andelenga wong kanfir anggone gawe upama (gegambaran) tumraping sira (ora paitis iya nekad wae). Awit saka iku wong - wong kafir iku padha kesasar, mulane padha ora pikantuk dalan marang keselametan

[10] Maha Luhur Pangeran kang menawa ana kepareng kersane andamel kanggo sira (Muhammad) kang luwih becik tinimbang kang diucapake dening wong kafir mau gedong isi mas picis raja-brana, palemahan kang pemetune nyukupi. Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bengawane mili ana sangisore wit - witan, sarta bakal maringi gedhong lan panggung pirang - pirang marang sira ana ing suwarga

[11] Wong - wong kafir mau malah padha maido bakal anane dina Qiyamat. Ingsun ngancam siksa neraka sa'ir marang wong kang or apercaya bakal anane dina Qiyamat

[12] Menawa (Malaikat Zabaniyah) penjaga neraka iku sumurup wong - wong mau saka kadoha, wong - wong mau padha krungu gembrubug suwarane lan jeritan

[13] Lan nalikane wong - wong mau dicemplungake ing panggona kang ciyut ing neraka sarta padha dibelenggu lan dirante tangane lan gulune, ana ing kono padha sesambat, "Adhuh cilaka

[14] (Ing kono banjur ana malaikat kang mangsuli), "Ing dina iki kowe padha tumiba ing cilaka kang ora mung siji bae, cilakamu akeh lan tumpa - tumpa

[15] (Muhammad) sira dhawuha, "Apa neraka kang kaya mengkono iku luwih becik, apa luwih becik suwarga kang langgeng, kang dianggo ngebang - ngebang wong kang padha taqwa marang Allah? Allah wis nguningani menawa suwarga iku dadi ganjarane lan panggonane wong kang padha bekti ing Allah

[16] Para wong mukmin ana ing suwarga bakal katurutan apa kang dikarepake, sarta padha langgeng ana ing kono. Dene pangebang - ebange (janji) kang mengkono mau, mesthi dituhoni dening Allah, apadene tansah disuwun dening para wong mukmin

[17] (Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Allah angempalake para wong kafir dalah barang - barang kang disembah dening wong - wong kafir mau (yaiku brahala). Allah banur andangu, "He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bener

[18] Brahala - brahala banjur padha munjuk ing ALlah, "Maha suci Paduka, kawula boten pisan - pisan mangeran dhateng sanesipun panjenengan (kados pundi menawi kawula kamipuruna ngaken tiyang manembah dhumateng kawula)", nanging tiyang - tiyang kafir punika dalah para leluhuripun sami mboten perduli ngengeti anggenipun dados kawula Panjenengan, kalimput dening peparing Panjenengan kebingahan dhumateng pun kafir wau. Mila sapunika sami dados tiyang ingkang cilaka sanget

[19] Pangandikane Allah, "Brahala kang sira sembah iku padha ngelaki (ora ngakoni) aturira (ora rumangsa ngaku Pangeran), dadi ora bisa murungake siksa lan ora bisa nulungi marang sira". Dene kabeh, kang mangro tingal (nganiaya), mesthi Ingsun weruhake rasane siksa kang abot ana ing akherat

[20] Para Rasul ing jaman kuna sadurungira, kang padha Ingsun utus, kabeh mesthi padha mangan pepanganan sarta padha lumaku ana ing pasar - pasar. Dene sira iku siji - sijining wong padha Ingsun anggo nyoba marang liyane (kabegjane siji - sijining wong, nukulake kameren marang liyane). He Manungsa, apa sira padha teguh sabar nerima? Lan Pangeranmu anggatekake sakabehe

[21] Lan wong - wong kang ora duwe pangarep - arep bakal sowan ing ngarsaningsun kanthi nggawa kebegjan (yaiku para wong kafir) padha celathu mengkene, "Ya gene aku ora dituruni utusan malaikat utawa diparingi weruh dzat Pangeranku klawan kasat-mata? (kang paring sumurup yen Muhammad iku utusane Allah temenan, dadi aku banjur percaya)". Wong - wong kafir mau padha gumedhe, ngluhur - luhurake awake dhewe lan padha kebangeten anggone nasar

[22] (Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, yaiku nalika wong - wong padha ndeleng malaikat padha nguwuh - uwuh, "Ing dina iki wong kafir lan wong duraka ora pisan - pisan duwe kebungahan. Malaikat mau nguwuh - uwuh maneh: Kabungahan iu ora diparingake marang wong kafir

[23] Keparenging kersaningsun, kabecikan kang wis ditindakake dening para wong kafir nalika ana ing donya, iku Ingsun dadekake endhog amun - amun kang mabul - mabul. Ora pisan - pisan migunani

[24] Ing dina QIyaat iu panggonan peleranan wong ing suwarga luwih dening becik, ngungkuli panggonane wong - wong kafir nalika ana ing donya

[25] (Muhammad) sira nyritakna kahanane dina Qiyamat, nalikane langit pitu padha sigar dening mega kang ana ing sadhuwuring langit pitu, sarta para malaikat padha diturunake marang bumi

[26] Ing dina Qiyamat iku kraton kang sejati tetela kagungane Allah kang Maha Murah (ora ana kang jejeri lan madhani jumeneng raja). Ing dina iku kabeh wong kafir padha sarwa rekasa

[27] Ing dina Qiyamt wong - wong kang nganiaya (musyrik) padha nyokoti rangane dhewe, saking banget getune, sarta padha ngucap, "Bok iya aku dhek ana ing donya biyen dhewek ing Rasulullah, nindakake dalan kang bener (yaiku agama Islam)

[28] Adhuh cilaka temen aku, mbok iya biyen nalika aku ana ing donya ora memitran karo si Fulan lan Fulan

[29] Mitraku si Fulan mau tetela nasarake marang aku. Aku wis didhawuhi surasane al-Qur'an dening Rasulullah, wusanane dibujuk diajak nyimpang saka dhawuhing al-Qur'an. (Pangandikane Allah), "Syetan (mitra kang knyasarake) iku banget anggone kipa - kipa (ora gelem nulung) lan nyelaki marang wong kafir kang disasarake

[30] (Muhammad Rasulullah) munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Ummat kawula (tiyang turun Quraisy) sami nampik al-Qur'an punika". (boten dipun imanaken tuwin boten dipun amalaken)

[31] Mengkono uga para Nabi ing jaman biyen iya padha Ingsun anani mungsuh (satru) wong musyrik, ora beda sira (Muhammad) mulane diteteg atinira. Cukup sira percaya ing Pangeranira bakal paring pitedah lan paring pitulung marang sira

[32] Wong - wong kafir padha ngucap mengkene, "Ya gene al-Quran iku anggone diparingake marang (Muhammad) ora babar pisan (wujud buku wutuh), ora kaya kitab Taurat lan Injil?". Pangandikane Allah, "Wis mengkono kersaningsun, al-Qur'an iku Ingsun turunake saka sethithik sarta sranti, supaya atinira tetep lan mantep, lan gampang anggonira ngeling - ngeling lan ngapalake

[33] Lan wong - wong kafir mau ora pisan - pisan sowan marang sira (Muhammad) anggawa alesan (kanggo mbatalake kenabiyanira) kajaba Ingsun mesthi maringi wewaton marang sira kang luwih becik lan bener, kanggo ngalahake alesane wong kafir mau

[34] Kang ing besuk ana ing kaherat padha dijungkirake lan dilarak, radhine ngambah lemah, sabanjure dicemplungake ing neraka Jahannam. Wong kafir mau panggonane ala banget lan kesasar saka dalan kang bener

[35] Lan temen Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang Musa lan Harun sadulure, Ingsun dadekake pembantu bebarengan karo dheweke

[36] Dhawuh Ingsun (Marang Musa lan Harun), "Sira padha mangkata marang (tanah Qibthi) panggonane wong kang padha maido ayatingsun", (musa lan Harun padha ngestokake dhawuh, naning Fir'aun sabalane padha maido) mulane padha Ingsun sirnakake kabeh

[37] <Lan sira nyritakna sejaraha para Ummate Nuh bareng wis tita lan cetha padha maido marang Rasul, banjur Ingsung sirnakake sarana Ingsun kelem> Para Ummate Nuh mau Ingsun dadekake bukti, kanggo lupiya marang para manungsa. Para Ummate Nuh padha duraka (nganiaya) mau padha Ingsun sedhiyani siksa kang nglarani

[38] Mengkono uga wong (Kaum) 'Aad lan Tsamud, apa dene As-habur-Rass, (tegese kaum kang duwe sumur) sarta wong akeh maneh antarane wong Tsamud lan ash-habur-rass iku uga padha Ingsun rusak

[39] Kabeh mau padha INgsun dadekake sarana gelari upama lupiya para wong kuna kang elok - elok. bareng wis tita padha wangkot. kabeh mau padha Ingsun rusak

[40] Wong - wong (kafir) wis akeh kang tekan ing negarane wong Tsamud, sarta wis padha nyumurupi patilasan para umate Luth biyen kang dirusak sarana diudani watu (sarta diawlik bumine). apa wong - wong mau (nalikane lumaku marang ing Syam) padha ora andeleng patilasane ? Naning sarehning padha kafir, ora wedi dina Qiyamat

[41] Wong - wong kafir mau menawa andeleng sira, ora liya mung padha anggeguyu kanthi pangucape, "Apa iki wong kang dipuji dening Allah dadi utusane

[42] Meh bae aku kabeh kena disasarake (dening Muhammad), dikon mareni anggon kita manembah Pangeran brahala. Ajaha teguh - teguh ati kita sida kelulan katut". (pangandikane Allah), "Ing besuk yen wis padha andeleng siksa neraka, wong kafir iku lagi padha weruh sapa kang kesasar saka ing dalan marang keslametan

[43] (Muhammad) apa sira sumurup (kepriye panemunira) mungguh wong kang mangeran marang hawa nafsune (kekarepane dhewe)? Apa sira bisa rumeksa marang wong - wong mau, murih aja nganti kebanjur - banjur anggone mangeran marang hawa nafsune (Kekarepane) dhewe ? (mesthi ora bisa)

[44] Lan apa sira gira yen won gmau akeh kang ngrungokake pituturira klawan mangerti utawa gelem mikir - mikir? (Tangeh yen mengkonoa). Wong mau ora liwat mung kaya raja-kaya, malah luwih dening nasar saka dalan marang keslametane

[45] Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar ayang - ayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti tekan mletheking srengenge). Lan upama kersane Pangeranira, eyub - eyub mau dilestarekake, mesthi kelakon). Pangandikane Allah, "Soroting srengenge Ingsun anggo paring pituduh kang mbedakake eyub lan panas

[46] Ayang - ayangan mau nuli Ingsun pundut saka sethithik (sarana soroting srengenge)

[47] Panjenengane Allah iku nitahake wengi mugunani marang sira, akanggo aling - aling, dadi memper sandhangan, sarta nganakake turu kang ngepenakake awak, apadene nganakake awan, kanggo gumelare wong ngupa jiwa

[48] Panjenengane Allah iku kang ngutus (ngiditake) angin minangka bebungah marang para manungsa, dadi cecala tumurune rahmate Allah kang arupa banyu udan. (Pangandikane Allah), "Ingsung nurunake banyu udan saka ing langit kena digawe sesuci

[49] Banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera (mati), lan Ingsun anggo ngombeni titah Ingsun raja-kaya apa dene manungsa akeh

[50] Banyu udan mau Ingsun siramake ing palemahan pirang - pirang, supaya manungsa padha ngrasak - ngrasakake, sabanjure padha weruha benere wong kang diparingi kebungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngrasak - ngrasake peparinge Allah kabungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngarasak - ngrasakake peparinge Allah kabungahan mau digawe ilang

[51] Upama ana keparinging kersaningsun, temen Ingsun Utusan (juru pepeling) marang saben - saben negara

[52] Mulane sira aja pisan - pisan manut marang wong - wong kafir, malah wong kafir iku sira padonana klawan padudon kang pratitis, miturut surasaning al-Quran

[53] Iya panjenengane Allah iku kang (ngemorake segara loro sisihan, banyu tawa kang) nyegeri, lan banyu asin kang letih, sarta andokoki aling - aling antarane banyu segara loro mau kanthi kuwasane Allah. Dadi banyu tawa lan banyu asin mau ora bisa carub

[54] Lan iya Panjenengan Allah iku kang gawe manungsa saka banyu (mani). Muulane manungsa mau dititahake duwe sanak lan duwe maratuwa. Panjenengane Allah iku Kuwasa, samu barang kang dikersakake mesthi dadi

[55] Lan wong - wong kafir padha manembah liyane Allah. Iya brahala kang menawa disembah ora bisa aweh piguna (mikolehi), utawa menawa ora disembah ora bisa mlarati, Wong kafir iku dadi kancane syetan anggone duraka

[56] Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kajaba supaya ambebungah lan aweh pepeling, aweh bebungah marang wong kang ngestokake prentah pikatuk ganjaran suwarga, sarta midana wong kafir bakal nandhang siksa ana ing neraka

[57] (Muhammad), sira dhawuha, "He wong kafir, anggoningsun ngundangake dhawuhe Allah iki, Ingsun ora anjaluk pituwas apa - apa. ewadene sing sapa kudu gawe dalan murih keparening Pangerane, sarana anggunakake bandha saka karepe dhewe, iya ora ana pekewuhe

[58] (Muhammad) sira pasraha marang Allah kang kagungan sifat Sugeng ora kena seda, lan nyebuta Maha Suci marang ALlah, apadene memujiya mangalembana marang Panjenengane. Dene peprkara wangkote wong - wong kafir, wis cukup Allah piyambak anggone Waspada marang dosane para kawulane

[59] Panjenengane Allah iku kang nitahake langit bumi lan kabeh barang kang ana ing antarane langit lan bumi laawse nem masa rampung. Panjenengane Allah kang Maha Murah nuli murba wasesa ing Kratone. He manungsa mungguh kahanane Pangeran kang Maha murah iku sira takona marang Kang wasapada

[60] Wong - wong kafir iku menawa diprentahi, "Sira padha sujuda marang Pangeran kang Maha Murah", banjur padha mangsuli, "Pangeran ingkang Maha Murah punapa ta? Punapa kula sujud dhumateng brang dumeh panjenengan prentahaken? La mangsa puruna" . Dadi prentah mengkono mau tumrap wong kafir malah nambahi anggone wangkot, ora gelem percaya ing Allah

[61] Maha Luhur Allah Pangeran kang wis nitahake lintang - lintang (buruj ) ana ing langit gegrombolan, lan Panjenengane wis ndamel srengene kang minangka damaring jagad, apadene rembulan kang uga madhangi jagad

[62] Iya panjenengane Allah kang nitahake wengi lan rina gilir gumanti, minangka tandha yekti tumrap wong kang gelem golek pepeling, utawa gelem syukur (ing Allah)

[63] Dene para kawulane Allah kang Maha murah, iya iku kang padha mlaku ana ing bumi kanthi jatmika lan andhan asor, lan menawa dicelathoni ala dening wong bodho, banjur sumahur klawan aris (salam)

[64] Lan kang padha sujud lan sembahyang ing wayah bengi (shalat tahajud)

[65] Lan kang padha nyuwun ing Allah, unjuke, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan nebihaken siksa neraka jahanam saking kawula, awit siksa neraka jahanam punika tetep awon

[66] Sarta neraka Jahanam punika awon - awoning panggenan. Lan dheweke wong - wong kang menawa nanjakake bandhane or aleluwihan lan ora bethithil, nanging ana ing antarane sifat loro mau

[67] Lan para kang samangsa angetokaké bandha ora keladuk lan ora seret, ananging dumunung ana ing saantarané mangkono iku

[68] Lan kang ora mangro tingal (manembah) saliyane Allah, lan ora mateni jiwa kang diharamake dening Allah, kajaba anggone mateni mau nglungguhi bener sarta ora zina. Dene sing sapa nerak pepacuh mau, yekti bakal nemoni piwalesing dosane

[69] Besuk dina Qiyamat, siksane wong kang marngro tingal (musyrik) mau ditikelake sarta langgeng anaing sajeroning siksa tur diremehake

[70] Kajaba wong kang wis tobat sarta banjur percaya ing Allah sarta nindakake tindak kang becik. Wong kang mengkono mau amale kang ala bakal diganti dening Allah kanti kebecikan. Panjenengane Allah iku Maha pangapura sarata Maha Asih

[71] Dene sing sapa tobat, sarta ketara konjem nindakake kabecikan, iku tetap wong kang bali marang ngarsane Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga

[72] Lan wong kang ora dadi saksi goroh (palsu), apadene menawa mrangguli caturan kang ala, ora gelem ngopeni kaya tindake wong mulya

[73] Lan wong kang nalika dipituturi (dielengake) kanthi ayat - ayate Pangerane, kabeh diopeni, ora ana kang kecer, ora persasat wong kang budeg lan wuta

[74] Lan wong munjuk andedonga marang ALlah mengkene, "Dhuh Pangran kwula, mugi Panjenengan paring dhating kawula rabi kawula saha anak putu kawula sedaya dadosa sarana asrepipung paningal kawula (margi anggenipun ajrih ing Panjenengan kanthi netepi tindak kelakuwan ingkang sae) punapa dene kawula mugi Panjenengan dadosaken ngajengipun tiyang ingkang taqwa dhateng Panjenengan

[75] Ingkang mengkono mau bakal padha diganjar pangkat kang luruh ana ing suwarga, amarga anggone padha teguh atine. Wong - wong mau ana ing suwarga padh adibalekake dening Malaikat. Klawan jumurung selamet lan urip langgeng

[76] Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Suwarga iku becik - beciking panggonan kang tetap

[77] (Muhammad) sira dhawuha marang para wong mau, "Upama kowe ora nyuwun ing Allah nalikane nampa keribedan, Allah ora perduli marang kowe". Kepriye anggone perduli, awit kowe kabeh wis maido marang Utusane Allah lan marang al-Qur'an. B esuk an aing akherat, siksane Allah iku tetep lestari tumrap wong kafir

Asy-Syu'ara'

Surah 26

[1] Thaa' Siiim, Miim

[2] Surat iki, ayat - ayate kitab kang pratela (nerangake kabeh hukum bener lan luput)

[3] (Muhammad) bokmenawa sira ngenes ngrasakake para wong kafir anggone padha ora gelem iman ing Allah

[4] Upama ana keparenging kersaningsun, wong - wong kang padha kafir iku Ingsun kersakake iman ing Allah, kena uga Ingsun nurunake tandha yekti saka ing langit kang nggegirisi, ing kono gulune won gkafir kepeksa padha tumungkul konjem ing salawase (nanging kersaningsun ora mengkunu)

[5] Samangsa Allah kang Maha Murah kersa nganyarake dhawuh wong kafir iya mesthi banjur padha nganyarake pamopone (anggone mlengos)

[6] Wis kelakon marambah-rambah wong - wong kafir iku padha ora percaya marang (Nabi Muhammad). Wong - wong kafir mau ora wurung bakal padha weruh kenyataane utawa kewusanane anggone padha anggeguyu al-Qur'an

[7] Wong - won gkafir apa padha ora sumurup gumelaring bumi, wis pira bae anggoningsun nukulake thethukulan ana ing bumi kang becik - becik, migunani marang wong - wong kabeh

[8] Kang mengkono mau satemene dadi tandha yekti menawa kuwasaning Allah iku sampurna, ewadene akeh - akehe manungsa padha ora percaya ing Allah

[9] Satemene Allah Pangeranira iku yekti Maha Mulya tur Maha Asih

[10] (Muhammad), sira nyritakna nalikane Allah Pangeranira nimbali Musa, kanthi didhawuhi mengkene, "Sira Ingsun utus menyanga panggonane wongkang nganiaya, yaiku wong kang duraka

[11] Yaiku kaume (ummate) Fir'aun, padha pituturana, yagene teka padha ora bekti (taqwa) marang Allah

[12] Musa munjuk, "Dhuh Pangran kawula, sayketosipun kawula kuwatos menawi kaumipun Fir'aun sami maiben (ngogorohaken) dhateng kawula

[13] Iba anggenipun rupeg dada (kaken manah) kawula, sarta lisan (ilat) kawula boten saged wicanten (trampil). Mila bilih amarengaken, Panjenengan mugi kersaha ngutus sedherek kawula Harun, dados sesulih (mbantu) kawula

[14] Makaten malih kawula punika nandhang kalepatan dhumateng Fir'aun sekaumipun. Mila kula kuwatos bokmenawi Fir'aun wau lajeng mejahi kawula

[15] Allah paring pangandika, "Fir'aun ora bakal mateni sira. Mulane saiki sira mangkata lan sedulur ira Harun, klawan anggawa tandha yekti saka Ingsun. Ingsun anjungkung marang sira, sarta mirengaki aturira

[16] Sira sakloron padha nemonana Fir'aun sarta dhawuhna, "Sayektosipun kita kekalih punika utusanipun Pangeraning Alam sadoya

[17] Mugi panjenegan ngandikani supados tiyang Bani Israil tumut kula tiyang kalih (mantuk dhateng tanah Palistina=kan'an)

[18] (Musa lan Harun banjur ngestokake dhawuhe Allah bareng wis andhawuhake apa dhawuhing Allah), Fir'aun mangsuli, "Apa sira lali anggonira ingsun openi ana ing kene kaya dene anak, lan sira melu ingsun wiwit bayi nganti (umur tahun) tatahunan

[19] LAn maneh sira wis nindakake keluputan (mateni wong Qibti benere Ingsun patrapi apa - apa , saiki sira duwe tindak kang mengkono). Dadi tetela sira ora weruh marang kebecikangingsun

[20] Musa paring wangsulan, "Kula nindakaken ingkang mekaten punika wau, jalaran kala semanten kula taksih kelebet golonganipun tiyang ingkang klentu

[21] Ewa semanten, saking ajrih kula, lajeng kesah saking ngriki, (dhateng ing madyan). Wonten ingriku kula dipun paringi kawicaksanan dening ALlah Pangeran kula, sarta dipun junjung dados Nabi, punapa dene dipun piji dados Utusaning Pangeran

[22] (Punapa maneh kula mejahi tiyang boten panjenengan patrapi hukum qisos, utawi dumeh kula boten panjenengan pasrahi pandamelan awrat tur siya - siya, kados tiyang - tiyang bani Israil sanes - sanesipun). Punapa kula ingkang panjenengan wastani kesaenan panjenengan dateng kula, lajeng paduka angatiplakaken para turun Israil

[23] Fir'aun pitakon, "Pangerane wong sajagad iku sapa

[24] Musa paring wangsulan, "Menawi panjenengan sumerep, samukawis ingkang dumadi punika wonten urusanipun, ingkang Mangerani tiyang sajagad punika, Pangeraning bumi kaliyan langit, ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawisipun bumi kaliyan langit

[25] Fir'aun banjur tumuleh marang para panggedhe kang padha saba ana ing kiwatengene, pangucape, "Apa sira ora padha krungu wangsulane Musa, teka dudu kang Ingsun tekokake

[26] Musa paring wangsulan maneh, "Pangeranipun tiyang sajagad punika ugi Pangeran panjenengan saha Pangeranipun leluhur panjenengan rumiyin

[27] Fir'aun celathu marang wong kang padha ana ing kono, "Rasulmu kang diutus dening Pangeran, nerang - nerangake marang sira iki edan, ketara anggone ora mangerti pitakone wong

[28] Musa paring wangsulan maneh, "Manawi panjenengan gadah akal budi, temtu sumerep bilih Pangeran tiyang sajagad punika Pangeraning masyriq (panggenan medaling surya/wetan)" kaliyan maghrib (panggenan seraping surya/kulon), ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawasipun masyriq lan maghrib

[29] Fir'aun mangsuli, "Menawa sira mangeran marang saliyane ingsun, mesthi bakal ngunjara mrang sira, awor karo wong kang dikunjara

[30] Musa mangsuli, "Menawi kula angwontenaken kaelokan minangka tandha yektinipun, bilih kula punika utusanipun Allah sayektos, punapa inggih meksa panjenengan kunjara

[31] Fir'aun mangsuli, "Menawa aturira iku temen, mara gaweya kaelokan kaya kang sira kandhakake

[32] Musa nuli mangsuli nguncalake tekene, sanalika tekene Musa iku dadi ula kang gedhe, galak anggegirisi

[33] Musa nuli ngetokake epek - epeke tangane saka ing klambine, sanalika mencorong putih (kaya srengenge amblerengi) marang wong kang padha ndeleng

[34] Fir'aun banjur dhawuh marang pra panggedhe kang padha saba ing kiwa tengene, "Musa iku tetela juru sihir kang pinunjul

[35] Sumedya nudhung marang sira kabeh saka negaramu (ing Mesir) kene sarana sihire, Saiki kepriye kang dadi rembugira

[36] (Para panggedhe mau) banjur padha matur, "Pamanggih kula Musa lan sedherekipun punika prayogi dipun srantosaken rumiyin. Sapunika sang nata utusana dhateng sakatha hing kitha wewengkon ing ngriki, nimbali sowan pepak

[37] Para pangageng kala wau kadhawuhana nyaosaken para juru sihir ingkang pinunjul, dhateng sngarsaning sang nata

[38] Ing kono para juru sihir banjur dikumpulake (ana ing Mesir) ing dina kang wis katemtokake

[39] (Bareng wis tekan ing dina kang tinemtokake), Banjur padha tampa dhawuh (wong ing Mesir) apa wis padha kumpul, mara enggal padha ngumpula

[40] Menawa para juru sihir menang, bokmenawa aku lestari manut agamane para juru sihir, aja nganti manut marang Musa

[41] Bareng para juru sihir wis padha nglumpuk, banjur padh amatur marang Fir'aun, "Menawi kita mimpang, punapa badhe tampi ganjaran, sang nata

[42] Fir'aun mangsuli, "Iya bakal tampa ganjaran, sarta yen sira menang, sira mesthi bakal kecedhak marang aku

[43] Musa ditantang para juru sihir banjur mangsuli, "Lah sira bae luwih dhisik, anggelarna sihir (ingkono sira bakal weruh kawusanane)

[44] Para juru sihir mau nulu padh anguncalake tampare (dhadhunge) lan tekene, pengucape, "Demi kamulyane Fir'aun, ingsun sakonca para juru sihir mesthi padha menang

[45] Musa nuli nguncalake tekene, sanalika tekene mau dadi ula kang gedhe, banjur nguntali ulane anggone nyulap para juru sihir mau (nganti sirna kabeh)

[46] Para juru sihir banjur padha weruh menawa mu'jizate Musa iku dudu sihir, nuli padh anjungkel padha sujud kabeh

[47] Wong - wong ahli juru sihir mau padha ngucap, "Sapunika kita sami percador(iman) dhateng Allah, pangeranipun alam sedaya

[48] Inggih punika Pangeranipun Musa lan Harun

[49] Fir'aun banget nepsune, pangucape, "He para juru sihir, yagene sira padha wani percaya marang Musa, sadurunge pikantuk palilahingsun. Yen mengkono Musa iku penggodhamu, kang mulang sihir marang sira. Sira bakal weruh kuwasane awakira. Sira bakal ingsun tugel tanganira lan sikilira diseling - seling (dijunjang) sarta ingsun penthang utawa tak tanjir kabeh

[50] Para ahli sirih padha mangsuli, "Pangancam panjenengan makaten punika boten dados punapa, Sanajan kula pejaha, temtu badhe wangsul dhateng ngarsaning Pangeran kula

[51] Kula ngajeng - ajeng mugi - mugi Allah Pangeran kula kersa paring pangapunten sakathahing kalepatan kula, Dene kula sedaya punika dados kawitanipun tiyang ingkang pitados ing Allah lan dhateng Musa

[52] Ingsun paring wahyu (prentah) marang Musa, "He Musa, sira mangkata lunga (saka ing Mesir), bebarengan karo kawulaningsun wong Bani Israil kabeh, Sira bakal dioyak dening Fir'aun dalah para kaume

[53] Bareng Fir'aun krungu menawa wong Bani Israil padha lunga, banjur nglumpukake wong - wong ing kutha - kutha wewengkone, padha diajak ngoyak wong Bani Israil

[54] Pangucape Fir'aun, "Para kaumku kabeh aja padha wedi. Wong bani Israil iku mung sethithik cacahe

[55] Nanging sejatine wong Bani ISrail mau anggregetake, gawe napsuku

[56] Dene para kaumk wong Mesir iku padha wong prayitna, gagah prakosa, tur miranti gegamane

[57] Pangandikane Allah, "Ingsun nuli nundhung wong - wong mau (Fir'aun dalah para kaume) ninggalale palemahane (pakebonan) kang ana kaline pating sreweh

[58] Lan ninggalake gedung - gedung isi rajabrana sarta palinggihan (panggonan) kang indah - indah (becik - becik)

[59] Wis mengkono anggoningsun ngetokake Fir'aun: Sasirnane Fir'aun dalah para kaum kelem an aing segara, raja dabeke Ingsun paringake dadi warisan marang wong bani Israil, padha dibaleni marang ing Mesir

[60] Fir'aun dalah para kaume mau padh angoyak wong Bani Israil, ing wayah metune srengenge meh kecandhak ana ing pinggiring segara

[61] Barang owng Bani Israil lan wong Mesir (kaume Fir'aun) wis padha arep - arepan, ing kono para sahabate Musa padha matur, "Kados pundi kita punika badhe sami kecepeng (ketututan)

[62] Musa paring wangsulan, "Ora. Sira aja padha kuwatir, Satemene Ingsun iki dijangkung dening Allah Pangeraningsun, kang bakal paring pitedah dalan keslamten marang ingsun

[63] Ingsun banjur paring wahyu marang Musa,"He Musa, tekenira iku gitikna (sabetna) ing segara (Qulzum)". Bareng segara disabet (digitek) dening Musa, banyune banjur piyak dadi rosal lurung, antarane lurung - lurung mau banyune anggenggeng kaya gunung dhuwur

[64] Ingsun anggiring Fir'aun dalah pra kaume mlebu ing segara, ngoyak Musa dalah wong Bani Israil

[65] Lan Ingsun paring selamet marang Musa lan wong Bani Israil kabeh padha metu saka ing segara

[66] Sawise MUsa dalah wong Bani Israil padha metu saka ing segara, Fir'aun dalah para kaume padha Ingsun tumpes sarana Ingsun tungkebi (keremake) banyu segara

[67] Mungguh satemene tumpese Fir'aun dalah para kaume, iku yekti dadi tandha yekti, kanggo lupiya marang wong sapungkure Fir'aun. Lan akeh - akehe wong - wong mau padha ora gelem mukmin

[68] Lan satemene Pangeranira iku Maha Mulya sarta asih

[69] (Muhammad) wong - wong kafir iku padha sira wacakna cerita lelakone Ibrahim

[70] Nalikane Ibrahim matur marang Bapakne utawa ngendika mituturi marang para ummate, "Panjenengan punika sami manembah punapa

[71] Bapakne lan para kaume padha mangsuli, "Kita padha manembah brahala salawas - lawase

[72] Ibrahim bacutake pitakone, "Menawi panjenengan matur punapa - punapa dhateng brahala - brahala wau, punapa brahala - brahala wau saged mrieng

[73] Utawa punapa saged mikantuki (damel manfaat) punapadene mlarati dhateng panjenengan

[74] Bapakne Ibrahim lan para umate padha mangsuli, "Ora bisa, nanging para leluhur kita biyen iya padha manembah brahala kaya kita iki

[75] Ibrahim pitakon maneh, "Punapa sampun panjenengan galih sayekto anggen panjenengan manembah brahala punika

[76] Panjenengan piyambah lan para leluhur panjenengan rumiyin

[77] Sejatosipun brahala - brahala pnika (ingkang kula sembah) dados satru kula, kajawi Allah Pangeranipun alam sadaya, punika Pangeran kula

[78] Inggih Allah punika ingkang nitahaken badan kula, sarta paring pitedah margi ingkang leres

[79] Inggih Allah punika ingkang paring tedha sarta omben - omben dhateng kula

[80] Menawi kula nandhang sakit, panjenenganipun Allah punika ingkang nyarasaken dhateng kula

[81] Sarta panjenenganipun ingkang badhe mejahi kula. Sasampunipun pejah, benjing dinten Qiyamat anggesangaken dhateng kula

[82] Inggih Allah punika ingkang kula ajeg - ajeg paring pangapunten kelepatan kula benjing dinten Qiyamat

[83] Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi paringa kawicaksanan dhumateng kawula. Mugi Panjenengan lebetaken (golongaken) kapanggihaken kaliyan pra tiyang ingkang sae

[84] Kawula mugi Panjenengan dadosaken pengaleman saha tetuladhanipun tiyang Islam sapengker kawula

[85] Saha kawula mugi panjenengan dadosaken ahli waris, ingkang badhe nampi pandumanipun suwarga Na'im

[86] Mekaten malih bapak kawula punika ewonipun tiyang kesasar, punika mugi Panjenengan kersakaken tobat, salajengipun Panjenengan paringi pangapunten kalepatanipun

[87] Ing benjing dinten QIyamat, dinten tanginipun tiyang pejah, Panjenengan mugi sampun ngasoraken (meleh - melehaken) awon kawula

[88] Inggih punika dinten (Qiyamat) kalanipun bandha tuwin anak mboten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik

[89] Kajawi tiyang ingkang sowan wonten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik

[90] Ing dina iku suwarga dicedhakake marang wong kang padha bekti (taqwa)

[91] Dene neraka jahim dikatonake marang wong - wong kang padha lacut (kafir)

[92] Wong - won gkafir mau padha didangu, "Endi rupane brahala kang padha sira sembah biyen

[93] Sira milih manembah saliyane ALlah? Brahala apa bisa aweh pitulung marang sira utawa marang awake dhewe, jugarake siksane Allah

[94] Brahala - brahala mau nuli dipunjungkelake, dicemplungake ing neraka karo wong - wong kafir

[95] Lan para wadya balane iblis kabeh

[96] Wong - wong kafir mau ana ing sajrone neraka padha padu rame karo brahalane, pangucape wong kafir

[97] Demi Allah, satemene Ingsun iki tetela wong kang kesasar saka dalan keslametan

[98] Amarga anggoningsun manembah marang sira, ingsun padhakake Pangerane wong alam kabeh

[99] Dene kang nasarake (anjnlomprongake) ingsun iki, ora ana maneh kajaba syetan

[100] Saiki ora ana wong kang bisa aweh pitulungan apa - apa marang ingsun

[101] Lan ingsun ora duwe kanca kang mbelani aweh pitulungan marang ingsun

[102] Upama ingsun diparengake bali marang donya maneh, ingsun saguh dadi wong mukmin, nindakake apa tumindake wong mukmin

[103] Satemene cerita kang kasebut mau dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir-mikir. Nanging manungsa ora akeh sing padha gelem mukmin

[104] Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih

[105] Para ummate Nuh padha nggorohake para utusan

[106] Nuh dalah para ummate iku isih sedulur. Nalika semana Nuh dhawuh marang para ummate, "Ya gene sira padha ora wedi marang Allah

[107] Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang mitayani anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah, ora nambahi, ora ngurangi lan ora ngowahi

[108] Sira padh awediya ing Allah lan ngestokna marang Ingsun

[109] Anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang Ingsun, ora ana maneh kajaba Allah Pangerane ngalam kabeh

[110] Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun

[111] Para umate Nuh padha matur mangsuli, "Kenging punapa kita manut dhewek panjenengan lan tiyang ingkang sami manut ndherek panjenengan punika sami tiyang ingkang asor (andhahan urakan) sadaya

[112] Nuh paring wangsulan marang para ummate, "(Ingsun mau diutus murih para manungsa padha iman marang Allah) ora susah nyumurupi luguning para panganggepe kang dibathin

[113] Menawa sira padha weruh". dene panimbange penganggep kang dibathin iku ana astane Allah

[114] Lan Ingsun ora bakal nulak wong - wong kang padha mukmin ing Allah

[115] Ingsun iki ora liya kajaba juru pepeling klawan cetha, lan ora ningali sapa wonge

[116] Para umate Nuh padha kaku atine, pangucape, "He Nuh, anggen panjenengan munasika dhateng kita punika menawi boten panjenengan kendeli, panjenengan mesthi badhe kita balangi sela

[117] Nuh banjur matur marang Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sejatosipun para umat kawula sami maiben (anggorohaken) dhateng kawula

[118] Mila panjenengan mugi kaparenga andhawuhaken bilih punapa ingkang kawula dhawuhaken punika leres tumrap anggen kawula pasulayan kaliyan ummat kawula wau, punapa dene Panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula dalah para tiyang ingkang tumut dhateng kawula para tiyang mukmin

[119] Ingsun paring selamet marang Nuh dalah para kaume para wong mukmin, ana ing perahu kang kebak (isi wong lan sawarnaning kewan daratan)

[120] Sawise mengkono, para ummate Nuh liya - liyane padha Ingsun sirnakake sarana Ingsun kelem

[121] Carita lelakone Nuh lan para ummate mau, satemene dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir. Nanging akeh - akehe padha ora gelem mukmin

[122] Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih

[123] Wong 'Aad uga padha anggorohake (maido) para Rasul

[124] Sedulure kaum 'Aad yaiku Hud, ngendika maringi pitutur marang wong - wong mau, "Yagene sira padha ora wedi marang Allah

[125] Satemene Ingsun iki utusane Allah, anggoningsun medharake dhawuhe Allah iku mitayani. Ingsun diutus marang sira kabeh

[126] Sira padha wediya marang Allah lan ngestokna marang ingsun

[127] Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjarang marang Ingsun, ora ana maneh kajaba mung Allah Pangerane 'alam kabeh

[128] Ya gene sira padha ngedegake omah dhuwur ana ing ngendi - endi panggonan, perlu mung kanggo dolanan lan nyenyenges tumrap wong kang liwat

[129] Apa dene sira padha gawe blumbang utawa segaran, pangarep - arepira sira langgenga urip, aja mati - mati

[130] Mengkono maneh sira buteng sarta cengkiling, menawa sira mara tangan siya - siya

[131] Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang Ingsun

[132] Lan padha bektia ing Pangeran kang paring kenikmatan (kabungahan) marang sira, kaya kang wis padha sira sumurupi

[133] Panjenengane Allah wis maringi kabungahan marang sira rupa raja kaya sarta turunan

[134] Apa dene palemahan (pakebonan) lan kali pirang - pirang

[135] Satemene (menawa sira padha ora gelem manut marang pangandikaningsun) ingsun kuwatir, ora wurung sira bakal nandhang siksane Allah, ana ing donya lan akherat

[136] (Wong 'Aad) padha matur mangsuli, "Dhuh Huud, kita panjenengan wulang makaten punika kaliyan boten, sami kemawon boten badhe melu dhateng piwulang panjenengan

[137] Sayektosipun, piwulang ingkang panjenengan angge ngajrih - ngajriih dhateng kita punika kados ngajrih - ngajrihi lare alit, punika mboten liya damel - damelanipun para tiyang kina rumiyin

[138] Sampun mboten kemawon kita badhe nandhang siksa

[139] Wong 'Aad padha maido (anggorohake) marang Huud, mulane banjur Ingsun tumpes. Kang mengkono mau satemene dadi lupiya tumrap wong kang gelem mikir - mikir. Nanging akeh - akehe para manugsa padha ora gelem mukmin

[140] Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih

[141] Wong Tsamud uga padha nggorohake para Rasul

[142] Nalika semana sedulure wong Tsamud yaiku Shalih paring dhawuh marang wong Tsamud, "He para seduluringsun, yagene sira padha ora wedi marang Allah

[143] Satemene Ingsun iku Utusane Allah tur kena dipercaya

[144] Sira padha manuta ing Allah, lan ngestokna marang Ingsun

[145] Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun ora liya mung Allah Pangerane ngalam kabeh

[146] Apa sira padha duwe pangira menawa anggonira urip iku ditogake bae tentrem salawase, ora ana apa - apa (luput pangairanira)

[147] Saiki sira duwe palemahan akeh lan kali - kali

[148] Lan duwe tanduran gandum lan wit kurma kang wohe mateng - mateng

[149] Lan padha gawe guwa ana ing gungung - gunung kanggo omah, pancen padha baut

[150] Sira padha wediya ing Allah lan ngestokna pituturingsun

[151] Lan sira aja manut perintahe wong (kafir) kang ngliwati wates

[152] Yaiku wong kang padha gawe rusak ana ing bumi sarana panganiaya, lan ora gawe becik, sarana 'adil lan iman marang Allah

[153] Wong Tsamud padha mangsuli, "Panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging ing sihir

[154] Boten sanes panjenengan punika inggih tiyang kados kita kemawon. (Wangsul panjenengan ngaken Utusanipun Allah) menawi dhasar temen cobi panjenengan angawontenaken tandha yekti

[155] Nabi Shalih mangsuli, "(Tandha yektine delengen) iki unta (peparinge Allah metu saka ing watu, kaya carane unta lahir saka biyunge, tetep kaya panyuwunira). Unta iki duwe pepancen ngombe ing sendhang iki, sira uga duwe pepancen, giliran sedina endhing, aja padha nyahak gilirane unta mau

[156] Lan aja pisan - pisan ngganggu gawe marang unta iki, (menawa sira nganti ngganggu gawe), mesthi bakal nandhang siksane Allah kang abot, ana ing dina kang anggegirisi

[157] Wong tsamud banjur padha amragad unta mau. Bareng padha sumurup bakal tekane siksa, padha banget getun lan keduwange

[158] Wong Tsamud banjur tumpes kena ing siksane Allah, kaya pangancame Nabi Shalih, kang mengkono mau mesthi dadi kaca benggala tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging sethithik banget kang padha gelem percaya

[159] Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya Maha Asih

[160] Para ummate LUth uga padha anggorohake (maido) marang para Rasul

[161] Nalika semana sedulure kang aran Luth paring pitutur mengkene, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah

[162] Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang percaya marang sira kabeh

[163] Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun

[164] Anggoningsun nekaake dhawuhe Allah, ora amrih opah. Dene kang bakal maringi ganjaran mung Allah Pangerane alam kabeh

[165] Yagene sira padha milih cumbana padha wong lanang, kamungka ora kurang wong wadon

[166] Sira padha nampik para bojonira, kang wis dicawisake lan diwenangake dening Allah Pangeranira marang sira. Dadi sira iki tetep wong kebangeten, nampik barang kang diwenangake, milih kang dadi larangan

[167] (Para ummate Luth) padha mangsuli, "Dhuh Luth, menawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan munasika dhateng kita punika, panjenengan mesthi kita tundhung saking mriki

[168] (Luth ganti paring) wangsulan, "Sakarepira, satemene ingsun gething banget lan ora sudi marang tindakira kang mengkono iku

[169] Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula sakulawarga, saking siksa patrapanipun kalepatan, ingkang dipun lampahi dening para ummat kawula

[170] (Pandandikane Allah), Ingsun paring selamet marang Luth dalah kaluwargane kabeh

[171] Kajaba bojone tuwa Luth, iku katut ingsun siksa, amarga mbiyantu marang ummate Luth

[172] Para ummate Luth liya - liyane banjur Ingsun tumpes

[173] Para ummate Luth mau Ingsun udani watu welirang kang murup, sabanjure Ingsun walik bumine. Ala temen udan siksane wong kafir kang wis diwedeni, meksa padha wangkot

[174] Lelakone para ummate Luth mau, satemene dadi kaca benggala tumrap wong kang padha gelem mikir - mikir, ewodene akeh - akehe manungsa padha ora gelem percaya

[175] Satemene Allah Pangeranira iu Maha Mulya tur Maha Asih

[176] (Kaume Syu'aib) wong ing Madyan kang padha duwe palemahan loh isi tetanduran, padha maido marang para Rasul

[177] Nalika semana Syu'aib paring pitutur marang wong - wong madyan, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah

[178] Satemene Ingsun iki Utusane ALlah kang pinitaya marang sira kabeh

[179] Sira padha bektia ing Allah lan ngestokake marang ingsun

[180] Anggoningsun nekake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih opah apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun, ora liya mung Allah Pangerane alam kabeh

[181] Sira padha nyampurnakna timbangan, lan poma dipoma aja dadi golongane wong - wong kang padha ngurangi timbangan

[182] Lan sira nimbanga kanthi timbangan kang jejeg

[183] Lan aja padha gawe suda ajining barang - baranging wong, lan aja padha rusuh gawe kerusakan ana ing bumi

[184] Lan padha bektia ing allah kang nitahake marang sira, lan para umat ing jaman kuna

[185] Wong Madyan mangsuli, "Dhuh Syu'aib, panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging sihir

[186] Panjenengan punika mboten sanes inggih tiyang kados kita kemawon, (sanes malaikat) lan kita kinten dhateng panjenengan punika klebet tiyang ingkang goroh

[187] Menawi panjenengan punika temen, yektos Utusanipun Allah cobi kita pnejengan turuni siksa jawah gegempilaning langit

[188] (Syu'aib) paring wangsulan, "Allah Pangeraningsun mesthi luwih nguningani kabeh barang kang sira tindakake

[189] Won ging madyan padha kebanjur - banjur anggone nggorohake (Nabi Syu'aib) mulane banjur ketekan siksane Allah ana ing dina eyub kang gegirisi

[190] Satemene lelakone wong Madyan mau dadi tuladha tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging akeh - akehe wong padha ora gelem mukmin

[191] Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih

[192] Lan satemene al-Qur'an iki diturunake dening Allah Pangerane Alam kabeh

[193] Malaikat Jibril kang pinitaya tumurun klawan ngampil al-Qur'an

[194] Didhawuhake marang atinira Muhammad, supaya sira anggo ngelingake lan ambebungah marang para manungsa

[195] Nganggo tetembungan arab kang cetha

[196] Lan satemene al-Qur'an iki wis diwaca (disebutaken) ana ing kitab kuna - kuna

[197] Ya gene wong kafir padha nyelaki tandha yektine menawa al-Qur'an iku temen dhawuhe Allah, yaiku anggone wis kasebut ana ing kitab - kitab kuna, sarta wis disumurupi dening para pendhitane wong Bani Israil

[198] Upama al-Qur'an iku Ingsun dhawuhake marang sawenehe wong 'Ajam (yaiku liyane wong Arab)

[199] Wong 'Ajam iku banjur diwacakake al-Qur'an, mesthi wong mau ora iman

[200] Kaya mengkono uga atine wong kafir padha Ingsun leboni sifat kafir (ora percaya) marang al-Qur'an

[201] Dadi padha ora percaya ing al-Qur'an, nganti tumeka anggone padha sumurup siksa neraka kang nglarani

[202] Bareng wis tekan wektune, siksa neraka mau banjur teka marang wong kafir, kanthi ngegetake, wong kafir ora ngira babar pisan menawa bakal ketekan siksa

[203] (Wong kafir) banjur padha munjuk ing Allah, "Punapa kawula kepareng nyuwun dipun srantosaken sekedhap kemawon, kawula badhe pitadhos dhateng al-Qur'an

[204] (Wong kafir) banjur tompa dhawuh, "Ora kena, yagene sira padha ndang - ndang lan angge tekane siksa

[205] (Muhammad) apa sira sumurup, wong kafir iku Ingsun bungahake sawatara lawase

[206] Bareng wis tekan wektune, banjur padha ketekan siksa kang maune wis dinajekkake lan diancamake

[207] Kabungahane sawatara mau apa bisa murungake utawa mayarake siksa? (mesthi ora)

[208] Ingsun ora pisan - pisan numpes wong ing padesan, kajaba menawa ing kono wis ana Utusaningsun kang memedeni lan nerangake dhawuh ingsun

[209] Supaya dadi pepeling, lan ingsun ora pisan - pisan gawe kaniaya

[210] Kang nurunake al-Qur'an iku dudu Syetan

[211] Para syetan ora patut lan ora bisa nurunake al-Qur'an

[212] Amarga syetan iku menawa arep nginjen, (ngrungok - ngrungokkake guneme para malaikat) banjur dihalangi

[213] (Muhammad) manungsa iku anggone mangeran marang Allah aja karo Mangeran marang liyane. Menawa nganti mangkono, bakal padha nampa siksa saka Allah

[214] (Lan sira Muhammad) Aweha pepeling marang kerabatira kang klebu isih cedhak

[215] Sawis sira paringi pitutur, sira nagjenana para wong mukmin kang padha manut lan tha'at

[216] Menawa dheweke padha ambangkang, sira dhawuha, "Ingsun wisuh, ora melu - melu anggonira padha tumindak manembah saliyane Allah

[217] Lan sumaraha marang Allah kang Maha Lumya Tur Maha Asih

[218] Yaiku Pangeran kang mriksani ing wektu sira nindakake shalat

[219] Lan Panjenengane mriksani mobah mosikira ana ing antarane wong kang sujud

[220] Satemene Allah Midhanget lan Ngudaneni marang kabeh barang dumadi

[221] (Dhawuha Sira Muhammad), "Apa sira kabeh gelem ingsun paringi sumurp marang sapa tumuruning syetan iku

[222] Syetan iku tumrape marang wong kang dhemen goroh lan duraka

[223] Biyen para syetan iku padha ngrungokake pangucape para malaikat, banjur diwisikake marang para juru pethek (ahli nujum), dene pametheke juru pethek iku kang akeh goroh

[224] Para wong kang podho kang kesasar ska dalan keslametan padha manut marang para jur nganggit tembang (penyair), ngucap goroh (ngarani manawa al-Qur'an iku tembang)

[225] Apa sira ora sumurp menawa (juru nganggit tembang iku), kang akeh padha ambawur rasaning tetembungan

[226] Lan satemene dheweke (ahli nganggit tembang) padha ngucapake apa kang ora padh ditindakkake

[227] Kajaba para kang padha angestu, lan padha nindakake kebecikan, lan padha akeh anggone nyebut (eling) asmane Allah, lan padha pikantuk pitulung sawisa dianiaya. Dene wong kafir kang padha nganiaya mau, ing tembe bakal sumurup kawusananae ana ing akherat

An-Naml

Surah 27

[1] Thaa Siiin. Iki ayat - ayate al-Qur'an iya kitabe Allah kang cetha (anggone nerangake ala lan becik)

[2] Minangka dadi pitedah lan bebungah marang para wong angestu

[3] Yaiku wong - wong kang padh anglakoni shalat sarta aweh zakat, apadene yakin ing tembe bakal ana dina Qiyamat lan akherat

[4] Satemene wong - wong kang padha ora iman menyang bakal anane dina Qiyamat lan Akherat, iuk padha Ingsun pesthi dhemen marang tindak ala, mulane banjur padha bingung

[5] Wong kang mengkono mau padha pikantuk siksa kang ala lan abot ana ing donya, dene besuk ana ing akherat padha luwih kapitunan

[6] (Muhammad) Satemene sira wis diparingi al-Qur'an saka ngarsane Allah kang Maha WIcaksana sarta Ngudaneni

[7] (Muhammad) sira nyritakna lelakone Musa, nalika ana ing ngalas wayah wengi, mituturi (ngendikani) marang garwane, "Ingsun sumurup geni, sira lerena ana kene dhisik Ingsun arep marani geni kae, bokmenawa baliningsun bakal pikantuk warta pitedah dalan bener, utawa pikantuk obor kang murub, supaya kena sira anggo gegeni

[8] Bareng Musa wis tekan ing panggonan geni, didhawuhi dening Allah, pangandikane, berkahing Allah dhumawaha marang Musa kang ana ing sajrone geni, lan marang para malaikat kang ana ing sakiwa tengene. Maha Suci Allah Pangerane wong ngalam kabeh

[9] Musa, sumurupa, satemene Ingsun iki Allah Kang Maha Mulya tur Maha Wicaksana

[10] Lan tekenira iku sira uncalna. Bareng Musa wis nguncalake tekene kaget lan gumeter sumurp tekene dadi ula kang galak. Musa mungkur lumayu tanpa noleh. Allah ngendika, "He Musa sira aja wedi. para Utusaningsnu ana ngarsaningsun tanpa kuwatir lan ora wedi apa - apa

[11] Kajaba wong kang nganiaya (duraka) nanging banjur padha tobat, sarta banjur ngijoli tumindake ala kanthi kabecikan, iku naliknae rumangsa kaluputan, duwe wedi. Satemene Ingsun iki Maha Pangapura tur Maha Asih

[12] Lan epek - epekira lebokna ing klambi, nuli wetokna, mesthi dadi putih, dudu putihe belang, (nanging mencorong amblerengi). Saiki sira mangkata, nemonanan lan nerang - nerangna Fir'aun sawadyabalane, kanthi tandha yekti kaelokan sangang werna klebu loro iki, awit Fir'aun sawadyabalane iku klebu wong duraka (fasiq)

[13] Fir'aun sawadyabale bareng katekan tandha yektiningsun terang katon cetha, banjur padha ngucap mengkene, "Kaelokan iki sihir kang cetha

[14] Lan padha maido (angas) marang tandha yekti mau, tur ing bathin dheweke wis sumurp cetha (menawa kaelokan iku temen saka Allah). Anggone maudo mau saking gumedhe, moh manut. Mara sira ndelenga kapriye kawusanane wong kang padha gawe kerusakan ana ing bumi

[15] Lan yekti Ingsun wis maring kawruh marang Dawud lan Sulaiman, sakarone mau padha manglembana mengkene, "Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah, ingkang sampun paring kautaman dhumateng kawula, ngungkuli para kawulanipun pinten - pinten ingkang sami mukmin

[16] Sulaiman anggenti kratone Dawud lan kenabiyane apadne kaweruhe, dumunung waris. Sulaiman paring pitutur mengkene, "He para manungsa, Ingsun iki terang nampa kanugrahane Allah, (yaiku kajaba ingsun anggenteni kraton lan kenabiyane mau), ingsun diparingi kawruh mangerti bahasaning manuk (lan kewan liya - liyane) lan uga diparingi kabeh kang diparingake marang para Nabi lan ratu". Sayekti iki temen lubering paparing kang tetela

[17] Nalika Sulaiman pepara, wadyabalane jin, manungsa lan liya - liyane padha dikumpulake, anggerbeg anggone pepara, sarta ditata ing panggedhene dhewe - dhewe

[18] Bareng Sulaiman tekan ing jurang negarane semut, ing kono ratune semut (kang jeneng raja Jurma) animbali para semut, "He para semut, sira padha mlebuwa ing lengira dhewe - dhewe aja nganti kepidak ing Sulaiman utawa para wadyabalane, awit saka dene saking cilikira, kang ngidak nganti ora kerasa

[19] Sulaiman krungu (pangundange raja Jurma) mau mesem, banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan maringi ilham supados kawula saged syukur dhumateng peparingin kabingahan dhumateng kawula, punapa dene mugi saged nindakaken pendamel sae, kados ingkang dados paringipun kersa Panjejengan, saha mugi Panjenengan lebetaken para kawula Panjenengan ingkang sae - sae, tuwuh saking sih panarima Panjenengan

[20] Ing sawijining dina Sulaiman goleki manuk Hud-hud (kuthilang utawa manuk platuk-bawang) nanging ora bisa ketemu, banjur dangu marang kang padha ngadhep, "Yagene wis sawatara dina ingsun ora sumurp kelanganku manuk, patute apa miruda?" (apa deweke pancen ora teka)

[21] (Mara padha golekana), menawa ketemu bakal ingsun patrapi kang abot, utawa bakal ingsun beleh, kajaba menawa ngaturake sebab anggone lunga mau

[22] Ora antara suwe manuk (hud-hud) mau teka, (sowan ing Nabi Sulaiman) ature, "Kesah kit apunika angsal pawartos ingkang panjenengan dereng wuninga Kula dhateng saking negeri Sabaa' angsal pawartos ingkang nyata

[23] Wonten ing Sabaa' kita sumerep ratu esteri, (endahing warni, nama sang ratu Bilqis) punika ngratoni tiyang saisining negeri Sabaa', gadhah sedaya kabetahaning ratu, sarta gadhah ngaras ageng

[24] Kula sumerep, sang ratu (Bilqies) dalah wadyabalanipun sami Mangeran sanesipun Allah, inggih punika sami manembah surya, syetan anggodha dhateng sang ratu. Mila sami remen anglampahi awon, Wasana sami kapepetan marginipun kawilujengan dados boten sami angsal pitedah

[25] Mila syetan wau anggodha, supados sang ratu Bilqis wau sampun ngantos sujud ing Allah, ingkang ngedalaken simpenan ingkang wonten ing langit lan bumi, sarta nguningani sadaya perkawis ingkang dipun simpen lan dipun lahiraken

[26] Allah punika Pangeran ingkang sejati, boten wonten sesembahan kaliyan leres, kajawi namung Allah, Pangeranipun 'Arsy ingkang Agung

[27] Sulaiman paring wangsulan, "Iya, Ingsun bakal deleng nyatane aturira iku teman apa goroh

[28] Saiki sira mangkata menyang negara Sabaa', mundhi layang ingsun iki, paringna marang ratu Bilqis, tumuli balia, saka kana, nuli ngrungok - ngrungokna anggone bakal mangsuli (manuk ngistokake dhawuh)

[29] (Sang ratu Balqis bareng pirsa ana layang kang tumiba saka ing dhuwur kang digawa dening manuk) banjur paring dhawuh, "He para punggawa, iki ingsun tampa layang tiban kang nganggo cap"(iki wujude, mara padha delengen)

[30] (Bareng layang mau dibukak), unine mengkene, "Layang iki saka Sulaiman (tumekaa marang sang ratu Bilqis ing negara Sabaa')" klawan nyebut Asma Allah Kang Maha Welas sarta Maha Asih

[31] (Surasane layang: Ratu Bulqis) sira aja kumaluhur ora gelem ngestokake marang ingsun, mulane satampane layang iki, sira banjur sowana marang ingsun mlebu agama Islam, dalah sawadya balanira

[32] (Sang Ratu Bilqis bareng mireng surasane layang mau) banjur dhawuh, "He para punggawa, kepriye kang padha dadi aturrira perkara kelakon iki. Ingsun ora nemtokake kang bakal ingsun tindakake, ngenteni panemunira

[33] (Para punggawa) padha matur, "Kita punika sami gagah perkosa sugih bala, mirantos ing dedamel, tur sami kendel - kendel, sakersanipyn sang ratu sendika nindakake, boten langkung namung sami cumadhong dhawuh

[34] (Sang ratu Bilqis) dhawuh, "Para ratu iku menawa nglurug, nganti mlebu ing negara, mesthi ngrusakake negara, sarta panggedhene negara kono padha digawe asor, wis mengkono iku pengadate tindake para ratu

[35] Saiki kersaningsun mengkene, Ingsun utusan arep nyahosi pisungsung marang Sulaiman, lan ingsun ngenteni sabaline utusan mau. (kepriye mungguh keterangan pisungsung mau apa ditampik apa ditampa)

[36] (Manuk mau bareng wis sumurup mangkate utusan, banjur miber mulih, nyahosi pirsa marang Sulaiman). Bareng utusane sang ratu Bilqis wis sowan ing Sulaiman, nyahosake pisungsung, Sulaiman dhawuh, "Yagene gustinira teka kudu ngurugi bandha marang ingsun? (iku dudu kersaningsun). Gustinira mesthi gedhe atine dene bisa ngurugi bandha, sumurupa, peparinge Allah marang Ingsun luwih becik lan luwih akeh, ngungkuli pisungsunge gustinira tikel pirang - pirang

[37] Sira muliha, (lan matura marang gustimu menawa kesuwen anggone sowan perlu mlebu agama Islam) mesthi ingsun lurugi wadyabala kang tanpa wilangan. Dene gustinira lan wong saisine negara ing Sabaa' bakal ingsun tundhungi lan ingsun siya - siya. Para panggedhe ingsun copoti dadi wong cilik. (Satemene Utusan ing Sabaa' ngaturake oleh - oleh anggone diutus, sang ratu Bilqis banjur dandan mangkat sowan marang Nabi Sulaiman)

[38] (Sapungkure utusan ing Sabaa') Sulaiman dhawuh, "He para kawulaningsun, apa sira bisa anjupuk singgasanane mrene, sadurunge deweke teka mrene, kelawan sumarah mlebu agama Islam

[39] Sawenehing jin keliwat kendel matur, "Kula punika gagah perkosa tur mitadosi, kula sagah andhatengaken ('arasy-ipun ratu Bilqis) mriki, saderengipun sang nata jengkar saking pasekawan". lan kula punika (para jin) kiat lan saget dipun percados

[40] Kang kadunungan ilmu kitab matur mengkene, "Kula sagah andhatengaken punika mriki saderengipun sang nata kedep". Sanalika Sulaiman mirsani (Arsye ratu Bilqis) wis ana ngarsane. Banjur dhawuh, "Kang mengkene iki tetla saka sih kanugrahane Allah Pangeraningsun, kanggo nyoba marang ingsun, apa syukur marang Allah, apa ora. Dene sing sapa syukur bakal bali marang awake dhewe. Naning sing kafir (ora gelem syukur) iku sumurap satemene Pangeraningsun iku Maha Sugih tur Maha Mulya

[41] (Sulaiman) dhawuh, "Singgasanane iku owahana pemasange, coba kepriye, dheweke weruh apa ora

[42] Bareng dheweke wis sowan, banjur didangu dening Sulaiman, "He ratu Bilqis, Arsy ira apa kaya Arsy iku", Ratu Bilqis matur, "Inggih kados mekaten!" Saderengipun kula kaparingan sumere (Mu'jizatipun sang nata). Mila sapunika kula mlebet agama Islam (sumarah)

[43] (Sulaiman dhawuh) Lan sapa sing manembah saliyane Allah, (yaiku manembah srengenge). Satemene sang ratu Bilqis dhek semona isih klebu wong kafir

[44] Ratu Bilqis didhawuhi, "He ratu Bilqis, saiki sira mlebuwa ing kedaton (sabrangane menyang bale kambang mau tinutup ing kaca, nanging ora ketara) panyanane ratu Bilqis, sabrangan mau banyu kang sawatara jerone banjur cincing dhuwur nganti katon kempole loro pisan (tuhu anengsemake)". (Sulaiman) dhawuh, "Saestunipun punika kedaton mawi kaca". Sang ratu Bilqis munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika tiyang nandhang dosa, nganiaya dhateng badan kula piyambak, (awit anggen kula manembah surya) sapunika kula nglampahi agami Islam, nunggil agamanipun Sulaiman, ngestokaken dhawuhipun Allah Pangeranipun ngalam sadaya". (Sang ratu bilqis banjur kagarwa ing nabi Sulaiman)

[45] Ingsun wis ngutus Shalih andhawuhi para sadulure, yaiku wong Tsamud, dhawuhe Shalih, "He para wong Tsamud sira padha manembaha ing Allah". Ing kono wong Tsamud dadi rong golongan, (kang segolongan ngestokake, dene kang sagolongan padha kafir, maido marang Shalih) mulane padha dikaniaya

[46] Shalih andhangu, "He para seduluringsun, yagene sira padha nantang tekane siksa, ora malah ngarep -arep sih pangapurane Allah? Yagene sira ora padha nyuwun pangapuraning Allah anggonira padha musyrik? Supaya sira padha pikantuk piwalese Allah

[47] Wong Tsamud matur mangsuli, "Kita sampun nandhang sangsara jalaran panjenengan lan para kanca panjenengan". Shalih ngandika, "Sangsaranira iku saka kersane Allah, minangka patrapning tindakira kang ala. Sumurupa menawa sira iku diparingi coba dening Allah

[48] Ana ing sajroning kutho kono ana wong lanang cacahe padha nekad gawe karusakan ing bumi, babar pisan ora gawe kabecikan

[49] (Wong sanga mau padha antep-antepan supata nyebut asmane Allah) prasetyane, "Kita mesthi mateni Shalih sakeluargane, ingsun cidra ing wayah wengi, lan kita bakal ngucap marang ahli warise temen ora sumurup perkara bab mateni Shalih sakulawargane, lan sejatine kita iki wong - wong sing temen

[50] (Pangandikane Allah), "Lan dheweke padha ngrancang - rancangan (pangreka daya kaya kang wis dirancang nanging ora bisa kaleksanan) Ingsun uga ngrancang - rancangan, ananging dheweke padha ora ngrasa (ora ngira lan ora mangerteni)

[51] Mara sira rasakna, kepriye kawusanane rancangane, satemene Ingsun numpes dheweke dalah wong kang padha ambiyantu kabeh

[52] Apadene omahe (wong mau) padha ambruk, amarga anggone padha nganiaya. Kang mengkono mau mesthi dadi tandha yekti lan piwulang tumrap wong kang padha mangerti marang kuwasaningsun

[53] Kabeh wong mukmin kang padha ngestokake parentahingsun, padha Ingsun paringi selamet, banjur lestari anggone padha bekti marang Ingsun

[54] (Lan sira nyritakna lelakone) Luth, nalikane dhawuh marang umate, "Yagene sira padha tumindak ala, (cumbana padha wong lanang) tur sira wis padha sumurp yen mangkono iku tindak sing ala

[55] Ya gene sira padha dhemen cumbana padha wong lanang nampik marang wong wadon? dadi sira padha tetep wong kang bodho

[56] Para umate Luth tanpa mangsuli apa - apa, mung ngucap, "Luth sakulawargane padha tundhungen saka ing negara kene. Satemene dheweke iku ngaku - ngaku wong suci

[57] Wusana para umate Luth mau Ingsun tumpes. Luth dalah para kulawargane padha Ingsun paringi selamat, mung garwane Ingsun temtokake kari, melu katumpes

[58] Lan Ingsun nurunake udan watu marang para umate Luth (sabanjure bumine Ingsun walik). Ala temen udane wong kang wis dipepeling nanging padha ora gelem manut

[59] (Muhammad) sira memujiya, "Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah. Lan mugi - mugi Allah paring kawilujengan dhateng para kawulanipun ingkang kapilih". Becik endi Allah lan brahala kang padha dianggo musyrik? (mesthi becik Allah)

[60] Sapa kang nitahake langit lan bumi sarta maringi banyu udan saka ing langit marang sira ? Pangandikane Allah, "Banyu udan mau Ingsun anggo nukulake wit - witan kang asri dineleng. Sira padha ora bisa nukulake kekayoning palemahan mau. (Saiki kepriye panemunira) Apa ana Pangeran kang ngembari Allah?" Saiki wong - wong kafir iku tetep wong kang nyimpang saka agama kang bener

[61] Becik endi brahala karo Pangeran kang ngrata bumi kanggo panggonane manungsa, sarta ngilekake kali - kali ana tengahe bumi mau, dokoki gunung - gunung sarta misahake segara loro, asin lan tawa. (saiki kepriye panemunira), apa ana Pangeran kang ngembari Allah? (mangsa anaha), nanging akhe - akehe wong kafir padha ora sumurup

[62] Becik endi brahala karo Pangeran kang nyembadani panyuwune kang nemureribet sesambat ing Allah, lan kuwasa ambengkas reribed mau, apa dene anggenggonake sira ana ing bumi, anggenteni para leluhurira. (Saiki kepriye panemunira), Apa ana Pangean kang ngembari Allah? (mangsa anaha). Nanging sethithik banget wong kang padha eling

[63] Becik endi brahala karo pangeran kang paring pitedah marang sira ana ing pepetenging dharatan lan pepetenging segara? apa dene nglakokake angin dadi cecalane udan, minangka kanggo ambebungah marang sira. (saiki kapriye panemunira). Apa ana Pangeran kang ngembari? (mangsa anaha). Allah iku Maha Luhur, saka barang kang disakuthokake

[64] Becik endi brahala karo Pangeran kang miwiti nitahake kabeh kang dumadi, sawise dadi banjur dibalekake kaya maune (sirna) apa dene paring pangan marang sira metu saka bumi lan langit. (saiki kepriye panemunira) Apa ana Pangeran kang ngembari Alah? (mangsa anaha). Menawa pangucapira ana Pangeran kang ngembari Allah iku temen, mara nekakna tandha yekti

[65] (Muhammad) sira dhawuha, "Sasisine langit lan bumi iki ora ana kang padha sumurup ing barang kang ghaib (samar - samar) kajaba mung Allah piyambak kang wuningani. Sarta dheweke padha ora sumurup. Besuk kapan anggone padha ditangekake saka ing pati (kubur)

[66] Saiki wong kafir padh amamang bakal anane akherat, malah persasat wuta ora sumurup babar pisan (nanging besuk yen wis ana ing akherat, mesthi sumurup)

[67] Wong kafir padha ngucap mengkene, "Besuk yen kita wis padha dadi lemah, apa dene para leluhur kita apa nyata bakal padha urip maneh, metu saka ing pakuburan

[68] Sayekti, temen iki dhek biyen wis dijanjekake marang aku, lan para bapak - bapakku. Ora liwat, mung dedongengane gawe - gawene para wong kuno bae

[69] Muhammad, sira dhawuha, "Menawa sira padha maido, padha anjajaha ing bumi, delenga sakehing patilaan lupiyane wong kuna kang padha dirusak dening Allah, amarga anggone apdha maido para Rasul, kepriye kedadeyane wong kang wangkot maido marang para Rasul

[70] SIra aja pisan - pisan susah dening ngrasakake para wong kafir dupeh ora padha gelem percaya, lan aja kuwati menawa direka daya, Ingsun mesthi paring pitulungan marang sira

[71] Para wong kafir mau padha matur marang Muhammad, "Menaw pangandika panjenengan punika temen, benjing punapa kalampahanipun siksa ingkang dipun anacamaken

[72] Muhammad, sira dhawuha, "Siksa kang sira ajap iku iya ana sawatara kang wis cedhak mangsani tumiba ing sira

[73] Lan satemene Allah Pangeranira iku kagungan sih palimarma marang para manungsa, nanging akeh - akehe manungsa padha ora gelem syukur marang Allah

[74] Lan satemene Pangeranira iku nguningani kabeh barang kang mung dibathin bae dening won gkafir lan barang kang dilahirake (diedhengake)

[75] Kabeh barang kang ghaib ana ing langit lan bumi iku kabeh mesthi wis tinulis ana ing kitab kang terang

[76] Satemene al-Qur'an iki nerangake marang wong Bani Israil pirang - pirang perkara bab agama kang padha dadi pasulayan

[77] Lan satemene al-Qur'an iki dadi pitedah lan rahmat tumrap para wong mukmin

[78] Satemene (ing besuk dina Qiyamat) Allah Pangeranira mutusi perkara (wong kang padha pasulayan perkara agama), diputus kelawan adiling Allah. Dene Allah iku Maha Mulya tur sarta maha Ngudaneni

[79] Sira padha ngandle lan pasraha (tawakkala ing Allah bae), awit satemene sira wis terang anglungguhi bener

[80] Satemene piwulangira ora bisa tumama marang wong kang atine mati, (yaiku wong kafir) apa dene pangundangira ora bisa tumama marang wong kang budheg kang mungkur lan mlengos

[81] Lan maneh sira ora bisa nuduhake dalan bener marang wong kang atine wuta, supaya nyingkirana penasaran, bisane tumama piwulangira mung tumrap wong kang iman ing al-Qur'an ayatingsun, dadi wong mau padha Islam

[82] Ing besuk nalinae dhawuh bebenduning Allah wis tumiba marang wong kafir, Ingsun ngetokake titah (kang anggegirisi) metu saka ing bumi bakal anatoi dheweke lan bakal ngucap marang wong - wong mengkene, "Wong kafir iku padha ora gelem iman marang al-Qur'an ayatingsun

[83] (Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Ingsun nglumpukake wong kang padha maido ing ayatingsun. Siji - sijining umat dadi sepantha - pantha, kabeh ora kena lunga

[84] Bareng wis teka nglumpuk kabeh, Allah paring pangandika, "Ya gene sira padha wani - wani maido marang ayatingsun, tanpa sira pikir, sira ora sumurp katerangane apa bener, apa luput. Saiki endi perintah ingsun kang padha sira tindakake

[85] Ing kono dhawuhe Allah nemtokake siksane tumeka marang wong kafir mau, amarga anggone tumindak duraka kafir, dadi kabeh banjur padha ora bisa ngucap sakecap - sakecapa

[86] Yagene padha ora andeleng anggoningsun nitahake wengi kanggo wayahe wong padha leren, sarta nitahake rina kanggo wayahe wong melek andeleng barang - barang? kang mengkono iku dadi tandha yekti sampurnane kuwasaningsun tumrap kaum kang padha iman

[87] Nalinake (malaikat Israfil) andamu sempronge (slomprete), ing kono saisining langit lan bumi padha giris kabeh, mung sapa kang diparengake dening Allah , iku ora wedi. Kabeh mau (bareng wis padha ditangekake saka ing pati) banjur padha sowan ana ing ngarsane Allah, sarta padha cilik atine

[88] Nalika iku sira sumurp gunung saking dening gedhene, dikira meneng bae, nanging satemene mlaku rikat, kaya lakune mega ginawa ing angin. Kang mangkono iku pandamele Allah kang nindakake kabeh barang sarwa sampurna. Satemeen Allah iku Maha waspadha marang barang kang sira tindakake

[89] Sing sapa nindakake kabecikan (ngucap laa ilaaha illallah), wong iku (ana ing akherat), pikantuk ganjaran kang luwih becik tinimbang kabecikan kang ditindakake. Sarta ana ing dina Qiyamat selamet saka barang kang diewedeni

[90] Dene sing sapa nindakake ala (kafir, musyrik) wong mau rahine dijungkelake ing neraka. (malaikat kang anjaga neraka ngucap), "Siksa mengkene iki piwalese apa ta? ora liya iya piwale ala kang padha sira tindakake biyen

[91] (Muhammad) sira dhawuha, "Satemeen Ingsun diperintah manembah ing Allah, Pangerane negara (Mekkah) kang dimulyakake iki, kabeh barang iku kagungane Allah, lan Ingsun didhawuhi nglakoni agama Islam

[92] Lan maneh Ingsun didawuhi taberi macakake al-Quran (marang sira para manungsa kabeh, apadene ngajak percaya marang Allah). lan sing sapa pikantuk pitedah, (banjur percaya marang Allah) ganjarane maedahi marang awake dhewe, dene sing sapa kesasar, ngucapa, "Kewajibaningsun ora liya mung nekakake dhawuh, panunggalane juru pepeling

[93] Lan sira dhawuha, "Kabeh pangalemba iku kagungane Allah, Allah bakal maringi sumurp ayat - ayat marang sira kanggo tandha yekti kuwasane Allah, sira bakal padha sumurup tandha yekti mau, Dene Allah Pangeranira ora pisa - pisan kesupen marang kabeh barang kang padha sira tindakake

Al-Qasas

Surah 28

[1] Thaa Siinm Miiim

[2] Surat iki, ayate kitab al-Qur'an kang nerangake bener lan luput (halal lan haram)

[3] (Muhammad) Ingsun nyritakake (macakake) lelakone sejarahe Musa lan Fir'aun marang sira. Cerita iki temen, migunani marang para wong mukmin

[4] Satemene Fir'aun iku kumaluhur ana ing bumi (kabeh wong ora kena ngukuhi nyawane dhewe, pati uripe gumantung sakarepe Fir'aun). Wong ing negara kono digawe rong werna, kang sagolongan (bangsa Qibthi), iku bangsa luhur, kang sagolongan maneh (bangsa Israil), iku bangsa asor. (Dhek samana ana juru nujum memeca menawa ing Mesir bakal ana bayi lahir metu lanang, iku ing tembe bakal nyirnakake keratone Fir'aun). Dhewe banjur dhawuh belehi bari kang lahir metu lanang, dene kang wadon padha diuripi. Fir'aun iku klebu wong kang gawe kerusakan ana ing bumi

[5] Lan Ingsun kepareng nulungi (bangsa Bani Israil) kang digawe asor lan kalah ana ing bumi (Mesir). Ingsun dadekake ahli wari, lan padha pikantuk panduman padha dhadi pemimpin

[6] Ingsun netepake (nglulusake) dheweke (Fir'aun sawadya-balane) manggon ana ing bumi(Mesir). Wusana Fir'aun lan patihe aran Haman, sarta wadyabalane padha Ingsun paringi pirsa barang kang maune dikuwatirake, (yaiku pemetheke para juru nujum, ing tembe bakal ana bocak kang bakal nyirnakake Kratone Fir'aun)

[7] Ingsun andhawuhi (parnig wahyu) marang ibune Musa, "Sira nesepana putranira. Manawa kuwatir anggonira rumeksa putranira, wadhahana ing pethi banjur kelekna ing bengawan (Nil) bae. AJa kuwatir lan susah. Ing tembe Ingsun balekake marang sira, sarta putranira mau bakal Ingsun angkat dadi Utusaningsun

[8] (Bareng dheweke) wis dikelekake ing bengawan Nil, banjur ditemu dening, pramaisurine Fir'aun Nanging wekasane, dadi satru nusahake Fir'aun sawadhayabalane. Satemene Fir'aun lan Haman sawadyabalane mau padha duraka

[9] Fir'aun banjur arep mateni marang (bayi) Musa) Pramisurine banjur matur, "Tumraping kula lan panjenengan punika damel asreping paningal, mila sampun teka badhe dipun pejahi, lare punika kula pendhet anak, pangajeng - ajeng kula ing tembe migunana dhateng kula (Fir'aun sawadya balane krungu memanising tetembungan nuruti apa sapanjaluke bayi banjur dijenengi Musa.)" Fir'aun sawadyabalane ora babar pisan ngira (menawa bayi iku babare kang diweca dening para nujum)

[10] Ibune Musa (bareng mireng menawa putrane dipanggih Fir'aun) banget bingunge, upama atine ora Ingsun taleni klawan diparingi shabar lan teguh, supaya dadiya wong kang percaya marang janjiningsun, meh bae anjerit mblakakake menawa bayi iku putrane

[11] Ibune Musa ngakon marang Maryam sedulure Musa, "Adhimu kinthilen supaya sira sumurupa kapriye kedadeyane". Maryam banjur nginthil saka ing kadohan bae. Kabeh wong ora padha ngira (menawa iku sedulure bayi kang ditemu dening Fir'aun)

[12] (Saka kuasaningsun) Musa sadurunge ibune teka ora gelem disesepi sapa - sapa, ing kono Maryam matur (marang pramaisuri), "Punapa panjenengan kersa kula tedhahaken tiyang ingkang dados inya sarta ngopeni dhateng bayi punika kaliyan temen - temen?", (Maryam banjur ngundang ibune, lan Musa disesepi ibune dhewe)

[13] Ing dina iku Musa Ingsun balakake marang tangane ibune, supaya ibune anyepa pandelenge, lan ilanga susahe sarta Sumurupa menawa janjine Allah iku nyata lan bener. Nanging wong akeh padha ora sumurp. (Menawa iki ibune Musa pikantuk perjanjiyane Allah lan ing sawijining dina Musa kaluputan marang Fir'aun, nganti Musa ditundhung banjur lunga adoh)

[14] Bareng Musa wis dhewasa lan wis cukup umure, Ingsun paringi kawicaksanan lan ilmu. Kaya mangkono uga Ingsun angganjar marang para wong mukmin kang padha tumindak kabecikan

[15] Musa banjur mlebu ing telatah negara (Mesir), kanti sesingidan, aja nganti konangan wong. Dumadakan pira wong loro padha padudon, kang siji sedhereke Musa wong Bani Israil, sijine satrune Musa wong Qibthi. Sedulure Musa sesambat nyuwun tulung marang Musa supaya ucula saka siya - siyane (wong Qibthi). Musa banjur duka, (wong Qibthi) diantemi, tekan ing patine. Musa banjur ngendika, "Kang mengkene iki, tetela penggawening syetan. Satemene syetan iku kang gawene nasarake

[16] Musa banjur munjuk marang Alah, "Dhuh Pangeran kawula, sayektosipun kawula punika lepat, nganiaya dhateng badan kawula piyambak. Panjenengan mugi kersa paring pangapunten dhumateng kawula. Allah banjur kersa paring pangapunten marang Musa. Satemene Allah iku dzat kang paring pangapura tur Maha Asih

[17] Musa munjuk maneh, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning Panjenengan sampun kersa paring pangapunten saha nutupi kawula, kawula boten badhe tetulung dhateng tiyang kafir ingkang sami dosa

[18] Musa (sawise mateni wong Qibthi) ana ing sajerone negara tansahngandhut kuwatir, mulane banget prayitnane bakmenawa nemu alangan. Dumadakan wong kang mentas ditulungi dhek wingi, (Kerengan karo wong Qibthi maneh) sesambatan nyuwun tulung marang Musa, Musa celathu duka marang wong mau, "Sira iku tetela wong luput

[19] Musa banjur tumandang arep ngantem marang mungsuhe mau, lan uga satrune Musa. Dheweke mula banjur matur, "Dhuh Musa! punapa panjenengan badhe mejahi dhateng kula, kados anggen panjenengan mejahi tiyang (Qibthi) kala wingi? Dados kersa panjenengan punika namung badhe nguja nepsu memejahi tiyang wonten ing bumi, boten badhe damel sae". (Nabi Musa bareng mireng pangucape wong Bani Israil mau, sangsaya banget kuwatire)

[20] Ing bageane negara ana wong lanang kang tresna marang Musa, mlaku - mlaku ana ing sajrone negara, nemoni Musa banjur matur, "Dhuh Musa! para punggawa (ing Mesir) sami ngupados panjenengan, badhe mejahi, mila sapunika enggal kula aturi kesah saking mriki. Kula punika nyahosi pamrayogi pitutur murih sae dhateng panjenengan

[21] Musa banjur lunga saka ing negara (Mesir), ana ing ndalan tansha kuwatir lan prayitna, lan munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula! kawula nyuwun wilujeng saking piawinipun tiyang kafir ingkang sami nganiaya

[22] Lungane Musa sumedya marang Desa Madya. Musa munjuk marang Allah, "Dhuh Pangeran kawula! Panjenengan mugi paring pitedah margi ingkang leres dhateng kawula

[23] Bareng tindake Musa teka ing sumure wong ing Madyan, ing pinggir sumur kono ana wong akeh padha ngombeni khewane. Liyane wong lanang akeh mau ana bocah wadon loro ora melu ngombeni weduse, Musa banjur pitakon (dangu barang bocah wadon loro mau), "Ya gene sira ora melu ngombeni wedhusmu?" Bocah wadon loro mau banjur mangsuli, "Anggen kita ngombeni menda kita, ngentosi menawa para tiyang jaler punika sampun rampung. Kita lare estri kepeksa ngombeni menda, awit bapa kita sampun sepuh tur pikun

[24] Musa banjur paring pitulungan marang bocah wadon loro mau, wedhuse diombeni (ing sumur mau liyane sachedeka, nanging sumur mau ditutupi watu gedhe, ora kuwat diobahake wong satus, iku dibrengkal dening Musa dhewe). Musa sawise ngombeni wedhus mau, banjur ngeyub ana sangisore kekayon, sarta munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula ngajeng - ngajeng peparing Panjenengan, kathah utawi sekedhik

[25] Ora antara suwe bocak wadon loro mau kang siji bali sowan marang Panggonane Musa, (anggone mlaku kudhung klambine semu isin). Matur marang Musa, "Panjenengan dipun aturi bapak kula dhateng griyanipun. Bapak kula badhe males kesaenan panjenengan anggen panjenengan paring pitulungan ngombeni menda kula". (Musa banjur tut wuri bocah wadon mau). Bareng tekan ngomahe, (bapakne aran Nabi Syu'aib), Musa banjur ngandharake lelakone, wiwitan tekan ing pungkasan, (Nabi Syu'aib) banjur paring pitutur, "Sira aja kuwatir Allah mesti paring selamet marang sira saka pialane wong kafir kang nganiaya

[26] Bocah wadon loro mau kang siji matur marang bapakne, "Dhuh Bapak! Musa punika mugi panjenengan dadosaken rencang kemawon, awit punika prayogi, gagah prakosa tur mitadosi

[27] (Nabi Syu'aib) mituturi marang Musa, "He Musa, putraningsun loro iki salah siji bakal ingsun dhaupake karo sira, nanging kanthi janji sira kudu dadi rencang kulo dhisik, lawase wolung tahun, dene menawa sira gelem nutugake nganti sepuluh tahun saka kerepira dhewe, iya banget panarimaningsun. Ingsun ora neja gawe rekasanira, marata lakonana. Menawa diparengake dening Allah ing tembe bakal sumurup becik kedadeyane, tunggal paratulus

[28] Musa matur mangsuli, "Makaten punika perjanjian panjenengan kaliyan kula. Wondene wewangen panjenengan kalih warni, (wolung tahun kaliyan sedaa tahun) wau salah satunggalipun kula boten badhe awrat anglampahi. Allah ingkang nguningani kesagahan kula punika

[29] Bareng Musa anggone nglakoni dadi pangon wis pundhat wewangene, (banjur dihaupake karo putrane Nabi Syu'aib kang anom, aran Shufairaa'. bareng wis antara lawas) Musa mangkat mulih (menyang negara Mesir) sarimbit karo garwane. Kocapa ana ing dalan ing wayah wengi kang peteng Musa sumurup ing gunung Thursina ana geni murup. Banjur ngendika marang garwane, "Sira ana ing kene bae, ingsun arep marani geni kae, bokmenawa baliningsun pikantuk pitedah lan utawa bisa naggawa obor, supaya kena sira enggo api - api

[30] Bareng wis tekan ing panggonane geni, katerangane kang murub mau kekayon ijo lan seger, ana ing palemahan kang binerkahan dening Allah, sapernah pinggir tengene Musa, ing kono tampa dhawuh, pangandikane, "He Musa satemene Ingsun iki Allah Pangeranira ngalam kabeh

[31] Musa, tekenira iku sira uncalna", Musa banjur nguncalake tekene, sanalika tekene mau dadi ula gedhe. Bareng Musa sumurup, banjur mungkur mlayu ora noleh. Musa nuli di timbali dening Allah, "He Musa, sira amadhepa lan aja wedi, satemene sira bakal disentosake, ora kena pialane ula

[32] Tangan sira lebokna ing dhadhanira, nuli sira wetokna". (Musa banjur nglebokaka tangane ing dhadhane bareng diwetokake), bakal putih warnane, tanpa cacad. Lan sira rapetna tanganira, jalaran saka wedi mesthi bali kaya maune". Loro iku padha tandha yekti saka Allah Pangeranira, kanggo wewaton nerang - nerangake marang Fir'aun dalah para kaume) awit kabeh iku padha duraka lan kafir

[33] Musa munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika sampun mejahi (tiyang Qibthi), panungilanipun wadyabalanipun Fir'aun, mila kawula kuwatos menawi Fir'aun lajeng mejahi dhateng kawula

[34] Sedherek kawula Harun punika langkung teteh patitis wicantenipun, ngungkuli kawula, mugi Panjenengan ngutus Harun dados kanca kawula, supados nekseni menawi kawula temen dados utusan Panjenengan, awit kawula kuwatos bokmenawi Fir'aun maiben

[35] Allah paring pangandika, Ingsun bakal nguwatake sira sarana pambiyantune sedulurira Harun, lan sira wong loro, Ingsun paringi prabawa, dadi tindak ala paringi prabawa, dadi tindak ala kang ditandukake Fir'aun dalah para kaume ora bisa tumama marang sira wong loro, marga mu'jizat tandha yekti saka Ingsun. Sira lan wong kang padha manut marang sira, kabeh padha pikantuk kemenangan

[36] Bareng Musa wis tekan ing pasewakane Fir'aun, nerangake anggone diutus ing Allah lan nglahirake mu'jizat kaelokan, minangka tandha yekti, Fir'aun dalah para kaume padha ngucap, "Kaelokan iki ora liya mung sihir, di akokake tandha yekti saka Allah. Ingsun ora krungu ceritakna para leluhuringsun biyen (padha didhawuhi manembah ing Allah kaya kandhane Musa iki)

[37] Musa mangsuli, "Pangeran kula temtu ngawuningani dhateng tiyang ingkang nedahake pitedah leres, terang saking Allah, sarta dhumateng tiyang ingkang benjing wonten ing akherat badhe angsal pangalembana. Tiyang kafir temtu boten badhe pikantuk kabegjan

[38] Fir'aun mangsuli, "He para punggawa! ingsun ora sumurup menawa sira duwe pangeran saliyane ingsun. He Haman saiki parentaha gawe bata, ingsun yasakna panggung kang dhuwur, supaya ingsun bisa sumurup marang Pangerane Musa. Satemene Panemuningsun, pangucape Musa iku kabeh goroh

[39] Fir'aun dalah sawadyabalane padha gumedhe ana ing bumi (mesir) tur ora bener lan padha nyana ing tembe ora bakal dibalekake marang ngarsaningsun

[40] Mulane ing wekasan, Fir'aun sawadyabalane mau Ingsun tumpes kelem ana ing segara. Mara sira ngelenga, kapriye kedadeyane wong kang padha duraka

[41] Fir'aun dalah wadyabalane mau padha Ingsun dadekake pengarep kang nuntun wong mlebu ing neraka. Ing besuk dina Qiyamat ora pisan - pisan pikantuk pitulung

[42] Sajerone ana donya iki, Fir'aun sawadyabalane wong kafir kabeh, padha Ingsun tungkebi siksa (laknat), dene besuk dina Qiyamat, padha Ingsun paringi tetenger ala

[43] Sawise Ingsun tumpes para umat kuna - kuna, (kayata para umate Nabi Uh, wong 'Aad, wong Tsamud lan liya - liyane), kanggo conto wong akeh, supaya padha oleh pitedah bener, lan minangka rahmat marang wong kang padha percaya marang Allah, Ingsun banjur maringi kitab Taurat marang Musa, supaya para ummate padha elinga

[44] (Muhammad) Nalikane Ingsn imbal pangandika karo Musa (ana ing gungun Thursina), dhek samana sira ora ana igkulon, lan sira ora maneni anggoningsun imbal pangandika mau

[45] Sapungkure Musa, Ingsun nitahake manungsa pirang - pirang kang padha dawa - dawa umure. Mengkono maneh sira ora omah - omah tetanggan karo wong Madyan (ing panggonane Syu'aib biyen) amacakake timbalan - timbalan Ingsun marang dheweke, (mesthi sira ora sumurup lelakone Syu'aib lan Musa mau). Ewadene sarehne Ingsun ngutus marang sira, dadi sira Ingsun sumurupake

[46] Mengkono uga nalikane Musa Ingsun timbali nampani kitab Taurat ana gunung Thursina, sira ora ana ing gunung kono, ewadene sira Ingsun utus, minangka rahmat saka Pangeranira, supaya sira anggo mulang marang wong -wong ing alam kabeh sapungkure 'Isa, supaya padha gelem ngestokake (eling) marang prentah Ingsun

[47] Lan supaya wong mau menawa ing tembe ketaman ing siksa amarga saka kaluputane kang ditindakake dhewe, aja nganti sesambat mengkene, "Dhuh ALlah, kenging punapa Panjenengan boten kersa utusan Rosul anedah - nedahaken dhumateng kawula. Upami Panjenengan kersa Utusan, kawula temtu ngestokaken dhawuh Panjenengan, sarta kawula lajeng klebet ewonipun tiyang mukmin

[48] Bareng wong kafir mau ketekan utusan kang bener saka Ingsun, banjur padha madoni, "Kenging punapa Muhammad boten dipun paringi dening Allah, kados peparingipun dhateng Musa rumiyin? (Mhammad), sira dhawuha, "Wong kafir apa ora maido marang dhawuhe Musa biyen?" Padha ngucap, "AL-Quran lan Taurat iku loro pisan sihir kabeh kang padha sabiyantu (tulung - tinulung) mulane loro pisan Ingsun maido

[49] (Muhammad) sira dhawuha, "Menawa pangucapira iku temen lan bener, mara nekakna kitab terang saka Allah, kang ngungkuli al-Qur'an lan Taurat anggone nuduhake dalan keselametan, ingun bakal manut

[50] Menawa won gkafir ora bias nymbadani nganakake apa kang dadi penjalukira,iku sira sumurupa, menawa wong kafir mau satemene mung brengkele nuruti karepa (nafsune) dhewe bae. Ora ana wong kang kesasar banget ngungkuli wong kang berkunung nuruti karepe dhewe, tanpa pitedah saka Allah. Satemene Allah ora kersa paring pitedah lan keselametan marang wong kafir

[51] Lan yekti temen Ingsun wis nerangake al-Qur'an pangandikaningsun marang para manungsa, supaya padha eling marang Ingsun

[52] (Muhammad) wong kang padha Ingsun paringi cecekelan kitab kuna (yaiku 'Abdullah bin salam, sakancane wong ) saiki banjur padha iman lang ngestokake dhawuhingsun

[53] Lan nalika diwacakake al-Qur'an, banjur padha ngucap, "Kita pitados sarta ngestokaken dhateng al-Qur'an, awit al-Qur'an punika haq (leres), terang saking pangeran kita, malah saderengipun al-QUr'an punika dipun turunaken, kita sampun pitados". (Awit sampun dipun weca wonten ing kitab cecepangan kita)

[54] (Abdullah bin Salam sakancane wong mau) mesthi padha diparingi ganjarang rong perkara, (kang siji ganjarang anggone iman marang cecekelane kitab lawas, liyane ganjarang anggone iman marang al-Qur'an), awit anggone padha teguh atine, ngestokake kita loro mau, lan padha nyirnakake alane kanti nindakake kebecikan, apadene padha nanjakake rejeki peparingsun

[55] (Lan maneh wong mau) Menawa krungu tetembungan ala saka wong kafir, pisah sepadhane, padha mlengos, pangucape, "Tindakingsung bakal manfa'ati marang ingsun dhewe, dene tindakira, kadadeyane iya bakal bali marang awakira dhewe. Ingsun lan sira andum selamet bae, ingsun ora gelem kekancan karo wong bodho (ora sumurup marang agama kang bener)

[56] (Muhammad) sira mangsa bisaha nuduhake dalan keselamatan marang wong kang sira tresnane, nanging Allah kang kuwasa paring pitedah dalan keselametan marang wong kang dadi keparang kersane. Allah luwih nguningani marang wong kang pinaringan pitedah

[57] Wong mau (iya iku turune wong Quraisy) padha ngucap, "Menawi kita manut pitedahipun agama Islam kaliyan panjenengan, kita kuwatos, bade dipun usir saking negari punika", (Pangandikane Allah), "(Wong - wong Quraisy) apa ora wis Ingsun wenangake manggon ana ing Mekkah bumi suci kelawan tentrem, ora ana pangaru-biru, pirang - pirang woh - wohan kang warna-warna minangka peparingingsun rejeki? ewadene wong - wong mau kang akeh padha ora sumurup

[58] Pira bae kehe kutho kang padha mubra -mubru panguripane, babar pisan ora gelem syukur marang Allah, kang wus Ingsun rusak. Dene petilasane seprene Isih. Sapungkure wong mau, ora ana wong kang gelem manggon ing kono, kajaba mung (kaggo palerenane wong mlaku) sawatara suwene. Lan Ingsun kang dadi waris

[59] Pangeranira ora kersa numpes wong ing kutho - kutho marga saka dosane, kajaba menawa wis ngutus rasul ana ing pusating kutho mau, ngratakake dhawuhingsun marang wong - wong ing kono, kang mangka wong ing kono ora perduli. Ingsun ora kersa numpes wong kutho - kutho kejaba menawa ong ing kono padha duraka

[60] Kabeh kabungahan kang diparingake amrang sira, ora luya kabungahan lan rerengganing donya, kang mung sawatara suwene banjur sirna. Dene ganjaran ana ing ngarsane ALlah iku luwih becik tur langgeng. Apa sira ora sumurup

[61] Wong kang Ingsun paringi prasetya becik bakal kaganjar suwarga, iku mesthi kaleksanan. Apa iku padha wae karo wong kang Ingsun lulu, kauripan (kabungahan) ing donya? ing besuk ana ing akherat bakal padha anampani pidana

[62] (Muhamad)sira nyritakna bab dina Qiyamat nalikane Allah meleh - melehake marang won gkang padha musyrik, pangandikane, "Endi rupane brahala kang padha sira anggep dadi timbanganingsun

[63] Para pengarepe wong kafir kang wis tetep padha munjuk ing ALlah, "Dhuh Pangeran kawula!, para tiyang kafir punika tiyang ingkang sami kawula sasaraken, kesasaripun sami kemawon kaliyan kesasar kawula, sapunika kawula wisuh, awit para tiyang kafir punika boten nate manembah dhumateng kawula

[64] Para wong kafir mau bakal padha didhawuhi (dening malaikat), "Mara padha ngundhanga brahala kang padha sira sembah biyen, supaya padha nulungi". Wong kafir mau banjur padha ngundang brahalane nanging padha ora mangsuli. Para wong kafir padha sumurp siksa neraka, entek atine. Upama wong kafir mau nalika ana ing donya manut ptedah agama Islam, wis mesthi padha ora sumurup siksa neraka

[65] (Muhammad), Nalikane Allah andangu marang para wong kafir, pangadikane, "Kepriye aturira nalikane sira didhawuhi dening para Rasul

[66] Sanalika wong - wong kafir padha ilang pikire, ora bisa mangsuli pangandikne Allah, lan ora bisa takon tinakon padha kancane

[67] Dene wong kang banjur tobat nalika ana ing donya, lan banjur iman marang Allah, lan banjur nindakake penggawe becik iku kena diarep - arep, dadi ewone wong kang begja

[68] Pangeranira iku kang nitahake kabeh barang kang dadi kepareng kersane, dikersakake setia tuhu ngabekti marang Allah. {ara kawula ora bisa duwe pilihan apa - apa kang nganti kaleksanan, kajaba kelawan keparenging Allah. Allah iku Maha suci lan Maha luhur, adoh banget saka barang kang padha disekutokake dening wong - wong kafir}

[69] Pangeranira nguningani kabeh barang kang mung dibathin ana ing sajroning ati dening wong kafir, lan barang kang kawetu ing pangucape

[70] Yaiku Allah, ora ana sesembahan klawan bener kajaba Allah. Kabeh puji lan pangalembana ana ing donya lan ana ing kaherat iku kabeh kagungane Allah. Allah iku kuwasa ngukumi perkarane kawula kabeh. Ing tembe para kawula iku padha disowanake ana ing ngersane Allah

[71] (Muhammad) sira dhawuha, "Kapriye upama keparenge Allah wektu iki digawe wengi kabeh tanpa awan lan selawas - lawase, nganti tumeka dina Qiyamat? Sapa pangeran kang bisa nekakake pepadhang marang sira saliyane Allah? Apa sira padha ora krungu

[72] (Muhammad) sira dhawuha, "Kepriye upama keparenging Allah wektu iki digawe awan kabeh ing selawas - lawase mgamto tumeka dina Qiyamat? tanpa ana wengine? sapa Pangeran kang bisa nekakae wengi kang bakal sira naggo ngaso utawa leren, kajaba mung ALlah? Apa sira padha ora sumurup

[73] Panjenengan Allah ndadekake wengi lan rina genta - genti kabeh mau migunani marang sira, supaya wengi mau sira anggo ngaso lan leren, lan rina mau sira anggo wektu pangupa jiwa golek sih peparinge Allah, lan supaya sira padha syukur marang Allah. Kang mengkono iku ewone sihing Allah marang sira

[74] (Muhammad) sira nyritakna babagan dina Qiyamat, nalikane Allah nimbali marang wong kafir, banjur padha didangu ,"Endi wujude brahala kang padha saira degake Pangeran

[75] Ingsun bakal mundut saksi siji saka umate dhewe - dhewe. Ingsun banjur dangu marang wong kafir, "ENdhi tandha yektinira?" Ing kono wong kafir banjur padha sumurup menawa sesembahan kang bener iku mung Allah piyambak. ANggone padha gawe - gawe dhewe bakal padha sirna saka ing kono

[76] Satemene Qarun iku kelebu umate Musa (malah isih pernah anak sanak). Qarun iku mau gumedhe, ngremehake marang dheweke, ngendelake anggone Ingsun paring kasugihan kang tanpa upama. Sogoking (kunci) gedhong bae saking akehe, ora kuwat dipikul wong (patang puluh) kang padha rosa - rosa. Dhek samana para umate Musa padha mituturi marang Qarun, "Panjenengan punika sampun bingah - bingah, awit Allah boten remen dhateng tiyang ingkang kalimput ing kabingahan

[77] Peparinging Allah kasugihan dhateng panjenengan punika prayoginipun panjenengan angge ngangkah kabegjan ing akherat (sarana kadamel mitulungi tiyang ingkang sami kemlaratan), nanging inggih sampun ngatos kesupen dhateng kabetahan panjenengan piyambak ing donya sacekapipun. Panjenengan nyaenana para kawulanipun Allah, kados dene anggenipun Allah ngaeni dhateng panjenengan lan sampun remen damel kerisakan, duraka wanten ing bumi. Awit Allah boten remen dhateng tiyang ingkang sami damel kerisakan

[78] Qarun mangsuli, "Anggeningsun diparingi kasugihan dening Allah semene iki, amarga akeh ilmuningsun, dadi ora mligi peparingi Allah." (Pangandikane Allah), Qarun mau apa sumurup ceritane dhek biyen Allah wis nate numpes wong kang luwih dening santosa lan akeh kancane, ngungkuli Qarun mau? Para wong kafir wis ora usah ditakoni dosane

[79] Ing sawiji dina Qarun metu marang umate Musa ginarubyuk wong akeh kang padha nganggo - anggo kang sarwa indah, para wong mukmin kang padha kepengin kabungahan ing donya padha ngucap, "Adhuh mbok ingsun iki diparingi dening Allah kaya peparinge marang Qarun! sayekti dheweke iku duwe kabegjan gedhe temenan

[80] Pra kang padha kedunungan kawruh padha mangsuli, "He cilaka temen sira, sumurupa, ganjarane Allah marang wong kang padha percaya marang panjenengane sarta padha nindakake kebecikan, iku luwih dening becik, ngungkuli peparinge marang Qarun iku, ewadene ora ana won gkang tumindak mengkono mau kajaba wong kang teguh atine

[81] Saka kersaningsun, Qarun mau dalah omahe lan bandhane diuntal ing bumi, mulane ora ana kang bisa nulungi marang Qarun mau, kajaba mung ALlah kang bisa paringi pitulung, Dadi Qarun mau tetep wong kang ora pikantuk pitulung

[82] Para wong kang maune padha kepengin sugih kaya Qarun, padha gegetun, pangucape, "Ingsun sumurup menawa Allah iku paring rejeki akeh marang para kawulane ora dadi keparenging kersane, lan ana uga kang mung dicumpi bae. Upama ingsun ora diparingi pitulung dening Allah , kedunungan iman, kaya - kaya ingsun melu diuntal dening bumi kaya Qarun. Ingsun temen sumurup temenan menawa wong kafir iku ora bakal pikantuk kabegjan

[83] Kabegjan ing kaherat iku ingsun parengake marang wong kang ora kumaluhur ana ing bumi, ngremehake marang liyane, lan ora gawe kerusakan kalawan nganiaya, dene pungkasan kang becik iku tinemtokake marang wong kang bekti ing Allah

[84] Sing sapa nindakake penggawe becik iku dheweke pikantuk ganjaran kang luwih becik tinimbang timbangane kebecikane. Dene sing sapa tumindak ala, iku patrapane mung samurwate tumindake ala kang ditindakake

[85] (Muhammad) satemene Allah kang nemtokake marang sira, ngundhangake al-Qur'an lan ngestokake, mesthi bakal ambalekkake sira marang bumi wutah rahira (Mekkah). Sira dhawuha, "Pangeraningsun nguningani marang wong kang ngundhangake pitutur bener, lan marang wong kang cetha - cetha kesasar

[86] Sira ora duwe pangarep - arep supaya al-QUr'an iku didhawuhake lantaran sira, ewadene Allah andhawuhake al-Qur'an lantaran sira, iku ora liya minangka sih kamurahane Pangeran marang sira, mulane sira aja pisan - pisan ngrojongi marang wong kafir

[87] (Muhammad) sawise al-Qur'an didhawuhake marang sira, wong Islam padha mantep sungkeme, pangucape wong kafir aja pisan - pisan mekewuhi wong Islam anggone ngestokake al-Qur'an ayate Allah. Para manungsa padha sira tuntunen ngabekti ing ALlah, aja padha tumindak musrik

[88] Sira aja ngarani ana sesembahan klawan bener saliyane Allah. Ora ana sesembahan klawan bener kajaba mung Allah piyambak. Kabeh barang kang dumadi iku kabeh bakal sirna mung Dzate ALlah kang langgeng. Allah iku Maha Kuwasa gawe putusan perkarane para titah. Besuk ana ing akherat, para titah mau bakal padha bali sowan marang ngarsane Allah

Al-'Ankabut

Surah 29

[1] Alif Laam Miim

[2] Apa para manungsa duwe pangira menawa wis ngucap, "Ingsun percaya ing Allah lan marang rasul", iku banjur ditogake bae, tanpa diparingi coba, (dinyatakake keimanane kang wis diucapake mau)

[3] Para ummat ing jaman kuna sadurunge umat MUhammad iki wis padha Ingsun paringi coba. Allah banjur wuningo marang wong kang padha temen anggone iman lan wong kang padha goroh anggone iman

[4] Wong kang padha nindakake barang ala, musyrik utawa duraka liyane, apa padha duwe kira, bakal anglancangi marang Ingsun. (tegese ora bisa nglarani marang dheweke). Ala temen panemune wong - wong mau

[5] Sing sapa percaya sarta ngarep - arep menawa ing tembe bakal sowan ana ing ngarsane Allah, iku padha sedhiyaha bae awit satemene wewangene Allah mesthi bakal kaleksanan. Allah iku midhanget sarta Nguningani

[6] Lan sing sapa kang temen - temen (perang lan berjuang) ana ing agamane Allah, ganjarane anggone tumindak kaa mangkono mau tumrap marang awake dhewe. Satemene Allah iku yekti Dzat Kang Maha Sugih (ora mbutuhake) marang 'alam saisine iki

[7] Dene wong - wong mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku tindake kang ala padha Ingsun paringi pangapura, lan bakal Ingsun paringi ganjaran kang luwih becik tinimbang amal kang ditindakake

[8] Parintah Ingsun marang para manungsa, padha ngajenana (gaweya kabecikan) lan ngabektiya marang wong tuwane loro. Dene menawa wong tuwanira loro mau meksa marang sira ngakon supaya sira musyrik anggonira Mangeran marang Ingsun, kang sira ora sumurup tandha yektine iku sira aja manut. Sira iku ora wurung bakal padha bali sowan marang ngarsaningsun. Ing kono Ingsun maringi keterangan kabeh barang kang wis padha sira tindakake

[9] Dene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku padha Ingsun lebokake (golongane) para wong becik

[10] Sawenehe manungsa ana kang ngucap: "Kitra pracaya ing Allah". Nanging menawa dialani dening wong kafir, wedine marang brahalaning manungsa digawe padha karo wedine marang siksane Allah. Dene menawa ana pitulungane Pangeranira marang wong mukmin, banjur celathu, "Temen aku iki salawase bareng sira kabeh". "Allah iku apa ora wuninga marang sakrenteging atine sa-alam kabeh

[11] Lan yekti Allah mesthi wuninga wong kang temen - temen anggone nglakoni agma, sarta ngudaneni para wong lamis

[12] Wong - wong kafir padha ngucap marang para wong mukmin, "Sira padha manuta marang dalan (agama) ningsun iki, menawa sira keluputan anggonira manut marang Ingsun, Ingsun kang nanggung patrapane. Pangucape wong kafir kaduga nanggung iku goroh. Wong kafir ora bisa nanggung kaluputane wong kang manut ing dheweke sethithik - thithika

[13] Lan yekti wong kafir bakal mikul dosa kang ditindakake dhewe anggone kafir, lan dosa anggone nasarake dosa. Ing besuk dina Qiyamat, bakal padha didangu anggone padha gawe - gawe

[14] Lan yekti temen Ingsun wis ngutus Nuh, nuduhake manungsa para umate. Nuh anggone nerang - nerangake para ummate mau tansah dipadone bae. Bareng wis cetha para umate padha maido, banjur tinumpes sarana dikeleming banyu banjir Thufan, kabeh padha mati kafir

[15] Nuh sakancane kang padha ana perahu, padha Ingsun paringi selamet, ora melu tumpes. Perahune Nuh Ingsun dadekake lupira lan tandha yekti dening wong sangalam kabeh. (Perahu mahu ngangrang ana pucuking gungung nganti pirang - pirang tahun lawase)

[16] Lan maneh Ingsun ngutus Ibrahim, nalika samana Ibrahim maringi pitutur marang umate, "Sira padha manembaha ing Allah lan bektia ing Panjenengane. Kang kaya mengkono iku luwih becik tumrap ing sira menawa sira padha mangerti

[17] Sejatine sira iku padha manembah saliyane Allah, yaiku brahala, sarta padha gawe - gawe, ngucap goroh, ngarani menawa brahala iku Pangeran ngembari Allah. Bareng liyane Allah kang sira sembah iku ora kagungan rejeki kaya kang sira pangan iku (rejeki iku kagungane Allah). Mulane sira padha nyuwuna rejeki marang Allah, sarta gelema syukur ing Allah. Lan ing tembe sira bakal disowanake bali ana ing ngarsane Allah

[18] (Pangandikane Allah), "WOng kafir apa ora sumurup anggone Allah miwitit nitahake barang kang dumadi. Besuk ana ing akherat banjur disowanake marang ngarsane Allah kang mengkono iku mungguhing Allah gampang bae

[19] Lan manawa kowé padha anggorohaké (kasunyatan), lah para umat ing sadurungmu wus padha anggorohaké (kasunyatan); lan tanggunganing utusan iku ora liya kajaba mung anekakaké (ayahan) kalawan terang

[20] (Muhammad) Sira dhawuha marang wong kang padha maido bakal tangine wong kang wis padha mati, mara padha anjajaha ing bumi, andelenga kabeh patilasan, lan mikira. Allah anggone nganakake kabeh kang dumadi kang semono akeheh, sawise padha dirusak, ing tembe Allah nguripake barang kang wis padha mati, Satemene Allah iku kuwasa nganakake kabeh barang

[21] Panjenengane Allah paring siksa marang wong kang dadi kepareng kersane, lan sih marang wong kang dadi kepareng kersane, Kabeh mau padha dibalekake marang ngersane Allah

[22] Sira kebh senadyan ana ing bumi utawa ing langit, padha ora bisa nguwasani pangadilane Allah, lan ora ana kang nguwasani marang sira utawa kang bisa menehi pitulungan marang sira, kajaba mung Allah

[23] (Pangandikane Allah) "Kabeh wong kang maido ing ayate Allah lan maido bakal tangine wong kang wis mati, iku kabeh padha adoh saka rahmatingsun, sarta padha diparingi patrapan siksa kang nglarani

[24] Para ummate Ibrahim tanpa mangsuli apa - apa, mung padha ngucap mangkene, "Ibrahim iku patenana bae, utawa obongen (wusana Ibrahim kelakon diobong)", nanging dheweke Ingsun paringi selamet saka ing geni, (geni mau tumrape Ibrahim dadi adhem), kang mangkono mau mesthi dadi tandha yekti tumrap wong kang padha mukmin

[25] (Ibrahim) ngendika, "Sira padha mangeran marang brahala, kanggo lantaran anggonira sih sinisihan karo kancanira ana ing donya iki, nanging sira padha sumurupa besuk ing dina Qiyamat, wong kang dadi penuntun manembah braha iku bakal mungkin (nyelaki) marang kang dituntun, dheweke, iya bakal nyelaki marang wong kang menuntun. Ora wurung panggonanira bakal ana ing nereka, sarta ora ana kang bakal bisa nulungi marang sira

[26] Luth banjur percaya marang Ibrahim, Pangucape, "Ingsun iki nglungani, ninggal para ummatingsun, dherek marang Allah Pangeraningsun. Satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana

[27] Ibrahim (sawise duwe putra Isma'il) Ingsun paringi putra maneh aran Ishaq, lan Ya'qub. Ingsun temtokake padha turune Ibrahim dhadhi Utusan lan padha Ingsun paringi kitab. Ibrahing Ingsun paringi ganjaran ana ing donya, (yaiku diaji - aji lan dialembana dening para wong agama). Dene ana ing akherat Ingsun golongake wong kang becik - becik

[28] (Muhammad) Sira nyritakna lelakone Luth, nalikane paring pangandika marang para ummate, "Sira iku padha nindakake penggawe ala, (cumbana padha wong lanang). Wong - wong kuna ing jama iki durung nate kang nglakoni ala kaya mengkono iku

[29] Ja gene sira teka cumbana padha wong lanang, sarta padha ambegal ana ing dalan, apa dene padha tumindak ala ana ing pakumpulanira". Para umate Luth wangsulane ora ana mung mengkene,"Dhuh Luth, manawi pangandika panjenengan punika leres, cobi panjenengan andhadhatengaken siksaning ALlah kajengipun dipun dhawahaken dhateng kita

[30] Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi maringi pitulungan dhumateng kawula, ngawonaken para tiyang ingkang sami damel kerisakan punika". (Para umate Nabi Luth banjur dituruni udan watu sarta diwalik bumine)

[31] Para malaikat utusaningsun (sadurunge numpes para umate Nabi Luth) teka ing daleme Ibrahim, paring khabar marang panjenengane, (menawa bakal kaparingan putra lanang). Kajaba iku para Malaikat matur mengkene, "Kita punika badhe numpes para tiyang ing Sadzum (Sodom), umatipun Luth, awit piyambake sami nganiaya, duraka kafir

[32] Ibrahim matur marang Malaikat utusan mau, "Ing Sadzum(Sodom) punika wonten tiyangipun sae, inggih punika Luth". Malaikat mangsuli, "Kita sampun sumerap para tiyang sae ingkang sami wonten ing Sodom (Sadzum). Luth dalah para pendherekipun temtu kita wilujengaken, namung semahipun Luth, sarehne piyambakipun ngrojongi tiyang awon, mila pinasthi tumut katumpes

[33] Para Malaikat utusaningsun mau bareng wis teka ing daleme Luth, dheweke sedhih lan bingung (amarga katemunan wong - wong bagus, kuwatir ora wurung digrejeg dicumbaana ing para umate). Ature, "Dhuhu Luth, panjenengan dalah pandherek panjenengan, kita wilujengaken, namung garwa panjenengan, punika pinasthi kantun, tumut katumpes". (awit piyambakipun ngrodjongi tiyang awon)

[34] (Sapunika panjenengan kula aturi sumingkir tebih saking mriki), kita lajeng nurunaken siksa (jawah sela) saking langit, dhateng para tiyang Sadzum (Sodom) punika (sarta lajeng kita walik buminipun), amargi anggenipun sami duraka

[35] Dene patilasane (wong ing sadzum/sodom kang tinumpes mau), Ingsun lestarekake anane, minangka tandha yekti kang cetha tumrap wong kang padha gelem migunakake akale

[36] Ingsun wis ngutus Syu'aib, Ingsun kersakake nekakake lan nerang - nerangake marang para sedulure, yaiku wong - wong ing Madyan, Syu'aib ngendika mengkene, "Para seduluringsun kabeh, sira padha manembaha ing Allah, wediya bakal tekane dina Qiyamat. Lan aja padha gawe kerusakan ana ing bumi

[37] Wong ing Madyan anggorohake marang Syu'aib, wusana padha tumpes dening lindu gedhe anempuh ingkono padha mati ing ngenggon, ana ing padunungane

[38] Lan maneh Ingsun wis numpes wong 'Aad lan Tsamud, sira wis padha sumurup cetha patilasan panggonane. Syetan anggodha marang wong 'Aad lan Tsamud mau, padha dhemen marang tindake dhewe, anggone duraka lan nasarake banjur nyimpang sadalan keselametan, tur dheweke mau padha duwe akal kang waskitha

[39] Lan maneh Ingsun wis numpes Qarun lan Fir'aun sarta Haman, kabeh mau sadurunge ingsun tumpes, wis ditekake dening Musa, kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging meksa padha gumedhe ana ing bumi. Kabeh mau ora bisa ngoncati saka siksaningsun

[40] Siji - sijine wong kafir kasebut mau kabeh, padha Ingsun paringi patrapan siksa, amarga dosane. Saweneh ana Ingsun udani watu, lan ana kang diuntal ing bumi, lan ana kang Ingsun kelem ing banyu banjir. Lan Allah iku ora pisan - pisan nganiaya marang para wong kafir mau, nanging wong kafir mau sing nganiaya marang awake dhewe

[41] Sanepane wong kang padha mangeran marang liyane Allah, iku kaya upamane khewan kemangga gawa omah. Sumurupa, omah kang kemangga, lamun-ta dheweke padha weruha

[42] Satemene Allah iku nguningani brahala kang padha disembah dening wong kafir. Dene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana

[43] Lupiya utawa gegambaran kang padha kasebut ing al-QUr'an iki Ingsun terang - terangake marang para manungsa kabeh. Nanging ora ana kang bisa mangerti kajaba wong kang anduweni kaweruh saka Allah

[44] Panjenengane Allah wis nitahake langit lan bumi iku klawan bener lan nyata, satemene kang mengkono iku, mesthi dadi tandha yekti kasampurnane Allah tumrap wong - wong mukmin

[45] (Muhammad) Sira macaa kang wis didhawuhake marang sira yaiku kitab sarta nglakonana shalat, awit sholat iku ngalang - alangi laku hala lan duraka. Eling ing Allah iku (luwih gedhe ganjarane) ngungkuli kabecikan liyane. Allah nguningani semu barang kang padha sira lakoni

[46] Sira aja pasulayan (rembug) karo wong kang duwe cecekelan kitab, kajaba yen luwih becik, lan kitab, kajaba yen luwih becik, (hiya iku nganggo wewatin Al-Qur'an) kajoba ana kang ngelawan perang (banjur sira layanana). Lan ucapna mengkene, "Aku percaya marang al-Qur'an kang wis didhawuhake marang aku, lan uga percaya marang kitab kuna kang wis didhawuhake marang kowe, Pangeranku tunggal karo Pangeranmu, hiya iku Allah kang Esa. Aku kabeh padha ngabekti marang Allah

[47] Mangkono uga Ingsun nurunake Kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) dene wong kang padha Ingsun paringi cecekelan Kitab Taurat padha ngestokake Al-Quran. Sawenehe wong Mekkah hiya ana kang ngestokake. Dene maido ayatingsun iku ora ana maneh kajaba wong kafir

[48] Sira ora pisan maca Kitab kuna sadurunge Al-QUr'an, lan uga ora nulis al-Qur'an kelawan tanganira. Upama sira bisa maca lan nulis, patut wong yahudi kang padha maido iku mamang

[49] Al-Qur'an iku tondha yekti kang terang, tumrap ana ing atine para wong. Mukmin kang padha pinaringan goroh. Dene wong kang maido al-Qur'an iku ora ana maneh kajaba wong kafir. Dheweke nganiaya awake dhewe

[50] Wong kafir padha ngucap, "Ya gene dheweke ora diparingi tandha yekti kahelokan dening Pangerane kaya Nabi kang kuna?". Sira dhawuha, "Kahelokan iku ana ngastane Allah. Diturunake miturut saka parenging Allah. Wajibku mung ngelingake

[51] Apa wis cukup Ingsun nurunake Kitab al-Qur'an marang sira sabanjure wong padha diwacakake. Satemene al-Qur'an mahu isi rohmat lan wulangan marang para wong mukmin

[52] (Muhammad) Sira dhawuha mangkene, "Anggonku pasulayan marang kowe, cukup disekseni dening Allah piyambak". Allah nguningani isining barang ing langit lan bumi. Dene sarupane wong kang percaya marang barang kang luput, nyembah liyane Allah sarta maido, iku tetep wong kang kapitunan

[53] Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege tekane siksa. Upama ora wis tetep wewangene kang pinasthi, wong kafir mesthi katekan siksa, Sanalika sarta ngagetake. Nganti padha ora ngerti

[54] Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege siksa ana ing donya, satemene besuk dina Qiyamat, neraka Jahanam nungkebi marang wong kafir

[55] Ing dina Qiyamat iku, siksa neraka nempuh marang wong kafir saka dhuwur lan ngisore sikile. Allah ngandika, "Padha ngrasakna wewalese barang kang wis padha sira lakone biyen

[56] Para kawulaningsun kang padha mukmin, bumi iku jembar, mulane padha nembaha marang Ingsun

[57] Sarupane awak kang urip mesthi ngrasakake mati, tumuli banjur padha dibalekake marang ngarsaningsun

[58] Wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik, mesthi Ingsun panggonake ana ing panggonan kang luhur ing suwarga, kang ana banyune mili ana sangisore kekayon kang langgeng. Becik temen ganjaren wong kang padha ngelakoni bekti

[59] Hiya iku wong kang teguh atine anggone ketaman pihalane wong kafir, sarta padha pasrah ing Allah

[60] Pira bahe hewan kang ora anggawa rizkine, nanging Allah paring rizki marang hewan mahu. Apa maneh marang sira. Allah Mirsa tur Nguningani

[61] Menawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit. Kang marentah srengenge lan rembulan. Padha mangsuli, "Inggih Allah". Yen mangkono apa kang makewuhi anggone arep percaya ing Allah

[62] Allah paringi rizki marang para kawulane kang dadi parenging kersane, lan ana uga kang diparingi rizki kurang, satemene Allah Nguningani samu barang

[63] Menawa sira takon marang dheweke sapa kang nurunake banyu udan saka langit, banjur dianggo nguripake bumi kang wis mati? Padha mangsuli, "Inggih Allah". DHawuha, "Sakabehing puji iku konjuk Allah. (Aku bungah dene kowe padha weruh kuwasaning Allah). Hewa dene wong akeh padha ora duwe pikir

[64] Kahuripan donya iki kena dibasakake dholanan lan tanpa guna. Menawa padha weruh menawa pomahan akherat iku panguripan kang sejati, menawa padha ngerti

[65] Nalikane nunggang kapal (ana satengahing segara), banjur kuwatir kelem, banjur padha sumungkem nyuwun selamet ing Alah kaya wong kang suci atine, anggone ngelakoni agama konjen ing Allah. bareng wis selamet tekan dharatan, banjur bali kafir maneh

[66] Wusana wong kafir mahu tanpa panarima anggone diparingi kabungahan, Pahd bungah - bungah anggone pakumpulan nyembah brahala. Ing tembe bakal weruh kawusanane

[67] Apa padha ora weruh yen Ingsun dhadekake Tanah Suci Mekkah negara santosa lan tata tentrem. Lan negara kiwatengenen padha ngrebut ngrampas ? Apa dheweke percaya perkara kang batal lan maido marang kabungahan paringe Allah

[68] Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh dikandhakake dhawuhing Allah. Lan maido marang kang bener sawuse didhawuhe (dening Muhammad) ? Apa ora ana panggonan neraka jahannam kanggo wong sing ora percaya

[69] Sarupane wong kang padha berjuang karana ngelakoni parintah Ingsun, mesthi padha dituduhake dalan marang keselametan. Satemene Allah iku hanjungkung wong kang padha ngelakoni kabecikan

Ar-Rum

Surah 30

[1] Alif Laam Miim

[2] Ing dina iki wong Rum kalah perange

[3] Anggone perang ana ing bumine kang cedhak dhewe, sawise kalah perang, ing tembe bakal menang

[4] Menange besuk yen wis pirang - pirang tahun, sadurunge lan sawise (wong Rum menang) samu barang perkara iku kagungane Allah. Ing dina menange wong Rum, wong Mukmin padha bungah

[5] (Menange wong Rum mahu), kelawan oleh pitulungane Allah, Allah paring pitulungan marang wong kang padha kersane. Allh iku Maha Mulya tur Maha Asih

[6] Allah wis prasetya (bakal paring pitulung marang wong Rum) ora pisan - pisan mungkiri janji. Hewadene kang akeh padha ora weruh

[7] Kang dweruhi mung lahire perkara kabungahan donya. Dene marang akherat padha ora mikir

[8] Ya gene padha ora ngerusak - ngerusakake kahananing awake ? Allah anggone gawe bumi lan langit saisine kabeh iku tenanan, nanging akeh faedahe. Naning manungsa iku kang akeh padha maido

[9] Ya gene padha ora jajah ing bumi. Mesthi padha weruh patilasan kang akhe, lan kapriye kadadeyane para wong kuna sadurunge wong mahu. Dheweke gagah prakosa (ngungkuli wong saiki) sarta padha ngolah bumi (tetanen) gawe gemah raharjaning negara ngungkuli wong ing zaman saiki. Wusana padha ditekani Rasul - Rasul kelawan keterangan - keterangan (nanging padha wangkot). Dene Allah anggone ngrusak mahu dudu paganiaya, nanging jalaran dheweke ngrusak tata nganiaya marang awake dhewe

[10] Sabanjure neraka iku dianggo matrapi wong kang padha ngelakoni panggawe hala maido al-Qur'an lan anggeguyu

[11] Allah murwani nggatekake manungsa, sawisa padha mati banjur diuripake maneh, sabanjure padha dibalekake marang ngarsane Allah

[12] Ana ing dina qiyamat wong - wong sing padha dosa padha ora duwe pangarep - arep

[13] Brahala kang padha disembah ora ana siji - sijia kang bisa nulungi, amalah padha ngelaki marang wong kafir

[14] Besuk dina Qiyamat (wong kafir) padha pilah (karo wong Islam)

[15] Sarupane wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, padha bungah - bungah ana suwarga

[16] Dene wong - wong kafir kang maido al-Qur'an lan qiyamat padha lestari disiksa

[17] Sira padha nyebut Maha Suci ing Allah ing wayah subuh lan Maghrib

[18] Padha memuji ing allah saisining langit lan bumi ing wayah sore lan awan

[19] Allah metokake barang kang urip saka barang kang mati. Lan metokake barang kang ora urip saka barang kang urip. Apa dene nguripake palemahan kang mahune bera. Mangkono uga sira hiya bakal diwerokake saka pati banjur urip maneh

[20] Tandha yekti kuwasane Allah hiya iku anggone gawe awakira saka lemah, sabanjure sira dadi manungsa kang bebrayan (ngrembaka) ana bumi

[21] Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah, hiya iku anggone anggawekake bojo marang isra saka awakira (golongan) ira dhewe supaya sira tresnaha marang rabinira. Sarta andadekake sih - sinisihan. Kang mangkono iku tumrap wong kang gelem mikir - mikir

[22] Lan ana maneh kuwasaning Allah hiya iku anggone yasa bumi lan langit, lan anggone gawe beda - bedane tetembungan lan warna - warnaning kulit. Kang mangkono iku tumrap wong kang ana akale mesthi dadi tandha yekti

[23] Lan maneh kuwasaning Allah hiya iku anggonira padha ngupaya jiwa ing wayah awan, ngupaya paparinging Allah rizki. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngrungok - ngurokake pitutur mesthi dadi tandha yekti

[24] Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah anggone ditontonanek kilat dening Allah, wong kang pinuju mlaku banjur kuwatir yen ana bledhek, wong kang ana ngomah banjur ngarep - arep tumuruning udan. Allah anggone nurunake banyu udan saka langit dianggo nguripake palemahan kang mahune bera. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti tumrap wong kang ana akale

[25] Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah, hiya iku hadeging bumi lan langit mligi saka perenging Allah tanpa cagak. Besuk nalika Allah nimbali sira banjur pating jredul metu (sala ing kuburanira)

[26] Lan kagungané Panjenengané apa baé kang ana ing langit-langit lan ing bumi, kabèh ambangun turut marang Panjenengané

[27] Lan Panjenengané iku Kang amurwani titah, tumuli angambalambali dumadiné, sarta iku gampang ingatasé Panjenengané; sarta kagungané Panjenengané sifat linuhung ing langit-langit lan bumi iku, lan Panjenengané iku Ingkang- Mahamulya, Ingkang-Wicaksana

[28] Allah anggelar umpama marang sira, hiya iku awakira dhewe, "Upama kawulanira kang kadarbe ing tanganira melu handuweni barang darbekira kang wis Ingsun paringake, dadi padha bae karo sira, kang mangkono iku mesthi sira ora narima. Apa sira wedi marang deweke kaya dene wedinira marang awakmu dhewe?" Mangkono iku anggoningsun nerangake ayatingsun marang wong kang ana akale

[29] Ananging won gkang keleru padha guru karepe dhewe tanpa kaweruh, sapa kang kaslametan marang wong kang dikersakake kesasar dening Allah? Dheweke mau ora ana kang bisa nulungi

[30] Hadhepna kanthi temenan anggonira ngelakoni agama, mligi kanjuk ing Allah, kang nitahake manungsa netepi agama mahu. Manungsa ora kena ngowahi agamaning Allah, hiya iku agama kang bener. Hewadene manungsa iku kang kaeh padha ora kaweruh

[31] Padha balia tobat marang Panjenengane lan padha sumungkema ngabekti ing Allah. Padha ngelakonanan sholat lan aja klebu wong - wong sing nyekuthokake (musyrik)

[32] Yaiku para wong kang mecah belah agama nganti dadi pirang - pirang golongan. Saben sagolongan padha bungah atine ngelakoni golongane kang disenengi

[33] Menawa manungsa kambuh ing reribet, banjur padha eling nyenyuwun marang Pangerane, luwara saka reribed mau. Sawise luwar manawa diparingi kabungahan dening Allah banjur ana sagolongan mangro tingal (musyrik)

[34] Sahingga padha nyelaki anggoningsun paraing kabungahan marang dheweke. Lan padha bungah - bungaha, Ing tembe ora wurung padha weruh kadadeyane awake

[35] Apa Ingsun nurunake Kitab utawa tandha yekti marang wong kafir mangro tingal, ora wurung Kitab mahu muni, lan mratelakake prakara kang marakake dheweke kafir

[36] Nalikane Ingsun maringi kabungahan marang manungsa, banjur lega atine, nanging menawa kasandung barang kang hala, marga saka panggawe kang wis dilakoni dhewe ing kono banjur padha mutung, ora duwe pangarep - arep marang rahmate Allah

[37] Apa dheweke ora andeleng yen Allah iku paring rizki akeh marang wong kang dadi parenging kersane (ana uga wong kang diparingi rizki mung cumpen). Kang mangkono iku tumrap para wong Mukmin dadi tandha yekti kuwasaning Allah

[38] Mulane sira mehenana marang para sanakira mingangka tandha sih katresnan apa dene marang para wong miskin lan wong kang melaku ana ing dadalan, (kang mrangguli kasangsaran) iku sira wehana apa benere kang mangkono iku tumrap wong kang ngarep - arep ganjaraning Allah, luwih dening becik wong kang mangkono mahu bakal padha begja

[39] Dene anggonira padha weweh supaya diwale kang luwih saka pawehira (riba = tambahan) wong kang weweh mau ora bakal diganjar dening Allah. Dene yen sira weweh karepira maligi ngestokake dhawuhing Allah, sira bakal oleh ganjaran tikel pirang - pirang

[40] Allah iku kang gawe awakira sawise dadi banjur paring rizki marang sira, yen tekan mangsane banjur mateni marang sira, tumuli banjur nguripake (maneh) marang sira. Apa ana brahala kang bisa sira anggo tetimbanganing Allah. Allah iku Maha suci lan Maha luhur kaya panganggepe wong kang mangro tingal

[41] Ing bumi kang jengkar lan kang loh tetela padha karusakan, marga saka durakaning manungsa. Wusana manungsa padha kapeksa ngrasakake patrapan sawatara (pahilan) kang wis dilakoni, supaya padha bali (marang dalan kang bener)

[42] Sira dhawuha, "Padha anjajaha ing bumi, handelenga patilasane para wong kuna sadurungira, kapriye kadadeyane (padha dirusak dening Allah) awit dheweke mahu akeh kang padha mangro tingal

[43] Sira lan ummatira masharna awak, neja ngistokake agama (Islam), hiya iku agama kang bener, mumpung durung ketekan dina Qiyamat, ing kono dhawuhing Allah wis ora kena dihundurake, lan hing dina iku para manungsa padha kapontho - pontho

[44] Sing sapa kafir bakal nampa patrapane, dene sing sapa wonge ngelakone panggawe becik ganjarane tumrap awake dhewe sarta padha manggon ana suwarga

[45] Iku kanugrahaning allah marang wong kang percaya sarta ngelakoni panggawe becik. satemene Allah ora remen wong kang padha kafir

[46] Lan ana maneh tandha yekti kang mratandhani kuwasaning Allah, hiya Akkah anggone ngidikake angin ambubungah marang sira, sabanjure sira diparingi weruh rahmating Allah, dilakoake perahu ana ing segara kelawan parintahing allah supaya sira bisa laku dagang ngupaya paparinging Allah rizki, Kersaning Allah supaya padha ngaturake penuwun (syukur)

[47] Lan temen Ingsun wis ngutus para Rasul mulang lan nyurup - nyurupake marang para umate sadurungira sawenehe wong kang padha maido marang Rasul padha Ingsun tumpes, awit wis sabener Ignsun nulungi para wong mukmin

[48] Allah iku kang ngidikake angin, banjur ngratakakek mega lan anggelar ana sangisoring langit manut sakersaning allah. Mega mau banjur didadekake mendhung. Sira banjur andeleng banyu udan metu saka tengahing mendung. Samangsa banyu udan ahu nyiram marang para kawulanging Allah dheweke banjur padha bungah

[49] Para kawula mau sadurunge dituruni udan, wis bosen ngarep - arep marang tekane udan

[50] Delenga labete rahmate Alah kang rupa udan. Allah nguripake bumi kang wis mati (banjur thukul kekayone kang padha woh). pangeran kang kuwasa nguripake bumi kang wis mati. allah iku nguwasani samu barang

[51] Menawa Ingsun ngidikake angin kang dadi wisa tetanduran, manugsa banjur handeleng tetandurange padha kuning. Ingkono paparing Ingsun kabungahan kang wis kelakon padha digawe sirna tanpa gawe

[52] Satemene sira ora bisa dadekake wong - wong mati (atine) bisa krungun, lan ora bisa ngrungu pangundang - undang marang wong kang padha budheg kang mlengos

[53] Ora bisa nuduhake dalan bener marang wong kang wuta (atine) supaya mareni anggone sasar. Ora ana wong bisa krungu lan ngerti pitutur becik, kejaba wong kang ngandel ing Qu'ran ayatingsun lan dheweke padha sumarah (Islam)

[54] Allah iku kang gawe awakira saka barang kang apes, barang apes mahu banjur didadekake kuat (manungsa) sawise kuat banjur pikun. Allah kuasa gawe barang kang dadi parening kersane, nguningani samu barang tur kuwasa

[55] Besuk dina Qiyamat wong kafir padha supata. Pangakune anggone urip ana ing donya utawa anggone ana ing kubure ora luwih sak jam. Mangkono mahu dheweke banget bodhone

[56] Dene kang padha diparingin iman lan kaweuh nyata, padha mangsuli, "Kang kasebut ing kitabe Allah sira kari manut bahe nganti dina Qiyamat". Hiya iku dina tangine wong kang wis mati, nanging akeh wong padha ora (gelem) ngerti

[57] Ing dina iku wis tanpa gawe maneh panyuwunan ngapura wong sing padha salah, lan ora pisan - pisan dheweke diparengake seduh ngestokake dhawuhing Allah

[58] Ana sajrone al-Qur'an iki Ingusn anggela sak akehing upama marang manungsa. Upama sira (Muhammad) nganani tandha yekti kahelokan, wong kafir mesthi kandha mangkene, "Sampeyan dalah para sahabat punika sami tiyang lepat

[59] Allah ngecap (nutup) atine wong kafir kang padha ora mangerti

[60] (Muhammad) Teguhna atinira! Awit prasetyaning Allah iku temen! aja kemba marga digodha dening wong kang padha ora ngandel (bakal tangine wong kang wis padha mati)

Luqman

Surah 31

[1] Alif, Laam, Miim

[2] Ayat - ayat kitab (al-Qur'an) iki kang isi kawicaksanaan

[3] Hiya iku pituduh minangka rahmating Allah marang wong kang padha ngelakoni panggawe becik

[4] Kang padha ngelakoni sholat lan bayar zakat sarta ngandel bakal anane akherat

[5] Wong kang mangkono mahu padha netepi pituduh ing Pangerane, mulane wong mangkono mahu padha beja

[6] Sawenehing wong ana kang milih cerita kang dilagokake, tur tembunge nengsemake dianggo nasarake wong liya saka dalaning Allah (Islam) tanpa keterangan bener (ngawur). Ayate Allah banjur dianggo geguyon. Wong kang mangkono mahu bakal dipatrapi siksa kang ngremehake

[7] Wong kang mangkono mahu manawa diwacakake al-Quran ayatingsun banjur mlengos lan gumedhe, ethok - ethok ora krungu, kupinge kaya disumpeli bajur budheg, wong kaya mangkono mahu diterang - terangake bakal dipatrapi siksa kang ngelarani

[8] Dene sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik bakal diganjar suwarga Na'im

[9] Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Prasetyane Allah kang ditukoni kelawan nyata. Allah Maha Mulya tur Wicaksana

[10] Allah gawe langit ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira deleng, lan handokokake gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi. Supaya bumi aja goncang - ganjing ngobah - obah sira. Sarta andokokake sawarnaning hewan kang gumrayap ana bumi. Apa dene Ingsun nurunake banyu saka langit. Sabanjure bumi ahu Ingsun wetokake thetukulane warna - warna kang becik

[11] Kang wis kasebut iki kabeh gaweyaning Allah, mara Ingsun tuduhna brahala kang padha sira nggo Pangeran, endi gaweyane. Wong (kafir) iku tetela wong kesasar

[12] Ingsun wis paring kawicaksanan marang Lukma. Dhawuh Ingsun, Lukman, sira syukura ing Allah, marga anggonira diparingi kawicaksanaan. Sing sapa syukur ing ganjarane kanggo awake dhewe. Dene sing sapa ora ngandel peparinging Allah, weruha yen Allah ora butuh marang titahe, tur pantes hing ngalembana

[13] Sira nyaritakna Lukman nalikane mulang lan mituturi marang anake, "Anaku, kowe aja pisan - pisan mangro-tingal anggonmu mangeran ing Allah, awit mangro tingal iku duraka gedhe

[14] Ingsun dhawuh marang manungsa, "Padha ngabektiya marang wong tuwane loro. Awit nalika ana sajerone wetengane biyunge nandang reribet saya tuwa wetengane awake sangsaya abot. Sawise lahir jabang bayine anggone nusone nganti lawas. Panyapihe nganti umur rong tahun. He manungsa, sira padha syukura marang Ingsun lan marang wong tuwanira loro. Ing tembe sira bakal bali seba marang ngerasningsun

[15] Manawa wong tuwanira loro mahu akon mangro tingal marang sira, nyembah marang barang kang sira ora weruh katerangan yen iu Pangeran, sira aja manut. Sira dadiya kancane kelawan becik. Sira manuta laku jantraning wong kang setiya tuhu marang Ingsun. Ing tembe sira bakal bali sowan marang Ingsun. Lan bakal anerangake semu barang kang padha sira lakoni

[16] Piwulange Lukman, "Anakku, panggawe hala iku, sanadyan mung sabobote wiji sawi siji, sarta panggonane ana sajerone watu, utawa ana langit - utawa bumi, mesthi ditekakake dening Allah sarta banjur ditimbang. Satemene Allah iku alus tur waspada

[17] Hai anakku, nglakonono sholat lan hajak - ajaka ngelakoni kabecikan lan menginga ngelakoni penggawe hala, lan shabara atimu ketaman pihala kang tumanduk ing kowe. Awit kang mangkono iku perkara kang diwajibake Allah ing kowe

[18] Lan aja mlengosake pipimu marang manungsa jalaran gumedhe, rupa ngremehake. lan yen lumaku ana ing bumi aja ngembelengan awit Allah ora remen, kang kaya mangkono

[19] Anggonmu mlaku kang sedhengan, lan yen nyuwara kang alon lan aris. Awit surawa kasar iku kaya suwarane khimar/keledai (elek banget)

[20] (Pangandikane Allah), "He wong kafir, apa ora padha handeleng ing ALlah anggone maringi hising langit marang sira (srengenge, rembulan lan lintang), apa dene isen - isening bumi (segara, hewan, woh - wohan) lan Allah paring kabungahan kang sampurna lahir bathine marang sira. Hewa dene sawenehing wong ana kang madoni bab kahananing Allah, tanpa kaweruh lan tanpa wewaton pituduh rasul, lan tanpa wewaton kitang kang terang

[21] Wong kafir mau menawa didhawuhi, "Kowe padha ngestokno dhawuhing Allah". Wangsulane, "Kula kedah ngeluluri semukawis ingkang sampun dipun lampahi para leluhur kula". Pangendikaning Allah, "Apa senajan syetan ngajak mlebu ing neraka Sa'ir

[22] Sapa ngadhepake awake ngadhepi Allah, sarta nglakoni panggawe becik. Iku wis cekelan tali kukuh lan mitayani. Semu barang prakara iku karampungane ana ngastane Allah

[23] Sira aja sedhih marga wong padha puguh kafir. Awit ing tembe bakal padha bali disebabake (sowan) marang Pangeran. Ingsun bakal melehake samu barang kang wis padha dilakoni. Allah nguningani sakrenteking ati

[24] Ingsun paring kabungahan (marang si kafir) mung sawatara, ing besuk (ana akhirat) dipeksa marang siksa kang abot

[25] Manawa takon marang wong kafir mau, "Sapa kang gawe bumi lan langit ?" Padha mangsuli, "Allah". Sakabehing puji kagungane Allah. Nanging cuwadene kang akeh padha ora mangerti

[26] Semu barang hisining bumi lan langit kabeh kagungane Allah. Satemene Allah iku sugih tur pinuji

[27] Upama hisning bumi kang rupa kayu digawe kalam, banjur segara wujud mangsi dianggo nulisi pangandikaning Allah (kaweruh sing diparingake) henteke banyu segara diwuwuhi segara pitung mono engkas mesthi ora paja -paja ngentekake pangandikaning lan kaweruhing Allah. Satemene ALlah iku Maha Mulia tur Wicaksana

[28] Allah anggone gawe awakira lan nguripake saka pati marang wong sajagad (kelawan barang, ora kangelan) kaya mung gawe lan nguripake wong siji bahe. Allah iku miyarsa tur mirsani

[29] Apa sira hora handeleng Allah anggone nglojokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, apa dene anggone marintah srengene lan rembulan loro pisan padha mlaku ana cakrawalane dhewe - dhewe, nganti tekan wewangen kang tinamtokake (Qiyamat). Allah waspada samu barang kang sira lakoni

[30] Mulane mangkono awit Allah iku langgeng tan kena owah, sarta benere kudu disembah. Ananging brahala kang padha dianggo Pangeran iku palsu satemene Allah Maha Mulya lan Agung

[31] Sira apa ora handeleng perahu kang mlaku ana ing segara sarana angin minangka peparinging Allah kabungahan, ditontonake marang sira tandha yektine allah kahelokan. Kahelokan mahu tumrap wong kang teguh atine sarta syukur mesthi dadi tandha yekti kuwasane Allah

[32] Lan nalikane tinempuh angin ribut ana segara, ombake gedhe sagunung - gunung. Banjur padha nyuwun slamet ing Allah, kaya wong suci atine sumungkem marang agama. bareng wis slamet tekan dharatan wong mahu ana kang lestari percaya ing Allah. Dene wong kang maido ayatingsun, ora maneh kejaba wong kang cidra lan kafir

[33] He manungsa, sira padha bektia ing Allah Pangeranira, lan wediya ing dina (Qiyamat) kang ing kono bapa ora perduli anake, lan anake ora perduli marang bapakne ora bisa mitulungi sathithik - thithika. Prasetianing Allah bakal nguripake wong kang wis mati lan haganjar apa dene nyiksa bakal kaleksanan temenan. Ngati - ngatiya aja nganti kajelomprong kabungahan donya, lan sungkemira ing Allah aja nganti dijlomprongake ing syetan

[34] Allah nguningani besuk apa kelakone dina qiyamat. Lan mengko apa tumuruning udan. Nguningani bayi kang ana ing wetengan (lanang apa wadon). Dene ora ana wong kang weruh kang bakal dilakono dona sesuk. Lan ora weruh uga anggone bakal mati ana bumi ngendi. Satemene Allah nguningani tur waspada marang samu barang

As-Sajdah

Surah 32

[1] Alif-Laam-Miim

[2] Ora semelang yen tumuruning Kitab (al-Qur'an) iku saka Allah Pangerane jagad saisine

[3] Wong (kafir) mau padha celathu, "al-Qur'an iku gaweyane (Muhammad) dhewe?". Ora, iku kasuyatan saka Pangeranira, amrih sira aweh pepeling marang bangsa sadurungira. Ora anajuru pepeling kang nekani mrono. Supaya dheweke padha miturut dalan kang bener

[4] ALlah iku kang gawe bumi lan langit sarta barang antarane, lawase mung rampung dina. Sawise dadi Allah banjur murbawasesa ing kratone('arsy). Sira ora duwe andel - andel liyane Allah. Kang bakal mitulungi utawa nggenepi kekuranganira murungake siksane Allah. Ya gene sira padha ora ngrasak - ngrasakake kang mangkono mahu

[5] Allah nindakake lan niti priksa urusan saka langit tumeka bumi. Tumuli urusan - uran mau kanjuk ing Allah ana ing dina (Qiyamat) sing ukurane sewu tahun miturut petungmu

[6] Alah nguningani barang kang samar - samar lan kasat mata. Kagungan sifat Mulya lan Asih

[7] Allah kang becikake wangune samu barang dedamelane sarta murwani gawe manungsa saka lemah (Adam)

[8] Banjur gawe turune manungsa saka sari pathine banyu helek (mani)

[9] Allah damel rupa mangungsa banjur dipanjingi ruh sarta padha diparingi pangrungu lan pandeleng lan pikir. Ewadene kang syukur ing Allah mung sathithik

[10] (Wong kang maido qiyamat) padha ngucap, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. Wusana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu

[11] Sira dhawuha, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. WUsana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu

[12] Sira bakal handeleng para wong kafir padha hanjungkel ana ngarsane Pangerane, tumungkul, sarta padha munjuk, "Pangeran kawula ! Sapunika kawula sampun sumerep piyambak saha sampun mireng dhawuh Paduka (bab temenipun para Rasul). Sakpunika panyuwun kawula mugi wontena kepareng Paduka mangsulaken (dhateng donya malih), Kawula sanggem badhe nglampahi pandamel sahe. Sapunika kawula sampun ngandel (sayektos dhateng para Rasul)

[13] Upama Ingsun kersa, manungsa iku kabeh diparingi pituduh bener. Nanging kersaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun, "Neraka jahannma bakal Ingsun kebaki hisine Jin lan Manungsa

[14] Mara padha ngrasakna siksa, patrapane anggonmu padha ora perduli lan ora percaya anane akhera. Aku uga ora perduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgeng patrapane anggonmu padha tumindak (kafir)

[15] Kang mesthi ngandel marang al-Qur'an (ayat - ayatingsun) mung wong kang yen dipituturi kelawan surasaning al-Quran, banjur sungkem sujud ing Allah, Sarta nyebut Maha Suci kelawan memuji ALlah Pangerane. Apadene ora gumedhe

[16] Hing wayah wengi padha tangi saka turune, banjur sholat lan nyenyuwun ing Pangeran. Wedi siksane lan kepengin ganjarane. Apa dene padha dhangan mewehake rizki peparing Ingsun

[17] Wong siji wae ora ana kang weruh kanugrahan apa kang isih disamar dening Allah, bakal diparingake marang wong mahu, minangka ganjaraning pangabekti kang wis dilakoni

[18] Wong kang percaya lan ngestokake ing Allah, apa padha bae karo wong kang duraka? mesthi ora

[19] Dene wong kang padha percaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe becik, iku bakal padha holeh ganjaran suwarga Ma'wa. Minangka ganjaring pangabekti kang wis padha dilakoni

[20] Dene wong kang padha duroko panggone ana neraka, saben arep metu saka neraka dibalekake ana ing panggonane ing neraka. Malah padha didhawuhi, "Pada ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen

[21] (Wong kafir mau) ana ing donya Ingsun weruhake rasaning siksa kang mayar, iya iku diboyong lan pahilan sapadhane, sadurunge Ingsun weruhake rasaning siksa kang gedhe ana akhirat kang mangkono mahu supaya padha marenana (anggone kafir)

[22] Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang dipituturi kelawan surasaning al-QUr'an, nanging banjur mlengos, satemene Ingsun mesthi niksa para wong kafir

[23] Ingsun wis maringi kitab (taurat) marang Musa. sira aja sumelang anggonira papatemon karo Musa (nalikane sira Ingsun timbali munggah marang langit) dheweke Ingsun dadekake panuduh dalan bener marang prakara turune Israil

[24] Turuning Israel hiya ana kang Ingsun dadekake pangareping manungsa, hiya iku para Nabi padha nuduhake wong akeh ngestokake parentah Ingsun, awit para Nabi mau padha teguh atine, sarta padha ngandel ayatngsun

[25] Satemene Allah Pangeranira iku bakal mancas prakara pasulayane para Nabi mahu lan para umate kang pada maido besuk dina qiyamat

[26] Wong kafir apa ora wis dituduhake dening Allah para ummat kuna kang padha ditumpesi marga kafir. Wong kafir padha mlaku andeleng patilasane. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti. Ya gene wong kafir ora padha ngrasak - ngrasakake

[27] Wong kafir apa ora padha handeleng hanggoningsun ngilekake banyu marang palemahan kang bera. Banjur Ingsun anggo nukulake tetanduran ana ing palemahan mahu, wusana banjur dadi pangane wong kafir dalah ingon - ingone. Apa padha ora deleng kahanan kang mangkono mahu

[28] (Wong kafir) padha celathu (marang wong mukmin) yen kandhamu mau temen, besuk apa bedhahe negara Mekkah

[29] (Muhammad) dhawuha, "Bab bedhahe Mekkah utawa dina Qiyamat (Allah piyambak kang wuninga) ing kono tobate wis ora migunani sarta wis ora disrantekake maneh paniksane

[30] Mulane sira malengosa marang wong kafir, sarta ngarep - arep pitulunging Allah, wong kafir uga ngarep - arep menange

Al-Ahzab

Surah 33

[1] He Nabi kang ngondhangake parentah Ingsun, tulusa anggonira bekti ing Allah, aja manut marang wong kafir lan wong kang mangro tingal. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana

[2] Sira manuta al-Qur'an kang wis didhawuhake dening Allah Pangeranira marang sira. Satemene Allah iku waspada marang samu barang kang padha sira lakoni

[3] Sira pasraha ing Allah samu barang perkaranira, awit wis cukup Allah piyambak kang ngreksa ing sira

[4] Allah ora handokake ati loro ana ong wetenge wong lanang siji, lan ora netepake rabinira kang sira hemperake (biyungira iku dadi biyungira). Apa dene ora handadekake anakira angkat dadi anak ira temen. (He wong Yahudi) kang netepake dadi anak iku mung pangucape cangkemira, iku luput. Dene pangandikaning Allah iku temen nyata. Allah iku paring pituduh dalan kang bener

[5] Sira padha ngaranana sadhengah wong ana kang bapakne temen (dudu bapak angkat) mungguh Allah luwih bener. Dene yen sira ora weruh bapakne temen, sira akuwa sedulur tunggal agama (yen dheweke Islam). Dene yen sadurunge ana papacah iki, anggonira ngarani wong anaking bapakne angkat, ora dadi apa. Nanging sawise ana papacah iki, kelawan jaragan sira kaluputan. Allah kepareng ngapura dosa tur Maha Asih

[6] Nabi (Muhammad) iku nguwasani marang para wong mukmin, ngungkuli (wong mukmin anggone nguwasani) marang awake dhewe. Dalah para rabine Nabi benjing dadi biyunge para wong mukmin kabeh (ummahatul mukmin), dene para sanake wong mukmin iku siji - sijining sanak anggone nguwasani marang wong mukmin mahu ngungkuli sanak liyane bab anggone oleh panduman waris. Mawa - mawa adoh cedhake kasebuting hukuming kitab. Ngungkuli waris para wong mukmin lan parasahabat kang handherek hijrah marang Madinah. Kajaba yen sira neja gawe kabecikan washiyat marang wong kang sira asihi kang ora kalebu ahli waris, iku kena. Pernatan kang mangkono iku wis tinulis ana ing kitab (Lauh Mahfudz)

[7] (Muhammad) sira nyeritakna anggoningsun mundhut sasanggemane para Nabi, saka sira tuwin saka Nuh, Ibrahim, Musa, lan Isa bin Maryam kabeh padha ngaturake sesanggemane sarta Ingsun gondheli kukuh

[8] Ing tembe Allah bakal handangu para Rasul bab temene anggone wis ngungangake parentahe, Allah ngancam siksa neraka kang ngelarani marang para wong kafir

[9] He para wong mukmin, sira padha elinga kebungahan paparingng Allah marang sira (hiya iku nalika perang Khandak) sira tinempuh ing mungsuh kang gogolongan, Ingsun banjur ngididake angin, kanthi bala Malaikat kang tanpa wilangan nanging sira ora weruh. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni

[10] Dhek semana mungsuh nempuh ing sira, saka dhuwuring jurang lan saka jurang kang ngisor. Sira kinepung ing mungsuh, marep ing ngendi bahe handeleng mungsuh, Saking bangeting kuwatir, atining wong kaya manjuluk tekan ing tengkuk. Penyananing wong marang Allah warna - warna, ana kang ngipta oleh pitulung, lan ana kang nyipta bilahi

[11] Ing kono para wong mukmin padha dicoba dening Allah saking bangete kuwatir polahe warna - warna

[12] SIra nyaritakne nalikane wong mangro tingal (munafik) sarta wong kang atine ana larane padha celathu mangkene, "prasetyaning ALlah lan utusane (aku bakal menang perang) iku ora liya mung ngapusi bahe

[13] Apa dene nalikane wong mangrotingal sapontho padha celathu, "he wong Madinah (Yatsrib), kowe padha muliha menyang omahmu bahe, awit ana peperangan kono saking akehing mungsuh, kowe wis ora duwe panggonan", Ing kono banjur ana wong sapontho banjur pamit marang Nabi (Muhammad), hature, "Kula nyuwun pamit mantuk, amargi griya kula boten santosa". Nanging satemene omahe wong mahu ora kurang santosane. Dene anggone matur kaya mangkono mahu ora liya karepe mung kingguh ora gelem handherek perang

[14] Menawa negarane mau dileboni mungsuh saka kiwa tengen, banjur dipeksa dadi kafir mesthi nurut dadi kafir. Nanging anggone tentrem ora nganti lawas. Banjur nemahi rusak

[15] Sadurunge kelakon (Perang Khandak) wong mahu wis padha prasetya ing Allah ora bakal melayu saka ing peperangan. Kang mangka wong prasetya ing ALlah iku bakal didangu apa wis nuhoni prasetyane apa cidra

[16] (Muhammad) dhawuha, "Menawa kowe melayu neja pnguncati pati utawa kasambut ing peperangan iku ora pisan migunani anggomu urip mungsawatara mongsa bahe

[17] (Muhammad) sira dhawuha, "Menawa Allah ngersakake hala marang kowe, sapa kang bisa ngreksa awakmu, utawa yen Allah kersa parign marang kowe, sapa kang bisa murungake rahmat mahu, manungsa ora bisa oleh handel - handel liyane Allah kang bisa murungake siksaning Allah

[18] Allah nguningani wong kang padha mbujuk wong Islam pangucape marang kancane, "Padha marenana aja melu perang (Nabi Muhammad)". WOng mau hiya kang melu perang (nanging pamrihe mung golek alem) kajaba mung sethithik

[19] Padha medhit metokake bandhane (kanggo mragati perang) nalikane katekan kuwatir padha handeleng ing sira, mripate jelalatan kaya wong arep mati. Bareng wis ilang kuwatire (menang anggone perang) banjur padha ngladaki ing sira kelawan pangucap kang tanpa kering. Padha medhit nglakoni kabecikan. Satemene wong mahu padha ora percaya ing Allah. Mulane Allah ora nganggep anggone rowa - rowa ngelakoni kabecikan. Allah tanpa pekewuh anggone nyirnakake kabecikane wong mahu

[20] Rumangsane mungsuh mahu durung keplayu. Bareng weruh yen mungsuh wis keplayu, rantamane upama mungsuh mahu bali nempuh maneh wong munafik neja ngalimpet menyang alas, Upama wong munafik mahu isih awor sira, geleme mangsah perang hiya mung (murih halem) sethithik

[21] Satemene sira iiku duwe panutan becik hiya iku Rasulullah (Muhammad), iku becik tumrap wong kang ngarep - ngarep ganjaraning Allah sarta wedi siksaning dina Qiyamat. Apadene wong kang akeh elinge ing Allah

[22] Wong mukmin bareng padha handeleng mungsuh, banjur padha ngucap, "Hiya iku prasetyaning Allah lan utusane, (Aku bakal tinempuh ing mangsah naning ora dadi) awit prasetyaning Allah lan utusane aku bakal ditulungi mesthi temen. Tekaning mungsuh mahu malah muwuhi pracayaning para wong mukmin lan pasrahe marang Allah

[23] Sawenehing wong mukmin ana kang setya tuhu tetepe sanggemane marang Allah. Dene wong kang setiya tuhu mau ana kang mati ana peperangan lan ana kang mati ana peperangan lan ana uga kang isih ngenteni lan ngarep - arep besuk apa anggone mati perang. Ora ana kang hambalik ngudari sanggemane

[24] Allah bakal hangganyar wong kang setiya tuhu, sarta nyiksa wongkang lamis utawa ngapura wong mau manut apa peparinging kersane. Satemene Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih

[25] Allah hanjugarake pamrihe para mungsuh kafir, kang urip padha mundur kelawan muring - muring ora pisan menang perange. Allah nulungi para wong mukmin ana ing peperangan. Allah iku sentosa tur mulya

[26] Allah ngudhunake para wong kafir kang padha duwe cecekelan Kitab kang padha biyantu marang para mungsuh kafir mahu, diudhunake saka loteng pandhelikane. Sarta padha didunungi duwe ati giris. Wong mahu kang sagolongan padha mati, sagolongan maneh padha dadi boyongan

[27] Allah ngunhuni warisan marang sira, rupa palemahan lan omah apadene bandha tilas darbeke wong kafir mau mengkono maneh palemahan kang durung sira hambah ing tembe bakal sira rebut kelawan perang. Allah iku nguwasani samu barang

[28] He Nabi (Muhammad) sira dhawuha marang rabinira, "Menawa kowe padha dhemen kabungahan ing donya lan rerenggan donya, mara padha marenana. Takwenehi apa kang dadi panjalukmu, nanging kowe padha tak pegat kanthi becik

[29] Dene yen kowe padha dhemen ing Allah lan utusane, lan dhemen ganjaran suwarga ing akherat, padha weruha allah wis nyawisi hendi kang pracaya ing Allah sarta ngelakoni penggawe becik padha dicawisi ganjaran gedhe

[30] (Pangandikane Allah), "He para rabine Nabi (Muhammad) sing sapa ngelakoni zina kang tetela siksane tikel tinimbang wong wadon liyane. Kang mangkono mau ing ngatase Allah gampang banget kelakone

[31] Sira kabeh (para rabine nabi) sing sapa manut miturut ing Allah lan utusane sarta nglakoni penggawe becik, Ingsun paringi ganjaran tikel tinimbang wong wadon liyane. Apadene Ingsun sediyan rizki kang mulya ana ing suwarga

[32] He para rabine Nabi (Muhammad) sira iku ora mung padha bahe karo para wong wadon kang dudu rabine Nabi. Menawa sira bekti ing Allah, aja ngetokake gandes luwese pangucapira marang wong lanang liya kang tipis Imane mundhak padha kapencut. Ngucapa kang aris bahe (lumrah)

[33] Lan padha manggona ana ing Omahira, aja padha ngetokake perhiasan (ngedi busana ngedheng marang wong lanang liya). Padha nglakonana sholat lan bayara zakat sarta padha manut mituruta ing Allah lan marang Rasulullah. He para Ahli Bait (isining omahe Nabi) satemene kersaning Alah iku murih sirapadha resika saka dosa, lan kudu nucekak marang sira

[34] Lanpadha elinga surasaning al-Qur'an ayating Allah lan kawicaksanan kang wis diwaca ana ing omah ira. Satemene Allah iku welas asih sarta waspada

[35] Satemene para wong lanang lan wadon Islan, wong lanang lan wadon mukmin, wong lanang lan wadon kang manut dhawuhing Allah, wong langang lan wadon kang setiya tuhu pracaya ing Allah, wong lanang lan wadon teguh antepe anggone ngabekti Allah, wong lanang lan wadon sumungkem ing Allah, wong lanang lan wadon dhemen shodaqoh, wong lanang lan wadon dhemen puasa, wong lanang lan wadon bisa rumeksa dorakaning kawirangan, wong lanang lan wadon dhemen nyebut asmaning Allah, Allah prasetiya bakal ngapura lan maringi ganjaran gedhe marang wong kang wis kasebut mau kabeh

[36] Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokake dening Allah lan utusane kudu ngelakoni sawijining prakara ora kena milih sakarepe dhewe sing sapa wonge bangkang parentahing Allah lan utusane, tetela wong mahu sasar temenan

[37] (Muhammad)Sira nyaritakna nalikane dhawuh marang wong kang diparingi kabungahan dening Allah dadi wong Islam sarta diwenehi kabungahan dadi wong mardika, "Kowe mengkuwa rabimu (Zainab) lan baktia ong Allah, aja megat bojomu". Sira nyimpen wadi ana ing athinira, Allah ora bakal medharake wadi mahu. Mengkono maneh sira isin marang manungsa, (diarani ngrabeni mantunira dewe). Benere sira luwih wedi ing Allah ngungkuli wedinira marang manungsa. Baerng Zaid wis katekan karepe marang rabine, sarta rabine wis dipegat lan wis keliwat 'iddahe. Sira Ingsun dhahupake oleh Zainab. Supaya para wong mukmin aja duwe pakewuh ngrabeni randhane anak angkat kang wis atut. Lan parentahe Allah iku kudu dilakoni

[38] Ora pakewuh nindakake barang kang wis diparentahake dening Allah. Para nabi zaman biyen uga ora pakewuh nindakake semu barang kang wis diperintahake dening Allah wis pinersthi lan tinamtokake

[39] Para nabi iku wong kang diutus dening Allah. Kabeh padha wedi ing Allah ora wedi sapa - sapa kejaba ing Allah. Wis cukup Allah piyambak kang nyatheti lakune para manungsa

[40] Sejatine Nabi Muhammad iku dudu bapakne wong lanang panunggalira, nanging sejatine utusaning Allah lan panutaning para nabi kabeh. Allah nguningani samu barang

[41] Para Mukmin! Pada nemenna eling nyebut asmane Allah lan zikir sing akeh

[42] Nyebuta Maha Suci ing Allah, ing wayah esuk lan sore

[43] Allah iku kang welas asih marang sira. Para Malaikate Allah uga padha nyuwunake sih piwalesing Allah marang sira. Supaya Allah metokake saka pepetenging duraka marang padhanging pangabekti. Allah iku welas asih marang para mukmin

[44] Kurmating Allah (marang para mukmin) nalika padha seba ana ngersaning Allah. Iku (hambagekake) sira padha selamet. Lan nyediani ganjaran suwarga kang mulya

[45] He nabi (Muhammad) Ingsun ngutus sira nekseni temene para rasul zaman kuna, lan nekseni hala becike parentahing Allah kabeh, apa dene hambebungah marang para wong mukmin bakal oleh ganjaran suwarga. Sarta ngelengake wong kang maido dhawuhing Allah bakal padha disiksa ana neraka

[46] Lan ngajak - ajak ngestokake parentahing Allah kelawan keparenging Allah. Lan minongka obor kang madhangi ana dalaning Allah

[47] Sira bebungaha para mukmin ing tembe bakal diparingi kanugrahan gedhe dening Allah

[48] Sira aja kelu marang wong kafir lan para owng lamis teguha atinira aja males pihalane wong kafir mahu sira mung pasrah ing Allah bahe. WIs cukup Allah kang rumeksa ing sira

[49] Para mukmin, manawa sira ngrabeni wong wadon mukmin banjur sira pegat sadurunge hatut, sira ora kena mangeni mongsa anggone bakal laki wong wadon mahu. Banjur kena laki padha sanalika. Dene wong wadon kang sirapegat sak durunge hatut mahu wanehana bebungah samurwate (hiya iku kang aran Mata'). Lan sira pegat kelawan becik

[50] He nabi (Muhammad) Ingsun wis marengake marang isra saresmi para rabinira kang wis sira bayar mas kawine. Apadene wong wadon kawula kang kadarbening tanganira. Kang wis diparingake Allah dadi boyongan. Mengkono maneh anake wadon pamanira saka bapa utawa saka biyung kang padha melu ngalih (hijrah marang Madinah) sarta wong wadon mukmin kang nyahosake awake marang sira, ngina ora oleh maskawin, kang mangko sira hiya condhong ngrabeni wong wadon mahu tanpa mas kawin. Mung sira dhewe Ingsun parengake ngrabeni wong wadon kelawan wewehake awake tur tanpa mas kawin. Wong mukmin liyane ora Ingsun parengake. Ingsun wis nguningani kang wis Ingsun temtokake dadi wajibe para wong lanang mukmin tumrap para rabine, lan tumrap wong wadon kawula kang kadarbening tangane. Supaya sira aja pekewuh ngelakoni kang wis Ingsun wenangake. Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih

[51] (Muhammad) sira kena ngelowongake gilirane rabinira kang sira karepake lan kena awor turu rabinira kang sira karepake, dene menawa banjur sira karepake ora ana pakewuhe, Kang mangkono mahu lereke dadi becik, padha tntrem atine, padha narima pandhumira. ALlah nguningani kerenteking lan lugune atimu, tur ora kesusu niksa

[52] (Muhammad), sawise sira rabo wong wadon sanga ( ) iki, ora kena rabi maneh, lan ora kena megat salah sijine rabinira banjur disalini bojo wadon liyane, sanajan kapencut marang ayune wong wadon mahu. Kajaba wong wadon kawula kang kadarbe ing tanganira (iku kena) Allah iku nyatethi samubarang

[53] Para mukmin, sira aja malebu ngomahe Nabi (Muhammad) kajaba yen sira dililani malebu bakal disuguh panganan. Ora kena tanpa ngenteni weruning sesuguh. Nanging yen sira diadhang banjur padha malebu. Manawa sira wis mangan suguh banjur padha bubara. Aja banjur linggih cecaturan padha kancanira. Awit kang mengkono mahu makewuhi (marang Nabi). Nabi bakal rikuh yen nundhung sira. Nanging Allah ora pakewuh ndhawuhake barang kang bener. Dene manawa sira arep takon apa jaluk apa - apa marang rabine nabi, takona utawa jaluka saka jabaning lawang. Kang mangkon o mahu suci banget tumrap atinira lan atine para rabine nabi. Sira kabeh ora kena gawe resike (Nabi), ora kena ngrabeni randhane selawase. Mungguh Allah mangkono mahu prakara gedhe

[54] Menawa sira gawe seriking nabi kelawan dhedhemitan, apa maneh edheng Allah ora kesamaran, Allah iku nguningani samubarang

[55] Para rabine nabi (Muhammad) ora ana pakewuhe takon - takon tanpa aling - aling tumrap karo bapakne dhewe, anake, sedulure lanang, para anake sedulure wadon, para wadon Islam, lan kawula wadon kang kadarbe ing tangane (kabeh kena takon tinakon, tanpa along - aling). Padha bektia ing Allah, Satemene Allah mirsani samubarang

[56] Satemene Allah iku paring rahmat, lan para malaikat uga padha nyuwunake rahmat marang nabi (Muhammad). Para mukmin kabeh padha mocaa shalawat nyuwunake rahmating Allah marang nabi (Muhammad) lan padha nyuwuna salaming ALlah marang nabi (Muhammad)

[57] Sarupaning wong kang nyerikake Allah lan utusane (wong kafir padha ngarani ora becik marang Allah lan maido marang utusane), padha kena benduning Allah ing donya lan akhirat lan padha dihancam siksa neraka kang ngremehake

[58] Sarupaning wong kang nyerikake wong lanang lan wadon mukmin nyana hala, satemene ora. Tetela padha mikul dosa goroh lan durhaka

[59] He nabi (Muhammad) sira dhawuha marang rabinira lan para anakira wadon apa dene marang rabine wong mukmin, padha nutupa wajahe kelawan mukena. Luwih prayoga tinimbang umbar - umbaran dineleng, dadi ora dicacat. Allah hangapura tur Maha Asih

[60] Wong kang padha lamis manawa ora marena anggone lamis lan wong kang atine ana lelarane dhemen zina. Apa dene wong Madinah kang padha mratakake warta hala tur goroh iku bakal padha Ingsun helungake marang kuwasanira. Sawise mangkono kang isih lestari awor sira ana ing Madinah mung sethithik

[61] Ana ing ngendi wae wong mahu padha kena benduning Allah padha dicekel lan dipateni

[62] Kang mankono mahu wis dadi pranataning Allah tumrap para nabi ing zaman kuna biyen lan para ummate. Pranataning Allah ora ana kang bisa ngowahi

[63] Akeh wong kang padha takon besuk apa kelakone dina qiyamat ? Wangsulana, "Kang nguningani mung Allah piyambak". Bokmenawa dina qiyamat iku wis cedhak kelakone

[64] Satemene Allah hambendoni marang wong kafir. Sarta ngancam bakal niksa wong kafir ana ing neraka Sa'ir

[65] Wong kafir maua ana ing neraka Sa'ir padha langgeng salawase, ora bisa holeh handel - handel (kang bisa nulungi) murungake siksa mahu

[66] Ing dina rahine para wong kafir padha dijungkelake ana neraka, sambate adhuh! Bok ya saiki aku diparengake ngabekti ing Allah, lan manut miturut marang utusane

[67] Padha munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika manut dhateng para pangageng ingkang dado pangajeng wahu sami nasaraken dhumateng kawula saking margi ingkang leres

[68] Dhuh Pangeran kawula, para pangajeng wahu mugi Panjenengan patrapi siksa tikel kalih tinimbang kawula, sarta mugi panjangan dhawuhi bebendu ingkang ageng

[69] Para Mukmin, sira aja (kaya Qorun sakancane kang padha nyana hala) nyerik - nyerikake marang Musa. Allah banjur gelarake tandha yekti resike Musa saka panerkane. Musa mahu ana ngarsane Allah pangkate gedhe

[70] Para Mukmin, padha bektia ing Allah lan padha celathu kang bener

[71] Allah bakal nganggep lan ganjar lakunira kang becik. Sarta ngapura kaluputanira, Sing sapa manutu miturut ing Allah lan utusane iku tetep entuk kabegjan gedhe

[72] Ingsun nawakake sasanggeman marang bumi lan langit dene marang gunung - gunung nanging kabeh mau padha ora sanggem nampani, kuwatir bokmanawa ora bisa netepi sasanggemane. Hewa dene titipan mau banjur disanggemi manungsa, (Nabi Adam). Dadi manungsa iku tetep nganiaya marang awake dhewe sarta bodho

[73] Allah bakal niksa wong lanang wadon lamis, lan wong lanang wadon kang mangro - tingal. Mangkono uga anggone bakal ngapura wong lanang lan wadon mukmin, Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih

Saba'

Surah 34

[1] Sakabehing puji kagungane Allah, kang kagungan samu barang isining bumi lan langit lan besuk ana akhirat (Allah uga kagunga sakehing puji ana donya) Allah iku wicaksana tur waspada

[2] Allah iku nguningani samu barang kang malebu marang bumi sarana dipendhem utawa liyane, lan barang kang metu saka bumi sarana thukul utawa liyane

[3] Wong kafir padha celathu, "Dina Qiyamat iku mangsa kelakona. (Muhammad) sira mangsulana, "Demi Pangeranku kang nguningani barang kang samar - samar ora pisan kasamaran saboboting semut kang cilik dhewe ana bumi lan langit. Apa dene barang kang luwih cilik utawa luwih gedhe tinimbang semut mahu. Kabeh wis tinulis ana Kitab kang cetha (Lauh Mahfudz)

[4] Allah bakal ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, kabeh padha diapura kaluputane lan diparingi rizki kang mulya

[5] Sarupane wong kang hangarah jugaring al-Qur'an ayatingsung, ngira yen Ingsun iki apes. Wong mangkono mahu bakal Ingsun patrapi siksa kang hala tur ngelarani

[6] Wong kang padha diparingi kaweruh surasane itab kuna, weruh yen al-Qu'an kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata temen. Lan dadi pituduh marang dalaning Pangeran kang mulya tur pinuji

[7] Wong kafir padha celathu marang kancane, "Mara kowe tak tuduhake sawijining wong lanang (hiya iku nabi Muhammad) kang pitutur marang kowe, ing besuk yen kowe wis mati ajur dadi lemah, ing tembe kowe bakal diuripake maneh dadi titah anyar

[8] Apa dheweke (Muhammad) pitutur mengkono mahu jaragan gawe - gawe celathu goroh diakokake terang saka Allah apa duwe lara howah ? (Ora) nanging wong kang padha ora ngandel bakal anane akherat iku wong kesasar banget ing tembe bakal padha dipatrapi siksa

[9] Ya gene wong kafir padha ora deleng bumi lan langitk kang ana ngarepe lan burine? Kabeh kagungane Ingsun. Menawa ana parenge Ingsun wong kafir mau diuntal bumi, utawa diudane gempalaning langti, mesthi kelakon. Kang kaya mangkono mahu tumrap kawulaningsun kang sumungkem, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun

[10] Ingsun maringi kaluwihan marang Dawud (Pangandikaningsun), "He gunung lan manuk kabeh sira melha Dawud padha nyebuta Maha Suci marang Ingsun." Lan anglemesake wesi ana ing tangane (Dawud)

[11] Yaiku gawea kelambi wesi tranjangane kang rapet. Sira lan kancanira padha nglakonono penggawe becik. Ingsun iki mirsani samu barang kang padha sira lakoni

[12] Ingsun maringi bala angin marang Sulaiman, lakune angin mau satengah dina wiwit esuk padha lelakon sesasi, awit tengahe tekan surup uga kelakon sesai. Lan maneh Ingsun ndhelikake tembaga mili saka ing pelikane kaya kali (kanggo butuhe Sulaiman) apa dene Sulaiman Ingsun wenangake marintah sarupaning Jin. Sawenehing jin mahu ana kang nyambut gawe ngelakoni perintahe Sulaiman kelawan izining Pangerane. Jin mau sing sapa hambangkan parintah Ingsun, banjur Ingsun weruhake siksane neraka Sa'ir

[13] Jin mahu padha ngestokake dhawuhe SUlaiman, kang gawekake pirang - pirang masjid, reca, belumbang, kendhil gedhe banget, nganti ora kena dielih. He para kawula-wargane nabi Dawud sira padha ngelakonana syukur ing Allah. Para kawulaningsun kang syukur mung sethithik

[14] Bareng Sulaiman wis Ingsun kersakake mati ora ana kang weruh yen wis mati, konangan awit tekne dipangan rayap. Bareng tekene tugel Sulaiman banjur ambruk, Ing kono jin kang ngaku weruh barang ghoib tetela goroh. Awit menawa jin weruh barang ghoib banjur ora gelem ngelakoni pegaweyan abot, prasasat ana sajeroning siksa kang ngremehake

[15] Palemahan ing tanah Saba' kang dienggoni, ana tandha yekti kuwasaning Allah, ing kono ana sisih tengen lan kiwa. Ing kono padha didhawuhi (dening Nabi terang saka Allah), "Kowe padha mangan rizki peparenging Allah Pangeranmu, lan padha syukura ing Pangeranmu." (Negaramu) mau negara kang becik, lan (Pangeranmu) iku Pangeran kang ngapura dosa

[16] Wong ing kono padha malengos, mulane banjur Ingsun tekani banjur gedhe. Palemahe kang loh rong panggonan mahu, Ingsun dadekake palemahan cengkar kang metokake woh - wohan pahit lan woh Atsl lan sethithik woh Sidr

[17] Kang mangkono mahu Ingsun anggo matrapi para turunane Saba'. Marga anggone kafir. Sapata kang Ingsun patrapi mangkono kajaba wong kafir

[18] Ingsun ndokoki desa pirang - pirang kang urut - urutan. Apa antarane desa panggonane wong turun Saba' lan negara kang Ingsun berkahi (iku negara Syam). Adoh cedhake siji - sijine desa watara sapelerene wong mlaku. Sira padha melaku ana ing dalan iku pirang - pirang dina lan wengi kelawan tentrem

[19] (Wong Saba') banjur padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi nebihna lelampahan kawula punika". (Wong Saba') mahu padha nganiaya awake dhewe. Mulane banjur Ingsun buyarake dadi pada pating blesar marang negara liya. Lelakone mahu Ingsun dadekake ceritera marang sapungkure, tumrap wong kang teguh atine sarta syukur ing Allah, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun

[20] Iblis wis gawe kanyataan, titis kaya panyanane wong Saba'. Wong Saba' banjur padha manut laku jantrane Iblis. Kajaba mung wong mukmin sathihik

[21] Iblis anggone INgsun gadhuhi panguawasa bisa anggoda manungsa, iku ora liya mung supaya Ingsun bisa nguningani kelawan gumelar sapa kang temen pracaya lan sapa kang mamang anane dina akherat mau, Allah Pangeranira iku nyatethi samu barang

[22] (Muhammad) Sira dhawuha marang wong kafir, mara padha njaluka marang brahala kang padha kok anggep pangeran liyane Allah. Brahala mau ora dhuwe isining bumi lan langit sabotoning semut. Melu duwe bae ora. Allah anggone yasa samubarang kang dumadi, tanpa pitulunganing brahala

[23] Lan ora ana gunane syafa'at ana ngarsane Allah, kacoba barang wong kang wis diaprengake oleh syafa'at mau, malah besuk yen wong kang arep duwe syafa'at wis ilang wedine lan girising atine banjur padha tinakon, "Allah Pangeran sampeyan, ngandika punapa?" Kang tinakonan mangsuli, "Allah ngandika kaliyan nyata", Allah punika Maha Luhur tur Agung

[24] (Muhammad) Sira dhawuha, "Sapa kang aweh rizki marang kowe, rupa banyu udan saka langit, lan thetukulan saka bumi?" Dhawuha, "Allah". Dene aku lan kowe iki salah siji oleh pituduh bener, sijine kesasar temenenan

[25] SIra dhawuha, "Kowe ora bakal diganggun (tanggung jawab) dening Allah bab kaluputanku. Aku hiya ora bakal didangu prakara kang wis padha kok lakoni

[26] Sira dhawuha, "Besuk dina qiyamat Pangeranku bakal ngelumpukake aku lan kowe banjur ngrampungi prakaraku lan kwe kelawan bener. Allah iku kang kawasa ngrampungi prakara tur Maha Pirsa

[27] Sira dhawuha, "Mara aku tuduhna barang kang padha kok golongake ing Allah kanggo mangro-tingal. Ora ta, wis ora bae y en padha Allah. Sabenere Allah iku Maha Mulya tur wicaksana

[28] Anggoningsun ngutus sira Muhammad, sumarambah marang manungsa sajagat hambebungah kelawan bakal holeh ganjaran suwarga, sarta gawe pepeling. Ewadene manungsa iku kang akeh padha ora weruh

[29] Wong kafir padha celathu, "Benjing punapa kelampahanipun (siksa neraka ingkang dipun ancamaken punika) manawi ngendika panjenengan leres

[30] Dhwuha, "Kowe wis padha diwangeni ing dina bakal matimu, ora bisa maju utawa mundur sak jam bae

[31] WOng kafir padha ngucap, "AKu ora ngandel hunine al-Qur'an lan kitab - kitab sadurunge". Besuk sira handeleng para wong kafir nalikane padha dijejer - jejer ana ngarsane Pangeran. Siji - sijining wong padha tutur tinutuh karo kancane; pitutuhe kang cilik marang panggehene, "AKu aja kok ajak kafir, mesthi ngandel Allah lan utusane

[32] Para panggehene mangsuli pinutuhing wong cilik, "Apa aku nyegah anggonmu arep hangelakoni pituduh bener sawise kowe didhawuhi ing Rasul". (aku ora rumangsa). Nanging kowe padha kafir saka karepmu dhewe

[33] Celathune wong cilik marang panggedhene, "Kang nyegah anggonku arep ngelakoni pituduh bener, pambujukmu marang aku tanpa kendat, rina lan wengi. AKu tansah kok purih maido ing Allah, kok purih nyembah brahala Pangeran liyane Allah." Hewa dene wong kafir mau nalikane padha handeleng siksa padha nutupi kaduwunge. Gulune wong kafir padha Ingsun blenggu. Kang mangkono mahu mung tumanja patrapaning kaluputan kang wis padha dilakoni

[34] Menawa Ingsun ngutus rasul ana sawijining desa, panggehdne desa kono mesthi celathu prentah ingkang sampyan dhawuhaken punika kula mahiben

[35] Wong kafir padha ngucap, "Kula sugih bondho lan anak punika (tanda yen lampa kula punika sampun dipun parengaken dening Pangeran) lan kula boten padhe dipun siksa

[36] Sira mangusalana, "Iku dudu tanda yekti, Satemene Allah Pangeranku iku paring rizki akeh marang owng kang dadi parenging karsane, lan ana uga kang diparingi mung cumpen, Hewa dene akeh wong kang padha ora weruh

[37] Kang nyedhakake sira marang Ingsun iku dudu bandhanira lan anakira, kejawa owng kang pracaya marang Ingsun lan hangelakoni panggawe becik, iku bakal paha oleh ganjaran tikel tinimbang murwating kabecikan kang wis padha dilakoni, wong mahu ana suwarga padha tentrem atine

[38] Sarupane wong kang tumandang ngarah jugare al-Quran ayatingsun, ngira yen Ingsun iki apes ora bisa niksa marang wong mahu. WOng mahu ing tembe bakal dihajokake marang neraka, panggonane siksa

[39] Sira dhawuha, "Satemene Allah Pangeranku paring rizki akeh marang para kawulane, hendi kang dadi parenging kersane, lan ana uga kang mung dicumpeni. Samu barang kang kok wehake marang wong, Allah bakal paring lirune barang mahu. Allah iku becik - becike paring rizki

[40] Lan sira nyaritakna dina qiyamat nalikane Ingsun ngimpun para wong kafir padha ngalumpuk dadi siji. Allah banjur handangu marang para malaikat, "Opo wong kafir iku padha bekti/nyembah marang Ingsun

[41] Para malaikat padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci, Tujuning manah kawula punika dhateng Paduka, boten dhateng tiyang kafir. Sahestunipun tiyang kafir punika ingkang kathah sami ngandel dhateng Jin(Syetan)

[42] Ing dina iku ora ana wong bisa mekolehake utawa maheka marang liyane. Lan Ingsun dhawuh marang para wong kafir, "Padha ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen

[43] WOng kafir mau menawa diwacakne ayatingsun (al-Qur'an) kelawan cetha (terang) padha ngucap, "Wong iki (Muhammad) ora liwat mung wong lanang sumedya ngalang - alangi anggonmu nyembah brahala sesembahane para leluhurmu biyen. al-Qur'an iki ora liwat mung pangucap goroh," wong kafir mau nalikane didhawuhi al-Qur'an kang nayata bener padha ngucap, "Iki ora liwat mung sihir kang tetela

[44] Wong kafir ora Ingsun paringi Kitab wacan kang mratelakake yen mangro-tingal iku bener. Lan Ingsun ora ngutus nabi sadurunge sira, kang handhawuhake yen mangro-tingal iku bener

[45] Para ummat zman kuna iku hiya padha maido, lan wong kafir ing Mekkah durung madane saparo sepuluhe peparing Ingsun marang ummat sadurunge (kyata dawane ngumur, sugihe bandha lan anak) nanging para ummat mau padha maido marang utusaningsun. Kapriyeta dudukaningsun marang wong mahu. Mesthi Ingsun siksa kang banget

[46] Sira dhawuha, "Anggonku pitutur marang kowe mung saprakara bahe, hiya iku saiki mundura saka ing kene, nanging banjur padha marsudiya kang bener mungguhing Allah. Rembuka wong loro utawa mikira ijen. Sawise oleh panemu banjur padha kumpula mufakatan anggonmu ngarane yen Muhammad duwe lara owah, kapriye katerangane msthi ora nyata. Muhammad iku Nabi kang ngelengake marang kowe ana ngarepe siksa kang abot

[47] Sira dhawuha, "Anggonku ngundangake dhawuhing Allah ora jajaluk pituwas apa - apa marang kowe, kang mesthi paring ganjarang marang aku mung Allah piyambak, Allah iku mirsani samu barang

[48] Sira dhawuha, "Satemene Allah pangeranku dhawuhake parintah kang bener tur nguningani samu barang kang samar - samar

[49] Sira dhawuha, "Saiki kebeneran al-Quran kang hanggelarake Islam dhumawuh, Dene barang kang luput saiki sirna lan ora bakal thukul maneh

[50] Sira dhawuha, "Menawa aku nasar, sangsarane (madharate) marang awakku dhewe. Dene manawa aku netepi pituduh bener, iku marga saka al-Quran kang wis didhawuhake Allah Pangeranku marang aku. Satemene Allah iku miyarsa tur cedhak

[51] (Muhammad) Manawa sira handeleng nalikane wong kafir padha giris weruh siksa neraka, iku sira weruh perkara gedhe. Wong kafir wis ora bisa melayu nguncati siksa, padha kapikut saka panggonan cedhak

[52] Wong kafir padha ngucap, "Sapunika kula ngandel dhateng Allah, (Pangucape mangkono mahu tanpa gawe). Kapriye bisane katrimo tobate saka panggonan kanggo adoe tanpa wangena". (tegese katrimane tobat iku ana donya, kang mangka wong kafir mau wis ana ing akherat)

[53] Lan satemene wong kafir wis padha maido ing Allah sadurung handeleng siksa. Apa dene padha nandukake pangala - ala ngango barang kang ghoib. Celathune mangkono mau adoh banget

[54] Wong kafir mahu padha dialing - alingi ora bisa kelakon samu - barang kang dikepingin, kaya kanca - kancane ing zaman kuna, awit padha mamang kang banget (mamang marang Rasul lan dina Qiyamat)

Fatir

Surah 35

[1] Sakabehaning puji iku kagungane Allah, kang gawe bumi lan langit sarta kang ngutus Malaikat kang padha mawa suwiwi ana kang ngeloro, nelu, lan papat ana kang ditambahi ciptane maneh sakparenge kersaning Allah. Satemene Allah iku nguwasani samu barang

[2] Sadhengah rahmat kang diparingake dening allah marang manungsa (kaya dene rizki, banyu udan lan sapadhane) iku ora ana kang bisa ngalangi. Dene menawa Allah karsa mepet rahmat, mesthi ora ana kang bisa ngelungakake rahmat mau. Allah iku Maha Mulya tur Wicaksana

[3] He para manungsa, sira padha elinga peparinging Allah kabungahan marang sira. Apa anata liyane Allah kang bisa gawe utawa nganakake barng - barang kang dumadi? Utawa aweh rizki marang sira saka ing langit utawa thetukulaning bumi (mangsa anaha). Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah. Kapriye anggonira balekake

[4] Menawa wong kafir padha maido marang sira, iku ora handhewekake. Para Rasul sadurunge sira, iya dipaido dening para ummate. Semu barang perkara iku, besuk ana ing akherat dibalekake konjuk ing Allah kang kuwasa ngerampungi

[5] He para manungsa, prasetyaning Allah bakal anane dina qiyamat mesthi bakal kelakon temenan. Mulane sira aja kajelemprong kasengsem kabungahan ing donya, lan aja manut panggodhaning syetan ngalirwakake parintahing Allah

[6] Satemene syetan iku satrunira, mulane hiya sira sateru. Kang mesthi syetan mau ngajak - ajak wong kang dikumpuli supaya dadiya isene neraka sya'ir

[7] Sarupane wong kafir iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot. Dene sarupane wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, iku bakal padha oleh pangapura kaluputane lan oleh ganjaran gedhe

[8] Wong kang kena panggodhaning syetan, banjur kasengsem lakune kang hala, pangersane iku prayoga. Satemene Allah iku nasarake wongkang dadi parenging kersane. Mulane ngati - atia aja nganti kerusakan awakira dening cilaka. Satemene Allah iku nguningani samu barang kang apdha dilakoni dening manungsa

[9] Allah iku kang ngidikake angin, ngimpun mega kang banjur dadi udan. Udan mau Ingsun siramake negara utawa lemahan kang mati. Ingsun anggo nguripake palemahan kang mati (bera). Besuk anggoningsun nguripake wong kang wis padha mati hiya kaya mangkono

[10] Sing sapa kepengin mulya, nyuwuna kamulyan ing Allah, awit kamulyan iku kabeh kagungane Allah. Dene pangucap kang becik (Laa Ilaaha Illallah) konjuk ing allah. Pangucap becik mahu ngunjukake kabecikan ing Allah. Sarupane wong kang ngelakoni panggawe hala bakal padha dipatrapi siksa abot pihalane wong mahu ana akhirat bakal jugar

[11] Allah iku kang gawe sira saka lemah. Banjur gawe awakira saka nutfah (mani). Sira iku digawe warna - warna, lang lan wadon. Dene wong wadon anggone meteng lan ngelahirake bayi mesthi titis lan kaweruhake Allah. Dene umure siji - sijining wong lan suda wuwuhing umure mesthi tinulis ana kitab. Kang mangkono mahu kanggone Allah gampang

[12] Segara loro, tawa lan asin, ora padha marata. Sira delenga iku banyu tawa bening seger diombe, dene iki banyu asin kang letih. Sira bisa oleh pangan rupa iwak saka siji - sijining segara mahu. Uga bisa oleh raja pati kanggo rerenggan kayata mutiara, lan marjan. Mangkono maneh sira handeleng perahu padha mlaku ana segara sira anggo dagang ngupaya sih paringing Allah yaiku rizki, supaya sira padha syukur ing Allah

[13] Allah ngelajokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, apa dene marentah marang srengenge lan rembulan, kabeh padha melaku ana ing cakrawalene nganti qiyamat. Hiya iku Allah Pangeranira kang Kagungan Keraton. Dene brahala kang padha sira anggep pangeran liyane Allah, iku ora duwe apa - apa. Sanajan mung kelamudaning isi bae hiya ora duwe

[14] Brahala mau manawa sira undang, ora bisa krungu. Upama krungu ora bisa mangsuli pangundangira. Besuk dina qiyamat brahala mau padha ngelaki anggonira maro tingal nyembah brahala mau, apadene ora bisa pitutur apa - apa marang sira. Ora kaya Allah kang waspada marang samu barang

[15] He manungsa, sira iku butuh marang kabecikaning Allah. Dene Allah ora pisan butuh apa - apa marang liyane wis benere Allah hangalembana kabecikane

[16] Manawa ana parenge karsaning Allah sira iku disirnakake kabeh. allah banjur nganakake titah anyar

[17] Kelakone kang mangkono mau mungguhing Allah ora angel

[18] (Besuk dina qiyamat) siji - sijining wong mau mikul dosane dhewe, ora mikul dosane liyan. Manawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe, ora mikul dosane liyan. Manawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe banjur hanjaluk tulung marang liyane supaya direwangi mikul, sanajan kang dijaluki tulung iku kalebu sanak sedulure mesthi ora gelem hangrewangi mikul sathithik - thitika. (Muhammad) wong kang sira elingake mung wong kang wedi marang siksane Allah, sanajan siksane ora katon, sarta padha nglakoni sholat. Dene sing sapa ngarah suci kelawan ngabekti ing Allah iku nucekake awake dhewe. Besuk manungsa padha bali marang ngarsane Allah

[19] Wong wuta lan wong handeleng mesthi ora padha

[20] Padhang lan peteng hiya ora padha

[21] Apa dene heyub lan panas hiya mangsa podhoa

[22] Wong urip lan mati mesthi ora padha (kaya mangkono sanepane wong mukmin mesthi beda karo wong kafir). Allah gawe pangrungune wong kang dadi parenging kersane. Nanging sira ora bisa gawe pangrungune wong kang ana sajeroning kubur

[23] Sira iku ora liwat mung juru pepenget bahe

[24] Satemene anggoningsun ngutus sira iku ferdhune ngelingake siksaningsun lan ngebang - ngebang kelawan ganjaraningsun. Dene sarupane ummat zaman kuna biyen wis mesthi ana nabine dhewe - dhewe kang nyurup - nyurupake

[25] Menawa wong kafir padha maido (ing Muhammad) iku ora handheweki. Para ummat sadurunge wong kafir iku biyen, uga padha maido marang rasule. Tur para Rasule anggone handhawuhake kitab, kanthi terang lan mu'jizat (kahelokan)

[26] Ingsun banjur nyiksa marang wong kafir kang padha maido mau. Marata (weruha) kapriye bebenduningsun marang wong kafir mau

[27] Apa sira ora handeleng Allah anggone nurunake banyu udan saka ing langit banjur Ingsun anggo metokake woh - wohan kang warnane beda - beda. Dene dalan pating jelereh ana gungung uga warna - warna ana kang putih lan ana kang abang ireng banget

[28] Mangkono uga manungsa lan gegremetan, apa dene raja kaya hiya warna - warna. Dene kawulaning Allah kang mesthi padha bekti ing Allah iku mung para "Ulama". Satemene Allah iku Maha Mulya, ngapura dosa

[29] Sarupane wong kang taberi maca al-Qur'an kitabe Allah lan hangelakoni sholat apa dene mewehake paparing Ingsun rizki marang wong mahu, kelawan weruh wong akeh utawa ora, padha ngarep - arep mungguh lakune kang mangkon mahu dadiya dagangan kang ora kena tuna

[30] Supaya Allah maringana ganjaran marang owng mahu lan muwuhana sih kanugerahan. Satemene Allah iku ngapura dosa tur paring syukur

[31] Kitab al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad), iku nyata bener cocok surasane karo kitab kuna cecekelane (wong Yahudi). Satemene Allah mirsani tur waspada marang para kawulane

[32] Ingsun banjur handhawuhake kitab al-Qur'an marang kawulaningsun kang pilihan (ummate Muhammad) hewadene ana kang nganiaya marang hawake dhewe hiya iku kang sembrono anggone ngistokake dhawuh. Lana ana uga kang akeh setiya tuhune, apadene ana kang kaduk kabecikane (ora pisan ngelakoni hala) kelawan idzining Allah kang mangono mahu kanugrahan gedhe

[33] Wong telung warna mahu besuk padha mlebu suwarga 'Adn ana kono padha dianggoni gelang emas lan mutiara, dene sandangan sarwa sutra

[34] Wong ing suwarga padha memuji Allah, "Sakabehing puji kagungane Allah kang wis ngilangake kasusahan. Satemene Allah Pangeranku ngapura dosa tur paring Syukur

[35] Kang wis mernahake aku marang panggonan ana suwarga panggonan kang tetep, ana suwarga aku ora tahu kangelan lan ora tahu sayah

[36] Dene para wong kafir padha dipatrapi siksa neraka jahannam, ora dipungkasi sarana mati lan ora diparingi gambaran siksane. Sarupane wong kafir hiya padha Ingsun patrapi

[37] Wong kafir ana ing neraka padha ngadhuh - adhuh sambate, "Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi panjenengan hentasaken saking neraka, kawula sagah ngelampahi pandamel sahe, boten maleh badhe ngelampahi pendhamel hawon, kados ingkang sampun kawula lampahi rumiyin." (Allah banjur melehake) Ingsun apa ora wis maringi ngumur dawa marang sira kang cukup dianggo eling. Sarta sira wis tampa dhawuhing Nabi. Mulane sahiki padha ngrasakna siksa. Wong kafir mangsa duwe handel - handel, kang bisa murungake siksaningsun

[38] Satemene Allah iku nguningani kang samar - sama ana ing bumi lan langit, Satemene Allah iku nguningani sakrenteging ati

[39] Allah iku kang paring panggonan marang sira ana bumi hanggenteni wong kang wis padha mati. Sing sapa kafir patrapane bakal disongga dhewe, kafire mau mung arep nambahi siksa marang awake lan ngarsane Pangerane, lan bakal nambahi kapitunan marang awake dhewe

[40] (Muhammad) Dhawuha marang wong kafir, "Apa kowe wis padha ndeleng brahala kang dianggep Pangeran saliyane Allah. Tuduhna isen - isening bumi iki kang gawehane brahala sing endi? Apa brahala mau melu gawe langit? Apa brahala mau diapringi cekelan kitab kang mratelakake yen brahala mau melu jumenenge Pangeran" (mukal yen mangono). Wong kafir padha golong karo kancane. Yen brahala iku bakal bisa hambumbung prakara ana ngarsane Allah iku luput

[41] Allah ngukuhake hadeging bumi lan langit kelawan panguasane, ora pisa bisa rubuh utawa jomplang. Upama bumi langit rubuh utawa jomplang mesthi ora ana sing bisa ngukuhake liyane Allah. Satemene ALlah welas - asih lan ngapura dosa

[42] Wong kafir padha supata pethenthengan nyebut asmaning Allah, sanggem menawa ana Rasul teka mulang marang wong mahu. Mesthi bakal netepi pituduh bener (ngungkuli marang wong Yahudi lan Nasrani bareng wis ditekani Rasul/Muhammad) wong - wong malah padha mundhak munyal - munyal

[43] Padha gumedhe ana bumi sartapadha nglakoni panggawe hala maeka marang utusane Allah, nanging ora pisan melarati pahekane mau, malah melarati marang awake dhewe lan amrang wangsane. wong kafir mung ngenteni siksane Allah. Kaya kang wis ditindakake marang ummat zaman kuna. Awit sira wis weruh yen pranataning Allah ora kena diowahi, uga siksane Allah ora kena diowahi

[44] Dheweke apa ora hanjajah ing bumi supaya weruh patilasane wong kuna biyen sadurunge. (kang padha ditumpes dening Allah marga anggone madio rasule). Tur wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli dheweke? Hisen - hisening bumi lan langit ora ana kang bisa ngapesake Allah, murungake anggone nyiksa wong kang dadi parenging kersane. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur kuasa

[45] Upama Allah matrapi manungsa kelawan sabenering kaluputan kang wis padha dilakoni , mesthi ora ana gegremetan ana lumahing bumi kang keliwatan kabeh sira. Hewa dene kersaning Allah ora mangkono. Penyiksaning manungsa disrantekake tekaning wewangen kang tinemtokake (Hiya iku besuk dina qiyamat). Besuk yen wis tekan wewangene Allah mesthi mirsani para kawulane

Ya Sin

Surah 36

[1] YaaSiin(Allah piyambak kang wuninga tegese lan karepe)

[2] Demi Al-Quran kang hisi kawicaksanaan

[3] (Muhammad) satemene sira iku hewone para utusane Allah

[4] Netepe lan mulang ana dalan kang bener

[5] Hiya iku Quran kang wis didhawuhake dening Allah kang Maha Mulya tur Maha Asih

[6] Supaya sira ngelingake marang wong akeh. Para leluhure biyen, salowonge para Nabi ora ana kang ngelengake mulane padha lali (ngabekti ing Allah)

[7] Wong mahu kang akeh padha tinamtokake nandhang siksa awit padha ora percaya

[8] Gulune wong mau padha Ingsun kalungi blenggu, wong mau padha handhangak

[9] Ing ngarepe lan burine wong mau. Ingsun dokoki tutup kang mepeti anggone arep ngandel ing Allah, pandelenge Ingsun gawe peteng. Mulane padha ora handeleng dalan kang bener

[10] Wong kang mangkono mau sanadiyan sira elingake utawa ora padha bahe, mesthi ora gelem percaya Allah

[11] Anggonira ngelingake manungsa iku kang mesthi tumama lan migunani marang wong kang ngestokake dhawuhing al-Qu'ran. Sarta bekti marang Pangeran kankg Maha Murah sanadiyan ana pasepen. Wong kang mangkono mahu sira bebungaha bakal oleh pangapuraning Allah lan oleh ganjaran mulya

[12] Satemene Ingsun besuk bakal nguripake sarupaning wong kang wis padha mati. Sarta nyatethi laku hala lan becik kang wis padha dilakoni dening wong mahu. Apa dene lelabetane wong mahu. Samu barang iku kabeh Ingsun cacahake teliti lan diterangake, tinulis ana ing Lauh Mahfudz

[13] Lan sira anggelara upama marang para ummatira (ing negara Inthoqiyah) nalika ditekani para kongkonane Nabi (Isa)

[14] Dehek samana Ingsun ngutus wong loro (aran Yuhana lan Baulus) wong ing kono padha maido marang utusaningsun loro mahu. Mulane Ingsun banjur ngutus wong siji maneh dadi wong telu. Wong telu mau banjur padha pratela, "Aku iki utusaning Allah dikersakake mulang marang kowe kabeh

[15] Padha mangsuli, "Pamanggih kula sampeyan niku inggih sami kaliyan kula kemawon, Pangeran Ingkang Maha Murah inggih boten dhawuh punapa - punapa. Dados sampeyan punika tetela dora

[16] (Rasul telu) padha mangsuli, "Sanadiyan kowe padha maido, nanging Allah Pangeranku nguningani anggonku temen diutus Allah nyurub-nyurubake marang kowe

[17] Wajibku ora ana maneh mung handhawuhake parentahing Allah

[18] (ummate) padha mangsuli, "Sapunika kula sami kenging weweleh kadhawan jawah jalaran pandamel panjenengan. Mila manawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan makaten punika., panjenengan mesthi kulo balangi ngantos pejah sarta kulo sakiti

[19] (Rasul telu) padha mangsuli, "Weruhana anggonmu padha kena wewalak marga saka awakmu dhe. Hiya iku anggonmu padha kafir, ora marga tak elingake (tak ajak Islam), nanging pancen kowe kebangetan anggonmu padha duraka

[20] Dumadakan ana wong lanang (krungu wong Inthiqonah maido rasul) banjur gagancangan melayu saka panggonane (watesing negara) tekan kono banjur celathu, "Para kancaku (Ing Inthiqonah) kowe padha ngestokna para rasul iku

[21] Padha manuta bahe marang wong kang ora amrih pituwas saka kowe. Rasul telu mahu tetela netepi pituduh bener

[22] Ya gene aku ora nyembah marang Pangeran kang gawe awaku ing tembe yen kowe wis padha mati, mesthi padha bali ing ngarsane Allah

[23] Apa aku ngedegake Pangeran liyane Allah? (mangsa gelema). Menawa Allah kang maha murah ngersakake kemelaran marang aku, berhala kang kok kira bisa migunani, iku mangsa migunana apa - apa marang aku, lan mangsa bisaha gawe slamet marang aku

[24] Manawa aku nganti mangkono tetela aku iki wong kesasar

[25] Dhuh para Rasul mugi sampeya sekseni kula punika pitados dhateng Allah pangeran panjenengan

[26] (Wong mau banjur dipateni dening wong Intoqiah, bareng wis mate) wong mau tompa dhawuh, "Sira malebua ing suwarga". Wong mau banjur celathu, "Para kancaku sapungkurku muga - muga padha weruha

[27] Allah anggone wis paring pangapura marang aku, lan handadekake aku hewone wong mulya

[28] Sawise mati (Ingsun numpes ummat mau) tanpa nurunake bala saka langit, mulane Ingsun hiya ora nurunake bala saka langit (Malaikat)

[29] Panumpase (ummat mahu) mung sarana pathake (Malaikat Jibril) sapisan bahe, tumuli dheweke wis padha mati kabeh

[30] Para kawulaning Allah (kang getun sajeke) saben katekan rasul mesthi padha anggeguyu marang rasul mahu

[31] Wong kafir apa ora padha handeleng, pira bahe akehe para ummat ing zaman kuna, sadurunge kang padha Ingsun tumpes, dheweke mahu ora pisan bali (marang donya)

[32] Sarupane kang dumadi sawise sirna, ora banjur tulus sirnane, nanging kabeh mahu ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaningsun

[33] Lan saweneh tandha yekti kuasane Allah yaiku bumi kang mati (bera) Ingsun uripake lan wetokake pametune wiji kang padha dipangan dening dheweke

[34] Bumi mahu Ingsun dekeki pakebonan kang isi wit kurma lan anggur, sarta Ingsun wetokake semu barang pirang - pirang

[35] Supaya (dheweke) padha mangana wohe kurma sapanunggalane, tur wong kafir ora gawe woh - wohan mahu. Yohene dheweke ora gelem syukur

[36] Maha suci allah kang wis nyiptaaken (menciptakan) sakabehaning thetukulan ing bumi warna - warna. Lan uga wis gawe awake manugnsa kabeh (warna - warna lanang lan wadon) apa dene wis gawe semu barang kang wong ora weruh

[37] Lan saweneh tandha yekti maneh kang mratandhani yen kuwasaning Allah iuk sampurna. Hiya iku anane wengi kanggo nyalinni awan. Ing kono (wong kafir) padha kapetengan

[38] Lan maneh srengenge anggone lumaku tekan panggonane kang tetep. Kelakone mangkon omahu saka kawusane Allah kang Maha Mulya tur nguningani samu barang

[39] Lan amneh rembulan Ingsun temtokake mlaku ana ing manazil (dalaning rembulan/peredaran) nganti bali wangune kaya mancunge kurma kang wis tuwa lan garing

[40] Strengenge ora bisa nutupi rembulan banjur kumpul ing wayah wengi, mangkono maneh wengi ora bisa nengah - nengahi awan. Dene srengenge, rembulan lan lintang - lintang padha mlaku kalangan ana cakrawalane dhewe - dhewe

[41] Lan maneh kanggo dheweke tandha yektining kuwasaningsun, hiya iku anggoningsun ngemot para leluhure ana ing perahu kang kebak (zaman Nabi Nuh a.s)

[42] Ingsun gawekake (kanggo dheweke) tunggangan kang ngemperi perahune (Nabi Nuh)

[43] Menawa ana kersane (Pangeran) wong kafir dak kelemake ana segara mesthi kelakon sarta ora ana kang bisa nulungi wong mahi ora bisa selamet

[44] Kajaba marga saka rohmatingsun lan Ingsun paringi kabungahan nganti tekan wawangene patine

[45] (Wong kafir) Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Sira padha wediya patrapane dosa kang ana ngarepira, (hiya iku patrapan kencengan ana donya) Lan patrapan kang ana burinira (hiya iku patrapan besok ana akhirat) supaya sira padha holeh asihing Allah

[46] Wong kafir saben didhawuhi ayat pangandikaning Pangeran, mesthi padha melengos

[47] Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Kowe padha mewehana rizki kang wis padha diparengake dening Allah marang kowe." Wong kang padha kafir banjur padha mangsuli marang wong mukmin, "Ya gene aku aweh pangan marang sawijining wong, kang manawa ana parenge kersane Allah, Allah paring rizki marang wong mau, anggomu akon meweh marang wong mahu, tetela kesasar

[48] (Wong kafir) padha celathu, "Menawa kandamu yen wong kanf wis padha mati bakal padha diuripake maneh iku temen, mara besuk apa kelakone

[49] (Wong kafir mau) ora liwat mung ngenteni pathakke (malaikat Israfil) pathak kang sapisan bahe wong sahisine jagad mati kabeh, ketungkul anggone padha grejegan

[50] Mulane padha ora bisa mekas apa - apa, lan sawise mati padha ora bisa bali marang donya ketemu sanak sedulure

[51] (Malaikat Israfil) banjur handamu sempronge kang hisi nyawane para manungsa, ingkono wong kang mati padha tangi kabeh, metu saka ing kuburane padha digiring seba ing ngeyunaning Pangeran

[52] Banjur padha celathu (wong kafir), "Haduh, cilaka temen aku sapa kang nangekake aku saka anggonku turu", Hiya kang diprasetyakake dening Pangeran kang Maha Murah, saiki tetela pangandikaning para rasul biyen temen

[53] Pandamuning semprong (Malaikat Israfil) mung sak kempusan bahe. Sarupaning manungsa teka kabeh padha seba ing ngarsaningsun

[54] Ing dina iku ora ana kang dianiaya sethithik - thithika, lan sira ora diwales apa - apa, kajaba diwales semu barang kang wis dilakoni

[55] Sejatine ing dina iku wong ing suwarga padha mangan suka

[56] Wong ing suwarga dalah para rabine padha linggih sendhen ana kursi ing ngeyuban

[57] Padha duwe suwarganing woh - wohan, sarta ketekan semu barang kang dipengini

[58] Padha dibagekake selamet kelawan pangandikaning kang Maha Asih

[59] Para wong kafir kabeh, dina iki sira padha dheweya aja awor wong mukmin

[60] Para turune Adam, Ingsun apa ora wis macuh marang sira? aja padha nyembah syetan, wis tetela (cetha) syetan iku musuhira

[61] Ingsun parentahi, "Sir anyembaha Ingsun, Iki dalan bener

[62] Sejatine syetan wis nasarake wong akeh tunggalanira. Ya gene sira padha ora mikir kang mangkono mahu

[63] Iki neraka jahannam kand di ancamake marang sira biyen

[64] Dina iku sira nyemplunga neraka jahannam minongka patrapane anggonira padha maido marang Ingsun

[65] Ing dina iku sira ngunci cangkeme wong kafir kabeh (dadi ora bisa selak), tangane padha munjuk marang Ingsun dene sikile padha nekseni ngandhakake kabeh barang kang wis padha dilakoni nalika ing donya

[66] Upama ana parenge karsaningsung, wong kafir mau padha Ingsun cuplaki matane, ing kono kelakon padha melaku ing dalan, kapriye anggone bisa weruh dalan

[67] Upama ana kersaningsun, wong kafir mau Ingsun salini rupa (dadi kethek, celeng, utawa watu) mesthi kelako ana panggonane banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong maneh

[68] Sing sapa Ingsun paringi dawa umure, sawise katok rasane lan kabeh bahe, banjur Ingsun balekake dadi bocah maneh. Ya gene padha ora anggagas

[69] Ingsun ora mulang tembang/syair (marang Muhammad), saiba dheweke (Muhammad) ora bisa nganggit tembang. Dene kang didhawuhake iki dudu tembang, nanging Kitab al-Qur'an isi dhawuhing Allah marang manungsa

[70] Kanggo ngelingake wongkang akale urip, lan majibake siksa wong kang atine mati yaiku para wong kafir

[71] Wong kafir padha ora ndeleng yen sarupaning rajakaya iku gawene Ingsun dhewe, mongka Ingsun parengake migunani marang manugnsa, banjur handarbeni

[72] Rajakaya mau Ingsun gawe manut miturut marang manungsa, malah ana kang dadi tetunggangane, lan ana kang dibeleh, daginge dipangan

[73] Perangane rajakaya akeh kang migunani marang manungsa (wulune kena ginawe sandhangan) pohane dadi omben - ombene, ya gene padha syukur

[74] Wong kafir padha ngadegake pangeran saliyane Allah, (brahala). Padha ngarep - arep oleh pitulungane

[75] (Brahala mau) ing tembe ora bisa weh tetulung marang wong kafir, dheweke padha digiring marang neraka, memper kaya balane

[76] (Muhammad) sira aja sedhih miris dening sumbare wong kafir. Ingsun nguningani kang padha dibathin utawa dilahirake dening wong kafir

[77] Manungsa apa padha ora deleng anggoningsun gawe manungsa mahu saka nutfah? bareng wis dadi manungsa banjur padha madone dhawuh Ingsun

[78] Wong kafir lali kawitane anggoningsun dadekake manungsa, malah padha angelar upama anggone maido yen ing tembe bakal Ingsun tangekake saka pati. Pangucape, "Sapa kang bisa nguripake balug kang wis ajur dadi wong maneh

[79] (Muhammad) Dhawuha, "Kang bakal nguripake iku Pangeran kang murwani gawe balung mahu, diuripake dadi wong. Pangeran nguningani semu barang kang dumadi

[80] Kang metokake geni migunani marang kowe, diwerokake saka kayu kang teles tur ijo. Ing kono kowe bajur ngumbakake geni mahu

[81] Pangeran kang gawe geni lan langit kang semene gedhene, apa ora kkuwasa gawe barang kang cilik (Hiya iku manungsa)? Allah iku kang gawe samu barang kang dumadi tur nguningani

[82] Kanyataning Allah, manawa kersa gawe sadhengah barang mung ngandika, "Sira anaa", sanalika banjur ana

[83] Allah iku Maha Suci, Panguwasane samu barang kawengku ing Allah. Besuk ana akherat samu barang padha bali marang ngarsane Allah

As-Saffat

Surah 37

[1] Demi para Malaikat kang adha baris sap - sapan

[2] Demi para Malaikat kang padha ngimpun mega

[3] Demi kang padha maca al-Quran kelawan eling

[4] He (Manungsa). Sesembahanira kang bener iku mung Allah kang sawiji

[5] Hiya iku pangerane langit lan bumi, lan samu barang kang ana antarane langit lan bumi. Sarta Pangerane panggonan mletheke lan surupe srengenge

[6] Ingsun ngrenggo - ngrenggo langit kang cedhak kanthi lintang pirang - pirang kang padha semlorot

[7] Lan (ing kono ana) pangreksa saking sarupaning syetan kang amelwani

[8] Syethan ora bisa ngrungokake guneme para Malaikat kang ana ing ngendi - endi panggonan

[9] Syetan mahu dipatrapi siksa kang langgeng

[10] Kajaba syetan bisa sawetara bisa ngrungokake sakecap - rong kecap kelawan rikatan hewadene banjur katungka dibalang "Shihab" kang mubyar - mubyar lan natoni

[11] Takono angel endi anggone gawe wong kafir karo gawe bui lan langit? Anggoningsun gawe dheweke (wong kafir) mung saka endhut

[12] Balik sira (Muhammad) banjur gumun ana apa wong kafir ora bisa nerangake mung geguyu

[13] Menawa dipituturi surasaning al-Quran ora manut

[14] Menawa padha handeleng tandha yekti kehelokan (kayata sigare rembulan) padha geguyu

[15] Pangucape, "Iki ora liwat mung sihir

[16] Apa besuk yen aku wis mati utawa wis dadi lemah lan balung, aku bakal diuripake dadi wing maneh

[17] Apa perlu para leluhurku zaman kuna biyen uga padha diuripake kabeh

[18] (Muhammad) Dhawuha, "Padha diuripake kabeh dene kowe padha asor banget

[19] Dhene tangine wong kang wis padha mati iku mung sarana pathake (malaikat Israfil) sapisan bahe, sarta handeleng hala beciking lakune

[20] Padha ngucap (wong kafir): "Hadhuh, cilaka temen aku", (Banjur malaikat dhawuh), "Iki buktine dina Qiyamat

[21] Hiya iki dina pancasaning prakara kang padha kok paido biyen

[22] (Malaikat banjur tampa dhawuh), Sarupane wong kafir para syetan kang dadi panuntun, brahala kang disembah padha klumpukna kabeh

[23] Wong kafir padha nyembah liyane Allah, padha giringen marang dalan marang neraka jahannam

[24] Kabeh padha sira dhawuhana ngadeg ana pinggiring neraka, perlu padha ditakoni panggaweyan kang wis dilakoni

[25] Malaikat kang rumeksa neraka Jahannam banjur takon, "Yogene kowe padha ora tulung - tinulung karo kancamu

[26] Dino iku won gkafir ora bisa mangsuli mung pasrah bongkokan

[27] Padha pandeng - pinandheng lan tutuh - tinutuh padha kancane

[28] Panutuhe won gkang manut kang dianut, "anggonku manut marang kowe biyen, marga anggonmu hambujuk aku dibondhani supata

[29] Wong kang dianut mangsuli, "Hiya bener nanging kowe ora percaya marang rasul saka karepmu dhewe

[30] Aku ora kuwasa nyegah marang kowe. Tetela kowe kesasar saka karepmu dhewe

[31] Dadi saiki kita kapeksa padha ngrasakake siksa kang wis diancamake biyen, tetep kaya pangandikaning Allah Pangeranku

[32] Aku nasarake marang kowe, nanging aku dhewe hiya kesasar

[33] (Pangandikaning Allah) dado dona iku wong kafir kang manut lan kang dihenut, kabeh padha disiksa

[34] Kaya mangkono anggoningsun nindakake pangadilan marang para kafir

[35] Wong kang padha nyembah brahala manwa krungu pangucap, "Laa Illaaha Illallah" banjur padha gumedhe

[36] Pangucape, "Apa aku padha mareni nyembah brahala, mung marga manut marang nganggit tembang edan

[37] (Pangandikaning Allah) (Muhammad) iku dhawuhake barang kang nyata, temen saka Ingsun cocok kang didhawuhake dening para rasul kang kuna - kuna

[38] (Para wong kafir) Sira kabeh ora wurung bakal ngrasakake siksa kang ngelarani

[39] Ora liwat kang mangono mahu tumanja patrapane kaluputan kang wis padha sira lakoni

[40] Kajaba para kawulaning Allah kang resik mligi pracaya ing Allah

[41] Ana suwarga padha olelh rizki kang tinamtokake

[42] Hya iku woh - wohan pirang - pirang lan nyenyamikan. Wong mukmin padha kajen banget

[43] Ana ing suwarga kang akeh kanikmatan (Suwarga Na'im)

[44] Padha linggih ana ing dhampar kencana adhep - adhepan

[45] Padha diladen gelas isi banyu bening saka sumber-sumber

[46] Rupane puth diombe enak banget

[47] Omben - omben mau ora marakake mumet (ora isi alkohol) uga ora marakake mendem

[48] Ing suwarga padha marem handeleng rabine kang endah rupane mripate omba nyengsemake

[49] Kekulitane putih semu kuning memper endhok kang kasimpen becik

[50] Wong ing suwarga padha pandeng - pinandheng lan takon tinakon padha kancane (bab lakune ing donya)

[51] Ana kang celathu mangkene, "Kala ing donya kula gadhah konca mahiben bab anggenipun tiyang badhe tangi saking pejah

[52] Wicanten, "Apa kowe ngandel bakal tangine wong kang wis padha mati

[53] Besuk yen wis aku mati sarta wis dadi lemah lan balung, apa nyata aku bakal tampa ganjaran utawa nandhang siksa

[54] Won ging suwarga celathu marang kancane, "Manapa badhe sumerep kawontenipun tiyang ingkan mahiben

[55] Banjur padha ngungak, ing kono banjur handeleng wong kang maido mau ana telenging neraka jahannam

[56] (Won ging suwarga) padha celathu, "Demi Allah, upama aku kena kok bujuk, kok jelemprongake, mesthi aku cilaka kaya kowe

[57] Upama ora ana pitulunge Allah marang aku, mesthi aku melu digiring neraka kaya kowe

[58] (Wong ing suwarga mahu) celathu, "Punapa kula badhe pejah maleh

[59] Kejawi pejah sepisan ing kang sampun kula lampahi rumiyin punapa kula boten badhe dipun siksa

[60] (Malaikat dhawuh), "Sampeyan boten badhe pejah maleh, langgeng wonten suwarga, punika kabegjan ingkang ageng

[61] Wong kang padha ngelakoni kabecikan murih oleha kabegjan

[62] Sesuguhing Allah suwarga kang mangkono mau becik hendi karo woh zaqqum? (hiya iku woh - wohan neraka)

[63] Woh zaqqum mahu Ingsun sediyakake kanggo matrapi para wong kafir

[64] Kayu zaqqum iku tukhul ana telenge neraka Jahim

[65] Mancunge zaqqum mau memper hendasing syetan

[66] Wong kafir padha kapeksa mangan woh zaqqum mau, nganti kebak wetenge

[67] Sawise mangan banjur ngelak banget nuli padha ngome wedang kang luwih panas

[68] Banjur padha bali marang panggonane lawas ana ing neraka Jahim

[69] Wong kafir mau padha katemu para leluhure kang uga padha kesasar

[70] Anggone manut leluhure kelawan rerikatan tanpa dipikir

[71] Pawa wong kuna sadurunge wong kafir mau kang akeh padha kesasar

[72] Tur Ingsun wis ngutus para nabi, nyurup - nyupake lan ngelingake marang para wong kafirm mau, nanging ora dipahelu

[73] Mara sira delenga, kapriye kadadeyane wong kafir kang wis dielingake meksa ora mahelu

[74] Kajaba kawulaning Allah mukmin lan resik atine (kalis saka siksa)

[75] Nuh wis matur marang Ingsun nyuwunake patrapaning para ummate kang padha maido. Ingsun iki kang marengake panyuwun kang becik dhewe

[76] Insun paring selamet marang Nuh dalah para wargane selamat saka kasusahan gedhe

[77] Ingsun dadekake turune Nuh wong kang nerusake ketrunane

[78] Ingsun ngelestarekake kanggo Nuh kahutamane, hangalembana dening para nabi lan ummate kang keri - keri

[79] Sak isining alam kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Nuh

[80] Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

[81] Nuh iku kalebu hewone para kawulangsin kang padha percaya

[82] Liyane Nuh dalah para wargane, kabeh padha Ingsun tumpes sarana banjir topan

[83] Dene kang kalebu ngleluri uwiting agamane Nuh iku Ibrahim

[84] Awit Ibrahim iku madhep ing Pangerane kelawan ati kang mulus (ora kaworan maro tingal)

[85] Dhek samana Ibrahim matur marang Bapakne, lan pitutur marang ummate, "Sampyan punika sami nyembah punapa

[86] Kenging punapa sampeyan hanjarang wicanten dora, nyembah sanesipun Allah, inggih punika brahala

[87] Kados pundi panginten sampeyan, punapa pangeraning jagad punika badhe kendel kemawon boten nyiksa

[88] (Ibrahim) banjur handeleng lintag sak gebyaran (karepe nyatakake barang kang ghoib saka kaweruh palintangan)

[89] Nuli celathu, "Kula punika badhe sakit

[90] Banjur ummate (Ibrahim) padha ningal lunga ngungkurake

[91] (Ibrahim) nuli noleh marang brahala sesembahaning para ummate kang padha disajeni pangan, serta celahu, "Ya gene kowe padha ora gelem mangan

[92] Ya gene kowe padha ora tahu celathu

[93] (Ibrahim) tumuli hanggebug seru marang barahala nganti pecah

[94] Para ummate (Ibrahim) banjur padha bali rerikatan

[95] Ibrahim celathu, "Ya gene kowe padha nyembah brahala, gegaweyane tanganmu dhewe

[96] Allah iku kang gawe awakmu lan samu barang gegaweyanmu

[97] Ummate Ibrahim celathu, "Sarehne Ibrahim iku makewuhi anggonku padha nyembah brahala, saiki gawekna panjaga nuli cemplunna ing geni

[98] Karepe ummate Ibrahim, geni mau dienggo maheka dheweke, nanging para ummate mahu weksasane Ingsun dadekake asor (paekane ora tumama, geni dadi anyep, Ibrahim metu saka ing geni kelawan selamet)

[99] Ibrahim celathu, "Aku sowan marang ngarsaning Allah Pangeranku ing tembe Allah paring pituduh dalan bener marang aku

[100] Dhuh Pangeran kawula paduka mugi paring akan sahe dumateng kawula

[101] Ingsun banjur ambebungan (marang Ibrahim) diparingi weruh yen arep dhuwe anak lanang kang becik kelakuane (aran Ismail) bekti marang wong tuwane tur welasan

[102] Bareng Ismail wis bisa melayu handherek Ibrahim, tumuli tutur marang dheweke, "He anakku, weruhana aku tampa dhawuhing Allah ana ing pangimpen, didhawuhi hambeleh, kapriye panemumu?" Ismail matur, "Dhuh Bapak, prayoginipun lajeng panjenengan hestokaken dhawuhing Allah wahu (mragat kula). Manawa Allah marengaken panjenengan badhe pisa tatagipun manah kula

[103] Bareng dheweke sak keloron padha manggakake apa sakersane Allah lan Ibrahim wis nurokake miring Ismail habantal pipine (nyata kesabarane)

[104] Ingusn banjur nimbali, "Hai Ibrahim

[105] Temen sira wis ngestokake dhawuh ana pangimpen samono uga sarupane wong kang ngelakoni kabecikan, padha Ingsun paringi ganjaran

[106] Parentahingsun kang mangkene iki , teela coba kang gedhe

[107] Banjur Ingsun lironi wedhus kang gedhe, dadi hambeleh wedhus mahu

[108] Ingsun glestarekake jenenge Ibrahim lan kahutamane, hangalembana dening para nabi lan para ummat kang keri - keri

[109] Kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Ibrahim

[110] Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

[111] Satemene Ibrahim iku ewone kawulaningsun kang padha percaya

[112] Ingsun hambebungah (Ibrahim) manawa Ishak Ingsun junjung dadi nabi kalebu ewone wong kang becik

[113] Ingsun hamberkahi (Ibrahim) lan uga Ishak, anak turune nabi loro mau ana kang becik, percaya marang Insun, lan anak kang kafir, tetela nganiaya marang awake dhewe

[114] Lan satemene Ingsun wis paring kabungahan marang Musa, lan Harun, (sakarone ingsun junjung dadi nabi)

[115] Lan Ingsun selamaetake Musa lan Harun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe

[116] Ingsun tulungi wong Bani Israil kabeh ngalahake (Fir'aun) dadi wong sing menang

[117] Ingsun maringi kitab (Taurat) kang luwih cetha

[118] Lan Ingsun paringi pituduh dalan bener

[119] Lan Ingsun nglestarekake jenenge (Musa lan Harun) lan kahutamane hangalembana dening para nabi lan ummat kang keri - keri

[120] Kabeh padha muji Allah muga paringa selamet marang Musa lan Harun

[121] Kaya mangkono anggoningsun amles marang wong kang gawe kabecikan

[122] Satemene (Musa lan Harun) mahu hewone para kawulaningsun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe

[123] Sateme Ilyas iku hewone para utusan

[124] Iku sira caritakna lelakone, nalika pitutur marang para ummate, "Ya gene kowe ora padha bekti ing Allah

[125] Ya gene kowe padha nyembah brahala aran Bangal, ora gelem nyembah Pangeran kang gawe saupane kang dumadi kelawan sempurna, ngungkuli kang padha gagaweyan kabeh

[126] Hiya iku Allah Pangeanmu lan Pangerane para leluhurmu ing zaman kuna

[127] Para ummat mau padha maido (marang Ilyas), mulane ing tembe padha dicemplungake (neraka)

[128] Mung para kawulaning Allah kang padha resik atine (padha selamet saka siksa neraka)

[129] Ingsun nglestarekake jenenge (Ilyas) lan para ummat kang keri - keri

[130] Kabeh padha memuji, "Allah muga paring selamet marang Ilyan lan wargane

[131] Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

[132] Satemene Ilyas iku kalebu hewone kawulaningsun kang padha percaya

[133] Lan maneh Luth hewone padha utusaningsun

[134] Sira nyaritakna lelakone Luth mahu, nalika Ingsun paringi selamet dalah para wargane kabeh kalis saka siksaningsun

[135] Kajaba wong wadon tua rabine Luth, iku keri melu nandhang siksa

[136] Ingsun nuli numpes ummate Luth liya - liyane

[137] Sira mesthi padha handeleng patilasane (ummate Luth), nalika sira melaku ngliwati apnggonane ing wayah esuk

[138] Lan ing wayah wengi, ya gene sira padha ora anggagas

[139] Satemene Yunus iku hewone para utusaningsun

[140] Elinga nalika dheweke (Yunus) mutung (ninggal gaweyan) lakune pelayaran munggah perahu kebak momotan

[141] Ana segara tinempuh angin ribut. Wong ing perahu padha diundhi (kang enthuk undhi dicemplungake sagara). Yunus katiban undhi (banjur dicemplungake)

[142] Nuli ana iwak gedhe (Nun) nguntal minangka matrapi anggone mutung

[143] Upama Yunus ora eling nyebut Maha Suci ing Allah

[144] Mesthi tulus ana ing wetenge iwak Nun, nganti qiyamat

[145] Mulane banjur Ingsun wetokake saka wetengen iwak gedhe (Nun) ana ing gisiking segara awake ngelumpruk kaya wong lara

[146] Ingsun banjur nukulake wit Yaktin (Waloh) kanggo ngeyubi

[147] Nuli Ingsun dhawuhi mulang nyurub - nyurubake marang wong kang cacahe sakethi (ewon)

[148] Banjur padha ngestokake dhawuhing Allah kang diemban dening Yunus, mulane padha Ingsun paringi kabungahan nganti tekan patine

[149] (Muhammad) sira handangu marang wong kafir, "Apa hiya pangeranmu peputra putri lan kowe padha duwe anak lanang

[150] Apa nyata Ingsun gawe Malaikat wadon, sarta wong kafir padha handeleng dhewe

[151] Awit saka gorohe dhewe wong kafir padha ngucap

[152] Allah iku peputra", pangucape mangkono iku goroh

[153] Apa panjenengane iku milih putra wadon ngungkuli putra lanang

[154] Ya gene kowe nganggep: kapriye ta anggonira padha mancasi

[155] Ya gene kowe ora padha gelem mikir - mikir

[156] Apa kowe padha duwe tandha yekti kang cetha (anggone mertandhani yen Allah iku peputra)

[157] Yen dhasar bener panemumu iku, mara hendi kitabmu kang mratelakake kaya panemumu mau

[158] Wong kafir padha nganggep yen Allah lan jin iku tunggal bangsa. Satemene jin mau wis padha weruh yen dheweke ing tembe padha dicemplungake (neraka)

[159] Allah iku Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe wong kafir

[160] Kajaba para kawulaning Allah kang padha resik atine

[161] He wong kafir, kowe lan barahala sesembahanmu

[162] Kowe kabeh ora bisa hanjlomprongake sawijining wong

[163] Kajaba wong kang wis pinasthi kacemplungake ing neraka

[164] Pangucape malaikat: "siji - sijining kancaku malaikat mesthi duwe panggonan kang tinamtokake

[165] Aku iki padha ngadhep sap-sapan (ngabekti ing Allah)

[166] Aku iki padha nyebut, "Maha Suci" ing Allah

[167] Sanadiyan padha celathu mangkene

[168] Upama aku nyekel kitabe para nabi zaman kuna

[169] Mesthi aku dadi kawulaning Allah kang ngabekti, kelawan ati resik

[170] Wong kafir mau banjur padha maido (al-Quran) mulane ing tembe bakal weruh (kadadeyane awake)

[171] Papestheningsun marang kawulaningsun kang dadi utusaningsun wis tetep

[172] Para utusaningsun mau bakal padha ditulungi Allah

[173] Dene wadiyabalaningsun bakal padha menang

[174] Mulane wong kafir iku sira tokna bae, nganti ana dhawuhingsun perang

[175] Wong kafir mau sira delenga bahe (nalikane tinempuh siksa) dheweke uga padha handeleng (kawusaning awake)

[176] Ya gene wong kafir padha nantang nyepetake siksaningsun

[177] Nalikane siksa nempuh marang si kafir ing dina esuk (Sangir) nyata hala banget tumrap kang wis dielingake (nanging ora ngelakoni)

[178] Saiki si kafir tokna bae nganti ana dhawuhingsun perang

[179] Ing tembe yen tinimpuh ing siksa sira delenga bahe, si kafir uga bakal handeleng kawusaning awake

[180] Allah Pangeranira kang kagungan kamulyan, Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe (si kafir)

[181] Para utusaning Allah muga padha diparingana slamet

[182] Sakabehing puji konjuk ing Allah Pangerane alam kabeh

Sad

Surah 38

[1] Shaad, Demi al-Quran kang terang lan mulya

[2] Ora kaya pangucape si kafir (anggone nganggep Pangeran iku ora mung siji) iku gumedhe nyulayani Allah lan rasule

[3] Pira bahe akehe ummat ing zaman kuna, sadurunge si kafir, padha Ingsun tumpes marga saka dosane. Nalika tampa ing siksa para ummat mau padha sesambat. Saiki ora ana pangungsen

[4] Si kafir padha gumun, dene katekan utusaning Allah juru pangeling saka kancane dhewe, Pangucape si kafir, "iki juru-sihir kang goroh

[5] Ya gene panemune (Muhammad), Pangeran iku mung siji bahe, perkara iki hanggumunake banget

[6] Panggedhene si kafir banjur nglungani, pangucape, "Ayo padha bubaran, kowe padha mantepa anggonmu padha sumungkem marang brahala (pangeranmu)". Panemune (Muhammad) iki wis kersaning Pangeran

[7] Agama kang keri dhewe iki (Agamane Isa) aku ora krungu yen mulangake kang kaya mangkono, ora liwat goroh kang digawe - gawe

[8] Apa (Muhammad) diparingi al-Quran dening Allah? Kang mongka iku mung sapapake wong bahe. Pangandikaning Allah, "Si kafir padha mamang marang al-Quran kang Ingsun dhawuhake apa dupeh durung ngrasakake siksaningsun

[9] Apa si kafir nyekel gedhong pasimpenane rahmate Pangeranira kang menang tur wenang paring marang wong kang dadi parenging kersane

[10] Apa wong kafir iku duwe keraon bumi lan langit, nguwasani barang kang ana antarane (mesthi ora) yen padha ngaku duwe maa padha munggaha ing ondho menyang langit

[11] (Si kafir iku kawula kang asor) mulane sak pantho prajurit kang gedhe kang ana ing kono saka golongan - golongan kang ngumpul bakal kalah

[12] Akeh ummat padha maido ing rasul sadurunge dheweke umate Nuh, 'Aad, Fira'un kang duwe wadya bala akeh

[13] Wong Tsamud maido ing Sholih, ummate Luth lan panduduk Aikah (maido ing Su'aib) kabeh kang kasebut mau duwe bala akeh

[14] Siji - sijine ummat samono mau padha maido para rasul, mulane wis benerre ngrasakake siksaningsun

[15] Wong kafir padha ngenteni pangundange (malaikat) sapisan besuk dina qiyamat banjur mati ora bisa bali marang donya

[16] Pangucape, "Dhuh Pangeran kawula, serat cathetanipun mugi padhuka paringaken dhumateng kafula sapunika saderengipun dinten qiyamat

[17] (Muhammad) Pangucape tokno bahe, saiki sira nyaritakna lelakone kawulanginsun Dawud kang rosa ngabekti, satemene Dawudh mau setiya tuhu

[18] Sarupaning gungung Ingsun sungkemake marang Dawud padha melu nyebut maha suci marang Ingsun ing wayah isuk lan sore

[19] Apa dene manuk padha nglumpuk melu Dawud memuji ing Allah, kabeh padha murih keparengig Allah

[20] Ingsun ngentasake keratone Dawud lan diparingi pangkat Nabi sarta kabeneran samu barang kang dilakoni diparingi kaweruh bisa ngrampungi pasulayaning uwong

[21] Sira apa wis weruh cerita lelakone Dawud, nalika ana malaikat loro mendho - mendho wong perkaran munggah ing panggung papane Dawud

[22] Nalika dheweke mlebu nemoni Dawud, dheweke kaget sebab ana wong mlebu ing panggonane. (Wong loro sing prakaran mau) padha matur, "Panjenengan sampun ajrih kula punika tiyang pasulayan ingkan satunggal nandukake pangaihaya dhateng satunggalipun, panjenengan mug andhawuhake karampungane Pangadilan dhaten gkula kalayan leres, sampun ngantos mlenceng mugi anedhana margi ingkan leres

[23] Sayektosipun sedherek kula punika gadhah menda estri , kula namung gadhah setunggal. Wicantenipun, "Wedusmu siji iku tak pekke wae; panedhanipun hanggujeg piyambakipun ngawonaken kula wonten ing rembagan wahu

[24] Dawud ngandika, "Sedulurmu iku nakal, nganiaya marang kowe anggone anjaluk wedhusmu kang maung siji kudu dikumpulake wedhuse kang ". Wong kang bathon ngemorake bandhane kang akaeh ana kang nakal. Kajaba wong kang pracaya ing Allah sarta ngelakoni penggawe becik. Nanging wong kang mangkono iku arang - arang. Dawud banjur kelingan rumasa kena cobaningsun, Sanalika Dawud junggel ruku' lan sujud tobat ing Allah

[25] Ingsun banjur ngapura kaluputane. Kajaba pangapura, Dawud Ingsun paringi panggonan cedha karo Ingsun hiya kawusanan kang becik

[26] He Dawud! Sira Ingsun dadekake panguasa Ingsun ana bumi mulane sira nindakna hukum adil marang manungsa, aja mung nuruti karepira dhewe, awit karepira iku nasarake sira saka dalaning Allah, sarupaning wong kang kesasar dalaing Allah bakal dipatrapi siksa kang abot, marga anggone padha lalai ora perduli dina qiyamat

[27] Anggoningsun gawe bumi lan langit, apa dene samu barang kang ana antarane iku ora dolanan. Panemune si kafir iku dolanan wae, si kafir padha cilaka marga bakal kacemplung neraka

[28] Para wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik apa Ingsun gawe padha wae karo wong kang gawe rusak ana bumi? Apa wong kang bekti iku wong hala? (Panemune si kafir iku memper wae ora)

[29] Al-Quran iki kitab kang Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad) becike lan pigunane akeh supaya manungsa padha ngrasakake surasaning ayate. Wong kang duwe akal padha ngestokna

[30] Lan Ingsun paringi kanugrahan marang Dawud anak lanang aran Sulaiman, kawulaning Allah kang sholih awit banget sumungkeme ing Allah

[31] Dhek semana nuju wayah lingsir Sulaiman meriksa jaran jarahan. Yen meneng, menenge anteng, yen mlayu luwih dening rikat. (jaran mau cacah becik - becik kabeh. Ketungkul anggone mriksa ngati surup srengenge kelalen ora sholat ashar)

[32] (Sulaiman banget nelongso ing Pangeran) Pangucape, "Aku iki arep demen jaran nganti kelimput elingku ing Pangeranku nganti surupe srengenge

[33] Nuli ana malaikat dhawuh, "Kepel ingkang sampun lajeng dipun priksa inggal dipun wangsulaken (cahosaken) Allah". Nuli Sulaiman ngelus - elus sikile lan gulune

[34] Ingsun nyoba marang Sulaiman, lan Ingsun dadekake dheweke gelethak ana dhampare (kursi emas) sarirane lemes (marga gerah) tumuli taubat

[35] Sulaiman nalongsa munjuk ing Allah: "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi ngapura dhumateng kawula, saha paringa kraton ageng dhumateng kawula. Ingkang ing tembe sapengker kawula boten wonten satunggaling tiyang gadhah keraton ingkang sami. Saestunipun Paduka punika kuwasa peparing

[36] Ingsun banjur nyungkemake angin (marang Sulaiman), angin mahu mlaku ngidit ngestokake parentah sing dikersakake

[37] Sarupaning syetan padha ngestokake parentahe (Sulaiman)

[38] Lan ana maneh syetan liyane padha diblenggu ana ing belukan

[39] (Sulaiman) iki peparing Ingsun marang sira kang tanpa kira - kira. Sira kena peparing marang wong kang sira karepake lan kena ora peparing

[40] (Sulaiman) Ingsun paringi panggonan ing suwarga cedhak karo Ingsun yaiku kawusanan kang becik

[41] (Muhammad) sira nyaritakna lelakone kawulaningsun Ayub nalika munjuk ing Pangerane, kawula pnika dipun paheka ing syetan, gesang kawula sarwa rekahos, saha badan kawula sakit

[42] (Pangandikaning Allah marang Ayub): "Hanggejlokna sikilmu ing lemah"; nuli banjur dadi sumber banyu, Iki banyu anyeb kanggo adus lan ngombe

[43] Lan Ingsun paringi Ayub (kanthi nguripake maneh) ahline (anakke cacah enem) lan Ingsun wuwuhi semono maneh minongko rahmat saka Ingsun kang mangkono mahu dadia wewulang marang wong kang ana akale

[44] He Ayub sira jupuka suket satekem nuli sira gitikna ing rabinira, minongka ngluwawi nadhzar ira kanthi supata. Sira aja nyidrani nadhzar lan aja nerjang supata. Ingsun nguningan i nyata yen Ayub iku wong shabar temenan. (Nalikane Ayub lara nadhzar kelawan supata, samangsa larane waras bakal gitik rabine ping ). Kawula kang becik iku Ayub, awit banget anggone murih keparengingsun

[45] (Muhammad) sira nyaritakna kesabarane kawulaningsun Ibrahim lan Ishak, apa dene Ya'qub kang padha rosa anggone ngabekti

[46] Ingsun ngresikake atine dheweke (nabi telu mau) kanthi budi dhuwur maligi ngelingake (manungsa) marang akherat

[47] Dheweke (nabi telu mau) mungguh Ingsun, kaleb wong pilihan kang suci saka rereget

[48] Lan sira nyaritakna kahutamane Ismail, Ilyasa', Zulkifli, kabeh kalebu wong pilihaningsun

[49] Kang wis kasebut iki carita isi wewulang becik sarupane wong kang bekti ing Allah iku bakal becik wekasane

[50] Hiya iku padha oleh ganjaran suwarga 'Adn kang lawang - lawange padha menga, nyediani malebune wong kang padha bekti

[51] Wong mau ana suwarga padha linggih sendhen tur padha diladeni sawarnaning woh - wohan akeh sarta homben - homben

[52] Sarta padha nyandhing (widadari pirang - pirang) kang indah warnane lan rampak enome (umure)

[53] Hiya iku ganjaran kang wis dijanjekake

[54] Isining suwarga iki rizki peparingsun kang ora bisa entek. (Kang wis kasebut mau ganjaran marang para wong mukmin)

[55] Dene wong kafir kabeh bakal hala wekasane

[56] Bakal padha kacemplung neraka jahannam panggonan kang hala banget

[57] Padha ngrasakna wedang panas kang melonyohake, lan banyu sing adhem banget

[58] Apa dene siksa liyan - liyane warna - warna sapadhane

[59] Ing kono ana dhawuh, "Wong akeh iki uga dicemplungake neraka, bareng kowe para pangarepe". Wong kafir padha celathu, "Saiki wong iku ora oleh papan kang omber. Mesthi dicemplungake ing neraka

[60] Wong kang manut dadai kafir padha mangsuli, "Kowe saiki kang ora oleh papan omber, kowe dhisiki kafir, aku kang kari. Ora ana pangucap, Sugeng rawuh, marang sira". saiki panggonanmu lan panggonanku hala banget

[61] Wong kang manut mau banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, tiyang ingkang ngajani kawula dados kafir punika siksanpun wonten neraka mugi paduka wewahi tikel katimbang kaliyan kawula

[62] Pangarepe wong kafir iku ana neraka padha celathu, "Ya gene aku ana kene ora weruh wong - wong kang nalika ana donya padha anggep hala lan asor?" Pandhereke Muhammad

[63] Dhek ana donya wong mau tak anggo geguyon. Saiki apa ora ana ing neraka kene. nanging pandelengku dadi katilapan ora weruh

[64] Kang wis kasebut bab padune wong ing neraka mau nyata

[65] (Muhammad) dhawuha marang si kafir, "Aku ngelengake marang kowe. Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang Esa tur masesa

[66] Hiya iku, Pangerane bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane bumi lan langit kang menang tur kepareng ngapura dosa

[67] Sira dhawuha, "AL-Quran iku cerita gedhe

[68] Hewa dene kowe padha malengos marang Al-Quran

[69] Aku ora duweni kaweruh ing ngalam dhuwur nalikane para malaikat padha bantah - bantahan (bab nabi Adam biyen)

[70] Hewa dene aku bisa nyaritakake iku saka apa, kajaba oleh dhawuhing Allah, Aku iki nabi temenan, kang diutus ngelingake marang kowe

[71] Para malaikat anggone padha bantah - bantahan mau ceritane mangkene, Allah dhawuh (Dhek samana Pangeranira ngandika marang para malaikat) Ingsun gawe manugsa saka lemah

[72] Bareng wis dadai, sarta wis Ingsun panjingi ruh peparing Ingsun, maungsa banjur urip. Ingsun banjur dhawuh marang para malaikat, "Sira padha sumungkema sujud marang manungsa (Adam)

[73] Para malaikat kabeh banjur padha sungkem

[74] Kajaba mung Iblis, iku gumedhe. Mopo ora gelem sujud banjur dadi kafir

[75] Allah duka, Pangandikane, "He Iblis apa sebabe dene sira teka mopo (mogok) sujud marang manungsa, kang Ingsun gawe kelawan astaningsun pribadi. Sira rumongsa gedhe apa luhur, ngungkuli liyane

[76] Iblim munjuk, "Kawula punika langkung sahe, ngungkuli manungsa. Hawit Paduka handadosaken kawula saking latu, lan handadosaken maungsa saking siti

[77] Allah ngandika, "He Iblis, sira lungaha saka langit, sira kena dedukaningsun

[78] Lan sira kena beneduningsun sanadyan tekan dina qiyamat, bakal nandhang siksaningsun

[79] Iblis munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan srantosaken dinten qiyamat

[80] Allah ngandika, "Hiya, sira Ingsun serantekake

[81] Nganti tekan dina qiyamat kang wis tinamtokake

[82] Iblis munjuk, "Demi kamulyan Paduka, kawula mesthi anggodha dhateng Adam saturunipun sadaya

[83] Kajawi para kawula Paduka ingkang sami resik manahipun anggenipun pitados ing Paduka

[84] Allah ngandika, "Pangandikaningsun yekti temen

[85] Saktemene Ingsun mesti arep ngebeki neraka jahannam iku kelawan sapanunggalmu (manungsa) yaiku wong sing antarane manut marang kowe kabeh

[86] (Muhammad) Sira dhawuha, "Anggonku ngundhangake, dhawuhing Allah iku aku ora aweh pituwas apa - apa saka kowe, lan aku ora gawe - gawe

[87] Al-Quran iki pitutur becik marang wong sejagad

[88] Dene ceritane al-Quran iki ing tembe sira bakal weruh kenyataane sawise mongsa iki

Az-Zumar

Surah 39

[1] Tumuruning Kitab al-Quran iku terang saka Allah kang Mulya tur wicaksana

[2] (Muhammad) Ingsun handhawuhake kitab al-Quran kelawan nyata marang sira, Mulane nembaha lan ngestokna ing Allah kelawan ati resik, ngelakoni Agama Islam (sumungkeng ing Allah)

[3] Agama Islam kang resik, apa dudu kagungane Allah? (Mesthi). Sarupane wong kang padha ngadegake Pangeran liyane Allah, hiya iku brahala. Pangucape, "Anggone nyembah brahala iki karepku dadi jalarane anggonku kacedak ing Allah". Ing tembe Allah bakal mancas (wong nyembah brahala lan wong Islam) kang apdha dienggo pasulayan. Satemene Allah ora kersa paring pituduh marang wong kang goroh tur kafir

[4] Saupama Allah kersa peputra mesthi milih dedamelane kang dadi parenge kersane. Allah Maha Suci, hiya iku Allah kang Esa tur Masesa

[5] Allah iku nyata gawe bumi lan langit, sarta kang ngelojokake awan marang wengi. Apadene nyengkemake srengenge lan rembulan padha ngestokake kersaning Allah. Kabeh padha melaku ana cakrawalane dhewe - dhewe nganti tekan wewangen kang tinamtokake (qiyamat). Pangeran kang mangkono iku apa dudu Pangeran kang menang tur kang wenang ngapura dosa

[6] Allah gawe awakira saka awak siji (Adam) banjur gawe jodhone sarta gawe rajakaya kang maedhahi sira cacah wolu lanang wadon. Allah gawe awakira ana guwa garbane biyungira, dadi titah, sawise mangkono ana ing pepeteng warna, Pangeran kang kaya mangkono kuasane iku Allah kang kagungan kraton. Ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Allah. Manungsa kapriye anggone arep nyimpang saka dalan kang bener

[7] Manawa sira padha kafir, tumraping Allah ora butuh marang sira (marang Imanmu). Dene Allah ora pareng yen kawulane padha kafir. Dene yen sira padha syukur ngestokake parentah Allah ngelilani kesyukuranmu mau, lan wong kang nandhang dosa kang mesthi disongga patrapane hiya mung dosane dhewe, ora bakal nyongga dosane liyane, besuk ing akherat. Sira bakal bali ing Allah Pangeranira ing kono Allah bakal hanjelentrehake samu barang kang wis padha sira lakoni, hala lan becik. Satemene Allah iku nguningani sakrenteking ati

[8] Manungsa iku manawa pinuju kambah ing reribet banjur nyenyuwun ing ALlah Pangerane (mantheng panyuwune). Sawise mangkono manawa banjur diparingi kabungan saka Pangeran banjur lali anggone konjem nyenyuwun ing Allah. Banjur ngadegake brahala ginawe ngembari Allah. Banjur nasarake saka dalaning Allah. (Muhammad) dhawuha marang owng kang mangkono mau, "Padha bungah - bungah anggonmu kafir sawatara. Besuk kowe padha dadi kancane neraka

[9] Wong kang ngabekti Allah ana wayah wengi ngadek lan sujud saking wedi marang (adzab) akherat, hiya nyandhong rahmating Pangerane, apa padha karo wong kafir? (Mesthi beda banget). Sira handanguwa, "Wong kang duwe kaweruh iku apa padha wae karo wong kang ora duwe kaweruh?" Dene wong kang kataman piwulang iki banjur elin giku mung wong kang pepak ngakale

[10] (Muhammad) dhawuha, Pangandikaning Allah mangkene, "He pawa kawulaningsun, sira padha bektia ing Allah Pangeranira. Sarupane wong kang padha ngelakoni panggawe becik ana donya iku, besuk ana akherat hiya oleh becik diganjar suwarga. Bumine Allah iku jembar. Sing sapa ora gawe becik ana ing panggonane, ngaliya ing panggonan liya. Wong kang teguh atine mesthi diparingi ganjaran kang tanpa kira - kira

[11] Sira dhawuha, "Aku iki didhawuhi supaya nyembag ing Allah, (nglakoni agama Islam) kelawan ati resik maligi ngelakoni parentahing Allah

[12] Apadene didawuhi dadiya kawitane para wong Islam

[13] Sira dhawuha, "Menawa aku duraka ing Allah Pangeranku, aku wedi patrapaning Allah besuk Qiyamat

[14] Sira dhawuha, "Aku iki mligi nyembah Allah sawiji (ngelakoni Islam) kelawan ati resik

[15] Hiyata padha nyembaha liyane Allah sakarepmu dhewe (para wong musyrik). Siraaa dhawuha (Muhammad): "Wong kang padha kapitunan nemahi gawe kapitunan ing awake dhewe lan para batihe besuk qiyamat", wis tetela kapitunan temenan

[16] Besuk ana akherat, ing dhuwure lan ngisore wong mahu ana geni kang tumpa - tumpa. Allah medeni kawulane ing geni mau. Pangandikane, "Pawa kawulaningsun mulane sira padha bektia marang Ingsun

[17] Sarupane wong kang ngungkiri panggodhaning syetan, suthik nyembah brahala. Ming sumungkem nyembah ing Allah wong mangkono mau padha dibebungah bakal oleh ganjaran suwarga

[18] (Muhammad) sira hambebungah kawulaningsun. Kang padha ngrungokake dhawuhing al-Quran banjur milih ngelakoni dhawuh kang padha diparingi pituduh bener. Wong kang mangkono iku wong kang duwe akal

[19] Wong kang wis dirampungi kabener nandhang patrapan siksa, apa sira bisa minangkani selamete, ngeluwari wong kang ana sajerone neraka

[20] Nanging sarupaning wong kang bekti ing Pangerane, iku duwe panggonan mulya ana suwarga. Kang ing dhuwure ana panggone maneh. Ing ngisore panggonan mau ana bengawane mili. Kang mangkono mau wis diprasetyakake dening Allah. Allah ora pisan nyidrani janji

[21] Opo siro ora handeleng Allah anggone nurunake banyu udan saka langit. Banjur nglakokake banyu mau wusana dadi tuk pirang - pirang ana bumi. Banjur dianggo lantaran uriping tetanduran utawa wit - witan kang beda - beda, warna lan wohe. Sawise warnane banjur malih kuning Ora suwe nuli runtuh saka uwit. Kang mangkono mau tumrap wong kang ana akale, mesthi dadi wewulang becik

[22] Wong kang duparingi padhang atine dening Allah. dhangan ngelakoni agama Islam. iku tetela wong ngambah pepadhang saka Pangerane. Nanging wong kang atine wangkont (ora eling ing Allah) suthik ngestokake al-Quran, tetela wong kang cilaka kesasar dalan kang bener

[23] Allah iku handhawuhake cerita becik kitab al-Quran kang rampak becik. Sarta siji-sijining cerita: wewulang, pengancam, larangan lan sapinunggalane nganggo dipindhoni utawa diping teloni. Wong kang padha wedhi ing Pangerane manawa ngrungokake pangancam, padha mengkirik gethoke. Dene yen ngerongake larangan, kulite padha putih lemes, sarta atine eling ing Allah. al-Quran iku pituduhing Allah kanggo nuduhake dalan bener marang wong kang dadi parenging kersane. Dene sing sapa dikersakake kesasar dening Allah mesthi ora ana kang bisa nuduhake dalan bener

[24] Wong kang besuk qiyamat rahine disugokake marang siksa neraka kang abot (apa padha wae) lan wong kang selamet saka siksa (mesthi beda). Wong kafir bakal padha didhawuhi, "Mara padha rasakna patrapane kaluputan kang padha sira lakoni biyen

[25] Para wong kang sadurunge kafir, padha maido rasul banjur padha tinempuh ing siksa kang ngagetake, ora kanyanan

[26] Wong kafir mau padha diparingi weruh rasaning siksa dening Allah kancengan ana donya. Dene siksane besuk apa ing akherat, luwih abot maneh upama wong kafir weruh kang mangkono mahu

[27] Ingsun wis hanggelar sakehing upama marang manungsa bab al-Quran iku supaya manungsa mau padha elinga ngestokake dhawuhing al-Quran

[28] Hiya iku al-Quran basa Arab, surasane ora ana kang cengkah, supaya manungsa padha bekti ing Allah

[29] Allah hanggelar upama tumrap wong kang mangro tingal lan wong mukmin mangkene: ana wong lanang (budhak) kang di darbeki dening wong akeh kang padha kekancan (sarekat) lagi pasulayan. Lan ana maneh wong lanang (budhak) kang dadi darbeke wong siji. Wong lanang (budhak) loro maua apa padha wae? Sakabehing puji kagungane Allah piyambak, hewa dene wong - wong iki kang akeh padha ora weruh

[30] (Muhammad) sira iku bakal mati, dheweke (Si kafir) bakal padha mati uga

[31] (Manungsa) satemene sawise mangkono besuk qiyamat, sira padha bantah - bantahan prakaran (diadili) ana ngarsane Allah

[32] Ora ana wong kang luwih nganiaya awake dhewe, tinimbang wong kang goroh marang Allah, apadene yen didhawuhi barang kang mesthi bener (al-Quran) banjur maido. Panggonane wong kafir apa ora ana jahannam

[33] (Muhammad) kang handhawuhake (al-Quran) kang mesthi bener lan wong kang padha percaya sarta ngestokake dhawuh, iku kabeh wong kang becik ing Allah

[34] Wong mangkono mahu bakal padha tompo ganjaran suwarga ana ngarsane Pangerane, ing kono katutugake semu barang kang dikarepake. Hiya iku ganjaran wong kang padha gawe becik

[35] Wekasane Allah nutupi anggone ngelakoni sakehing pihala. Sarta angganjar lakune kang becik, kelawan ganjaran kang luwih saka takering kabecikane

[36] Allah apa ora wis aweh pitulung marang para kawulane kalis saka pihalaning saterune, malah saka pangancame para kafir. Sira diweca bakal kena sisikuning brahala Sing sapa dipesthi kesasar dening Allah, ora ana kang bisa nudhuhake dalan bener

[37] Dene sing sapa pinesthi oleh dalan bener dening Allah ora ana wong kang bisa nasarakae. Yen ora mangkono, apa Allah iku dudu Pangeran kang menang tur kuwasa

[38] Upama sira handangu (marang si kafir), "Sapa kang gawe bumi lan langit", mesthi padha matur, "Ingkang damel inggih Allah". Sira dhawuha saiki piye mungguh panemumu barang liyane Allah kang padha kok sembah (brahala) manawa Allah bakal maringi reribet mau? Utawa menawa aku diparingi kabungahan dening Allah, brahala apa bisa murungake? (Muhammad) dhawuha, "Kang nyukupi aku mung Allah piyambak, wong kang padha ngandhel mesthi padha nyumanggakake sakarsaning Allah

[39] (Muhammad) dhawuha, "Para ummatku padha banjurna anggonmu padha ngelakoni panggawean kang cocok karo panggonanmu, aku uga nglestarekake anggonku ngelakoni panggawean. Ing tembe kowe padha weruh

[40] Pangeran kang nekakake siksa kang ngremehake marang wong kafir, bakal manggon ana siksa kang langgeng

[41] Ingsun nurunake Kitab (al-Quran) marang sira (Muhammad) kelawan nyata kanggo nerangake marang manungsa. Sapa wonge oleh pituduh bener pakolehe marang awake dhewe, sapa sing malah kesasar patrapane hiya tumrap awake dhewe. Sira ora kuwajiban nanggung marang dheweke

[42] Allah iku ngelulus nyawa (wong) nalikane matine. Dene wong kang durung wayahe mati, anggone ngelulus nalikane turu. Allah iku banjur nyimpeni nyawane wong kang dikersakake mati dene wong kang durung dikersakake mati nyawane dibalekake maneh ngenteni wewangen kang tinamtokake matine. Kang mangkono mahu tumrap wong kang gunakake pikire dadi tandha yekti kuwasaning Allah

[43] Wong kagir padha ngadegake Pangeran liyane Allah (brahala) dikira ing tembe bisa mitulungi ana ngersane Allah. (Muhammad) dhawuha, "Apa nyata berhala iku bisa mitulungi, sanadyan ora duwe barang - barang sarta ora duwe akal

[44] Sira dhawuha, "Pitulung iku kabeh kang kagungan mung Allah piyambak. Allah kagungan karaton bumi lan langit ing tembe bakal padha dihimpun bali marang ngarsaning Allah

[45] Manawa asmaning Allah piyambak disebut (tanpa nyebut brahala) ing kono wong kang ora ngandel bakal anane akherat, atine padha ewo. Dene yen liyane Allah kang disebut wong mahu padha bungah

[46] (Muhammad) Munjukka mangkene, "Dhuh Allah ingkang damel bumi lan langit, ingkang nguningani semu kawis ingkang samar saha kasat mata. Paduka ingkang kuwasa ngrampungi prakawisipun para kawula paduka anggenipun sami pasulayan

[47] Besuk qiyamat wong kafir padha handeleng siksa kang ora pisan dikira bakal ana siksa kang mangkono. Upama dheweke duweya barang saisining bumi iki ditambah sakmono maneh mesthi keduga ngelungakake dianggo nebusi awake supaya aja nganti kacemplung siksa kang abot

[48] Dina iku wong kafir padha weruh halane barang kang wis padha dilakoni ing donya, sarta tinempuh siksa kang padha digeguyu nalika ing donya

[49] Manungsa iku manawa kambuh reribet, banjur nyenyuwun marang Ingsun (Allah) bareng wis luwar saka reribet, sarta banjur diparingi kabungahan banjur ngucap, "Angonku oleh kabungahan iki amarga kepinteranku dhewe". Kang mangkono mahu hewone coba, nanging kang akeh dheweke padha ora ngerti

[50] Kang ngucap mangkono mahu para ummat kuna, sadurunge wong kafir mahu (Qarun sakancane), bondho kang diklumpukake ora bisa murungake siksa

[51] Mula dheweke (Qarun) banjur tinempuh siksa, patrapane pihala kang wis dilakoni, dene wong kang padha kafir uga bakal padha tinempuh siksa, patrapaning pihala kang wis padha dilakoni, ora ana kang bisa ngoncati siksaningsun

[52] Dheweke padha ora weruh yen Allah paring rizki akeh marang wong kang dadi parenging kersane lan ana uga kang diparingi rizki sethithik. Kang mangkono mahu tumrap wong kang padha percaya ing Allah, mesthi dadi tandha yekti

[53] (Muhammad) dhawuha, "Para kawulaningsun kang wis padha kebangeten (nglakoni panggawe hala) sira aja padha mutung ora ngarep - arep rahmating Allah. Satemene Allah kuwasa ngapura dosa kabeh. Allah iku kapareng ngapura dosa tur maha asih

[54] Sira padha balia marang ngarsane Allah Pangeranira kelawan tobat, manut miturut dhawuhing Allah kelawan ati resik, mumpung durung katekan siksa. Yen nganti kasep tobatira, ora bakal oleh pitulung

[55] Padha ngelakonana dhawuh kang tinurunake Allah marang siksa (al-Quran). Miliha kang becik dhewe, mumpung durung katekan siksa kelawan ngagetake, sira ora nyana tekane siksa mahu

[56] Supaya aja ana wong sesambat mangkene, "Cilaka temen aku marga kahinan, ora ngistokake dhawuhing Allah. Biyen aku mung geguyon bae

[57] Utawa supaya aja kang ngucap mangkene, "Upama Allah paring pituduh bener marang aku, mesthi aku kalebu hewone wong kang padha bekti ing Allah

[58] Utawa bareng handeleng siksa banjur ngucap mangkene, "Upama kau diparengake bali marang donya, mesthi kelebu golongane wong kang padha ngelakoni penggawe becik

[59] Ing kono banjur ana dhawuhing Allah mangkene, "Hiya sira wis katekan al-Quran ayatingsun, nanging sira maido, sarta gumedhe ora percaya. Banjur dadi golongane wong kafir

[60] Lan ing besuk dina qiyamat sira deleng sarupane wong kang celathu goroh ngarani Allah ana kang ngembari rahine padha ireng. Panggonane wong kang padha gumedhe iku apa ora ana neraka jahannam

[61] Allah paring selamet marang para wong kang bekti ing Allah. Marga saka bagjane dadi ora kambah barang kang hala. Sarta ora ana kang kasusahan

[62] Allah iku kang gawe samu barang. hiya kang ngreksa samu barang lan nindakake sakarsa-karsane

[63] Allah iku kang ngasta simpenane langit lan bumi, dene sarupane wong kang maido ayat - ayating Allah, iku tetep wong kapitunan

[64] (Muhammad) dhawuha, "Hai para wong bodho! Apa kowe akon marang aku supaya nyembah liyane Allah

[65] Sira lan para ummat sadurungmu wis padha diparingi dhawuh, "Manawa sira mangro tingal lakunira kang becik sirna kabeh, sira mesthi dadi wong kapitunan

[66] Balik sira mung nyembaha ing Allah wae, lan sira kalebu hewone wong kang padha syukur

[67] Lan dheweke ora ngluhurake Allah kelawan ngegungake kang sayektine. Bumi iki kabeh besuk qiyamat katekem lan langit digulung kelawan panguwasaning Allah, Allah maha suci lan Maha Luhur, adoh banget karo panemumu para wong mangro tingal

[68] Besuk qiyamat, slomprete malaikat Isrofil didamu. Ing kono sahisining bumi lan langit banjur padha mati kabeh. Kajaba kang dikersakake Allah. Sawise mangkono banjur didamu maneh ing kono kang wis padha mati banjur tangi urip maneh padha ndeleng kahanane

[69] Salumahing bumi banjur padhang dening cahyaning Pangerane. Sarupaning wong banjur diparingi tulisan (cathetan) barang kang wis padha dilakoni, ditekakake para nabi - nabi lan seksi - seksi banjur padha dirampungi perkarane kanthi adil ora ana kang nandhang panganihaya

[70] Siji - sijining wong padha diparingi wewales pituwse barang kang wis dilakoni nalika ing donya, Allah nguningani barang kang wis dilakoni

[71] Para kafir padha dituntun marang neraka jahannam gegolongan. Bareng tekan pinggiring neraka lawanging neraka dibukak. Ing kono malaikat kang rumeksa padha takon marang dheweke, "Apa kowe biyen ora katekan rasul, pethilan saka kancamu, kang ngundhangake ayat dhawuhing Allah? Sarta ngelingake marang kowe bakal kelakone qiyamat?" Banjur padha mangsuli, "Inggih sampun kedhatengan rasul nanging kula phiben, mila sampun lereng pangandikaning Allah nemtokaken siksa neraka dhateng tiyang kafir

[72] Para wong kafir banjur padha didhawuhi, "Padha mlebua lawanging neraka jahannam langgeng salawase". Hala temen panggonane wong kafir kang padha gumedhe

[73] Dene wong kang padha bekti ing Allah Pangerane, padha dhirit marang suwarga pantahn - panthan. Bareng wis tekan pinggiring suwarga, lawange dingakake malaikat kang ngreksa suwarga banjur hambagekake, "Sami sugenga, begja temen panjenengan, sumonggo sami lumebeta langgeng salaminipun

[74] Banjur padha memuji, "Sakabehing puji kagungane Allah kang prasetyane biyen saiki wis kanyatan temenenan. Allah wis paring panduman bumi suwarga marang aku, saiki aku manggon sak karepku. Becik temen ganjaran wong kang ngestokake dhawuh

[75] Besuk sira ndeleng para malaikat padha baris ana kiwa tengene. Ngaras padha nyebut maha suci memuji Allah. Sarupane titah padha dirampungi perkarane kelawan adil (diparingi wewales pituwasing lakune dhewe - dhewe hala utawa becik). Sakabehing puji kagungane Allah Pangerane alam kabeh

Ghafir

Surah 40

[1] Haa Miim

[2] Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulia tur nguningani samu barang

[3] Kang kuasa ngapura dosa lan narima tobat, tur kang siksane abot. Kang kagungan kasugihan tur kepareng paring kabungahan warna - warna. Ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah piyambak. Samu barang iki ing tembe padha bali marang ngarsane Allah

[4] Ora ana kang madoni al-Quran kajaba wong kafir, mulane sira aja kalorob anggone lunga-teka (bebas) saka kutho siji marang kutho liyane

[5] Sakdurunge dheweke, para ummate Nuh lan para kumpulan sawuse padha maido marang Rosule, siji - sijining ummat mahu padha madoni kelawan nasar murih sirnane agama kang bener. Wusana ummat mau padha Ingsun tumpes. Mara sira pikira kapriye kahanane siksaningsun

[6] Wis mangkono Pangandikane Allah Pangeranira, nemtokake saruane wong kafir padha dadi hisining neraka

[7] (Malaikat) kang padha mikul 'Arsy lan kang padha baris ana kiwa tengene padha nyebut Maha Suci memuji ing Allah Pangerane, padha setiya tuhu ing Allah, sarta padha nyuwunake pangapura kaluputane wong kang padha percaya Allah tembunge, "Pangeran kawula pangawikan saha ramat paduka langkung jembar maradini samu kawis. Paduka mugi ngapuraha kaleparanipun para kawula ingkang sami tobat, sarta sami manut margi panjenengan (agama Islam).Mugi kareksa saking siksa neraka Jahim

[8] Pangeran, kawula para Mukmin sadaya dalah para leluhuripun bojonipun para turunipun ingkang alampah sahe, mugi paduka parengaken mlebet suwarga. Ingkang sampun Paduka prasetyakaken badhe kaparingaken dhumateng kula sadaya. Paduka punika Maha mulya tur wicaksana

[9] Para luhuripun, turunipun, bojonipun para mukmin mugi paduka reksa sampun ngantos kenging patrapipun tiyang nglampahi awon. Patrapan dinten punika sinten ngatos - ngatos boten nglampahi pihawon, temtu angsal sih paduka. Makaten punika nama kabegjan ageng

[10] Sarupane wong kafir padha didhawuhi mangkene: "Siksaning Allah marang kowe luwih abot tinimbang anggonmu nyiksa marang awakmu dhewe. Awit biyen kowe didhawuhi percaya ing Allah nanging padha maido

[11] Wong kafir matur, "Pangeran, kawula punika paduka pejahi rambah kaping kalih, sarta panjenengan gesangaken ugi kaping kalih. Sapunika kula ngakeni kalepatan kawula sadaya. Punapa kepareng sakpunika nyuwun medal saking neraka. Lajeng wangsul dhateng donya

[12] Anane siksa mangkono mahu marga manawa Allah piyambak disebut tanpa nyebut brahala, sira padha maido. Nanging manawa anggone nyebut Allah mau dibarengi nyebut brahala sira padha percaya. Dene hukum siksa iku ana panguasane Allah kang Maha Luhur tur Maha Agung

[13] Allah kang nuntun sira marang tandha yekti pirang - pirang. Sarta nurunake rizki saka langit. Dene kang ngestokake pitutur iki kajaba wong - wong kang padha bali (marang Allah)

[14] Mula sira padha nyembaha Allah kalawan suci murni ngawula marang Panjenengane, sanadiyan wong kafir padha gething

[15] Allah iku kang junjung derajat wong mukmin ana suwarga tur kang yasa 'Ars, kang ngutus Jibril kanthi ngasta dhawuhe (pangandikane Allah) marang kawulane kang dadi parenging kersane, supaya ngelingake marang manungsa bakal kelakone Qiyamat

[16] Hiya iku dina nalikane wong kang wis mati padha tangi saka kubure. Ing kono Allah ora kasamaran sethithik - thithika marang wong kang padha tangi saka kubur mau. Ing dina iku kang nguwasani (jumeneng - marintah) mung Allah kang Esa lan Masesa

[17] Ing dina iku sarupane wong padha diwales miturut kang wis dilakoni nalika ing donya. Ora ana wong kang kinaniaya. Satemene Allah rikat panimbange

[18] Manungsa padha sira elinga dina Qiyamat, nalika atine manjuluk tekan gulu saking weine, sakehing wong padha nekem gulune. Sarupane wong kafir ora duwe mitra lan handel - handel kang mikolehake

[19] Allah nguningani (pandelenging) mripat kang khianat lan krenteking ati

[20] Allah ngukumi kelawan 'adil. Dene brahala kang disembah dening wong kafir ora bisa ngukumi apa - apa, Allah iku miyarsa tur ningali sapari polahe lan pangucape

[21] Apa dheweke (kafir) padha ora hanjajah bumi, yen hanjajah mesthi weruh patilasane wong kuna pirang - pirang kang padha dirusak dening Allah marga dosane. Kapriye wekasane para ummat zaman kuna sadurunge wong kafir. Dheweke duwe kekuatan luwih hebat lan (luwih akeh) patilasane ana ing bumi. Hewadene Allah nyiksa wong mau marga dosane. Dheweke tanpa daya lan ora duwe mitra kang ngreksa awake nulak siksane Allah

[22] Anane siksa mangkono mau, awit para ummat kuna katekan rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging padha maido mulane Allah ngrusak ummat mau. Satemene Allah iku santosa sarta siksane abot

[23] Ingsun temen wis ngutus Musa kanthi tonda yekti pirang - pirang lan wewaton kang nyata

[24] Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir'aun lan Haman lan Qarun. Nanging kabeh padha ngucap, "Musa iku jur sihir, pangucape kabeh goroh

[25] Bareng Musa menehi tandha yekti saka ngarsaningsun (Fir'aun lan Haman) banjur parintah balane, "Wong kang percaya marang Musa lan anake lanang padha patenana. Nanging anake wadon ben padha urip". Hewa dene pahekane wong kafir mau tanpa gawe

[26] Fir'aun dhawuh, "Aku togna bae. Musa tak patenane. Hiya sambata Pangerane, aku mongsa wediya, awit aku kuatir bok menawa Musa bakal ngijoli agamamu lan gawe rusak ana bumi

[27] Musa dhawuh (marang Bani Israil), "Satemene aku ngayom ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Supaya aja nganti kena pahekane wong kang padha gumedhe. Ora percaya marang Qiyamat

[28] Ing kono ana wong mukmin klebu sentanane Fir'aun, percaya ing Allah kelawan delikan, matur marang Fir'aun, "Manapa panjenegan padha mejahi tiyang jaler dupeh wicanten Pangeranku Allah. Ing mangkono sowanipun Musa dhateng panjenengan kanthi tandha yekti kehelokan pinten - pinten saking Pangeran. Manawi Musa dora temtu badhe tinempuh siksa patrapipun anggenipun dora (duraka). Dene menawi Musa wahu temen lan panjenengan pahiben badhe tinempuh dosa, ingkang dipun ancamaken Allah utawi Musa. Sayektosipun Allah boten kersa nedahaken margi ingkang leres dhateng tiyang ingkang kasangeten anggenipun mahiben

[29] (Musa ngandika), "Para sedherek, ing dinten punika sampyan sami luhur, menang wonten bumi Mesir. Kaluhuran sarta kamenangan ingkang samanten wahu, mugi sampun karisak piyambak. Bokmenawi kedhatengan siksaning Allah, sinten ingkang kuwawi tetulung dhateng kula?" Fir'aun mangsuli, "Anggonku gelarake rembug iki, meetu saka pamikir kang bening, aku ora nasarake nanging nuduhake dalan bener

[30] Wong mukmin mau celathu, "Para sedherek, kula kuwatos bokmenawi panjenengan tinempuh siksa kados para ummat kina rumiyin ingkang pepanthan

[31] Kados siksaning para ummatipun Nuh lan tiyang 'Aad, punapa dene tiyang Tsamud rumiyin". Sarta siksanipun para tiyang kafir sasampunipun ummat kina ingkang kasebat wahu. Allah punika boten pisan remen nganiaya para kawulanipun

[32] Para sadherek, kula nguwatosaken dhateng panjenengan kados pundi polah panjenengan benjing qiyamat

[33] Nalika panjenengan mundur saking tampi karampunging Allah, nunten dipun cemplungaken neraka. Panjenengan boten gadhah handel - handel ingkang nulak siksaning Allah. Sinten ingkang dipun pesthi kesasar dening Allah, mesthi boten saged ingkang nedhahaken margi leres

[34] Kala rumiyin panjenengan sampun kedhatengan Yusuf kanthi tandha yekti pinten - pinten nanging sampeyan maiben dhateng dhawuhipun. Sareng sampun seda sampeyan sami wicanten, "Sanadyan sapungkure Yusuf, Allah ora bakal ngutus Rasul". Inggih makaten punika Allah anggenipun nasaraken tiyang ingkang kasangaten mamang dhateng agama

[35] Inggih punika tiyang ingkang sami mabeni ayating Allah tanpa wewantah tandha yekti paringing Allah. Pabenipun ingkang mekaten wahu menggahing Allah lan para mukmin badhe ageng siksanipun. Kados mekaten punika Allah anggenipun mesthi dhateng manahipun tiyang ingkang gumedhe sadaya

[36] Fir'aun banjur dhawuh, "Hai Hama, aku gawekna panggung dhuwur supaya bisa munggah tekan lawang pirang - pirang

[37] Hiya iku lawang - lawang langit bok menawa bisa ketemu karo Pangerane Musa. Kiraku kandhane Musa mau goroh. Wis mangkono karsaning Allah. Fir'aun kena godha. Dhemen banget nglestarekake anggone nglakoni penggawe hala. Firaun disasarake saka ing dalan bener. Lekase Fir'aun ngreka daya (ngarah sirnane Musa) tanpa gawe

[38] Lan (wong kang percaya marang Musa) celathu, "Para sadherek, sampyan manut dhateng kula. Kula tedahaken margi ingkang leres

[39] Para sadherek, gesang wonten donya punika kabingahan namung sawatawis mongsa, dene gesang wonten akherat punika panggenan ingkang tetep sayektos

[40] Sinten ingkang nglampahi awon, patrapanipun boten langkung samurwating kalepatanipun. Nanging sinten ingkang ngelampahi kasahenan jaler utawi estri uger tiyang mukmin mesthi mlebet suwarga, wonten ing ngriku sami dipun paringi rizki tanpa wates

[41] Para sadherek, sampeyan sami kula jak wilujeng. Kenging punapa sampeyan sami ngajak kula dhateng neraka

[42] Sampeyan sami ngajak - ngajak kula supados kafir mahiben malih tingal ing Allah, nyembah brahala ingkang kula boten sumerap kateranganipun. Kang mongko kula ngajak - ajak dhateng sampeyan supados sumungkem nyembah Allah ingkang Maha Mulya tur ngapura dosa

[43] Sampun mesthi kemawon anggen sampeyan ngajak kula nyembah brahala punika tanpa guna. Awit brahala punika wonten donya boten nedha dipun sembah, wonten akherat badhe nyelaki panyembah sampeyan ing benjing kula sampeyan badhe wangsul dhateng ngarsaning Allah. Dene para kafir sami dipun cemplungaken dhateng neraka

[44] Benjing yen sampeyan sampun ningali neraka mesthi kengetan atur kula. Kula nyumanggakaken kawontenanipun badan kula punika dhateng Allah. Sayektosipun Allah punika mirsani dhateng para kawulanipun

[45] Allah ngreksa marang wong lanang mukmin mahu, kalis saka pihalane Fir'aun anggone ngancam arep mateni. Fir'aun sabalane padha tinempuh siksa kang hala

[46] (Pangandikaning Allah), Fir'aun sabalen sawise padha mati saben isuk lan sore padha dikon ngicipi siksa neraka, nganti Qiyamat. Dhawuhing Allah, "Fir'aun sabalane padha cemplungna ing neraka. Siksa kang luwih dening abot

[47] (Muhammad) Sira nyeritakna ana akherat nalikane wong neraka padha grejegan karo kancane. Wong mong helu - helu bae. Padha celathu marang wong kang gumedhe, "Anggonku kafir biyen mung manut marang kowe. Saiki piye apa kowe bisa nulak neraka iki

[48] Wong kang gumedhe padha mangsuli, "Apa kang kok ucapake kowe weruh dhewe. Aku lan kowe padha ana neraka. Satemene Alah wis nindakake kebenaran marang para kawulane

[49] Wong kang ana neraka padha matur marang para malaikat kang rumeksa neraka, "Kula panjenengan suwunaken dhateng Pangeran sampeyan supados kula dipun paringana mayar. Sadinten kemawon kula boten kuwawi awerating siksa

[50] Para malaikat mangsuli, "Apa biyen kowe ora diterangake dening Rasulmu kanthi pirang - pirang tandha yekti?". Padha mangsuli, "Inggih sampun dipun terangake". Malaikat mangsuli, "Yen mangkono padha nyuwuna dhewe - dhewe ing Allah". Nanging panyuwune wong kafir ora bakal diparengake

[51] (Pangandikaning Allah), "Ingsn paring pitulung marang utusaningsun lan para mukmin ana donya lan besuk ana akherat

[52] Hiya iku dina nalikane wong kang nganiaya ora ana gunane maneh padha nyuwun ngapura, padha kena bebendune Allah lan panggonan (neraka) mau panggonan kang hala dhewe tumrap dheweke

[53] Ingsun wis paring pituduh bener marang Musa (hiya iku kitab Taurat). Sapungkure Musa wong Bani Israil padha Ingsun parengake lestari nganggo wewaton Kitab

[54] Minangka pituduh bener lan dadi wewulang marang wong kang ana akale

[55] (Muhammad) sira shabara, prasetyane Allah bakal paring pitulung marang para kekasihe iku temen. Sira mung nyuwuna pangapuraning dosanira. Lan nyebuta Maha Suci memuji ing Pangeranira ing wayah esuk lan sore

[56] Sarupane wong kang madoni ayating Allah tanpa tandha yekti paparinging Allah. Wong mangkono mahu atine kisenan gumedhe kumudu ngungkuli sira. Sira banjur ngayom (nyuwun rineksa) ing Allah dikalisake saka pihalane wong gumedhe mahu. Allah iku miyarsa tur mirsani

[57] Gawe bumi lan langit kang samono gedhene iku luwih angel tinimbang gawe manungsa (ewa dene Allah kaleksanan) nanging akeh - akehing uwong ora weruh kang mangkono mau

[58] Lan mesthi ora padha wong wuta lan wong awas, mengkono maneh wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik hiya ora padha wong ala. Hewa dene wong kang pasrah pitutur iki mung sethithik banget

[59] Dina Qiyamat (inggal lawas) mesthi kelakon. Ora sumeleng bakal kelaksanane, hewa dene akeh wong kang ora ngandel

[60] Allah pangeranira ngandika, "Sira padha nyuwuna marang Ingsun, Ingsun bakal marengake panyuwunira". Sarupane wong kang gumedhe, ngemohi nyembah marang Ingsun, bakal dicemplungake neraka jahannam tanpa aji

[61] Allah iku kang nganakake wengi kanggo palerenan sarta nganakake awan padhang (kanggo nindhake sabarang panggawean). Allah iku paring kanugrahan marang manungsa, hewa dene akeh wong kang ora syukur

[62] Kang mangkono mahu Allah Pangeranira hiya iku kang gawe samubarang iki kabeh. Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, kapriye anggonira arep ngemahi nyembah Allah

[63] Mangkono mahu wong kang maido ayating Allah padha disingkirake saka rahmate Allah

[64] Allah iku kang ngenengake bumi kanggo papan panggonanira apa dene ngenekake langit prasasat dadi payon, wis ngenekake sira, gawe becik rupanira, paring rizki pangan kang enak - enak, mangkono iku Allah Pangeranira Allah Pangerane alam kabeh Maha Luhur

[65] Allah iku kang gesang, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah, sira padha nyembaha sarta nyuwuna ing Allah ngelakonona Agama mligi konjuk ing Allah. Sakehing puji kagungane Allah, Pangerane alam kabeh

[66] (Muhammad) Dhawuha, "Sawise aku diparingi tandha yekti yen Allah iku mung siji, aku dilarangi nyembah liyane Allah, sawise teka keterangan - keterangan saka Pangeranira lan aku didhawuhi manut ing Allah Pangerane alam kabeh

[67] Allah iku kang gawe awakira saka lemah, tumuli gawe awakira saka "nutfah" nuli dadi getih kenthel, nuli metokake sira dadi bayi banjur dadi wong dewasa, sawise mempeng nuli dadi wong tua. Mulane ditindakake mangkono, supaya sira tekan ing titi mangsa kang tinemtokake patinira. Kang mangkono mau supaya sira ngrasakake (mikir)

[68] Allah iku kang nguripi lan mateni. Manawa Allah ngersakake kelakone sawijining perkara, Allah mung ngandika, "Sira anaa, sanalika barang kang dikarsakake banjur ana

[69] Apa sira ora handeleng wong kang padha madoni ayat - ayate Allah? Kapriye anggone sumingkir saka agama kang bener

[70] Kang padha maido Kitab al-Quran lan maido barang kang didhawuhake dening para utusaningsun, ing tembe wong mahu bakal weruh patrapane anggone padha maido

[71] Ing besuk blengguning Allah ana ing gulune wong kafir rantene sinambung ana blenggu mahu

[72] Dilebokake ing banyu panas, banjur dihurubake ing geni

[73] Wong kafir mau banjur di dangu, "Hendi rupane barang kang sira nggone mangro tingal biyen

[74] (Sing dianggo sesembahab) liyane Allah? Dheweke mangsuli, "Sami boten ketingal malih. Kala rumiyin kula boten rumaos nyembah punapa - punapa". Kaya mangkono uga Allah nasarake marang para wong kafir

[75] Siksa mangkono mahu amarga sira padha bungah - bungah kelawan barang kang ora bener ana bumi, lan marga anggonira padha banget bungah ngelakoni duraka

[76] Mara padha malebua ing lawanging neraka Jahannam sira padha langgeng ana kono. Hala temen anggone wong kang padha gumedhe

[77] (Muhammad) Sira shabara, prasetiya lan pangancame Allah iku mesthi nyata. Terkadhang sawenehing kang wis Ingsun ancamake mahu ana uga kang Ingsun tontonake lan ana uga kang Ingsun tindakake sadurunge besuk dina Qiyamat wong kafir padha dihimpun bali marang ngarsaningsun

[78] Ingsun temen wis ngutus rasul pirang - pirang. Rasul mahu ana kang Ingsun kandhakake, lan ana uga kang ora Ingsun kandhakake. Siji - sijine rasul mau ora gelem handhawuhake ayat kajaba yen wis oleh dhawuhing Allah. Samongsa wis ana dhawuhing Allah pasulayaning Rasul lan kang maido banjur dirampungi kaliyan bener. Pangandikaning Allah, "Para wong kang maido iku tetela padha kapitunan

[79] Allah iku kang aggawekake raja-kaya marang sira, supaya sira tunggangi lan kena sira pangan daginge

[80] Raja kaya mau akeh paedahe tumrap sira, hiya iku kena dianggo nekani kekarepanira kang ana ing atinira (gawa barang abot marang liya negara). Sira bisa nunggang raja - kaya ana dharatan, utawa nunggang perahu ana ing segara

[81] Allah hanuntunake ayate marang sira, kang nuduhake yen Allah iku mung siji. Lan endi ayate Allah kang sira paido

[82] Manungsa apa ora padha hanjajah ing bumi, banjur padha handeleng patilasane wong kuna pirang - pirang. Kapriye wusanane wong kang padha duraka kafir biyen tur iku luwuh akeh gaweyane, hewa dene dirusak dening Allah. Gawiyane ora bisa nulak siksaning Allah

[83] Barang wong kafir mau katekan ing rasul kanthi mu'jizat kahelokan banjur bungah, nanging anggeguyu kaweruhe rasul mau Banjur tinempuk siksa anggone geguyu

[84] Bareng wong kafir padha weruh siksaningsun banjur ngucap, "Kula sapunika ngandel ing Allah piyambak lan mahiben dhateng brahala ingkang sami kula angge malih tingal

[85] Sarehne wong kafir mau wis handeleng siksaningsun mulane pangandele marang Ingsun wis ora migunani hiya iku prenataning Allah kang wis tumindak marang para kawulaning kunamakuna. Ing kono wong kafir padha kapitunan

Fussilat

Surah 41

[1] Haa miiim

[2] Al-Quran iki diturunake saka ngarsane Allah kang Maha murah tur Maha Asih

[3] Al-Quran iki nganggo tembung Arab, hiya iku kitab kang ayate diwijang - wijang tumrap wong kang padha weruh

[4] Surasane al-Quran hambungahake marang wong kang bekti serta ngelingake wong kang duraka. Wong kafir kang akeh padha malengos, mulane padha ora ketaman surasane al-Quran

[5] Wong kafir padha matur, "Ing manah kula wonten tutupipun tumrap puyambak ingkang dipun dhawuhaken dhateng kula punika sarta kupng kula punika awerat. Mekaten malih antawisipun kita punika wonten haling - haling. Mila prayoginipun sampyan nglampahana pandamel piyambak, kulaugi nglampahi pandamel piyambak

[6] (Muhammad) sira dhawuha, "Satemene aku iki manugsa padha bae karo kowe, nanging aku diparingi wahyu dening Allah, mratelakake yen pangeranmu mung siji mulane kowe padha madhepa ing Allah, lan nyuwuna pangapurane. Cilaka banget mangro-tingal mau

[7] Kang padha ora gelem bayar zakat, sarta maido bakal anane dina Qiyamat

[8] Dene sapa wonge percaya ing Allah sarta padha ngelakoni panggawe becik padha diparingi ganjaran kang langgeng tanpa pedhot

[9] (Muhammad) dhawuha, "Apa kowe maido ing Allah kang wis gawe bumi iki mung rong mongsa wae rampung. Kowe padha ngedegake brahala kok anggo timbangane Allah. Dene Allah iku Pangerane alam kabeh

[10] Allah andokokake gunung pirang - pirang ana ing dhuwuring bumi, lan ambarkahi bumi, diakehake banyune, kewane lan thetukulane, ngedum wulu pametuning bumi marang manungsa lan hewan tekan ganepe mangsa. Wangsulan iki padha wae tumrap wong kang padha takon (kadadeyane bumi)

[11] Allah banjur yasa langit, kang dianggo kukusing banyu, bareng wis dadi, Allah dhawuh marang bumi langit, "Sira padha ngelakonono kang Ingsun parentahake kelawan miturut utawa peksan". Padha munjuk ing Allah, "Kula sendika ngelampahi kaliyan miturut

[12] Langit banjur digawe sap pitu ing dalem wong mongso rampung." Allah paring wahyu siji - sijining langit mau, para malaikat kang manggon ing kono padha ngabekti ing Allah. (Pangandikaning Allah), "Ingsun ngrenggo langit kelawan lintang pirang - pirang lan ngreksa, mangkono mau pepesthening Allah kang Maha Mulya tur nguningani samu barang

[13] Sawise diterangake mangkene manawa wong kafir (Makkah) padha malengos banjur dhawuha, "Kowe padha wediya siksaning Allah kang padha numpes wong 'Aad lan Tsamud

[14] Nalika katekan para Rasul saka ngarep lan buri dhawuhe, "Kowe aja nyembah apa - apa, kejaba Allah". Padha mangsuli, "Menawi makaten punika yektos parentahing Pangeran kula Allah tentu ngutus malaikat, sampyan ngaken utusaning Allah punika kula sami mahiben

[15] Wong 'Aad padha gumedhe ana bumi padha nglakoni ora bener. Pangucape, "Sapata kang gagah prakosane ngungkuli aku?". Dheweke ora padha handeleng yen Allah kang gawe awake mesthi Allah gagah prakosane ngungkuli tikel akeh, wong 'Aad mau bakal ora oleh pitulung

[16] Wong 'Aad banjur Ingsun tempuh ing angin kang adhem hanjekut, ing dina kang sangar supaya ngincipana siksa kang ngremehake ana ing donya. Dene siksane besuk ing akherat luwih abot maneh bakal ora oleh pitulung sapa - sapa

[17] Dene wong Tsamud, Ingsun paringi pituduh bener, nanging padha milih kafir nampik pituduh bener. Mulane banjur dipulung dening siksa kang ngremehake, marga saka lakune dhewe

[18] Para mukmin padha Ingsun paringi slamet dhewe lan pada bekti ing Allah

[19] Sira nyeritakna Qiyamat nalika para saterune Allah padha digiring marang neraka, wong kafir mau padha digelandhang

[20] Bareng wis tekan pinggir neraka, pangrungune lan pandhelenge, kulite, padha melehake anggone nglakoni dosa nalika ing donya

[21] Wong kafir padha takon marang kulite, "Ya gene kowe padha milih dadi saksi anggonku nglakoni dosa?". Kulite padha mangsuli, "Allah kang gawe samu awak kuasa ngucapake samu barang uga kang gawe awakmu kuasa ngucapake samu barang. Allah iku kang gawe awakmu, kang kawitan biyen saiki kowe padha bali marang ngarsane Allah

[22] Sira kabeh ora nutupi anggonira nglakoni panggawe hala mesthi disekseni dening Pangeranira pandelengira lan kulitira, nanging sira duwe panyana yen Allah ora nguningani sampurna marang samu barang kang sira lakoni

[23] Mangkono lugune panyananira ngira marang Pangeran dadekake kasusahanira, mulane sira dadi kapitunan

[24] Manawa wong kafir wis narima panggonane ing neraka, dene yen nyuwun pangapura ora oleh pangapura

[25] Ingsun nyadiani konco pirang - pirang padha anggodha wong kafir. Dheweke mau banjur anggodha ngiming - imingi kabungahan kang ana ngarepe lan burine. Allah bakal nyiksa wong kafir mesthi nyata. Dheweke kalebu golongane ummat kuna, jin lan manungsa kang wis padha rusak kelawan siksa biyen, saktemene dheweke padha kapitunan

[26] Wong kafir padha ngucap, "Aja padha anggugu unine al-Quran padhakna unine wong biasa wae, supaya kowe padha menang

[27] Para wong kafir bakal Ingsun weruhake rasane siksa kang abot, lan Ingsun patrapi patrapaning kaluputankang wis padha dilakoni kang hala dhewe

[28] Kang mangkono wewales marang para satruning Allah kabeh padha dicemplungake neraka hiya iku panggonan siksa kang langgeng, tumanja wewales anggone maido ayatingsun

[29] Para kafir padha munjuk ing Allah, "Pangeran kula, kawula mugi panjenengan sumerapaken Jin lan manungsa ingkang sami hanjlomprongaken kawula rumiyen, badhe kula enciki wonten sangadhepe suku kawula wonten neraka mriki, supados dados tiyang asor nandhang siksa langkung awerat

[30] Sarupane wong mukmin kang padha ngucap, "Pangeranku Allah", sarta setiya tuhu anggone netepi kuwajibane. Wong mangkono mau bakal diweruhi Malaikat kanthi dhawuh, "Sampiyan sampun ajrih, sampn sedhih (nilar karemenan wonten donya). Sampyan bingah badhe mlebet suarga ingkang sampun dipun prasetyaaken dening Allah

[31] Kula mitra sampyan wiwit wonten donya lestantun ing akherat. Wonten akherat badhe kadumugen samu kawis ingkang sampyan pengini sarta samukawis ingkang sampeyan kersakaken (mesthi boten kuciwa)

[32] Sadaya punika paparingipun Pangeran ingkang sifat ngapura tur Maha Asih

[33] Ora ana wong kang luwih becik pangucape ngungkuli wong kang celuk - celuk nyembah ing Allah, sarta ngelakoni panggawe becik. Pangucape, "Aku hewone wong Islam

[34] Hala lan becik ora padha mesthi ana andha usuke. Sira nampika barang kang hala miliha kang luwih becik. Nanging terkadang ana satrunira iku banget kaya sedulur sinarawedi

[35] Ora ana wong bisa nampik barang kang hala milih kang luwih becik, kajaba wong kang padha shabar tetek atine, lan ora ana bisa mangkono mau kajaba wong kang duwe pulung munggahing suwarga kang agung

[36] Manawa syetan ing sira ngajak ngelerokake pitutur murih nampik kang becik sira nyuwuna pangayoman lan nyuwuna pitulungane Allah

[37] Rina lan wengi, apadene srengenge lan rembulan iku kalebu ayat tandha - tandhane panguasane Allah. Sira aja padha sujud marang srengenge utawa rembulan, nanging padha sujuda ing Allah kang gawe srengenge lan rembulan mau. Manawa sira mligi nyembah marang panjenengane dhewe

[38] Manawa manungsa padha gumedhe (ora gelem sujud ing Allah) ora dadi apa, awit para malaikat kang ana ngarsaning Allah pangeranira, padha nyebut Maha Suci ing Allah wayah rina wengi tanpa kendhat

[39] Lan ana maneh kang kalebu ayating Allah, hiya iku sira handeleng bumi kang garing, bareng Ingsun turuni banyu udan banjur obah lan subur. Pangeran kang wis nguripake bumi mangkono mau mesthi kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Satemene Allah iku nguasani samu barang

[40] Sarupane wong kang padha maido ayatingsun, ora pisan kasamaran mesthi Ingsun wales sapatute. Wong kang dicemplungake ing neraka, becik endi karo wong kang slamet besuk Qiyamat. Sarehne wis Ingsun terangake mulane manungsa padha nglakonana sakarepe. Satemene Allah iku miyarsani samu barang kang padha sira lakoni

[41] Sarupane wong kang katekan al-Quran banjur maido, bakal langsung patrapi siksa. Awit iku kitab kang mulya

[42] Durung tahu ana kitab kang memeca anggorohake al-Quran saka buri (sak durunge) utawa saka ngarep (sak wise) al-Quran iki tinurunake saka ngarsaning Pangeran kang wicaksana, pantes pinuji

[43] (Muhammad) Samu barang kang tinakokake marang sira mesthi wis tahu ditakokake marang para Rasul sadurunge. Saemene Allah Pangeranira iku ngapura kaluputane para wong mukmin, lan niksa wong kafir kelawan siksa kang nglarani

[44] Upama al-Quran iki Ingsun gawe tembung 'ajam (dudu tembung Arab) wong kafri mesthi celathu, "Ya gene al-Quran iku teka ora diterangake tembunge, Ya gene nabi Arab teka anggelarake al-Quran dudu tembung Arab". (Muhammad) sira dhawuha, "al-QUran iku tumrap wong mukmin pituduh kang bener lan dadi tambaning lara. Wong kang ora ngandle al-Qiran kupinge abot (bunthet wonten sumbatane). Al-Quran tumrap wong kafir prasasat pepeteng, koyo diundang saka panggonan kang adoh ora krungu lan ora weruh

[45] Ingsun temen wis paring Kitab Taurat marang Musa para ummate banjur padha sulaya ana kang ngandle lan maido ora beda al-Quran iki. Upama aja ana pangandikaning Allah Pangeranira kang surasane Allah bakal anyaritakake siksa. Wong Bani Israil mesthi wis dirampungi perkarane ana donya. Satemene wong Bani Israi padha mamang sumelang marang kitab Taurat

[46] Sapa ngelakoni panggawe becik ganjarane bakal ditampani dhewe, dene sing sapa ngelakoni apnggawe hala, patrapane hiya bakal disonggo dhewe. Allah Pangeranira ora pisan nganiaya marang kawulane

[47] Kaweruh bakal kelakone dina Qiyamat disumanggakake ing Allah, mangkono maneh paparinging woh - wohan saka ing kembange lan enggal lawase wenangane wong wadon apa dene dina lahiring bayi, iku kabeh Allah musthi nguningani. Besuk Qiyamat Allah ndangu marang wong mangro tingal, "Hendi rupane brahala kang jarene dadi titimbanganmu?" padha mangsuli, "Kawula sadaya mboten sami mestani bilih Paduka punika wonten ingkan nimbangi

[48] Sarupane brahala kang padha disembah dening wong kafir biyen padha ora ana ing kono, wong kafir padha rumongso ora ana maneh dalan metu

[49] Para manungsa tansah nyuwun kabegjan menawa kambuh ing reribed, banjur sirna pangarep - arepe marang asihe Allah

[50] Manungsa iku manawa mentas nandhang sangsara banjur Ingsun paringi weruh rasaning kabegjan banjur padha ngucap iki wis benere duwekku. Aku ora ngandel yen dina Qiyamat bakal kelakon, manawa aku dihimpun marang ngarsane mesthi mung becik. (Pangandikaning Allah) Para wong kafir bakal Ingsun weleh - welehake anggone padha nglakoni hala ana ing donya, lan bakal Ingsun paringi weruh rasaning siksa kang abot

[51] Nalika Ingsun paring kabungahan marang manungsa, ora gedhe panarimane, malah ora syukur mung gumedhe. Kabungahan mau diaku duweke dhewe. Dene manawa kambuh reribed banjur nyenyuwun ing Allah kelawan akeh - akeh

[52] (Muhammad) dhawuha, "Padha pikiren manawa al-Quran iku temen terang saka ngarsane ALlah kangmongka kowe padha maido al-Quran, "Sapa kang luwih kesasar tinimbang kowe? Awit kalebu nyulayani banget marang bener

[53] Ingsun bakal nuntunake marang wong kafir, ayatingsun pirang - pirang kang ana salumahing bumi lan kang ana ing awake dhewe nganti terang gamblang yen al-Quran temen saka Allah. Mungguh Pangeranira anggone mirsani samu barang iku wae apa ora wis cukup kanggo tondho

[54] Wong kafir banget anggone mamang yen ing tembe bakal disowanake ana ngarsane Allah Pangerane. Kaweruhing Allah nglimputi samubarang

Asy-Syura

Surah 42

[1] Haa Miim

[2] Ain, Siin, Qoof

[3] Mangkono uga Allah kang Maha Mulya tur wicaksana paring dhawuh marang sira lan marang para rasul sadurunge sira

[4] Allah iku kagungan sahisining langit lan bumi, Allah iku Maha Luhur tur Maha Agung

[5] Meh wae langit ngebruki bumi (saking agunge Allah) lan para Malaikat padha nyebut Maha Suci memuji ing Allah Pangerane, padha nyuwunake pangapura kaluputane para wong mukmin kang ana ing bumi. Allah iku Agung Pangapurane lan Maha Asih

[6] Sarupane wong kang ngedekake Pangayom (Brahala) dudu Allah, tetep wong kesasar. Allah ngawasi laku - lakune wong kafir mau sira mung wajib ngelingake wae, ora wajig nanggung marang wong mangkono mau

[7] Mangkono uga Ingsun paring dhawuh al-Quran tembung Arab marang sira supaya dianggo ngelingake marang wong Mekkah lan sakiwa tengen (sak donya) sira elingna bakal kelakon dina Qiyamat nalikane wong padha dihimpun marang ngarsane Allah. Kelakone ora sumelang. Manungsa kena diperang dadi loro, saperangan ana suwarga saperangan ana neraka

[8] Upama ana kersane Allah manungsa iki dikersakake guyub dadi ummat siji (ngelakoni agama Islam thok iya kelakon). Naning kersane Allah, ngunggahake ing suwarga marang wong kang dikersakake (para mukmin), dene para kafir dicemplungake neraka ora duwe handel - handel sarta ora bisa ana kang nulungi

[9] Ya gene padha ngedekake brahala. Kang mangka Allah iku tetulung marang para mukmin, nguripake wong kang wis mati, nguwasani samu barang

[10] Anggonira pasulayan sadhengah perkara pancasan ana ngastane Allah (sira dhawuha), "Hiya iku Allah Pangeranku" Samu barang prakara tak sumanggakake ing Allah ing tembe aku bakal bali marang ngarsane

[11] Allah iku kang gawe bumi lan langit, gawe jodhonira saka ing awakira dhewe. Raja kaya iku iya digawe jejodhon. Kowe didadekake bebrayan marga anggonira jejodho. Samubarang ora ana kang madhani Allah. Allah iku miyarsa tur mirsani samu barang

[12] Allah iku ngasta kuncine bumi lan langit, paring rizki akeh marang owng kang diparangeke, lan nyumpeni rizki marang wong kang diparengkae kersane Allah iku nguningani samu barang

[13] (Ummate Muhammad) Allah handhawuhake nglakoni agama Islam marang sira, hiya iku kang uga didhawuhake marang Nuh biyen. Dene kang Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad) lan marang Ibrahim apa dene marang Musa lan Isa, cekake, "Sira padha ngedekna Agama Islam, aja padha pasulayan perkara agama". Dhawuh kang mangkono mau tumrap wong kang mangro tingal abot banget anggonra ngajak marang wong nglakoni agama Islam, Allah milih wong kang dadi parenge kersane gelem ngelakoni sarta nuduhake dalan bener hiya iku wong kang maju ngabekti ing Allah

[14] Wong mau (ahli kitab) anggone kelakon pasulayan perkara agama, sawise katekan kaweruh agama wulangane nabine banjur padha rebut unggul umpama durung ana dhawuhing Pangeranira. Patrapane dosa disratekake tekan qiyamat mesthi dituruni siksa sanalika, dene wong kang padha nyekel kitab kuna sapungkure nabine padha mamang (marang Muhammad)

[15] (Muhammad) Awit saka iku sira ajak - ajak manungsa dhewe tetep anggonira ngelakoni kaya kang wis didhawuhak, aja padha ngelakoni sakarep - karepe dhewe. Lan sira dhawuha, "Aku percaya marang al-Quran kang wis dhidawuhake dening Allah sarta aku didhawuhi adil anggonku nindakake hukum marang kowe kabeh." Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu. Pituwase lakuku tumrap ing aku dhewe, mangkono uga pituwase lakumu hiya tumraping kowe. Aku lan kowe ora kena padu. Aku lan kowe ora ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaning Allah

[16] Sarupane wong kang madoni ing sira prakara agamane Allah sawise nyanggemi agama mau, padune wong mau ana ngarsane Pangerane luput. Wong mau padha kena bendune Allah, sarta padha diptrapi siksa kang abot

[17] Allah iku kang handhawuhake kitab al-Quran kelawan nyata sarta handhawuhake huku adil. Ora ana kang bisa nerangake adoh cedhake dina Qiyamat

[18] Wong kang padha ora percaya marang dina Qiyamat padha anggege kelakone qiyamat, batine geguyu. Dhene wong kang padha ngandel bakal kelakone qiyamat banget wedine. Batine padha weruh yen qiyamat mesthi kelakon. sarupane wong kang padhamadoni kelakone qiyamat iku kesasar banget

[19] Allah iku welas asih marang para kawulane sarta paring rizki akeh marang wong kang dadi parenge kersane, Allah iku santosa tur Maha Mulya

[20] Sing sapa ngelakoni kebecikan karepe supaya panen ganjaran akherat, iku panene ganjaran bakal Ingsun paringi tikel - matikel. Mangkono uga sing sapa ngelakoni kabecikan karepe supaya panen ing donya hiya Ingsun paringi pituwase ana ing donya, nanging besuk ing akherat ora oleh apa - apa

[21] Apa wong kafir duwe seembahan liyane Allah kang padha ngelakoni syareat atur agama kang ora diparengake dening Allah? Upama durung ana dhawuhing Allah (Pamisah kang ngetokake ganjaran lan siksa iku disrantekake besuk ana akherat). Mesti wong dholim mau wis dituruni siksa, lan bakal padha diptrapi siksa kang nglarani

[22] Besuk qiyamat sira handeleng wong wong dholim padha kuatir anggone wis padha ngelakoni penggawe hala (ing donya). Patrapane panggawe hala mau wis mesthi tumiba marang kang nglakoni. Dene wong mukmin nglakoni panggawe becik padha ana suwarga panggonan kang mulya dhewe. Ana ngarsane Pangerane katurutan kang dikarepake. Mangkono iku kanugrahan Agung saka Allah

[23] Mankono iku anggone bungah marang para kawulane mukmin kang padha nglakoni panggawe becik. (Muhammad) dhawuha, "Anggonku dhawuhake pangandikane Allah iki, aku ora jaluk pituwas apa - apa marang kowe. Mung ngajak sih - sinasihan marga isih padha sanak." (Pangandikaning Allah) sing sapa nglakoni panggawe becik ganjarane bakal Ingsun paringi tikel - matikel pirang - pirang. Satemene Allah iku ngapira dosa tur ngajeni pangabektining wong

[24] Wong kafir iku malah padha ngucap, "Al-Quran iku goroh, gawe-gawenane (Muhammad) dikandhakake pangandikaning Allah". Manawa ana parenge karsaning Allah, Allah ngunci atinira. Sabar marang pihalane wong kafir. Lan luput kang diucapake wong kafir mau. Sarta netepake barang kang bener kelawan pangandikaning Allah. Satemene Allah nguningani sakrenteging ati

[25] Allah iku kang nampani tobate para kawulane, sarta ngapura halane para kawulane mau, lan nguningani samu barang kang padha sira lakoni

[26] Lan marengake panyuwune para mukmin kang padha nglakoni penggawe becik, malah maringi luwih saka panyuwunel tuwuh saka sih kanugrahane. Dene sarupane wong kafir mesthi padha diptrapi siksa kang abot

[27] Upama Allah paring rizki akeh marang kawulane kabeh tanpa beda, kawula mau mesthi padha leluwihan ana bumi. Mulane Allah anggone paring rizku nganggo dipangkat - pangkat, sakarsaning Allah. Satemene Allah iku mirsani tur waspada marang para kawulane

[28] Allah iku kang nurunake banyu udan sawise entek ngarep - arepe, sarta anggelar rahmate anurunake udan akeh. Allah iku kang gawe becik marang para wong mukmin tur pantes hangalembana

[29] Allah anggone gawe bumi lan langit lan samu barang kang gumelar kayata hewan - hewan iku klebu tandha yekti kang martandhani kuasaning Allah, samongsa ana parenging Allah kuasa ngimpun hisen - hisening bumi lan langit mau

[30] Manawa Allah paring musibah (karuwetan) marang sira ora liwat marga saka anggonira padha nglakoni kaluputan. Hewadene Allah ngapura kaluputanira kang akeh

[31] Sira kabeh padha ora bisa melayu nguncati siksaning Allah ana bumi ngapesake Allah. Sira padha ora duwe handel - handel kang bisa nulak siksaning Allah nulungi sira saliyane Allah piyambak

[32] Perahu ana segara kang gedhene prasasat gunung iku hiya hewone tandha yekti kuasaning Allah

[33] Manwa ana kersane Allah ngendhek angin perahu mau leren mung kumambang ana banyu. Kang mangkono mau tumrap wong kang sabar sarta syukur ing Allah dadi tandha yekti gedhe

[34] Utawa manawa Allah kersa ngrusakake perahu mau marga saka kalupunae kang padha nunggang, hiya mesthi kelakon. Utawa manawa Allah kersa ngapura sakehe kaluputan kang nunggang hiya kelakon selamet

[35] Wong kang padha madoni al-Quran ayatingsun, banjur padha weruh anggone padha ora bisa ngunceni siksaningsun

[36] Dadi samu barang kang diparingake dening Allah marang sira iku kabeh kabungahan ing donya (kang bakal rusak) dene ganjaran ana ngarsane Allah iku luwih becik sarta langgeng selawase tumrap para mukmin, kang padha nyumanggakake awake ing Allah

[37] Lan para wong kang nyingkiri dosa gedhe lan panggawe nista nalikane ditanduki nesu banjur ngapura

[38] Lan para wong kang padha ngestokake parentahing Allah Pangerane lan nglakoni sholat, apa dene ing samu barang lelakone padha rerembugan kancane lan mewehake rizki kang Ingsun paringi

[39] Lan para wong kang manawa ditanduki panganihaya banjur males samurwate pihala mau

[40] Dene wewalese pihala hiya pidana samurwate, nanging sing sapa ora males pihala mung ngapura lan ngajak becik iku ganjarane Allah piyambak kang maringi. Satemene Allah iku ora remen wong kang padha nganiaya

[41] Wong kang sawise ditanduki pihala banjur males samuwarte pihalane, iku wis benere. Ora kena diwales pihalane maneh

[42] Kanane males hala mung marang wong kang ngambaya manungsa lan won gkang balela ana ing bumi nglakoni kang ora bener. Wong mangkono mau bakal diptrapi siksa kang nglarani

[43] Wong kang tetep sabar (ditanduki hala ora males hala), mung ngapura bahe, kang mangkono mau kalebu prakara kang utama

[44] Dene sing sapa disasarake dening Allah sawise kelakone kesasar hora duwe handel - handel kang bisa nuduhake dalan keslametan. Ing besuk qiyamat sira handeleng wong kang padh nganihaya. Nalikane padha handeleng siksa neraka padha ngucap, "Apa ana dalane aku bisa bali (marang donya maneh)

[45] Lan sira handeleng para wong nganihaya padha digiring marang neraka sarehne banget asore mulane wong nganihaya mau wedi banget, sarta padha nglerek marang neraka. Wong mukmin padha ngucap, "Satemene kang tetep wong kapitunan iku wong kang gawe kapitunaning awake dhewe, sarta kapitunane para sanake ana ing dina Qiyamat. Wong kafir apa ora manggon ing neraka. Siksa kang langgeng salawas - lawase

[46] Wong kafir mau padha ora duwe pangayom kang bisa tetulung marang awake, liyane Allah piyambak. Dene sing sapa dikersakake kesasar dening Allah, ora duwe dalan bener

[47] Sira padha ngestokake dhawuhing Pangeranira mumpung durung tekan dina Qiyamat. Hiya iku dina kang ora ana wong bisa hambalekake. Ing dina iku sira padha ora duwe pangungsen, lan ora bisa ngelaki kaluputanira

[48] Manawa dheweke (wong Mekkah) padha malengos ora gelem ngestokake, sira sumurupa anggoningsun ngutus iki ora Ingsun wajibake rumeksa utawa nanggung. Kuwajibanira mung mratakake dhawuh. Lan maneh manawa Ingsun paring weruh rasaning rahmat marang manungsa mesthi bungah. Nanging manungsa mau kabeh kambah reribed marga saka kaluputane kang wis dilakoni. Banget anggone ora ngunjukake panuwun

[49] Kraton bumi lan lnagit kagungane Allah kang gawe samu barang kang dadi parenge kersane. Paring anak wadon thok marang wong kang dadi parenge kersane. Lan paring anak lanang thok marang wong kang dadi parenging kersane

[50] Utawa Allah maringi para kawulane banjur padha duwe anak lanang lan wadon. Sawayahing won gkang dadi parenging kersane, ana uga kang dikersakake gabug. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur kuasa

[51] Manungsa iku ora ana kang dikarsakake himbal pangandikane Allah. Kajaba diparingi wahyu. Utawa himbal pangadikan kang mawa haling - haling, utawa Allah ngutus malaikat, banjur handhawuhake apa karsaning Allah. Kelawan keparenging Allah. Satemene Allah iku Maha Luhur tur wicaksana

[52] (Muhammad) Mankono uga Ingsun paring wahyu al-Quran marang sira. Hiya iku parentahingsun sadurunge sira, sira Ingsun paringi wahyu. Sadurunge sira ora weruh al-Quran iku apa, lan laku - lakuning percaya iku kepriye? Hewa dene al-Quran iku Ingsun dadekake pepadhang. Ingsun anggone nuduhake dalan selamet marang pawa kawula kang dadi parenging kersaningsun lan sira uga nuduhake dalan bener sarana al-Quran

[53] Hiya iku dalaning Allah kang kagungan sahisining bumi lan langit samu barang prakara ing wekasane apa ora bali konjuk ing Allah

Az-Zukhruf

Surah 43

[1] Haa Miim

[2] Demi Kitab al-Quran kang gelarake pituduh bener

[3] Al-Quran iku Ingsun pacak nganggo tembung Arab, supaya padha ngerteni karepe

[4] Al-Quran mau wis dipacak ana baboning Kitab (Lauhul Mahfudz) kang ana ngarsaningsun. Al-Quran mau luhur ngungkuli kitab kang kuna-kuna, tur isine wicaksana

[5] Apa Ingsun ora paring wahyu apa - apa marang sira dupeh kowe kabeh padha ngluwihi wates

[6] (Ing zaman biyen) Ingsun wis ngutus nabi pirang - pirang

[7] Para ummat kuna manawa katekan utusaningsun mesthi padha angeguyu

[8] Wong kuna kang gagah prakosane ngungkuli wong kafir ing zaman iki padha Ingsun rusak kelawan siksa kayata kang wis kasebut ing ngarep

[9] Manawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit?". Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel Allah ingkang Maha Mulya tur nguningani samu kawis

[10] Allah iku kang dadekake bumi iki panggonanira, sarta gawe dalan pirang - pirang ana bumi supaya sira weruh ing ngendi panggonan kang sira sediya

[11] Lan kang nurunake banyu udan saka langit sacukupe kabutuhanira. Banyu udan mau banjur Ingsun ngerjakake palemahan kang bera. Dene ing besuk anggonira ditangekake saka ing kubur, hiya kaya mangkono pratingkahe

[12] Lan kang gawe barang warna - warna pasang - pasangan sakjodo lan gawe tetunggangan rupa prahu lan raja - kaya

[13] Wekasan sira padha nunggang kapenak ana ing gegere raja-kaya mau banjur eling anggonira diparingi kabungahan ing Pangeranira. Sarta nalikane sira nunggang raja-kaya mau memuji mangkene, "Maha Suci Allah kang wis nyungkemake raja-kaya kang samene prakosane marang aku. Upama tanpa pitulung Allah aku rumongsa ora kaconggah ngembadhani hewan kang samene iki

[14] Dene aku iki ing tembe mesthi bali marang ngarsaning Allah Pangeranku

[15] Panganggepe para wong kafir ana kawulaning Allah kang kalebu paperangane Allah (hiya iku malaikat dianggep putrane Allah) kang duwe panganggep mangkono mau tetela wong kafir

[16] Ya gene wong kafir iku duwe panemu yen malaikat gagaweyane Allah iku putrane Allah putri sarta awake dhewe milih anak lanang

[17] Manawa ana kang duwe anak metu wadon madani anggone nganggep marang Allah kagungan putra-putri wong mau ulate banjur peteng lan susah banget

[18] Ya gene padha netepake sifat cacad marang Allah lan ngaku sifat kang prayoga tumraping awake dhewe kang mangkon padune wong mau ora ana katerangane

[19] Lan dheweke padha nganggep malaikat kawulaning Allah iku wadon. Anggone nganggep utawa nekseni mau bakal dicatheti lan besuk ana ing akherat bakal ditakoni

[20] Wong Mekkah padha celathu, "pama kersane Allah aku ora kepareng nyembah malaikat, Aku mesthi ora kelakon nyembah malaikat." Anggone kondho koyo kaya mengkono mahu ora weruh katerangane (bener utawa luput) dadi kandhane mau mung goroh lugu

[21] Ap sadurunge ana al-Quran, wong mau padha Ingsun paringi kitab (lan nerangake kena nyembah liyane Allah) kang banjur dihestokake tekan saprene

[22] Nanging dheweke kondho, "Aku mung ngleluri (nutugake) para leluhurku biyen padha nglakoni agama iki aku ngarep - arep oleh pituduh bener sarana manut ara leluhurku

[23] Mangkono uga biyen, saben Ingsun ngutus nabi, nyurup - nyurupake wong ing padesan panggedhene padesan mau mesthi banjur mangsuli, "Kula punika namung ngleluri para leluhur kula". Sami nglampahi agami satunggal punika. Kula namung manut agamanipun para leluhur kula wahu

[24] (Muhammad) dhawuha, "Apa sanadyan aku nyurup - nyurupake marang kowe kang luwih bener, ngungkuli panemune para leluhurmu biyen, kowe hiya ora gelem manut." Wong kafir padha mangsuli, "Dhawuh ungkang sampyan waradinaken punika kula sami mahiben

[25] Wong kafir mau banjur padha Ingsun turuni siksa mara dira delenga, kapruye kadadeyane wong kang padha maido dhawuhing Allah kang dihemban para rasul

[26] (Muhammad) Sira nyaritakna nalika Ibrahim matur marang bapakne lan pitutur marang para ummate tembunge, "Aku oramelu - melu anggonmu padha nyembah berhala

[27] Kajaba mung nyembah ing Allah kang gawe awakku, iku kang nuduhake dalan keselamatan marang aku

[28] Ibrahim nemtokake pituture mau dadi tetembungan kang linuruluri saturun - turune pangarep - arepe sarupane wong mangro tingal padha hambaleka manut marang Ibrahim

[29] (Pangandikaning Allah) Para kafir (Mekkah) lan leluhure malah padha Ingsun paringi kabungahan urip nganti katekan al-Quran (dhawuhing Allah) lan para Rasul ngasta keterangan

[30] Bareng katekan al-Quran wong kafir padha celathu, "Iki sihir lan yen dikandhakake dhawuhing Allah aku maido

[31] Pangucape, "Yen al-Quran iku nyata dhawuhing Allah ya gene ora didhawuhake metu wong lanang kang dadi panggedhening desa loro (Mekkah lan Thaif)

[32] (Pangandikaning Allah), "Apa dheweke mau kang andum rahmating Allah Pangeranira? Ingsun kang mesthi andum kabegjan marang dheweke (wong Mekkah) ana donya. Lan anjunjung drajate sawijining wong ngungkuli liya - liyane supaya sawehene bisa marintah marang liyane. Dene rahmate Allah Pangernira iku luwih becik tinimbang bondho kang dikumpulake

[33] Upama ora nguwatirake bok menawa manungsa iku dadi kafir kabeh marga saka kapengin andeleng kabegjane para wong kafir kang sampulur mesthi omahe wong kafir kang maido ing Pangeran kang Maha Murah Ingsun paringi payon salaka, lan ondho - ondho selaka kang padha dianggo mungguh mudhun

[34] Lan omahe won gkafir mau Ingsun dokoke lawan selaka, sarta Ingsun paringi amben dianggo sendhen

[35] Lan maneh Ingsun paringi rerenggan mas kabeh ora liya kabungahan ing donya. Dene ganjaran ing akherat ana ngarsaning Pangeranira. Wong kafir ora melu duwe mung tinamtokake marang wong kang padha bekti ing Allah

[36] Sing sapa nyulayani al-Quran dhawuhing Pangeran kang Maha Murah banjur Ingsun paringi setan - setan banjur dadi kancane

[37] Setan mau padha menging ngambah dalaning pituduh bener marang wong kang nyulayani al-Quran. Dene wong mau nyana yen wis ngambah dalan pituduh bener

[38] Manawa wis sowan ana ngarsaningsun banjur kandha marang syetan (wong sing nyulayani al-Quran), muga - muga aku didohna saka kowe, dohe saka panggonan mletheking srengenge tekan panggonan suruping srengenge. Konco kuwe iku hala temen

[39] (He wong kang nyulayani al-Quran) ing dina iki pangarep - arepira ora migunani marga sira wis tetela wong nganiaya awakira dhewe, sira lan setan kancaira mesthi padha disiksa

[40] (Muhammad) Apa sira bisa andokoki pangrungu marang owng budheg, utawa meruhake marang wong wuto, utawa nuduhake dalan bener marang wong kang wis pesthi mati kesasar

[41] Manawa sira Ingsun pundhut dhisik, sapngkurira Ingsun mesthi nyiksa wong kang padha nyulayani al-Quran

[42] Utawa kena uga sira Ingsun nuntunake kelakoning siksa kang Ingsun pancasake marang wong kang padha nyulalayani al-Quran. Ingsun kuasa nyiksa

[43] Saiki sira mung ngugemana pangandikaningsun kang wis didhawuhake, sira iku ngambah dalan kang bener

[44] Al-Quran iku kamulyan gedhe tumrap sira lan ummatira ing tembe manungsa padha didhangu (anggone nindhakake dhawuhing Allah)

[45] Takonna para rasul padha Ingsun utus sadurungira apa hiya Ingsun ngedekake Pangeran kang sinembah liyane Allah kang Maha Murah

[46] Biyen Ingsun wis ngutus Musa kanthi tondho yekti pirang - pirang, diutus nyurup - nyurupake marang Fir'aun sabalane. Dhawuhe, "Aku utusaning Allah Pangerane wong alam kabeh

[47] Bareng Musa wis teka gelarake tondho yekti kahelokan akeh ana ngarepe Fir'aun sabalane padha geguyu

[48] Anggoningsun nontokake siji - sijining tandha yekti marang Fir'aun sabalane mesthi luwih gedhe lan gegirisi tinimbang kahelokan kang wis Ingsun tontonake sakdurunge. Lan padha Ingsun siksa supaya padha marenana anggone kafir (bali menyang dalan bener)

[49] Fir'aun sabalane kondho, "He Musa juru sihir, kula mugi sampyan suwunaken dhateng Pangeran. Inggih punika manawi kula purun pitados badhe keparingan luar saking bebaya. Sapunika kula pitados dhateng sampeyan

[50] Bareng Fir'aun Ingsun paringi luar saka siksa, banjur padha nyidrani kasangguhane (percaya)

[51] Fir'aun kondho marang kawulane pangucape, "Para kaumku apa negara Mesik iki dudu duwekku? Padha delengan bengawan (Nil) iki mili ana ngisore panggonanku ngestokake parintahku

[52] Dadi aku iki luwih becik tinimbang Musa kang wis tetela wong asor celathune cedhal (pelo) meh ora ana wong ngerti

[53] Manawa Musa mau temen utusane Pangeran yagene ora digelangi mas, utawa ora diiringi malaikat kang padha nekseni yen dheweke utusaning Pangeran

[54] Fir'aun bujuk kawulane kelawan diterangake, para kawulane banjur ngestokake mulan banjur dadi wong duroko

[55] Cekake bareng Fir'aun sabalane padha gawe dukaningsun banjur padha Ingsun siksa. Mulane Ingsun kelem kabeh ana ing segara

[56] Fir'aun sabalane mau banjur Ingsun dadekake upama tumrap marang para ummat kang keri

[57] (Muhammad) Bareng Isa anake Maryam dianggo paribasan (anggone disembah dening para wong Nashara) ing kono para ummatira wong turun Qurais padha bungah

[58] Pangucape, "Becik endi ta Pangeran (sesembahanku apa dheweke (Isa))?". Dheweke ora gawe paribasan mau marang kowe perlune ora liwat mung madoni, para ummatira kang mangkono mau tetep wong madoni weweton barang kang ora bener

[59] Isa iku dudu barang - barang mung kawulaningsun kang diparingi kabungahan dadi nabi, sarta Ingsun anggo upama marang para turuning Israil

[60] Upama ana parenge kersaningsun, sira padha Ingsun sirnakake, banjur disalini para malaikat padha manggon ana ing bumi mesthi kelakon mangkono

[61] Lan satemene Isa mau yekti dadi tetengere kaweruh dina Qiyamat, sira aja mamang bakal tekane dina Qiyamat mau, sira mung ngistokna parintah Ingsun. Iki dalan kang bener

[62] Sira aja padha kena panggodhaning setan, awit tetela dadi saterunira

[63] Bareng Isa wis diutus dening Allah kanthi tondho yekti kahelokan pirang - pirang. Dhawuhe, "Tekaku iki dhawuhake Injil kang isine kawicaksanaan perlu nerangake anggonmu padha pasulayan bab surasaning Kitab Taurat. Kowe pada bektia ing Allah manuta marang aku

[64] Satemene Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, mulane padha nyembaha Allah, iki dhalan bener

[65] Padha pasulayan ing bab panemu antarane golongan - golongan (Nashara) antarane dheweke, cilaka banget (wong - wong nashara) kang panemune dadi kafir, awit besuk dina Qiyamat bakal kacemplung siksa kang nglarani

[66] Wong mangkono mau mung ngenteni dina Qiyamat kang tekane bakal ngagetake ora kanyanan pisan - pisan

[67] Ing dina iku sarupane pakumpulan duraka, wonge padha sesatron, kajaba wong kang padha bekti

[68] Kawulaningsun, Ing dina iku sira ora duwe kuatir lan ora kasusahan

[69] Para wong Islam kang padha ngestokake dhawuhing al-Quran ayat Ingsun

[70] Sira lan rabinira padha malebua ing suwarga kelawan bungah lan diaji-aji

[71] Padha diladeni panganan kang wadahe emas, lan omben - omben winadhahan ing gelas. Wadhah emas mau isi panganan kang menginake ati lan ngresepake dineleng. Sira ana suwarga padha langgeng salawase

[72] Hiya iku suwarga pandumanira diparingake marang sira marga anggonira ngelakoni panggawe becik

[73] Ana suwarga sira padha duwe woh - wohan pirang-pirang sira padha mangan hendi kang sira pengini

[74] Sarupane wong kafir padha disiksa ana neraka jahannam langgeng salawas - lawase

[75] Tanpa kendhat lan kamayaran padha meneng dening wis sirna pangarep - arepe kamayaran

[76] Ingsun ora pisan nganiaya wong kafir, nanging dheweke nganiaya awake dhewe

[77] Wong kafir padha matur, "Malaikat Malik ingkang nguwasani neraka, munjuka ing Pangeran sampeyan, kula punika dipun pejahi kemawon". (Malaikat) mangsuli, "Kersaning Allah kowe disiksa langgeng salawas - lawase tanpa mati

[78] Ingsun ngundangake parentah bener, nanging kang akeh sengit marang bener

[79] Apa wong kafir (Mekkah) nyantosani anggone neja ngrusak (Muhammad) Ingsun hiya nyantosani

[80] Apa wong kafir padha ngira yen Ingsun ora mireng pangucape kang mung dibathin lan kang dilahirake. Ingsun mireng lan nguningani malah para utusaningsun padha nulisi

[81] (Muhammad) dhawuha, Upama Allahkang Maha Murah kagungan putra mesthi aku dadi kawulane wong nyembah (putrane Allah mau)

[82] Allah iku Maha Suci Pangerane bumi lan langit uga 'Arsy, adoh banget yen kaya panemune wong kafir

[83] Mulane wong kafir mau padha nengna wae, karo ben padha kebanjur - banjur anggone ngencengi barang kang luput. Anggone ana donya tanpaguna ngenteni tekan qiyamat kang diancamake Allah

[84] Allah iku kang sinembah kelawan bener ana ing bumi lan langit. Allah iku wicaksana tur nguningani samu barang

[85] Allah iku Maha Luhur, kang kagungan kraton bumi lan langit lan kagungan barang kang ana antarane bumi lan langit. Kaweruh bakal kelakone Qiyamat iku ana ngastane Allah piyambak. Ing tembe sira bakal bali padha sowan ana ngarsane Allah

[86] Barang liyane Allah kang padha disembah dening wong kafir ora duwe syafa'at, ora wenang nyuwunake pikoleh tumrap marang liyane. Kajaba kang ngucap, "Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah" sarta nganggep lan weruh surasane

[87] Menawa sira takon marang wong mangro tingal, "Sapa kang gawe kowe kabeh lan barahala - barahal mau?" Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel inggih Allah". Sawise kondha mangkono kapriye anggone selak anggone nyembah Allah

[88] Lan maneh Allah nguningani hunjuke Muhammad, "Dhuh Pangeran kawula. tiyang kagir punika sami boten pitados ing Paduka

[89] Dhawuhing Allah, "(Muhammad) sira mung malengosa marang wong kafir mau, Lan ngucapa, "Aku dhasar selamet". Ing tembe wong kafir bakal padha weruh kadadeyane awake

Ad-Dukhan

Surah 44

[1] Haa miim

[2] Demi Kitab Al-Quran kang nerangake

[3] Ingsun nurunake kitab al-Quran mau ana ing wengi kang berkah, Ingsun ngelingake manungsa kelawan al-Quran

[4] Sarupaning perkara kang tinamtokake padha dipilah - pilan kanthi wicaksana

[5] Dipilah - pilah terang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para Rasul

[6] Minangka sih piwalesing Pangeranira, satemene Allah iku mireng tur nguningani samu barang

[7] Kang ngratoni bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane, menawa sira wis terang (yakin)

[8] Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguripi lan mateni yaiku Pangeranira lan leluhurira ing zaman kuna biyen

[9] (Wong kafir) padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati sarta nggeguyu

[10] Sira mung ngentenana qiyamat nalika langit lan bumi ngetokake kebul ngebaki antarane langit lan bumi

[11] Kebul mau nampek manungsa, siksa kang nglarani

[12] Manung mau banjur munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, Paduka mugi ngluwarna kawula saking siksa punika, sapunika kula sami pitados

[13] Manungsa wis padha didhawuhi terang dening Rasul mulane nalika turuning siksa panelangsane ora migunani

[14] Banjur padha mlengos (marang Muhammad) Pangucape, "Iku muride wong edan

[15] Hiyata, Ingsun hentas saka siksa sawetara, nanging sira banjur bali kafir maneh

[16] Ing kono Ingsun niksa marang wong kafir sarana nandukake gegaman kelawan sengit

[17] Biyen sadurunge dheweke (wong Mekkah) Ingsun nyoba Fir'aun sabalane kang mulya (Musa lan Harun)

[18] (Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku

[19] Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah

[20] Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu

[21] Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae

[22] (Musa) munjuk ing Pangerane mratelakake yen Fir'aun sabalane padha puguh kafir (muga ditindakna ana kang dadi bener)

[23] (Dhawuhing Allah marang Musa), "Sira lan para kawulaningsun padha lungaa (saka Mesir) mangkata ing wayah wengi sira bakal diburu

[24] Menawa sira tekan segara gitikna kelawan tekenira banyune mesthi piyak. Satemene Firaun sabalane bakal Ingsun tungkepi banyu ana satengahe segara

[25] Fir'aun ninggal palemahan lan kali pirang - pirang kang mili (ing Mesir)

[26] Lan ninggal tetanduran lan gedhung pirang - pirang kang indah

[27] Lan ninggal bondho akeh kang mane dianggo bebungah

[28] Wis mangkono karsaningsun tininggalane Fir'aun sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane

[29] Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Fir'aun tumpes tanpa disrantekake maneh

[30] Wong Bani Israil wis padha Ingsun paringi slamet saka siksa lan siya - siya

[31] Saka panggawane Fir'aun kang kebangeten anggone gumedhe

[32] Satemene wong Bani Israil mahu padha Ingsun pilih, kaparingan kaweruh lan kapinteran akeh ngungkuli wong sajagad

[33] Lan Ingsun gelari kahelokan akeh kang tetela dadi coba

[34] Satemene dheweke (wong turun Qurais) iku temen - temen padha ngucap

[35] Anggonku mati mesthi mung sapisan wae, ora bakal diuripake

[36] Yen pangucapmu mau bener pada uripna para leluhurku kang wis padha mati

[37] Apa dheweke (wong musyrikin) luwih gagah prakosa lan sugih karo ummate Tubba' lan para ummat sadurunge. Hewa dene kabeh padha ditumpes awit padha kafir

[38] Anggon-Ku gawe bumi lan langit apadene barang kang ana antarane ora dolanan tanpa gawe

[39] Anggon-Ku gawe bumi lan langit mau wis mesthi ana gunane, nanging kang akeh padha ora weruh

[40] Satemene besuk Qiyamat nalikane para kawulaningsun padha dipisah - pisah dina mau dadi karampungane perkara kabeh

[41] Hiya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung - tinulung apa - apa, ora bisa nulak siksaning Allah

[42] Kajaba wong kang diasihi Allah hiya iku para mukmin, satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Asih

[43] Satemene wit Zakkuum

[44] Dadi pangane wong duroko

[45] Rupane koyo lengo kang reged, yen dipangan ana sajeroning weteng umub

[46] Kaya dene umube wedang

[47] (Wahai neraka) Wong kafir iku cekelen banjur laraken marang tengahe neraka jahim

[48] Nuli padha grujugen wedang, siksa saka dhuwuring endhase

[49] (Hai wong kafir), Rasakna siksaningsun, awit ngaku maha mulya tur wicaksana

[50] Siksa iki kang padha sira paido biyen

[51] Sarupane wong kang padha bekti ing Allah, ana panggonan tentrem

[52] Hiya iku ana ing suwarga kang ana bengawane mili

[53] Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan kandel, serta padha patemon karo kancane

[54] Wis mangkono karsaningsun wong mukmin padha diparingi jodho widadari kang mripate blalak - blalak

[55] Wong mukmin mau ana suwarga jaluk woh - wohan warna - warna marang kang ngladeni, woh - wohan mau ora bisa entek

[56] Ing suwarga ora bakal nglakoni mati salawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ing donya. Allah ngreksa wong mukmin ora kacemplung neraka Jahim

[57] Iku minongka sih kanugrahane Pangeran aran kabegjan kang gedhe

[58] Surasaning al-Quran iki Ingsun gampangake tembungira (Arab) supaya manungsa padha nampani pitutur

[59] Sira ngentenana pitulunging Pangeranira, wong kafir hiya padha ngarep - arep rusakira

Al-Jasiyah

Surah 45

[1] Haa Miim

[2] Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulya tur Wicaksana

[3] Kabeh barang ing bumi lan langit mesthi dadi tondha yekti gedhe kanggo para kang angesthu

[4] Anggonira dumadi lan sarupaning hewan kang gumelar, gumremet ana bumi tumrap wong kang padha ngandel bakal kelakone qiyamat uga dadi tondho yekti

[5] Dene beda - bedana rina lan wengi lan anane udan kang nuwuhake rizki kang diturunake dening Allah saka langit banjur dianggo nguripake bumi kang wis bera apa dene lakune angin uga dadi tandha yekti tumrap wong kang ana pikire

[6] Ayat kang wis kasebut mau tandha yektining Allah, Ingsun gelarake kelawan nyata marang sira. Yen meksa padha maido banjur arep ngandel apa, liyane dhawuh lan tandha yektine Allah

[7] Cilaka temen sarupane tukang maido tur akeh dosane

[8] Diwacakake sarta krungu al-Quran ayating Allah, nanging banjur puguh gumedhe wegah ngestokake padha wae ora krungu. Wong mankono mau terangna bakal dipatrapi siksa kang nglarani

[9] Dene menawa weruh sathithik ayat - ayatingsun banjur dianggo geguyon wong mangkono iku mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake

[10] Wong kafir ana donya prasasat wis ngarepake neraka jahannam. Samu barang kang dilakoni apa dene anggone mangeran marang liyane Allah (Brahala) ora bisa murungake siksa, mesthi dipatrapi siksa gedhe

[11] al-Quran iku pituduh bener, dene sarupane wong kafir kang maido ayating Pangeran bakal diptrapi siksa kang nglarani

[12] Allah iku kang nelukake segara mulane perahu bisa mlaku ana segara kelawan parentahe Allah, lan sira bisa ngupaya sih kanugrahaning Allah rizki sarana dagang pelayaran supaya bisa syukur

[13] Lan maneh Allah nelukake isen - isene bumi lan langit kabeh marang sira.Kang mangkono iku tumrap wong kang gelem nganggo pikire dadi tondho yekti gedhe

[14] Dhawuha marang para mukmin padha apuranen para kafir kang padha ora wedi dinane Allah. Yaiku dina horeg - horegan. Karsane Allah arep ganjar para mukmin (anggone padha shabar) kang wis ditindakake

[15] Sing sapa nglakoni penggawe becik ganjarane bakal dimpani awake dhewe, sing sapa wonge nglakone pihala patrapane hiya disangga dhewe, tumuli sira kabeh bakal sowan marang ngarsane Pangeran

[16] Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang para turuning Israil lan diwenangake ngukumi pasulayane manungsa diparingi pangkat nabi (Musa lan Harun), diparingi rizki kang ngresepake sarta digawe punjul ngungkuli wong sajagad

[17] Wong Bani Israil mau diparingi keterangan akeh bab agama mula dheweke ora pasulayan kajaba sawise katekan kaweruh nanging atine balela drengki, Ing besuk dina qiyamat Allah Pangeranira ngadili anggone pasulayan

[18] (Muhammad) Sira banjur Ingsun kersakake mengki syare'at (agama) dhewe bab urusan laku - lakuning agama (Islam) mau, sira manuta aja manut karepe wong kang ora weruh

[19] Wong kafir mau ora bisa nulak siksane Allah marang sira sethithik wae, sarupane wong kafir memitran karo kancane. Dene Allah iku paring pitulung marang para wong Mukmin

[20] Al-Quran iki isi kaweruh lan pituduh marang manungsa lan dadi rahmat marang wong kang padha ngandhel

[21] Wong kang nglakoni pihala duwe pangira yen bakal Ingsun gawe padha karo wong kang percaya lan nglakoni panggawe becik. Uripa ana donya iki dikira padha wae karu besuk yen wis mati. Hala temen panemune wong kafir mau

[22] Allah gawe bumi lan langit kanthi tujuan kang bener, lan supaya tumanduking wewales marang siji - sijining awak menurut lakune (hala utawa becik) lan ing kono ora ana wong kena ing penganiaya

[23] Kapriye panemunira, mungguh wong kang mangeran marang karepe dhewe sarta dikarsakake sasar dening Allah kanthi adhedhasar kaweruhe, lan Allah wis ngunci pangrungune lan atine ora krungu lan ora weruh pituduh bener. Pandelenge dipetengake Allah. Sarehne disasarake dening Allah sapata kang kaconggah nuduhake dalan bener. Apa padha ora bisa oleh wulang saka ayat iki

[24] Wong kang padha maido bakal uripe wong kang wis padha mati padha ngucap, "Urip iku hiya mung uripku ana donya iki, aku bakal mati, nanging hiya ana kang lahir nyambungi urupe owng kang wis mati. Dadi kang ngrusak aku kajaba lawase mongso". Pangucape wong kafir mangkono mau tanpa wewaton mung saka gagasane wae

[25] Wong kafir mau manawa diwacakake al-Quran ayatingsun kelawan cetha, padune ora ana maneh ngucap, "Yen kandhamu wong kang wis mati bakal urip maneh iku temen, uripana para biyungku kang wis padha mati

[26] (Muhammad) dhawuha, "Allah nguripake lan mateni sira kabeh, besuk bakal dikumpulake ing dina Qiyamat kang ora sumelang maneh. Hewa dene manungsa akeh kang ora weruh mangkono mau

[27] Karaton bumi lan langit mau kagungane Allah, ing besuk dina Qiyamat wong kafir padha kapitunan

[28] Ing dina iku sira padha deleng sarupaning ummat padha jengkeng ngenteni karampungan perkarane sebagian padha dikon deleng cathetan lakune dhewe - dhewe. Ing dina iku sira padha tampa walese barang kang wis dilakoni

[29] (Pangandikaning Allah): "Cathetan iki dadi seksi kang anggelarake samu barang kang wis padha sira lakoni ana ing donya kelawan lugu. Ingsun netepake barang kang wis padha sira lakoni

[30] Para mukmin kang nglakoni panggawe becik kersane Pangeran padha dilebokake panggonan rahmate hiya iku suwarga. Kang mangkono mau tetela kabegjan gedhe

[31] Para wong kafir padha didangu, "Apa sira ora didhawuhi lan diwacakake al-Quran ayatingsun?" Sira wis diwacakake nanging padha gumedhe mulane padha kafir

[32] Manawa sira dipituturi janjine Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati iku bener. Dene kelakone dina Qiyamat ora sumeleng. Kowe mangsuli, "Embuh ora weruh apa dina Qiyamat?" manawa aku gelem nyana ora weruh nyatane, dadi tanpa gawe

[33] Ing kono tetela kang dilakoni wong kafir hala kabeh. Dene patrapane anggone geguyu al-Quran nempuh marang si kafir

[34] Padha didawuhi, "Ing donya iki Ingsun ora perduli kaya anggonira ora perduli ngelakoni kabecikan kang bakal maidahi ing dina Qiyamat. Saiki panggonira mesthi ana ing neraka. Ora ana kang bisa nulungi

[35] Mangkono mau marga anggonira geguyu al-Quran, sira padha ketutup ngrasakake kabungahan ing donya. Ing dina iki wong kafir padha ora bisa metu saka neraka, lan wis ora diparingi tobat

[36] Sakabehing puji kagungane Allah, Pangerane bumi lan langit lan alam kabeh

[37] Allah iku ngagem sifat kahagungan ana bumi lan langit Maha Mulya tur Maha Wicaksana

Al-Ahqaf

Surah 46

[1] Haa Miim

[2] Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulya tur Wicaksana

[3] Anggoningsun gawe bumi lan langti apa dene barang kang ana antarane mesthi kelawan nyata lan adege mau ana watese wektu kang tinemtokake. Dene wong kafir padha mlengos saka barang kang dielingake (surasane al-Quran)

[4] Dhawuha, "Apa sira padha sumurup barang saliyane Allah kang padha kok sembah (brahala)? Tuduhna barang isen - isene bumi iki hendi gaweyane brahala, apa melu gawe langit ngrewangi Allah? Menawa panemumu bener nekakna kitab sadurunge al-Quran iki utawa kaweruh liyan - liyane kang cocok panemumu

[5] Ora ana wong kang luwih kesasar tinimbang wong kang nyembah liyane Allah. Salawase ora tau bisa nurut panjaluke kang nyembah. Tekan qiyamat pisan hoya ora bisa. Brahala mau ora ngerti yen disembah dening wong kafir

[6] Besuk dina qiyamat nalika manungsa diklumpukake ana ngarsane Pangeran, sakabehing brahala padha disatroni wong kang nyembah, sarta padha nutuh kang padha nyembah

[7] Manungsa nalikane diwacakake al-Quran ayatingsun kelawan cetha wong kang kafir padha maido, padha ngucap al-Quran iki tetela sihir

[8] Apa wong kafir padha ngucap, "Quran iki gaweyane Muhammad dhewe." Sira dhawuha, "Manawa al-Quran gaweyanku dhewe Allah mesthi nyiksa aku saiki." Kowe ora bisa nulak siksane Allah marang aku sethithik wae. Allah pirsa anggonmu maido al-Quran. Anggonku pasulayan karo kowe iki cukup disekseni Allah lan Panjenengane Allah ngapura wong kang taubat tur Maha Asih

[9] (Muhammad) Dhawuha, "Aku iki dudu rasul kang kawitan lan aku ora weruh kang bakal ditindakake marang aku lan kowe. Aku mung manut surasaning al-Quran kang didhawuhake marang aku. Wajibku mung ngelengake lan pitutur

[10] Dhawuha, "Terangna piye panemumu upama al-Quran iki temen dhawuhing Allah, kang mangko kowe padha maido." Lan ana uga saksine wong Bani Israil nerangake yen al-Quran iku temen dhawuhing Allah padha uga Taurat. Saksi siji saka wong Bani Israil mau banjur percaya. Satemene Allah iku ora kersa nuduhake dalan bener marang wong kang padha nganiaya

[11] Wong kafir padha kondho marang wong mukmin manawa percaya marang al-Quran becik tenan, aku ora kedhisikan wongmukmin anggonku percaya. Wong kafir ora bisa oleh pituduh bener saka al-Quran Bakal padha ngucap al-Quran iku wiwit mula biyen goroh

[12] Sadurunge al-Quran wis ana kitabe Musa dadi pengarep lan dadi rahmat tumrap wong kang padha percaya. Dene al-Quran iki kitab kang nerangake yen kitab kang kuna - kuna bener kabeh, tembunge al-Quran Arab kanggo ngancam wong kang nganiaya lan bebungah wong kang padha becik

[13] Sarupane wong kang padha ngucap, "Pangeranku Allah", banjur padha setiya tuhu ngestokake dhawuhing Allah besuk ana akherat ora bakal wedi lan kasusahan

[14] Wong mangkono mau bakal mlebu suwarga kang langgeng minongko ganjaran kabecikan kang wis dilakoni

[15] Dhawuhing Ingsun Allah marang manungsa, "Padha tresnaha lan gawea becik marang wong tuane loro. Awit manungsa mau dikandhut ana wetenge biyunge lan dilahirake kanthi rekasa. Awit anggone diwetengake nganti tekan penyapihane lawase sasi. Bareng bayi mau wis tua lan wis tekan umur tahun munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, Paduka mugi paringa pitedah ngebahna manah kula ingkang ngantos kawula syukur dhateng paring paduka kabingahan ingkang Paduka paringaken dhumateng kawula soho tiyang sepuh kawula kekalih, punapa dene supados kawula nglampahi pendamel sahe ingkang dados keparingipn kersa panjenengan. Para turun kula mugi panjenengan dadosaken sahe kawula tobat lan kawula punika tiyang Islam

[16] Hiya iku wong kang padha Ingsun terima anggone padha nglakone panggawe becik, lan padha Ingsun cegah nglakoni panggawe hala, Padha wong suwarga hiya iku prasetyaning Allah temen mesthi kelakon

[17] Dene won kang wani kondho marang wong tuane loro, "Hus" yagene padha nemtokake ing tembe bakal ditangekake saka kubur kelawan urip kang mongko wong kuna biyen kang wis mati pirang - pirang atus tahun ora ana siji wae kang urip maneh. Wong tuwane loro banjur matur ing Allah lan mangsuli marang anake, "Cilaka temen kowe, percaya ing Allah lan bakal uripe wong kang wis padha mati. Prasetyaning Allah bakal kelakon tenan. Anake mangsuli, "Mangkono mau gawe - gawene wong kuna

[18] Wong mangkono mau wis ditemtokake dening pepesten. Pangandikaning Allah bakal dipatrapi siksa klebu golongane ummat kuna biyen rupa jin lan manungsa, temen wong kang kapitunan

[19] Lan kanggo siji - sijining wong mau diparingi drajat miturut apa kang wis padha dilakoni.Allah mesthi nyukupi kanggo dheweke ganjaran utawa patrapan ing lakune samurwate lan ora ana kang kaniaya

[20] Ing dina nalika wong kafir diweruhake neraka, ing kono padha didhawuhi, "Saiki kabungahanira ana donya kang apik wis sira entekake kanggo bungah - bungah. Ing dina iki dipatrapi siksa kang ngremehake marga aggonira padha gumedhe ing bumi kelawan ora bener lan marga anggonira duroko

[21] (Muhammad), Nyeritakna (Hud) sedulure kaum 'Aad nalika mulang lan ngelengake ummate ana jurang al-Ahqaaf. Satemene wis didhisiki pirang - pirang wong sing ngelingake sakdurunge lan sawise (kanthi kondho), "Aja nyembah kajaba mung Allah, satemene aku kuatir yen ing tembe kowe dipatrapi siksa gedhe

[22] Wong 'Aad padha mangsuli, "Punapa sampyan mrintah dhateng kula supados ngoncati anggen kula nyembah pangeran kula?" Manawi ngendika punika leres sumonggo sampyan dhatengaken siksa ingkang sampyan ancamaken punika

[23] (Hud) mangsuli, "Mung Allah piyambak kang nguningani dina tekane siksa, dene wajibku mung handhawuhake parentahing Allah kang tak emban. Barang kowe padha hanggege siksa, panemuku kowe iku wong bodho

[24] Bareng (wong 'Aad) weruh siksa arupa mendhung malang ngarepe jurang. Pangucape (wong 'Aad), "Mendung iki bakal nganaake udan, beneran ing kene wis lawas ora udan". (Pangandikaning Allah) Iki siksa kang padha sira naggege iku, angin siksa kang nglarani dudu mendhung

[25] Angin mau numpes wong 'Aad kabeh, ngestokake dhawuhe Pangerane. Wong 'Aad dalah omahe sirna kabeh mung kari katon patilasane. Hiya iku anggoningsun nandukake wewales marang wong kafir

[26] Lan satemene wong 'Aad mau padha Ingsun bisakake barang kang kowe ora bisa (kayata banget rosane, dawa umure, lan akeh bandhane) lan padha Ingsun paringi pangrungu pandelen lan pikir. Hewa dene bareng tinempuh ing siksa pangrungu pandeleng lan pikire ora kena dianggo madoni ayating Allah padha tinempuh siksa kang padha digeguyu

[27] Lan satemene Ingsun wis numpe wong padesan sakirake tondho yekti ayatingsun supaya wong kafir padha mareni anggone nasar

[28] Ya gene wong kang padha mangeran liyane Allah dadi Pangerane kanggo nyedhak ing Allah amarga brahalane ora bisa nulungi dheweke. Malah sabisa-bisa padha mlayu nyingkir. Dadi anggone mangeran brahala mau tetela padha luput lan goroh

[29] (Muhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun nekakake sak rombongan jin ngrungokake anggonira maca al-Quran Bareng Jin mau wis ngrungokake padha kondha, "Para kancaku padha menenga ngrungokna unine al-Quran iki". Bareng wis rampung pamacane, jin mau bali marang panggonane banjur mulang al-Quran marang kancane

[30] (Para jin) kondho, "Kancaku, saiki aku krungu kitab kang diturunake dening Allah sapungkure Musa nerangake yen kitab kang kuna - kuna kabeh bener. Aweh pituduh marang dalan bener (Islam)

[31] Hai kancaku (jin kabeh) padha ngistokna dhawuhing Allah (kang diemban Muhammad) sarta padha percayaa Allah. Allahbakal ngapura kaluputanmu lan bakal paring slamet ora kena siksa neraka kang nglarani

[32] Sing sapa ora ngistokake dhawuhing Allah, ora bisa ngunci siksaning Allah ana bumi lan ora duwe pangayom liyane Allah. Wong mangkono mau cetha yen kesasar

[33] Wong kafir apa ora deleng yen Allah iku gawe bumi lan langit. Sarehne Allah iku kuasa gawe barang kang semono gedhene, opo ora sansaya kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Allah iku kuasa samu barang

[34] Ing besuk dina Qiyamat, nalika wong kafir padha dituduhake neraka, (Dhawuhing Allah) wis benera sira dicemplungake. (Wangsulane) "Dhemi Pangeran kawula, sampun leresipun". Dhawuhing Allah, "Saiki padha ngrasakna siksa neraka marga anggonira kafir

[35] (Muhammad), Mulane sira sabara, kaya sabare para rosul ing zaman kuna kang padha duwe ati tetep. Aja kesusu tekane siksa marang wong kafir. Besuk yen wis deleng neraka kang diancamake. Pangrasane anggone ana donya iki mung sedhela ana ing wayah awan. Iki lho pituduh kang cukup. Besuk yen wis deleng siksa, ora bakal disengsarakake kajaba wong kafir

Muhammad

Surah 47

[1] Sarupane wong kafir menging pracaya ing Allah, nyirnakake ganjarane anggone nglakoni kabecikan

[2] Dene Sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik sarta ngistokake dhawuhing (al-Quran) kang tinuturake marang Muhammad hiya iku agama kang bener terang dhawuhing Allah Pangerane. Allah ngapura dosane lan becikake lakune

[3] Mulane mangkono hamarga para wong kafir mau padha manut panggodhaning setan (dalan sing luput) dene para mukmin manut dalan bener saka Pangerane. Mangkono mau Allah anggone nerang-nerangake marang manungsa pirang-pirang conto

[4] Mulane manawa sira katemu mungsuh wong kafir (ana peperangan) banjur padha sira kethok gulune. Dene yen wis akeh kang mathi padha dadekna tawanan wae. Kena uga banjur sira hapura (huculake) utawa ditebus. Mangkono iku tindakna nganti tekan rampunge perang. Upama ana keparenging ALlah wong kafir padha ditumpes mesthi kelakon. Nanging ora mangkono, anggone dhawuh perang kanggo handadar para mukmin kang setia tuhu. Dene kang mati perang ana dhalaning Allah ora bakal hanjugarake anggone padha nglakoni panggawe becik

[5] Allah mesthi paring pituduh bener an becikake lakune

[6] Apadene ngunggahake ing suwarga lan mratakake panggonane

[7] Para wong kang percaya, menawa sira bantu utusaning Allah (anggone gelarake agama Islam) Allah mesthi paring pituduh marang sira lan netepake delmakanira (keyakinanmu)

[8] Dene para kang pada kafir padha kapitunan, Allah bakal nglarutake ganjarane anggone padha nglakone penggawe becik

[9] Anggone mangkono marga anggone sengit marang al-Quran kang didhawuhake Allah, mulane Allah nyirnakake ganjarane

[10] Yaene padha ora deleng kahanan ing bumi (nyelidhiki) delok kahanane ummat kuna biyen kang ditumpes marga anggone kafir kapriye kadadeyane kaya mangkono uga

[11] Mulane mangkono, amarga Allah iku pangayome wong mukmin kang paring pitulung, dene wong kafir ora duwe pangayom

[12] Allah iku ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik padha diunggahake suwarga kang ana bengawane mili kana sangisore kekayon. Dene si kafir padha bungah - bungah (ing donya) lan padha mangan, anggone mangan kaya kebo sapi. Besuk ana akherat panggonane ana neraka

[13] Pira wae akehe wong padesan kang gagah prakosane ngungkuli kuate (saka penduduk) pedesanmu (Makkah) kang wis padha nudhung sira (saka Mekkah) padha Ingsun tumpes lan ora ana kang bisa nulungi dheweke

[14] Wong kang padha nyungkemi tandha yekti saka Pangerane (al-Quran) apa padha wae karo wong kang dhemen nglakoni penggawe hala pangrasane becik lan nuruti sakarep - karepe? (mesthi bedha banget)

[15] Saumpamane suwarga kang dijanjekake dening Allah bakal diganjarake marang para wong kang bekti, ana bengawan kang mili banyu kang ora owah, lan ana bengawane mili pohan kang ora bisa owah rasane, apadene ana bengawan mili saceng ang enak rasane tumrap wong kang padha ngombe. Lan anabengawane mili madu kang bening. Wong mukmin ana suwarga padha duwe woh - wohan akeh tur warna - warna lan oleh pangapura saka Pangerane padha karo wong kang ana neraka iku tetimbangane langgeng. Dicangar nganggo wedang panas mulane ususe padha ajur

[16] Sawenehe wongkafir ana kang padha ngrungokake gunemme (wulangane Muhammad), bareng wis mundur saka ngarepira banjur padha geguyu. Kandhane marang wong kang kadunungan kaweruh (para shahabat), "Apa kang dikandhakake mau?" Wong kang mangkono mau atine wis dikunci dening Allah. Banjur nglakoni sakarep - karepe dhewe

[17] Dene wong kang padha oleh pituduh diparingi tambah pituduh maneh sarta diparingi ati bekti ing Allah

[18] Wong kafir ngenteni apa? ora liya ngenteni dina qiyamat kang tekane ngegetake, kang mangka saiki satemene tandha - tandhane wis ana. Menawa wis teka piye anggone arep padha eling taubat (ing Allah)

[19] Sira weruha satemene ora ana sesembahan kelawan bener mung Allah piyambak, lan nyuwuna pangapurane dosanira lan dosane wong mukmin lanang lan wadon. Allah nguningani mlah - malihe panggawemu

[20] Wong mukmin padha kandha, "Ya gene ora ana dhawuh (perang)?" Barang ana dhawuhing perang, sira deleng wong kang atine lamis iku padha deleng marang sira arupa wong kang wedi mati

[21] Wajibe mung sendika sarta mangsuli nganggo tembung becik. Bareng tekane gawe perang wong lamis padha nyidrani kasaguhane, umpamane padha ngandel prasetyaning ALlah luwih becik tumrap awake

[22] Bok menawa kowe nyekel kuasa apa banjur bali gawe rusak ana bumi lan padha medhot paseduluran

[23] Wong kang mangkono mau padha dibendoni Allah mulane Allah banjur budhegake lan micakake pandelenge wong mau

[24] Ya gene (wong lamis mau) pra padha gagas (mikir - mikir) surasane al-Quran atine malah padha dikunci

[25] Sarupane wong kang wis terang marang pituduh bener nanging banjur balik dadi kafir lan lamis. Setan banjur godha wong mau (gampang gawe dosa) lan dawakake angen - angene

[26] Tetelaning panggodha, wong lamis mau padha bebisik marang wong kang padha sengit marang alQuran (wong kafir), "Aku bakal biyantu sawatara marang kowe". Allah nguningani wadine wong lamis mau

[27] Kepriye polahe wong lamis mau besuk yen wis dipateni malaikat kanthi gebugi wong lamis mau saka ngarep lan buri

[28] Mangkono mau amarga para wong lamis padha nglakoni barang kang dadekake dukane Allah, lan sengit barang kang dadi kersane Allah. Mulane Allah nyirnakake lakune becik wong lamis mau

[29] Wong kang atine ana lelarane (lamis) apa padha ngira yen Allah ora bakal bukak wadine anggone gething marang wong mukmin

[30] Menawa ana parenge karsane Allah, kena uga sira Ingsun weruhake kahanane para wong lamis, sira bakal weruh tengere anggone lamis, lan bakal weruh kandhane kang ora prasaja. Allah nguningane lakune para kawulane kabeh (hala becik)

[31] (Para mukmin) Ingsun nyoba diprentah perang supaya wuninga kelawan gumelar sapa kang setia tuhu lan tega atine lan Ingsun bukak wadinira ing kono bakal cetho

[32] Sarupane wong kafir lan kang ngalang - ngalangi sumebare agama Islam, apadene nyulayani Rasul, tur wis padha terang weruh pituduh bener ora pisan - pisan mlarati marang ALlah, ing tembe Allah jugarake ganjarane kabecikane

[33] Para mukmin kabeh padha manut - mituruta parintahing Allah lan rasul lan aja padha jugarake (bubrah) ganjaraning kabecikan

[34] Sarupane wong kafir lan ngalang - ngalangi sumebare agama Islam mangka banjur mati isih kafir Allah ora bakal ngapura dosane wong mau

[35] (Para mukmin kabeh) sira aja cilik atime lan ngajak rukun. Sira iku luhur ngungkuli wong kafir, lan ALlah nyertani sira kabeh, lan Allah ora bakal nyuda ganjaranira anggonmu padha ngelakoni panggawe becik

[36] Kabungahan ing donya iku mung dolanan kang ora lawas (nuli rusak) nanging manawa sira percaya sarta bekti ing Allah bakal diparingi ganjaran lan ora bakal dangu bandhanira

[37] Upama Allah dangu zakate bandhanira kelawan dhawuh kenceng sira dikersakake ngentekake bandha mau (kanggo zakat utawa ragad perang) mesthi eman eman. Allah banjur melehake anggonmu sengit

[38] (Para kawula kabeh) SIra padha perintaha ngetokake bondho kanggo ragad sabilillah nangin ana kang abot (lan ana uga kang entheng). Dene sing sapa komed medhit tumanjane marang awake dhewe. Lan Allah iku Maha sugih nanging sira kang benget butuhe (marang Allah). Manawa sira mlengos ngestokake dhawuhe Allah, Pangeran bakal ganti sira marang ummat liya kang dheweke ora kaya sira mangono (bangkang)

Al-Fath

Surah 48

[1] (Muhammad) Satemene Ingsun wis maringin kemenangan marang sira kanthi menang kang nyata (bedhahe Mekkah)

[2] Supaya Allah anggone kersa ngapura dosanira kang wis kelakon lan durung kelakon lan supaya sempurna paparinge kabungahan marang sira, apadene kersa paring pituduh dalan bener

[3] Lan kersa paring pitulung kelawan pitulung kang mulya

[4] Allah iku kang paring tentrem ana ing atine para mukmin supaya imane tambah numpangi imane kang wis dhisik. Allah iku kagungan wadia bala ing langit lan bumi, lan Allah iku Maha Nguningani lan Maha Wicaksana

[5] Allah kersa arep ganjar mukmin lanang lan wadon kelawan suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon ana kono padha langgeng. Lan Allah kersa ngapura kaluputane, kang mangkono iku diarani kebegjan gedhe ana ngarsane Allah

[6] Allah bakal nyiksa para wong lamis lanang utawa wadon apadene wong mangro tingal lanang lan wadon kang padha nyana hala marang Allah. Kanggo dheweke digilir ing barang hala, Allah ngancam siksa neraka jahannam lan hala kadadeyane

[7] Isining langit lan bumi kabeh wadyabalane ALlah kang Maha Mulya tur wicaksana

[8] (Muhammad) Ingsun ngutus sira perlu nekseni hala becika ummatira, lan bebungah wong ngabekti bakal diganjar, lan ngancam wong duroko

[9] (Dhawuh Ingsun mau supaya) padha percaya Allah lan utusane, apadene ngajeni marang Rasul (utusan) lan supaya nyebut Maha suci ing Allah wayah esuk, lan sore

[10] Sarupane wong kang padha medharake prasetyane marang sira, sejatine hiya prasetya marang Allah. Astane Allah ana sakduwure tangane wong kang padha prasetya mau. Mulane sing sapa cidra saka kesaguhane, iku sejatine cidra marang awake dhewe. Dene sapa wong setya tuhu netepi prasetyane ing Allah bakal diparingi ganjaran gedhe

[11] Wong pedesan (ing Madinah kang ora melu perang) bakal padha matur, "Kula boten dherek jalaran ngareksa bandha sak anak bojo kula, mula mugi panjenengan Suwunaken pangapuraning Allah". Anggone matur mengkono mau mung ana lambe wae ora terus ing atine. (Muhammad) Dhawuha, "Sanadyan kowe ana ing ngomah wae, menawa Allah ngersakake bilahi marang kowe sapa kang kaconggah nolak? Utawa manawa Allah paring slamet sapa kang bisa murungake? Allah iku waspada marang kang bok lakoni

[12] Malah kowe padha nyana yen Rasul lan para mukmin salawase ora bakal ketemu sanak sadulure, sira kena godha dhemen panemu kang mangkono yaiku panyanamu elek, kowe bakal karusakan

[13] Sing sapa ora percaya ing Allah lan marang utusane iku wong kafir. Ingsun ancam siksa neraka Sa'ir

[14] Kraton bumi lan langit kagungane Allah, Allah ngapura wong kang dadi keparengen kersane lan nyiksa wong kang dadi keparenge kersane. Allah iku kepareng ngapura dosa tur Maha Asih

[15] (Wong kang padha keri ora maju perang) bakal ngucap, "Menawa kowe lunga arep jupuki jarahan perang (Khaibar) aku aja kok larang melu jupuki" Anggone kondha mau karepe kudu ngawaki pangandikane Allah. Sira dhawuha, "Kowe ora kena melu aku. Wis terang pangandikane Allah sakdurunge kelakon perang". Dheweke bakal mangsuli, "Anggonmu ora aweh iku amarga drengki (gething)". Wong mau kang weruh (benere agama Islam) mau sethithik

[16] (Muhammad) Dhawuha marang wong padesan kang padha keri (ora melu perang mau) ing buri kowe bakal padha didhawuhi mapagake perang mungsuh kang prakosa tur miranti gegamane. Kowe padha didhawuhi nyirnakake mungsuh mau utawa nelukake dadi wong Islam. Manawa kowe nurut, Allah bakal maringi ganjaran becik, dene yen kowe mogok kaya kang dhisik Allah bakal matrapi siksa kang nglarani

[17] Wong wuta lan wong pinacang, wong loro ora dadi apa manawa keri ora melu perang dene sapa wonge ngestokake dhawuhe Rasul bakal diganjar suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon dene sapa wonge bangkang dhawuhe Allah lan rasul bakal kasiksa kang nglarani

[18] Allah wis nerangake anggone padha sahabat padha pasetya marang sira (Muhammad) ana sangisore kekayon (sanggem ora bakal mlayu saka perang) Allah nguningani lugune atine para sahabat mau. Dhasar padha setya tuhu, mulane Allah banjur maringi tentrem atine, lan uga diparingi kemenangan kang cedhak (wektune)

[19] Allah maringi jarahan pirang - pirang kang padha dijupuk (ing khaibar) Allah Maha Mulya tur Maha Wicaksana

[20] Allah wis dhawuhake marang sira bakal oleh rampasan (jarahan) akeh, sira jupuki (saka Khaibar) nuli gelisake kelakone saiki, sarta Allah nyegah tangane manungsa kang arep ngrusuhi. Mengko iku supaya dadi tondho yekti kuasaning Allah marang Mukmin lan nuduhake dalan bener marang sira kabeh

[21] Lan sira bakal diparingi kemenangan liyane kang saiki durung sira kuasani (yaiku negara - negara liya) Allah iku nguasani samu barang

[22] Upama wong kafir padha mapakake perang mesthi padha mlayu menyang buri ora ana kang bisa nulungi lan ora duwe andel - andel kang nulungi awake

[23] Allah nindakake mangkono mau, ora beda kang wis ditindakake tumrap para ummat kuna sadurunge (wong Mekkah), samu barang kang wis ditindakake Allah ora ana kang bisa ngowahi

[24] Allah iku kang nyegah tangane wong kafir anggone arep nglarani sira uga nyegah tanganira naggone arep nglarani wong kafir sejeroni kutha Mekkah sawise sira menang ngalahake dheweke. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni

[25] Wong kafir padha nyegati wnggonira mlebu ing Masjidil Haram lan nyegah hewan kurban ora oleh dibeleh ana ing panggonan kang tinemtokake kaya kang wis kelakon. Upama ora ana wong mukmin lanang lan wadhon awor wong kafir mesthi sira ora weruh sapa kang mukmin bakal kesasar mateni dheweke. Dhadi sira bakal nandang dosa kang ora weruh urusane. Kersane Allah nglebokake wong mukmin ana rahmate. Upama wong Islam wis pisah karo wong kafir, mesthi Ingsun siksa wong kafir mau kanthi siksa kang nglarani

[26] Marga wong kafir mau atine padha gumedhe, yaiku gumedhene wong bodho, mulane Allah banjur nurunake katentreman marang Rasul lan mukmin. Kabeh padha dikersakake mantep anggone nyungkemi kalimah takwa lan wong mukmin wis dibenerake kalimat takwa mau, Allah nguningani samu barang

[27] Satemene Allah arep nyatakake yen impene Rasul mau temen sawantahe yaiku satemene sira mesthi bakal mlebu ing Masjidil Haram kelawan slamet lan tentrem sarta padha cukur rambut sirah lan guntingi (rambute) tanpa kuatir salawase. Dadi genah mawan ALlah pirsa kang kowe padha ora weruh. (Makkah direbut tahun buri, saiki lagi Khaibar disik) lan ALlah maringi unggul perang kang cedhak wektune

[28] Allah iku ngutus Rasule dikersakake gelar pituduh (agama Islam kang bener) supaya gumelare mau nyirnakek agama liyane. Kang mangkono iku cukup disekseni dening Allah piyambak

[29] Muhammad iku utusane ALlah, dene kang padha dherek panjenengane padha gagah prakosa lan kendel ngalahake para wong kafir. Apa dene padha asih karo kancane (wong mukmin) kaya sira deleng padha ruku' an sujud, amngkono maneh. padha ngarep - arep kanugrahan lan paringe kersane Allah. Dene labet anggone padha sujud mau bakal katon tengere. Rahine mancorong sanepane kasebut ing kitab Taurat lan Injil. Para sahabat mau kaya tanduran gandum kang metu anake kang banjur gedhe madani uwit kang dhisik, dadekake gumune wong kang padha nandur. Awit saka iku Allah dukani sarupane wong kafir. Allah prasetya maringi ganjaran lan pangapura gedhe marang wong mukmin kang padha nglakoni penggawe becik

Al-Hujurat

Surah 49

[1] Para mukmin kabeh, sira aja lancang pangucap lan panggawe tanpa oleh idzining Allah lan Rasule. Sira padha bektia ing Allah Allah, satemene Allah iku miyarsa tur nguningani samu barang

[2] Para mukmin kabeh, sira aja padha nyerokake suwara ngungkuli suwarane nabi (Muhammad). Lan manawa matur aja padha seru - seru nganti kaua serune anggonira caturan karo kancamu. Mangkono iku nguatiri bok menawa sirna lakunira kang becik tur kowe ora krasa

[3] Sarupane wong kang nglirihake suarane ana ngarsane Rasul atine dicoba dening ALlah supaya atine bekti. Wong mangkono mau oleh pangapurane dosane lan bakal tompo ganjaran gedhe

[4] Satemene wong kang wani - wani ngundang marang sira saka jaban kamar, iku kang akeh wong ora genep akale

[5] Upamane wong mau sareh (sabar) ngenteni anggomu metu nemoni wong mau, luwih becik. Hewa dene Allah iku kersa ngapura tur Maha Asih

[6] Para mukmin kabeh, manawa sira katekan wong hala, nyaritakake apa - apa iku sira titi priksa kang terang temen lan gorohake. Marga iku nguwatiri, bok menawa kowe banjur kebacut ngukum wong kang satmene ora luput banjur dadekake gela marang tumindakmu

[7] Sira padha weruha ing kene ana utusane Allah, menawa sira manut miturut marang Rasul ing prakara akeh mesthi ora duraka. Nanging Allah remen yen sira percaya ing Allah. Allah becikake kepercayaan mau ana ing atinira. Lan ora remen yen sira kafir lan hala tandangmu lan duraka (wong kang bekti) mau aran wong kang pinter lan begja

[8] Hiya iku asih kanugrahane Allah lan peparinge kabungahan Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana

[9] Manawa ana wong mukmin rong golongan padha perang padha rukunna, menawa kang siji saka salah sijine rong golongan mau tumindak nganiaya marang golongan liyane iku sira perangi, nganti manut ing pirukun ngestokake parentahing Allah. Manawa wis manut banjur sira rukunna kelawan adil, satemene Allah remen wong kang padha adil

[10] Satemene pra mukmin padha dadi sedulur. Mulane padha ngrukunna sedulurmu loro kang padha pasulayan lan bektia Allah supaya oleh asihe

[11] Para mukmin kabeh, aja padha geguyu (ngina) antarane wong lanang padha wong lanang. Awit kena uga kang digeguyu luwih becik tinimbang kang geguyu. Wong wadon aja uga geguyu marang padha wong wadon awit kang digeguyu kena uga luwih becik. Lan aja padha nacat marang wong liya, awit wong kang dicacat mau banjur males nacat, lan aja padha juluki hala marang wong. Wong iku sawise pracaya Allah cacat banget yen nganti dirangkepi jeneng ala. Sing sapa ora gelem tobat (anggone nrajang larangane) tete[ wong nganiaya awake dhewe]

[12] Para mukmin kabeh, padha ngedhohona panyana elek marang wong, awit sawenehing panyana iku ana kang dadi dosa. Lan aja sok nyebarake wadining wong lan aja ngrasani hala marang padha kancanira. Apa hiya sira iku dhemen mangan daginge sedulure kang wis mati? Bareng kelako mesthi ora doyan. Lan padha bektia ing Allah. Satemene Allah iku narima tobate manungsa tur Maha Asih

[13] Para manungsa kabeh, Ingsun wis gawe sira wijine saka wong lanang lan wadon, lan Ingsun dadekake pirang - pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung (kenal) siji lan sijine. Dene mungguhe Allah sira iku kang aji dhewe, hendi kang banget bektine ing Allah. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana

[14] Wong padesan Arab padha ngucap, "Aku wis percaya (Mukmin)". Sira dawuha, "Kowe durung iman", nanging ngucapa, "Aku iki wong Islam". Iman durung mlebu ing atimu. Dene yen kowe manut miturut ing Allh lan Rasul ora bakal suda sethithik - thithika ganjarane lakumu kang becik. Satemene Allah kpareng ngapura dosa tur Maha Asih

[15] Kang tetep aran wong mukmin iku sarupane wong kang padha percaya ing Allah lan Rasule. Atine ora pisan - pisan mamang lan ketara anggone tenanan anggone ngistokake dhawuh ngetohake nyawane lan bandhane kanggo ragad nindakake dhawuh Allah (sabilillah) hiya iku wong kang temen imane

[16] (Muhammad) Dhawuha, "Apa kowe ngaturake agamamu kang kok sungkemi ing Allah. ALlah ikunginingani samu barang isining bumi lan langit. Lan marang sakabehane barang Allah nguningani

[17] Wong (ing pedesan) mau padha ngaturake dheweke iku padha potang kabecikan anggone Islam marang sira (Muhammad) sira dhawuha, "Kowe aja padha rumasa pitang kabecikan kalawan anggonmu Islam, nanging Allah, iku paring pitulung marang kowe padha diparingi pituduh kapercayan (Iman) manawa sira temen

[18] Satemene Allah iku nguningani kang samar - samar ana ing bumi lan langit. Allah iku mirsani kabeh barang kang padha kok lakoni

Qaf

Surah 50

[1] Qaaf (harane aksara Arab), Demi Al-Quran kang mulya (wong kafir iku ora percaya ing al-Quran)

[2] Malah pada gumun padha ketekan utusaning Allah saka kancane dhewe, wong kafir mau padha ngucap, "perkara iku ngeram - ngeramake (ajaib)

[3] Besuk yen wis aku mati lan dadi lemah jare bakal diuruipake maneh, iku lak adoh banget

[4] Ingsun ngingani bumi anggone ngelongi cacahing wong kafir, sarta Ingsun kagungan Kitab kang nyathet

[5] Sabenere dheweke wis gorohake kebeneran nalika kebeneran mau teka marang dheweke. Mulane dheweke padha ora karuan

[6] Apa dheweke lali ora deleng langit kang ana dhuwur, anggone Ingsun hadegake tanpa cagak lan direnggo (kelawan lintang warna - warna) apadene tanpa cacat utawa benthet sathithika

[7] Lan ora dheleng bumi anggone Ingsun gelar Ingsun dokoki gunung gedhe pirang - pirang, thetukulan warna- warna kang bungahake

[8] Minangka tuladha lan pepeling tumrap kawula kang manut miturut

[9] Lan maneh Ingsun nurunake banyu udan kang mawa berkah saka langit, banjur dianggo nukulake thetukulan ing palemahan lan wit - wit kang kena diunduhi wohe

[10] Lan nukulake wit kurma kang glugune dhuwur - dhuwur lan wangune sungsun akeh

[11] Minangka pangane para kawula, lan maneh banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera. Dene metune wong kang wis padha mati saka kubure hiya kaya mangkono

[12] Yen para ummate Nuh lan pendhudhuk Ros lan Tsamud

[13] Lan maneh kaum 'Aad, kaum Fir'aun, lan kaum Luth

[14] Lan pendhudhuk Aikah sarta kaum Thubba' kabeh wis gorohake para utusan mulane wis benere kena pangancam ing siksa

[15] Apa Ingsun iki sayah dening nitahake titah kang sakawit? Ananging dheweke padha dumunung ing semang - semang tumrap tumitahe titah kang anyar

[16] Ingsun wis nitahake manungsa lan nguningani sakrenteking atine, dene Ingsun iki cedhak banget marang manungsa luwih cedhak tinimbang otot gulu-iring

[17] Sira nyaritakna nalikane malaikat loro kang rumeksa manungsa padha sapetemon linggih ana ing kiwa tengene manungsa

[18] Saben manungsa mau ngucap apa wae, mesthi ditulisi dening malaikat loro kang padha ana kita - tengene

[19] Sakwise tekan ing wewangen, sekarate pati teka. Pati mau kang tansa sira singkiri

[20] Lan slomprete bakal diunekake, iku dina ancaman

[21] Lan sarupane jiwa bakal teka, kang anyartani iku tukang anggiring lan saksi

[22] Nalika ana ing donya sira lali, ora mikir prakara iki, saiki kang lali mau Ingsun bukak. Pandeleng mau banjur padhang weruh kabeh barang kang sira paido biyen

[23] Malaikat kang nyatheti dhawuh, "Kang kasebut ing buku iki lugune cathtan kang ana ing aku

[24] (Nuli ana dhawuhing Allah marang Malaikat Malik kang jaga neraka) sarupane wong kafir kang nyulayani ing Allah padha cemplungna neraka jahannam

[25] Hiya iku wong kang padha nyegah penggawe becik, padha nganiaya lan mamang agamne Allah

[26] Kang padha mangeran marang liyane Allah, padha sira cemplungake ing siksa kang abot

[27] Kancane kang bareng dheweke uga kondho, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka mboten pisan nasaraken nanging pun kafir piyambak ingkang narasaken

[28] Allah ngandika, "Aja padha padu (gojegan) ana ngarsaningsun biyen Ingsun wis ngundangake pangancam siksa marang sira

[29] Undang - undange al-Quran iku terang saka Ingsun, ora kena diowahi. Ingsun ora pisan nganiaa marang kawulaningsun

[30] Nalikane Ingsun dhwuh marang neraka jahannam, "Apa saiki wis kebak?" Dijawab, "Dereng, punapa taksih badhe katambahan malih

[31] Lan suwarga wis dicedhakake marang para wong kang taqwa marang panggonan kang ora pati adoh

[32] Suwarga iku ganjaran kang Ingsun prasetyakake biyen marang wong kang manut miturut marang Ingsun nyingkiri larang Ingsun

[33] Hiya iku wong kang bektu ing Allah kang Maha Murah, tur ora handeleng dzating Allah kelawan kasat mata. Lan seba ing Allah (sowan) kelawan ati madhep

[34] (Kawulaningsun kang becik) Padha malebua suwarga ing suwarga kelawan tentrem, ing kono langgeng ora ana pati

[35] Ana ing suwarga, wong mukmmin padha katekan samu barang kang dikarepake, lan ana maneh wuwuhing kabungahan ana ngarsaningsun

[36] Lan pira - pira ummat biyen padha Ingsun tumpes tur gagah prakosane ngungkuli ummat mau. WOng kafir mau pdha mlayu ana sajerone negara, karepa ngungsi. Apa hiya oleh pangungsen

[37] Kang wis ksasebut mau mesthi dadi wewulang tumrap wong kang ana pikire. Utawa ngrungokake wewulang tur atine ngrasakake

[38] Ingsun wis gawe bumi lan langit apa dene barang kang ana antarane. Suwene mung enem mangsa rampung, lan Ingsun tanpa sayah

[39] (Muhammad) Mulane sira shabara aja ngrasakake pangucape (Yahudi lan Nashara) mung nyebuta Maha Suci lan memuji ing Pangeran (shalat) sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surup (yaiku sholat dhuhur lan Ashar)

[40] Lan memuji sira marang Pangeran ana ing wayah bengi lan sawise rampung sholat (fardhu)

[41] Padha ngungokna nalikane pangundang (malaikat) ngundang saka panggonan kang cedhak

[42] Denen nalikane para makhluk padha krungu getakke (Malaikat) kang sabenere, nalikane (wong kang wis padha mati saka kubur)

[43] Ingsun iki kang gawe pati lan urip, samu barang iku wekasane padha bali marang Allah

[44] Yaiku nalikane bumi pada bengkah (wong kang wis padha mati padha metu saka kono) nglumpuk rerikatan. Kekalkone mangkono mau tumrap Ingsun gampang

[45] Ingsun luwih nguningani pangucape dheweke, sira ora bisa meksa wong kafir mau marang iman, mulane sing sapa wedi pangancam Ingsun siksa, manut mituruta wulangane al-Quran

Az-Zariyat

Surah 51

[1] Demi angin kang ngumbulake bledhuk kang mabul - mabul

[2] Demi mega kang gawa banyu udan

[3] Demi perahu kang mlaku ana banyu kelawan gampang

[4] Demi Malaikat kang andum rizki lan udan

[5] Anggonira padha diprasetyani lan diancam dening Allah mesthi bakal kelakon

[6] Pituwase laku hala lan becik mesthi bakal kelakon

[7] Demi langit kang ana dalane kanggo mlaku lintang - lintang

[8] Anggonira padha bedha - bedha panemu (bab Muhammad lan al-Quran)

[9] Wongkang kena digorohi, hiya sida didohake (saka al-Quran lan Nabi Muhammad)

[10] Wongkang padha goroh mau didohake saka rahmate Allah

[11] Wongkang padha kesilep bodho padha lali

[12] Padha takon, "benjing punapa kalampahanipun Kiamat

[13] Hiya iku dina nalikane (wong kafir) padha disiksa ing neraka

[14] (Lan padha dawuh) iki siksa kang padha sira kesusokake biyen, padha rasakna

[15] Sarupane wongkang bekti ing Allah ana suwarga kang ana bengawane mili

[16] Padha nampani ganjaran paringe Pangeran, dheweke mau sadurunge mlebu suwarga padha nglakoni penggawe becik

[17] Wong Mukmin mau yen bengi anggone turu mung sethithik

[18] Lan yen wayah sahur (seprapating wengi kang wekasan) padha nyuwun pangapuraning Allah

[19] Bandhane disediakake dadi duweke wong miskin kang jejaluk lan wong melarat

[20] Bumi iku panggonan gumelare tondha yekti tumrap wong kang terang susurupane kang mratandani kuasaning Allah

[21] Apa sira ora tau deleng kang ana ing awakira

[22] Rizkimu lan pituwasing laku kang disediakake marang sira padha ana ing langit

[23] Demi Pangerane bumi lan langit, sabarang kang diprasetiakake marang sira , mesthi, kelakon nyata kaya anggonmu bisa kandha wis tanpa mamang

[24] (Muhammad) Apa wis weruh cerita dayohe Ibrahim yaiku (malaikat - malaikat) kang dimuliakake

[25] Nalika padha mlebu ing omahe Ibrahim padha ngucap "Salamun", Ibrahim uga mangsuli "Salamun" sarta takon, "sampiyan sinten kula dereng sumerep

[26] Ibrahim nuli noleh marang rabine, kang nuli ngeladekake pedhet lemu kang wis diolah mateng

[27] Nuli disuguhake marang dayohe, diaturi dhahar (nanging ora kersa)

[28] Ibrahim banjur wedi marang dayohe. Dayohe banjur matur, "Panjenengan sampun ajrih". Dayohe banjur bebungah diwenehi kabar bakal duwe anak lanang akeh kaweruhe

[29] Rabine (aran Sarah) kaget nuli maju lan gumun metek rahine. Pangucape, "Kula sampun pikun ( tahun) laki kula inggih gabuk (umu tahun) punapa yekto kula sambut manak

[30] Para dhayohe padha mangsuli, "Sampun mekaten pangandikanipun Pangeran panjenengan (sampun mesthi kelampahan) Allah punika Maha Wicaksana tur Nguningani samu kawis

[31] Ibrahim takon, "Kawaji punika panjenengan dipun utus punapa

[32] Para Malaikat padha mangsuli, "Kula diutus numpes para kafir ummatipun Luth

[33] Kula kakersakaken jawahi sela utawi banon dhateng tiyang kafir wau

[34] Sela wau sampun dipun cireni dening Pangeran panjenengan kangge (nyirnakaken) para tiyang tumindak kesangetan. (Selanipun sampun dipun paringi nami - nami ingkang badhe kataman sela wau)

[35] Sapunika kula perlu nyingkiraken para mukmin ingkang sami wonten ngriku

[36] Salebethipun kitha mriku kula boten manggih kajawi namung satunggal griyanipun tiyang ingkang sampun sumarah (Islam)

[37] Kula lajeng nilar tetilas wonten ngriku supados dados ayat tandha yektosipun (anggen kula numpes ummatipun Luth) dadosa penget dhateng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti

[38] Dene cerita lakone Musa uga dadi tandha yekti maneh yaiku anggone Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir'aun kanthi tandha yekti kang cetha

[39] Fir'aun sabalane padha maido, pangucape, "Musa iku yen dudu juru sihir ya wong edan

[40] Fir'aun lan sabalane padha ingsun tumpes sarana disilepake ana segara, sebab dheweke nindakake gaweyan kang hina

[41] Lan maneh lelakone wong 'Aad uga dadi tandha yekti nalika Ingsun ditekani angin kang ngrusakake

[42] Angin mau manwa nerjang wong 'Aad utawa darbeke, endi kang katrajang mesthi katiwasan

[43] Cerita tumpese wong Tsamud (ya dadi tandha yekti sawise belih ontaning Allah) banjur didhawuhi padha bungah - bungaha nganti tekan mangsane

[44] Wong Tsamud mau wis kebacut gumedhe, nglakoni dhawuhe Pangerane, mulane banjur tumpes dening bledheg kabeh padha deleng dheweke

[45] Sawise katekan siksa (wong Tsamud) ora bisa ngadek lan mlaku ora ana kang katulungan

[46] Sadurunge Ingsun numpes ummate Nuh, awit padha duraka kafir

[47] Langit Ingsun tekake kelawan kuasaningsun, Ingsun iki kuasa kang sabenere

[48] Dene bumi iku Ingsun gawe gelar, Ingsun iki becik - becike kang hanggelar

[49] Samu barang kang dumadi iku akeh kang Ingsun gawe jodhon (lanang - wadon) supaya sira padha mikir

[50] Mulane padha gelis (age - age) ngistokake dhwuhing Allah Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah

[51] Lan aja padha mangro tingal mangeran liyane Allah, Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah

[52] Mangkono uga wong kuna saben katekan Rasul mesthi padha ngucap, "Kang ngaku Rasul iku yen ora juru sihir hiya wong edan

[53] Apa dheweke padha mekas marang liyane padha dikon ngucap hala marang Rasul? Wong kang ngucap mangkono iku tetep wong padha kesasar

[54] Mulane padha malengosa marang wong mangkono mau sira wis ora kahinan awit wis mratakake dhawuh

[55] Lan sira tetap ngelingake awit pepiling iku migunani marang wong mukmin

[56] Anggoningsun gawe jin lan manungsa karsaningsun supaya padha bektia marang Ingsun

[57] Titah mau ora Ingsun kersakkae golek rizki konjuk ing Ingsun, lan Ingsun oran ngersakake kanggo ngingoni aku

[58] Satemene Allah iku paring rizki tur prakosa banget

[59] Sarupane wong kang nganiaya awake dhewe iku duwe bagian siksa kaya bageyan kancane wong kafir kuna (kang wis padha tumpes) dadi wis ora anggege siksa

[60] Siksa kang abot patrapane para wong kafir besuk qiyamat kang wis ditemokake dening Allah

At-Tur

Surah 52

[1] Demi gunung Thur

[2] Demi Kitab Qur'an kang tinulis

[3] Ana ing papan kang gumelar

[4] Demi "Baitul Makmur" (Omah kang dimulyakake)

[5] Demi payon kang dhuwur (langit)

[6] Demi segara kang banyune agung

[7] Siksaning Allah Pangeranira kelakon temenan

[8] Siksa mau ora ana kang bisa nulak

[9] Kelakone besuk dina qiyamat nalika langit obah lan mubeng

[10] Lan gunung - gunung padha mlaku

[11] Ing dina iku siksa kang abot dadi patrapane wong kang padha maido (Rasul)

[12] Kang padha ketungkul nglakoni barang kang luput

[13] Hiya iku nalikane wong kafir padha dijorokake marang neraka jahannam

[14] Sarta didhawuhi, iki neraka kang padha sira paido biyen

[15] Apa iki sihir, apa pandelengira rusak dadi ora weruh

[16] Padha rasakna piye rasane sira bantah panase utawa ora, iku padha wae, kang dipatrapi siksa neraka iku kaluputan kang wis sira lakoni biyen

[17] Para wong kang padha bekti ing Allah padha ana suwarga panggonan kapenak

[18] Padha enak - enak nampani ganjaran paringe Pangeran sarta direksa ora kecemplung neraka jahannam

[19] Padha tampa dhawuh padha mangana lan ngombea, kelawan enak ana suwarga ganjarane penggawe becik kang wis sira lakoni biyen

[20] Wong ing suwarga padha linggih sendhen ing kursi kang ditata jejer - jejer, lan padha Ingsun dhawuhake widadari kang mripate blalak - blalak

[21] Wong - wong kang percaya ing Allah kang anake ngatur melu manut percaya anak mau Ingsun helokake bapakne, diganjar padha ganjarane Bapa tanpa disuda sethitik - sethitika. Saben manungsa iku gandhenge karo ngamal sing ditindakake

[22] Wong ing suwarga padha Ingsun paringi tambahan woh - wohan lan daging kang dipingini

[23] Ana ing suwarga dheweke padha rebutan gelas kang isine tanpa agawe mendem lan ora dadi pasulayan apa dene anggone ngombe ora duraka

[24] Lan padha ngubengi sacedhake dheweke punakawane kang rupane bagus - bagus kaya mutiara kang isih ana ing congkoke

[25] Padha hadhep - hadhepan takon - tinakon karo kancane

[26] Pangucape, "Kala rumiyen kula nalika wonten ing tengah - tengahing keluarga ajrih sanget dhateng siksaning Allah

[27] Allah lajeng paring pitulung dhateng kula, dipun reksa biten mlebet neraka

[28] Sayektosipun rumiyen kula bektos ing Allah, sayektosipun Allah punika damel sahe tur Maha Asih

[29] Sira ditaberi nyurup - nyurupake (nerangake). Sira dudu guru pagorohan lan dudu wong edan, nanging diparingi kabungahan ing Pangeranira

[30] Wong mangro tingal malah padha kondha, "(Muhammad) iku pinter nganggit tembang, Hiya tak entenane horeging jagad kang wecana

[31] Dhawuha, "Hiya padha ngentenana, aku uga ngenteni karo kowe

[32] Wong mangro tingal anggone kondha mangkono mau, thukul saka akale kang nasar, utawa saka kebangeten anggone dhemen padu

[33] Dheweke (wong mangro tingal) malah padha kandha, "Dheweke (Muhammad) iku anggone gawe - gawe". Satemene wong mangro tingal mau ora padha iman

[34] Manawa pangucape temen padha gawea Kitab kang madhani al-Quran (terange lan bergase)

[35] Ana wong mangro tingal iku padha digawe nanging ora ana kang gawe, utawa dheweke iku gawe awake dhewe

[36] Utawa dheweke padha gawe bumi lan langit? Sejatine dheweke ora ngandel (kang kandhakake dhewe)

[37] Utawa dheweke mau nyekel gedhong pasimpene Pangeranira utawa dheweke kang kuasa

[38] Apa dheweke duwe ondho (nyang langit) kanggo ngrungokake guneme malaikat ana ing andha mau. Yen mangkono, iya wong kang ngrungokake mau nganakna tandha yekti kang cetha

[39] Apa nyata Allah peputra putri, lan kowe (kang mangro tingal) padha manak lanang

[40] Apa anggonira ngondhangake perintah Ku, kango jaluk pituwas marang dheweke, nganti dheweke padha abot anggone nganakake pituwas

[41] Apa dheweke padha kadunungan kaweruh ghoib, weruh samu barang kang samar banjur padha ditulisi (kena dianggo madoni Muhammad)

[42] Apa dheweke neja maheka marang Sira, pahekane malah bakal balik marang si kafir kabeh

[43] Apa dheweke mau ngaku duwe Pangeran liyane Allah. Allah iku maha suci , adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal

[44] Manawa wong kafir mau padha deleng gempalaning langit runtuh, padha ngucap, "iki mega kang tumpuk - tumpuk

[45] Padha tokna wae nganti tekan dina anggone padha mati

[46] Yaiku dina kang ora ana gunane pahekane si kafir marang awake sethithik - thithika lan ora ana kang bisa nulungi marang dheweke

[47] Lan satemene kanggo wong kang nganiaya ana siksa sak durunge mati. Ananging kang akeh ora padha weruh

[48] Lan padha sabara narima pranataning Pangeranira awit sira tansah Ingsun huningani lan sira nyebuta, "Maha suci" lan memuji ing Pangeranira nalikane sira ngadeg (arep sholat)

[49] Lan ing wayah wengi apadene ing wayah surupe lintang (waktu fajar) sira hiya nyebuta "Maha Suci" ing Allah

An-Najm

Surah 53

[1] Demi lintang nalikane surup

[2] Kancanira (Muhammad) iku ora pisan kesasar lan ora ngawur

[3] Lamg dingendikaake (Muhammad yoiku Al-Quran) dudu sakarepe dhewe

[4] Kabeh kang didhawuhake mesthi wahyu terang saka Ingsun

[5] Kang diutus dhawuhake wahyu mau (Jibril) kang gagah perkasa

[6] Kang duwe akal lantip lan (Jibril mau) ngetokake rupane kang sejati (nalika Muhammad Mi'roj)

[7] Lan nalikane dheweke (Muhammad) ana ing panggonan mletheke srengenge (ufuk kang dhuwur)

[8] Tumuli dheweke (Jibril) nyedhak marang (Muhammad) sangsaya nyedhak

[9] Chedake nganti padha karo anak panah loro utawa luwih cedhak maneh

[10] Allah dhawuhake wahyu marang kawulane (Muhammad) hiya iku kang didhawuhake lumantar (Jibril)

[11] Atine (Muhammad) ora maido rupane (Jibril) kang wis dideleng (ana guwa Hira)

[12] He wong kang mangro tinal, ya gene sira madoni (Muhammad) anggone deleng (weruh Jibril)

[13] Lan satemene Muhammad wis weruh Jibril (rupane kang sejati) ana wektu liya

[14] Yaiku ana ing sidratil Muntaha (panggonan kang dhuwur dhewe ana langit nomer sing diweruhi Nabi Muhammad nalika mi'roj)

[15] Ing kono panggonane suwarga Ma'wa

[16] (Muhammad pirsa Jibril) nalika sidratil Muntaha mau ana kang nutupi

[17] Pandelenge Muhammad ora luput lan ora kesasar

[18] Satemene Muhammad wis pirsa sebagian tandha - tandha (kekuasaane) Pangerane kang agung

[19] Padha kondhoa, "Piye panemumu mungguh brahala kang aran Lata lan 'Uzza

[20] Lan brahala telu liyane, apa hiya padha duwe kuasa kaya kuasane Allah? (ora)

[21] Apa nyata, sarupane bocah lanang iku anakira, dene bocah wadon putrane Allah

[22] Pangedum mangkono iku luput ora adil

[23] Kabeh kang wis kasebut mau mung jeneng dianggo jenengake brahala, kang jenengake kowe lan leluhurmu. Allah ora nurunake dhawuh nyembah brahala mau, Anggonmu paha nyembah brahala mau mung nuruti panyana lan karepa ati kang kena panggodhaning seta. Tur wis padha diparingi pituduh dening Allah marang dheweke

[24] Apa manungsa bakal oleh kabeh sing diangen - angeni

[25] kelakone samu barang ana donya lan akherat iku ana kuasane Allah

[26] Piro wae akehe Malaikat ing langit kang syafa'ate ora migunani kejaba yen diparengake nyafa'ati wong kang dadi keparenge Allah

[27] Satemene wong kang ora ngandel bakal anane akherat padha ngarane yen Malaikat iku putrane Allah putri

[28] Lan dheweke ora duweni kaweruh bab mau, mung saka panyanane wae, kang mangka panyana iku ora bisa nyirnakake kang temen sithik wae

[29] Mulane padha mlengosa marang wong kang gorohake al-QuranKu kang mung golek kabungahan ing donya

[30] Hiya iku saka katoge kaweruhe. Satemene Allah nguningani wong kang nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang ngambah pituduh bener

[31] Isine bumi lan langit iku kagungane Allah, kang bakal matrapi kang lakune hala sarta ganjar wong kang tumindak panggawe becik

[32] Hiya iku wong kang padha nyingkiri dosa gedhe lan panggawe ala kajaba dosa cilik kang mung sithik. Satemene Allah iku pangapurane gedhe kang nguningani sira. Panjenengane nguningani sira nalika dadekake saka lemah utawa nalika isih ana wetenge biyungmu dadi bayi. Mulane sira aja semuci - suci. Allah nguningani wong kang bekti

[33] Piye panemumu wong kang balik (saka al-Quran)

[34] Lan mewehake bandhane sithik lan ora gelem weweh maneh

[35] Apa dheweke (Walid bin Mughiroh) weruh barang kang samar - samar ngnti ngerti (apa sing dikandhakake)

[36] Apa durung oleh wulang kang kasebut ing kitabe/shuhuf Musa

[37] Lan lembaran - lembarane Obrahim kang wis didhawuhake lan dilakoni

[38] Yaiku wong kang dosa bakal nandhang patrapan saka dosane liyan

[39] Lan manungsa ora bakal tampa ganjaran kajaba laku kang wis dilakone dhewe

[40] Lan lakune mau besuk bakal katon

[41] Banjur diparingi ganjaran (pituas) kang sempurna murwat kang wis dilakoni

[42] Satemene barang - barang iku wekasane bali marang ngarsane Allah

[43] Satemene Allah paring bungah (kang dadekake bungah lan gumuyu) sarta paring susah (kang dadekake susah lan tangis)

[44] Saktemene Allah iku kang gawe pati lan urip

[45] Satemene Allah iku kang gawe jejodhon lanang lan wadon

[46] Saka nutfah (mani) kang tumama ing pranakan

[47] Satemene Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati

[48] Satemene Allah kang paring kesugihan lan kecukupan

[49] Satemene Allah iku Pangerane lintang Syi'ra

[50] Satemene ALlah iku kang numpes wong 'Aad ing zaman kuna

[51] Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri

[52] Lan uga numpes wong Tsamud nganti ora ana kang keri

[53] Lan negara - negara kang dienggoni ummate Luth kang diwalik dening Allah

[54] Tumuli Allah maringi marang negara mau siksa gedhe

[55] Mulane endi ta paringe Allah kabungahan marang isra kang isih mamang

[56] (Muhammad) iki utusan kang paring pengeling - eling kaya dene utusan sak durunge

[57] Saiki Qiyamat iku wis cedhak

[58] Liyane Allah ora ana kang bisa medharakae titi mangsa kelakone Qiyamat mau

[59] Apa ana kang sira gumuni kelawan maido kabar iki

[60] Lan geguyu ora nangis (dening krungu pangancam)

[61] Lan sira padha ora perduli

[62] Mulane padha sujuda lan bektia ing Allah

Al-Qamar

Surah 54

[1] Saiki dina qiyamat wis cedhak lan rembulan sigar dadi loro

[2] Lan menawa dheweke (wong - wong musyrikin) deleng ayat kehelokan (mu'jizat) padha mlengos. Pangucape, "Iki sihir linuwih

[3] Lan dheweke maido (Nabi) lan gugu karepe dhewe. Samu barang prakara wis ana kepesten kang tetep

[4] Lan satemene wis teka marang dheweke pirang - pirang cerita isi pitutur pamenging (nyegah kafir)

[5] Ayat mahu kawicaksanan kang bener banget, mula pepiling mau ora piguna (kanggo dheweke si kafir)

[6] Mulane sira mlengosa marang wong kafir mau. Besuk qiyamat nalika malaikat damu sempronge sarta ngundang - ngundang marang barang kang dipaido dening wong akeh

[7] Pandelenge padha konjem, dene manungsa padha metu saka kubure memper walang kang bingung

[8] Padha rebut dhujang (rikat) marani pangundang mau. Wong - wong kafir padha ngucap, "iki dina kang rekasa

[9] Sadurunge dheweke, para umate Nuh biyen hiya padha maido marang kawulaningsun Nuh. Pangucape, "Nuh iku wong edan", lan padha nganiaya

[10] Bareng wis lawas Nuh banjur nyenyuwun ing Pangerane, "Kawula kawon kaliyan ummat kawula, mila mugi Paduka paring pitulung

[11] Ingsun (Allah) banjur bukak lawanging langit nuli metu banyu kang sok - sokan

[12] Apadene bumi Ingsun kersakake ngetokake tuk banyu tanpa wilangan banjur tempuk banyu saka dhuwur lan banyu saka ngisor netepi perintah kang pinasthi

[13] Nuh sakancane Ingsun tunggangake perahu kang ginawe saka blabag nganggo dipaku

[14] Mlaku ana ing ngarsaningsun, ganjarane Allah pitulung marang Nuh kang dipaido umate

[15] Perahu mau dilestarekake nganti lawas minangka tandha yekti, mulane wong kang keri padha elinga lelakon mau

[16] Mulane kepiye kahanane wewaden lan siksaningsun

[17] Saiki Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane, mulane padha nyinaua

[18] Biyen kaum 'Aad padha maido ing Rosule. Kapriye kahanane wewaden lan siksaningsun marang wong 'Aad

[19] Allah nglakokake angin lesus kang banter nemppuh marang wong 'Aad mau ing dina Sangar kang lestari terus - terusan

[20] Angin mau numpes kabeh nganti glasah kaya wit kurma padha ambruk

[21] Kapriye ta hanane wewaden lan siksaningsun

[22] Satemene Ingsun Allah wis gelarake al-Quran gampang diweruhi surasane mulane padha ngestokna

[23] Biyen wong Tsamud uga padha maido (wulangane Sholih)

[24] Pangucape, "Ya gene aku manut marang wong siji tunggalku. yen mangkono aku rak klebu ing penasaran lan diarani wong edan

[25] Apa dhawuhing Allah mung didhawuake marang wong siji (Sholih wae) liyane ora diparingi dhawuh? Tetela Sholih iku tukang goroh lan gumedhe

[26] Besuk ing akherat bakal weruh nyatane sapa kang gumedhe lan tukang goroh

[27] Sejatine Ingsun bakal ngirimake onta wadon minangka tandha yekti lan panyoba, kanggo wong Tsamud. Saiki (Shalih) narimoha wae titenana piye

[28] Wong Tsamud padha dhawuhana anane banyu iku didumake marang onta lan dheweke, Kabeh padha kena gilirane. (sakdine kanggo wong Tsamud lan sedina maneh ontane)

[29] Dheweke wong Tsamud banjur ngundang kancane nedya mateni. Onta mau banjur dicekel banjur dipateni

[30] Kepriye ta kahanane wewaden lan siksaningsun

[31] Allah banjur ngutus Jibril kanthi suwara banter, wong Tsamud banjur tumpes sanalika ambruk kaya kayu garing wis mopol

[32] Satemene Allah wis gampangake al-Quran kanggo diweruhi surasane mulane padha ngestokna

[33] Biyen umate Luth uga padha maido wulangane

[34] Para umate Luth padha diudani watu tumpes kabeh kajaba mung Luth sakancane padha diparingi slamet ing wayah esuk

[35] Peparinge Allah kabungahan kaya mangkono walese marang wong syukur

[36] Lan satemene Luth wis ngelingake dheweke para ummate siksa ancamane Allah. Nanging padha maido ancaman mau

[37] Lan para ummate Luth padha bujuk (supaya masrahake) dhayohe. Mulane banjur Ingsun picakake mripate. Padha ngrasakna siksa lan ancaman Ku

[38] Lan satemene ing wayah esuke dheweke tinempuh ing siksa kang lestari

[39] Padha ngrasakna siksaningsun lan ancaman - ancamanKu

[40] Lan satemene Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane mulane padha ngestokna

[41] Lan satemene para Rasul wis padha reka nerangake ancaman - ancaman marang Fir'aun

[42] Nanging dheweke gorohake kabeh tandha yekti kahelokaningsun, mulane padha ditumpes kelawan siksaning Allah kang Maha Mulya tur Maha Kuasa

[43] He wong kafir, apa kancamu luwih becik karo Firaun sabalane, utawa apa sira wis kasebut ana kitab kang kuna - kuna bakal luput saka siksa

[44] Utawa dheweke (wong kafir) padha kondo, "Aku iku kumpulan kang ditulungi Allah

[45] Ing tembe pakumpulane (wong Mekkah) keplayu, wonge padha lumayu sasaran (mundhur)

[46] Besuk Qiyamat bakal kelakone pangancam marang wong kafir siksane bebayani banget

[47] Satemene wong sing padha dosa ana donya nandhang siksa lan bakal dicemplungake neraka

[48] Yaiku nalikane dheweke digeret nyang neraka marang rahi - rahine. Pangandikane Allah, "Padha ngrasakna tumindake siksa neraka Saqor

[49] Sateme samu barang kang dumadi iku digawe kanthi papesthen

[50] Lan dhawuhe Allah mung sapisan wae suwene mung sak kedheping mripat

[51] Lan satemene biyen Ingsun wis numpes para wong kafir kaya kowe, mulane kowe padha elinga ngestokna perintah

[52] Kabeh kang wis dilakoni padha dicathet ana buku - buku cathetan

[53] Lan kabeh perkra gedhe utawa cilik kabeh mesthi ditulis

[54] Sarupane wong kang bekti ing Allah padha ana suwarga kang ana bengawane

[55] Ana ing palungguhan kang nyata indah ana ngarsane Allah kang Kuasa

Ar-Rahman

Surah 55

[1] Pangeran kang Maha Murah

[2] Iku mulang Qur'an

[3] Agawe manungsa

[4] Mulang manungsa supaya pinter guneman

[5] Srengenge lan rembulan iku padha mlaku ajeg ana ing cakrawalane dhewe - dhewe cocok pitungane

[6] Thetukulan lan kekayon padha sujud ing Allah

[7] Allah iku dhuwurake langit lan dhawuhake jejeg yen nimbang (adil)

[8] Supaya sira aja nakal anggonmu nimbang

[9] Lan jejega anggonmu padha nimbang kelawan bener, aja padha ngurangi bobot

[10] Allah ngrata bumi kanggo panggonane titahe (manungsa)

[11] Isi woh - wohan warna - warna lan wit kurma kang duweni mancung

[12] Lan isi wiji kang ana kulite lan kembang - kembang kang arum ambune

[13] Endi peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido

[14] Allah gawe manungsa saka lemah garing, memper lemah kang wis diobong

[15] Lan gawe jin saka urubing geni

[16] Endi ta peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido

[17] Allah iku pangeraning rong panggonan metune srengenge lan pangeraning rong panggonan surupe srengenge

[18] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

[19] Allah nitahake segara loro (tawa lan asin) dinengake wae padha mili banjur padha ketemu

[20] Antarane segara loro mau ana watese kang ora kasat mata

[21] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

[22] Segara loro mau padha metu mutiara lan marjan

[23] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

[24] Allah iku kagungan prahu pirang - pirang (gaweane manungsa) kumambang ana segara gedhene kaya gunung

[25] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[26] Samu barang kang gumelar ana bumi wekasane rusak

[27] Nanging sarirane Pangeranira Allah kang Agung kersa ngajeni (wong mukmin) langgeng tanpa rusak

[28] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paidho

[29] Saisining langit lan bumi kabeh padha nyenyuwun ing Allah saben Allah nindhakake lestarine samu barang kang wis pinanthi ing zaman azali

[30] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

[31] Ing tembe sira padha Ingsun timbang ala lan becikira

[32] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

[33] He Jin lan Manungsa kang padha ora nrima pepesthen Ingsun, menawa sira bisa lunga saka telatahe bumi lan langit mara padha lungaha. Nanging mangsa bisa lunga. Kejaba yen sira kuasa

[34] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[35] He Jin lan Manungsa (nalikane padha metu saka kubure) pada tinempuh urubing geni lan tembaga, sira ora bisa ngundurake

[36] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[37] Nalikane langit sigar warnane jambon kaya mawar tua kaya lenga zaitun

[38] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[39] Ing dina iku jin lan manungsa durung padha diperiksa dosane

[40] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[41] Pawa wong kafir padha ketitik kelawan tegengere banjur padha dijambak kuncunge lan sikile

[42] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[43] (Dhawuhing Malaikat) Iki neraka jahannam kang dipaido dening wong kang padha dosa biyen

[44] Wong kafir padha mlaku pating bilulung ana antarane neraka geni lan wedang panas

[45] Endi peparinge kabungahan pangeranira kang padha sira paido

[46] Dene wong kang pada wedi nalika arep sowan marang Pangerane padha diparingi ganjarang suwarga loro (suwargane jin lan manungsa)

[47] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[48] Suwarga luru mau ana kekayone (wit - witan) woh - wohan

[49] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[50] Suwarga loro mau ana bengawane mili

[51] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[52] Suwarga loro mau isi sarupane woh - wohan warna loro garing lan teles

[53] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[54] Wong kang bekti mau padha sendhen ana palungguhan kang lemeke babut sutra, dene woh - wohane cedhek bisa dipethik ana ing suwarga loro

[55] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[56] Suwarga loro mau isine widadari kang endah - endah rupane sadurunge diwengku ing suwarga mau durung tau winasesa ing resmi (kumpul) dening jin utawa manungsa

[57] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[58] Para widadari mau hendah - hendah kaya inten lan mutiara

[59] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[60] Pituasing laku becik ora liya holeh becik

[61] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[62] Kajaba suwarga loro mau, ana rong suwarga maneh

[63] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[64] Suwarga loro mau kekayone ijo banget warnane

[65] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[66] Sajerone suwarga loro mau ana bengawane loro, padha mili ajeg tanpa suda banyune

[67] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[68] Sajerone suwarga loro mau ana woh - wohan kabeh ana wite kurma lan delima

[69] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[70] Suwarga loro mau dalah isen - isene kabeh sarwa becik

[71] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[72] Para widadari mau padha endah warnane, padha siningkit ana sajeroning gedhong kang gginawe saka mutiara

[73] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[74] Para widadari mau sadurunge diwengku wong ing suwarga durung tau winasesa ing rasmi (kumpul) dening jin lan manungsa

[75] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[76] Wong ing suwarga padha sendhen ing bantal sutra ijo kang endah warnane

[77] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

[78] Maha luruh asmane pangeranira, Allah kang Kagungan SIfat Agung sarta Kerja Ngajeni para mukmin

Al-Waqi'ah

Surah 56

[1] Besuk nalikane dina qiyamat kelakon

[2] Kelakone dina qiyamat mau ora bakal goroh

[3] Ing dina iku kenyataan ngasorake (wong kafir) lan junjung (wong mukmin)

[4] Ing dina iku ana lindhu gedhe, bumi gonjang - ganjing

[5] Sakabehe gunung nganti padha ajur kabeh

[6] Nganti dadi bleduk kang mabul - mabul

[7] Ing kono sira diperang dadi telung warna

[8] Kang sapisan golongan tengen, iku wong begja banget

[9] Kang kapindho golongan kiwa, iku wong cilaka banget

[10] Kaping telu wong kang dhisik dhewe anggone nglakone becik (para nabi)

[11] Yaiku wong kang kecedhak Allah

[12] Bakal diganjar suwarga Na'im

[13] WOng mangkono mau kang akeh ummat kuna

[14] Dene ummat zaman wekasan iki mung sethithik

[15] Dheweke ana suwarga padha linggih ing kursi kang dipaesi emas lan berlian

[16] Padha sendhen adhep - adhepan karo kancane

[17] Dheweke diladeni bocah enom kang ora bisa tua

[18] Padha ngladekake gelas, ceret lan pangomben kang dijupuk saka banyu kang mili

[19] Anggone ngombe mung enak, tanpa mendem utawa ngelu

[20] Lan ngladekake wong - wohan akeh tur warna - warna bisa milih

[21] Lan uga ngladekake daging manuk kang bisa milih

[22] Ana widadari kang paningale padha kocak

[23] Kaya dene mutiawa kang kasimpen becik

[24] Tumanjak ganjaraning kabecikan kang wis padha dilakoni

[25] Ana suwarga ora tau krungu celathu hala kang dadi dosa

[26] Mung krungu pangucap, "Wilujeng, wilujeng" kang ngresepake

[27] Denen golongan tengen, begja banget golongan tengen

[28] Manggon ing suwarga kang ana wite Widora tanpa eri

[29] Lan ana wite gedhang kang susun - susun

[30] Kang eyub salawase

[31] Lan ana banyu umbu anget salawase

[32] Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna

[33] Ora tau entek ora usah tuku (kena jupuk sak karepe)

[34] Lan ana kasur kandel kang empuk

[35] Allah gawe sarupaning widadari mau tanpa lahir dhisik (saka guwa garbaning ibu)

[36] Pada Ingsun dadhekake perawan selawase

[37] Padha sih tresna, kang nomerampak

[38] Padha Ingsun paringake dadi jodhone golongan tengen

[39] Ummate (nabi) zaman kuna

[40] Lan para umat kang wekasan iki

[41] Lan golongan kiwa, sapa ta golongan kiwa

[42] Padha disiksa angin samun (kang panas banget) lan banyu kang umop

[43] Lan anan pepeteng saka kukus kang ireng banget

[44] Ora pisan adhem lan ora nyenengake

[45] Nalika urip ana donya uripe padha leluwihan

[46] Lan dheweke terus - terusan anggone nindhakake dosa gedhe

[47] Lan padha ngucap, "Apa nyata besuk yen aku wis mati sarta dadi lemah, lan dadi balung, jarene bakal diuripake maneh

[48] Apa dene bapak - bapakku zaman kuna, apa hiya diuripake maneh

[49] Sira dhawuha, "Para bapakmu ing zaman kuna, lan para turunanmu kang saiki durung ana

[50] Besuk dina Qiyamat kang wis tinamtokake dening Allah, bakal padha dikumpulake

[51] He wong kang padha kesaar maido pangandikaning Allah

[52] Sawise mangkono sira padha mangan wohe kayu zaqum

[53] Nganti padha kebak wetenge

[54] Nuli padha ngombe weang kang panas gegirisi

[55] Anggone ngombe kaya onta kang ngelak banget

[56] Iki pangancame Allah marang para wong kafir, kelakone besuk dina qiyamat

[57] Ingsun (Allah) iki kang gawe awakira, yagene sira padha ora ngandel (dina qiyamat)

[58] Kapriye panemunira bab nuthfah marang peranakane wong wadon? (banjur dadi bayi)

[59] Kang gawe bayi mau sira apa Ingsun

[60] Ingsun nemtokake mati marang sira kabeh, Ingsun kuwasa, ora ana kang bisa murungake karsaningsun

[61] Sanadyan Ingsun kersa gawe wong kang rupane ceples (padha) sarta disalini rupa sedhengah rupa kang sira ora weruh mesthi kaleksanan

[62] Sira wis weruh bakale manungsa kawitan (hiya iku lemah) yagene sira ora padha niti periksa (yengingsun iki kawasa)

[63] Kapriye panemumu bab angginmu tetanen

[64] Kang nukulake wiji iku sira apa Ingsun

[65] Umpama ana parenge karsa ningsun, metune woh mau Ingsun gawe gabug mesthi kelakon. sira banjur getun

[66] Pangucapmu, "Aku iki kapitunan

[67] Aku iki dipenet rizkiku

[68] Kapriye panemumu bab banyu udan kang padha sira ombe

[69] Kang nurunake banyu udan saka mega, sira apa Ingsun

[70] Upama ana parenge karsaningsun, banyu udan Ingsun dadekake asin mesthi kelakon. Yagene ora padha gedhe panuwunmu

[71] Kapriye panemumu, mungguh geni anggonira ngurubake

[72] Kang nganakake kayu sira apa Ingsun

[73] Geni iku Ingsun anggo sasmitaning (geni nerika) lan dianggo kabungahaning wong kang padha melaku

[74] Mulane sira nyebutho Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung

[75] Ingsun supata kelawan panggonan metune lan suruping lintang

[76] Manawa sira weruh, supata mau supata gedhe

[77] Kang didhawuhake marang sira iku Quran kang mulya

[78] Tinuli ana kitab kang rineksa (Lauhil Mahfudz)

[79] Ora bakal anggeplok Qur'an kajaba wong kang padha suci, (saka hadast cilik lan gedhe)

[80] Diturunake saka Allah pangerane wong sajagad

[81] Apa sira padha ngremehake utawa maido Qur'an iki

[82] Sira ganthi rizki (kang diparingake Allah) kanti gorohake (Allah)

[83] Ya gene nalika nywane mayit lagi tekan gurung

[84] Ing kono sira mung padha ngedeleng marang mayit

[85] Ingsun luwih cedhak marang wong lelaku mau tinimbang sira, ewodene sira padha ora weruh

[86] Ya gene yen sira ngaku ora kawengku wasesaning Allah

[87] Teka ora bisa balekake nyawa marang wadhage, yen pengakuira temen, mara sira balekna nyawa mau

[88] Manawa mayit mau ewone wong kachedak ing Allah

[89] Matine mesthi kepenak kanthi bungah lan oleh ganjaran suwarga kanikmatan

[90] Dene yen kalebu golongan tengen

[91] Wong mau mesthi selamet amarga sira klebu golongan tengen

[92] Dene yen hewone wong maido pangandikanging Allah kang padha kesasar

[93] Mesthi kecemplung wedang kang umop (panas banget)

[94] Lan diobong ana neraka

[95] (Kang kasebut iki) satemene keyakinan kang bener

[96] Mulane sira nyebuto Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung

Al-Hadid

Surah 57

[1] Isen - isening langit lan bumi kabeh padha nyebut Maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana

[2] Keraton bumi lan langit iku kagungane Allah, kang gawe pati lan urip, kang nguwasani samu barang

[3] Allah iku kang dhisik tanpa kawitan lan keri tanpa wekasan, kang lahir lan bathin, lan nguningani samu barang

[4] Allah iku kang gawe bumi lan langit mung dina, banjur jumeneng ana 'Arasy, nguningani barang kang mlebu lan metu ing bumi. Apa dene barang kang tumurn saka langit, lan kang munggah marang langit, ing ngendi panggonanira Allah nyartani, kang mirsani kabeh barang kang padha sira lakoni

[5] Keraton langit lan bumi kagungane Allah, samu barang prakara iku wekasane bali marang Allah

[6] Allah iku nglajokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, lan nguningani sakrenteking ati

[7] Sira padha percaya ing Allah lan marang Rosule, lan blanjakna sebagian saka bandhamu kang diparingake dening Allah kang sira urusi, mula wong - wong kang percaya ing Allah antarane kancanira ing tembe bakal tampa ganjaran gedhe yaiku suwarga

[8] Ana apa sira ora percaya marang Allah lan Rosule, kang ngajak marang sira percaya ing Allah Pangeranira, lan wis ngasta ukuranira sanggem dadi wong kang percaya

[9] Allah kang nurunake tandha yekti kang cetha pirang - pirang marang kawulane kanggo metokake sira saka panggonan peteng marang pepadhanging (Iman) kang mangkono iku cetha sih piwalesing Allah marang sira

[10] Ya gene sira ora gelem metokake sebagian bandha mau kanggo ragad ana ing dhalaning Allah kang mangkono isening langit lan bumi iki kabeh kagungane Allah? nanging wong kang gelem metokake sebagian bandhane lan gelem mangsah perang sakdurunge Mekkah bedha, drajade luwih gedhe tinimbang sawise iku lagi gelem mragadi lan melu perang. Kabeh hiya padha oleh prasetianing Allah, bakal diparingi ganjaran kang luwih becik. Allah iku waspadha samu barang kang padha sira lakoni

[11] Sapa kang potang kabecikan marang Allah, sarana potang (ginawe kaperluan) kang becik, ing tembe Allah bakal nyahur nganti tikel - matikel uga ganjar suwarga kang mulya

[12] (Yaiku) nalikane sira ngeleng para mukmin lanang lan wadon cahyane padha mencorong ana ngarepe lan kiwa tengene. (sarta padha nampa dhawuh): "Begja temen sira ing dina iku padha melebu suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon, sarta padha langgeng. hiya iku tetep kabegjan gedhe

[13] Yaiku nalikane para wong lamis lanang lan wadon padha ngucap marang para mukmin: "Sampiyan mirsanana dhateng kula, kula badhe nular cahya panjenengan". Para wong lamis mau bandjur didhawuhi (Malaikat): "Kowe baliya memburi lan goleknana dhewe cahya kanggomu". Nuli dialing - alingi pager kang ana lawange, sajerone pager isi rahmat ing jaba kebak siksa

[14] Wong kang padha lamis mau padha ngundhang saka jaba, "Kula punika punapa dede kanca sampyan?". Padha diwangsuli (wong mukmin): "Hiya bener, nanging kowe maheka awakmu dhewe sarana lamis lan ngarep - arep cilakane pra mukmin, lan mamang marang Agama Islam, lan kajelomprong dening pangangsa - pangangsa nganti tekan wawangene pati kang wis pinasthi dening Allah. Saiki kowe wis diapusi ing syetan ora percaya ing Allah

[15] Ing dina iki tebusan saka kowe lan saka pra wong kadir padha tinampik kabeh, panggonanmu mesthi ana neraka. Lan ing kono pangayommu kang sak elek - eleke panggonan bali

[16] saiki apa ora wis mangsane para mukmin atine padha sujud atine lan eling ing Allah lan marang al-Quran kang wis tumurn lan nyata bener. Ora kaya wong - wong kang duwe wewaton kitab sadurunge nganti lawas anggone padha ngenteni Rosul kang jumeneng atine banjur padha wangkot kang akeh padha duraka (ora manut marang Rosul)

[17] (Para mukmin) padha weruha yen Allah anggone nguripake bumi kang wis mati, Ingsun wis nerang - nerangake tandha yekti pirang - pirang kang nerangake kuwasaningsu supaya sira padha mikir

[18] Wong lanang lan wadon kang padha setiya tuhu (marang Allah lan rasule) lan potang kabecikan ing Allah, iku bakal padha diparingi ganjaran tikel matikel, uga diparingi ganjarang suwarga kang mulya

[19] Sarupane wong kang percaya ing Allah lan ngestokake Rosule iku tetep wong kang setiya tuhu lan bakal dadi seksi ana ngarsane Pangerane, meruhi wong ang padha maido pangandikaning Allah, oleh ganjarang lan cahyane wong kang setia tuhu. Dene sarupane wong kafir lan maido ayatingsun kabeh isen - isene neraka jahannam

[20] Sira padha weruha yen kabungahan ing donya iku mung dolanan (nglalekake kabungahan ing akherat) lang rerenggan kang mesthi rusak, padha jor - joran sugih bandha lan sugih ana. Padhane udan dadekake gumune para tani (anggone bisa minangkani thukule thetukulan) sawise iku banjur kuning padha gogrok. Besuk ana akherat ana siksa kang abot, lan ana kang oleh pangapura lan karidhaning Allah. kasenengan ing donya iku ora liwat mung kabungahan kang semu

[21] Sira padha rebut bujunga. anggayuh pangapuraning Pangeranira, lan gayuh suwarga kang jembare padha langit lan bumi, iku disadiyakake ganjaran marang sarupane wong kang percaya lan iku kanugrahaning Allah, diparingake marang wong kang dadi pareng kersane, Allah iku kagungan kanugrahan gedhe

[22] Sadhengah bebaya (kasengsaran) kang tumiba ana ing bumi utawa ing awakira, kabeh wis pinasthi tinulis ana Kitab (lauhil Mahfudz) sakdurunge Ingsun nitahake. Kang mangkono mau mungguhe Allah gampang wae

[23] Supaya sira aja padha sedih hanggetuni barang donya kang sira katilapan lan aja padha bungah nganti lali, marga katekan karepira. Allah iku ora remen wong kang gumedhe marga oleh donya akeh

[24] Kang padha cethil (eman - eman menehake barang kang wis wajibe kudu diwehake) lan ajak - ajak cethil marang manungsa. Dene sing sapa mogok (mewehake barang kang wajib) satemene Allah iku ora butuh marang liyane tur pantes pinuji kabecikan

[25] Ingsun wis ngutus utusaningsun (Rasul) kanthi maringake tandha yekti pirang - pirang, sarta maringake Kitab lan traju timbang (keadilan) supaya manungsa padha netepana bener. Apadene Ingsun nurunake wesi duwe kekuatan kang sentosa, lan akeh gunane kanggo pirantinig manungsa. Supaya Allah wuninga marang wong nulungi (agamane) lan utusane kelawan ghoib. Satemene Alah iku santosa tur Maha Mulya

[26] Ingsun wis ngutus Nuh lan Ibrahim, turunane nabi lor mau Ingsun paringi pangkat nabi lan Kitab. Lan ana kang oleh pituduh bener, hewa dene akeh kang padha duraka

[27] Sapungkure banjur Ingsun sambungi para Rasul maneh, lan Ingsung sambungi Isa anake Maryam lan Ingsun paringi Kitab Injil. para wong kang manut Isa padha Ingsun paringi budi sih - sinisihan lan guyub. Apadene budi mandhita. Ananing ora Ingsun wajibake apa - apa kejaba mung murih keparening Allah, ewadene wong mau padha ora setia tuhu marang sesanggemane (percaya ing Allah lan wulangane Isa). Kang manut percaya antarane deweke padha Ingsun paringi ganjaran suwarga, nanging kang akeh padha duraka

[28] Para wong - wong kang padha percaya padha bektia ing Allah lan padha ngetokna para utusane. Allah bakal ganjar rahmat rong warna sarta bakal maringi pepadhang kanthi pepadhang mau kena sira naggo mlaku lan Allah ngapura ing sira. Allah iku kepareng ngapura tur maha asih

[29] (Sira Ingsun weruhake kang mangkono mau) supaya ahli kitab padha weruha yen ora ana kang bisa nguwasani sih kanugrahanane Allah (menawa ora percaya marang Muhammad) kanugrahan mau mung ana ngastane Allah piyambak, diparingake marang wong kang dadi parenge kersane. Alaj iku kagungan kanugrahan gedhe

Al-Mujadilah

Surah 58

[1] Allah wis mirengake panyuwune wong wadon kang matur ing sira, prakara lakine kang madhakake karo biyunge. Wong wadon mau sesambat ing Allah. Allah wis marengake pasambatira wong sakaloron. Allah iku miyarsa tur mirsani

[2] Sarupaning wong lanang kang madhakake rabine karo biyunge rabine mau terang dudu biyunge, Dene biyunge silanang kang temenan ora liya mung wadon kang padha nganakake silanang mau. Dadi anggone madakake rabi karo biyunge mau cetho pangucap goroh. Satemene Allah iku kersa ngapura lan muwung kan mangkono mau

[3] Sarupane wong kang madhakake rabine karo biyunge, kang mangko banjur hanjabel pangucape, kena patrapan mardikakake kawula (budhak) dilakonono sadurunge kumpul (karo rabine). Allah iku waspodo marang sadhengah kang padha sira lakoni

[4] Dene sing sapa ora oleh kawula, puasaa rong sasi kang tanpa pedhot dilakonanan sadurunge kumpul (karo rabine) manawa ora rampung puasa, wajibe kudu aweh pangan wong miskin (kelawan pangan kang lumrah). Iku supaya sira padha percaya ing Allah lan ngestokake utusane.Patrapan mangkono mau iku terang saka Allah. Sapa sing maido bakal dipatrapi siksa kang ngelarani

[5] Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Utusanne bakal diremehake kaya ummat sadurunge. Ingsun wis nurunake tandha yekti pirang - pirang kang mratandhani temene para - para utusan. Wong kang maido tandha yekti mau bakal dipatrapi siksa kang ngremehake

[6] Yaiku ing dina qiyamat nalikane Allah nguripake wong kang wis padha mati kabeh. Allah banjur jelentrehake lan melehake sarupane laku hala kang wis padha nyulayani Allah. Allah nacahake sarupane laku hala nanging wong kang nyulayani padha lali, Allah iku mirsani samu barang

[7] Apa sira ora deleng yen Allah nguningani isen - isening bumi lan langit, ora ana kang cicir. Saben ana wong telu pating klesik caturan wadi, mesthi papate iku Allah. Mangkono uga menawa kang caturan mau luwih sethithik utawa luwih akeh, Allah mesthi nyenengi ana ing ngendi wae panggonnane. Ing besuk qiyamat Allah jelentrehake prilaku marang kang padha nglakoni. Satemene Allah iku nguningani samu barang

[8] Apa siro deleng marang wong kang padha dilarang nyatur hala, nanging banjur nglakoni kang wis dilarang mau kang marakake sesatron lan dadi dosa apa dene duroka marang Rosulullah. Menawa dheweke teka marang sira pada ngucap salam nanging ora kaya salame Allah kanggonmu. Sajerone atine ngucap, "Yo gene aggonku ngucap mangkene iki ora diturunake siksa?" Cukup neraka jahannam bakal dileboni wong mau. Hala temen wusanane panggonane bali

[9] Para mukmin, manawa sira rerasan, aja padha rerasan kang marakake sesatron utawa dadi dosa apa dene duraka marang Utusane, nanging rerasana kang nuntun panggawe becik lan bekti ing Allah. Lan padha bektia ing Allah ing tembe bakal diklumpukake marang pangayunaning Allah

[10] Nyatur ala iku winihe saka syetan, pamrihe supaya wong mukmin padha susaha, nanging ora bisa bebayani marang wong mukmin sethithik wae, kejaba kelawan keparengen Allah. Mulane para wogn mukmin mung padha pasraha ing Allah wae

[11] Para wong mukmin, Manawa ana ing majlis (palinggihan) ditanduki tembung, "Mingsera aku jaluk enggon", sira enggal mingsera. Allah bakal maringi panggonan jembar marang sira ana ing suwarga. Dene yen ditanduke tembung, "Ngadeko, aku jaluk enggon", hiyo enggal ngadeka. Allah bakal junjung para wong mukmin sarta junjung derajate wong kang padha sinahu kaweruh. Allah iku waspada, marang samu barang kang padha sira lakoni

[12] Para wong mukmin. Menawa padha matur marang Rosulullah sadurunge matur nyadiakna shidqah dhisik, iku becik banget tumrap sira lan ngresikake dosanira. Manawa sira ora duwe (barang kang digawe sidqah) hiya wis. Sateme Allah Maha ngapura lan Maha Asih

[13] Apa sira wedi (dadi mlarat) nyedhiakake shodaqoh sadurunge matur ing Rasulullah? Menawa sira lakoni kang mangka Allah wis ngapura banjur susulana nglakoni shalat lan bayar zakat apadene padha manut mituruta dhawuhing Allah lan parentahe Rosulullah. Allah iku waspada marang samu barang kang pada sira lakoni

[14] Apa sira ora deleng wong lamis kang padha mlengos kang kena benduning Allah, dadi kancane? wong - wong mau dudu saka golonganmu, lan uga dudu golongane dheweke. Wani supata goroh ngaku manut agamanira, tur weruh yen supatane goroh

[15] Allah ngancam siksa kang abot marang wong lamis mau, hala temen barang kang dilakoni

[16] Anggone supata mau kanggo ngaling - ngalingi, tumuli dheweke ngalang - ngalangi (manungsa) saka pituduhe Allah mulane dheweke ing tembe mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake

[17] Bandhane lan para anake wong lamis ora bisa nulak siksaning Allah sethithik wae, bakal dadi isine neraka kang langgeng

[18] Besuk Qiyamat nalika Allah nangekake (nguripake) kabeh manungsa wong lamis munjuk ing Allah kanthi supata kaya anggone supata marang sira saiki, ciptane migunani awake, Allah wis wuninga banget tumindake mau goroh kabeh

[19] Wong lamis mau kena panggodhane syetan banjur lali ing Allah, lugune dheweke balane syetan. Sumurupa yen balane syetan iku golongan kang kapitunan

[20] Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Rasule, iku golongane wong kang padha kalah

[21] Allah wis nemtokake, "Ingsun lan para Utusaningsun mesthi ngalahake wong mau". Satemene Allah iku santosa tur Maha Mulya

[22] Sira ora bisa oleh wong kang percaya ing Allah lan dina qiyamat, iku supeket ing wong kang nyulayani Allah lan utusane, sanadyan kalebu bapak - bapakne utawa anak putune apa dene sadulure utawa pakumpulane. Allah nulisi Iman ana ing atine lan ngukuhake setiya tuhune kelawan kaparene Allah. Wong mangkono mau ing tembe dilebokake ing suwarga kang ana bengawane mili ana sangisare kekayon ing kono pada langgeng. Allah kepareng nampani pangabektine. Wong mau padha lega atine tampa ganjaran. Wong mau dadi balaning Allah. Sumurupa, balaning Allah iku padha begja

Al-Hasyr

Surah 59

[1] Isen - isening langit lan bumi padha nyebut maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana

[2] Allah iku kang metokake para wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab saka ing omahe (kampung - kampunge) nalika pangusiran kang kawitan (saka Madinah marang Syam yaiku wong yahudi Bani Nadhir). Sira ora ngira yen wong kafir mau kelakon metu panyananira omahe sarehne padha sentosa kaya - kaya bisa nulak siksaning Allah. Siksaning Allah nekani sikafir mau ora kenyanan Allah geterake atine si kafir banjur padha wedi banget, dheweke ngrusak omah - omahe kanthi tangane lan tangane wong mukmin. Mara padha dadi tulodho lelakon iki, he wong kang padha duwe pikir

[3] Manawa ora karana Allah wis nemtokake kelawan pesthen wong kafir mau kelakon lunga saka omahe, Allah mesthi nyiksa wong kafir mau ana donya, lan kanggo dheweke ing akherat dipatrapi siksa neraka

[4] Kang mangkono iku, marga wong kafir padha nyulayani Allah lan utusane. Sing sapa nyulayani Allah bakal dipatrapi siksa. Allah iku siksane abot

[5] Yen sira negor wit kurma utawa sira nengake wae isih ngadek kaya mau - maune, rong bab mau kelawan lilane Allah, anggone mangkono mau supaya wong fasik (duraka) ketok remehe

[6] Apa wae bandha rampasan kang diparingake dening Allah marang utusane saka tangane (Yahudi Bani Nadhir) kowe pra kangelan budhalake (nunggang) jaran utawa onta, nanging Allah piyambak ngunggulake utusane utawa karo wong kang dikersakake. Allah iku nguwasani kabeh barang

[7] Dene barang kang wis diparingake bali dening Allah marang utusane saka tangane wong padesan, iku kagungane Allah, Utusane, para keluargane, para bocah yatim, para wong miskin, wong kang ana ing paran (musafir), supaya barang jarahan mau aja mung tiba ing tangane kancamu kang padha sugih wae. Samu barang kang diparengake dening Rosul tampanana. Dene barang kang ora pareng padha tinggalen. Padha bektia ing Allah, awit Allah iku siksane abot

[8] Barang mau dadi darbeke para sahabat fekri kang padha dherek ngalih (hijrah saka Makkah datheng Madinah) kang padha diusir saka ngomahe, ninggal bandhane, mung ngarep - arep sih kanugrahan lan lilane Allah lan padha biyantu ing Allah lan utusane. Kabeh mau wong kang tetep temen prasetiyane ing Allah

[9] Dene para sahabat kang wis manggon ana ing Madinah sadurunge rawuhe Rosul padha pracaya ing Allah lan padha asih marang wong kang pindhah (hijroh) atine ora meri apa kang diparingake marang dheweke (Muhajirin) malah padha ngalah bab samu barang sanadiyan awake dhewe iya butuh. Sing sapa bisa nyingkiri saka medhit dheweke kalebu wong kang begja

[10] Dene para sahabat kang teka anyar (Muhajirin lan Anshor) dheweke padha donga, "Ya Allah, Paduka mugi ngapuraha dhumateng kula saha para sadherek kula, ingkang anggenipun iman ing Paduka ngrumiyini kawula, sampun ngantos manah kula drengki dhateng para Mukmin, Paduka menika welas asih

[11] Apa ora deleng para wong lamis padha ngandhani para sadulure wong kafir kang duwe wewaton Kitab (Ahli Kitab), "Menawa kowe nganti diusir saka kene (Madinah) aku mesthi melu lunga. Aku salawase mangsa gelema melu nyulayani kowe. Menawa kowe arep dipateni aku ngrewangi kowe". Kandhane wong lamis mangkono mau bakal cidra

[12] Manawa wong kafir (kang duwe Kitab) mau ditundhung, wong lamis mesthi ora gelem melu, lan manawa dipateni ora gelem ngrewangi. Dene manawa gelem grewangi mesthi padha kalah lan keplayu. Wekasane ora ana kang bisa nulungi wong lamis

[13] Wong lamis mau atine wedi banget marang sira ngungkuli wedine ing Allah. Anggone mangkono mau, marga wong lamis ora weruh kuwasane Allah

[14] Wong Yahudi kabeh wae ora ana kang wani perang nglawan sira kajaba yen ana ing padesan kang santosa lan manawa benten. Panyanamu dheweke padha rukun, nanging satemene atine padha sulaya. Marga kabeh wae satemene golongan kang ora mangerti

[15] Iku padha lelakone (wong Makkah Bani Qainuqa) sing durung suwe sakdurunge dheweke padha ngrasakake akibat lelakone dhewe bareng ana akherat uga dipatrapi siksa kang nglarani

[16] (Panggodhane wong lamis) Kaya dhene panggodane syaitan marang manungsa kang kandha, "Kafira kowe". Nalikane para manungsa wis padha kafir banjur kandha, "Aku ora melu - melu angonmu kafir. Aku wedi ing Allah kang nguwasani alam kabeh

[17] Wekasane syetan lan wong kang kena ing panggodha, loro pisan padha disiksa ana ing neraka, sarta padha langgeng iya iku patrapane wong kafir

[18] Para mukmin, padha bektia ing Allah. Kabeh wae padha nggatekna apa sing wis ditindhakake kanggo dina sesuk (akherat). Padha bektia ing Allah, satemene Allah iku waspada marang samu barang kang padha sira lakoni

[19] Aja kaya wong kang lali ora ngabekti ing Allah, tumuli Allah dadekake dheweke lali anggone murih becik marang awake dhewe. Kang mangkono iku kabeh padha duraka

[20] Ora padha wong ahli neraka lan ahli suwarga? wong ahli suwarga iku kabeh padha begja

[21] Upama gunung iku duwe pangerti, sarta Ingsun dhawuhake al-Quran iku mesthi sira deleng gunung mau konjem pecah - pecah sebab saking weine ing Allah. Upama mangkono mau Ingsun terapake marang manungsa supaya manungsa padha mikira agunge Allah

[22] Hiya iku Allah, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguningani samu barang kang samar - samar sarta kang ketok cetha hiya iku Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih

[23] Hiya iku Allah, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah. Panguwasa, Kang Maha Suci, Kang Paring Selamet, Kang Paring tandha yekti kahelokan marang Utusane, kang Nguningani sabarang lakune kawula, Kang Maha Mulya, Kang Masesa, tur Kang Maha Agung. Allah iku Maha Suci. Adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal

[24] Hiya iku Allah, kang gawe samu barang iku kabeh. Kang murwani samu barang, kang gawe sarupaning wangun rupa kang kagungan asma becik. Isining langit lan bumi kabeh padha nyebt, "Maha Suci ing Allah". Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana

Al-Mumtahanah

Surah 60

[1] Para Mukmi! Sira aja padha asih marang sateruningsun lan uga saterunira. (Hiya iku wong kafir) aja nibakake katresnan marang wong kafir mau. Satemene dheweke mau wis maido ing kebeneran (Islam) sarta padha ngusir marang utusane Allah lan ngusir sira (saka Makkah) ,arga sira padha percaya ing Allah Pangeranira. Manawa sira padha metoni perang netepi agamaningsun lan murih kaparengingsun, aja asih marang wong kafir mau, aja medharake wedine Rosul kelawan bisik - bisik marga saka tresna. ingsun nguningani barang kang sira samarake lan hedheng. Sing sapa bisik - bisik mangkono mau kalebu wong kang kesasar saka agama

[2] Menawa wong kafir nyekel sira, wusanane dadi musuhmu, tangane tumandang lan cangkeme nyatur ala. Pangarep - arepe sira dadi kafir maneh

[3] Para sanakmu lan anakmu kang ngajak duraka marang sira iku ora migunani. Besuk qiyamat Allah misahake sira lan sanakmu mau. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakonu

[4] Sira wis duwe tuntunan becik, hiya iku Ibrahim lan para sahabate padha mituturi marang para ummate (kang isih kafir): "Aku selak marang kowe lan marang sesembahanmu liyane Allah, aku maido marang kowe, "Saiki aku lan kowe dadi seteru lan gegethingan selawas - lawase. Kejaba yen kowe banjur percaya ing Allah piyambak". Nanging Ibrahim matur marang ramane, Panjenengan kula suwunake pangapuraning Allah, awit kula boten saged nguwasani dumateng panjenengan manawi badhe dipun siksa utawi dipun ganjar. Punika namung gumantung karsaning Allah". "Pangeran kawula nyumanggaaken punapa sakersa Paduka. Kawula madhep ing Padhuka, wusananipun samukawis punika wangsul ing ngarsa Paduka

[5] Pangeran kawula, sampun ngantos kawula dipun kawonaken kaliyan tiyang kafir, mindhak sangsaya dados panasaran tumrapipun kafir punika. Paduka mugi ngapunten dhumateng kawula. Sayektosipun Paduka punika Maha Mulya tur wicaksana

[6] Satemene kanggo sira kabeh wis duwe panutan becik (Ibrahim lan sahabate) dadi panutan wong kang bekti ing Allah lan dina akherat. Dene sing sapa mlengos (ora makewuhi) awot Allah iku Maha Sugih lan Pantes ing Ngalembana

[7] Mugi Allah marangna padha asih - sinasihan antaranira lan marang wong - wong kang nyateru ing sira antarane dheweke. Allah iku kuwasa, kepareng ngapura tur maha asih

[8] Allah ora nglarangi marang sira, gawe becik lan nindakake adil utawa tepa - tepa marang para wong kafir kang ora perang ngelawan sira perkara rebutan agama, lan ora ngusir saka imahira. Satemene Allah iku remen wong kang padha nindakake tepa utawa adil

[9] Kang mesthi dilarang dening Allah menawa sira gawe becik utawa asih marang wong kafir kang perang nglawan sira omahira (negaramu) lan bantu (wong liya) kanggo ngusir sira. Sing sapa asih utawa gawe becik marang wong kafir mau iku dheweke nganiaya awake dhewe

[10] Para mukmin! Manawa ana wong wadon (ngaku) Islam lunga (hijrah) saka panggonane wong kafir iku sira coba-a kelawan disumpah temen mung neja dhemen agama Islam, Allah nguningani temen lan gorohe anggone ngaku percaya ing Allah. Dene manawa sira ngira yen Islam temenan marga gelem sumpah aja sira balekake marang wong kafir. Para wadon mau ora wenang dadi rabine wong kafir, uga wong kafir hiya ora wenang dadi rabi wong wadon mau. Dene maskawin kang wis dibayar balekna. Manawa sira arep nikah wong wadon mau ora ana alangane yen sira bayar maskawine. Sira aja mengku rabi wong wadon kafir, lan sira nagiha maskawine rabinira kang wis sira bayar (manawa rabinira dadi kafir). Mangkono maneh wong kafir manawa rabine dadi Islam, hiya nagiha maskawine kang wis dibayar. Mangkono hukume Allah aknggo ngadili sira kabeh. Allah iku nguningani tur wicaksana

[11] Menawa sira ora bisa nagih maskawine rabinira kang dadikafir kang mangka sira banjur menang perang ngelawan wong kafir mau iku kang rabine lunga dadi kafir mau sira paringana panduman jarahan sapira akehe maskawin kang wis dibayar, sira padha bektia ing Allah kang sira percaya

[12] Hai Nabi (Muhammad) manawa sira katekan wong mukmin wadon prasetya ing sira ora bakal mangro tinggal percayane ing Allah, ora bakal ngolong, zina, mateni anake lan ora bakal ngapusi (gawe - gawe) ngaku anak (bocah) kang satemene dudu anake diakokake anak patutan saka lakine marga wedi dipegat jalaran ora ngalihare anak, lan ora nglirwakake panggawe becik kang sira perintahake sira tampanana prasetyane sarta suwuna pangapuraning Allah, satemene Allah kepareng ngapura tur maha asih

[13] Para mukmin! Aja padha asih tresna marang wong kang padha dibendoni Allah, awit wong mau padha ora oleh begja ana akherat, padha wong kafir kang wis ana kubur hiya padha ora oleh begja ing akhirat

As-Saff

Surah 61

[1] Isine langit lan bumi padha nyebut maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana

[2] Para mukmin! Ya gene sira padha kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni

[3] Gedhe-gedhening siksa ana ngarsaning allah iku manawa sira kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni

[4] Satemene Allah remen marang wong Islam kang padha mangsah perang nglakoni dhalaning Allah, tataning barisan sapsapan kaya pager bata kang santosa

[5] (Muhammad) , nyeritakna nalikane Musa pitutur marang ummate, " Para ummatku, ya gene kowe padha nglarakake atiku gene kowe padha nglarakake atiku ing mangka kowe wis padha weruh yen aku iki utusane Allah marang kowe?" Bareng para ummat mau padha puguh nyimpang saka ing bener, Allah ora kersa nuduhake wong kang padha duraka

[6] Lan nyaritakna nalika Isa anake Maryam biyen mituturi mangkene, " Para turune Israil, Aku iki utusane Allah marang kowe netepake yen Kitab Taurat kang ana ngarepku lan kitabe para nabi kang kuna - kuna iku temen kabeh bener. Sarta aku memeca ing tembe bakal ana utusane Allah kang jumeneng sapungkurku kang namane Ahmad ( Muhammad) " . Bareng jumeneng kanthi tandha yekti pirang - pirang, wong Bani Israil padha kondha, " Tandha yekti iki cetha sihir

[7] Ora ana wong kang nganiaya marang awake dhewe tinimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh ngarani marang Allah kang ora patut, kang mangka wong mau wis tampa dhawuh, dipurih ngelakoni Agama Islam, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir

[8] Karepe wong kafir mau kudu mateni cahyaning Allah sarana pangucape, nanging Allah nyampurnakake cahyane, sanadyan wong kafir padha gething

[9] Allah iku ngutus Rasule nyiarake pituduh bener ( agama Islam) dikersakake ngundhangake, supaya ngalahake agama liyane kabeh, sanadiyan wong mangro tingal padha ora dhemen

[10] Para mukmin! Apa sira ( gelem) Ingsun tuduhake dagangan kang nyelametake ing sira saka siksa kang ngelarani

[11] Hiya iku sira kudu padha percaya ing Allah lan utusane, lan kudu mangsah perang ing dalane Allah kelawan wadol bandha lan nyawa. Weruha kang mangkono iku becik banget tumrap ing sira menawa dilakoni

[12] Allah ngapura sakabehe kaluputanira, lan nglebokake sira ana ing suwarga kang ana bengawane mili ana ing sangisare kekayon, lan ana omah kang luwih dening indhah rerenggane dhumunung ana sajeroning suwarga ' Adn kang mangkono aran kebegjan gedhe

[13] Lan ana maneh bakal paparinge Allah kang sira dhemeni, hiya iku pitulunge Allah lan kemenangan kang cedhak ( wektune) . Iku sira wartakna anggawa bebungah marang para mukmin

[14] Para mukmin! sira padha dadiya wong biyantu marang agamane Allah. Kayadene Isa putra Maryam dhawuh marang sahabate kang setiya, " Sapa kang keduga biyantu marang aku ( kanggo) ngedekake agama Allah?" Para pendherek kang setiya ( sahabat Hawariyun) padha matur, " Kula tamtu sami biyantu dhateng agamaning Allah" . Ing kono sagolongan Bani Israil ana kang percaya lan ana kang maido. Dene wong sing percaya padha Ingsun sentosakake wusana menang perange ngalahake saterune

Al-Jumu'ah

Surah 62

[1] Hisen - hisening langit lan bumi padha nyebut Maha Suci ing Allah, panguasa kang Maha Suci, Kang Maha Mulya tur Wicaksana

[2] ALlah iku kang ngutus (Rosul Muhammad) marang wong kang ora bisa maca saka golongane (wong arab banjur dhawuhake ayating Allah marang dheweke, lan ngresikake atine saka mangro tingal, sarta mulang al-Quran kang isi hikmahe Allah, sanadyan sadurunge padha tetela kesasar)

[3] Lan nerangake uga marang para ummat liyane kang ora menangi zamane ummat mau. Allah iku Maha Mulya tur Wicaksana

[4] Kang mangkono iku sih kanugrahane Allah dadi parenge kersane. Allah iku kagungan kanugrahan agung

[5] Sarupane wong kang wis didhawuhi ngistokake Taurat wusana banjur ora gelem (banjur nerusake manut marang nabi Muhamad SAW). Iku upamanane kaya Himar (jalaran cilik bodho) gawa kitab - kitab gedhe. Hala temen sarupane wong kang padha maido ayating Allah, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir

[6] (Muhammad) dhawuha, "Para wong kang nyungkemi agama Yahudi manawa kowe padha ngaku dadi kekasihing Allah dhewe ora ana maneh manungsa liyane, manawa temen mangkono, mara padha nyuwuna mati ing Allah

[7] Salawase wong Yahudi mau ora ngarep - arep mati marga rumangsa ngelakoni kafir. Allah nguningani marang wong kang padha kafir

[8] (Muhammad) Dhawuha, "Pati kang bok singkiri iku cepet utawa suwe mesthi keleksanan ing awakmu. Kowe banjur dibalekake marang ngarsane pangeran kang nguningani barang kang samar -samar lan barang kang kasat mata. ing kono Pangeran banjur beberake samu barang kang wis padha kok lakoni

[9] Para mukmin! Manawa sira padha diundahng sholat dina jum'at inggal padha mangkata (menyang masjid) eling marang ALlah, ninggal adol-tuku, mangkono uga luwih becik tumrap sira, manawa wis weruh lakonono

[10] Manawa sholat jum'at wis rampung padha sumebara ana bumi, golek pangupa jiwa murih oleh rizki peparinge Allah lan akeha eling marang ALlah supaya padha begja

[11] Manawa dheweke (wong Islam) padha weruh dagangan lan dolanan banjur padha bubar (anggone sholat jum'at) marani dagangan mau. sira ditinggal ngadek. Dhawuha, "ganjaran ana ing ngarsane Allah luwih becik tinimbang dolanan lan dagangan. Allah iku becik - beike kang aweh rizki

Al-Munafiqun

Surah 63

[1] (Muhammad) manawa wong lamis padha sowan marang sira lan matur, "Kula sami nekseni panjenengan punika temen utusane Allah". Allah Nyekseni yen kandhane wong lamis mau satemene goroh. Allah nguningani yen sira temen utusane Allah

[2] Wong lamis mau wani sumpah dianggo ngaling - ngalingi (bandha lan nyawane). Tumuli dheweke ngalang - ngalangi (manungsa) ana ing dalaning ALlah (Islam) wong lamis mau ala temen kang padha dilakoni

[3] Anggone hala mau marga padha percya ing Allah, nanging banjur padha balik dadi kafir, wusana atine dikancing ora bisa kalebon iman, dadi padha ora ngerti

[4] Manawa sira deleng wong lamis mau gumun dening awake becik - becik. Manawa krungun caturane gumun dening patitis tetembungane, prasasat balok sumendhe ing pager tembok. Wong lamis mau saking wedine, sadhenga suwara dikira bakal bebayani awake. Wong lamis mau sabenere asteru sira padha prayitna. Allah bakal nyirnakake wong lamis mau. Anggumunake nganti dheweke diplencengake (saka kebeneran)

[5] Manawa wong lamis mau padha ditimbali, "Ayo padha mrenea (iman) suoaya Rosulullah bakal nyuwunake pangapuraning Allah marang kowe". Wong lamis mau padha gedhek wae, sira deleng padha malengos atine gumedhe

[6] Wong lamis mau sanadiyan sira suwunake pangapura utawa ora padha wae. Allah ora kersa ngapura marang dheweke. Satemene Allah ora kersa nuduhake dalan ener marang wong kafir

[7] Hiya iku wong kang padha ngucap (marang wong Anshor) mangkene, "Aja padha weweh marang wong kang dadi kancane Rosulullah (Muhajirin) kajaba yen wis pisah". Gudhang pasimpenan ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Nanging para wong lamis padha ora ngerti

[8] Wong lamis mau pahdha uga kondha, "Manawa aku gelem bali marang Madinah, mesthi wong sing kuwat bakal ngusir wong sing ringkih". Weruha, kamulyan lan kemenangan iku kagungane Allah lan utusane apa dene wong Mukmin. Nanging mangkini iku wong lamis padha ora weruh

[9] Para mukmin! Anggonira ngopeni bandhanira utawa anakira aja nganthi ngalahake anggonira eling ing Allah, sing sapa nglakoni mangkono mau tetep wong kapitunan

[10] Lan padha wewehana barang kang wis Ingsun paringake marang sira mumpung durung mati. Yen nganti tekan mangsane mati sira mesthi munjuk, "Pangeran kula! Kula punika panjenengan srantosaken sakedhap kemawon kawula badhe mewehaken bondha kawula, saha badhe dados tiyang sahe

[11] Allah ora kersa nyarantekake wong kang wis tekan wawangene patine. Allah iku waspada marang samu barang kang sira lakoni

At-Tagabun

Surah 64

[1] Sekabehane isining langit lan bumi padha nyebut Maha Suci Ing Allah, Allah iku kagungan keraton lan kagungan sakabehing puji. Allah iku nguwasani samu barang

[2] Alah iku kang gawe awakira, ana kang pinesthi kafir lan ana uga kang mukmin. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni

[3] Allah gawe langit - langit lan bumi kelawan nyata, lan mangun sarta becikakke rupanira, ing tembe barang - barang iku bali marang Allah

[4] Allah nguningani isining langit lan bumi, lan nguningani barang kang padha sira umpetake lan sira edheng, Allah iku nguningani sakerenteking ati

[5] (Para wong kafir) apa sira dhurung padha weruh ceritane para wong kafir sadurungmu, rekasane padha ngrasakake patrapan anggone padha kafir uga padha dipatrapi siksa kang nglarani

[6] Anggone mangkono marga wong kafir mau didhawuhi dening para Rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang. Wangsulane, "Apa manungsa bisa nuduhake dalan bener marang aku?" wong mau banjur padha kafir lan mlengos. Allah tetela ora butuh marang pracayane si kafir. Allah ora butuh marang sapa - sapa, tur panthes hing ngalembana

[7] Panemune wong kafir ig tembe ora bakal ditangekake saka pati. (Muhammad) dhawuha, "Ora mangkono. Demi Pangeranku, besuk dina QIyamat kowe mesthi ditangekake saka pati, banjur dijelentrehi samu barang kang wis padha sira lakoni. Kang mangkono mau mungguhe Allah barang kang gampang wae

[8] Mulane padha percaya ing Allah lan utusane, lan percaya marang al-Quran yaiku pepadha kang wis Ingsun dhawuhake. Allah waspada marang samu barang kang padha sira lakoni

[9] (Muhammad) Nyaritakna dina Qiyamat. Nalikane Allah ngalumpukake sira kabeh ana dina pakumpulan, hiya iku dina kapitunan. Ing kono sing sapa percaya ing Allah sarta nglakoni panggawe beci, Allah muwung sakabehe lakune wong mau kang hala, sarta dilebokake ing suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon. Ana ing kono langgeng salawase, kang makono mau aran kabegjan gedhe

[10] Dene para wong kafir kang padha maido al-Quran ayatingsun iku padha ana ing neraka langgeng ana kono. Ala temen kawusanan kang mangkono iku

[11] Sadhengah kasangsaran kang kelakon, ora ana kang tanpa idzining Allah. Dene sing sapa percaya ing Allah, Allah nuduhake atine wong mau marang dalan bener, Allah iku nguningani samu barang

[12] Sira padha ngabektia ing Allah, dene yen sira malengos ora nurut, wajibe utusaningsun mung ajak - ajak ngundhangake dhawuh kang cetha

[13] Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, para wong mukmin padha nyumanggakake samu barang ing Allah

[14] Para mukmin! Para rabinira lan anak - anak ira iku ana kang dadi saterunira. Mulane sira kudu padha prayitna. Dene yen sira muwung lan ngapura tanpa srengen luwih becik. Satemene Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih

[15] Sakekhe bandhanira lan anak - anakira iku kabeh ora liwat mung dadi godha, (mulane aja padha tinggal ngabekti ing Allah). Allah bakal maringi ganjaran gedhe marang sira

[16] Ing sabisa - bisa sira padha bektia ing Allah, padha ngrungokna lan nampanana dhawuhing lan parentahe Allah, lan padha weweha dhumunung ngabekti ing Allah iku becik banget tumrap awakira. Sing sapa ngingkiri budi lumuh gawe becik, iku tetep wong begja

[17] Manawa sira potang beciking Allah, Allah bakal males becik marang sira tikel matikel lan ngapura marang sira. Allah ora ngilangake kabecikaning kawula lan Maha welas

[18] Nguningani barang kang samar - samar lan kang kasat mata, kang maha mulya tur wicaksana

At-Talaq

Surah 65

[1] Hai Nabi (Muhammad) manawa sira arep megat wong wadon rabinira, pegaten nalikane suci (ora haidh), supaya banjur tumindak 'iddahe (watese kena rabi maneh). Iddah mau cathetana sing terang. Sira bektia ing Allah Pangeranira. Qadon kang sira pegat sadurunge entek 'iddahe aja sira tundhung saka omahe, Si wadon mau banjur ngelakoni hala kang ina banjur ditundhung. Kang mangkono iku pranataning Allah. Dene sing sapa nerak pranataning Allah, tetep wong nganiaya awake dhewe. Sira mangsa weruha bok menawa sawise pegatan Allah nganakake sebab liya

[2] Dene yen wis cedhak wewangen 'iddah sarta talake durung entek tur tanpa pamancal, sira kena mengku wong wadon mau kelawan becik, utawa nglestarekake pegate kelawan becik lan haneksekna marang kanca nira wong loro kang adil, manawa sira dadi saksi neksenana sumurup ngistokake parentahing Allah aja karana apa - apa. Pitutur iku tumrap marang wong kang pracaya ing Allah lan ngandel bakal anane dina qiyamatl Sing sapa bekti ing ALlah, Allah paring luar wong mau saka kasusahan (paring dalan gampang)

[3] Lan paring rizki kang tanpa dikira - kira marang wong mau, sing sapa pasrah ing Allah, Allah paring cukup. Satemene sabarang kersane Allah mesthi kelakon. Allah nemtokake samu barang ana wawatesane

[4] Sarupane wong wadon kancanira kang wus ilang pangarep - arepe anggarap sari, manawa sira semang - semang lan iddahe telung sasi, mangkono uga (tumrap) kang ora tau anggarap sari. Dene tumrape wong wadon kang ngandhek wawangeing mangsane yaiku yen wis nglahirake kandhutane, lan sing sapa tuhu - tuhu ing (wajibe maring) Allah, Panjenengane bakal paring gampang sabarang prakarane

[5] Mangkono iku parintahing Allah didhawuhake marang sira, sing sapa bekti ing Allah, Allah muwung sakabehane halane wong mau, lan anggedhekake ganjarane wong mau

[6] Wong wadon kang wis sira pegat mau enggonanan ing omah dhuwekira murwat karo kasugihanira, lan aja sira gawe pituna mundhak ngerupekake dheweke. Dene yen wong wadon mau ngandhek, nafkahana nganti salahira kandhungane. lan yen dheweke nusoni anak ira, wenehana pituwase. Lan padha tutur - tinuturana antaranira nglakoni kabecikan. Manawa sira ora sarujuk bayi sira hiyakna ing wong wadon liya

[7] Supaya wong sugih mragadana samurwate sugihe, dene sing sapa rizkine mung cumpen mragadana samurwate paparinge Allah marang wong iku. Allah ora meksa marang wong kajaba mung samurwate peperainge Allah marang wong mau. Allah bakal paring gampang sawise ngelakoni kangelan

[8] Pira wae akehe wong padesan kang padha duraka ora ngistokake parintahing Allah Pangerane lan parentahe utusaning Allah, wusana Ingsun timbang abot lan padha Ingsun patrapi siksa neraka kang gegirisi

[9] Banjur padha ngrasakake patrapaning keluputane dadi wekasane kapitunan

[10] Allah ngancam siksa kang abot marang wong mau mulane sira padha bektia ing Allah, he para kang duwe akal

[11] Para mukmin, Allah wis andhawuhake pitutur (al-Quran) lan ngutus Rasul kang ngundhangake ayate Allah kang cetha marang sira, kanggo ngetokake para wong kang mukmin (angestu) lan kang padha ngelakoni panggawe becik saka pepeteng (bodho) marang pepadhang (kaweruh) sing sapa percaya ing Allah lan ngelakoni panggawe becik Allah bakal nglebokake wong mau marang suwarga kang ana bengawane mili ana ing kono padha langgeng. Allah paring rizki becik marang wong mau

[12] Allah kang gawe langit pitu lan bumi sapadhane iku kattetepake Allah bakal tansah tumurun ing antarane (bumi lan langit) supaya sira padha weruha yen Allah iku temen ngelmu (Ne) anglimputi samu barang

At-Tahrim

Surah 66

[1] O, Nabi! yagene sira anglarangi barang kang wis diwenangke dening Allah marang sira mung murih leganing atine para rabinira wae, Allah iku kepareng ngapura tur maha asih

[2] Allah wis nindakake udare supatanira (sumpah nglarang ngombe madu kanggo nyenengake garwa - garwane nabi sarana bayar kaffarah yaiku merdekakake kawula) Allah iku Pangayomira, Allah iku nguningani tur wicaksana

[3] Lan nalika Nabi kelawan sideman aweh warta marang saweneh garwane (Hafsah) ananging bareng (Hafsah) amartakake kadadeyan mau (marang aisyah) sarta Allah paring weruh perkara iku marang panjenengane (nabi Muhammad) panjenengane paring weruh prakara mau (antarane Hafsah lan Aisyah) dheweke (Hafsah) matur, "Sinten ingkang amartosaken prakawis punika dhateng panjenengan?" Pangandikane (Nabi), "Ingkang Maha Wikan Ingkang Waspada kang martani aku

[4] Manawa sira sakaro (Hafsah lan Aisyah) padha taubat marang Allah, lan sayekti atinira wis tumiyung (mrono) lan manawa sira sakaro saiyeg bantu binantu lumawan panjenengane (Muhammad) sayekti Allah iku Pangayome, awit Allah lan Jibril apadenen para Mukmin kang becik padha nulungi Rasulullah sawise iku, para Malaikat uga padha nulungi

[5] Upama kelakon panjenengane (Muhammad) megat ing sira kabeh, bakal aparing leliru garwa kang luwih becik ngungkuli sira (yaiku) wong wadon Islam, percaya ing Allah, sumungkem/mituhu, ahli mratobat, bekti, dhemen poso, rondho tuwin prawan

[6] Para mukmin! sira jagaa awakira lan para warganira aja nganti kecemplung ing neraka, kang urub - urube manungsa lan watu, kang jaga para Malaikat gedhe dhuwur gagah prakosa, ora tau nglirwakake parentahe Allah padha ngelakoni sabarang dhawuhing Allah

[7] Para kafir: Ing dina qiyamat iku sira aja nganggo madoni mratelakake sebab - sebab anggonira padha ngelakoni duraka, anane sira disiksa, mung wewalese pihala kang wis padha sira lakoni

[8] Para mukmin! Padha tobata ing Allah kang temen. Allah muga ngapuraha lan muwunga halanira, muga nglebokna sira ing suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon, (kelakone kang mangkono mahu besuk dina Qiyamat) ing kono Allah ora ngasoorake Nabi (Muhammad) lan para kancane kang mukmin cahyane padha mencorong madhangi ing ngarepe lan ing kono tangane padha munjuk ing Allah. Dhuh Pangeran! Paduka mugi nyampurnakna cahya kawula lan mugi ngapura dhumateng kawula, Paduka punika nguwasani samu kawis

[9] He nabi, sira peranga nglawan para wong kafir lan para wong lamis. Kabeh padha sira sentosanana. Besuk ana akherat wong kafir mau padha ana neraka Jahannam. Hala temen kawusanan kang mangkono iku

[10] Allah anggelar upama tumrap wong kang padha kafir kang dianggo upama rabine Nuh lan Luth. Wong wadon loro mau padha dadi rabine kawulaningsun wong loro, padha wong becik. Nanging wong wadon loro mau padha cidra marang lakine. Nuh lan Luth padha ora bisa ngayomi sethithika marang rabine, nyuwunake wurung siksaning Allah. Wong wadon loro mau padha tampa dhawuh, "Sira padha mlebua ing neraka, awor wong kang padha malebu ing neraka

[11] Lan maneh Allah anggelar upama, tumrap wong kang padha percaya ing Allah. Kang dianggo upama rabine Fir'aun nalika dipilara munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula! Paduka mugi andamelan griya kawula wonten suwarga, kawula mugi panjenengan paringi wilujeng, kalis saking Fir'aun saha pihawonipun. Saha mugi Paduka paringi wilujeng saking pihawonipun para tiyang ingkang nganiaya

[12] Lan kang dianggo upama maneh Maryam anake Imron kang temen - temen rumeksa aksuciane mulane Ingsun aniyup dheweke kelawan ruh Ingsun sarta dheweke ambenerake marang sabdane Pangerane lan kitab - kitabe, tuwin dheweke dadi golongane para kang padha mituhu

Al-Mulk

Surah 67

[1] Maha suci Allah, Kang karaton iku ana ngastane, Allah iku nguwasani samu barang

[2] Kang gawe pati lan urip kanggo nyoba marang sira kabeh endi kang lakune luwih becik. Allah iku Maha Mulya tur keparenga ngapura

[3] Kang anitahake langit pitu padha, sira ora andeleng ana bedane ana ing sajerone titahe Ingkang Maha Murah; lan delenga maneh, apa sira bisa weruh ana kang geseh

[4] Banjur andelenga maneh mesthi pandelengira hambalik konjem ora bisa nemu cacade gegaweyaning Pangeran

[5] Ingsun ngrengga langit dunya (langit kang ngisor dhewe) kelawan lintang pirang - pirang, lintang mau Ingsun anggo balang, hambalangi para syaitan, dene syetan mau padha Ingsun ancam siksa neraka Sa'ir

[6] Sarupane wong sing maido Allah Pangerane, padha di patrapi siksa neraka jahannam. Ala temen kawusanan kang mangkono

[7] Nalikane wong kafir padha dicemplungake ing neraka panjerite karungu, neraka mau umub mumpal - mumpal

[8] Saking muringe neraka, wong kafir meh mrotholi, saben ana wong kafir sagolongan dicemplungake neraka ditakoni (dening Malaikat), "Apa biyen ora ana juru pepeling sing nekani kowe

[9] Pada mangsuli, "Inggih sampun wonten juru pepenget andhatengi kula, ananging kula sami anggorohaken sarwi wicanten, Allah boten dhawuhaken punapa - punapa sampeyan punika tetela kesasar sanget

[10] Wong kafir mau padha ngucap, "Upama aku biyen ngestokake dhawuh utawa mikir, kaya - kaya ora kecemplung neraka Sa'ir

[11] Dadi wong kafir wis padha ngaku dosane (anggone maido para Rosul) mulane wong ing neraka Sa'ir mau padha didohake saka Rahmate Allah

[12] Sarupane wong kang padha bekti ing Allah Pangerane ana ing wektu sepi padha oleh pangapurane Allah, lan diparingi ganjaran gedhe

[13] Padha kondhoa lirih utawa seru kanggo Allah padha war, awit Allah iku nguningani sakreteking ati

[14] Apa Panjenengane kang nitahake iku ora uninga? Lan Panjenengane ingkang anguningani sabarang kang lembut - lembut, ing kang waspada

[15] Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah

[16] Apa sira nyana yen Allah kang kagungan keraton langit ngersakake sira diuntal bumi? coba delengen bumine arep oreg

[17] Apa sira nyana yen Allah kang kagungan kraton langit iku kersa nurunake siksa marang sira? Ing tembe mesthi weruh kaya apa pepeling Ingsun

[18] Para umat sadurunge wong kafir iku, mbiyen ugo padha maido marang rasule banjur koyo opo, para umat mau padha ingsun turunai siksa

[19] Apa dheweke (wong kafir) ora handeleng manuk kang sedhela ngegarake suwiwi lan ngingkupake, kang rumeksa manuk ora nganti tiba ora ana maneh kejaba mung Allah kang maha murah. Satemene Allah iku mirsani samu barang

[20] Apa brahala iki kang dikira dadi kancamu, bakal bisa nulungi bisa murungake siksane Allah, kang bisa nulungi dudu Paneran kang Maha Murah? Panemune si kafir iku tetela kajelomprong

[21] Manawa Allah ora kapareng paring rizki, apa brahala bisa weh rizki marang sira? Dheweke malah saya tambah anggone gumedhe lan nasar

[22] Wong wuta mlaku tumungkul, iku apa luwih weruh ing dalan bener ngungkuli wong kang ora wuta kang anggone mlaku jejeg

[23] (Muhammad) Dhawuha, "Allah iku kang agawe awak ira sarta maringi pangrungu lan pandeleng apadene pikiran ewadene kang ngunjukake panuwun mung sathitik

[24] (Muhammad) Dhawuha, "Allah kang gawe awak ira sarta paring panggonan ana ing bumi, ing tembe sira padha dikelumpukake marang ngarsane Allah

[25] Wong kafir padha matur, "Menawi pangandika panjenengan punika sayektos benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalempakaken punika

[26] (Muhammad) Dhawuha, "Dina Qiyamat iku mung Allah piyambak kang priksa mangsane. Aku iki mung ngelengake wae

[27] Sawise dikelumpukake, bareng manungsa padha andeleng siksa wis cedhak, wong kafir padha pucet rahine. Banjur padha didhawuhi, "Siksa iki kang padha sira paido biyen

[28] (Muhammad) Dhawuha, "Apa sira padha mawas menawa Allah bakal nglebur aku sarta kang anyartani aku, malah Panjenengane bakal kagungan welas marang aku, banjur sapa sing bakal ngayomi para kafir saka siksa kang nglarani

[29] Sira dhawuha maneh, "Allah iku Pangeran kang Maha Murah, aku percaya lan nyumanggakake samu barangku ing Allah. Ing tembe bakal padha weruh wong kang kesasar kang terang

[30] Sira dhawuha maneh, "Menawa banyu iki asat kabeh, piye panemumu. Sapa kang nekakake banyu iki marang sira

Al-Qalam

Surah 68

[1] Nun, demi qalam (alat tulis) sarta apa kang padha ditulis

[2] Kelawan kanugrahane Pangeranira, sira (Muhammad) iku dudu wong owah

[3] Satemene sira iku tampa ganjaran kang tanpa kendhat salawase

[4] Lan satemene sira iku duwe budi pekerti kang luhur

[5] Lan sira bakal weruh, sarta dheweke (iya) bakal weruh

[6] Sapa ing antarnira kang kadunungan owah

[7] Satemene Pangeranira nguningani wong kang kesasar saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha netepi pituduh bener

[8] Mulane sira aja manut wong kang padha maido al-Qur'an

[9] Karepe wong kafir sira iku lemesa lan asiha (aja ngaru biru anggone mangro - tingal) wong kafir uga banjur padha lemes lan asih, ora ngelarani marang sira

[10] Aja manut wong kang dhemen supata roh pikire ala

[11] Tukang nanacat nyeber pangala - ala

[12] Menging gawe kebecikan, dhemen nganiaya lan duraka

[13] Asor lan ndablek sarta ngaku becik

[14] Aja dume wong kang mangkono mahu sugih bondho lan anak

[15] Manawa diwacakake Al-Quran ayatingsu, celathu, "iku gawe - gaweyane para wong kuna

[16] Wong mangkono iku, Ingsun dodoki tenger ing irunge (belalai) salawase urip (nalika perang ing Badar Walid bin Mughirah prothol irungipun)

[17] Sayekti Ingsun bakal nyoba dhewek koyo anggon Ingsun nyoba wong - wong kang duwe kebon nalikane padha supata tandurane mesthi diunduhi ing wayah bangun esuk (supaya aja dijaluki wong miskin)

[18] Supatane tanpa sumendhe ing kersaning Allah

[19] Ing kono wong kang duwe tanduran lagi padha turu Pangeranira nurunake geni ngobong tandurane entek dadi awu

[20] Bareng wayah bangun esuk, tandurane mau wis rupa ireng kabeh, kaya wengi kang peteng

[21] Ing wayah bangun esuk kang duwe tanduran padha ajak - ajak ngunduhi tandurane

[22] Mara padha nilikanan tanduranmu manawa kowe arep ngunduhi

[23] Banjur padha mangkat sarta padha rembugan sesidheman

[24] Awit dina iki palemahan iki aja nganti kalebon wong miskin

[25] Ing wayah esuk, wong mau padha mangkat nedya jaga palemahane rumangsa bisa nguasani tandurane

[26] Bareng deleng tandurane wis dadi awu banjur padha ngucap, "Satemene aku kang luput

[27] O, malah aku iki pada kelangan

[28] Wong mau kang becik celathu mangkene, "Aku wis kondho menyang kowe, yo gene kowe ora padha maha sucekake (Gusti Allah)

[29] Dheweke (sing duwe palemahan) banjur padha ngucap, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci kawula sampun ngakeni kalepatan (sami nganiaya)

[30] Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh tinutuh

[31] Padha ngucap, "O, cilaka temen aku iki (aku wis rumangsa luput) kapriye yen ora oleh pangapura

[32] Allah Pangeranku muga paring ijol kang luwih becik tinimbang tanduranku kang wis kobong dadi awu, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku (Allah banjur nerima tobate)

[33] Kang mangkono iku ewoning siksa ing donya, lan sayekti siksa ing akherat luwih gedhe (abot) yen ta dheweke padha weruha (mesthi ora gelem nglakoni dosa)

[34] Tumrap sing bekti ing Allah ana ngarsane Pangerane padha oleh ganjaran suwarga Na'im

[35] Lan apa ta para wong kang sumarah bakal Ingsun dadekake kaya wong duraka

[36] Ya gene sira wong duraka (kafir) padha nganggep padha wae

[37] Apa sira duwe wewaton Kitabe Allah kang sira waca

[38] Metelakake sira kena ngelakoni sakarep - karepe

[39] Apa sira nyekel sesanggemaningsun mawa supata, kukuh ora bisa owah nganti tumeka dina Qiyamat, yen sira temen bakal enthik apa pancasanira

[40] Padha takonana, dheweke sapa sing tanggung tumrap prakara iku

[41] Apa padha duwe kanca kang tunggal panemu, tanggung panemune bakala kaleksanan, menawa temen mangono mara padha nekakna kancane (kang nanggung mau)

[42] Ing dina bakal anane bilai (Qiyamat) gedhe sarta dheweke bakal padha didawuhi sujud nanging ora bisa (merga gegere kaku)

[43] Padha konjem tumungkul handeleng mangisor padha rumangsa asor, lan sayekti biyen dheweke padha didhawuhi sujud (sholat) nalika isih padha selamet

[44] Mulane togna wae Ingsun sarta sapa - sapa sing padha anggorohake timbalan iki mesthi Ingsun larut kabecikane saka sathithik nganti padha ora krasa

[45] Ingsun nyrantekake paniksane wong kafir mau, panglulu mesthi keleksanan

[46] Apa sira njaluk pituwas marang dheweke (anggon ira mrathakake dawuh) nganti dheweke nyonggo utang

[47] Apa dheweke padha duwe kaweruh barang kang samar - samar (gaib), kang banjur ditulisi

[48] Sira mung narimaha nglakoni sakarsane Pangeranira aja kesusu mitrane iwak (kaya Nabi Yunus kang diuntal iwak) kang angaduh aduh nalikane ana sajerone bebaya

[49] Yen ta ora ana nugraha saka Pangerane tumeka marang dheweke, mesthi nglumpruk tiba ing lemah kang lagis sarta dadi wong cacad

[50] Tumuli dheweke (Nuh) banjur dipilih dening Pangerane didadekake ewone wong becik

[51] Satemene para wong kafir bareng krungu wulangane al-Qur'an amasthi padha nalorong sira kelawan pandelenge, pangucape, "Temen dheweke (Muhammad) iku edan

[52] al-Quran iku ora liwat mung wewulang tumrap kabeh bangsa

Al-Haqqah

Surah 69

[1] Dina Qiyamat

[2] Apa kang aran dina qiyamat

[3] Lan sapa kang aweh weruh marang sira bab kahanane dina qiyamat mau

[4] Wong tsamud lan wong 'Aad biyen padha maido dina qiyamat kang gegirisi

[5] Wong Tsamud padha disirnakake dening Allah kalawan siksa kang banget anggegeteri

[6] Dene wong 'Aad padha disirnakake sarana prakara gedhe kang suwarane gegirisi

[7] Angin mau nempuh marang wong 'Aad lawase nganti wolung dina pitung wengi kang tumaruntun, ing kono wong 'Aad padha mati, hanggalasah kaya wit kurma padha rungkat

[8] Apa sira weruh wong 'Aad mau ana kang keri isih urip

[9] Fir'aun lan para umat sadurunge tuwin kutha - kutha sing padha ambruk iku (sebabe) padha nglakoni kaluputan

[10] Padha duraka ora manut utusane Pangeran (Musa lan Luth) mulane dipatrapi siksa dening Allah kelawan patrapan abot

[11] Nalika, kena topan bareng banyu wis munggah, sira Ingsun tunggahake perahu

[12] Kang mangkono supayapa dianggo wewulang supaya dieling - elinga dening wong kang duwe kuping/pangrungu ben krungu iki

[13] Besuk nalika slomprete (Israfil) dinamu sapisan

[14] Bumi lan gunung - gunung padha digulung lan dijunjung tuwin remuk kelawan pangremuk sapisan

[15] Ing dina iku dina qiyamat kelakon

[16] Langit banjur bengkah bakal dadi ringkih

[17] Para Malaikat padha nisih lan ing sadhuwure dheweke ing dina iku wowolu bakal nyangga damparing Pangeranira

[18] Ing dina iku padha diajokake marang panjenenganing Allah ditimbang hala-becike, Allah ora kasamaran marang samu barang kang padha sira singidake

[19] Sing sapa dielungi layang cathetane lelakune ssaka ing tengen (saking dening bungahe) banjur bakal kondho, "wacanen kitab cathetan lelakonku

[20] Sayekti aku wis weruh, yen aku bakal ketemu petunganku

[21] Dadi wong iku mau uripe netepi keparenging Allah

[22] Manggon ana suwarga kang luhur

[23] Wowohane cendhek - cendhek (tumiyung cepak)

[24] (He wong ing suwarga) Sira padha mangan lan ngombea kelawan enak iku ganjarane kebecikan kang padha sira lakone ing dina - dina kang wis kliwat

[25] Dene wong kang dielungi layang cathetan saka ing kiwa padha ngucap, "Adhuh, bok aja dielungi layang cathetane lelakonku wae

[26] Aku ora weruh kapriye panimbange hala - becikku

[27] O, mbok ya iki didadekake wekasanku

[28] Bandhaku ora pisan bisa mardikake aku

[29] Kasantosanku wis sirna kabeh

[30] (Dhawuhing Allah): Dheweke cekelen, nuli sira belenggu

[31] Tumuli cemplungna ing geni murub

[32] Banjur tikungen ing rante kang dawane pitung puluh hasta

[33] Sayekti dheweke iku biyen ora angestu ing Allah ingkang Agung

[34] Lan ora gelem tetulung ngluari pangan wong miskin

[35] Mulane ing dina iku dheweke ora duwe mitra tuhu

[36] Sarta ora entuk pangan kajaba rereged

[37] Ora ana wong mangan (rereged) kejaba wong kang anglakoni panggawe luput

[38] Ingsun supata kelawan barang kang sira weruhi

[39] Sarta barang kang ora sira weruhi

[40] Sayekti iku temen pangandikaning utusan kang mulya

[41] Lan iku dudu tembunge juru kidung, sathitik anggonira padha angestu

[42] Sarta dudu tembunge juru pethek, sathithik anggonira padha ngangen - angen

[43] Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka pangeraning ngalam kabeh

[44] Lan saupama dheweke agawe - gawe sawenehing tetembungan (diwadekake) atas (saka) Ingsun

[45] Amasti dheweke bakal Ingsun candhak tangan tengene

[46] Banjur bakal Ingsun pedhot tatalining jantunge

[47] Lan ora ana siji - sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun saka dheweke

[48] Lan sayekti temen, iku pepeling tumrap wong kang padha anjaga dirine (saka ala)

[49] Satemene Ingsun nguningani yen sira ana kang maido (al-Quran)

[50] Satemene (al-Quran) bakal andadekake getune dheweke anggone padha maido

[51] Lan sayekti (al-Quran) iku temen sajati - jatining kasunyatan

[52] Mulane sira nyebuta Maha suci ing Allah kelawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha Agung

Al-Ma'arij

Surah 70

[1] Sawijining wong, anjaluk siksa kang mesthi bakal tiba

[2] Tumrap para kafir, ora ana wong bisa nulak

[3] Saka Allah kang Kagungan dalaning munggah

[4] Para malaikat lan ruh (Jibril) padha munggah marang Allah ing sadina ingkang kadaripun sarupi kaliyan tahun. [padha munggah marang panggonan tumuruning parentahing Allah. Kelakone siksa mau tinamtokake ana ing dina Qiyamat yaiku dina kang ukurane tahun]

[5] (Muhammad) sira shabara kelawan tenteram

[6] Pangrasane dheweke siksa iku isih lawas banget kelakone

[7] Nanging Ingsun ngarani wis cedhak

[8] Ing dina samangsa langite kaya jer - jeran tembaga

[9] Dene gunung - gunung kaya kapuk mabul - mabul

[10] Lan ora ana wong tetakon marang sanake

[11] Padha deleng marang sanake nanging ora wani takon, pangarep - arepe siksa mau wurunga sarana nyahosake anak - anake

[12] Sarta rabine (garwane) tuwin sadulure

[13] Lan nyahosake batihe kang dadi wewengkone

[14] Upama duwea saisining bumi kaduga nyaosake kabeh tumuli (pangarep - arepe) diselametake saka siksa

[15] Ora pisan - pisan! sayekti iku geni mulad - mulad

[16] Nglonyomake kulit

[17] Ngundang - ngundang kang mungkur (ora percaya Allah) lan mlengos (marang nabi)

[18] Sarta anumpuk - numpuk tuwin anyinggahake bondho

[19] Sayekti manungsa iku tinitah sarwa angewuhake

[20] Samangsa kataman kojur ngersula

[21] Lan samongsa kataman begja, cethil

[22] Kajaba wong kang padha sholat

[23] Kang tetep olehe padha sholat

[24] Sarta kang ing sajeroning bandhane ana saperangan kang tartamtu (kanggo zakat)

[25] Tumrap para kang anjajaluk sarta wong kasrakat

[26] Lan kang padha ngandel anane dina Qiyamat

[27] Lan kang padha wedi siksaning Pangerane

[28] Awit ora ana wong kuasa mesthi kalis siksaning Pangerane

[29] Sarta padha angreksa marang awak-kawirangane

[30] Kajaba tumrap bojone utawa wong kang dadi darbeke iku dudu larangan

[31] Sapa wonge nerajang (cumbana) wong saliyane iku wong kang mlangkah wates

[32] Lan kang padha tuhu ora nyidrani sasanggemane lan rumeksa barang titipan

[33] Lan kang padha dadi seksi (ing Pangadilan) kelawan saktemene

[34] Lan padha ngelakoni sholat tetep ana waktune

[35] Wong kang mangkono mau bakal manggon ana suwarga kinurmatan

[36] Wong kafir padha rebut dujung ngrungokake pituturira apa gunane ora mekolehi marang awake

[37] Padha grombolan ana ing kiwanira lan tengenira

[38] Ana siji - sijine wong kafir mau padha kepengin dilebokake ing suwarga Na'im

[39] Tangeh yen kelakon, sayekti Ingsun dadekake dheweke saka rang padha diweruhi

[40] Ingsun supata demi Pangeraning Wetan lan Kulon (Panggon metu lan surupe srengenge) sayekti temen Ingsun iki kuwasa

[41] Bisa nyalini gawe manungsa liya kang becike ngungkuli dheweke mukal yen Ingsun ora bisa

[42] Mulane dheweke iku togna wae karo ben padha selulub ana ing panasaran sarta abungah - bungah nganti tumeka dinane kang diancamake siksa

[43] Dinane dheweke padha metu saka kuburan kelawan gagancangan kaya dene amlayoni kang tinuju (marani brahalane)

[44] Pandelenge padha tumungkul nistha bakal tumiba marang dheweke, dina iku dina qiyamat kang diancamake marang dheweke

Nuh

Surah 71

[1] Ingsun wis ngutus Nuh, nyurup - nyurupake marang ummate, "He Nuh, elingna para ummattira padha ngelakonono penggawe becik, mupung durung katekan siksaning Allah kang gelarani

[2] Dhawuhe Nuh, "Para umatku, aku iki nyurupake lan ngelingake marang kowe

[3] Kowe padha ngabektia lan nyembaha Allah, apa dhene padha manut mituruta marang pituturku

[4] Allah bakal ngapura sekabehe dosamu, lan bakal nyarentekake kowe nganti tekan wewangen kang wis tinamtokake yaiku tekan ing pati. Menawa kowe padha weruh wawangening Allah iku yen wis pundhat ora kena disrantekake maneh

[5] Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rinten dalu tansah ngajak - ajak para ummat kawula (supados pitados ing Paduka)

[6] Nanging pangajak kawula punika namung mewahi girasipun para ummat kawula, sami boten purun manut

[7] Kawula punika saben ngajak - ajak pitados ing Paduka dhumateng para ummat kawula supados ngapura piyambakipun, lajeng sami nutupi kupinginpun mawi drijinipun, sarta sirahipun dipun krukup mawi sinjangipun. Parta gumedhe

[8] Sasampunipun makaten para ummat wau sami kawula pituturi kalayan sora (terang - terangan)

[9] Lajeng sami kawula pituturi kalayan sora saha lirih

[10] Dhawuh kawula mekaten, "Para ummatku padha nyuwuna pangapura ing Allah Pangeranmu, awit Allah iku kepareng ngapura

[11] (Yen wis kepareng ngapura) banjur nurunake banyu udan deres saka langit

[12] Apa dene paring wuwuh bandha lan anak, lan maringi palemahan sarta kali kanggo ngoncori palemahan mau

[13] Ya gena kowe padha ora pracaya kaagungane Allah

[14] Allah wis dadekake awakmu pirang - pirang rambahan kang tumaruntun

[15] Apa ora padha handeleng anggone Allah gawe langit pitu kang sap - sapan

[16] Lan andadekake rambulan madhangi langit kabeh, lan dadekake srengenge minangka damar

[17] Lan maneh Allah gawe awakmu asal saka lemah

[18] Sawise dadi manungsa, Allah banjur balekake awakmu menyang lemah maneh, sawise dadi lemah Allah nguripake kowe lan diwetokake saka kubur

[19] Apadene Allah dadekake bumi iki warna - warna mugunani marang kowe

[20] Supaya kowe padha bisa mlaku ana dalan kang jembar

[21] Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, para ummat kawula punika sami boten manut miturut dhumateng parintah kawula, sami manut dhateng tiyang ingkang asor budinipun, kasugihan arta sarta anakipun, namung badhe andadosaken kapitunanipun

[22] Para ummat wahu sami damel pakewet ageng

[23] Pangucapipun (tiyang ingkang asor budinipun), "Aja padha tingal nyembah sesemabahan mu brahala, lan aja padha tinggal (nyembah) Wadd lan Suwaa', Yaghuts, Ya'uq lan nasr" (nami - nami brahala)

[24] Sejatosipun tiyang asor ing budi wau sami nasaraken tiyang kathah mila panyuwun kula tiyang kafir wahu mugi paduka boten nambahi kajawi siksa awon

[25] Sarehning gedhe kaluputane mulane padha dikelem banjir topan, ana sajeroning banyu di obong geni. Liyane Allah ora ana kang bisa nulungi

[26] Nuh munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, tiyang kafir wahu mugi Paduka telasaken sampun wonten ingkang kantun gesang ing bumi manggen ing griya

[27] Manawi Paduka kendelaken kemawon, tamtu badhe nasaraken para kawula Paduka, manawi ing tembe medal anakipun, anak wahu tamtu dados tiyang awon utawi kafir

[28] Pangeran kawula, Paduka mugi ngapuraha kalepatan kawula saha kalepatanipun tiyang sepuh kawula kekalih, saha dhumateng tiyang ingkang malebet griya kawula utawi, dhateng tiyang mukmin jaler estri, para tiyang kafir punika mugi Paduka tumpes kemawon

Al-Jinn

Surah 72

[1] Dhawuha, "Aku tampa dhawuhe Allah paring pirsa ana sagolongan jin padha ngrungokake anggonku dhawuhake al-Quran, Jin mau ngeram - ngeramake al-Quran marang para kancane celathune, 'Aku krungu anggone Muhammad dhawuhake al-Quran kang helok

[2] al-Quran nuduhake dalan bener, aku banjur pracaya ora pisan mangro tingal marang Allah Pangeranku lan ora menyang sapa - sapa

[3] Satemene Allah Pangeranku kang Maha Luhur lan Agung tanpa garwa lan ora kagungan putra

[4] Satemene kancaku kang bodho ngucap kang ora patut marang Allah, ngarani kagungan putra lan garwa

[5] Mahune penyanaku ora ana Jin lan manungsa celathu goroh tumrap marang Allah

[6] Sarta dene saka wong - wong saka antaraning manungsa jaluk pitulungan marang para Jin lanang, kang mangkono mau muwuhi kesasar tumrap dheweke

[7] Sateme dheweke (Jin) uga padha nyana kaya panyanamu, ing tembe Allah ora bakal nguripake wong siji kang wis mati

[8] Jin celathu, "Aku neja munggah marang langit, ngrungokake guneme kang padha ana kono, bareng meh tekan ing kono kebak malaekat kang jaga padha gagah prakoso lan panah - panah geni

[9] Sarta, dene adat sabene aku padha lungguh ing palungguhan, supaya bisa amrungu, ananing saiki sapa sing ngrungokake bakal kapethukake urub (ing geni) kang ngadhang dheweke

[10] Aku ora weruh sebabe ora pareng ngrungokake guneme para malaekat mau, tumrape wong kang manggon ana bumi becik apa ala

[11] Sawenehe golonganku padha wong tulus lan sawenehe ora mangkono, aku iki pepanthan kang padha seje - seje dalane

[12] Panemuku, ora bisa ngoncati siksaning Allah ing bumi sarta ora bisa ngoncati Panjenengane sarana mlayu

[13] Aku bareng krungu pituduhe al-Quran banjur ngandel marang Allah lan al-Quran. Sing sapa pracaya marang Allah Pangerane mesthi ora kuatir suda kabecikane lan tambah halane

[14] Satemen sawenehing golonganku ana wong kang sumarah, lan sawenehing nyimpang. Sapa wonge sing sumarah iku nuju marang dalan kang bener

[15] Wondene wong kang padha nyimpang padha dadi urub - urubing neraka jahannam

[16] Dene menawa dheweke padha tetep ngambah dalan (bener) mesthi bakal Ingsun turunake banyu udan kang deres (rizki kang akeh)

[17] Ingsun anggo nyoba marang dheweke ing dalem prakara iku lan sapa sing malengos saka eling marang Pangerane bakal dilebokake siksa kang nusahake banget

[18] Lan satemene sarupaning masjid kabeh kagungane Allah, mulane anggonmu padha nyembah Allah aja dicampuri nyembah liyane

[19] Lan satemene bareng kawulaning Allah (Muhammad) ngadek nyembah Allah para Jin padha rebut dujung tunggang - tinunggang nyedhak (kudo ngurokake al-Quran)

[20] Dhawuhe (Muhammad), "Satemene aku mung nyembah ing Allah Pangeranku ora pisan tak wori nyembah liyane

[21] Dhawuha (Muhammad), "Aku iki ora nguasani marang kowe dadi kesasar utawa begja (iku atas kersaning Allah)

[22] Dhawuha, "(Menawa aku duraka ing Allah) ora ana wong sawiji kang bisa nulak siksaning Allah, lan aku ora oleh pangungsen liyane ngungsi marang Allah

[23] Kuwasaku mung mratakake dhawuhe Allah marang kowe kabeh (timbalan sarta ayahane) lan sapa wonge nglirwakake Allah lan utusane sayekti bakal oleh geni neraka langgeng salawase

[24] Nganti padha deleng siksa kang diancamake marang dheweke, banjur bakal padha weruh sapa sing panulunge luwih apes sarta luwih sethithik cacahe

[25] Dhawuha, "Aku ora weruh siksa kang diancamake marang kowe apa wis cedhak utawa isih lawas kelakone

[26] Allah iku nguningani barang kang samar kang ora diweruhi manungsa, lan ora kersa medharake barang kang samar mau marang sawijining wong

[27] Kajaba rasul kang wis diparengake nyumurupi, rasul dijaga (para Malaikat) ana ing ngarep buri lan kiwa tengene

[28] Supaya Allah nguningani kelawan gumelar yen para Rosul mau temen wis ngundangake dhawuhing Allah Pangerane, kaweruhhing Allah ngalimputi para Rosul kabeh lan bisa nacahake samu barang

Al-Muzzammil

Surah 73

[1] He wong kang kemulan (Muhammad)

[2] Sira tangiya sholat ing wayah wengi mung kena leren sedhela (kanggo turu)

[3] Sholata setengah wengi utawa suda sethithik (dadi mung saprotelone wengi)

[4] Utawa tambahan (dari rong protelon wengi) sarta macaa al-Quran kang patitis wacanira

[5] Ingsun bakal dhawuhake al-Quran kang abot marang sira

[6] Satemen sholat ing wektu wengi (sawuse turu) empaning ponco driya condhong banget lan ati, kanggo benerake pengucap

[7] Satemene sira ing wayah awan wis nyambut gawe suwe

[8] Sira nyebuta asmaning Allah Pangeranira sarta melenga ngabekti

[9] Allah iku Pangeraning jagad sisih wetan lan sisih kulon, ora ana sesembahan kelawan bener kejaba Allah, sira nyumanggakna samu barang prakara marang Allah

[10] Sabara marang pangucape (wong kafir) kang nglarakake ati tokna kelawan becik

[11] Lan Ingsun togna wae, mangkana uga wongkang anggorohake kang sarwa mubra - mubru (kecukupan) togna wae sedhela

[12] Satemene Ingsun kagungan dhadhung kang santosa lan kagungan neraka jahanam

[13] Sarta kagungan pepanganan kang nglalekake lan siksa kang nglarani

[14] Kelakone kang mangkono mau ing dinane bumi lan gunung - gunung gonjang - ganjing, gunung - gunung padha dadi wedhi kang mawur - mawur

[15] Ingsun wis ngutus rasul nerangkae marang sira bakal anggoningsun ngutus rasul marang Fir'aun

[16] Nanging Fir'aun ambangkang marang parenthe rosul (Musa) mulane banjur dipatrapi siksa abot

[17] Kapriye olehmu bakal anjaga awakmu, manawa padha maido, ing dinane kang para bocah adha didadekake kaki (tuwa uwanen)

[18] Ing dina iku sanadyan langit hiya sigar, kang wis ditemtokake dening Allah, mesthi kaleksanan

[19] Satemene ayat (tanda) iki dadi wewulang sing sapa kepengen selamet ngestokna ayat mau, minangka dalan marang ngarsaning Allah Pangerane

[20] Satemene Allah Pangeranira nguningane yen sira nindakake sholat kira - kira / wengi, lan setengah wengi lan (kala - kala)

Al-Muddassir

Surah 74

[1] wengi. Lan shabatira sagolongan hiya padha mangkono. Allah nemtokake dawa cendhake rina lan wengi, nguningani yen sira padha ora kelar sholat samono suwene mau kajaba kelawan rekasa, mulane Allah muwung marang sira. Sarehne mangkono sira macaa al-Quran sakuwasanira ana sajerone sholat. Allah nguningani yen sira iku bakal ana kang nandhang lara banjur rekasa sholat ing wayah wengi lan ana uga kang padha mlaku lelungan ing bumi ngupaya jiwa golek rizki kanugrahaning Allah lan ana uga kang padha perang ing dalaning Allah, mulane sira padhaa maca al-Quran sakuwasanira lan ngakonana sholat, bayar zakat, padha motangna becik marang Allah. Samu barang kabecikan kang padha sira lakoni bakal nemu ganjran becik ana ngarsaning Allah ngungkuli kabecikan kang sira lakoni ing buri. Lan nyuwuna pangapuraning Allah, satemene Allah iku karsa ngapura tur maha asih. . He wong kang mujung (Muhammad)

[2] Sira ngadeka lan elingna

[3] Lan nyebuta Maha Agung ing Allah Pangeranira

[4] Tuwin angresikna sasandanganira

[5] Apa dene angedohna jejember

[6] Lan aja weweh murih wewales kang luwih akeh

[7] Lan sabara karana ngelakoni parentahe Pangeranira

[8] Amarga samangsa slompret tiniyub

[9] Ing dina iku kena diarani dina rekasa

[10] TUmrap engatase para wong kafir ora pisan gampang

[11] Tona wae Ingsun dheweke karo wong kang wus Ingsun titahake

[12] Lan wis Ingsun paringi bandha kang omber

[13] Uga Ingsun paringin anak lanang akeh padha nglumpuk

[14] Tuwin perkarane Ingsun tata sarwa tumata

[15] Ewa dene dheweke isih angajab Ingsun wuwuhana

[16] Ora pisan - pisan! Sayekti dheweke amilawani timbalan - timbalan Ingsun

[17] Ingsun bakal anibakake siksa kang nyusahake marang dheweke

[18] Sayekti, dheweke mikir - mikir sarta anetepake

[19] Ananging marga siniku, kapriye anggone netepake

[20] Maneh, muga siniku kapriye anggone netepake

[21] Banjur angawasake

[22] Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit

[23] Banjur mungkur sarta gumedhe

[24] Banjur celathu, "Al-Quran iki ora liya kajaba sihir kang disinau (saka wong - wong biyen)

[25] (Al-Quran) iki ora liya mung pangucaping manungsa wae

[26] Dheweke bakal Ingsun cemplungake neraka saqar

[27] Kapriye panemunira, apa kang aran neraka saqar

[28] Neraka saqar mau ora ngawetake, sadhengah kang kacemplung ing kono mesthi rusak

[29] Tur gosongake kulit

[30] Ing kono ana (Malaikat) kang anjaga

[31] Lan ora liya kajaba Malaikat kang Ingsun dadekake panjaganing geni, sarta wilangane iku ora liya kajaba mung Ingsun dadekake coba tumrap wong kang padha kafir, supaya para kang kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman pada wuwuh imane, apa dene (supaya) ora padha semang - semang para kang kaparingan kitab lan para mukminin, sarta supaya para kang sajeroning atine ana lelarane sarta para kafir padha elathir: apa ta kersaning Allah andamel sanepa iki? Iya kaya mangkono iku anggone Allah andadekake sasare sapa kang dadi karsane, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi kersane, lan ora ana kang weruh wedyabalane Pangeranira kajaba mung Panjenengane, lan iki ora liya kajaba pepeling tumrap para manungsa

[32] Demi rembulan, wong kafir ora pisan ngistokake wewulanging al-Quran

[33] Demi wengi nalikane mungkur

[34] Demi wajah Shubuh nalikane padhang

[35] Temen neraka Saqar iku ewone bebaya kang gedhe

[36] Kanggo medheni marang manungsa

[37] Tumrap wong kancanira kang arep maju pracaya (al-Quran) utawa mundur ora pracaya

[38] Sarupaning awak iku kaiket (tanggung jawab) karo sabarang panggawene

[39] Kajaba para kang ana ing tangan tengen

[40] Ana sajeroning patamanan bakal padha takon - takon

[41] Prakara wong kang padha dosa

[42] Punapa marganipun sampeyan wonten ing salebeting neraka

[43] Bakal padha mangsuli, "Kula punika sanes golonganipun tiyang ingkang sami sholat

[44] Lan kula boten nate nyukani tedha tiyang miskin

[45] Sarta damel kula omong lelahanan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lelahanan

[46] Sarta kula punika mahiben badhe kalampahipun dinten piwale

[47] Ngantos datengipun pejah kula

[48] (Pangendikaning Allah) Mulane syafa'ate para juru syafaat ora bakal migunani marang dheweke

[49] Lan apa ta pakolehe anggone wong mau padha lumuh nistakake saka pepeling (al-Quran)

[50] Kaya dene kuldi (keledai liar) kang kaget

[51] Kan anggeblas ngoncati: singo barong

[52] Balik dheweke, siji - sijine padha angajab diparingana dhewe - dhewe lembaran kang ginelar

[53] Ora bakal (dipituruti panjaluke) balik dheweke padha ora wedi marang akherat

[54] Temen iku sawijining pepeling

[55] Lah sapa sing gelem, angelangana iku

[56] Lan ora bakal padha angelingi, kejaba sing dadi kaparenging Allah. Panjenengane iku panthes diestokake dhawuhe lan pantes aparing pangapura

Al-Qiyamah

Surah 75

[1] Ingsun supata, "Dhemi dina qiyamat

[2] Lan uga supata, "Demi Nafsu Lawwamah (Jiwa sing gela)

[3] Apa manungsa ngira, yen Ingsun ora bisa nglumpukake balunge kang wis pisah - pisah

[4] Luput panyanane, Ingsun kawasa mulihake kabeh drijine kaya mahu - mahune

[5] Nanging manungsa karepe arep gorohake barang kang ana ngarepe

[6] Dheweke takon, "Kapan ta dina Qiyamat iku

[7] Nanging bareng pandelenge wus blawur

[8] Lan rembulan ilang pencoronge

[9] Apa dene srengenge lan rembulan padha metu saka kulon

[10] Ing dina iku manungsa padha celathu, "Aku ngungsi mlayu menyang ngendhi

[11] Mangsa oleha pangungsen ing dina iku ora ana pangungsen

[12] Ing dina iku bakal mung marang Pangeranira dununging palerenan

[13] Ing dina iku manungsa bakal diwartani sabarang panggawene kang didhisikake lan (sabarang) kang dikerekake

[14] Siji - sijining manungsa padha weruh lakone dhewe - dhewe

[15] Sanadyan ta ngandhakake alangane

[16] Lisanira aja kumecap (ngunekake al-Quran)sadurunge rampung pamacane (Malaikat Jibril murih gelis - gelis apal al-Quran mau)

[17] Marga Ingsun kang bakal ngalumpukake al-Quran mau ana ing atinira dalah sawacane pisan

[18] Nalikane Ingsun wis rampung macakake al-Quran marang sira, nuli sira macaa (aja sira barengi)

[19] Sawise mangkono, Ingsun kang mesthi paring mangerti surasaning al-Quran marang sira

[20] Sira iku padha anesrani (aja kesusu) ananging sira seneng panguripan dunya

[21] Lan nglirwakake akehrat

[22] Ing dina iku akeh wong kang rahine bagus lan manis

[23] Padha andeleng Allah Pangerane

[24] Lan uga akeh rahi ala tur suntrut

[25] Padha weruh yen siksa gedhe bakal dipatrapi marang dheweke

[26] Temen nalika ruh tinarik tekan gurung

[27] Sarta dicelathoni, "Sapa tukange nambani

[28] Sarta dheweke yakin, yen iki (wayahe) pisah

[29] Sikile kang siji dhempet karo sikil sijine

[30] Ing dina iku wayahe dituntun marang ngarsane Pangeranira

[31] Wis ira bisa pracaya (Rosul lan Al-Quran) lan ora bisa shalat kang migunani

[32] Nanging maido (al-Quran) lan mlengos saka dalan bener

[33] Banjur menyang ngomahe sanake, lakune gumedhe

[34] Cilako kanggomu (wong kafir) tur rambah - rambah

[35] Nuli cilaka tur rambah - rambah (tumrap sira wong kafir)

[36] Apa manungsa ngira yen bakal ditokake wae

[37] Apa dheweke iku maune dudu nutfah wijining urip kang tinetesake (ing rahim)

[38] Banjur dadi getih kenthel, tumuli Panjenengane anitahake (dheweke) sarta dadekake sampurna

[39] Banjur Panjenengane dadekake saka iku mau dadi rong jenis, jenis lanang lan jenis wadon

[40] Apa Panjenengane ora bisa nguripake wong kang wis padha mati? (Kawasa banget)

Al-Insan

Surah 76

[1] Temen wus tumeka marang manungsa sawijining waktu, nalikane dheweke dudu barang kang kocap

[2] Sayekti Ingsun nitahake manungsa saka nutfah kang campur, dheweke bakal Ingsun coba, mulane Ingsun dadekake bisa ngrungu, bisa deleng

[3] Sayekti Ingsun anuduhake dalane, apa dheweke arep sukur apa arep maido (kufur)

[4] Ingsun nyadhiani rante lan belenggu marang para wong kafir apa dene Ingsun sadiyani neraka Sa'ir

[5] Sarupaning wong kang padha ngestokake dhawuhing Allah, iku ana ing suwarga padha ngombe saka pinggan kang campurane toya kafuur (jenenge sumber banyu ing suwarga)

[6] Para kekasihe Allah padha ngombe banyu sumber kang diilekake kelawan gampang

[7] Mulane tampa ganjaran samono, awit para kekasih mau padha netepi kuwajibane ngabekti ing Allah (ngelaksanaaken nadzar) lan padha wedi dina Qiyamat kang wartane dadi horege bumi (mratani bumi)

[8] Sarta aweh pangan, amarga saka tresnane ing Panjenengane, marang wong miskin sarta bocah yatim apa dene wong tawanan (kinunjara)

[9] Anggonku aweh panganan marang kowe iku mung murih ganjaraning Allah, ora pisan ngarep - arep wewales utawa panarima saka kowe

[10] Aku wedi ing Allah Pangeranku besuk ing dina Qiyamat

[11] Mulane Allah ngersakake para kekasihe mau didohake saka sarupane hala lan padha diparingi rupa bagus lan ulat bingar ati bungah

[12] Allah ganjar suwarga lan panganggo sutra marang para kekasihe amarga anggone padha sabar

[13] Ana ing kono padha linggih ana dipan ora kroso panas lan adhem padhang tanpa srengenge lan rembulan

[14] Kekayoning suwarga kang cedhek wohe gampang banget dipethik

[15] Padha diladeni nganggo wadhah selaka tuwin pinggan kang bening kaya kaca

[16] (Bening) kaya kaca - kaca (kang digawe) saka perak sing diukir dheweke sak apik - apike

[17] Ing suwarga mau dheweke diladeni unukkan kang campurane jahe

[18] Saka sumber banyu sajeroning suwarga arane Salsabil

[19] Padha diladeni para peladen nom - noman kang tetep enome pandelengira marang dheweke mau saking dening baguse prasasat mutiara durung dironce

[20] Manawa sira deleng suwarga kaya sarupangin kabungahan lan kraton gedhe

[21] Dheweke dienggon - enggoni sandhangan sutra alus ijo sarta sutra kandel sinulam benang emas apa dene bakal rinengga gelang salaka, lan Pangerane aparing ngombe dheweke omben - omben kang suci

[22] Sayekti iku pituwas marang sira lan budi dayamu bakal winales

[23] Sayekti Ingsun andhawuhake al-Quran marang sira kalawan dhumawuh (saka sathithik)

[24] Mulane sira narimaa hukume Pangeranira lan aja manut wong duraka utawa wong kafir

[25] Lan nyebuta asmaning Pangeranira (ana sajeroning sholat) wayah isuk lan sore

[26] Lan ing wayah wengi shalata lan sujuda ing Allah, apadene nyebuta Maha Suci ing Allah ing wayah wengi, kang dawa

[27] Awit satemene wong kafir iku padha dhemen oleh kabungahan kencengan lan ora perduli dina Qiyamat, kang bakal kelakon ing buri, kacarita akeh pakewuh kang abot

[28] Ingsun wis gawe wong kafir mau sarta awake Ingsun gawe gagah prakosa, nanging manawa ana parenge kersaningsun wong kafir mau Ingsun gawekake tandhing kang dadi mungsuhe, kang timbang gagah prakosane bakal numpes dheweke

[29] (Surat/ayat iku) dadi wewulang sing sapa dhemen wewulang mau dienggo wewaton ngabekti ing Allah Pangerane

[30] Lan ora bakal sira gelem kajaba yen Allah ngarsakake. Sayekti Allah iku ngudaneni tur wicaksana

[31] Panjenengane ganjar wong kang dadi parenge kersane, dilebokake ing suwarga rahmate Allah, lan ngancam siksa nglarani tumrap para nganiaya

Al-Mursalat

Surah 77

[1] Dhemi para Malaikat kang diutus kelawan (anggawa) kabecikan

[2] Lan (para Malaikat) mabur rikat banget

[3] Kang nyebar (rahmate Pangeran) kanthi sak ratane

[4] Kang ambedakake (kang bener lan luput) kanthi cetha

[5] Demi malaikat kang nurunake wahyu (marang para rasul)

[6] Ngapura marang wong tobat, lan apepeling

[7] Sayekti siksa kang diancamake marang sira iku mesthi kelakon

[8] Besuk nalikane lintang padha ilang cahayane

[9] Lan nalikane langit sigar

[10] Lan nalikane gunung padha manculat

[11] Lan nalikane para Rosul padha dikelumpukake ing mangsa kang tinamtu

[12] (Niscaya dipun dangu dateng para rosul mau) Dina apa anggone tinamtokake mau

[13] Marang dina putusan

[14] Piye panemumu, dina pancasan iku apa

[15] Ing dina iku para wong kafir kang padha maido al-Quran cilaka banget

[16] Apa Ingsun durung numpes para wong kafir ing zaman kuna

[17] Wong kafir ing zaman wekasan uga bakal Ingsun balekake

[18] Ing tembe sarupane wong kafir uga bakal Ingsun tindakake kaya mangkono

[19] Ing dina qiyamat iku (wongkafir kang maido al-Quran) cilaka banget

[20] Apa sira iku ora Ingsun titahake saka banyu kang ina

[21] Banjur Ingsun papanake ing palerenan kang aman/kokoh (rahim)

[22] Nganti tekan titi mangsa kang tinamtu (lahire jabang bayi)

[23] Lan Ingsun nemtokake ukurane, saiba sampurnane anggon Ingsun namtokake ukuran samu barang

[24] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang gorohake

[25] Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah

[26] Wadhahe wong urip lan wong mati

[27] Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur - dhuwur, lan diparingi omben - omben banyu tawa

[28] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

[29] Lungoa marang apa kang sira gorohake

[30] Lungoa marang aling - aling kang cawang telu

[31] Kukus mau ora pisan - pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda panase geni neraka

[32] Urube geni neraka mau mulad - mulad dhuwure padha omah

[33] Akehe lan warnane kaya dhadhung ing perahu, ireng semu kuning

[34] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

[35] Iki dina sing dheweke ora bakal guneman

[36] Ora ana kang diparengake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana kang ngaturake sababing kaluputan

[37] Bilaiing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

[38] Iki dina pancasan. Ingsun angumpulake sira karo umat kang dhisik

[39] Lan manawa sira duwe upaya, tamakna upayanira marang Ingsun

[40] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

[41] Sayekti para kang anjaga dirine (saka ala) bakal dumunung ing panggonan kang ayom lan akeh sumber - sumbere

[42] Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna, kang menginake lan enak

[43] Mara padha mangana lan ngombea kang enak, minangka ganjarane pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen

[44] Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha ngelakoni pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen

[45] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

[46] (hei para kafir!) Sira padha mangana lan bungah - bungah sadhela sayekti sira iku wong dosa

[47] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

[48] Nalika didhawuhi, "Padha Shalata!" padha mopo ora gelem sholat

[49] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake

[50] Lah sawise iki marang pawarta endi dheweke (wong kafir) bakal padha angestu

An-Naba'

Surah 78

[1] Padha takon - tinakon perkara apa dheweke (si kafir)

[2] Padha takon bab pawarto gedhe

[3] Panemune bab pawarta mau beda - beda

[4] Besuk wong mau bakal padha weruh nyatane

[5] Sayekti wong mau bakal padha weruh nyatane

[6] Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan

[7] Sarta gunung - gung minangka gegeneng

[8] Lan Ingsun gawe awakira jodhon - jodhon

[9] Lan Ingsun dadekake anggonira turu kapenak (kanggo ngaso)

[10] Lan Ingsun dadekake wengi minangka tutup (pakaian)

[11] Lan Ingsun dadekake awan mingonko pangupa jiwa

[12] Lan Ingsun dadekake langit pitu luwih dening santosa ing duwurira

[13] Lan Ingsun dadekake cahya madangi lan panas hiya iku srengenge

[14] Lan Ingsun nurunake banyu udan kang deres saka mendhung

[15] Ingsun anggo nulake tethukulan sarta nganakake woh lan wiji

[16] Apa dene palemahan kang kebak tetanduran

[17] Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan mratapi siksa

[18] Dinane malaikat niyup slompret banjur sira padha teka panthan - panthan

[19] Langit padha sigar banjur dadi lawang pirang - pirang

[20] Sarupane gunung padha mlaku entheng - entheng kaya andhek - andhek hamun - hamun (fatamorgana)

[21] Sayekti neraka jahanam wis sumadiya

[22] Dadi panggonan tetep tumrap para wong kafir

[23] Padha manggon tetahunan tanpa wekasan

[24] Ana kono ora bakal weruh rasane adhem utawa omben - omben

[25] Kejaba ngombe wedang kang panas banget lan banyu adhem jekut banget

[26] Iku patrapan kang wurwat (karo kaluputhe)

[27] Amarga padha maido lan ora wedi bakal ditimbang ala-becike

[28] Pada maido al-Quran ayatingsun

[29] Samu barang lelakone manungsa, Ingsun cacahake ganep tinulis (ana ing kitab)

[30] Mulane padha ngrasakna siksa! amarga Ingsun ora amuwuhi apa - apa marang sira kajaba siksa

[31] Sayekti para kang jaga dirine (saka ing ala) padha oleh pangginan kabegjan

[32] Patamanan lan kebon anggur pirang - pirang

[33] Lan widadari pirang - pirang kang padha tedhenge birahi (seyuswa/seumuran)

[34] Lan gelas - gelas kang kebak (isi ombenan) / Lan pinggan kang suci

[35] Ora tau krungu pangucap ala lan pamaido

[36] Ganjaran saka Pangeranira murwat karo pangabektinira

[37] Pangeranira iku Pangerane langit lan bumi lan kang ana antarane kang Maha Murah, ora ono kang wenang munjuk ong Allah yen ora dadi parenging kersane

[38] Dinane ruh lan para malaekat padha ngadek aba barisan, ora wani munjuk ing Allah kajaba kang diparengake dening Pangeran kang Maha Murah lan kunjuke bener

[39] Hiya iku dina kang mesthi bener kelakone, sing sapa gelem ngabekti ing Allah Pangerane

[40] Sayekti Ingsun paring pepeling marang sira siksa kang cepak, dinane manungsa deleng panggawening tangan lorone kang dhisik - dhisik, sarta (kang ing kono) para kafir bakal padha ngucap, "Dhuh!, bok iya aku iki dadiya lemah wae

An-Nazi'at

Surah 79

[1] Demi (Malaikat - Malaikat) kang medhoti nyawane kelawan sora

[2] Demi (Malaikat - Malaikat) kang nglolosi nyawa kelawan alon (marang wong mukmin)

[3] Demi (Malaikat) kang tumurun saka langit kanti rikat

[4] Lan (Malaikat) kang dhisiki banter

[5] Lan (Malaikat) kang ngatur urusan (donya)

[6] (Satemene sira bakal ditangekake) ana dina nalika paniyupe slompret kawitan horege alam kabeh

[7] Nuli ditungka horege maneh kang kapindho

[8] Ing kono atine wong kang padha maido padha teratapan

[9] Pandelenge padha konjem (wedi)

[10] Padha celathu, "Apa aku iki dibalekake urip maneh

[11] Sawise dadi balung kang pisah - pisah urip maneh

[12] Padha celathu, "Yen mangkono baliku urup maneh aku bali kapitunan

[13] Ananging iku mung petak sapisan wae

[14] Lan mara delengen dheweke padha tangi

[15] Apa ora wis teka marang sira ceritane Musa

[16] Nalikane dipangandikani Pangerane ana jurang Thuwa

[17] Lungoo marang panggonane Fir'aun, awit kebangetan anggone kafir

[18] Dhawuha, "Punapa paduka kepengin anuceni sarira

[19] Sarta kula badhe nuntun paduka dhateng Pangeran supados ajrih

[20] Banjur panjenengane ngatonake tondha kang gedhe marang dheweke

[21] Ananging dheweke anggorohake (kasunyatan) sarta pra ambangun turut

[22] Tumuli dheweke bali kalawan rerikatan

[23] Banjur ngumpulake (wong - wong) tumuli dhawuh

[24] Celathune, "Aku iki Pangeranira Kang Maha Luhur

[25] Ananging Allah amatrapi dheweke kelawan pidana ing akherat sarta ing uripe kang dhisik

[26] Lelakone Fir'aun kasebut mesthi dadi wewulang kanggo wong kang wedi ing Allah

[27] Apa Allah angone nguripake sira saka pati luwuh angel tinimbang anggone gawe langit

[28] Andhuwurake payoning langit banjur warata tanpa cacat

[29] Gawe peteng wayahe wengi, sarta gawe padhang wayahe awan

[30] Sawuse mangkono Allah gelar bumi

[31] Alah metokake banyu lan thethukulan saka bumi

[32] Lan ngukuhake gunung ana bumi

[33] Kabeh dadi bebungah marang sira lan ingon - ingonira raja kaya

[34] Ing besuk tekane horeg - horegan (malapetaka) gedhe teka

[35] Dinane manungsa padha eling apa kang wus ditindhakake

[36] Lan neraka dipitontonake tumrap sapa sing deleng

[37] Wondene wong kang ambalasar (kafir)

[38] Sarta milih kauripan dunya

[39] Sayekti neraka iku panggonane

[40] Dene wong kang wedi anggone ngadhep ing ngarsaning Pangerane sarta anahan jiwane saka pepenginan asor

[41] Lah sayekti suwarga iku panggonane

[42] Dheweke padha takon marang sira prakara wayahe, endhi ketentuane (Qiyamat)

[43] Tumrap prakara apa? Sira iku wong kang angelingake prakara iku

[44] Marang pangeranira pantoging tujune prakara iku

[45] Sira iku mung juru pepeling tumrap wong kang wedi marang prakra iku

[46] Ing dinane dheweke andeleng kaya - kaya anggone manggon ora liya kajaba mung sasore utawa sakesuk

'Abasa

Surah 80

[1] Dheweke (Muhammad) mrengut lan mlengos

[2] Amarga katekan wong kang wuta (asma Abdullah bin Ummi Maktum)

[3] Saka apa sira weruh karepa si wuta mau, bok menawa bakal suci atine

[4] Utawa nganggep wewulang mau migunani

[5] Dene wong kang sugih bandha

[6] Sira resep marang wong mau

[7] Wong kang sugih banda mau anggone ora bisa resik atine ora mekewuhi sira

[8] Dene wong wuta kang gagancangan sowan

[9] Iku wong sing taat (tunduk)

[10] Sira klewa - klewa marang wong wuta mau

[11] Aja mangkono, iku weweulang, marang prakara dumadi

[12] Sing sapa gelem ngistokake

[13] Kasebut sajeroning Kitab kang mulya (al-Qur'an)

[14] Linuhurake, sinucekake

[15] Ing tangen juru tulis

[16] Minulya, tulus

[17] Binendon manungsa iku! saiba olehe ora weruh panarima

[18] Saka barang apa ta kadadeyane

[19] Saka nutfah, Panjenengane kang dadekake lan aparing kekuatan marang dheweke

[20] Dene (prakara) dalan, Panjenengane anggampangake tumrap dheweke (dalan lahire bayi)

[21] Sawise dadi manungsa Allah banjur mateni nuli dipendhem

[22] Ing tembe manawa Allah ngersakake banjur nguripake wong sing wis mati mau

[23] Temen dheweke iku ora ngestokake parentahe Allah

[24] Manungsa padha delenga pangane kang padha dipangan

[25] Ingsun ngesokake banyu udan saka mega

[26] Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pecah metu thetukulane

[27] Ingsun banjur nukulake wiji ana bumi

[28] Lan anggur sarta woh kang migunani

[29] Lan wit zaitun, apa dene wit kurma

[30] Lan palemahan kang ana kayone gadhe

[31] Lan warna - warna woh - wohan, lan suket panganing raja kaya

[32] Kabeh dadi bebungah, panganira lan raja kayanira

[33] Ing besuk nalika teka peteking dina qiyamat

[34] Dinane wong aninggal lumayu sadulure

[35] Lan ngedohi bapa - biyunge

[36] Lan ngedohi bojone apadene anak - putune

[37] Ing dina iku siji-sijining wong padha golek selamete awake dhewe - dhewe, ora mikir liyane

[38] Akeh rahi kang mencorong cahyane

[39] Gumuyu tur katon bungah (hiya iku para mukmin)

[40] Ing dina iku uga akeh rahi kang kaya geluprut lemah

[41] Saking dening ireng lan petening hulate

[42] Hiya iku wong kang padha kafir lan anglakoni panggawe ala

At-Takwir

Surah 81

[1] (Ing besuk dina Qiyamat) nalikane srengenge dilempit

[2] Lan nalikane lintang padha coplok runtuh ing bumi

[3] Lan nalikane gunung padha mawut dadi endhek - endhek amun - amun

[4] Lan nalikane onta meteng padha ditinggal tanpa diengon

[5] Lan nalikane hewan daratan padha diklumpukake

[6] Lan nalikane segara digeneni banjur dadi geni

[7] Lan nalikane nyawa dibalekake marang wadhake

[8] Lan nalikane wong wadon kang dipendhem urip - urip padha didangu

[9] Dosa apa anggone padha dipateni mau

[10] Lan nalikane buku cathetan lelakoni siji - sijine wong digelar

[11] Lan nalikane langit disingkerake

[12] Lan nalikane neraka jahim diurubake

[13] Lan nalikane suwarga dicepakake

[14] Ing kono siji - sijining wong padha weruh kang wis padha dilakoni

[15] Ingsun supata, dhemi lintang - lintang

[16] Kang lumaku turut dalane banjur surup

[17] Dhemi wengi nalikane ngarepake peteng

[18] Dhemi wayah bangun nalika tumaruntung padhange

[19] Sayekti al-Quran iku pengucape Rosul kang mulya (Jibril)

[20] Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan singgasana pinaring pangkat luhur

[21] Kang kudu dienut (ing alam Malaikat) tur pinarcaya

[22] Lan ora pisan kanca mitranira iku (Muhammad), wong owah

[23] Muhammad andeleng rupane Jibril kang sayekti ana sikiling langit kang wetan

[24] Lan ora pisan panjenengane iku ngumpetake barang ghoib

[25] Al-Quran iku dudu pangucape syetan kang patut dibalangi

[26] Lah menyang ngendi anggonira arep padha melayu

[27] Iku ora liya kajaba pepeling tumrap sakehing bangsa

[28] Tumrap sapa antaranira kang kepengin alaku bener

[29] Lan ora bakal sira padhakepengin kajaba yen Allah Pangeraning alam kabeh angarsakake

Al-Infitar

Surah 82

[1] Samongsa langit wis belah

[2] Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar

[3] Lan samongsa segara - segara padha dibludagake

[4] Lan samangsa kubur - kubur padha binukak

[5] Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake

[6] O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya

[7] Kang wis gawe awakira genep waras lan patut

[8] Allah namtokake rupanira miturut sakersane

[9] O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese

[10] Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira

[11] Para juru nulisi minulya

[12] Padha meruhi apa kang padha sira lakoni

[13] Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha

[14] Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub

[15] Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan

[16] Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono

[17] Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa

[18] Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa

[19] Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah

Al-Mutaffifin

Surah 83

[1] Cilaka temen wong kang padha cidra (anggone naker)

[2] Kang manawa naker saka wong liya (tumrap awake dewe) panakere ganep

[3] Lan samongsa anaker barang kang bakal ditampakake wong liya, panakere dikurangi dadi gawe patunan

[4] Wong kang mangkono mau ora ngira yen besuk bakal ditangekake saka pati

[5] Tumrap dina kang gedhe (qiyamat)

[6] Dinane manungsa padha ngadeg angadep Pangeraning ngalam kabeh

[7] Temen tulisane lakune para wong ala iku ana pakunjaran (sijjiin)

[8] Sapa kang nuduhake marang sira pakunjaran (sijjin) iku apa

[9] Buku kang ditulis

[10] Ing dina iku wong kang maido cilaka banget

[11] Kang padha maido marang dina piwales

[12] Ora ana wong gorohake kajaba sarupane wong kang mlangkah wates anggone dosa

[13] Manawa diwacakake al-Quran pangucape, "al-Quran iku gaweyane para wong kuna

[14] Wong kebangeten mau mangsa gelema percaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi rereged ing atine

[15] Temen ing dina iku dheweke padha ketutupan saka pangerane

[16] Sawuse mangkono wong mau banjur padha malebu ing neraka jahim

[17] Banjur di dawuhi, "Neraka iki kang padha sira paido biyen

[18] O, sayekti kitabe para wong tulus iku temen ana panggonan kang luhur

[19] Lan sapa kang nuduhake sira, apa kang aran panggonan luhur

[20] Kitab kang katulis

[21] Para kang keparek (ing Allah) bakal anekseni

[22] Sayekti para wong tulus iku bakal ana sajeroning nugraha

[23] Ana kanthil dhuwur anyawang - nyawang

[24] Katon ing wajahe cahyaning nugraha

[25] Padha pinaringan ngombe omben - omben bening kang diecap

[26] Tutupi (mawa) kesturi, mulane para sing nyerempeng angarah lah angaraha iku

[27] Lan campurane arupa banyu kang turun amrang dheweke saka dhuwur

[28] Tuk kang dadi omben - omben para wong kang keparek (maring Allah)

[29] Sayekti para wong kang padha dosa gawene geguyu para kang angestu

[30] Lan samongsa angliwati dheweke padha kedep - kinedhepan

[31] Lan samangsa bali marang golongane, baline gawe pangeram - eram

[32] Lan samangsa ngingetake dheweke, padha kandha, "Wong mukmin iku padha kesasar

[33] Mongka ora diutus supaya angreksa marang dheweke

[34] Ananging ing dina iki para wong kang angestu padha geguyu para kafir

[35] Linggih ana kanthil deleng sangsarane si kafir

[36] sayekti para kafir kapringan piwales miturut apa kang wus padha dilakoni

Al-Insyiqaq

Surah 84

[1] Nalikane langit iku pecah

[2] Ngestokake kersane Pangerane, wis benere kudu diestokake

[3] Lan nalikane bumi dirata

[4] Lan metokake isen - isene nganti resik kothong

[5] Saeta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake

[6] Hai manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngarsane Allah Pangeranira, ing mengko sira oleh piwalese lakunira kelawan becik

[7] Sing sapa dipasrahi layang cathetan lelakone saka tengen (hiya iku para kang angestu)

[8] Bakal ditimbang kelawan entheng

[9] Lan bali marang panggonaning kancane ana suwarga, kelawan suka bungah

[10] Dene sing sapa diparingi layang cathetaning lakune saka buri gegere (hiya iku wong kafir)

[11] Bakal dilakokake wong cilaka lan rusak

[12] Banjur dicemplungake ing neraka Sa'ir

[13] Satemene dheweke biyen (ing dunya) padha bungah - bungah karo kancane (padha kafir)

[14] Panyanane ora bakal bali, diseksekake ana ngarsane Allah

[15] Luput panyanane, Allah Pangerane, mirsani dheweke (kafir)

[16] Ingsun supata, "Demi mega abang

[17] Demi wengi, lan barang kang leren ing wektu wengi

[18] Demi rembulan lan nalikane purnama

[19] Sira mesthi nglakoni tingkat kang solan - salin

[20] Ya gene manungsa ora padha percaya (ing Allah)

[21] Nalika diwacakake Al-Quran padha ora gelem sujud

[22] Wong kafir malah padha maido al-Qur'an

[23] Allah nguningani luguning atine anggone maido

[24] Wong kafir mangkono iku, sira kandhanana bakal dipatrapi siksa kang nglarani

[25] Kajaba para wong angestu (Mukmin) kang padha nglakoni panggawe becik padha diganjar suwarga salawase tanpa pedhot

Al-Buruj

Surah 85

[1] Demi langit kang duweni lintang - lintang

[2] Demi dina kang dijanjekake (mesthi kelakon)

[3] Demi seksi lan kang disekseni

[4] Wong kang padha duwe jogangan utawa biyantu (padha kena benduning Allah)

[5] Jogangan mau isi geni murub

[6] Nalika dheweke lungguh sakiwa thengene

[7] Padha nyumurupi anggone milara para wong kang ngestu

[8] Anggone milara mau dumeh wong kang angestu padha percaya Allah kang Maha Mulya tur Pantes Pinuji

[9] Kang kagungan kraton langit lan bumi, Allah Mirsani samu barang

[10] Sarupane wong kang maeka utawa milara wong kang angestu lananga wadona, sarana diobong kang mangka ora tobat padha dipatrapi siksa neraka Jahannam minongka patrapan anggone ngobong wong kang angestu

[11] Sarupane wong kang angestu kang nglakoni panggawe becik bakal apdha tampa ganjaran suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon kang mangkono aran kabegjan gedhe

[12] Satemene siksane pangeranira abot

[13] Allah kang murwani gawe makhluk banjur nguripake maneh

[14] Allah kapareng ngapura tur asih marang kawulane

[15] Ingkang kagungan singgasana, ingkang minulya

[16] Kang nindakake samu barang kang dadi kersane

[17] Sira apa wus tampa dhawuh cerita tumpese bala akeh

[18] Fir'aun lan Tsamud

[19] Dene ummat ira kang padha kafir siksane marga kaluputan anggone padha maido

[20] Allah iku kaweruhe lan kuasane nglimputi para kafir kabeh

[21] Al-Quran iku kitabe Allah kang agung

[22] Kasimpen ana ing Lauhul Mahfudz

At-Tariq

Surah 86

[1] Demi langit lan kang teka ing wajah wengi

[2] Sapa kang meruhake sira, apa kang teka ing wajah wengi iku

[3] Yaiku lintang kang padange nembus peteng

[4] Siji - sijine pengawal awak iku ora ana kang tanpa pengawal

[5] Mulane, Manungsa amaspadakna, awake iku apa sing digawe

[6] Sing digawe saka banyu sing mancrut

[7] Metu saka ing antarane geger lan iga

[8] Allah kuwasa nguripake manungsa sawuse mati

[9] Hiya iku besuk dina qiyamat nalika wadi padha kawiyak

[10] Ora bakal dheweke duwe kekuatan nulak siksa lan ora ana kang bisa nulungi

[11] Demi langit kang ana udane

[12] Demi bumi kang bledhag metu thetukulane

[13] Temen Al-Quran iku pangandikaning Allah kang bedakake bener lan luput

[14] Dudu sembranan lan jelomprongan

[15] Wong kafir padha nandukake pahekan kang elek banget

[16] Ingsun uga males pahekane si kafir

[17] (Muhammad) Mulane para kafir srantekna, Ingsun uga nyerantekke sawatara rusake si kafir mau

Al-A'la

Surah 87

[1] Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur

[2] Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga

[3] Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik

[4] Lan kang angetokake thethukulan

[5] Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning

[6] Ingsun bakal mulang Qur'an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali

[7] Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar

[8] Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang

[9] Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani

[10] Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling

[11] Dene wong kang cilaka bakal angedohi

[12] Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe

[13] Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip

[14] Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine

[15] WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat

[16] Nanging sira padha milih kauripan dunya

[17] Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya)

[18] Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna

[19] Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa

Al-Gasyiyah

Surah 88

[1] Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales

[2] Ing dina iku akeh awak padha konjem

[3] Padha ngelakoni kangelan lan rekasa

[4] Lumebu ing geni murub

[5] Diombeni saka sumber umob (kang panase hangluwihi)

[6] Ora padha oleh pangan, kejaba eri

[7] Ora bisa ngelemoni lan ora maregi

[8] Ing dina iku uga akeh awak padha kapenak

[9] Padha lega atine marga anggone ngelakoni panggawe becik

[10] Manggon ana ing taman kang linuhung

[11] Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap hala

[12] Ing kono ana bengawane mili

[13] Ing kono ada dhampare kang tinata dhuwur

[14] Sarta pinggan unjukan kang wus tinata

[15] Lan bantal kang jejer - jejer

[16] Apa dene babut kang gumelar

[17] Lah apa ta dheweke padha ora angawase marang onta kapriye anggone tinitahake

[18] Lan marang langit kapriye anggone ginawe dhuwur

[19] Lan gunung - gunung anggone padha didegake

[20] Lan bumi anggone di gelar

[21] Sira Ingsun kersakake memulang, mulane memulang (menehi pepiling)

[22] Sira dudu wajibe meksa marang dheweke

[23] Amung wong - wong kang malengos lan maido

[24] Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhe

[25] Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah)

[26] Nuli padha Ingsun timbang hala becike

Al-Fajr

Surah 89

[1] Demi wayah bangun esuk

[2] Demi malem tanggal sepuluh (sasi Dzul Hijjah)

[3] Demi cacah genep lan cacah ganjil

[4] Demi wengi kang kawitan lan wekasan

[5] Anggoningsun supata mangkono mau (sing bisa ditampa) wong kang ana akale

[6] Sira apa ora andeleng Allah Pangeranira anggone numpes wong 'Aad

[7] (Bongsa) Iram, tur padha gagah prakosa lan gedhe dhuwur

[8] Kang ing negara (liyane) ora ana kang diparingi kaya mangkono

[9] Lan (marang bangsa) Tsamud, kang anatah watu ing jurang - jurang

[10] Lan anggone numpes Fir'aun kang duwe bala

[11] Kang atindak gumedhe ana ing negara - negara

[12] Banget anggone gawe rusak ana ing negarane

[13] Allah Pangeranira banjur nurunake siksa warna - warna marang dheweke

[14] Satemene Allah Pangeranira angawasake

[15] Wondene manungsa iku manawa dicoba dening Pangerane anyoba marang awake, nuli maringi kamulyan lan kamukten banjur kondha, "Pangeranku mulyakake aku

[16] Nanging samongsa dicoba (liyane) banjur rejekine dicumpi banjur kondha, "Pangeranku anginakake aku

[17] Ora! nangeng kowe padha ora gelem welas asih marang bocah yatim

[18] Lan ora akon aweh pangan marang wong miskin

[19] Lan padha ngukub tinggalane wong mati kelawan banget

[20] Lan padha dhemen banget bondho

[21] O, samongsa bumi rinemuk ajur - mumur

[22] Parentahe Pangeranira kaleksanan lan malaekat jejer - jejer

[23] Ing dina iku neraka Jahan ditekakake. Ing dina iku wong bakal eling nanging apa gunae eling iku

[24] Dheweke bakal kondha, "O, bok aku iki biyen duwea ngamal kanggo uripku saiki iki

[25] Ing dina iki ora ana wong bisa nguasani siksaning Allah

[26] Lan ora wong bisa nyentosani kaya anggone nyentosani Allah

[27] E, jiwa kang tentrem

[28] Sira baliya seba ing ngarsane Pangeranira, kelawan lega, tampa ganjaran, tur kalilan marga saka lakunira becik

[29] Sira malebua golongane para kawulaningsun kang becik

[30] Lan malebua ing suwarganingsun

Al-Balad

Surah 90

[1] Ingsun supata, demi negara Mekkah iki

[2] Sira (Muhammad) manggon ing negara Mekkah iki

[3] Demi Bapa (Adam) lan turunane (anake)

[4] Ingsun temen wis gawe manungsa tansah nglakoni rekasa

[5] Yagene manungsa rumangsa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguasani marang awake

[6] Kawetu pangucape, "Aku wes metokake bandha pirang - pirang

[7] Yogene manungsa rumangsa yen ora ana kang weruh bandhane kang diwerokake, Allah ora kasamaran

[8] Apa Ingsun ora wis maringi mata loro

[9] Lan ilat, apa dene lambe loro

[10] Lan Ingsun nuduhake dalan loro (becik lan hala) marang dheweke

[11] Ya gene padha ora ngelakoni dalan bener klawan temen

[12] Sapa kang meruhake sira nglakone dalan bener

[13] Yaiku (kayata) merdikaake kawula

[14] Utawa nalikane angel pangan (pahilan) aweh pangan

[15] Marang bcah yatim kang ish kelebu sanak

[16] Utawa marang wong miskin kang prasasat ing lemah

[17] Kajaba iku wong mau kudu kalebu wong kang angestu sarta weling - wineling narima lan sih-sinasihan

[18] Wong mangkono mau, layang cathetaning lakune padha dielungake saka tengen

[19] Dene wong kang maido marang timbalan - timbalaningsun iku layang cathetaning lakune padha dielungake saka kiwa

[20] Padha disiksa ana ing neraka kang dikunci

Asy-Syams

Surah 91

[1] Dhemi srengenge lan sorote

[2] Dhemi rembulan nalikane mencorong

[3] Dhemi awan nalikane ngatonake srengenge kelawan padhange

[4] Dhemi wengi nalikane nutupi srengenge kelawan petenge

[5] Lan langit sarta yasane

[6] Sarta bumi tuwin gumelare

[7] Apa dene jiwa tuwin sampurnane

[8] Banjur Panjenengane paring weruh kelawan ilham lakuune ala lan becik marang awak mau

[9] Wong kang ngersikake awake saka dosa tetep wong begja

[10] Lan temen kapitunan sapa - sapa sing angregedi jiwane

[11] Bongsa Tsamud gorohake kasunyatan kelawan kesasare

[12] Nalika wong kang cilaka dhewe tangi (jemedhul)

[13] Utusaning Allah (Sholeh) nuli mituturi marang dheweke (Tsamud), "Aja padha natoni untaning Allah, aja ngarubiru pangombene

[14] Wong Tsamud padha maido (Nabi Sholeh) nuli padha natoni (mbelih) ontane Allah. Pangeran, nuli numpes dheweke marga dosane tumuli sirna kabeh

[15] Pangeran ora kuwatir wekasane (akibate)

Al-Lail

Surah 92

[1] Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge

[2] Lan awan nalikane lahir gumelar

[3] Sarta tumitahing lanang lan wadon

[4] Satemene lakunira para manungsa, beda - beda

[5] Dene sapa wongkang we-wehsarta anjaga dirine (saka ala)

[6] Lan benerake kang becik

[7] Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang gampang

[8] Dene wong kang kumed (cethil) sarta rumangsa ora butuh (marang Allah)

[9] Apa dene nampik barang kang becik

[10] Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang angel

[11] Bandhane ora migunani apa - apa manawa dheweke wis sirna

[12] Sayekti nuduhake dalan iku tanggungan Ingsun

[13] Lan sayekti akherat sarta dunya iku Ingsun kang kagungan

[14] Mulane Ingsun ngelengake marang sira, geni kang mulad - mulad

[15] Ora mlebu mrunu kejaba kang banget cilaka

[16] Kang maido kasunyatan lan mlengos

[17] Lan bakal diedohake saka wong kang banget anggone anjaga dhirine (saka ing ala)

[18] Kang mewehake bandhane, anuceni dirine

[19] Ora ana wong siji kang oleh ganjaran kabungan ana ngarsane Allah

[20] Kajaba yen anggone ngelakoni kabecikan, murih keparenge Pangeran kang Maha Luhur

[21] Ing tembe bakal lega atine nampani ganjaran

Ad-Duha

Surah 93

[1] Dhemi wayah esuk

[2] Lan wengi nalikane peteng

[3] Pangeranira ora ninggal sira lan ora duka marang sira

[4] Tumraping sira akherat iku luwih becik tinimbang donya

[5] Lan Pangeranira bakal enggal apaparing marang sira, supaya sira rena (lega)

[6] Apa Alah ora uninga yen sira iku bocah yatim, banjur aparing pangayoman

[7] Allah nguningani yen sira iku bingung nuli dituduhake dalan (pituduh)

[8] Allah nguningani yen sira iku ora duwe nuli disugihake

[9] Dene bocah yatim iku aja sira kanihaya

[10] Lan yen ana wong jejaluk, aja sira nulak

[11] Peparinge Pangeranira kabungahan sira handhak-kandhakna

Al-Insyirah

Surah 94

[1] (Muhammad) apa Ingsun ora wus madhangake atinira

[2] Lan wus ngenthengake gendhonganira kang abot, anggonira dadi utusan

[3] Kang ngebot - ngeboti gegerira

[4] Lan wus junjung sira bab kasebute jenengira (samongsa asmaningsun disebut, jeneng ira uga disebut)

[5] Temen sawuse nglakoni rekasa bakal nemu gampang

[6] Nyata sawuse ngelakoni reaka mesthi nemu gampang

[7] Samongsa wis rampung (saka salah sijine urusan) banjur nyerempenga urusan liyane

[8] Lan marang Pangeranira iku mligi dadia tujuanira

At-Tin

Surah 95

[1] Dhemi woh Tiin, lan woh zaitun

[2] Dhemi gunung Thursina

[3] Dhemi negara (Mekkah) kang tata tentrem

[4] Temen Ingsun wis gawe manungsa ing dalem becik - becikeing dumadi

[5] Banjur Ingsun balekake dadi asoring asor

[6] Kejaba kang padha angestu lan anindakake panggawe becik iku padha oleh ganjarang kang tanpa pedhot

[7] Lan sawise mengkono sapa kang bisa maido marang sira prakara putusan

[8] Apa Allah iku dudu becik - becike juru hukum

Al-'Alaq

Surah 96

[1] (Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake

[2] Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel

[3] Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya

[4] Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam

[5] Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh

[6] Nanging satemene manungsa iku kebangeten

[7] Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh)

[8] Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah

[9] Kapriye penemunira wong kang menging

[10] Sawijining abdi samongsa sholat

[11] Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener

[12] Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala)

[13] Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos

[14] Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani

[15] Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke)

[16] Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput

[17] Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung

[18] Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah

[19] Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud

Al-Qadr

Surah 97

[1] Sayekti, anggon Ingsun nurunake (Al-Qur'an) ana ing wengi kang mulya

[2] Sapa kang meruhake sira, wengi kang mulya iku apa

[3] Wengi kang mulya iku luwih becik tinimbang sasi

[4] Ing kono para Malaikat sarta ruh padha turun (ing donya) ngestokake parentahing Allah Pangerane tumrap sarupaning prakara

[5] Wengi iku (kebak) kasentosan hingga metune fajar

Al-Bayyinah

Surah 98

[1] Sarupane wong kafir kang padha duwe wewatun Kitab, lan wong kang padha nyembah brahala ora gelem mareni kafir ngati katekan tandha yekti

[2] (Muhammad) iku utusaning Allah ngundhangake Quran kang suci

[3] Ing jerone mratelakake hukum kang bener

[4] Lan para kang wis kaparingan kitab mau anggone padha pasulayan (bab pangandel marang Muhammad) sawuse katekan tandha yekti

[5] Lan dheweke iku ora diparentahi apa - apa kajaba laladi ing Allah jejeg anggone nglakoni agamane, lan nglakoni sholat, bayar zakat, hiya iku agama kang bener

[6] Sarupane wong kafir kang nduwe wewaton kitab lan wong kang nyembah brahala, ing tembe disiksa ing neraka Jahanam langgeng salawase awit dheweke titahe Allah kang hala dhewe

[7] Dene sarupane wong kang angestu lan nindakake panggawe becik yaiku becik-beciking manungsa

[8] Ana ngarsaning Pangeran bakal padha diganjar suwarga 'Adn kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon ing kono langgeng salawase Allah rena marang dheweke lan dheweke rena marang Panjenengane. Mangkono uku tumrap sapa ing wedi marang Pangerane

Az-Zalzalah

Surah 99

[1] Nalikane ana lindhu gedhe, bumi banget anggone gonjang - ganjing

[2] Bumi metokake isine (momotane)

[3] Manungsa padha ngucap: "Ya gene ana lindhu gedhe

[4] Ing dina iku bumi anjelentrehake pawartane

[5] Sebab Pangeranira dhawuh marang bumi

[6] Ing dina iku paramanungsa bakal padha metu dhewe - dhewe perlu padha diweruhi pituwasing lakune

[7] Sing sapa nalika ana donya ngelakoni kabecikan senajan mung saboboting semut bakal weruh ganjarane

[8] Sing sapa ngelakoni ala, senajan mung saboboting semut hiya mesti weruh patrapane

Al-'Adiyat

Surah 100

[1] Demi jaran kang nyander ana peperangan nganggo nyuwara

[2] Dhemi jaran kang rikat nyandere nganti watu kang disandung metu genine

[3] Dhemi jaran kang dianggo handingkik seteru ing wayah bangun

[4] Wusana ing panggonan kono peteng dening bleduk

[5] Saking petenge, kang andingkik ora weruh dalan tekan tengahe mungsuh

[6] Satemene manungsa (kafir) ora kadunungan panarima marang kabecikkaning Pangeran

[7] Manungsa mau knekseni awake dhewe anggone ora kadunungan bondha banget

[8] Manungsa mau anggone dhemen bondha banget

[9] Apa dheweke ora weruh semangsane apa kang ana kubur ditangekake

[10] Lan diwelehake halane kang diumpetake ana sajeroning ati

[11] Ing dina iku Allah Pangerane waspada banget (marang hala beciking manungsa)

Al-Qari'ah

Surah 101

[1] Dina qiyamat iku gegirisi

[2] Saiba anggone gegirisi dina qiyamat iku

[3] Kapriye anggone gegirisi dina qiyamat iku

[4] Ing dina iku manungsa padha pating belulung kaya anak walang sumebar

[5] Gunung pating panculat kaya wulu sedhus buyar

[6] Siang sapa becike ditimbang bobote ngungkule halane

[7] Wong iku dienggonake ing suwarga andadekake bungahe

[8] Dene sing sapa wonge bobote becike entheng (kalah abot bobote alane)

[9] Panggonane bakal ana ing jurang jero (neraka Hawiyah)

[10] Sapa kang meruhake sira, neraka Hawiyah iku apa

[11] Neraka kang banget panase

At-Takasur

Surah 102

[1] Sumugih iku nglalekake anggonira ngabekti ing Allah

[2] Nganti tekan anggonira ngalih marang kubur

[3] Anggonira sumugih iku luput, ing tembe sira mesthi weruh nyatane

[4] Luput temenan panemu ira, ing tembe sira weruh temenan nyatane

[5] Temen, menawa sira weruh ilmu kang nyata mesthi ora lali ngabekti ing Allah

[6] Ing tembe sira mesthi andeleng neraka jahim

[7] Handeleng kelawan kasat mata

[8] Sira banjur didangu sarupaning kabungahan paparinging Allah nalika ing donya, ya gene ora padha syukur

Al-'Asr

Surah 103

[1] dhemi wektu

[2] Sayekti manungsa iku temen ana sajeroning kapitunan

[3] Kajaba kang padha angestu sarta anindakake panggawe becik, apa dene weling - wineling ing bener, serta weling wineling ing shabar

Al-Humazah

Surah 104

[1] Cilaka temen sarupane wong kang nacat lan nyatur ala (marang Muhammad)

[2] Kang nglumpukake bondho lan milang bandhane ginawe andel - andel (panulak bilai)

[3] Ngira yen bandhane mau bisa nglanggengake awake (luput ing pati)

[4] Luput panemune, wong mau bakal dicemplungake neraka Huthomah

[5] Sapa kang meruhake sira, apa kang kang jenenge Huthomah iku

[6] Huthomah iku neraka kagungane Allah kang diurubake

[7] Kan panase tekan ing ati

[8] Neraka Huthomah kanggo nyiksa wongkang nyatur ala mau ngrukup marang dheweke

[9] Ing sajeroning pathok kang diedekake

Al-Fil

Surah 105

[1] Opo sira orang deleng piye Allah anggone numpes marang mungsuh kang teka nunggah gajah

[2] Apa Panjenengane ora dadekake perange larut morat - marit

[3] Allah ngutus manuk Aba Bil agolong - golong (supaya mongsa) dheweke

[4] ngrutugi dheweke kelawan watu kang panas

[5] Banjur Panjenengane dadekake dheweke sirna mati kabeh kaya godhong kang dipangan hewan

Quraisy

Surah 106

[1] Minangka pangayoming turun Quraisy

[2] Anggone padha manggon ing padunungan ing mongsa panas, lan mangsa adhem

[3] Mulane para wong turun Quraisy kon pada ngawula ing Allah, Pangerane Ka'bah Baitullah

[4] Kang paring pangan tambaning luwe sarta paring aman tentrem kalis saka barang kang dikuwatirake

Al-Ma'un

Surah 107

[1] Apa sira deleng wong kang maido agama

[2] Yaiku wong kang nolak penjaluke bocah yatim (santak)

[3] lan ora aweh pangan utawa akon aweh pangan wong miskin (wong sing mlarat ora kecukupan)

[4] Cilaka temen (wong munafik) kang padha shalat

[5] Kang padha ora tuhu - tuhu ing dalem shalate

[6] Kang padha murih ing pengaleming wong

[7] Lan padha ora gelem nyilihi pirantining omah marang wong kang nyilihi

Al-Kausar

Surah 108

[1] Sayekti Ingsun wus aweh kabecikan kaliwat akeh marang sira

[2] Mulane shalata marang Pangeranira sarta nyembeliha kurban

[3] Sayekti mungsuhira (wong kang sengit) iku wong pedhot becike

Al-Kafirun

Surah 109

[1] Dhawuha, "Hai para wong kafir

[2] Aku ora nyembah marang sesembahanmu

[3] Kowe hiya ora nyembah marang sesembahanku

[4] Aku ora bakal nyembah marang sesembahanmu

[5] Kowe hiya ora bakal nyembah marang sesembahanku

[6] Kowe bakal oleh pituwase agamamu dhewe, aku hiya mesthi tompo ganjarane agamaku dhewe

An-Nasr

Surah 110

[1] Nalika pitulungane Allah lan kemenangan wis teka (karebute Mekkah)

[2] Sira deleng manungsa pathan - pathan padha mlebu Islam agamaning Allah

[3] Mulane sira nyebuta Maha suci kelawan muji ing Pangeranira. Serta nyuwuna pangapura ing Allah. Satenebe Allah iku kapareng banget ngapura dosa

Al-Lahab

Surah 111

[1] Rusak tangane Abu Lahab loro pisan, lan saktemene dheweke bakal kapitunan

[2] Bandhane lan panggaweyane ora bisa murungake siksaning Allah

[3] Ing tembe dheweke kecemplung neraka murub

[4] Mankono uga rabine (Abu Lahab mau) gawa kayu eri

[5] Ing gulune ana kalunge arupa dhadung kang kukuh

Al-Ikhlas

Surah 112

[1] Dhawuha, "Allah iku mung siji

[2] Allah iku kang disuwuni barang kabutuhan

[3] Ora peputra lan ora pinutrakake

[4] Lan ora ana sawiji kang madhani

Al-Falaq

Surah 113

[1] Dhawuha: "Kawula nyuwun ngayom ing Pangeraning bangun enjing

[2] Saking awonipun samu kawis kang kathitahaken

[3] Saha saking awonipun dalu ingkang peteng dhedhet lelimengan nalikanipun datheng

[4] Lan saking pihalanipun tiyang ingkang ngempakaken sihir handamoni bundhelan

[5] Lan saking pihalanipun tiyang drengki nalika andrengkeni

An-Nas

Surah 114

[1] Dhawuha: "Kawula nyuwun ngayom datheng Pangeraning manungsa

[2] Ratuning manungsa

[3] Sesembahaning manungsa

[4] Mugi dipun kalisaken saking pihalaning syetan ingkang anggodha

[5] Ingkang ambisik - bisik ing manahing manungsa

[6] saking golonganipun jin lan manungsa